Pranatacara

2
PRANATACARA ING DALEM PAGELERAN RINGGIT PURWA SEDALU NATAS Assalamualaikum wr.wb Nuwun, para bapak/ibu lan para undangan, ingkang kula hormati. Langkung rumiyin monggo kula lan panjenengan sedoyo tansah ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lan hidayahipun sahinggo saget ngrawuhi menopo ingkang dados undanganipun Bapak Budi. Shalawat lan salam, mugi tetep dipun paringaken dumateng junjungan kito nabi angung Muhammad SAW. Keluarganipun, lan poro sohabatipun, ugi lumeberipun dumateng poro kaum muslimin sedoyo. Para undangan sedaya ingkang kula hormati, Mugi ndadosno pamrikso sedoyo bilih Bapak Budi, ing wedal dinten menika, sampun saget kalampahan ngitanaken putro kakungipun ingkang nami bagus Andra, kanti sae boten wonten alangan satunggal punopo. Amargi saking bingahipun manah, milo panjenenganipun Bapak Budi, ngawontenaken tasyakuran kanti gelar pekeliran ringgit purwo sedalu natas. Kanti lelampahan “Semar bangun Kayangan” Ujupipun kangge caos dono raos dumateng poro sederek sak kiwo tengenipun. Para undangan sedaya ingkang kula hormati, Sakderengipun adicoro kalajengaken, monggo langkung rumiyin acara ing dinten punika kita bukak kanti maos Basmallah : Bismillair Raahmanir Rahiim. Para undangan sedaya ingkang kula hormati, Langsung kemawon, kula waosaken reroncening adicara ing wekdal punika, inggih menika : Satunggal : pambuka ingkang sampukula buka. Kalih : Waosan ayat suci Al-Quran. Tiga : Sambutan shahibul hajat. Sekawan : Penyerahan wayang saking shahibul hajat dumateng ki dalang.

Transcript of Pranatacara

Page 1: Pranatacara

PRANATACARA ING DALEM PAGELERAN RINGGIT PURWA SEDALU NATAS

Assalamualaikum wr.wb

Nuwun, para bapak/ibu lan para undangan, ingkang kula hormati. Langkung rumiyin monggo kula lan panjenengan sedoyo tansah ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lan hidayahipun sahinggo saget ngrawuhi menopo ingkang dados undanganipun Bapak Budi.

Shalawat lan salam, mugi tetep dipun paringaken dumateng junjungan kito nabi angung Muhammad SAW. Keluarganipun, lan poro sohabatipun, ugi lumeberipun dumateng poro kaum muslimin sedoyo.

Para undangan sedaya ingkang kula hormati,

Mugi ndadosno pamrikso sedoyo bilih Bapak Budi, ing wedal dinten menika, sampun saget kalampahan ngitanaken putro kakungipun ingkang nami bagus Andra, kanti sae boten wonten alangan satunggal punopo. Amargi saking bingahipun manah, milo panjenenganipun Bapak Budi, ngawontenaken tasyakuran kanti gelar pekeliran ringgit purwo sedalu natas. Kanti lelampahan “Semar bangun Kayangan” Ujupipun kangge caos dono raos dumateng poro sederek sak kiwo tengenipun.

Para undangan sedaya ingkang kula hormati,

Sakderengipun adicoro kalajengaken, monggo langkung rumiyin acara ing dinten punika kita bukak kanti maos Basmallah : Bismillair Raahmanir Rahiim.

Para undangan sedaya ingkang kula hormati,

Langsung kemawon, kula waosaken reroncening adicara ing wekdal punika, inggih menika :

Satunggal : pambuka ingkang sampukula buka.

Kalih : Waosan ayat suci Al-Quran.

Tiga : Sambutan shahibul hajat.

Sekawan : Penyerahan wayang saking shahibul hajat dumateng ki dalang.

Gangsal : Pratondo kawiwitan ringgit purwo sedalu natas.

Kaping enem : Inggih punika panutup.

Para undangan sedaya ingkang kula hormati,

Page 2: Pranatacara

Gegandengan sampun dungkap ndalu monggo sami mirsani kados pundi beberipun ringgit purwo ing ndalu punika kanti kelampahan “semar bangun Kayangan”.

Lan sakderengipun acara niki kula tutup, kula atas nami ingkang memandu acara ing ndalu punika, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

Sugeng name asane sekeco ngantos paripurnanipun kelampahan.