pidato.doc

2
Assalamualaikum Wr Wb Dhumateng para sepuh langkung2 dhumateng para pinisepuh ingkang satuhu kulo bekteni . Dumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang kawulo hormati.murwakaning atur sumonggo kulo derekaken ngaturaken panuwun syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan soho kalliwujengan dhumateng kulo dalasan panjenengan katitik ing wekdal puniko kulo dalasan panjenengan saget makempal wonten griyonipun bapak . . . . . .kanthi kawontenan wilujeng mboten manggih alangan sak tunggal punopo. Ingkang selajengipun kawulo pinongko RT 05 bade matur dhumateng panjenengan sedoyo ingkang sepisan,kulo ngaturaken wilujeng menggah karawuhan panjenengan sedoyo ingkang ongko kalih kulo ngatutraken ,agunging panuwun ingkang tanpa upami bilih panjenengan sedoyo sampun kerso nglonggaraken wekdal tindak dateng mriki saperlu kempalan rutin selapan sepisan wonten ing dalu puniko ingkang sak lajengipun kulo ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak . . . . . ingkang sampun nglonggaraken wekdal soho panggenan saperlu damel kempalan wonten ing dalu puniko . Dhumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang satuhu kinormatan Kulo minongko RT 05 namung saget ngajak dumateng panjenengan sedoyo wargo RT 05 , sumonggo kito tingkataken persatuan soho kesatuanipun wonten ing lingkungan kulo dalasan panjenengan sedoyo . ingkang ongko kalih sumonggo kito tingkataken keamanan lingkungan kulo dalasan panjenengan sedoyo . Mekaten ingkang saget kulo aturaken , sak lajengipun wekdal kulo aturaken demateng bapak2 sedoyo mbok billih bapak2 nggadai usulan , wekdal kulo aturaken dhumateng panjenengan sedoyo . . . . .sumonggo . . . .

description

materi pidato

Transcript of pidato.doc

Page 1: pidato.doc

Assalamualaikum Wr Wb

Dhumateng para sepuh langkung2 dhumateng para pinisepuh ingkang satuhu kulo bekteni .

Dumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang kawulo hormati.murwakaning atur sumonggo kulo derekaken ngaturaken panuwun syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan soho kalliwujengan dhumateng kulo dalasan panjenengan katitik ing wekdal puniko kulo dalasan panjenengan saget makempal wonten griyonipun bapak . . . . . .kanthi kawontenan wilujeng mboten manggih alangan sak tunggal punopo.

Ingkang selajengipun kawulo pinongko RT 05 bade matur dhumateng panjenengan sedoyo ingkang sepisan,kulo ngaturaken wilujeng menggah karawuhan panjenengan sedoyo ingkang ongko kalih kulo ngatutraken ,agunging panuwun ingkang tanpa upami bilih panjenengan sedoyo sampun kerso nglonggaraken wekdal tindak dateng mriki saperlu kempalan rutin selapan sepisan wonten ing dalu puniko ingkang sak lajengipun kulo ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak . . . . . ingkang sampun nglonggaraken wekdal soho panggenan saperlu damel kempalan wonten ing dalu puniko .

Dhumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang satuhu kinormatan Kulo minongko RT 05 namung saget ngajak dumateng panjenengan sedoyo wargo RT 05 , sumonggo kito tingkataken persatuan soho kesatuanipun wonten ing lingkungan kulo dalasan panjenengan sedoyo . ingkang ongko kalih sumonggo kito tingkataken keamanan lingkungan kulo dalasan panjenengan sedoyo .

Mekaten ingkang saget kulo aturaken , sak lajengipun wekdal kulo aturaken demateng bapak2 sedoyo mbok billih bapak2 nggadai usulan , wekdal kulo aturaken dhumateng panjenengan sedoyo . . . . .sumonggo . . . .

hambok billih saking bapak2 mboten wonten usulan malih , saking kulo nglenggono kathah kekiranganipun kulo amargi kulo RT enggal , pramilo kulo nyuwun agunging samudro pengaksami ,pungkasing atur wabillahi toufik wal hidayah

Wasalamualaikum Wr Wb