Ø Dumateng Para Alim Ulama

7
Ø Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi. Ø Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Ø Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih. Ø Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah …………………….. ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan. Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo. Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin……… Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan. Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko, Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko. 1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko 2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih 3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati 4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy 5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah 6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.

description

GFHJ

Transcript of Ø Dumateng Para Alim Ulama

Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi. Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih. Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah .. ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan. Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo. Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak.dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus/roro diyah ayu..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan. Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko, Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko. 1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko 2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih 3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati 4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy 5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah 6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro. Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek..sakingwekdal soho sasono kawulo aturaken Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !! Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak .. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken. Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga!!! Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai.wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan. minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening bapak .. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami , ...... Lan dumateng bapak wekdal saha sasana kawula aturaken.

Sumber: http://nerashuke.blogspot.com/2013/11/mc-walimatul-urs-bahasa-jawa-krama.htmlKunjungi nerashuke.blogspot.com.

Ain anak e jamat ambek anna

Assalamualaikum Wr. Wb.Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ala sayyidina muhammadin waala alihi washohbihi ajmain, amma Badu.Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo tadzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafaatipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko; Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Quran Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho doaipun Adicoro ingkang urut pitu, penutupPramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridhoilla Wa lissyafaati Rasulillah, AlfatihahMaturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qura, ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.Shodaqollahul adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Quran dados berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,.Mekaten, kawulo aturaken matursuwun. %richo da silva% BismillahirrohmanirrohimAssalamu alaikum Wr. Wb,Alhamulillaahirabbilaalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan abduhuu warasuuluhu laa nabiyya badah.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma. Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu . Putra putrinipun Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten ing .. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng . wanci tabuh.. mapan ing (KUA atau rumah).Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih : Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana, keparengmarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki. wassaam Galuh slank scooterist