Naskah Soal

4

Click here to load reader

description

soal basa jawa

Transcript of Naskah Soal

Page 1: Naskah Soal

ULANGAN AKHIR SEMESTER SEKOLAH DASARKECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN

TAHUN PELAJARAN 2010 / 2011

Tanda TanganOrang Tua / Wali

Mata PelajaranKelas / SemesterHari / TanggalWaktu

Nama / No. Absen

::::

:

Bahasa JawaVI (Enam) / 1Rabu, 15 Desember 201090 menit

............................... / ........

N i l a i :

Paraf Guru :

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratelan kang bener!Kanggo mangsuli pitakon 1 – 5.Wacanen kanthi patitis!

Banjir Bandhang WasiorDina Senen Kliwon (4/10-2010) tanpa kanyana-nyana Wasior, Teluk Wondana, Papua Barat,

ketrajang banjir bandhang lir tsunami mini, kang njalari saperangan gedhe wilayah kutha Wasior rata karo bumi. Kahanane dadi bosah-basih. Banjire awujud endhut campur banyu, rupane lithek-lithek. Manut cathetane Kang Semprul, cacahing kurban tiwas kang wis ditemokake ana 92, kang nandhang tatu (entheng lan abot isih durung dipilah-pilah) ana 249, lan ana 66 kang sawetara dianggep ilang.

Kang kapeksa ngungsi utawa diungsekake ora kurang saka 4.000-nan. Saperangan njaluk diulihake nyang desa asal, umume asal saka Manokwari (ibukota provinsi Papua Barat).

1. Kutho Wasior ketrajang banjir bandhang nalika dina ....a. Kemis c. Selasab. Rebo d. Senen

2. Kutho Wasior klebu wewengkon provinsi ....a. Papua Barat c. Papua Tengahb. Papua Timur d. Papua Jaya

3. Miturut catetane Kang Semprul, cacahing kurban tiwas kang wis ditemokake ana ... jiwa.a. 66 c. 92b. 75 d. 249

4. Banjir bandhang ing kutho Wasior awujud ....a. banyu campur watu c. endhut campur watub. banyu campur welirang d. endhut campur banyu

5. Ibukota provinsi Papua Barat yaiku ....a. Jayapura c. Wasiorb. Manokwari d. Mamuju

6. ?yti, n/usih, tutik\, si n au b x=.Yen ditulis latin ....a. Yati, Darsih, Tatik, sinau bareng c. Yanti, Narsih lan Tutik sinau bareng

b. Yati, Nursih, Tutik, sinau bareng d. Yati, Nursih, Tutik, mlaku bareng

7. Raden Arya Penangsang iku salah sawijining bupati ana ing Jipang Panolan.Ukara ing dhuwur ngemu teges ....a. Bupati ing Jipang Panolan mung siji c. Bupati ing Jipang Panolan luwih saka sijib. Bupati Jipang Panolan ana loro d. Jipang Panolan ora duwe bupati

8. KinanthiPadha gulangen ing kalbu,Ing sasmita amrih lantip,Aja pijer mangan nendra,Kaprawiran den kaesthi,Pesunen sariranira,Sudanen dhahar lan guling.

Guru wilangan lan guru lagune gatra 3 yaiku ....a. 8a c. 8ub. 8i d. 12i

9. Padha gulangen ing kalbu. Ing sasmita amrih lantip. Tembung lantip tegese ....a. bodho c. latihb. pinter d. sregep

10. Anggonku bisa nyekolahake anak dakrewangi lara ....a. laranen c. patib. branta d. lapa

11. Bola-bali Pamong Desa nganakake rembug desa.Sing klebu tembung camboran yaiku ...a. bola-bali c. Pamong Desab. rembug desa d. nganakake

12. Paribasan : Dudu sanak dudu kadang ....a. yen mati melu susah c. yen slamet melu bungahb. yen sugih melu seneng d. yen mati melu kelangan

13. Parmo ngguyang sapine ana ing kali. Wasesane ukara iku ...a. Parmo c. sapineb. ngguyang d. ana ing kali

14. Jamilah kandha yen dheweke arep nerusake sekolah. Yen digawe ukara langsung (ukara kandha)....a. Jamilah kandha, “Aku arep nerusake sekolah”.b. Jamilah kandha : “Aku arep nerusake sekolah”.c. Jamilah kandha : “Dheweke arep nerusake sekolah”.d. Jamilah kandha, “Kowe arep nerusake sekolah”.

15. Tembung banjir bandhang, yen di tulis aksara Jawa ....

Page 2: Naskah Soal

a. b nJi/ b n= c. b vWi/ b n=b. b nJi/ b nD= d. b vJi/ b nD=

16. . . . carane nyegah demam berdarah iku?a. Kepriye c. Apab. Kapan d. Ing ngendi

17. Dikethok malah saya dhuwur. Cangkriman iku batangane ....a. sarung c. clanab. wit klapa d. cagak

18. Bathok bolu isi madu. Paribasan iku tegese ....a. Wong pinter mungsuh wong pinter c. Sing bodho uga sing pinter padha nemu cilakab. Wong asor nanging sugih duwit d. Wong asor nanging sugih kapinteran

19. Aku wis ndandani sepedhahku. Yen didadekake ukara tanggap ....a. Sepedhahku wis dakdandani c. Sepedhahku wis kodandanib. Sepedhahku wis didandani d. Sepedhahmu wis aku dandani

20. Bapak wis teka, aku durung adus. Basa kramane sing becik ....a. Bapak sampun rawuh, kula dereng siram c. Bapak sampun rawuh, kula dereng adusb. Bapak sampun dugi, kula dereng adus d. Bapak sampun kondur, kula dereng siram

21. Ibu guru jumeneng wonten ngajeng kelas. Jumeneng basa ngokone ....a. jeneng c. nulisb. ngadeg d. nerangake

22. Bocah loro padha leren ana sangisore wit kang gedhe . . . kekeselen anggone mlaku.a. nanging c. amargab. njalari d. supaya

23. Tatune arang kranjang, tegese ....a. arang banget c. ora ketarab. akeh banget d. jero banget

24. Wong kang pagaweyane gawe barang saka watu diarani....a. jlagra c. gemblakb. undhagi d. pandhe

25. Ing ngisor iki dasa namane anak, kajaba ....a. siwi c. putrab. yoga d. putu

II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk !

1. si= s} ge p S n au aksara iki unine ....2. Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Guru lagu lan guru wilangan gatra tembang ing dhuwur yaiku ....

3. Raden Gathutkaca iku satriya kang gagah prakosa tur sekti ....4. Nindhakake pegawean ala sarana kongkonan. Paribasane : Nabok nyilih ....5. Sumadi dodolan kembang ing pasar. Lesane ....6. Pangrawit gamelan. Yen ditulis nganggo aksara jawa ....7. Tibane mengisor digoleki mendhuwur. Cangkriman iki batangane ....8. Bu, embah ape ngombe obat. Basa kramane ngombe obat yaiku ....9. Bobote abot kapuk, tegese ....10. Pak Jarwo gaweyane njaga lan ngrumat pasarean diarani ....

III. Wangsulana kanthi cekak lan bener !

1. Kawula mudha kudu sregep ngangsu kawruh. Apa tegese ngangsu kawruh?Wangsulan :

2. Wong tuwa njaluk wuruk marang anak. Kepriye paribasane?Wangsulan :

3. pelem gadhung – Mas Amir – ing kebon – nandur.Tembung-tembung ing dhuwur rakiten dadi ukara sing becik kanthi pola J-W-L-K!Wangsulan :

4. Erwin kandha, “Aku arep sinau karo kancaku.” Dadekna ukara tak langsung!Wangsulan :

5. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong. Apa batangane cangkriman iki?Wangsulan :

6. Mbak Yanti mangan gedhang goreng. Dadekna ukara tanggap!Wangsulan :

7. Wis rong dina iki embah ora gelem mangan. Kepriye basa kramane sing becik?Wangsulan :

8. Suwe mijet wohing ranti, tegese apa?Wangsulan :

9. Digawe saka apa barang grabah iku?Wangsulan :

10. Arga, ardi, giri, wukir, iku dasanamane apa?Wangsulan :

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. mi]h k} t/ t p k/ ti ni= [ z lM| lu a=u , apa unine aksara Jawa ing dhuwur?

Wangsulan :2. “Durma”

Page 3: Naskah Soal

Ayo kanca gugur gunung bebarenganAja ana kang mangkirAmrih kasembadanTujuan pembangunanPager apik lan resikLatar gumelarWisma asri kaeksi

Aranana guru lagu lan guru wilangan tembang Durma ing dhuwur!

Wangsulan :

3. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener!Kembang mawar ganda arum

Wangsulan :

4. Gawea ukara pitakon sing nganggo tembung kepriye !

Wangsulan :

5. Gawea ukara sing nganggo tembung jalaran !

Wangsulan :