Mc Sesorah

2
Assalaamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh Dumateng Kepala Dinas Dikpora Kabupaten Kebumen ingkang minulya Dumateng Kepala SMA Negeri 1 Kebumen ingkang kawula mulyaaken Bapak ibu guru sarta staf karyawan SMA Negeri 1 Kebumen dhahat kinurmatan Wali kelas 12 lan para undangan ingkang dhahat kinurmatan ingkang sampun nyempataken nindaki ing acara punika Lan kanca-kancaku kelas X, XI, XII ingkang kawula tresnani. Sumangga kita sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur kita dumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita saged makempal wonten ing SMA Negeri 1 Kebumen ing Adicara Perpisahan Kelas 12 punika. Sholawat saha salam tansah kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah Aamiin Allohumma Aamiin Sakderengipun adicara dipun wiwiti, Kawula bade maosakaen runtutipun acara ing siang puniko. 1. Sepindah adicara pambuka 2. Adicara ingkang angka kalih inggih punika atur pambagya saking Kepala SMA Negeri 1 Kebumen 3. Adicara ingkang angka tiga inggih punika prakata saking perwakilan kelas 11 4. Adicara ingkang angka sekawan atur pamitan saking perwakilan kelas 12 5. Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika panutup Hadhirin ingkang minulya ,kangge mbikak acara inking enjing punika manga kita sedaya wiwiti kanti waosan basmallah sareng-sareng. Bissmillahirrohmanirrohim….. Hadhirin ingkang kawula hormati, ndungkap adicara sak lajengipun inggih punika atur pambagya saking Kepala SMA Negeri 1 Kebumen. Dumateng Bapak Ircham Dwi Kurnia wekdal kawula aturaken. Kita aturaken angunging panuwun dumateng panjenenganipun Kepala SMA N 1 Kebumen.

description

Pidato Basa Jawa Perpisahan Sekolah

Transcript of Mc Sesorah

Page 1: Mc Sesorah

Assalaamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Dumateng Kepala Dinas Dikpora Kabupaten Kebumen ingkang minulya

Dumateng Kepala SMA Negeri 1 Kebumen ingkang kawula mulyaaken

Bapak ibu guru sarta staf karyawan SMA Negeri 1 Kebumen dhahat kinurmatan

Wali kelas 12 lan para undangan ingkang dhahat kinurmatan ingkang sampun nyempataken nindaki ing acara punika

Lan kanca-kancaku kelas X, XI, XII ingkang kawula tresnani.

Sumangga kita sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur kita dumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita saged makempal wonten ing SMA Negeri 1 Kebumen ing Adicara Perpisahan Kelas 12 punika.

Sholawat saha salam tansah kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah Aamiin Allohumma Aamiin

Sakderengipun adicara dipun wiwiti, Kawula bade maosakaen runtutipun acara ing siang puniko.

1.      Sepindah adicara pambuka

2.      Adicara ingkang angka kalih inggih punika atur pambagya saking Kepala SMA Negeri 1 Kebumen

3.      Adicara ingkang angka tiga inggih punika prakata saking perwakilan kelas 11

4.      Adicara ingkang angka sekawan atur pamitan saking perwakilan kelas 12

5.      Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika panutup

Hadhirin ingkang minulya ,kangge mbikak acara inking enjing punika manga kita sedaya wiwiti kanti waosan basmallah sareng-sareng. Bissmillahirrohmanirrohim…..

Hadhirin ingkang kawula hormati, ndungkap adicara sak lajengipun inggih punika atur pambagya saking Kepala SMA Negeri 1 Kebumen. Dumateng Bapak Ircham Dwi Kurnia wekdal kawula aturaken.

Kita aturaken angunging panuwun dumateng panjenenganipun Kepala SMA N 1 Kebumen.

Hadhirin ingkang kinurmatan, adicara sak lajengipun inggih punika sambutan engkang angka kalih inggih punika prakata saking perwakilan kelas 11. Dumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken.

Mekaten prakata perwakilan kelas 11 ingkang dipun wakilaken saking Ramadhani Laila Putri .

Hadhirin ingkang kawula hormati, adicara sak terasipun inggih punika sambutan engkang angka sekawan inggih punika atur pamitan saking perwakilan kelas 12. Dumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken sak cekapipun…

Mekaten atur pamitan perwakilan kelas 12 ingkang dipun wakilaken saking Elfira Syahratul Hikmah.

Hadhirin ingkang minulya, mboten keraos acara lan acara sampun kita lampahi sedaya. Kangge nutup acapa punika monggo kula lan panjenengan sedaya waos hamdallah sareng – sareng. Allhamdulillahirobbil’alamin.

Page 2: Mc Sesorah

Mugi-mugi sedaya ingkang kita lampahi saged ditampi dhumateng Gusti Allah SWT. Ammin.

Matur nuwun dhumateng para rawuh lan kawula ing mriki sak dangunipun ndereaken adicara punika kathah klenta - klentunipun kawula nyuwun sih agunging samudra pangarsami

Wassalaamu’Alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Adelia/01/X MIA B