Kidung hayu indonesia

10
Arsip untuk ‘KIDUNG HAYU INDONESIA’ Kategori Kidungan Puji Hayu Indonesia April 19, 2008 Kidungan Puji Hayu Indonesia A. Pambuka Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare : Kang kinitha lelaguning gendhing, Sarayuda pambukaning sekar, Dhandhanggula turu lare, Binarung ing swara rum, Ruming raras kang milangoni, Wiramane lancaran, Mung kinarya gecul, Pepathete nora oncat, Wus kacakup cakepane datan cicir, Lir-ilir gumregaha. Katampi Tembang Ilir-Ilir : Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar Bocah angon penekna blimbing kuwi Lunyu- lunyu penekna kanggo masuh dodotira Dodotira kumitir bedhah ing pinggir Domana jlumatana kanggo seba mengko sore Mumpung gedhe rembulane Mumpung jembar kalangane

Transcript of Kidung hayu indonesia

Page 1: Kidung hayu indonesia

Arsip untuk ‘KIDUNG HAYU INDONESIA’ Kategori

Kidungan Puji Hayu Indonesia

April 19, 2008

Kidungan Puji Hayu Indonesia

A. Pambuka

Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare :

Kang kinitha lelaguning gendhing,

Sarayuda pambukaning sekar,

Dhandhanggula turu lare,

Binarung ing swara rum,

Ruming raras kang milangoni,

Wiramane lancaran,

Mung kinarya gecul,

Pepathete nora oncat,

Wus kacakup cakepane datan cicir,

Lir-ilir gumregaha.

Katampi Tembang Ilir-Ilir :

Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Bocah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu- lunyu penekna kanggo masuh dodotira

Dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Domana jlumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung gedhe rembulane

Mumpung jembar kalangane

Page 2: Kidung hayu indonesia

Ya suraka .. Surak iyo

Kidung Suksmawedha (Dhandhanggula)

Ana kidung hakembang hartati, sapa weruh reke araningwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping

tiga, Artadaya tengsun, araningsun duk jajaka, Ki Artati mangke araningsun ngalih, sapa weruh

araningwang.

Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Artadaya, tunggal pancer lan uripe, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad,

kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den tutug padha sawengi, adoh panggawe ala.

Lawan rineksa dening Hyang Widdhi, sakarsanya tinekan

dening Hyang, rineksa ing janma kabeh, kang maca kang angrungu, kang anurat myang kang animpeni, yen ora bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen

linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.

Kang sinedya tinekan Hyang Widdhi, kang kinarsan dumadakan kena, tur sinihan Pangerane, nadyan tan

weruh iku, lamun nedya muja semedi, sesaji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.

Somahira ingaran Penjari, melu urip lawan melu pejah, tan pisah ing saparane, paripurna satuhu, anirmala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun,

ajujuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng Artati, anom tan kena tuwa.

Panunggale kawula lan Gusti, Nilaening arane duk

gesang, duk mati nilar arane, lan suksma ngumbreku, ing asmara mongraga yekti, durung duwe peparab, duk rarene iku, awayah bisa dolanan, aran Sang Hyang Jati

iya Sang Artati, yeku sang Artadaya.

Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan wisa, marma Artadaya rane, duk lagya aneng gunung,

ngalih aran Asmarajati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, Ni Panjari lunga ngetan, Ki Artati nurut gigiring Merapi, anulya mring Sundara (Sindara).

Kidung Darmawedha (Dhandhanggula)

Page 3: Kidung hayu indonesia

Ana Pandhita akarya wangsit, mindha kumbang angajab ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing

kangkung, wekasane langit jaladri, isining wuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul

anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma njrah ing tawang.

Ngambil banyu apikulan warih, amek geni sarwi adedamar, kodhok ngemuli lenge, miwah kang banyu

dikum, myang dhahana murub kabesmi, bumi pinethak ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen

anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandhengan.

Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat,

agodhong mega rumembe, apradhapa kukuwung, kembang lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucuk akasa

bungkah pratiwi, oyode bayu bajra.

Wiwitane duk anemu candhi, gegedhongan miwah wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma

kang wruh, yen weruha purwane dadi, candhi sagara wetan, ingobar karuhun, kayangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing

lawang.

Gunung Agung sagara Serandhil, langit ingkang amengku buwana, kawruhana ing artine, gunung sagara umum,

guntur sirna amengku bumi, rug kang langit buwana, dadiya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candhi-candhi sagara.

Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama,

pan sampun kawruhan reke, Artadaya puniku, datan kena cinakreng budi, nanging kang sampun prapta, ing

kuwasanipun, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandhap lan nginggil, kapurba kawisesa.

Bumi sagara gunung myang kali, sagunging kang isining

bawana, kasor ing Artadayane, segara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Artadaya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen

lelungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

Jim peri prayangan padha wedi, mendhak asih sakehing drubiksa, rumeksa siyang dalune, singa anempuh lumpuh,

tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, kabeh pan linebur, sakehing kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

Page 4: Kidung hayu indonesia

Siyang dalu rineksa ing Widdhi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidhep ing janma kabeh, aran wikuning

wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, paparab Hyang Tegalana, kang

asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalis ing pancabaya.

Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa malaekate, nabi wali angepung, sakeh lara padha sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang

awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis laknat sato mara-mara mati, tumpes tapis sadaya.

*

Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)

(Sinom)

Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung

sawabe ugi, yen apal sedayanipun, kena ginawe tulak, kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.

Kang kariyin ing bang wetan, Durganeluh Maospait, lawan Raja Baureksa, sami ratuning dhedhemit, Blambangan kang jagi, awasta Sang Bala Batu, Buta

Locaya ika, kang rumeksa ing Kedhiri, Prabu Jaksa kang rumeksa Giripura.

Sida Kare ing Pacitan, Kedhuwang si Klenthing Mungil,

Endra Yaksa ing Magetan, Jenggala ing Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Panggung si Abur-Abur, Sapu Jagad ing Jipang, Madiun sang Kala Sekti, pan si Korep

lelembut ing Panaraga.

Singa Barong Jagaraga, Majenang Trenggiling Wesi, Macan Guguh ing Grobogan, Kala Johar Singasari,

Srengat si Baru Kuping, ing Blitar si Kala Kathung, Buta Krodha ing Rawa, Kalangbret si Sekar Gambir, Caru Bawor kang rumeksa ing Lamongan.

Gurnita ing Puspa Laya, si Lengkur ing Tilam Putih, si

Lancuk aneng Balora, Gambiran sang Kala Durgi, Kedhung Gedhe ni Jenggi, ing Batang si Klewer iku, Lasem Kala

Prahara, Sidayu si Dhandhang Murti, Wida Langking ing Candhi kahyanganira.

Semarang Barat Katiga, Pekalongan Guntur Geni,

Pemalang Ki Sembung Yuda, Suwarda ing Sokawati, ing Tandhes Nyai Ragil, Jaya Lelana ing Suruh, Buta

Page 5: Kidung hayu indonesia

Trenggiling Tanggal, ing Kendhal si Gunting Geni, Kaliwungu Gutu Kapi kang rumeksa.

Gegelang si Somaita, Dhadhung Awuk Brebes nenggih, ing

Pajang Buta Salewah, Monda-Monda ing Mentawis, Palered Rajek Wesi Kuthagedhe Nyai Panggung, Pragota

Kartasura, Cirebon Setan Kaberi, Juru Taman ingkang aneng Tegal Layang.

Genawati ing Siluman, Kemandhang Waringinputih, si

Kareteg Pajajaran, Sapu Regel ing Batawi, Warusuli Waringin, ingkang aneng gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang

aneng Tunjungbang.

Setan Kowak aneng Sendhang, Pamasuhan Sapu Angin, Kresna (Sonod) Pada ing Rangkudan, Pandhan Sari ing

Tarisig, kang aneng Wanagiri, Malang Karsa namanipun, Sawahan Ki Sandhungan, Pelabuhan Duduk Warih, Buta Tukang ingkang aneng Pelayangan.

Rara Amis aneng Tawang, ing Tidhar si Kala Sekti, Madu

Retna ing Sundara, Jalela ing redi Sumbing, Ngungrungan Sidamukti, Terapa ardi Merbabu, si Bangsan

ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi Kendheng kang den reksa.

Sunan Lawu Ngargapura, ing Bayat Ki Malang Gati, Kalanadhah ing Toyamas, Segaluh aran si Rendhil,

Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowanu, gunung Duk Geniyara, mBok Bereng Prang Tritis, Dremba Moha

ingkang aneng Purbalingga.

Ing Karangbolong si Kreta, si Belen ing Banarawi, ing Jenu si Karung Kala, ing Penging Banjaransari, Dhung

Winong Andonsari, Pagelen Ki Candra Latu, ardi Kendhalisada, Kethek Putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Gajah kahyanganira.

Rara Dhenok aneng Demak, si Bathithit aneng Tubin,

Juwal Pasat ing Talsanga, ing Tremas Kujang nenggani, Trenggalek Nyai Kuring, si Kuncung Cemarasewu, Kala

Dhadhung Benthongan, si Asmara aneng Taji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganira.

Himagiri Manglar Munga, ing Gadhing Ki Puspagati, Cucuk Dhandhang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedhi,

kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, Pak Kecek Pajarakan, Cingcing Goling Kalibening, ing Dhahrama

Kara Welang kang rumeksa.

Page 6: Kidung hayu indonesia

Kang aneng Warulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasujayan Udan Riris, Widanangga

Dalepih, si Gadhung Kedhung Garunggung, kang aneng Karabean, Citranaya kang nenggani, Genapura ingkang

aneng Majaraga.

Logenjeng aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta Carigis, kang aneng ing Matesih, Jaran Panolih ranipun, si Gober

Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Obar-Abir kang rumeksa Jatimalang.

Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpabangsa aneng Pening,

Pesayangan Udan Gelap, Buta Gigis aneng Tegil, ing Grenggeng Caping Warih, Penawangan Gutuk Watu, Tengger

Ni Otarwiyah, Wiradesa Gusti Geni, Penarukan kang aran Setan Korokan.

Rara Dungik Randhulawang, ing Mendhang Retna Pengasih, Buta Kepala ing Prambanan, mBok Sampur neng ardi

Gajahmungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel Rahaden Panji, Pagerwaja Rahaden Kusumayuda.

Si Penthul aneng Kacangan, Pecabakan Dodolkawit,

kalangkung kasektenira, titihane kuda putih, lar waja kemul neki, kalacakra payungipun, pan samya rinajegan, akukuh rajege wesi, cemethine pat-upate ula lanang.

Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali

mangetan, mangaidul panyabet neki, na lara teka bali, tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara

teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.

Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak ngalor parannya, manginggil panyabet neki, na lara

teka bali, tinulak bali mandhuwur, mangisor panyabetnya, ana lara teka bali, pan tindak bali mangandhap kang lara.

Si Kuthung aneng Jepara, Gambiranom aneng Pathi,

kalangkung kasektenira, keringan samining dhemit, ing Ngrema Tambak Suli, Yuda Paksa ing Delanggu,

Perangtandang Kesanga, Buta Kala ing Pasisir, si Kecubung Kadilangu kang rineksa.

Nini Gelu aneng Jenar, Klabang Curing Banjarsari, Talengkung ing Watukura, si Kuris ing wit Talrukmi,

Pujangga lan Pujanggi, ingkang aneng Semeru, si Bedreg ing Tegalpat, Bancuri klawan Bancuring, kang angreksa

sukune ardi Baita.

Page 7: Kidung hayu indonesia

Si Lowar aneng Subang, ing Kuwu si Ondar Andir, si Barandang aneng Comal, si Kalunthung Dudukjalmi, setan

Telaga Pasir, ingkang aran si Jalilung, Kalangadhang ing Tuntang, si Kuru Bokor den nggoni, Singanadha

ingkang aneng Petanahan.

Teluh Braja neng Cilacap, Nusa Barong Buratwangi, Singgela Ki Nayadipa, si Dulit aneng Weleri, Pringtulis Udan Geni, Kandhangwesi Gendir Diyu,

Barukin ing Kejayan, Dirgabahu Jeruk Legi, si Mahesa Kuda neng Nusa Kambangan.

Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang

rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayeng Westhi, kabeh urut pasisir, kulawarga Ratu Kidul, sampun pepak

sadaya, para pramukaning dhemit, nungswa Jawa Pangeran kang rumeksa.

*

Kidung Puji Hayu Indonesia

(Dhandhanggula) :

Duk semana nalikaning uni, caritane nagri Nuswantara,

keblat papat kalokane, panca buwana tepung, gemah ripah lan loh jinawi, kerta raharja samya, amanggih rahayu, kineringan sakeh bangsa, panjang punjung

kuncara ingkang negari, Nuswantara kaloka

Jaman kalabendhu ngelun bumi, Nuswantara cinangkerem Landa, nandhang papa kawulane, triatus seket tahun,

bangsa kita nggennya prihatin, tumimbal bangsa Jepang, tri setengah taun, nggennya njajah Indonesia, pupus pepes dayaning jatidhiri, kabandhang ing prang dunya.

Antuk berkah rahmat Allah Gusti, lan jinurung sedya

kang utama, nuju pitulas tanggale, dhawah sasi Agustus, patang puluh lima kang warsi, Indonesia

merdika, hayu kang tinemu, adhedhasar Pancasila, angrengkuh sakabehing putra nagri, lumintu salaminya.

Pamintaku mring pra kadang sami, setya tuhu njaga

karukunan, mrih raharja negarane, Indonesia bersatu, dadya pangudi kang utami, adoh ing pancakara, prayoga memayu, hayuning ingkang bawana, linambaran

kautamaning budi, madeg satriatama.

Yogya sami padha dipun eling, kuwajiban warganing nagara, gelem njaga adege, nadyan tumekeng lampus, den

Page 8: Kidung hayu indonesia

belani ingkang negari, kusumaning negara, iku kang den tuju, jejering satriatama, manggalaning bangsa abdi

negari, Indonesia merdika.

Panutup

(Ayak-Ayak Pamungkas)

Dhuh Allah mugi-mugi keparenga paring rahmat

Dhuh Allah lestaria Indonesia merdika

Wusana wosing pangidung tarlen amung amuji

Mugi Bangsa Indonesia sepuh anem jalu estri

Sami kersa amanunggil gumolong gelenge kapti

* * *

Katerangan :

Racikan kidungan punika mawi landhesan tata-caranipun

ndonga sesarengan manut tatacara “Laku Budaya Jawa” ingkang saged kaaturaken kateranganipun makaten :

Pambuka

Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare punika kados dene

pangucaping niyat sesarengan asung swasana endah kanthi wiramaning sekar.

Tembang Ilir-Ilir minangka panggugahing sedya-karsa

tuwin ajak-ajak atur “persembahan” lan “panyuwunan”.

Kidung Suksmawedha

Hanyatakaken “sejatining urip” mawi basa perlambang. Dayanipun anggugah kekiyataning suksma. Kakidungaken

murih tuwuh kekiyataning suksma (batos) anggenipun asung “persembahan” lan “panyuwunan” dhumateng Hyang Agung (Gusti Allah).

Kidung Darmawedha

Hanyatakaken kawruh “sangkan paraning dumadi”

mirunggan nedahaken dununging titah manungsa wonten ing jagad (semesta). Bilih sayektosipun mirid saking

pangertosan “hananira sayektine wahanane Hyang”. Ing agami Islam kasebat bilih titah manungsa punika dados

Page 9: Kidung hayu indonesia

kalifahipun Allah Swt. wonten ing donya. Kakidungaken minangka panyuwun dhumateng sedaya kekiyataning “alam

semesta” supados kersa nyengkuyung anggenipun asung “persembahan” lan “panyuwunan”.

Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)

Hanyatakaken raos pasedherekan kaliyan bangsanipun

gaib (lelembut) amargi sami-sami “titah dumadi” mahlukipun Hyang Agung. Kakidungaken minangka pangajak

dhumateng para sedherek kita ingkang gaib supados nyengkuyung anggenipun badhe atur “persembahan” tuwin “panyuwun” dhumateng Hyang Agung.

Kidung Puji Hayu Indonesia

Inggih punika sejatining kidung ing racikan punika.

Pilihan sekar (tembang) lan cacahing pupuh saged dipun racik piyambak. Bakenipun muji rahayu kangge

Indonesia. Ingkang katur punika racikanipun Ki Sondong Mandali.

Panutup (Ayak-Ayak Pamungkas)

Minangka donga panyuwunan konjuk ngarsanipun Allah

Kang Murbeng Dumadi.

Menawi racikan kidungan punika badhe kaagem “ritualan” prayogi ugi cawis sesaji trep kaliyan Laku Budaya Jawa. Sesaji ngemu teges pasugatan kangge para-para

gaib ingkang mesthinipun rawuh amargi rumaos dipun ajak nyengkuyung karsa lan sedya. Kamangka sedya lan

karsa ingkang utami, pramila mboten perlu “cethil” dhumateng para kadang sedherek ingkang gaib. Punapa malih menawi ngginakaken Kidung Reksawedha (Suluk

Plencung) ingkang nyebat para “tetungguling lelembut” satanah Jawi. Sampun ngantos kadamel cuwa manahipun.

Wondene ubarampenipun sesaji kasumanggakaken. Prayogi nyuwun seserapan para sepuh ingkang mangertos. Saben dhusun tertampu wonten para sepuh ingkang taksih

kagungan kasagedan ing babagan punika.

“Ritualan” mawi racikan kidungan punika sae katindakaken para warga masyarakat kanthi mendhet

wekdal ingkang prayogi. Malem Suran, Agustusan, utawi langkung prayogi saged katindakaken kanthi rutin ing saben malem Jum’at (selapanan utawi minggon),

sumangga. Insya Allah, manggih katentreman lair batos menggahing pribadi lan bebrayan.

Page 10: Kidung hayu indonesia