Ilag-ilag Gunung Slamet

2
Setelah Gunung Slamet bergejolak, muncul pesan singkat berantai di media sosial, terkait kearifan lokal. Imbauannya tentang “ nduwur lawang dipasang janur kuning, arang bathok, godhong salam tiga lembar “ yang kemudian ditanggapi oleh budayawan Banyumas, Hari Widiyanto. Melalui pesan singkat, Hari menjelaskan makna yang tersirat dalam bahasa Banyumas, yaitu: Godong salam surasanipun slamet, slaman slumun slamet. Janur kuning surasanipun tatag wani kabehing bebaya. Areng bathok surasane kabeh bakal dados reng-renginging Gusti. Menika namung ilag-ilag. Janipun menika basa sandi (enskripsi/kode rahasia/sanepa) saking para leluhur ingkang logis lan ilmiah kagem ingkang saweg nandang reribet (bebaya). Menika sanes menapa-menapa, namung ajaran luhur, mboten ateges ingkang neka-neka. Menika namung ukara ingkang dipun lambangaken lumantar simbol unsur wit-witan lan kagem kandel raos (supados mboten wedos), rasa pasrah kaliyan Gusti Allah. Sepisan malih, menika sanes sajen utawi srana. Menika sampun kula udhari makna simbolikipun. Menika dipasang menawi saweg wonten kahanan bebaya, kagem kebulatan tekad. Latar belakang ilag-ilag menika, jaman rumiyin nunten dereng wonten media. Medianipun ngagem unsur alam kados dene saking unsur tetukulan. Menika teknis komunikasipun para winasis, priyagung (penggedhe praja) jaman

description

budaya banyumasan

Transcript of Ilag-ilag Gunung Slamet

Page 1: Ilag-ilag Gunung Slamet

Setelah Gunung Slamet bergejolak, muncul pesan singkat berantai di media

sosial, terkait kearifan lokal. Imbauannya tentang “ nduwur lawang dipasang janur

kuning, arang bathok, godhong salam tiga lembar “ yang kemudian ditanggapi oleh

budayawan Banyumas, Hari Widiyanto. Melalui pesan singkat, Hari menjelaskan makna

yang tersirat dalam bahasa Banyumas, yaitu:

Godong salam surasanipun slamet, slaman slumun slamet.

Janur kuning surasanipun tatag wani kabehing bebaya.

Areng bathok surasane kabeh bakal dados reng-renginging Gusti.

Menika namung ilag-ilag. Janipun menika basa sandi (enskripsi/kode

rahasia/sanepa) saking para leluhur ingkang logis lan ilmiah kagem ingkang saweg

nandang reribet (bebaya). Menika sanes menapa-menapa, namung ajaran luhur,

mboten ateges ingkang neka-neka.

Menika namung ukara ingkang dipun lambangaken lumantar simbol unsur wit-witan

lan kagem kandel raos (supados mboten wedos), rasa pasrah kaliyan Gusti Allah.

Sepisan malih, menika sanes sajen utawi srana. Menika sampun kula udhari makna

simbolikipun.

Menika dipasang menawi saweg wonten kahanan bebaya, kagem kebulatan

tekad. Latar belakang ilag-ilag menika, jaman rumiyin nunten dereng wonten media.

Medianipun ngagem unsur alam kados dene saking unsur tetukulan. Menika teknis

komunikasipun para winasis, priyagung (penggedhe praja) jaman rumiyin kagem

masyarakat wekdal semanten kagem ngawekani kondisi alam menawi saweg mboten

ramah. Ampun salah paham.

Ilag-ilag utawi simbolik/perlambang niki kan peyayi rumiyin ahli

semiotik/semiologi, ahli memainkan lambang lan mengartikan lambang secara logis

dan ilmiah. Padahal ilmu semiologi/semiotik dereng dipunajaraken, merga dereng

wonten fakultas ilmu budaya napa sospol jurursan ilmu komunikasi massa.