Hhh

1
Calon kepala desa saking 14 desa ing Kabupaten Sleman, ingkang badhe ngadani pilihan kepala desa tanggal 16 Februari benjing, dinten Rebo (12/2) siyang maos deklarasi pilkades damai ing Rumah Dinas Bupati Sleman. Dipun ajab pilkades ing 14 desa kasebat saged lumampah aman, tertib lan rancag. Para bakal calon kades punika maos ikrar nyipta kawontenan tentrem sadangunipun lampahing pilkades, antawisipun nuhoni tahapan pilkades kanthi tertib sarta nengenaken demokrasi lan nyengkuyung kepala desa ingkang kapilih. Ing kalodhangan kasebat para calon kades ugi napak astani spanduk ingkang panjangipun sangang meter. Salebeting pambagyanipun, Wakil Bupati Sleman, Yuni Satia Rahayu, “saking 48 calon kades, sanga ing antawisipun calon incumbent” dene deklarasi pilkades damai samangke mengku ancas kangge nyipta keamanan lan katentreman sadangunipun lampahing pilkades. Kangge njagi keamanan pilkades benjing, Polres Sleman badhe ngerigaken 593personil.

description

bio

Transcript of Hhh

Page 1: Hhh

Calon kepala desa saking 14 desa ing Kabupaten Sleman, ingkang badhe ngadani pilihan kepala desa

tanggal 16 Februari benjing, dinten Rebo (12/2) siyang maos deklarasi pilkades damai ing Rumah Dinas

Bupati Sleman. Dipun ajab  pilkades ing 14 desa kasebat saged  lumampah aman, tertib lan rancag.

Para bakal calon kades punika maos ikrar nyipta kawontenan tentrem sadangunipun lampahing pilkades,

antawisipun nuhoni tahapan pilkades kanthi  tertib  sarta nengenaken  demokrasi lan nyengkuyung

kepala desa ingkang kapilih. Ing kalodhangan kasebat para calon kades ugi  napak astani  spanduk

ingkang panjangipun sangang  meter. 

Salebeting pambagyanipun, Wakil Bupati Sleman, Yuni Satia Rahayu,   “saking 48 calon kades,  sanga

ing antawisipun calon incumbent”    dene deklarasi pilkades damai samangke mengku ancas kangge 

nyipta keamanan lan katentreman  sadangunipun lampahing pilkades. Kangge njagi keamanan pilkades

benjing, Polres Sleman badhe ngerigaken 593personil.