Geguritan Sliramu Ing Atiku

2
SLIRAMU ING ATIKU Dening Vita zulfiah Dina-dina wis rinonce dadi taun Nanging isih sliramu sing nyata ana ing atiku Saklawase ora tau ketemu Nanging isih sliramu sing dadi impenku Sliramu wis beda ora kaya biyen Segara lendhut wis ngleremake esem madumu Eluhmu saya deres Kaya udan tiba tanpa swara Ndredes mbrebes nganti pipimu Aku ngerti apa kang dadi kesusahanmu Aku bisa ngerti apa kang dadi susahne atimu Aku bisa ngerti sepine atimu Wis... Aja suwi-suwi ngeratapi kesusahanmu Amarga ana aku ing kene Senajan aku dudu srengenge Nanging aku bisa gawe anget atimu Senajan aku dudu angin Nangin aku bisa nyejukake atimu Sing lagi keselimutan duka

description

SANGAT BAGUS UNTUK DIBACA. SILAHKAN DI DOWNLOAD

Transcript of Geguritan Sliramu Ing Atiku

Page 1: Geguritan Sliramu Ing Atiku

SLIRAMU ING ATIKU

Dening Vita zulfiah

Dina-dina wis rinonce dadi taun

Nanging isih sliramu sing nyata ana ing atiku

Saklawase ora tau ketemu

Nanging isih sliramu sing dadi impenku

Sliramu wis beda ora kaya biyen

Segara lendhut wis ngleremake esem madumu

Eluhmu saya deres

Kaya udan tiba tanpa swara

Ndredes mbrebes nganti pipimu

Aku ngerti apa kang dadi kesusahanmu

Aku bisa ngerti apa kang dadi susahne atimu

Aku bisa ngerti sepine atimu

Wis...

Aja suwi-suwi ngeratapi kesusahanmu

Amarga ana aku ing kene

Senajan aku dudu srengenge

Nanging aku bisa gawe anget atimu

Senajan aku dudu angin

Nangin aku bisa nyejukake atimu

Sing lagi keselimutan duka