D jaka lodang b.jawa new,...html

2
Nama : Dwi Retno D /8A/09 Djaka Lodang Edisi 52 Sabtu Pon, 30 Mei 2009 Cerita cekak TRESNA KANG PUTIH Ardini Pangastuti BN Sepisanan ketemu, aku ora nate mbayangake yen dheweke bakal dadi jatu kramaku. Nggon rupa wae wis ora ketarik, apa maneh penampilane uga semrawut lan ora modhis. “ Ngati-ati yen karo dheweke, dheweke kuwi kondhang pinangka play boy,” bisike Lina sawise aku dikenalake dening Lina marang dheweke. Pinangka wartawati anyaran ing kutha iki, aku pancen durung duwe tepungan akeh. Beda karo Lina kang dhasare bocahe ayu, gandes, luwes lan supel karo sapa wae gampang akrab. “ Dheweke kuwi saka medhia ngendi ?” pitakonku marang Lina karo klesik-klesik. “ Dheweke dudu wartawan, nanging seniman. Tulisane akeh ngrenggani udayana lan buletin-buletin budaya. Welingku, ngati-ati yen cedhak dheweke.” Krungu omongane Lina batinku ngguyu. Dheweke kuwi dudu type cowok idholaku. Telung sasi sawise sapatemon sapisanan kuwi, aku ketemu maneh karo dheweke ing sawijining seminar. Aku kang lagi miling-miling golek kursi kosong, dumadakan aku oleh kursi ing jejere dheweke. “ Wis suwe Mas, wiwite ?” pitakonku basa-basi. “ Durung, kok. Iki mau aku uga mentas wae teka. Dingaren sing teka akeh nganti mbludag. “ Mungkin merga temane menarik yaiku “ Sek jroning kabudayan jawa” lan pembicarane uga cukup kondhang.” Yen ngono anggonmu teka iki merga ketarik marang sek utawa pemakalahe ?” “ His. Ngawur wae. Iki semata-mata tugas. Dakjiwit lengene sing ora ketutupan jaket. Dingaren dheweke rapi. “ Aku seneng yen kok jiwit, rasane nikmat,” bisike cedhak banget ing kupingku. Reflek aku nguculake jiwitanku. Sabanjure aku luwih fokus marang pemakalah sing lagi medhar sabda mbabar crita ngenani simbol-simbol ing relief candhi-candhi kuna. Nalika rehat makan siang, aku duwe kesempatan omber kanggo ngobrol karo dheweke. Maune mung ngobrol ngalor-ngidul sing ora ana juntrunge nganti pungkasane mbahas UU pornografi sing saiki isih dadi kontroversi. “ Laire UU pornografi satemene uga ora uwal saka soal sek, akeh wong sing kaweden yen ora kuwawa ngendhaleni syahwate, saengga mbutuhake tameng undhang-undhang iku, “ kandhane karo nyengir nanggapi omonganku. “ Lha iya, definisi Pornografi dhewe uga ora jelas lan akeh pasal sing multi tafsir. Wong, yen pikirane dhasare wis ngeres, nyawang apa-apa sarwa ngeres.” Dheweke komentar maneh, mung mlengeh cukup amba. O…yen ngguyu ngono kuwi jebul ya manis, eh bagus. Merga sing takweruhi sasuwene iki dheweke cuek banget. Wiwit kuwi aku asring ketemu dheweke. Dheweke dadi kerep dolan menyang kos- kosanku, semana uga aku. Dheweke pancen kanca ngobrol sing nyenengake, dijak ngobrol apa wae bisa nyambung. Aku seneng duwe kanca seniman kaya dheweke pekne wawasane

Transcript of D jaka lodang b.jawa new,...html

Page 1: D jaka lodang b.jawa new,...html

Nama : Dwi Retno D /8A/09Djaka Lodang Edisi 52 Sabtu Pon, 30 Mei 2009

Cerita cekak TRESNA KANG PUTIHArdini Pangastuti BN

Sepisanan ketemu, aku ora nate mbayangake yen dheweke bakal dadi jatu kramaku. Nggon rupa wae wis ora ketarik, apa maneh penampilane uga semrawut lan ora modhis. “ Ngati-ati yen karo dheweke, dheweke kuwi kondhang pinangka play boy,” bisike Lina sawise aku dikenalake dening Lina marang dheweke. Pinangka wartawati anyaran ing kutha iki, aku pancen durung duwe tepungan akeh. Beda karo Lina kang dhasare bocahe ayu, gandes, luwes lan supel karo sapa wae gampang akrab. “ Dheweke kuwi saka medhia ngendi ?” pitakonku marang Lina karo klesik-klesik. “ Dheweke dudu wartawan, nanging seniman. Tulisane akeh ngrenggani udayana lan buletin-buletin budaya. Welingku, ngati-ati yen cedhak dheweke.” Krungu omongane Lina batinku ngguyu. Dheweke kuwi dudu type cowok idholaku. Telung sasi sawise sapatemon sapisanan kuwi, aku ketemu maneh karo dheweke ing sawijining seminar. Aku kang lagi miling-miling golek kursi kosong, dumadakan aku oleh kursi ing jejere dheweke. “ Wis suwe Mas, wiwite ?” pitakonku basa-basi. “ Durung, kok. Iki mau aku uga mentas wae teka. Dingaren sing teka akeh nganti mbludag. “ Mungkin merga temane menarik yaiku “ Sek jroning kabudayan jawa” lan pembicarane uga cukup kondhang.” Yen ngono anggonmu teka iki merga ketarik marang sek utawa pemakalahe ?” “ His. Ngawur wae. Iki semata-mata tugas. Dakjiwit lengene sing ora ketutupan jaket. Dingaren dheweke rapi. “ Aku seneng yen kok jiwit, rasane nikmat,” bisike cedhak banget ing kupingku. Reflek aku nguculake jiwitanku. Sabanjure aku luwih fokus marang pemakalah sing lagi medhar sabda mbabar crita ngenani simbol-simbol ing relief candhi-candhi kuna. Nalika rehat makan siang, aku duwe kesempatan omber kanggo ngobrol karo dheweke. Maune mung ngobrol ngalor-ngidul sing ora ana juntrunge nganti pungkasane mbahas UU pornografi sing saiki isih dadi kontroversi. “ Laire UU pornografi satemene uga ora uwal saka soal sek, akeh wong sing kaweden yen ora kuwawa ngendhaleni syahwate, saengga mbutuhake tameng undhang-undhang iku, “ kandhane karo nyengir nanggapi omonganku. “ Lha iya, definisi Pornografi dhewe uga ora jelas lan akeh pasal sing multi tafsir. Wong, yen pikirane dhasare wis ngeres, nyawang apa-apa sarwa ngeres.” Dheweke komentar maneh, mung mlengeh cukup amba. O…yen ngguyu ngono kuwi jebul ya manis, eh bagus. Merga sing takweruhi sasuwene iki dheweke cuek banget. Wiwit kuwi aku asring ketemu dheweke. Dheweke dadi kerep dolan menyang kos-kosanku, semana uga aku. Dheweke pancen kanca ngobrol sing nyenengake, dijak ngobrol apa wae bisa nyambung. Aku seneng duwe kanca seniman kaya dheweke pekne wawasane

Page 2: D jaka lodang b.jawa new,...html

jembar lan toleransine dhuwur. Saben aku dolan mrana, mesthi ana cewek liya sing teka genti-genten. Apa merga gunemane sing empuk eyub iku sing njalari akeh cewek ketarik karo dheweke? Nalika aku mrana sing sepisanan, cewek sing ngapeli dheweke Meiske, saka Bandhung. Kaping pindho jenenge Yeni, arek Malang, kaping telu ana Ratna, bocahe lagi wae mentas lulus SMU. Nalika aku mrana maneh kanggo sing kaping papat, kahanan omahe sepi. Wong saomah kajaba dheweke menyang Jakarta pekne Pakdhene duwe gawe mantu. “ Kok njenengan ora katut ? “ pitakonku. “ Aku milih tunggu omah sapa ngerti ana tamu, “ kandhane karo mripate nakal nyaang aku. “ Oh,…ge-er. Olehku mrene merga…..” Merga kangen, ta ? “ pamunggele sadurunge omonganku rampung. Aku mleruk, jujur satemene pancen iya. Embuh wiwit kapan aku duwe perasaan kaya iku. Aku sadhar yen aku dudu apa-apa dibandhing karo cewek-cewek sing ana ing sakupenge. Nanging aku duwe keyakinan yen ing antarane cewek-cewek iku ora ana sing istimewa tumrap dheweke. Durung nganti sepuluh menit, dumadakan ana tamu teka. Ana cewek loro. Edan ! Dumadakan wae aku rumangsa cemburu. Apa sih sing menarik saka dheweke kok akeh cewek sing “ kedanan “ marang dheweke? Aku dadi kelingan piwelinge Lina yaiku kudhu ngati-ati karo dheweke pinangka kondhang playboy. Cewek loro sing mentas teka iku ketoke cukup akrab lan sikape rada aleman karo dheweke. Ngobrol karo lendhetan. Ih, sebel ! Cepet-cepet aku pamit amarga ora tahan ndulu sikape cewek loro iku. Ing njero taksi sing nggawa aku bali, pikiranku kuwur. Dina-dina sing tau tak liwati bebarengan dheweke ora mung sepisan pindho aku nonton bareng, mangan lan uga ora arang ngentekake tugelan wengi ing taman kutha utawa nonton rembulan ing alun-alun. Nanging sasuwene iku dheweke ora nate ngatonake sikape sing keladhuk kaya ngrangkul utawa bangkekanku, paling banter mung nggandheng tangan. Kabeh kuwi ora ana sing ditindakake dening dheweke. Mungkin aku pancen ge-er. Tekan ngomah aku wiwit nimbang-nimbang, kepriye apike sikapku maran dheweke. Lagi ngalamun kaya iku dumadakan….ningnong…! Setengah aras-arasen aku menyat marani lawang jebul… Dheweke wis ngadeg ana ngarep lawang karo mlengeh mamerake eseme. “ Kok tamune ditinggal ?” pitakonku sawise ngacarani dheweke mlebu. “ Iya, kepeksa tak tinggal. Soale nalika lunga ekspresimu aneh. Jujur, ujug-ujug wae aku dadi wedi kelangan, “ kandhane karo manther nyawang aku kanthi mripat kang edhum. Apa iki sawijining pengakuan ? Ah, tresna pancen aneh, bisa nyulap tangis dadi ngguyu, sengit dadi seneng utawa suwalike. Bener apa sing dikandhakake dening almarhum Gombloh liwat lagune : “ bila cinta melekat tai kucingpun rasa coklat ”. Mbayangake dheweke, mikirake dheweke ing sisihku wis mekrok kebak aruming kembang. Tekane dheweke ing sisihku wis aweh pemahaman anyar. Aku bisa mahami yen, abang, ijo, biru, kuning…satemene hakekate mung sawerna. Putih. Kaya putihe tresna kang gumontang ing dadha.