10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

download 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

of 11

Transcript of 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    1/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 93

    BR Y T

    NGR OS KEN

    P NUNGGILIPUN

    GUSTI

    PASAMUWAN MAKEMPAL

    15 menit sadrngipun pangibadah kawiwitan, sadayaparaga pangibadah ndedonga sesarengan

    10 menit sadrngipun ngibadah, donga konsistorium PNJ ngatag pasamuwan gladhn kidungan ingkang awis-

    awis dipun repkaken

    Pamaosing Warta Grja

    Prdt :Bapak, Ibu lan para Sadhrk ingkang dipun tresnanidning Gusti Ysus Kristus. Pradata ngaturakensugeng/wilujeng*) rawuh ing pangibadah punika. Bokmenawi wonten Bapak, Ibu saha Sadhrk ingkang nembsepisanan rawuh ing Grja ngriki, kula suwun jumeneng...(menawi wonten tamu) Matur nuwun awit

    WULAN BRAYAT

    Minggu III, 19 Oktober

    2014

    Katrangan:

    Prdt : Pradata

    Pmp : Pemimpin

    Ltgs : Liturgos

    PNJ : Pemandu Nyanyian

    Jemaat

    Psw : Pasamuwan

    Lkt : Lktor

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    2/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 94

    karawuhanipun lan sugeng/ wilujeng* ngibadah.

    Bapak, Ibu, Sadhrk ingkang dipun tresnani Gusti YsusKristus, sumangga kita nyawisaken dhiri lumebet ingpangibadah, kapurwakan kanthi tidhem sawatawis wekdaling salebeting wekdal ening.

    *)kasumanggakaken badh ngagem sebatan sugeng utawi wilujeng.

    Wekdal ening, organis ngungelaken kidung-kidung kanthilirih

    Ltgs : Kanthi ngraos-raosaken malih lampahing brayat kita,kadya ningali lampahing Isral nuju tanah Kanaan. Kalamangsa nemahi karibedan tanpa pangajeng-ajeng, utawinggadhang wekdal-wekdal tertemtu ingkang damel kita

    bingah. Prakawis ingkang tansah winengku kawontenanboten gumathok inggih punika Rama ingkang langgengtansah setya-tuhu nunggil saha ndayani. Samangk,

    kanthi jumeneng kita repkaken kidung pambuka.

    Kidung Pambuka

    KPK 6:1,2 PAMUJI ING PANGIBADAHSesarengan : Dhuh Allah Masuci kula asung puji

    ing pangibadah puniki,agung kamulyanta ageng sih Paduka

    kang nitahken jagad raya,pinuji Hyang Widi kang siyang lan ratri,ngreksa lan ngrimati.

    -interlude-Sesarengan : Dhuh Allah Mamirah sru adrenging manah

    kula sami nyadhong berkah,nggih sabda kang suci sabdanipun Gusti,kang paring gesang sejati,pinuji Roh Suci kang ngnggalken budi,

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    3/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 95

    nilar gesang lami.

    Votum lan SalamPmp : Gusti nimbali kita mangun pangibadah punika, pramilasumangga kita sami nyengker pangibadah punika kanthipangaken: Pitulungan kita punika, pinangkanipun saking

    Allah sang Rama ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.Psw : 5 . 6 5 . 6 5 . 4 . 3 (organis ngungelaken sol)

    A - min A - min A - min!

    KPK 345 TENTREM RAHARJA(organis ngungelaken 3, boten prelu ngangg intro)

    Pmp : Tentrem raharja sing Gusti kita,Psw : tumrah mring kitaPmp : tentrem raharja sing Gusti kita,Psw : tumrah mring kita.

    Pambuka [pasamuwan lenggah]Ltgs : Sumangga kita ngluhuraken Gusti, awit panunggilipun

    ingkang sempulur lestantun, kanthi tkad tansahmanembah dhumateng Panjenenganipun kanthi setya-tuhu.

    Kidung Pamuji

    KPK 34:1,2 SUNG SEMBAH PUJASesarengan : Allah Kang Makwasa yekti gung tresnanya

    jumeneng Pamarta kang ngruwat dosa,Psw wanita : salir tyang pracaya luwar sing antakaPsw priya : lamun tansah setya mlebet mring swarga,Psw wanita : sung sembah pujaPsw priya : konjuk Sang RamaSesarengan : kang paring nugraha tentrem raharjaPsw wanita : sung sembah bektiPsw priya : konjuk mring GustiSesarengan : kang paring basuki nggih gesang yekti.

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    4/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 96

    -interlude-Psw : Gusti kang Mamirah ngrentahken gung berkah,

    tyang nandhang sangsara manggih waluya,PNJ : saliring pra umat tan kendhat rinimat,srana peparingnya nadyan prasaja,

    Psw wanita : sung sembah pujaPsw priya : konjuk Sang RamaSesarengan : kang paring nugraha tentrem raharjaPsw wanita : sung sembah bektiPsw priya : konjuk mring GustiSesarengan : kang paring basuki nggih gesang yekti.

    Pangaken Dosaa. Angger-angger Katresnan (Pmp maos Matus 22:37-40)

    Ltgs : Asring kalampahan, suku kita kesandhung slaningpanerak. Kita saged nresnani tiyang sans, nangingsans sanak kadang brayat kita piyambak. Kita sagedraket kaliyan rncang ing papan tebih lumantar piranti

    jaman samangk, nanging karaos tebih kaliyan sesami

    ingkang tunggil griya. Kita asring ngraosaken lungkrahnglampahi gesang bebrayatan. Bok menawi ugikagodha nilaraken utawi satlraman tumolh dhatengmargi sans.

    b. Donga Pangaken Dosa (Pmp nuntun donga pangakeningdosa)

    c. Kidung PanalangsaPNJ : Ibu, Bapak lan para Sadhrk ingkang dipun tresnani

    dning Gusti Ysus Kristus, sumangga kita saminalangsani dosa kalepatan kita wonten ing ngarsanipunGusti. Kita pratlakaken panalangsa kita kanthisesarengan ngrepkaken kidung panalangsa.

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    5/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 97

    KPK 54:1,2 NYUWUN AKSAMASesarengan : Dhuh Gusti kang Mawilasa

    mugi paring aksama,kula getun d klepatannglawan dhateng Pangrannglirwakken dhawuh Padukamanut hardaning dosa,temah tan ngraosken tentremtebih sing gesang langgeng.

    -interlude-Sesarengan : Dhuh Gusti kang Mahatresna

    mugi ngruwat kawula,temah kula dados sucitetunggilan lan Gusti,manah kang peteng wit dosanggal pulih lejara,pangajeng-ajeng binukangener mring Allah Rama

    Pawartos Sih-rahmat lan Pitedah Gesang AnyarPrdt : Tumrap sadaya tiyang ingkang purun nglengganani dosa

    kalepatanipun, Gusti paring nugraha pangapunteningdosa. Warta pangapuntening dosa lan pitedah gesanganyar kaprasetyakaken lumantar sabdanipun Gustiingkang sinerat ing fsus 2: 4-10, Nanging Gusti Allahkang sugih kawelasan, awit saka gedhning katresnankang kalubrak marang kita, wus nguripak kita bareng

    karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awitsaka kaluputan-kaluputan kita marga saka sih-rahmatkow padha kapitulungan rahayu lan ana ing SangKristus kita padha ditangkak lan uga diparingi papan

    bareng karo Panjenengan ana ing swarga, supaya ingjaman kang bakal kalakon Panjenengan ngatingalakmarang kita anggon sugih sih-rahmat kang lubr-lubrcundhuk karo kasanan marang kita ana ing Sang Kristus

    Ysus. Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    6/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 98

    saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohingpambudidayamu, nanging peparing Gusti Allah, iku dudu

    wohing panggawmu: aja ana wong kang gumunggung.Marga kita iki titah Gusti Allah, katitahak ana ing SangKristus Ysus, supaya padha nglakoni panggaw becikkang kacawisak Gusti Allah sadurung, minangkaambah-ambahan kita. Makaten pratlan katresnanipunGusti.

    Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

    (Pasamuwan sami tangkep asta/ Salman.)

    PNJ : Kanthi bungahing manah sumangga kita tanggapi wartapangapuntening dosa kanthi sesarengan ngrepkakenkidung tanggapan.

    KPK 304:1,2 BRAYAT KANG NENGSEMAKEN SESAMISesarengan : Brayat kang tinangsulan ing tresna

    tetales pitados mring Gusti,

    mesthi ayem tentrem lan raharja,atut rukun wah lestari,silih asah lan asih, silih asuh tan pamrihtemah adeging brayat punikinengsemken mring sesami.

    -interlude-Psw priya : Brayat kang tresnanira sayekti

    kados sih Sang Kristus Gusti,

    lung tinulung silih angladositan nguja karsng pribadi,yn bebaya anrajang linawan sesarengan,temah adeging brayat punikinengsemken mring sesami.

    Donga Syafaat [pasamuwan lenggah malih]Kapimpin dning Pemimpin.

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    7/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 99

    PALADOSAN SABDA

    KPK 195:1-3 ISINING KITAB SUCIPNJ : Isining kabar kabingahan

    winangsitken dning Pangran,Psw : dadya srana suka piwulang

    margining kautamanSesarengan : dimn tyang pitados tansaha rumantos,

    mbangun turut Gusti nresnani sesami.-tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-

    Psw wanita : Tyang lepat kraos winelhnadning sabdaning Kang Makwasa,tyang dosa gya samya mratobatnampnana sih-rahmat,

    Sesarengan : dimn tyang pitados tansaha rumantos,mbangun turut Gusti nresnani sesami.

    -interlude-Pmp : Tyang lesah sinung lipur nyata

    karana kwasaning sang sabda,PNJ : wewatekan mindhak utama

    wah kekah ing pracaya,Sesarengan : dimn tyang pitados tansaha rumantos,

    mbangun turut Gusti nresnani sesami.

    Donga piklseKapimpin dning Pemimpin

    Pamaosing Kitab SuciWaosan I

    Lkt : Waosan kapisan kapethik saking kitab Pangentasan33:12-23 (sasampunipun maos) Makatenpangandikanipun Gusti.

    Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

    Masmur Tanggapan

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    8/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 100

    Lkt : Waosan kapisan kita tanggapi sesarengan, kanthimaos sesautan Jabur Masmur 99 [saged ugi dipun

    daras/ karepkaken]

    Waosan IILkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun Rasul Paulus

    ingkang I (kapisan) tumrap pasamuwan ingTsalonika, bab 1 ayat 1-10 [I Tsalonika 1:1-10](sasampunipun maos) Makaten pangandikanipunGusti.

    Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

    Waosan InjilPmp : Waosan Injil kapethik saking Injiling Ysus Kristus,

    manut paseksining Matus 22:15-22 (sasampunipunmaos) Makaten pangandikanipun Gusti. Ingkangrahayu inggih punika ingkang sami mirengakenpangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken.Halluya!

    Psw : (aklamasi) Halluya, Halluya, Halluya!

    Kotbah

    Wekdal Ening

    Donga Rama Kawula

    PISUNGSUNG

    PangatagPrdt : Sumangga kita mratlakaken pangucap sokur kita dhateng

    Gusti kanthi ngaturaken pisungsung. Tetales anggn kitabadh ngaturaken pisungsung, kapethik saking WulangBebasan 3:9-10, Pangran Yhuwah luhurna kalawan

    bandhamu lan srana kawitaning sakh pametumu; temah

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    9/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 101

    lumbungmu bakal dikebaki nganti lubr, lan pamipitanmulubr anggur.

    KPK 188:1- ASUNG PISUNGSUNGSesarengan : Sumangga sung pisungsung

    mring Allah Ma agung,krana gunging sih-rahmatkang lubr tan kendhat.

    -tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-Sesarengan : Misungsung kanthi loma cihnaning panuwun,

    d gesang tansah begja wit Allah kang nuntun.-interlude-

    Sesarengan : Bandha, arta pethingan kang katur mring Gusti,bludaging kabingahan wit berkah tan sepi.

    -tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-Sesarengan : Saos pisungsung kathah cacahnya tan timbang,

    lan gung berkahing Allah tan knging winilang.

    Donga Pisungsung [pasamuwan jumeneng]

    Kapimpin dning Pradata

    PANGUTUSAN

    Kidung Pangutusan [pasamuwan tetep jumeneng]PNJ : Sumangga kita nyawisaken manah dados dutaning Gusti

    ing satengahing donya punika, martosaken katresnanipunGusti ingkang sempulur lestantun.

    KPK 304:3,4 BRAYAT KANG NENGSEMAKEN SESAMISesarengan : Brayat kang mbangun turut mring Gusti

    tegen ndedonga lan ngabekti,kraos lan rumaos nampi berkah

    jroning bingah dalah susah,gesangnya kagem Allah blaba brbudi tansah,temah adeging brayat punikinengsemken mring sesami.

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    10/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 102

    -interlude-Psw wanita : Brayat ingkang satuhu sembada

    mesthi datan anguciwani,Psw priya : kalamun pinaringan momonganpinerdi bekti mring Gusti,

    Psw wanita : wasis nging lembah atiPsw priya : blaba nging gemi stiti,Sesarengan : temah adeging brayat puniki

    nengsemken mring sesami.

    Pangaken PitadosPrdt : Sesarengan kaliyan umatipun Gusti ing wekdal kapengker,samangk makaten ugi mangsa ngajeng; sumangga kitapratlakaken pangakening kapitadosan kita manutPangaken Pitados Rasuli:...

    BerkahPmp : Pangran Yhuwah mberkahi panjenengan (kita) lan

    ngayomi panjengan (kita). Pangran Yhuwahnyunaraken cahyaning wadananipun dhatengpanjenengan (kita) lan maringi sih-rahmat. Pangran

    Yhuwah nungkulaken wedananipun dhatengpanjenengan (kita) lan maringi tentrem-rahayu. Amin.

    Psw : (aklamasi)Amin, Amin, Amin.

    Kidung Panutup PangibadahPNJ : Kita pungkasi pangibadah punika saha mbabar dhawuh

    timbalanipun Gusti ing gesang padintenan kita. Kitarepkaken kidung panutup.

    KPK 120:1,2 KUMANDEL MRING ALLAHSesarengan : Dhuh Gusti mugi ngirid lampah kula,

    ndhrkaken Paduka salamanya,kawula datan saged milih margi,mugi sapurug kula Gusti nganthi.

  • 7/21/2019 10. Liturgi Minggu 19 Oktober 2014

    11/11

    LPP Sinode Wulan Brayat 2014 103

    -tanpa interlude/ karepkaken pada salajengipun-Sesarengan : Paduka ngayomana ing tyas kula,

    supados arerema satitahnya,kula tansah sumndh ing karsanta,wit Paduka Panebus Gusti kula.

    Pasamuwan lenggah Wekdal ening, pasamuwan ndedonga pribadi instrumn lirih dning organis

    [SUN]Kasan