09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

13
NALIKA TÈKNOLOGI DADOS “BENDARA” TUMRAP MANUNGSA PASAMUWAN MAKEMPAL Loncèng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncèng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin lan maosaken underaning Warta Gréja. Prdt : Dinten gumantos dinten, wekdal silih- gumantos ngrenggani gesangipun manungsa. Lampah sujarahing gesang mbekta kita lumebet ing kamajenganing jaman, déné manungsa sangsara dipun gangsaraken gesangipun kanthi manéka warni sarana gesang ingkang sarwa ngéramaken. Nanging, dhasaring samukawis, Gusti Allah ingkang Murba Dumadi, ingkang ngrimati gesangipun LPP Sinode Wulan Brayat 2014 83 WULAN BRAYAT Minggu II, 12 Oktober 2014 Katrangan: Prdt : Pradata Pmp : Pemimpin Psw : Pasamuwan Lkt : Lèktor PNJ : Pemandu Nyanyian Jemaat

Transcript of 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

Page 1: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

NALIKA TÈKNOLOGI

DADOS “BENDARA”

TUMRAP MANUNGSA

PASAMUWAN MAKEMPAL

Loncèng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncèng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin

lan maosaken underaning Warta Gréja.

Prdt : Dinten gumantos dinten, wekdal silih-gumantos ngrenggani gesangipun manungsa. Lampah sujarahing gesang mbekta kita lumebet ing kamajenganing jaman, déné manungsa sangsara dipun gangsaraken gesangipun kanthi manéka warni sarana gesang ingkang sarwa ngéramaken. Nanging, dhasaring samukawis, Gusti Allah ingkang Murba Dumadi, ingkang ngrimati gesangipun manungsa wiwit rumiyin, samangké dumugi salaminipun. Sumangga kita sujud jèngkèng ing ngarsanipun rinengga pakurmatan saha kamulyan konjuk Panjenenganipun.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

83

WULAN BRAYAT

Minggu II, 12 Oktober 2014

Katrangan:Prdt : PradataPmp : PemimpinPsw : PasamuwanLkt : LèktorPNJ : Pemandu Nyanyian

Jemaat

Page 2: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

Kidung Pambuka [pasamuwan jumeneng]KPK 16:1,2 “PUJI MRING ALLAH KANG MAHA WISÉSA”Sesarengan : Puji mring Allah Pangéran kang Maha

Wisésa, muji ramya binarung lan sawernining gangsa, pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.

-interlude-PNJ : Puji mring Allah kang sèstu adil

pangrèhira, Psw wanita : ngreksa lan ngrimati srana lubèring

berkahnya, Psw priya : nging saklangkung gung sihnya mring

tyang dosa, Sesarengan : tinebus temah waluya.

Votum lan SalamPmp : Padha nilingna kupingira lan sowana ing

ngarsaning-Sun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! (Yésaya 55:3a)

Psw : Kawula marek ing ngarsa Paduka dhuh Gusti / mbekta gesang kawula sawetahipun.

Pmp : Pitulungan kita punika, wonten ing asmanipun Sang Yéhuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

Psw : (aklamasi) Amin, Amin, Amin!Pmp : Gusti nunggil panjenengan (kita) sadaya.Psw : Nunggila ing panjenengan ugi.

Bebuka [pasamuwan lenggah]Pmp : Brayat dados ener nalika manungsa wangsul

saking sadhéngah tugas kuwajiban punapa déné panyambut damel. Punika ateges bilih brayat kedahipun dados papan ingkang njalari tuwuh tentrem-rahayu temah saged kanggé papan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

84

Page 3: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

mratélakaken kanyatan ingkang dipun temahi. Émanipun, kawontenan ingkang makaten punika asring boten kebabar wonten ing brayat. Satunggal lan satunggalipun sami nggatosaken saha ngutamèkaken dhirinipun piyambak. Tanpa prastawa*), kamajenganing tèknologi ingkang kedahipun dados mitra gesangipun manungsa sampun santun-rupi dados bendara ingkang nguwaosi. Punapa raketing kekadangan wonten ing brayat sampun samesthinipun ginantosan kawigatosan linangkung dhateng jagading tèknologi? Sumangga kita ngraos-raosaken malih lampahing gesang bebrayatan kita temah kawontenanipun saged kapulihaken dados raket gulet kados ancas sakawit. Satunggaling cara anggèn kita nggayuh gegadhangan makaten punika inggih ndadosaken Gusti Yésus ingkang linangkung wigatos wonten ing sauruting gesang kita.

*) Prastawa: waspada, waskitha

Pujèn Kabingahan

KPK 305:1,2 “BRAYAT KANG RAHARJA”Pmp : Kadya Adam lan Kawa

kang dedunung nèng Pirdus,PNJ : ajrih asih mring Allah ngabekti kanthi

tulus,Psw priya : tresnanya murni Psw wanita : gesangnya suci,Sesarengan : rukun setya wah raharja

tansah tinunggil Rama Psw wanita : tresnanya murni, Psw priya : gesangnya suci,Sesarengan : rukun setya wah raharja

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

85

Page 4: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

tansah tinunggil Rama -interlude-

Psw wanita : Tiyang kang sesomahan kang dadya putrèng Allah,

Psw priya : ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah,

PNJ : jujur ing lampah Pmp : wah lembah manah,Sesarengan : arum jroning pirembagan kekah dènya

bebrayan.Psw priya : jujur ing lampah Psw wanita : wah lembah manah,Sesarengan : arum jroning pirembagan kekah dènya

bebrayan.

Timbalan MratobatPrdt : Sabdanipun Gusti wonten ing 1 Yokanan 2:7-10

mratélakaken makaten: “Hé para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowé wiwit wiwitan mula Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu. Éwasamono, pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kowé iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengané lan ana ing kowé, amarga pepeteng iku nedhengé sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar. Sing sapa duwé ujar yèn dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang saduluré, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi sapréné. Sing sapa tresna marang saduluré iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.”

Wekdal ening sawatawis

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

86

Page 5: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

Prdt : Nresnani punika pepakènipun Gusti tumrap gesang kita. Kita sinebat gesang ing pepadhang, nalika tresna kababara-ken wonten ing brayat kita. Punapa kita sampun nresnani gegelitaning brayat kanthi gumolonging manah?

Psw priya : Gusti mugi ngapunteni kawula / awit kawula asring nyupèkaken dhawuh Paduka. / Kawula boten nresnani sémah / punapa déné anak-anak kawula kanthi gumolonging manah. / Kawula asring kalindhih ing padamelan lan karemenan dhiri pribadi. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.

[kalajengaken ngrepèkaken kidung 52 pérangan Refrain]

KPK 52 “NYUWUN SUCI”Psw priya : nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci,

nyuwun suci

Psw wanita: Paduka mugi ngapunteni kawula, / déné kawula asring kirang nresnani brayat, / sémah lan anak-anak / kanthi gumolonging manah. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.

[kalajengaken ngrepèkaken kidung 52 pérangan Refrain]

KPK 52 “NYUWUN SUCI”Psw wanita : nyuwun suci adhuh Gusti, nyuwun suci,

nyuwun suci

Laré-laré : Gusti, / jejering anak, / kawula asring nengenaken karemenan kawula piyambak. / Kawuli kirang preduli dhateng tiyang sepuh

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

87

Page 6: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

kawula. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.

[kalajengaken ngrepèkaken kidung 52 pérangan Refrain]

KPK 52 “NYUWUN SUCI”Laré-laré : nyuwun suci adhuh Gusti, nyuwun suci,

nyuwun suci.

Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]Pmp : “Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng

Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: ‘Dakngakoni panerakku ana ing ngarsané Sang Yéhuwah.’ Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula.” (Jabur Masmur 32:5). Makaten sih-rahmatipun Gusti.

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.Pmp : Bagéa kita ingkang sampun ngakeni dosa

kalepatan kita awit Panjenenganipun karsa ngapunteni. Sumangga kita mratélakaken sokur kanthi mbagé tentrem-rahayuning Sang Kristus dhateng para sadhèrèk kita.

(Pasamuwan tangkep asta/ salaman.)Kidung Tanggapan

KPK 174:1,2 “NULADA SANG PAMARTA”Sesarengan : Dipadha sarujuk tunggal tresna

tunggal budi lan tunggal sedya,wah samya andhap asoring lampah nulada mring Sang Kristus tansah, Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri, wah dadya abdi sinalib séda yèku babaring tresna sanyata.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

88

Page 7: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

-interlude-Psw wanita : Ramé ing gawé ing pamrih sepi

tan mung mikir badan pribadi Psw priya : nging migatosna ing liyan ugi

nulada mring Sang Kristus Gusti Sesarengan : Kristus Gusti Allah yekti

nging manjalma ngesoraken dhiri, wah dadya abdi sinalib séda yèku babaring tresna sanyata.

PALADOSAN PANGANDIKA

Donga Èpiklèse [pasamuwan lenggah]Kapimpin déning Pemimpin.

Pamaosing Kitab SuciWaosan I Lkt : Waosan kapisan kapethik saking kitab

Pangentasan 32:1-14 (sasampunipun maos) “Makaten pangandikanipun Gusti.”

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Masmur TanggapanLkt : Masmur tanggapan kapethik saking Jabur

Masmur 106:1-6, 19-23 ingkang makaten pratélanipun... [pasamuwan nyimak utawi saged ugi dipun waos sesautan utawi dipun daras/ dipun repèkaken]

Waosan II Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun Rasul

Paulus tumrap pasamuwan Filipi bab 4 ayat 1-9 [Filipi 4:1-9].

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

89

Page 8: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

(sasampunipun maos) “Makaten pangandikanipun Gusti.”

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan InjilPmp : Samangké nampènana Injiling Yésus Kristus

manut paseksining Matèus 22-1-14 (sasampunipun maos) “Makaten Injiling Yésus Kristus. Ingkang rahayu inggih punika ingkang sami mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Haléluya!”

Psw : (aklamasi) Haléluya, Haléluya, Haléluya, Amin.

KotbahWekdal Ening

Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]Prdt : Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing

bumi, ing sadhéngah papan saha wekdal, kita pratélaken Sahadat kita manut Pangaken Pitados Rasuli: Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama...

Donga Syafaat [pasamuwan lenggah]Donga kapimpin déning Pemimpin.

PISUNGSUNG

PangatagPrdt : Sumangga kita mratélakaken pangucap sokur

kanthi ngaturaken pisungsung konjuk Gusti awit Panjenenganipun sampun ngrimati gesang kita lan nglubèri brayat kita kanthi sih-rahmatipun. Nas pisungsung kapethik saking 2 Korinta 9:7-8,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

90

Page 9: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

“Saben wong pawèwèhé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila. Lan Gusti kuwaos nglubèraké sawernaning sih-rahmat marang kowé kabèh, supaya kowé padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwiha anggonmu nglakoni sarupaning panggawé becik.”

Kidung Pisungsung

KPK 183:1,2 “PISUNGSUNG MRING KANG MALUHUR”Sesarengan : Gusti Kang Maluhur kula saos sokur,

sung pisungsung klayan bingah wit lubèring berkah,mugi dados marginira asma Paduka pinuja,karsanta binabar nyata kraton swarga rawuhaAmin, Amin, Amin

-interlude-Sesarengan : Gusti Kang Maagung kula sung

pisungsung, dados srananira gréja leladi makarya, mbabarken tresnaning Allah sumrambah mring tiyang kathah,temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi, Amin, Amin, Amin

Donga PisungsungKapimpin déning Pradata

PANGUTUSAN

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

91

Page 10: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

Kidung PangutusanKPK 299:1,2 “KABEGJANING BRAYAT”

Sesarengan : Gusti Allah ingkang Maasih wit saking sih-rahmatipun, sampun nimbali tyang kekalih gesang tansah atut rukun,tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting manahnging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci.

-interlude-Sesarengan : Gusti wus nitahken manungsa

nulad citra pasemonnya,jalu wanita kekalihnya sesami rowang sembada,kinèn tansah sami memitran mrih mekar jatining gesang,tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah, brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci.

BerkahPmp : Pangéran Yéhuwah mberkahi panjenengan (kita)

lan ngayomi panjengan (kita). Pangéran Yéhuwah nyunaraken cahyaning wadananipun dhateng panjenengan (kita) lan maringi sih-rahmat. Pangéran Yéhuwah nungkulaken wedananipun dhateng panjenengan (kita) lan maringi tentrem-rahayu. Amin.

Psw : (aklamasi) Haléluya [5X], Amin [3X]

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

92

Page 11: 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

[ATS]Kasan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

93