03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

15
BRAYAT NGUPADI GUSTI DHASARING PAMAWAS Brayat mujudaken patunggilan – ingkang paling alit péranganipun – sawenèhing tiyang kaliyan tiyang sanèsipun. Anggènipun nglampahi gesang wonten ing jagad punika, tiyang pitados, dadosa piyambak-piyambak punapa déné sesarengan tunggil brayat lan ugi pasamuwan/gréja, boten dipun kèndelaken lumampah piyambakan déning Gusti. Ing ngriki jagad kawawas minangka pategalanipun Gusti Ing salebeting nglampahi gesang wonten ing pategalanipun Gusti, sinaosa kawontenan jagad nggegirisi kadya ing pasamunan utawi kadosdéné ing madyaning paprangan yuda ingkang adreng LPP Sinode Wulan Brayat 2014 1 WULAN BRAYAT Minggu I, 5 Oktober 2014 Waosan I Pangentasan 20:1- 4, 7-9, 12-20 Tanggapan Jabur Masmur 19 Bacaan II Filipi 3:4-14 Injil

description

Bahan Bulan Keluarga Jawa 2014

Transcript of 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Page 1: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

BRAYATNGUPADI

GUSTI

DHASARING PAMAWASBrayat mujudaken patunggilan – ingkang paling alit péranganipun – sawenèhing tiyang kaliyan tiyang sanèsipun. Anggènipun nglampahi gesang wonten ing jagad punika, tiyang pitados, dadosa piyambak-piyambak punapa déné sesarengan tunggil brayat lan ugi pasamuwan/gréja, boten dipun kèndelaken lumampah piyambakan déning Gusti. Ing ngriki jagad kawawas minangka pategalanipun Gusti

Ing salebeting nglampahi gesang wonten ing pategalanipun Gusti, sinaosa kawontenan jagad nggegirisi kadya ing pasamunan utawi kadosdéné ing madyaning paprangan yuda ingkang adreng njejegaken kaleresanipun, Gusti karsa rawuh saha nunggil lampah gesangipun tiyang pitados. Gusti nglawan péhak ingkang ngrisak babaring kaleresan kasebat. Gusti tansah rawuh manunggil dados mitra,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

1

WULAN BRAYAT

Minggu I, 5 Oktober 2014

Waosan IPangentasan 20:1-4, 7-9, 12-20

TanggapanJabur Masmur 19

Bacaan IIFilipi 3:4-14

InjilMatius 21:33-45

Page 2: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

mbereg, ngiyataken lan ndayani tiyang pitados nglampahi margining gesang ing jagad punika.

Salah satunggal wujud rawuhipun Gusti ing satengahing gesangipun tiyang pitados dadosa ing pribadi punapa déné ing madyaning gesang sesarengan inggih punika lumantar pangandikanipun, dadosa pangandika ingkang kapratélakaken ing Kitab Suci, makaten ugi pangandika ingkang mawujud ing pralambang Bujana Suci.

Murwakani Wulan Brayat 2014 punika, makaten ugi mahargya Bujana Suci sajagad, para tiyang pitados kauleman mapag rawuhipun mitraning lampahipun, manggihi Panjenenganipun ingkang rawuh ingkang nyelaki kita.

DHAPTAR WAOSAN KITAB SUCIBoten wonten waosan lèksionari ingkang béda antawisipun GKJ lan GKI. Bédanipun namung ing prakawis irah-irahan. Adhedhasar dhaptar waosan, kasambetaken kaliyan irah-irahan Wulan Brayat 2014, jejer ingkang kapacak boten katalesaken ing irah-irahanipun GKJ lan GKI. Lumantar irah-irahan kasebat, brayat kabereg ngeneraken pamawasipun dhateng Gusti.

KATRANGAN WAOSANPangentasan 20:1-4, 7-9, 12-20Pangentasan 20:1-4, 7-9, 12-20 ngewrat paseksi anggènipun Gusti Allah maringi Angger-angger Sadasa Prakawis dhateng umatipun. Angger-angger Sadasa Prakawis kaparingaken kanthi ancas ngayomi lan dados kekancingan ing bab sih-rahmatipun Gusti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

2

Page 3: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Allah inggih punika sempuluring sesambetan ingkang mirunggan dadosa antawisipun umat kaliyan Gusti Allah punapa déné kaliyan sesaminipun. Umat tinimbalan nglampahi gesang winengku sikep setya-tuhu ngabekti namung dhateng Gusti Allah (ayat 1-4), ngudi kasetyan nglestantunaken patunggilan kaliyan Panjenenganipun lumantar pangibadah ingkang kawangun déning umat (ayat 7-9), ngudi kasetyan nglestantunaken patunggilan kaliyan sesaminipun magepokan lampah gesang padintenan ing madyaning gesang bebrayatan makaten ugi ing madyaning bebrayan agung (ayat 12-17), saha kanthi andhap asoring manah tansah ngeneraken kawigatosan dhateng Gusti Allah ingkang karsa rawuh lumantar pangandikanipun (ayat 18-20). Angger-angger Sadasa Prakawis ingkang tembé wingking sinebat Angger-angger Torètipun Gusti Allah, kaparingaken dhateng umat kanthi ancas boten ngawrat-awrati umatipun, nanging minangka mitra lampah gesangipun umat; déné angger-angger kasebat nuntun, mbereg saha ngeneraken lampahing umat supados tansah ngambah margi ingkang satraju kaliyan timbalan minangka umatipun Gusti.

Jabur Masmur 19Jabur Masmur 19 kalebet masmuripun Dawud ingkang kaulukaken wonten ing pangibadah (ayat 1). Menawi isinipun dipun gatosaken, masmur kasebat mujudaken nunggilipun kados déné kalih geguritan ingkang cekak. Kekalihipun sami déné ngagungaken kamulyanipun Gusti. Menawi kalih geguritan kasebat boten katunggilaken utawi madeg piyambak-piyambak, saben geguritan kasebat dados kidung utawi tembung-tembung pamuji ingkang cekak sanget.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

3

Page 4: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Geguritan kapisan mratélakaken langit, pepenthèngan utawi akasa, siyang-ratri ingkang runtut silih gumantos, makaten ugi prenahing tarubing surya ingkang nyunaraken kamulyanipun Gusti. Kawontenaning jagad raya ingkang tumata runtut kasebat menawi dipun raos-raosaken temtu mbereg umat dumugi ing sikep manembah mulyakaken Panjenenganipun (ayat 2-7).

Geguritan angka kalih mratélakaken kaéndahaning Torètipun Gusti Allah. Torètipun Gusti punika nyegeraken lan ndayani manahipun umat ngraosaken bingah, awit lumantar Torèt kasebat umat katuntun saha kasagedaken nglampahi gesang kanthi leres. Torètipun Gusti ugi dados pangayoman tumrap umat satemah ngluwari umat saking godha rencana inggih punika pepénginan gesang nyingkur karsanipun Gusti (ayat 8-14).

Jabur Masmur 19 kapungkasan kanthi tandhesing renaning galihipun Gusti tumrap sadhéngah pamujinipun umat ingkang kaunjukaken, inggih punika kanthi pambudidayaning umat ngraos-raosaken kaagungan pakaryan titahipun Gusti Allah ingkang ginelar ing jagad raya makaten ugi pambudidaya ngraos-raosaken kaéndahan mlampah tinunggil déning Panjenenganipun (ayat 15).

Filipi 3:4-14Filipi 3:4-14 punika mujudaken paseksining Rasul Paulus magepokan kaliyan pangalaman gesang karohanènipun. Paseksi kasebat kapérang dados tigang underan: (1) magepokan kaliyan gesangipun Paulus sadèrèngipun tepang kaliyan Sang Kristus, (2) pamawasipun Paulus magepokan gesangipun wekdal

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

4

Page 5: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

kapengker (3) ener pambudiyanipun Paulus sasampunipun tepang kaliyan Sang Kristus.

Ing ayat 4b-6 Paulus mratélakaken pangakenipun minangka tiyang ingkang sajatosipun mbaléla dhumateng Gusti Allah. Kawontenanipun minangka tiyang tetak saking taler Bényamin (asalipun tiyang Ibrani), ugi minangka péranganing tiyang Farisi ingkang setya dhateng angger-anggering Torèt dadosaken piyambakipun téga nganiaya pasamuwanipun Gusti.

Salajengipun ayat 7-8 ngewrat pamawasipun Paulus magepokan lampah gesangipun wekdal kapengker. Sasampunipun tepang kaliyan Sang Kristus, Paulus mratélakaken bilih kawontenan gesangipun ing nalikanipun dèrèng mratobat sinebat kauntungan, samangké dipun anggep kaapesan. Makaten ugi ingkang sakawit dipun anggep kamulyan, kasunyatanipun boten wonten ginanipun punapa-punapa. Awit saking punika, cara gesang ingkang nglaha samangké dipun singkiri.

Ing ayat 9-14, Paulus nandhesaken kanyatan gesangipun samangké. Paulus kuwagang mbuwang cara gesang ingkang lami lan samangké adreng anggènipun tetunggilan kaliyan Sang Kristus. Paulus mratélakaken bilih ancas gesangipun inggih punika nyami-rupi kaliyan Sang Kristus, mila ener gesang samangké lan mangsa ngajeng inggih namung dhateng Sang Kristus. Kanthi nyupèkaken ingkang rumiyin dipun anggep kauntungan boten lajeng njalari dhirinipun dumugi ing ancas tujuwanipun samangké inggih punika saèmper kaliyan Sang Kristus. Punika sababipun Paulus mbudidaya tumemen anggènipun ngeneraken gesangipun

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

5

Page 6: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

dhateng Sang Kristus, inggih punika adreng mbudidaya nyami-rupi kaliyan pangajeng-ajengipun inggih punika dumugi ing garising gesang.

Matéus 21:33-46Pasemonipun Gusti Yésus magepokan tukang garap pakebonan anggur ing Matéus 21:33-46 kasebat cetha sanget talesipun inggih punika Yahudi.

Pakebonan angguripun Gusti Allah punika bani Israèl sanès Israèl ingkang wonten ing garising sujarah, nanging umating Allah ingkang sampun kacekapan kabetahanipun, binerkahan saha jinangkepan pager, panggung pajagan saha jogangan papan pameresan. Umat ingkang dipun karsakaken ing ngriki inggih punika ingkang mangkénipun sinebat warga Karajan Allah (mirsanana ayat 43). Sih-rahmatipun Gusti Allah punika awujud pangretosan bab sinten sajatosipun Allah punika saha kanyatan anggènipun Gusti Allah dados darbèkipun umat, kados ingkang kacetha ing Torèting Allah (ayat 33a) makaten ugi pakaryaning Allah ing wekdal ingkang sampun kapengker kanthi ngutus nabi-nabi sarta duta-duta sanèsipun (ayat 34- 36).

Gusti Allah ingkang kagungan pakebonan anggur mitadosaken pangrimating pakebonanipun dhateng para juru-garap inggih punika para Pemimpin Agami Yahudi ingkang dumados saking pangajenging imam lan ahli Torèt (mirsanana ayat 45). Juru-pakebonan kasebat pinitados déning Allah supados ngrimati pakebonan angguripun ingkang wohipun inggih punika woh-woh anggur ingkang saé (ayat 33b), ingkang ing wekdalipun kedah dipun aturaken dhateng ingkang kagungan pakebonan. Éman, déné juru-garap kasebat boten saged dipun pitayani

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

6

Page 7: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

tugasipun kepara ngrebat pakebonan anggur saking ingkang kagungan. Para juru-garap sami ndarbèni rancangan ngehaki pakebonan kasebat kanthi tumindak nganiaya para abdi ingkang kautus nuwèni pakebonan déning ingkang kagungan pakebonan (ayat 34-36). Tundhonipun, Gusti Allah ngutus Ingkang Putra nuwèni piyambak pakebonan angguripun (ayat 37). Sanyata, Ingkang Putra ugi dipun tanduki pratingkah ingkang sami kaliyan ingkang dhateng abdi-abdinipun, kepara dipun buwang lan dipun sédani (ayat 39).

Nanggapi sikep lan pratingkahipun para juru-garap pakebonan ingkang makaten punika, kanthi methik Jabur Masmur 118:22-23 lan nyambetaken kaliyan ayat 42, Gusti Yésus mratélakaken bilih pakebonan anggur ingkang dipun rowakaken kanthi rawuhipun Sang Putra dados Karajaning Allah, punika ateges kuwaos dipun pendhet saking para juru-garap kapitayakaken dhateng juru-garap pakebonan sanèsipun (ayat 42). Sangsaya lelimbangan juru-garap kasebat temahan sami mbudidaya anggènipun badhé ngrangkèt Gusti Yésus lan nyédani Panjenenganipun (ayat 45-46).

UNDERANING PIWULANGIng madyaning lampah gesang ingkang nggegirisi kadya lumampah ing pasamunan utawi nglampahi gesang ing satengahing madyaning paprangan antawisipun kaleresan saking Gusti Allah kaliyan péhak igkang ngrisak karahayon kanthi kadurakan, tiyang pitados dadosa sacara pribadi punapa déné sesarengan minangka brayat saha Gréja tinimbalan tansah ngeneraken kawigatosan dhateng Gusti Yésus inggih punika Sang Sabda ingkang manjalma, temahan gesangipun sumingkir saking margining

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

7

Page 8: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

gesang ingkang ngener dhateng karisakan. Ing salebeting nglampahi gesang ngener dhateng Gusti Yésus, tiyang pitados pinaringan wewengan ndarbèni asiling kamajenganing jaman mirungga tèknologi, kanthi tetep mrastawakaken kawontenan temahan boten winengku déning tèknologi. Anggènipun ngginakekan tèknologi kedahipun ugi kanthi wicaksana saha pambudi temah tèknologi èstu saged dados sarana mbiyantu nggangsaraken gesangipun manungsa tumuju dhateng mitraning lampah gesang kita inggih punika Gusti Yésus.

KHOTBAH JANGKEP

BRAYAT NGUPADI GUSTI

Anak-anak, para Sadhèrèk, Ibu-ibu lan Bapak-bapak ingkang dipun tresnani lan nresnani Gusti Yésus.Punapa panjenengan sadaya naté mirsani gambar punika?

(gambar prayogi dipun fotokopi lan dipun damel ageng

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

8

Page 9: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

lan pasamuwan dipun aturi mirsani gambar kasebat)

Punapa maknanipun gambar kasebat?

(prayogi dipun tengga sawatawis wekdalmenawi wonten ingkang atur panjawab

kasumanggakaken)

Gambar kasebat nedahaken kawontenaning gesang jaman samangké. Jejering tiyang pitados, pérangan brayat, punapa déné Gréja, kita gesang sangsaya majeng tinalesan kamajenganing jaman ingkang ngéramaken. Tèknologi ingkang sangsaya dangu mangaribawani gesang kita dadosa ingkang sami manggèn ing padhusunan, kitha alit ngantos dumugi kitha ageng; mirungga ingkang wonten ing kitha ageng kraos sanget mangaribawanipun.

Rodha ing gambar kasebat teras mubeng mangajeng kados-kados boten saged dipun sigeg. Punapa ingkang kita tindakaken nalika wonten ing satengahing kawontenan gesang makaten punika? Punapa kita badhé ambyur lan kéntir ombyaking kamajengan tèknologi samangké? Punapa ingkang badhé kita lampahi magepokan kaliyan kawontenan ingkang sangsaya dangu sangsaya awrat sesanggènipun kados lumampah ing pasamunan ingkang nggegirisi?

Anak-anak, para Sadhèrèk, Ibu-ibu lan Bapak-bapak ingkang dipun tresnani lan nresnani Gusti Yésus.Puji sokur konjuk Gusti déné lumantar pangandikanipun saha Bujana Suci ingkang kita tampèni dinten punika, Gusti rawuh lumantar paladosan dinten punika, supados kita kèndel sawatawis wekdal saking manéka warni padamelan,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

9

Page 10: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

pakaryan saha paladosan kita. Gusti ngarsakaken kita kandheg sawatawis supados sinau saking pangalamaning para leluhur kita, para tiyang pitados ingkang sampun ngrumiyini kita nemahi kawontenan gesang ingkang mèh sami kaliyan kanyataning gesang kita jaman samangké.

Kapisan, kita kaatag nyinau saking pangalaman bani Israèl nalika medal saking Mesir tumuju tanah prajanjian inggih punika Kanaan. Sinaosa kitab Pangentasan boten ngewrat katrangan sujarah magepokan kaliyan kaanyaran-kaanyaran, nanging kita saged manggihaken prakawis-prakawis ingkang nggambaraken kawontenan nalika kaentasaken. Nalika umat Israèl lumebet ing kawontenan anyar ingkang boten gumathok, Gusti karsa rawuh ing satengahing Israèl saha paring kanugrahan inggih punika Torèt dhateng umat kagunganipun (Pangentasan 20:1-4, 7-9, 12-20). Torètipun Gusti ingkang kapratélakaken awujud paréntah saha awisan kasebat, sakawit boten dipun anggep momotan déning umatipun, nanging minangka enering gesang ingkang prelu dipun budidaya ugi minangka mitra lampah gesangipun Israèl supados boten kécalan ener gesangipun kados ingkang kapratélakaken wonten ing Jabur Masmur 19. Umat Israèl tinimbalan tansah nggatosaken Gusti ing sauruting lampahipun. Torètipun Gusti ingkang badhé nuntun lan nyagedaken umat Israèl nglestantunaken patunggilanipun kaliyan Gusti saha sesamining umat. Lumantar Torètipun, Gusti ngarsakaken supados Israèl lan kita samangké tansah nglestantunaken patunggilan kita kanthi anggènipun Gusti langkung rumiyin karsa jumeneng dados réncang kita saha nglestantunaken patunggilan kita kaliyan sesamining manungsa.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

10

Page 11: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Kalih, kita kabereg nyinau saking pangalaman Pasamuwan Kawitan, nalika sami déné miwiti pajiyarahanipun minangka patunggilaning tiyang pitados dhumateng Gusti Yésus Kristus ingkang nembé kawangun. Lumantar pasemon juru-garap pakebonan angguripun Gusti wonten ing Matéus 21:33-46, Gusti ngèngetaken pasamuwan kawitan lan kita sadaya supados sampun ngantos kéli ing kawontenan juru-garap pakebonanipun Gusti ingkang boten tanggel jawab inggih punika pangajenging imam lan ahli Torèt. Juru-garap pakebonan angguripun Gusti ingkang boten tanggel jawab kasebat sami mbaléla, ngrancang ngrebat ngehaki pakebonan angguripun Gusti dados darbèkipun. Para juru-garap pakebonan angguripun Gusti ingkang mbaléla kasebat, boten mapanaken Torètipun Gusti minangka mitra lampah gesangipun kepara nguwaosi Torètipun Gusti supados nggayuh pepénginanipun para juru-garap anggènipun badhé ngehaki pakebonan anggur.

Tiga, pasamuwan kawitan lan kita samangké sami kaatag nyinau saking pangalaman gesangipun Paulus, mirungga sasampunipun Paulus mratobat. Jejeripun Paulus minangka tedhak turunipun tiyang Yahudi, ingkang ugi kalebet ahli Torèt; nalika sadèrèngipun tepang kaliyan Sang Kristus mbudidaya kanthi tumemen supados gesangipun setya-tuhu dhateng Torètipun Gusti. Torètipun Gusti boten dipun papanaken dados mitra lampah gesangipun, nanging minangka prakawis ingkang prelu dipun mangretosi, dipun darbèni saha dipun kendhalèni. Wohipun inggih punika Paulus dados priyayi ingkang tatag-tanggon nglajengaken paladosan dhumateng Gusti kanthi cara nganiaya pasamuwanipun.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

11

Page 12: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Sasampunipun Paulus mratobat saha tepang dhateng Sang Kristus, Paulus nglenggana bilih ingkang sakawit dipun anggep kamulyan, kasunyatanipun boten wonten ginanipun punapa-punapa. Awit saking punika, cara gesang ingkang nglaha samangké dipun singkiri. Paulus boten remen kèrem ing madyaning karingkihaning gesang ingkang ngrugèkaken badanipun piyambak. Paulus énggal nganyaraken gesang, nyigeg gesang lami lan mangun pamawas ingkang suwaunipun namung nggatosaken badan piyambak nanging samangké kedah lumampah nuju dhateng Yésus. Paulus nggadhahi tékad boten badhé kèndel, tansah ngeneraken gesang dhateng Gusti Yésus saha mbudidaya nyami-rupi kaliyan Sang Kristus.

Anak-anak, para Sadhèrèk, Ibu-ibu lan Bapak-bapak ingkang dipun tresnani lan nresnani Gusti Yésus.Nyinau saking pangalaman gesangipun para leluhur kita, sumangga kita mapag rawuhipun kanthi pangandika ingkang kapratélakaken samangké, saha mangayubagya rawuhipun wonten ing Bujana Suci ingkang kita tampèni sesarengan, kanthi mangun tékad nglajengaken gesang kita kanthi tinalesan sikep tansah ngener dhateng Gusti Yésus. Kita mangun tékad nerasaken lampah gesang kita kanthi tansah mbudidaya kanthi taberi madosi lan manggihi Gusti Yésus ingkang tansah rawuh wonten ing lelampahaning gesang kita; dadosa samangké, mbénjang lan salaminipun. Amin.

[DEN]Kasan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

12

Page 13: 03. Khotbah Minggu 5 Oktober 2014

Bausastra Jawi:- Pambudi: pangreti, bebudèn (Bhs. Indonesia:

hikmat)

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

13