Rukun Agawe Santosa

Post on 27-Oct-2015

88 views 0 download

description

puisi, geguritan

Transcript of Rukun Agawe Santosa

Rukun Agawe Santosa

Kadhapuk daning Sakyadi

Becike Urip Kang piguna marang lian

Najan Uripe pas-pasan

Prasasat urip tanpa bandha

Nanging sugih ing panarima

Anane mung tansah sesuwun

Marang kang Maha Hayun

Eling marang kawitan ngaurip

Manungsa cinitak dening ingkang Maha Kawasa

Katitipan ngopeni jagad raya

Kinarya kuwajibaning ngaurip

Kang den amanatake sajroning kitab suci

Ya…. Allah kang akarya jagad raya

Wujud Agunging kang Maha Kawasa

Cinithaking marupa-rupa Agama lan keyakinan

Kabeh mau kacipta dening Allah Swt

Kita urip ing Negara Indonesia

Para leluhur kita wis netepake

Ngusadani amrih Negara aman tentrem

Rukun, sejahtera lan urip manunggal

Tan mikiri marang beda agama

Anane mung guyub rukun mujudake cita-cita luhur

Yaiku Negara kang adil lan makmur

Negara makmur ning durung bisa adil

Nanging yen Negara nganggo tatanan adil

Wis mesti Negara makmur

Adil lan makmuring Negara

Mujudake bangsa kang sejahtera

Iku kabeh wis kudu mbok tindakake

Ing buku Negara kertagama

Ana sesanti Bhineka Tunggal Ika

Mujudake teges najan beda-beda nanging tetep nyawiji

Ana ing sesanti Jawa ngendika

Rukun Agawe Santosa

Crah agawe bubrah

Najan Beda agama

Beda keyakinan

Beda politik

Ananging manunggaling karsa

Beda panemu

Beda tindaking karsa

Beda tatanan kaluwarga

Nanging tetep tumuju marang Negara Adil Makmur mardika lan

sejahtera

IKu kabeh mau saiyeg saeko kapti nindakake limang dhasaring

Negara

Yaitu Pancasila….