Lirik lagu cirebonan

Post on 30-Jul-2015

2.464 views 2 download

Transcript of Lirik lagu cirebonan

WARUNG POJOK

Akeh wong padha kedanan masakan,

akeh wong padha kelingan pelayan

Ora klalen kesopanan ning sekabeh lelangganan

Yen balik tas jalan-jalan mingguan

mumpung bae tas gajian kaulan

Warung Pojok go ampiran etung-etung ke kenalan

Tobat dhendhenge emi rebuse,

Sega gorenge dhaginge gedhe gedhe

Adhuh kopie, tobat bukete

Adhuh manise persis kaya pelayane

Pura-pura mata mlirik meng dhuwur

padhahal ati ketarik lan ngawur

Nginum kopi mencok nyembur kesebab

nyasar meng cungur

Tobat dhendhenge emi rebuse

Sega gorenge dhaginge gedhe gedhe

Adhuh kopie tobat bukete

Adhuh manise persis kaya pelayane

KOTA CIREBON

Kota cerbon, kota kang ning pinggir laut

Tapel wates jawa tengah jawa barat

Mumpung urip sedurunge teka maut

Sing ake puji syukur go akherat

Kota cerbon kumpulane para wali

Kang wis pada semere ning gunung jati

Munmpung enom, pada ngulati panganti

Agama islam wajib den anuti

Kentrong-kentrong suarane wis mumandang

Srengengene wis murub wayae sore

Kota cerbon kesebute kota udang

Kesenian gitar suling gamelane

Kota cerbon asale sing cai rebon

Pabrik grage bakar petis gopetugon

Petis manis belendrang banyune kacang

Pembangunan kota cirebon kang berintan