Bank Soal Vii

32
GLADHEN UJI KOMPETENSI 1 ULANGAN HARIAN 1 Wacan 1 Ayo Gotong Royong Kembang-kembang terong Mbang terong megare sore Ayo gotong royong Gotong royong nyambut gawe Kembang-kembang lembong Mbang lembong dironce-roce Ayo gotong royong Guyup rukun kabeh wargane …………………………… Wus dadi kodrate Manungsa mono tan bisa urip dhewe Saka lahir prapteng patine Tansah gumantung sapepadhane Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala Tindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gawe Iku semboyane Mempeng makarya kiwakna pepulih Murih salwiring gati Titi tamat telas lulus basuki Kabeh pakaryan linakwan Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula Urun bau suku, penggalihan, apadene redana Kanthi dhasar karukunan Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja (Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011) LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 1

Transcript of Bank Soal Vii

Page 1: Bank Soal Vii

GLADHEN UJI KOMPETENSI 1ULANGAN HARIAN 1

Wacan 1

Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane……………………………Wus dadi kodrateManungsa mono tan bisa urip dheweSaka lahir prapteng patineTansah gumantung sapepadhane

Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gaweIku semboyaneMempeng makarya kiwakna pepulihMurih salwiring gatiTiti tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan linakwanKanthi seneng ulat padhang tan nggresulaUrun bau suku, penggalihan, apadene redanaKanthi dhasar karukunanMahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja

(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)

1. Kodrate manungsa iku kepriye?a. Bisa urip dhewe, ora gumantung wong liyab. Ora bisa urip dhewe lan tansah mbutuhake wong liyac. Saka lahir nganti mati bisa urip dhewed. Ora perlu bantuane sapa-sapa

2. Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gaweRumapakan iki kalebu .....

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 1

Page 2: Bank Soal Vii

a. Parikanb. Geguritanc. Cangkrimand. Wangsalan

3. Rumpakan Ayo Gotong Royong sing ditengenake .....a. Cacahing guru wilanganb. Runtuting swarac. Pamilihing tembung kang mentesd. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

4. Rumpakan ayo Gotong Royong kalebu .....a. Tembang campursarib. Tembang dolananc. Tembang macapatd. Geguritan

5. Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Tembung nala, dasanamane......a. Ludira, rahb. Angga, badan, salirac. Ati, wardaya, kalbud. Netra, paningal, soca

6. Sepi ing pamrih rame ing gawe, nduweni teges ....a. Sakabehing gegayuhan mbutuhake wragadb. Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep sembulihc. Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisaa oleh pituwaskang gedhed. Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan sedyane

7. Kang bisa disumbangake ana ing gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Dhuwitb. Tenagac. Panganan lan inumand. Semangat

8. Kang dadi dhasar gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Lila legawab. Karukunanc. Rasa handarbenid. Pangkat lan drajad

9. Sing dikarepake gotong royong yaiku ....a. Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dunungeb. Nyambut gawe bebarengan tanpa opahanc. Nyambut gawe bebarengan kanthi oleh opah kang murwatd. Nyambut gawe ngresiki dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane

10. Tembung kang tegese meh padha karo gotong royong, kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Reresik dalanb. Gugur gunungc. Kerja baktid. Usung-usung lumbung

11. Gugur gunung iku mujudake pengamalan Pancasila kang kaping ....a. Siji

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 2

Page 3: Bank Soal Vii

b. Loroc. Telud. Lima

12. Gugur gunung pinangka salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan.Tembung tradisi nduweni teges .....a. Kuna b. Lawasc. Turun temurund. Tinggalan

13. Tembung gotong royong, menawa ditulis Jawa ....a. gt=ry=b. [go[toz\[ro[yoz\c. [go[t=o[ro[y=od. [go[t=oz[ro[yoz\

14. Kudu lila legawa, yen ditulis Jawa ....a. kufulilXgwb. kufulillegwc. kudulil[lgwd. kudulillegw

15. Nemoni kabegjan utawa nampa kanugrahan saka Gusti Allah, bebasane.....a. Ngontragake gunungb. Karubuhan gunungc. Kajugrugan gunung menyand. Katepang ngrangsang gunung

16. Sesawangan iku yen sinawang saka kadohan nengsemake, bareng dicedhaki njuwarehi. Sesawangan kang mangkono iku bebasane ….a. Watu gunungb. Sri gunungc. Tunggang gunungd. Gunung geni

17. Lho kok njanur gunung kadingaren esuk-esuk kok wis tekan kene!Tembung njanur gunung, kadingaren karepe ......a. Kadingarenb. Aren c. Blarak d. Degan

18. Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….a. Munggah mudhune swarab. Dawa cendhake tetembunganc. Gedhe cilice ukarad. Rasa pangrasane pocapan

19. Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….a. Tingkah laku nalika arep maca geguritanb. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritanc. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritand. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan

20. Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….a. Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 3

Page 4: Bank Soal Vii

b. Kanggo nambahi greget anggone maca geguritanc. Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca d. Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa

nesu

Wacan 2

Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abangTrontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagadEmbun esuk lir mutyara rinonceAngawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langitKapyarsi dara muluk angaluk-alukceluk warga desa PunthukMurih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithiLumampah datan ana pedhotePacul, arit, dhandhang, linggisWus samekta ing astaGya makarya saiyeg saekaprayaSengkut gumregut tumandang kardiNambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad wajaLinambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,Holobis kuntul barisPakaryan abot lan nglengkaraDadya nyataSetu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)21. Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..

a. geguritanb. tembang macapatc. tembang dolanand. tembang campursari

22. Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?a. Langit abangb. Srengenge kang njedhulc. Embun esuk d. Swara dara muluk

23. Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….a. rembulan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 4

Page 5: Bank Soal Vii

b. suryac. angind. gunung

24. Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.Sing dikarepake dara muluk yaiku ….a. Swara dara mbekurb. Swara sawangan manuk darac. Swara kenthongan d. Swara ngeploki dara

25. Nambak nambal setu banda kang ambrolAteges masarakat padha gotong royong ndandani …..a. Kretegb. Dalanc. Kalen irigasid. Bendungan

26. Selur andalidir lir sela blekithi. Tegese …a. Kaya wong nggiring bebekb. Kaya tentara barisc. Kaya wayang dijejer-jejerd. Kaya semut mlaku ing dhuwur watu

27. Sing digawa dening para warga kang arep gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....

a. Sapub. Aritc. Paculd. Dhandhang

28. ?kufulilXgw,[aorkepekS.

Unine tulisan Jawa kasebut .....

a. Kudu lila legawa, ora kepeksa.b. Kudu lila lan legawa, aja kepeksa.c. Kudu lila legawa, aja nganti kepeksa.d. Kudu lila lan legawa, ora kena kepeksa.

29. Karukunan iku bakal nambahi kekuwatan, dene yen padudon njalari karusakan, kaya unine paribasan …..a. Tuna satak bathi sanakb. Obah ngarep kobet buric. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrahd. Saiyeg saeka kapti

30. Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..a. Jer basuki mawa beyab. Tangan kumrembyah suku jumangkahc. Sepi ing pamrih rame ing gawe

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 5

Page 6: Bank Soal Vii

d. Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondheli

GLADHEN UJI KOMPETENSI 2ULANGAN HARIAN 2

Wacan 1Kanggo mangsuli soal nomer 1 tekan nomer 10

Pocung

1. Esuk iku para siswa padha ngumpul, Aneng ngarep kelas, Dhawuh guru kang den anti, Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2. Para murid wis nyawiske arit sapu, Gathul pacul seblak Kinarya aresik-resik, Kanggo mahargya pengetan kamardikan

3. Siswa putri sami sengkut nggenya nyapu, Miwah tata tata Nata meja lawan kursi, Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.

4. Siswa kakung nyekel pacul miwah gathul, Ngatur taman kelas, Babad-babad rumput teki, Nandur kembang ngrengga kelas sampun purna.

(Pak Jarno, Sleman 20 Januari 2010)

1. Tembang Pocung iku kalebu golongane ….a. Tembang macapat b. Tembang dolananc. Tembang campursari d. Geguritan gagrag lawas

2. Tembang Pocung ing ndhuwur ana 4 (patang) ….a. Gatra b. Tembungc. Pada d. Paragraf

3. Saben satembangan tembang Pocung ing dhuwur ana 4 (patang) .....a. Gatrab. Padac. Guru wilangan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 6

Page 7: Bank Soal Vii

d. Guru lagu4. Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….

a. Kanggo mengeti dina kamardikanb. Kanggo ngramekake dina kamardikanc. Kanggo mahargya dina kamardikand. Kanggo memetri dina kamardikan

5. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….a. Larik 1 lan 2 b. Larik 3 lan 4c. Larik 2 lan 4 d. Larik 1 lan 4

6. Tibaning swara vocal : a, i, u, e , o ana ing pungkasan larik tembang diarani ….a. Guru gatra b. Guru laguc. Guru wilangan d. Guru swara

7. Apa dhawuhe guru marang para siswa?a. Para siswa didhawuhi nyambut gaweb. Para siswa didhawuhi sregep sinauc. Para siswa didhawuhi nggawa piranti kerja baktid. Para siswa didhawuhi reresik dalan

8. Apa sing ditindakake siswa putri?a. Ngatur taman kelasb. Reresik kelasc. Ndandani meja lan kursid. Nyapu dalan

9. Sing ditindakake siswa kakung kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Ngatur taman kelasb. Mbabati suketc. Nandur kembangd. Ngatur meja lan kursi

10. Nata meja lawan kursi Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.Tembung gilar-gilar, nduweni teges .......a. Padhang jingglangb. Katon resik lan padhangc. Resik bangetd. Resik lan sehat

Wacan 2

Kanggo nggarap soal nomer 11 tekan 20

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 7

Page 8: Bank Soal Vii

Holobis Kuntul BarisDening : Pak Jarno

Rowang,Aja pijer lungguh jegang sangga uwangNyawang kadang kang sengkut tumandangAja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhirMundur mungkur gangsirAyo disengkud tumandang !Mbabati kang rungkud, dimen padhang

Sawangen kae!Si Sumbul othal-athul namakake gathulDhik Atak giyak-giyak nyekel seblakMas Adul gombal-gambul ngangkat paculMbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake aritRak ora ana sing nganggur ta?

Kanca,Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelarHolobis kuntul barisMakarya kinanthen ikhlasing nalaUlat padhang awak sayah datan rinasaUsung-usung lumbung rampungKelas resik lingkungan sehat

11. Rumpakan “Holobis Kuntul Baris” iku kalebu ....a. Tembang macapatb. Tembang dolananc. Tembang campursarid. Geguritan

12. Tembung Holobis Kuntul Baris, iku satemene jeneng .....a. Jeneng pangananb. Jeneng kuthac. Jeneng uwongd. Jeneng bangunan

13. Aja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhir

Mundur mungkur gangsir

Tembung : mandhor, mondhar-mandhir, mundur ing rumpakan iki migunakake purwakanthi ....a. Guru swarab. Guru sastrac. Lumaksitad. Guru lagu

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 8

Page 9: Bank Soal Vii

14. Sing padha gotong royong ana ing rumpakan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Mas Galihb. Dhik Atakc. Mas Aduld. Mbak Anggit

15. Piranti sing padha digawa kanggo kerja bakti kaya ing ngisor iki, .....a. Paculb. Emberc. Aritd. Gathul

16. Aja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelaraDasanamane tembung netra, yaiku ....a. Mripat, soca, paningalb. Mustaka, mripat, rikmac. Wadana, pasuryan, mripatd. Karna, talingan, paningal

17. Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAna ing paramasastra ukara iki kalebu ukara ....a. Pakonb. Pitakonc. Pangajakd. Pamenging

18. Kumpulna lan buwangen ing papan kiwaTegese papan kiwa ....a. Papan ing sisih kiwab. Papan sing kerep diambahc. Papan sing arang-arang diambahd. Papan pembuangan sampah

19. Sing kalebu ukara sesanti gotong royong saliyane Holobis Kuntul Baris, kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Sepi ing pamrih rame ing gaweb. Saiyeg saekaprayac. Rukun agawe santosad. Rawe-rawe rantas malang-malang putung

20. Nindakake gotong royong iku kudu dikantheni ati sing kepriye?a. Lila legawa b. Kepeksac. Kebak ing pamrihd. Ulat padhang

Wacan 3

Kanggo mangsuli pitakon nomer 21 tekan 25

RUKUN AGAWE SANTOSA Dening : R. Tantiningsih

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 9

Page 10: Bank Soal Vii

Kadangku……Donya iki dudu duwekkuDonya iki dudu duwekmuMulaAja rebutan panguwasaAja rebutan bebener

Kadangku………Elinga,Aku lan kowe ora bisa urip ijenAku lan kowe kudu urip bebarenganSayuk rukunGotong royongBahu binahu

Adohna rasa drengke sreiJail methakilGedhekna rasa tepa saliraUrip bakal tentrem ayem

(W Pramono,s,Blog)

21. Rukun agawe Santosa, nduweni teges .....a. Manawa urip rukun bakal mahanani kekuwatanb. Kekuwatan iku kudu dikantheni urip sing rukunc. Karukunan lan kekuwatan bakal nuwuhake katentremand. Katentreman lan karukunan iku ndadekake masyarakat urip mulya

22. Guritan ing pada siji isi piwulang .....a. Aja rebutan panguwasa lan golek benere dheweb. Wong urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewec. Tansah nengenake gotong royong lan bantu binatud. Kudu ngedohake jail methakil lan drengki srei

23. Guritan ing pada loro isi piwulang kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Awake dhewe urip ing alam donya iki ora bisa urip dheweb. Awake dhewe urip ing alam donya iki kudu urip bebarenganc. Tansah nengenake sayuk rukun, gotong royong lan bantu-binantud. Awake dhewe bisa urip dhewe sauger padha gotong royong lan sayuk rukun

24. Adohna rasa drengke sreiJail methakilSing dikarepake watak jail methakil yaiku .....a. Ora seneng marang kabegjane wong liyab. Apa-apa kudu menangc. Atine ala lan seneng maeka liyand. Seneng ngapusi

25. ?ge[dkNrstepsLir.Unine tulisan Jawa kasebut .....a. Gedhekna tepa salira.b. Gedhekna rasa tepa slira.c. Gedhekna rasa tepa salira.d. Gedhene rasa tepa salira.

Wacan 3

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 10

Page 11: Bank Soal Vii

Kerukunan iku kaya kartika ing akasaNduweni papan kang mardikaKerukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraNgayahi jejibahan kang ora padhaKerukunan iku kaya driji-driji tangan limaYen salah sawiji sulayaOra bakal nduweni daya

26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Driji limab. Rembulanc. Srengenged. Langit

27. Tembung kang nduweni teges lintang ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....a. Kartikab. Akasac. Mardikad. Bagaskara

28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraDasanamane bagaskara yaiku ....a. Surya, candra, kartika, srengengeb. Surya, sitaresmi, akasa, srengengec. Surya, raditya, rawi, srengenged. Pertiwi, buwana, candra, srengenge

29. Rembulan , yen ditulis Jawa .....

a. remB|lnb. remB|lNc. remB|ln\d. xmB|ln\

30. ?krukunNnHikukyf]ijilim.Unine tulisan Jawa iku .....

a. Karukunan iku kaya driji lima.b. Karukunan iku kaya driji-driji lelima.c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.

GLADHEN UJI KOMPETENSI 3ULANGAN HARIAN 3

1. Ana keyong, digawe sate. Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….

a. Geguritan gagrag lawas b. Tembang Pocung

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 11

Page 12: Bank Soal Vii

c. Parikan d. Cangkriman

2. “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing pas kanggo ukara mau yaiku ….a. Piring beling cacah pitub. Piring beling regane sewuc. Piring beling isi gulad. Piring beling pecah loro

3. Terusna parikan iki: Kupat janure tuwa, ….a. Bocah papat wis tuwa-tuwa b. Mangan kupat entek limac. Menawi lepat nyuwun pangapurad. Ana kawat kanggo pencokan ula

4. Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?a. Dara mangan pari, durung bada wis nganyarib. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberic. Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge sitid. Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang

5. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?

Dideleng saka isine parikan mau awujud ….

a. Pitakonanb. Pituturc. Pangolok-olok (ngisin-isin)d. Ngandhani

6. Jemek-jemek, gulane Jawa. Aja ……., karo ……. Ganepe parikan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba .....

a. Ngenyek, kancab. Golek , wong tuwac. Ngenyek, wong tuwad. Ngenyek, sapadha-padha

7. Suwe ora jamu, jamu godhong kencur.Suwe ra ketemu, ketemu pisan maju mundur.Parikan kasebut ngemu surasa .....a. Teteg atineb. Ragu-raguc. Seneng atined. Lara atine

8. Endi parikan kang surasane sindhiran?a. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau mesthi pinterb. Timun sigarane, ayo mbangun negaranec. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora becik

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 12

Page 13: Bank Soal Vii

d. Dara mangan pari, durung bada wis nganyari9. Tuladha parikan kanggo mungkasi sesorah kaya ing ngisor iki, kajaba .....

a. Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapurab. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat

kawulac. Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapuntend. Iwak sepat dimasak santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten

10. Sing dudu titikane parikan yaiku .....a. Dumadi saka rong ukara, saben saukara kedadean saka rong gatrab. Ukara kapisan pinangka sampiran, ukara kapindho pinangka isic. Kawengku ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagud. Migunakake purwakanthi guru swara

11. Godhong waru, Pating slebar.Dadi guru, Kudu sinau.Parikan kasebut kang luput ana ing tembung .....a. Warub. Slebarc. Gurud. Sinau

12. Rambut dawa, disureni.Sastra Jawa, diuri-uri.Manawa parikan kasebut mawa paugeran (4 + 4) x 2 tembung diuri-uri ing parikan kasebut kakehan sawanda, mula bisa diganti tembung sing tegese padha yaiku .....a. Edi penib. Digematenic. Dipepetrid. digoleki

13. Manuk emprit, mabur dhuwur.Dadi murid, ......Teruse parikan kasebut yaiku .....a. Kudu sregepb. Kudu manutc. Kudu mituhud. Kudu jujur

14. Bang –abang jambu dersana............................................Eman-eman yen sembranaKeduwung tembe burine.

Sampiran kang cocog kanggo gatra kapindho ......a. Yen gula regi rasaneb. Gula pasir legi rasanec. Gula pasire legi rasane

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 13

Page 14: Bank Soal Vii

d. Gulane pasir legi rasane15. ............................................

Kaduk uyah kurang legiPiwelingku mring pra mudhaNggayuha wulang utami.Ukara kang cocog kanggo gatra kapisan ......a. Gawe kolak saka klapa mudhab. Gawe kolak klapa mudhac. Gawe kolak saka pisang rajad. Kolak klapa mudha

16. Pitik blorok, netes siji.Jare kapok, malah ndadi.Parikan ing ndhuwur kedadean saka ....a. (4 wanda + 8 wanda) x 2b. (4 wanda + 4 wanda) x 2c. (5 wanda + 5 wanda) x 2d. (5 wanda + 6 wanda) x 2

17. Ing ngisor iki pinangka tuladha parikan bebas, ora kawengku cacahing wanda yaiku ....

a. Suwe ora jamu, Jamu godhong tela, Suwe ra ketemu, Ketemu pisan neng kutha Sala.

b. Ana lutung, rebutan mete.Lung-tinulung, karo kancane

c. Kopi bubuk, tanpa gulaAja ngamuk, gelis tuwa.

d. Kembang dhondhong, tinandur tepining gedhong. Sugih omong, pratandha kawruhe kopong.

18. ?frmznPri .........Ganepe parikan kasebut .....

a. spluzkufublib. anbytuku[rotic. furu=bfwisZv/rid. sptukut]si

19. ?ankFr,j[rpiyik\,sen_n=g, ......Ganepe parikan kasebut .....d. ffibecik\e. mesQibecik\f. tmBhbecik\g. [aorbecik\

20. ...................................prsisWkufujuju/.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 14

Page 15: Bank Soal Vii

Isine cecek-cecek ing gatra kapisan iku ....a. angulrubu=semut\b. [kokituwskslc. anlwmbu/duwu/d. guljwrs[nX

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 15

Page 16: Bank Soal Vii

GLADHEN ULANGAN TENGAH SEMESTER 1

Wacan 1

Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abangTrontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagadEmbun esuk lir mutyara rinonceAngawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langitKapyarsi dara muluk angaluk-alukceluk warga desa PunthukMurih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithiLumampah datan ana pedhotePacul, arit, dhandhang, linggisWus samekta ing astaGya makarya saiyeg saekaprayaSengkut gumregut tumandang kardiNambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad wajaLinambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,Holobis kuntul barisPakaryan abot lan nglengkaraDadya nyataSetu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)

1. Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..a. geguritanb. tembang dolananc. tembang campursarid. tembang macapat

2. Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?a. Swara dara mulukb. Langit abangc. Srengenge kang njedhul

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 16

Page 17: Bank Soal Vii

d. Embun esuk 3. Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….

a. suryab. anginc. gunungd. rembulan

4. Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.Sing dikarepake dara muluk yaiku ….a. Swara dara mbekurb. Swara kenthongan c. Swara ngeploki darad. Swara sawangan manuk dara

5. Nambak nambal setu banda kang ambrolAteges masarakat padha gotong royong ndandani …..a. Kretegb. Bendunganc. Daland. Kalen irigasi

6. Selur andalidir lir sela blekithi. Tembung sela tegese …a. Arang-arangb. Watuc. Lemahd. Sepi

7. Tegese sesanti “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku …a. Mempeng nyambut gawe jalaran ana opaheb. Nyambut gawe kanthi semangat lan tekunc. Mempeng nyambut gawe tanpa ngarep-arep opahd. Mempeng nyambut gawe supaya kecukupan uripe

8. Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….a. Gedhe cilike swarab. Lirih lan serone swara sarta pasemone raic. Munggah mudhune swarad. Dawa cendhake tetembungan

9. Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….a. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritanb. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritanc. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritand. Tingkah laku nalika arep maca geguritan

10. Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….a. Kanggo mbedakake apik lan orane geguritanb. Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 17

Page 18: Bank Soal Vii

c. Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca d. Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan

Wacan 2

Pocung

1) Esuk iku para siswa padha ngumpul, Aneng ngarep kelas, Dhawuh guru kang den anti, Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2) Para murid wis nyawiske arit sapu, Gathul pacul seblak Kinarya aresik-resik, Kanggo mahargya pengetan kamardikan

11. Tembang Pocung iku kalebu golongane ….a. Tembang campursari b. Tembang dolananc. Tembang macapat d. Geguritan gagrag lawas

12. Tembang Pocung ing ndhuwur ana 2 (rong) ….a. Padab. Gatra c. Guru wilangan d. Pupuh

13. Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….a. Kanggo mengeti dina kamardikanb. Kanggo mahargya dina kamardikanc. Kanggo ngramekake dina kamardikand. Kanggo memetri dina kamardikan

14. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 8i mapan ing larik ….a. Larik 3 b. Larik 2 c. Larik 1 d. Larik 4

15. Cacahing wanda ing saben larik tembang diarani ….a. Guru gatra b. Guru laguc. Guru wilangan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 18

Page 19: Bank Soal Vii

d. Guru swara

16. Ana keyong, digawe sate.Guyup rukun kabeh wargane.

Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….a. Geguritan gagrag lawas b. Parikan c. Tembang macapatd. Tembang campursari

17. “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing cocok kanggo ukara mau yaiku ….a. Piring beling pecah lorob. Piring beling cacah pituc. Piring beling regane sewud. Piring beling isi gula

18. Terusna parikan iki: Kupat tanpa santen ….a. Bocah papat ra bosen-bosen b. Mangan kupat entek pintenc. Menawi lepat nyuwun pangapuntend. Ana uwong golek karsen

19. Ing ngisor iki endi parikan sing isine nyindhir?a. Dara mangan pari, durung bada wis nganyarib. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberic. Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge sitid. Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang

20. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?

Dideleng saka isine parikan mau awujud ….

a. Pituturb. Pangolok-olok (ngisin-isin)c. Pitakonand. Ngandhani

21. Rugi bandha sawetara naging tambah sedulur , kaya unine paribasan …..a. Tuna satak bathi sanakb. Obah ngarep kobet buric. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrahd. Saiyeg saeka kapti

22. Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..a. Tangan kumrembyah suku jumangkahb. Sepi ing pamrih rame ing gawec. Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondhelid. Jer basuki mawa beya

23. Ibu ngagem ali-ali awangun …….

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 19

Page 20: Bank Soal Vii

a. Gugur gunungb. Gunung sepikulc. Sri gunungd. Gunungan

24. Gugur gunung, menawa ditulis nganggo aksara Jawa …..a. gugur\gunuz\b gugu/gunu=c, gugurGunuz\d. gu[go/gun=

25. Gotong royong, menawa ditulis aksara Jawa …a. [go[to=[ro[yo=b. gt=ry=c. [go[toz\[ro[yoz\d. [go[toz[ro[yo=

Wacan 3

Kerukunan iku kaya kartika ing akasaNduweni papan kang mardikaKerukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraNgayahi jejibahan kang ora padhaKerukunan iku kaya driji-driji tangan limaYen salah sawiji sulayaOra bakal nduweni daya

26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Lintang b. Langitc. Rembuland. Srengenge

27. Tembung kang nduweni teges langit ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....a. Kartikab. Akasac. Mardikad. Bagaskara

28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraDasanamane rembulan yaiku ....a. Kartika, taranggana, sudamab. Candra, sitaresmi,sasic. Surya, raditya, rawi, srengenged. Pertiwi, buwana, kisma

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 20

Page 21: Bank Soal Vii

29. Rembulan padhang, yen ditulis Jawa .....a. remB|ln\pd=b. remB|lNpdzc. remB|lnPd=d. xmB|lnPd=

30. ?krukunNnHikukyf]ijiXlim.Unine tulisan Jawa iku .....a. Karukunan iku kaya driji lima.b. Karukunan iku kaya driji lelima.c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.

e. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1 Critakna isine geguritan Sengkut Gumregut ing wacan 1 nganggo basamu dhewe!2 Temtona guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!3 Maca geguritan iku kanthi awewaton 4 W, sebutna lan terangna tegese 4W

kasebut!4 Gawea parikan kang isine : dadi murid iku kudu sregep sinau5 Tulisen aksara Jawa!

Suwe ora jamu, jamu godhong tela.Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe lega.

GLADHEN UJI KOMPETENSI 4ULANGAN HARIAN 4

Wacan 1

Sabda : “Apa kowe padha slamet?”Jati : “Ora …gedhe aku tinimbang Slamet!”Sabda : “E ….ditakoni tenanan ko wangsulan sakepenake!”Jati : “Lha, iya, apa ora bener wangsulanku. Slamet kae gering, dene aku lemu. Apa ora gedhe aku. Iya, ta?”

1 Wawan gunem antarane Sabda karo jati iku isine .....a. Cangkriman wancahanb. Cangkriman irib-iribanc. Cangkriman tembangd. Cangkriman srekalan

1. Sing dikarepake padha slamet dening Sabda iku .....a. Gedhene padha kro slametb. Lemune padha karo slametc. Geringe padha karo slametd. Ora ana alangan sawiji apa

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 21

Page 22: Bank Soal Vii

Wacan 2

Bapak pocung isih enom klambi gadhung,Yen wis rada tuwa,Si pocung klambine kuning,Tuwa pisan si pucung klambine abang

2. Nitik cacahing gatra tembang ing ndhuwur iku tembang .....a. Gambuhb. Asmaradanac. Pocungd. Maskumambang

3. Tembang ing ndhuwur isine .....a. Geguritanb. Cangkrimanc. Parikand. Wangsalan

4. Bedhekane tembang ing ndhuwur iku ....a. Mlinjob. Jambuc. Pelemd. Gedhang

1. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….a. Larik 1 lan 2 b. Larik 3 lan 4c. Larik 2 lan 4 d. Larik 1 lan 4

2. Bapak pocung isih cilik kemul sarungBareng wis diwasa,Lukar sarung lukar klambi,Sepuh pisan den pancung nggo dandan-dandan.

Bedhekane cangkriman tembang iki ....a. Wit klapab. Empringc. Wit gedhangd. Wit pari

8. Paman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk manthuk-manthukBadhekane cangkriman iki ......a. Katesb. Rambutanc. Tuntut kembang gedhangd. Kembang srengenge

9. Endi sing kalebu cangkriman?a. Pitik walik tanpa lancur, pangkat cilik arang nganggur

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 22

Page 23: Bank Soal Vii

b. Pitik walik saba kebonc. Simbah ngingu pitik walik 5d. Pitik walik iku duwekku

10. Kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ...a. Sega sekepel dirubung tinggi = salakb. Wong wudunen sugih pari = paringisanc. Burnas kopen = bubur panas kokopend. Disambung malah cendhak = tali

11. Badhekane cangkriman: gitarUnine cangriman ......a. Dipijet gulune dikebug wetengeb. Dipijet wudele mendelik mripatic. Ditekak gulune diithik-ithik wetenged. Ditarik tangane dijiwiti wetenge

12. Kang kalebu cangkriman plesetan/srekalana. Bakule kambil dikeprukib. Mbokne wuda anake tapihanc. Dipenyet wudele mendelik mripated. Pitk walik saba meja

13. Kang paling enak dhewe iku kecap cap ....a. Bangob. Bagongc. Ratud. Koki

14. Bapak pocung tanpa untu darbe siyung, badanira panjang,tutukira pan pesagi,dina-dina pucung nedha buntutira.a. Sepurb. Ulac. Tali sepatud. Setut

Wacan 3

Gugur Gunung : KRT. Wasita Diningrat/Wasito Dipuro/ Ki Cokrowasita

Laras : Pelog Pathet Barang

Ayo kanca, ayo kanca, ngayahi karyaning prajaKene , kene, gugur gunung tandang gaweSayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancaneLila lan legawa kanggo mulyaning NegaraSiji, loro, telu, papatMaju papat-papat, diulang-ulungakeMesthi enggal rampungeHolobis kuntul baris, holobis kuntul barisHolobis kuntul baris, holobis kuntul baris.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 23

Page 24: Bank Soal Vii

15. Rumpakan ing wacan 3 kalebu ......a. Tembang gendhing dolananb. Tembang macapatc. Geguritand. Tembang tengahan

16. Para kanca lagi nindakake pagaweyan kanggo sapa?a. Kanggo para kancab. Kanggo negarac. Kanggo masarakatd. Kanggo awake dhewe

17. Sipat apa kang diduweni kanca-kanca kanggo mulyaning negara?a. Sayuk rukunb. Lilac. Legawad. Sayuk rukun lan lila legawa

18. Sapa sing nganggit tembang Gugur Gunung iku?a. Ki Narto Sabdhob. Mantho’usc. Ki Wasito Diningratd. Gesang

19. Ukara kang kalebu semboyane Gugur Gunung yaiku ....a. Sayuk rukun

b. Holobis kuntul barisc. Siji, loro, telu, papatd. Ayo kanca ngayahi karyaning praja

20. Cakepan tembang iki endi sing isine : ajakan anti korupsi?a. Kuwi apa kuwi e kembang melathi, Sing tak puja- puji aja dha korupsi, Marga yen

korupsi negarane rugi, Piye ta Mas piyee, aja ngona-ngono-ngono kuwi.b. Kuwi apa kuwi e kembange turi, Sing tak puja-puji kudu dha memetri, Amurih lestari

kabudayan Jawi, Piye dhik piye, alah ngona-ngono-ngono kuwi.c. Kuwi apa kuwi e kembange menur, Sing tak puja-puji mbok ya padha jujur, Amarga yen

jujur negarane makmur, Piye dhik payee, iya ngona-ngono-ngono kuwi.d. Kuwi apa kuwi e kembange waru, Sing tak puja-puji ayo dha bersatu, Marga yen bersatu

negarane maju, Piye mas payee, alah ngona-ngono-ngono kuwi.21. Purwakanthi kang dipigunakake ing Tembang Kuwi Apa Kuwi .....

a. Purwakanthi guru swarab. Purwakanthi guru sastrac. Purwakanthi lumaksitad. Purwakanthi guru basa

Wacan 4Poma-poma wekas mami,Anak putu aja lena,

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 24

Page 25: Bank Soal Vii

Aja ketungkul uripe,Lan aja duwe kareman;Marang pepaes donya,Siyang dalu dipun emut,Yen urip manggih hantaka (Serat Wulangreh, Sri Paku Buwana IV)22. Nitik guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang ....

a. Asmaradanab. Sinomc. Pocungd. Gambuh

23. Intisarine tembang ing ndhuwur yaiku ....a. Ngurang-urangi marang barang kadonyanb. Aja kebangeten anggone mburu kadonyan lan kudu tansah eling marang Gusti manawa wong

kuwi bakale matic. Kudu tansah manembah marang Gusti sebab wong kuwi bakale matid. Golekana bandha kanggo sangu urip ing akherat

24. Sapa sing paring dhawuh utawa piweling ing tembang iku?a. Mamib. Anak putuc. Simbahd. Sri Paku Buwana IV

25. Poma-poma wekas mami,Tembung mami ing tembang iku tegese .....a. Ibub. Bibi, bu likc. Aku, kud. Kowe

26. Tembang ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 7a dumunung ing gatra ....a. 2 b. 4 c. 5 d. 7

27. Yen urip manggih hantaka.Tegese hantaka .....a. Semaputb. Tibac. Mulya d. Mati

28. Lesung wis siyaga, yen ditulis Jawa .....a. lesu= wissiygb. Xsu=wisSiygc. lesu=wisSiygd. lesuz\wis\siyg

29. ?m=sxnD_turh[toy.Unine ukara tulisan Jawa kasebut .....a. Mangsa rendheng kathah toya.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 25

Page 26: Bank Soal Vii

b. Mangsa rendheng wewah toya.c. Mangsa rendheng turah toya.d. Mangsa rendheng akeh toya.

30. ?si=tkPepujiajd[korupSi.Unine tulisan Jawa kasebut .....a. Sing tansah jujur aja padha korupsib. Sing jujur aja padha korupsic. Sing tak puja-puji aja dha korupsi.d. Sing tak pepuji aja dha korupsi.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 26