Download - Malin kundang

Transcript
Page 1: Malin kundang

Sawijining dina, ing desa pinggire segoro kalebu wilayah

Sumatera Barat (Sumatera Kulon). Ana bocah sing jenenge Malin

Kundang, bocah kang pinter ananging rodo nakal. Amargi

kahanané kulawargane ora duwé, bapaké nékat lungo merantau

nggolék gawéan ing luar negeri.Nanging Bapaké Malin ora tau

balik, sehingga Ibune kudu golék panguriban utawa nafkah

dhewe. Sawijining waktu, nalika Malin lagi nguber-uber pitik,

dhéwéké tibo lan lengen kanane catu keno watu. Catu ono

lengene iku iso waras nanging wekasé ora biso ilang. Amargo

rasa sa’ake karo Ibuné sing rekoso nggolek panguriban dhewe.

Malin nekat lunga merantau supaya bisa entuk penggawean lan

sugih yèn bali maneh. Sakjane Ibune ora ngolehi, amargi

pengalaman bapake, Nanging sakwuse rembugan lan Malin

meksa, dadine Ibune ngolehi. Malin Kundang merantau nunut

kapale saudagar. Naliko ono ing kapal, Malin Kundang mempeng

sinau ukoro ilmu pelayaran saka awak kapal sing wis

pengalaman. Ing tengah perjalanan, kapal seng ditumpaki malin

diserang karo bajak laut. Untunge Malin iso lolos soko begalan,

Ananging dheweke terdampar ana ing tengah segara lan keseret

Page 2: Malin kundang

ombak nganti salah sijine pulau. Nganggo sisa tenagane Maling

Kundang mlaku tumuju ning deso sing cedhak karo pinggire

segoro .Bejane, Deso sing dienggone Malin Kundang iku kalebu

deso sing subur lan makmur banget. Amargo anggone nyambut

gawe ulet lan temen, Malin iso dadi wong sing sukses. Dheweke

wes duwe kapal dagang akeh lan sal kambek rewange uga akeh.

Sak wise dadi wong sukses, Malin Kundang nglamar wanodyo

supayo dadi garwane. Pawartos Malin Kundang sing uwis dadi

wong sukses wes kasebar nganti tekan talingan ibune Malin

Kundang. Ibu Malin Kundang rumaos bersyukur lan seneng

banget amargo putrane uwis sukses. Wiwit dino iku, Ibune Malin

kundang saben dina lunga dermaga, nggoleki putrane lek

menawa bali. Sak wetoro suwi omah-omah, Malin lan garwane

budhal numpak kapal karo anak-anak ugo akeh wong-wong

ngisorane sing melu ngawal. Ibu Malin Kundang seng ngerti yen

ono kapal sing transit ing dermaga, mirsani ana wong loro

ngadeg seng mirip putrane.Banjur Ibu Malin Kundang tindak

nyedegi kapal kanggo mbuktiake.Sak wise cedhak ,Ibu Malin

kundang ngerti yen ono wekas catu neng lengen tengene, mula

Page 3: Malin kundang

Ibu Malin Kundang percaya yen wong iku Malin Kundang,

putrane sing wes sukses.Banget senenge Ibune banjur ngrangkul

Malin Kundang.Nanging ndelok wong wadon tuwo sing lusuh lan

reged ngrangkul dheweke, Banjur Malin Kundang ngamuk sing

sak temene dheweke wis ngrumangsani yen iku ibune, nanging

dheweke rumongso isin yen kedadean iku mau nganti bojo lan

anak buahe weruh. Jalaran nompo tumindak ala saka putrane

iku, ibu Malin Kundang dadi duko yayah sinipi lan serik atine.

Piyambake ora ngiro yen putrane dadi anak keblinger (durhaka).

Amargo banget duka lan serik atine ibu Malin ngendikan lan

nyumpahi kanggo putrane, “ Duh Gusti, menawi leres tiyang

meniko anak kawulo, kawulo nyedakaken tiyang meniko dados

watu”.Sak wise iku ,ing tengah segara kapal sing ditumpaki Malin

Kundang keno musibah badai seng dahsyat.Sak banjuré awaké

Malin Kundang suwi-suwi dadi kaku sing pungkasané dadi

awujud watu karang. Nganti saiki Watu Malin kundang iso

didelok ono ing Pantai Bayu Legi (Pantai Air Manis), ing sisih kidul

kuto Padang, Sumatera Barat.

Page 4: Malin kundang

Unsur-Unsur Intrinsik

Tema : bocah sing durhaka karo Ibune lan entuk

walesan utawa kutukan

Latar : Latar Waktu : pagi,siang,sore hari.

Latar Tempat : pesisir pantai, lautan, dirumah

Latar Suasana : sedih, rindu, marah, dan bahagia

Alur : Maju

Penokohan : Malin Kundang = Pantang

menyerah,sombong,durhaka,egois

Ibu = Pantang menyerah, dan sabar

Ayah = Orak tanggung jawab

Amanat : Dadi bocah ojo lali lan durhaka karo wong tuwo.