Download - GEGURITAN IBU

Transcript
Page 1: GEGURITAN IBU

Geguritan

IBU DUDU WIDHADARI,

NANGING KANUGRAHAN LELABUHAN SUCI

Nalika mendhung angendhanu

Ana kala mangsane Ibu urip cecingkrangan

Golek sandhang pangan ngupaya panguripan

Tanpa rowang, santer lelabuhan

Ing pangajab bisa nggayuh kaluhuran

Nalika mendhung wus sumilak

Titi wancine Ibu bisa gumuyu

Sengkud makarya, olah jiwa raga sejajar priya

Dadi cundhakane laku emansipasi

Senadyan kebak pepalang ri bebondhotan

Rawe-rawe rantas, malang-malang putung

Nalika tawang wus kebak lintang

Para Pinther asung piwulang

Sedhulur ....

Ibu dudu Widhadari,

Nanging kanugrahan lelabuhan suci

Kang wasis salin salaga, ngemban wasesa

Nglunturake daya kepintheran ing kulawarga

Tumus ing sanubari para putra

Nglunturake nugraha welas asih ing bale wisma

Gawe adhem, ayem, lan tentreme swasana

Nglunturake ubarampe kawicaksanan lan pakormatan

Marang sapepadhan titah bebrayan

Ora bisa diselak-i ....

Ibu dudu Widhadari, nanging kanugrahanlelabuhan suci

Sugeng asung raharjane “Dinten Ibu”

Ngaturaken agunging panuwun

Mugi rahayu, jinangkung Gusti Ilahi Robbi.

Sutrisno, S.Pd. ( SMP Negeri 1 Rembang ) 1

Page 2: GEGURITAN IBU

Dening :

Sutrisno, S.Pd

SMP Negeri 1 Rembang

Jalan Gajah Mada No. 3 Rembang

Kabupaten Rembang ( 59214 )

No.HP 085225742047

Sutrisno, S.Pd. ( SMP Negeri 1 Rembang ) 2