Download - Contoh Geguritan "Batik"

Transcript
Page 1: Contoh Geguritan "Batik"

GEGURITAN

Batik

Dening: Revika Nurul F.

Batik iku bagus tur apik

Wong nganggo ora sethithik

Saka ngisor tekan dhuwur pada remen

Saka alit tekan gedhe pada temen

Batik pancen endah

Endah disawang, endah dirasani

Lumrah negara tangga pada ngiri

Pada lomba pengen nduweni

Padahal, wong manca wis ngakoni

Batik iku asli Nusantara

Siti ibu pertiwi

Batik

Warisan budaya sik kudu dijaga

Dijaga temenanan karo putra bangsa

Ora dinggo guyonan, ora dinggo dolanan

Amerga bisa bisaa kelangan

Aja nganti diaku-aku negara tangga

Bisa gela tekan besok tuwa

Nama : Revika Nurul F.

Kelas/No. : X-A/20