ketoprakonline.files.wordpress.com · Web viewGendhing banjur dilirihake nganti para paraga mapan...

29
Berikut merupakan contoh naskah ketoprak konvensional yang didasarkan pada sinopsis. Namun, terdapat beberapa dialog yang masih kosong. Oleh karena itu, cermati dan lengkapilah dialog yang masih kosong tersebut! “NGAKU PAHLAWAN” Paraga Damarwulan (Dening: .......................................) Ratu Kencanawungu (Dening: .......................................) Anjasmara (Dening: .......................................) Patih Logender (Dening: .......................................) Layang Seta (Dening: .......................................) Layang Kumitir (Dening: .......................................) Resi Maudara (Dening: .......................................) Waita (Dening: .......................................) Urubhisma Minakjingga (Dening: .......................................) Minak Koncar (Dening: .......................................) Puyengan (Dening: .......................................) Dayun (Dening: .......................................) Emban Ken Saras (Dening: .......................................) Emban Ken Kenthir (Dening: .......................................) Prajurit Majapait 1 (Dening: .......................................) Prajurit Majapait 2 (Dening: .......................................)

Transcript of ketoprakonline.files.wordpress.com · Web viewGendhing banjur dilirihake nganti para paraga mapan...

Berikut merupakan contoh naskah ketoprak konvensional yang didasarkan pada

sinopsis. Namun, terdapat beberapa dialog yang masih kosong. Oleh karena itu,

cermati dan lengkapilah dialog yang masih kosong tersebut!

“NGAKU PAHLAWAN”

Paraga

Damarwulan (Dening: .......................................)Ratu Kencanawungu (Dening: .......................................)Anjasmara (Dening: .......................................)Patih Logender (Dening: .......................................)Layang Seta (Dening: .......................................)Layang Kumitir (Dening: .......................................)Resi Maudara (Dening: .......................................)Waita (Dening: .......................................)Urubhisma Minakjingga (Dening: .......................................)Minak Koncar (Dening: .......................................)Puyengan (Dening: .......................................)Dayun (Dening: .......................................)Emban Ken Saras (Dening: .......................................)Emban Ken Kenthir (Dening: .......................................)Prajurit Majapait 1 (Dening: .......................................)Prajurit Majapait 2 (Dening: .......................................)Prajurit Majapait 3 (Dening: .......................................)Prajurit Majapait 4 (Dening: .......................................)Prajurit Blambangan 1 (Dening: .......................................)Prajurit Blambangan 2 (Dening: .......................................)Prajurit Blambangan 3 (Dening: .......................................)Prajurit Blambangan 4 (Dening: .......................................)

BABAK I

(Babak Jejer Kedhaton 1)

(Prolog saka panatacara kanthi nyebutake paragan. Kairing gendhing pambuka kanthi

lamat-lamat bajur kasesegake kanggo mangun kahanan kang merbawani nalika kelir

dibuka. Gendhing banjur dilirihake nganti para paraga mapan ing panggung. Setting: kraton

Majapait)

Adegan 1

(Gendhing lamat-lamat, Ratu Kencana Wungu mlebu panggung, ngadheg ing sangarepe

palungguhan, panyawang mripat lurus lan teges. Para nayaka padha lungguh jengkeng

banjur ngaturake sembah pangabekti. Astaning Ratu Kencana Wungu banjur kumlawe, aweh

sasmita yen sembah pangabekti para nayaka praja wis ditampa. Ratu Kencana Wungu

lungguh, para nayaka nyusul lungguh. Ing sisih tengen mapan Maha Patih Logender disusul

Layang Seta lan Layang Kumitir kang diampingi rong prajurit. Dene ing sisih kiwa mapan

Patih jawi Minak Koncar kang disusul telung menteri. Gendhing disigeg, Ratu Kencana

Wungu banjur aweh pangandikan marang para nayaka)

Kencana Wungu : “Paman Patih Logender!” (Swarane lirih, polatan rada bingung, tangan nunjuk ing P. Logender)

Patih Logender : “Sabda katimbalan Sang Juwita Ratu.” (Tangan dilempit aweh sembah pangabekti)

Kencana Wungu : “Saklebetipun ingsun mempen semedi, ingsun pikantuk wangsiting Jawata Kang Linuhung. Bilih ingkang saged hambrastha memalaning praja Majapait inggih menika lare saking dhusun, asesilih Damar Sasangka, Paman.” (panyawang lurus surasane rada bingung, swara ngondhok-ondhok)

Patih Logender : “Dhuh Sang Juwita Ratu sesembahan kula, menawi boten lepat pamawas kula, Damar Sasangka punika dhawah anak keponakan kula piyambak malah wekdal sapunika sampun dados anak mantu kula, Sinuwun. Ananging, anak mantu kula punika gadhah tetenger Damarwulan. Bokbilih nama Sasangka menika ateges rembulan utawi wulan dene nama Damar sampun mastani Sang Juwita Ratu.” (Swara rada abot, polah awak kemaki)

Kencana Wungu : “Menawi ngaten, Damar Sasangka sampun mapan ing dalem kepatihan, Paman?” (swara rada seru, panyawang lan tangan mangarah ing P. Logender)

Patih Logender : ……………………………………………………….………………....(tangan dilempit asung sembah pangabekti)

Kencana Wungu : “O iya yen mangkono, Jengandika Paman Patih minangka warangka ing praja Majapait, ingsun suwun kanthi sanget Damar Sasangka dipunsowanaken sapunika, Paman.”

Patih Logender : “Inggih sendika ngestokaken dhawuh Sang Juwita Ratu.” (tangan dilempit asung sembah pangabekti, banjur malik tingal ngutus Layang Kumitir) “Ngger Layang Kumitir, prayogane sliramu enggal enggal mapag kakangmu si Damarwulan!”

Layang Kumitir : “Sendika ngestokaken dhawuh, Rama.” “Sang Juwita Ratu, kepareng kula medal pesilan.”(Lungguh jengkeng banjur aweh sembah pangabekti, mlaku dhodhok metu panggung)

Kencana Wungu : “Iya, dakenteni tekamu.” (Tangan kumlawe nampa sembah)

(Mungel gendhing srepeg, ngiring medal pasilane Layang Kumitir banjur kasirep nalika Layang Kumitir lan Damarwulan mlebu pasewakan)

Adegan 2

(Layang Kumitir jengkeng sinambi ngaturake sembah pangabekti diampingi Damarwulan

ing burine. Kekarone mlaku dhodhok tumuju papan palungguhan kang sumadya. Layang

Seta geser lungguhe aweh papan palungguhan marang Damarwulan kang marak sowan)

Damarwulan : “Kula ingkang sowan, Sang Juwita Ratu.” (Tangan dilempit, aweh sembah pangabekti)

Kencana Wungu : “Paman Patih Logender, punika ingkang asesilih Damarwulan ya Damar Sasangka?” (Tangan mangarah marang Damarwulan,

panyawang ngarah ing P. Logender)

Patih Logender : “Inggih leres, Sang Juwita Ratu.” (aweh sembah)

Kencana Wungu :(Ngadheg, tangan tengen kumlawe) “Damarwulan, coba lungguhira ingsun keparengake maju sawetara.”(Damarwulan maju kanthi mlaku dhodhok njejeri Patih Logender)

“Srantinen sawetara ya bakal ana jejibahan kang ingsun sampirake ing pundhakira.” (Ratu Kencana Wungu kumlawe, aweh sasmita marang sawijining nayaka supaya njupukake layang kekancingan diaturake marang Ratu Kenca Wungu)

“Nawala iki tampanana. Jejibahan kuwi wis Ingsun serat ana ing sajroning nawala.” (Damarwulan atur sembah lan nyadhong tangane nampa nawala saka Sang Juwita Ratu) “Kanthi mangkene dakpasrahake jejibahan iki marang sliramu Damarwulan! Semana uga pasewakan agung ing dina iki ingsun pungkasi.” (Swara teges, tledhok-tledhok)

Damarwulan :“Sendika ngestokaken dhawuh ingkang dhumawuh, Sang Juwita Ratu.” (tangan dilempit aweh sembah)

(Diiringi gendhing srepeg, Ratu Kencana Wungu isih ngadheg banjur tangan kumlawe

pasewakan agung dibubarake. Para nayaka asung sembah pangabekti kanthi lungguh

jengkeng, Ratu Kencana Wungu banjur jengkar saka dhampar kencana tumuju sanggar

pangelengan)

Adegan 3

(Isih mapan ing kedhaton, para nayaka medal pasilan kajaba Patih Logender, Layang Seta,

lan Layang Kumitir. Damarwulan disandhet dening Patih Logender. Kabeh padha lungguh

adhep-adhepan. Gendhing srepeg disesegake banjur disuwuk, Logender miterang

Damarwulan)

Patih Logender : “Lan, Rama kepengin ngerti surasane nawala pangriptane Sang Juwita Ratu Kencana Wungu, kaya ngapa, Lan?”(Damarwulan ngaturake layange lan diwaca marang Patih Logender)

“Awit asmane Sang Juwita Ratu Kencana Wungu, ratu putri ing Majapait. Damarwulan kang kautus supaya maju suraning driya

ngrangket Dipati Minak Jingga ing Kadipaten Blambangan awit asmane Ratu Kencana Wungu.” (Logender aweh piterang marang Layang Seta lan Kumitir kanthi polatan alis junthir kang kebak kalicikan)

“Lan, Damarwulan! Kowe kautus supaya ngrampungi tumindake Urubisma Minak Jingga kang murang tata. Lah, nek kowe ora saguh, ben kadangmu Layang Seta lan Layang Kumitir sing maju perang!” (Swarane seru, umuk, tur kemaki)

Damarwulan :“Kanjeng Rama, nanging kula ugi kalebet peranganipun kawula ing Majapait, pengin sanget kula ngatingalaken dharma bekti kula tumrap Nagari Majapait.” (Tangan dilempit aweh sembah)

Patih Logender : “Dadi kowe saguh?” (Swara seru rada nyengol)

Damarwulan : ..........................……………………………………………………….

………………………………………………………...........................

Patih Logender : “Bagus! Hahaha…” (Omongane Damarwulan disaut dening Logender)“Kuwi lagi anak mantuku. Nek kowe saguh, aja mindho gaweni, papagna Dipati Blambangan!”

Damarwulan : ..........................……………………………………………………….

(tangan dilempit aweh sembah)

Patih Logender : “Iya, Pangestuku banyu mili Lan…” (Damarwulan banjur lengser nyuwun pamit. Gendhing srepeg mungel ngiringi lengsering Damarwulan).

Adegan 4

(Isih mapan ing kedhaton, Damarwulan budhal, Patih Logender banjur ngetokaken

kalicikane. Nyusun strategi supaya Layang Seta lan Layang Kumitir kang nampa kanugrahan.

Gendhing srepeg disesegake banjur disuwuk lirih ngiringi caturane Logender, Seta, lan

Kumitir).

Layang Seta : “Badhe cabar anggen kula dados ratu ing Majapait, Rama.” (Swarane seru tur rada sengol)

Layang Kumitir : “Menawi boten kelampahan dados narendra ing Majapait, menapa Rama boten lingsem.” (lungkrah)

Patih Logender : “Lho lho… ya mengko dhisik to!” (Nyaut omongan)

Layang Kumitir :“Lha menawi Damarwulan saged mejahi Minak Jingga, lajeng kula kedah kados pundi Rama?” (Ucape Logender disaut dening Kumitir)

Patih Logender : “Hmm… Ramamu iki pikirane pitulikur manungsa. Pabrik siasat, gudhang akal (tangan tengen nudhingi sirah). Senopati-senopati sing digdaya wae gugur dipateni dening Minak Jingga. Apa maneh mung Damarwulan, mesthi mati. Lha nek Damarwulan mati, kowe sing dadi nata, adhimu Kumitir sing dadi patih. Rak ya ngono to?”

Layang Kumitir : ........................................................................................................ (Manthuk-manthuk karo ngacungake jempol)

Patih Logender :“Hmm… Hahaha… Ngene Carane!” (Matane Logender kocak, mikirake siasat licik. Logender banjur mbisiki kupinge Seta lan Kumitir)

“Tindakna!”

Layang Seta : “O inggih Rama. Cerdas… Haha… Ngestokaken dhawuh. (Ngguyu

cekakak, matane sumunar, manggut-manggut). Ayo Budhal Dhi!”

Layang Kumitir : ........................................................................................................ (Layang Seta lan Kumitir atur sembah pamit. Gendhing srepeg disesegake. Lampu mati. Kelir ditutup, diganti babak sabanjure).

BABAK 2 (Babak Taman)

(Setting ing taman sari kepatihan Majapait. Gendhing lan sorot lampu nggambarake kahanan tintrim amerga Dewi Anjasmara galau, keprungu kabar yen garwane Damarwulan bakal budhal menyang Blambangan prang tandhing marang Urubisma. Kairing Gendhing srepeg, disaut palaran Asmarandana “Anjasmara Ari Mami” dening Damarwulan)

Adegan 1

(Anjasmara ijen ing taman sari kepatihan Majapait. Galau. Lungguh, ngadheg, moving panggung “ngiris tempe”. Ekspresi raine sedih, bingung pikirane, kuatir rasane, lan panyawange ngendhelong. Kadadak garwane Damarwulan mlebu panggung sinambi nembang Asmarandana)

Damarwulan : “Yayi, Anjasmara…”

(Anjasmara sungkem nyembah pangebekti marang Damarwulan. Tangane Damarwulan banjur ngangkat pundhake Anjasmara sinambi nembangake Sekar Asmarandana)Anjasmara wong akuning....Wanodya sulistyeng warna....Gandhes luwes wiragane....

Anjasmara :(Anjasmara banjur nyaut tembang Asmaradana)

Dhuh kangmas pepujaningwang....Geganthilaning raga....Paraning tresna satuhu....Kinarya rowang agesang....

Damarwulan :“Yayi Anjasmara, agungipun segara bisa asat, dhuwuring gunung bisa jugrug, aruming kembang bisa layu. Nanging, tresnaku ora bisa luntur yayi. Senadyan jagad wus kukut tresnaku isi nabed sliramu wong ayu.” (Nyekel tangan Anjasmara)

Anjasmara : “Kakang, jagad menika bebasan tanpa timbang menawi kaukur saking raos tresna kula dhumateng panjenengan.” (adhep-adhepan, pandheng-pandhengan)

Damarwulan : “Iya, semono uga aku, yayi. Aku percaya. Nanging, ana perkara abot kang ora bisa dakampah yayi, aku kudu blaka marang sliramu.” (ngglebag, malik tingal, ungkur-ungkuran geger)

Anjasmara :“Prekawis menapa, Kakang?” (alis njenggerut)

Damarwulan :“Wus daktimbang lan dakpetung kanthi memet, bokmenawa pancen wus tutug titi wancine aku kudu mrasahake nyawaku kanggo rabuking bumi pertiwi. Gugur ing alaga minangka kusumaning bangsa.” (ngglebag, pandheng-pandhengan)

Anjasmara : .................................................................................................... (Mata kembeng-kembeng, angluh, lan nyikep Damarwulan, diiringi gendhing lirih satemah surasane trintrim)

Damarwulan : “Jejering satriya, aku kudu netepi dharmaku marang nagara, ngrungkebi bumi wutah getihku. Bokmenawa sliramu uga wus mirengake pakabaran menawa Sang Juwita Ratu ngersakake sigaraning nyawamu iki minangka utusan nglurug ing Probolinggo

lawan tandhing Urubisma Minak Jingga kang sekti mandraguna.” (Swarane manteb, mandheng netrane Anjasmara).

Anjasmara : “Iya Kakang. Mula wiwit mau ati iki goreh, bingung, lan kuatir. Apa bisa sesuk esuk aku nyawang srengenge mlethek saka iring wetan kamangka ing plataran uga ana tepak turangga yuda kang kasiput dening embun mangulon, Kakang. Ora, ora, Kakang, aku ora sanggup.”

(Anjasmara mbrebes mili luhe, sirahe sumendhe ing dhadhane Damarwulan. Gendhing lirih tintrim banjur kasambung tembang Asmarandana kang ditembangke Damarwulan)

Damarwulan : Anjasmara ari mami.... Mas mirah kulaka warta.... Dasihmu lan wurung layon....Aneng kutha Probolinggo.... Prang tandhing Wurubhisma.... Karia mukti wong ayu....Pun kakang pamit palastra....

(Damarwulan nembang Asmarandana sinambi nggandheng tangan lan ngusap luh ing pipine Anjasmara. Banjur pamit metu panggung. Gendhing lirih kang ngiringi palaran asmarandana banjur disesegake. Lampu dipateni, tutup kelir, ganti babak).

BABAK 3 (Babak Alun-alun)

(Setting alun-alun, para telik sandi/detektif Majapait kedenangan dening prajurit patroli

Blambangan. Banjur prang ning satengahing margi. Prajurit patroli menang. Detektif

Majapait, mlayu, laporan ning Kadipaten. Gendhing sigrak, nggambarake kahanan

paprangan)

Adegan 1

(Damarwulan mranata baris, ngatur siasat kanggo nlisik kekuwatan Blambangan. Ing sangarepe Damarwulan, para prajurit telik sandi/detektif Majapait padha macak baris. Gendhing kairing gendhing srepeg sambungan saka babak sadurunge banjur dilirihake)

Prajurit Majapait 1 : “Nggondhak saasta. Siaga tandya. Krti sampeka. Etung tandya.”

Prajurit 2,3,4,lan 5 : “Eka, dwi, eka, dwi, eka, jangkep.”

Damarwulan : “Hahaha… Bagus! Prajurit, sira kabeh minangka prajurit pinilih. Dakutus laku nylamur ing kutha raja Blambangan. Golekana pakabaran babagan kedhaton Kadipaten Blambangan.”

Prajurit 1,2,3,4, lan 5 : ………….....................…………………………………………….………….....................…………………………………………….

(Para prajurit detektif asung sembah pangabekti banjur budhal laku nylamur. Kairing gendhing srepeg kanthi disesegake).

Adegan 2

(Isih mapan ing alun-alun, para prajurit telik sandi/detektif Majapait kang lagi laku nylamur banjur konangan prajurit patroli Blambangan. Banjur padha perang)

Prajurit Blambangan 1 : “Mandheg, ora kena bacut! Sajak nyalawadi patrapmu. Ambu kringetmu genah yen kowe kabeh pawongan saka Majapait? Ayo ngakua!” (Malang kerik, mata mentheleng)

Prajurit Majapait 1 : “Boten, boten, kula menika tiyang saking laladan badhe pinanggih sedherek ing kutha praja Blambangan.” (mbungkuk lan memelas)

Prajurit Blambangan 2 : “O ngono. Apa tumon kawula alit mlebu kutha praja nggawa gegaman? (Prajurit patroli Blambangan banjur nggledhah sandangane telik sandi kang lagi nylamur. Dumadakan konangan yen pusaka sing digawa telik sandi mau cakrak Majapait)

“Lho… Keparat! Iki ana gaman cakrake Majapaitan. Iki genah yen kowe telik sandi saka Majapait” Legandhang dening aku kowe.” (Tangan kumlawe ngantem pilingane Prajurit Majapait. Diiringi gendhing sigrak)

Prajurit Majapait 1 : “Adhuh… Keparat!” (Banjur perang, lampu byar pet, byar pet)

Prajurit Blambangan :“Keparat…” Ayo becike dilaporake ing Kadipaten wae.” (Lampu mati. Tutup kelir. Gendhing tetap mungel ngiringi ganti babak)

BABAK 4 (Babak Dhagelan)

(Setting regol/plataran Kadipaten Blambangan. Gendhing dolanan nggambarake kahanan sigrak lan suka-suka para emban)

Adegan 1

(Adegan ing regol Kadipaten Blambangan. Waita lan Puyengan lagi rerasan ning pojok panggung kiwa. Kelir dibuka kanthi geguyonan lan jejogetan para emban Blambangan ing panggung sisih tengen. Diiring gendhing dolanan pratandha suka-suka)

Emban Ken Saras : “Ayo digoyang Yu Thir... Saiki jamane goyang ngecor… Kieh kaya ngene.” (jlentrehake jenis-jenise goyang dandutan, sawise gendhing disirep)

Emban Ken Kenthir : “Weh, kok manteb nemen goyanganmu Ras? Yen aku ngono wis ora seneng joged kaya ngono. Lha wong saben dina dadi MC.” (karo

njoget gergaji)

Emban Ken Saras : “MC? Apa kuwi?” (nyaut omongan)

Emban Ken Kenthir : “Momong Cucu. Haha…” Lha kok awakmu pinter goyang ngono, sinau nang endi?” (melu njoget)

Emban Ken Saras : “Walah, mulane to Yu Thir mbok kerep online! Saiki usume online lho Yu… Lha wingi aku bubar kepayon anggonku online, 5 yuta. Dituku pejabat Majapait. Tampa resik ora kepangan makelar.” (pamer dhuwit, kipas-kipas dhuwit)

Emban Ken Kenthir : “Weh lha? Wah bisa taklaporake polisi iki. Kasus prostitusi artis kethoprak.” (Nyekel, nunyuk-nunyuk Hp)

Emban Ken Saras : “Weh lha dalah, lha kok tekan semono to Yu Thir… Aja salah tampa! Aku kieh kepayon online nganti 5 yuta merga aku dodolan akik Yu…”

Emban ken Kenthir : “O alah… Eh Ssstt… Kae ndarane rawuh. Ayo dibacutake olehe resik-resik!” (tangan nudhing)

Adegan 2

(Dewi Waita lan Puyengan mlebu panggung sinambi rerasan, sinambi nyawang para emban resik-resik ing regol kedhaton Blambangan. Gendhing srepegan diseseg banjur disirep)

Waita : “Diajeng Puyengan, kepriye rasaning atimu sawise awake dhewe diselong ana ing Taman Sura Regol?”

Puyengan : “Raosipun inggih kasiksa sanget ta Kangmbok.”

Waita : “Dadi awakmu rumangsa kasiksa? Yen ngono padha karo sing dakrasake. Ngene wae, Diajeng, aku arep nganakake sayembara. Sing surasane sapa wae sing bisa nggawa awake dhewe metu saka papan kene, nek wadon arep dakdadekake sedulur sinoroh wadi, yen kakung ayo bareng-bareng disuwitani, Diajeng!”

+gusti putrine nggatekake jejogetan)

Emban Ken Saras : “Sik! Sik! Sik! Kae lho ketoke ndarane kok lagi sungkawa.”

Emban Ken Kenthir : “Lho, lha banjur kepriye, Ras?”

Emban Ken Saras : “Ayo ta padha dilipur.”

Emban Ken Kenthir : “Ah, wegah!”

Emban Ken Saras : “Lho, piye ta? Awake dhewe kieh wong Jawa, kudu pinter olah rasa!”

Emban Ken Kenthir : “Lho, Aku iki wis pinter ngolah rasa, rasa spagetty, rasa humberger, rasa pizza, sing paling penting rasah kakean celathu!”

Emban Ken Saras : “Lha dalah, aja kakehan wuwus, ayo atur panglipur, mengko yen kadenangan Kanjeng Adipati, malah awake dhewe nampa duka.” (Para emban banjur nyedhak atur sembah marang gusti putrine)

Emban Ken Kenthir : “Gusti putri Waito lan gusti putri Puyengan kok saja sungkawa ing galih. Wonten napa gusti?” Mbok sampun ampun ngendhelong manahipun, prayogi sareng-sareng jejogetan kaliyan Ken Saras ndara.”

Emban Ken Saras : ”Mangga gusti putri kula dherekaken jejogetan.”(Mungel gendhing dolanan, para emban jejogetan)

Adegan 3

(Damarwulan lumebu ing regol Kadipaten Blambangan. Sajak wus suwe anggone ngawat-

awati. Gendhing mungel kanthi jengglengan)

Damarwulan : “Aku bakal mupu sayembaramu.”

Waita :”Nuwun sewu kakang, boten ateges kula ngremehake panjenengan. Nanging nembe sepisan kula mangertosi panjenengan. Panjenengan punika sinten?”

Damarwulan : “Aku Damarwulan, senopati saka ing Praja Majapait. Bali sliramu sapa?”

Waita : “Tepangaken nama kula Waita.”

Puyengan : “Dene kula Puyengan.”

Damarwulan : “Waita lan Puyengan, aku wis krungu kabeh apa kang dadi pangudarasaning atimu. Sliramu sakloron mau crita yen kasiksa kaselong ana ing Taman Sura Regol. Merga kabeh tumindak lan pakartine Urubisma Minak Jingga. Mula aku saguh, nanging sadurunge aku nyaguhi apa kang dadi penggayuhmu, aku bakal nodhi marang sliramu sakloron. Gelema sliramu sakloron paring pambiyantu marang aku? Satemene kasektene Minak Jingga utawa Urubisma, merga dheweke kecundhukan dewaning pusaka pedhang kuntosukoyono lan gada Wesikuning. Waton sliramu sakloron bisa mujudake apa kang dadi panjalukku, aku bakal saguh nampa suwitamu.”

Waita : “Dados kula kedah nyidra pusakanipun Minak Jingga? Menawi mekaten dipunrantos sawetawis Kakang.”

“Ayo, Diajeng!”

(Waita lan Puyengan mlebu njupukake pusaka pedhang kuntasukayana lan gada wesikuning Minak Jingga. Gendhing mungel sawetawis disesegake banjur disirep nalika Waita lan Puyengan mlebu nggawa pusaka loro kuwi)

Damarwulan : “Haha… Kelakon aku duweni dewaning pusaka, gada wesikuning lan pedhang kuntasukayana.”

Waita : “Kangmas, punika wujudipun pusaka Gada wesi kuning lan pedang Kuntasukayana. Mangga!”

Damarwulan : “Iya, gedhe utang rasaku marang sliramu sakloron. Entenana sesuk wanci srengenge mapan ing ubun-ubun bakal dakbebasake sliramu sakloron.”

BABAK 5 (Babak Jejer Kedhaton 2)

Adegan 1

(Ing pasewakan agung Kadipaten Blambangan, Sang Urubhisma ya Minak Jingga katon

sumringah. Sajak bungah sabab entuk palapuran saka prajurit patroli merga kasembadan

ngasorake prajurit Majapait. Ing pasewakan kuwi wus sumadya bir, ciu, lan anggur. Ora lali

para nayaka praja disuguhi tayuban kairing gendhing tayuban. Minak Jingga dipijeti dening

bature kanga ran Dayun)

Minak Jingga : “Aduh Yun… Dayun… Dayun… Awakku pegel kabeh Ayun.”

Dayun : “Inggih Den. Lha menika kula peteki Den.”

Prajurit Blambangan 1 :”Kula ingkang sowan gusti.”

Minak Jingga : “Ora daktimbali, marak sowan ana apa? Heh kowe perjurit kroco, enggal matura!”

Prajurit Blambangan 1 :”Katiwasan gusti. Kalawau wonten prajurit telik sandi Majapait ing alun-alun kutha praja Blambangan, Gusti.”

Minak Jingga : “Banjur kepriye? Kowe kabeh padha pasulayan?”

Prajurit Blambangan 1 :”Kasinggihan Gusti. Kula srimpung sikilipun, kula sikut, lajeng kila tempeleng. Lajeng kula…”

Minak Jingga :”Banjur kowe menang? (Ature prajurit langsung kasaut Minak Jingga)

Prajurit Blambangan 1 :”Pangestunipun. Kula menang”

Minak Jingga : “Hahaha…. Bagus. Banjur saiki bisa kok rangket?”

Prajurit Blambangan 1 :”Pangestunipun. Boten.”

Minak Jingga : “Kepriye? Ora kok rangket. Keparat!”

(Minak Jingga maju banjur nempeleng. Gendhing geteran jengglengan. Kasusul swara panantange Damarwulan)

Swara Damarwulan : “Urubhisma! Yen pancen sira satriya utama. Dak enteni ing blabar kawat alun-alun. Aku, Damarwulan, Senopati perang Majapait.”

Minak Jingga : “ Hahaha… Keparat!”

“Dayun. Wis bosen urip kroco kae… Hahaha…”

(Gendhing mungel kasesekake)

BABAK 6 (Babak Margi)

Adegan 1

(Mapan ing blabar kawat alun-alun Kadipaten Blambangan. Adu kasekten antarane prajurit

Blambangan lan prajurit Majapait. Damarwulan perang tandhing klawan Urubisma. Kairing

gendhing mataram kanthi lirih, ngiringi perang)

Minak Jingga :”Ooo... Kirike Majapait. Heh bocah bagus! Sapa jenengmu?”

Damarwulan :”Yen kowe tambuh, aku Damarwulan. Pancen taksengaja lungaku saka nagara Majapait. Sedyaning atiku arep mungkasi nyawamu Minak Jingga.”

Minak Jingga :”Hahaha… Damarwulan. Ora adhep eman kowe marang nyawamu? Weh.. Lha dalah, matamu wus kaya bandheng pating pentheleng.”

Damarwulan :”Ora watak satriya yen aku mlayu nalika prang tandhing. Waspadakna, yen bali ora kari gembung, aja takon jenengku Damarwulan.”

Minak Jingga : “Hahaha… Sangar tenan sesumbarmu. Ayo maju, iki dhadhaku. Pilih endi? Dhadha? Apa geger?

Damarwulan :”Awas… (Damarwulan nggegem curiga) Lho ora tumama? Ulet tenan kulitmu.”

“Nimas Waita, Puyengan.” (Damarwulan aweh sasmita)

Banjur kepriye balung kulit yen tumama pusaka iki?” (Damarwulan dudut pedang kuntasukayana lan ngangkat gada wesikuning sinambi palaran Durma)

Minak Jingga :”Lho, Gada wesikuning wis ana ing tanganmu. Lan? Ayo balekna, bojoku mbok pek kabeh ora apa-apa. Pusakane balekna!”

Damarwulan :Nyoh! (Karo ngantem Minak Jingga nganggo gada wesi kuning nganti Minak Jingga jrebabah ndhepani lemah/ambruk. Kairing gedhing srepeg kasesekake)

Adegan 2

(Damarwulan menang prang tandhing. Banjur kuluk mustakane Minak Jingga dijupuk

minangka bukti takluking Blambangan marang Majapait. Gendhing kalirihaken)

Waita & Puyengan :”Kula pasrahaken jiwa raga kula dhumateng panjenengan, raden.”

(Tangan linempit asung sembah pangabekti)

Damarwulan : “Iya, daktampa pangabektimu kabeh. Mula saka iku, saiki kowe sakloron wus mardika.” (Gendhing kasesekake. Katekan Layang Seta lan Layang Kumitir kang wiwit mau wus nginjen saka kadohan. Waita lan Puyengan banjur sumingkir mlebu)

Layang Seta :“Kakang Damarwulan.” (Nyikep asung pangalembana)

Layang Kumitir :”Wah pancen kakang Damarwulan satriya pilih tandhing.”

“Kakang Seta, pranyata pancen kakang Damarwulan iki sejatining pahlawan Majapait.”

Damarwulan : “Lho… Dhimas Layang Seta lan Layang Kumitir, sliramu kabeh ana kene?”

Layang Seta :”Inggih Kakang. Kula dalah adhi Kumitir dipunutus kanjeng rama lan Kangbok Anjasmara saperlu ngawat-awati menawi Kakang Damarwulan kenging pancabaya.”

Layang Kumitir :”Dalah keleresan kula kapurih mapag dhateng lampah panjenengan kundur wonten ing Majapait, sampun kesamektaaken joli jumpana

kagem titihan panjenengan. Mila saking menika panjenengan kula aturi rumiyin tindak nitih joli jumpana ingkang sampun kasumektaaken”

Damarwulan :”O… mangkono. Iya pamujimu Dhi, pun kakang wus kasil anggone bengkas karya merjaya Urubisma ya Minak Jingga.”

Layang Kumitir :”Hahaha… inggih. Wah yen mekaten prayogi samenika kita pistha, Kakang. Kamenangan punika kedah dipunrayakaken kanthi ngunjuk tirta wening satemah damel weninging pikir, Kakang. Mangga kula aturi lenggah lanjeng ngunjuk sareng-sareng.”

Damarwulan :”Iya, ayo dakdherekake Dhimas Seta, Dhimas Kumitir.”(Layang Seta lan Layang Kumitir wus nyusun siasat supaya Damarwulan luwih dhisik ngombe omben-omben kang wus diwenehi racun. Satemah Damarwulan dhawah kintaka. Kasambung gendhing geteran)

Layang Seta :”Hahaha… Jebul pancen landhep dhengkul pamikirmu Damarwulan. Ora ngerti siasat. Hahaha…”

Layang Kumitir :”Iya Kakang Seta. Si Damarwulan wus tumekeng pati merga ngombe banyu sekti iki. Hahaha…”

Layang Seta :”Becike saiki, janggane Minak Jingga kang wus dadi bathang kae ditigas wae Dhimas! Banjur mustakane disowanake marang Sang Juwita Ratu minangka bukti yen awake dhewe sing kasil nyingkirake memalaning Majapait iki.” (Kairing gendhing geteran)

Layang Kumitir :”Ayo Kakang, dakkanthine.”

(Layang Seta lan Layang Kumitir banjur bali menyang Majapait, nyangking mustakane Minak Jingga. Kairing gendhing srepeg)

Adegan 3

(Waita lan Puyengan kaget. Damarwulan wus jerbabah ing lemah. Layone Minak Jingga

mung kari gembunge. Putri loro kuwi banjur ngrangkul Damarwulan, samya nangis

sesenggukan. Gendhing Kasesekaken)

Waita :”Kakang…” (Njerit)

Puyengan :”Kakang Damarwulan… Kangbok Waita, kenging menapa Kakang Damarwulan?”

Waita :”Kakang Damarwulan wulan ora ambegan maneh nimas.”

(Dumadakan dumeling swara ing talingane Damarwulan. Swara kuwi swara sukmane Resi

Maudara ya ramane Damarwulan kang paring usada lan wejangan marang Damarwulan.

Gendhing srepeg kalirihake banjur kasambung gendhing geteran)

Resi Maudara : “Putraku Damarwulan, ora pantes lamun ksatria turu ana ing sadalan-dalan kaya mangkono. Tangia, tangia, Ngger Damarwulan!”

Damarwulan : “Rama.... Rama Udara, matur agunging panuwun, dene sampun paring usada dhateng jasad kula, meh kemawon kula dumugi pejah, jalaran pakartinipun Seta lan Kumitir.”

Resi Maudara :”Iya ngger bocah bagus. Becike saiki awakmu bali menyang Majapait. Kanthinen Waita lan Puyengan. Aja lali cangkingen pedhang kuntasukayana lan gada wesikuning minangka seksi lan bukti menawa sira kang kasil madhangake pepethenge Praja Majapait!”

Damarwulan : “Sendika ngestokaken dhawuh rama. Pangestu ingkang rama kula suwun.”

Resi Maudara :”Iya ngger dakpengestoni. Nirbaya nirwikara lakunira.”

(Gendhing geteran banjur kaseling jengglengan pertandha tangine Damarwulan. Waita lan

Puyengan kaget dene Damarwulan bisa tangi lan pulih otot bayune)

Puyengan :”Kangbok. Astanipun kakang Damarwulan.”

Waita :”Iya Nimas. Kakang Damarwulan wus sadhar.”

“Kakang! Kakang! Kakang Damarwulan!”

Damarwulan :”Rama… rama…”

“Ana apa iki? Waita? Puyengan?”

Waita :”Rama? Naming wonten kula kaliyan nimas Puyengan ing ngriki, Kakang.”

Puyengan :”Inggih kakang. Kalawau kakang Damarwulan kula kinten sampun boten wonten. Pranyata samenika kakang Damarwulan sampun gregah tangi.”

Damarwulan :”Iya. Aku mau ngombe tirta wening kang dicaosake dening Kumitir. Banjur aku tiba jerbabah dhepani lemah.”

“Oya, Waita lan Puyengan, sira dakkanthi ana ing Praja Majapait saperlu minangka dadi seksi yen aku wis bisa bengkas karya merjaya Minak Jingga.

Waita & Puyengan : “Mangga...mangga, Kakang.”

BABAK 7 (Babak Perang Brubuh)

Adegan 1

(Layang seta lan Kumitir sowan ing ngarsane Kencana Wungu. Kairing srepeg banjur

disirep)

Layang Seta : “Kula ingkang sowan, Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu : “Layang Seta, Layang Kumitir, ana kawigaten apa sliramu ora Ingsun timbali, sowan ing ngarsa Ingsun?”

Layang Seta : “Kepareng matur, ingkang kaping sepisan ngaturi kabar lelayu.”

Kencana Wungu : “Kabar lelayu? Sapa sing tumekaning pati?”

Layang Seta :”Kangmas Damarwulan gugur ing renanggana, Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu :”Damarwulan gugur?”

Patih Logender : “Lho… Lha ora kok belani?”

Layang Kumitir :”Sampun kula belani kaliyan Kangmas Layang Seta. Menak Jingga kula perjaya, menika mustakanipun Menakjingga.”

Patih Logender : “Caosake, dicaoske?”

Kencana Wungu : “Coba, kaya ngapa, enggal aturna!”

(Layang Seta laku dhodhok nyaosake mustakane Menak Jingga marang Kencana Wungu.

Kairing gendhing gendhing geteran kasusul jengglengan nalika wungkusan mustaka kabuka

dening Layang Seta)

Layang Seta : “Menika Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu :”Paman Patih Logender, menika leres bukti bilih Minak Jingga sampun pejah. Mila paman, ingkang ndadosaken nggumuning manah kula, kok wonten nggih jawata menika cidra.”

Patih Logender :”Lha nyatane ngoten, bilih ingkang saged bingkas karya nentremaken dhateng manahipun Ratu Majapait, boten Damar Sasangka, ananging anak kula Denmase Layang Seta, Layang Kumitir.”

Kencana Wungu : “Inggih… Menika sampun dados kasunyatan lan kula sampun nate paring dhawuh, sinten ingkang saged merjaya Uribisma, menika ingkang badhe kula jumunenganken narendra wonten ing Praja Majapait. Sarehning anak ndika ingkang saged, ing kalenggahan menika Layang Seta badhe kula jumenengaken narendra ing Majapait.”

Patih Logender : “Jumeneng dados nata?”

Adegan 2

(Kairing gendhing geteran, Layang Seta lampah dhodhok asung sembah banjur tangane

nyadhong keris sing arep diparingake dening Kencana Wungu kang mandhap dhampar

kencana. Nalika Layang Seta arep nampa keris, Anjasmara teka nuli nggeret Layang Seta.

Kairing gendhing geteran kasusul gendhing jengglengan)

Anjasmara :“Apa? Kowe ora pantes dadi Ratu!”

Layang Seta :“Ya… Gene? Aku kang bisa nggawa mustakane Menakjingga, Kangbok.”

Kencana Wungu :“Mengko dhisik! Apa wigatine diajeng Anjasmara nyuwak Layang Seta kang bakal nglenggahi dhampar kaprabon?”

Anjasmara : “Inggih Sang Juwita Ratu. Boten ateges kula nilar tata krami awit ingkang saged mbingkas karya menika sanes kadang kula.”

Kencana wungu : “Lha banjur sapa dhiajeng?”

Anjasmara : “Ingkang saged bingkas karya boten sanes Kangmas Damarwulan”

Kencana Wungu :”Nanging miturut ature kadangmu sakkloron kuwi, Damarwulan wis tumekaning pati.”

Layang Seta : (Layang Seta banjur nyaut) “Nek ora bisa mbuktekake, kowe bakal nampa pidana Kangbok.”

Anjasmara :”Ora susah kuwatir, engko bakal dakbuktekake.”

“Sang Juwita Ratu, kangmas Damarwulan taksih sugeng, menawi dipunkeparengaken badhe kula sowanaken ing ngarsa Panjenengan. Kepareng kula medal pasilan Sang Juwita Ratu.”

(Mungel gendhing srepeg)

Adegan 3

(Anjasmara nyowanake Damarwulan, Waita, lan Puyengan. Kairing gendhing srepeg banjur

kalirihake)

Anjasmara :”Kula ingkang sowan, Sang Juwita Ratu.”

Kencana wungu : “Damarwulan!”

Damarwulan : “Dhawuh ing adalem Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu :“Apa bener sliramu gugur nalika prang tandhing lumawan Urubisma?”

Damarwulan :”Leres, nanging sedaya kalawau jalaran kula dipunparingi pitulungan awujud pusaka pedhang kuntasukayana dalah gada wesi kuning dening garwanipun Menak Jingga, inggih menika Waita dalah Puyengan.”

Kencana Wungu :“Yen mangkono cetha, kang bisa merjaya Uribisma ora liya mung sliramu Damarwulan. (Kencana Wungu lungguh sawetara).

“Paman Minakkoncar!”

Minak Koncar : “Dhawuh ing adalem, Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu : “Wonten kahanan ingkang kados mekaten ing praja Majapait, Seta lan Kumitir menika ingkang ngaturaken bukti bilih Urubhisma sampun dumugi ing pati, piyambakipun ingkang ngakeni menawi sampun mejahi Uribisma. Nanging kasunyatanipun, Damarwulan ugi matur piyambak, menawi ingkang saged merjaya Uribisma nggih Damarwulan. Mila paman, karampungan perkawis menika ing kalenggahan menika panjenengan Ingsun angkat minangka adyaksa ing Praja Majapait.”

Minak Koncar : “Inggih sendika ngestokaken dhawuh ingkang dhumawuh Sang Juwita Ratu.”

“Kakang Patih Logender!”

Patih Logender : ................................................................................................................................................................................................................ (Semu kaget, rada njenggirat)

Minak Koncar : “Rehning ing kalenggahan punika kula winisuda minangka adyaksa ingkang kedah ngadili perkawis menika, pramila kula nyuwun pangestu kakang.”

Patih Logender :”Ya.. Sing takjaluk ya madeg ana satengah-tengahing ati ya Yayi. Sing salah disalahke sing bener uga dibenerake, ngono ya!”

Minak Koncar :“Nggih, adyaksa ing kalenggahan punika badhe ngawontenaken kaputusan. Rehning Seta dalah Kumitir saged nyowanaken mustakanipun Menak Jingga, adipati saking Blambangan dene Damarwulan sanajan ta ora duwe bukti nanging duwe saksi, garwane Menak Jingga. Mila menawi dipuntimbang menika sami. Ing ngriki adiyaksa badhe mutusaken perkawis mawi tatanan enggal.”

Patih Logender : “Lha sing bokkarepake kepiye?”

Minak Koncar :”Ing ngriki Damarwulan badhe kula aben ajeng kaliyan Seta lan Kumitir. Sinten ingkang menang ing adon-adon menika, kula tetepaken minangka pahlawan ing Majapait.”

Patih Logender :”Pahlawan? Iya. Dhasar pawadane merga Menak Jingga kae wong sekti. Sapa sing menang adon-adon kuwi genah sing bisa merjaya Urubhisma.”

“Ta…. Tir…. Pranatan iki kowe diadu karo Damarwulan kira-kira wani apa ora?”

Layang Seta : “Ngaten, wekdal kula nyedani Menak Jingga menika kula kroyok tiyang kalih. Menawi kula dipunaben ajeng kaliyan Damarwulan, nggih kedahipun kula kroyok tiyang kalih.”

Patih Logender : ................................................................................................................................................................................................................(Nanjihake, mripate rada mentheleng)

Layang Seta : “Nggih, kula wantun. Ning kula tiyang kalih lho.”

Minak Koncar :”Damarwulan ing adon-adon iki upama kowe dikroyok Seta lan Kumitir kepriye?”

Damarwulan :”Kula sagah!”

Minak Koncar : “Dikroyok bocah loro wani kowe?”

Damarwulan : ................................................................................................................................................................................................................

Patih Logender :“Sik Le… Gandheng kowe kuwi jago, ya kudu ana botohe. Lha nek aku ya genah mbotohi marang anakku.”

Minak Koncar :”Menawi ngaten kakang, Damarwulan ing ngriki mung ijen. Kula ingkang dados botohipun Damarwulan.”

Paman Logender :”Lha totohane, totohane ora angel-angel. Totohane sapa sing kalah bur manuk minggat.”

Minak Koncar :”Bur manuk, sing kalah minggat. Nggih ngoten.”

Patih Logender :“Wani kowe, Lan?”

Damarwulan : “Wantun…”

(Damarwulan gelut karo Layang Seta, Layang Kumitir. Pungkasane Layang Seta lan Layang

Kumitir kalah. Patih Logender ngetokake keris nanging dialangi Anjasmara, Waita, lan

Puyengan)

Minak Koncar :“Ajeng napa ndika? Lha kok perang anake kalah banjur ngliga pusaka njur karepe pripun?”

Patih Logender :”Arep dakbelani anakku.”

Minak Koncar :”Lha kok ngliga pusaka?”

Patih Logender :”Iki saka guguping atiku, ora ngerti-ngertia rumangsaku sing tak unus pusakaku sing dak candhak kuwi sing iki (nudhing Layang Seta), lha

kok malah sing dakcandhak sing iki (nudhing Damarwulan). Dadi aku ora arep mateni si Damarwulan. Ngono lho Car.”

“Ta… Tir… Gandheng kowe sakloron wis ora kena dijago-jagokake mangka kudune kowe sakloron junjung drajate rama, mangka totohane iki sing kalah bur manuk. Mula minggat hayo padha minggat!”

Layang Seta + : “Nggih Rama!”

Layang Kumitir (Layang seta, layang kumitir, Patih Logender banjur lunga)

Minak Koncar :”Sendika Sang Juwita Ratu. Rehning sampun wonten karampungan, pramila panguwaos kula kunduraken wonten ngarsa dalem Sang Juwita Ratu.”

Kencana Wungu :”Sampun cetha ing kalenggahan menika ingkang saged bingkas karya menika Damarwulan. Paman Minak Koncar ingkang dados paseksen Damarwulan, Ingsun jumenengaken narendra ing Majapait, lan badhe daksuwitani.”

(Kairing gendhing panutup, Kencana Wungu mudhun. Damarwulan lungguh ing dhampar kencana Majapait)