Upacara HUT Ke 258 (2014) Kota Versi Jawa

download Upacara HUT Ke 258 (2014) Kota Versi Jawa

of 3

description

Upacara Hut Jogja Versi Jawa

Transcript of Upacara HUT Ke 258 (2014) Kota Versi Jawa

  • 1

    WALIKOTA YOGYAKARTA

    SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA YOGYAKARTA

    Tanggal, 7 Oktober 2014 Assalamualaikum Wr.Wb Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya.

    Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya.

    Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun,

    dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan

    mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta.

    Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah

    dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah

    ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha

    Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya

    pambangunan Indonesia.

    Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran

    Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel

    tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa

    Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu

    pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun

    jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking

    pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang

    salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha

    Ngayogyakarta.

    Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking

    tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi

    kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun

    prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun

    kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun-

    jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu

    tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti.

    Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang

    endah, mulya saha mukti.

  • 2

    Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang kula gadhang-gadhang.

    Minangka wujud syukur saha caos pakurmatan kagem para leluhur, sedaya

    warga masyarakat supados golong gilig nedahaken raos katresnanipun dhumateng

    Kitha Ngayogyakarta mawi cara ekspresi karya ingkang maneka warni saengga

    rerangken acara pengetan ambal warsa kaping 258 (kalih atus seket wolu) Kitha

    Ngayogyakarta ingkang kanthi tema Pesta Rakyat Jogja dados grengseng saha

    mumpangati. Pengetan ambal warsa menika kawiwitan saking Festival Seni ing 45

    (sekawan dasa gangsal) kalurahan, masang lampion ing 13 (tigang welas)

    panggenan strategis sa-Kitha Ngayogyakarta, Pawai Pedagang Pasar ing Gebyar

    Pasar Tradisional Kitha Ngayogyakarta warsa 2014, Pameran Patung Jogja 258,

    Grebeg Mall, Panggung Rakyat Jogja, saha minangka gongipun, dinten menika

    tanggal 7 Oktober 2014 enjing, dipunwontenaken apel/upacara ing sedaya

    SKPD/Unit Kerja miwah sekolah-sekolah sa-Kitha Ngayogyakarta sarta ing mangke

    sonten badhe dipunwontenaken Pisowanan dhumateng Sri Sultan

    Hamengkubuwono X (kaping sedasa) saha kalajengaken kanthi Pawai Budaya.

    Pamarentah Kitha Ngayogyakarta minangka pangemban amanah

    masyarakat, ugi tansah mbudi daya negesi saha ngginakaken istimewanipun

    Ngayogyakarta kanthi makarya saestu nginggilaken kinerja ngladosi masyarakat.

    Sadangunipun wekdal ing warsa 2013 (kalih ewu tiga welas - 2014 (kalih ewu

    sekawan welas) menika, maneka warni partisara sampun kagayuh saha dados

    cihna makarya ingkang golong gilig saiyeg saeka kapti, antawisipun Pamerentah

    Kitha Ngayogyakarta kaliyan warga masyarakat. Partisara-partisara kasebat, ing

    antawisipun inggih menika:

    1) Ingkang angka setunggal, Partisara PARASAMYA PURNAKARYA NUGRAHA,

    Partisara menika kaparingaken dhateng Kitha Ngayogyakarta ingkang dipunbiji

    nggadhahi prestasi kinerja linangkung ing babagan lumampahing Pamarentah

    Dhaerah.

    2) Angka kalih, Partisara Indonesia Digital Society Award (IDSA) 2014, IDSA

    menika papan partisara kangge kabupaten/kota saindenging Nuswantara ing

    babagan pangginaan saha pambangunan teknologi, informasi saha komunikasi

    ingkang ancas tujuanipun kangge nggambaraken, ngukur saha ngaosi kitha-

    kitha dalah kabupaten ing Indonesia nggepok senggol kaliyan siyap siyaganipun

    lumebet jaman digital.

    3) Angka tiga, partisara OPINI WTP, partisara menika minangka asilipun sedaya

    punggawa ingkang makarya kanthi saestu saha kanthi jejeg tansah nindakaken

    proses akuntabilitas arta kanthi sae saengga Pamarentah Kitha Ngayogyakarta

    saged nggayuh malih WTP ingkang kaping gangsal.

    4) Angka sekawan, partisara INDONESIA GREEN AWARDS (IGA) 2014, partisara

    menika kagayuh awit saking komitmen Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata

    lingkungan, ing antawisipun kanthi program-program pandhapuking Jaripolah

  • 3

    (Jejaring Pengelola Sampah), Peningkatan Kapasitas dan Akses Informasi

    Sumber Daya Lingkungan Hidup sarta pambudidayanipun RTH kanthi damel

    Taman Kota, Mengembangkan Kampung Hijau Perkotaan, sarta Pasar Sehat

    Tradisional.

    5) Angka gangsal, partisara WAHANA TATA NUGRAHA, partisara ingkang dipun-

    gayuh ing warsa menika minangka Wahana Tata Nugraha Kategori Lalu Lintas,

    ingkang saderengipun, Kitha Ngayogyakarta pikantuk partisara ingkang sami ing

    Kategori Angkutan. Partisara warsa menika minangka cihna estu-estunipun

    Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata kebaking arus lalu lintas.

    Partisara-partisara kasebat minangka cihna estu-estunipun Pamarentah

    Kitha Ngayogyakarta anggenipun suka paladosan ingkang paling sae dhateng

    masyarakat, makarya patembayatan ingkang nyatunggal greget, ing antawisipun

    bilih sedaya SKPD, saha panyengkuyung sarta cancutipun ingkang aktif saking

    sedaya elemen masyarakat. Pramila saking menika, minangka Pimpinan ngladosi

    masyarakat Kitha Ngayogyakarta, Kula mahyakaken agenging panuwun ingkang

    tanpa pepindhan, saha paring aos dhateng sedaya SKPD, sedaya ewoning

    masyarakat ingkang sampun makarya sesarengan negesi saha ngginakaken

    istimewanipun Ngayogyakarta kanthi nyengkuyung ing sadaya program

    pambangunan.

    Kula ngajak dhateng sedaya komponen masyarakat kangge nginggilaken

    mandhireng pribadi, dhisiplin, peduli saha sesarengan nglantaraken Kitha

    Ngayogyakarta dados kitha ingkang aman, nyaman, tentrem, berbudaya dalah

    berkarater sarta kuwawi nyukani kamukten dhateng sedaya warga saha ing

    akiripun, saged nyukani iguh pratikel kangge majengipun bangsa saha NKRI.

    Menika minangka nilai hakiki makarya kathi estu-estu ingkang kedah kita gayuh

    sesarengan.

    Mugi-mugi Allah SWT paring kakiyatan dalah pitedah tumrap kita sedaya

    supados kita tansah saged makarya tuwin mbangun Kitha Ngayogyakarta ingkang

    kita tresnani sesarengan. Istimewa warganipun, sami kaliyan kithanipun ingkang

    istimewa.

    Dirgahayu Kitha Ngayogyakarta.

    Salam Jogja Istimewa kagem Indonesia.

    Wassalamualaikum Wr. Wb.

    WALIKOTA YOGYAKARTA

    H. HARYADI SUYUTI.