UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI...

10
UKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1 BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG

Transcript of UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI...

Page 1: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

UKBM BHS JAWA-3.1/4.1/1/1-1

BAHASA JAWA

PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG

Page 2: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

1. Identitas

a. Nama Mata Pelajaran : Mulok Bahasa Jawa

b. Semester : 1

c. Kompetensi Dasar :

d. Materi Pokok : Teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan

lainnya)

e. Alokasi Waktu : 2 JP x 4 Pertemuan

f. Tujuan Pembelajaran :

g. Materi Pembelajaran

UKB BJW-3.1/4.1/1/1-1 Bahasa Daerah-Jawa

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita,

artikel, laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis.

4.1 Menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra

sesuai kaidah secara lisan dan tulis.

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta

didik dapat mengidentifikasi, memahami, menganalisis,

menginterpretasikan, menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra

(berita, artikel, laporan, dan lainnya) sesuai kaidah secara lisan dan tulis,

sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama

yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan

bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir

kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi(4C).

BJW-3.1/4.1/1/1-1

Page 3: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

2. Peta Konsep

3. Kegiatan Pembelajaran

a. Pambuka

Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Sawise nggatekake gambar ing sisih tengen, apa

awakmu tau maca buku, majalah, koran kang

nganggo basa Jawa? Apa jeneng buku, majalah,

koran iku? Ing era iki, generasi mudha saya

suwi saya lali karo basa daerah. Basa daerah

dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep

kuna. Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan

uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku,

kita generasi muda kudu nglestarekake basa

jawa supaya ora luntur.

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana

kang patitis!

1. Coba jlentrehna penyebabe generasi muda

ora iso patitis ngomong gawe basa jawa?

2. Kena apa kita kudu nglestarikake basa jawa?

3. Kepriye carane nglestarikake basa jawa?

4. Coba jlentrehna kahanane basa kang digawe ing lingkungan daerahmu?

Teks

Nonsastra

Menganalisis

Teks Nonsastra

Mengidentifikasi

Struktur Teks Nonsastra

Memahami Jenis Teks

Nonsastra

Menganalisis

Karakteristik Teks

Nonsastra

Mengekspresikan

Teks Nonsastra

Meringkas Teks

Nonsastra

Menulis ulang Teks

Nonsastra

Membaca Ekspresif

Teks Nonsastra

Page 4: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Kagiyatan 1

5. Ing papan panggonanmu, apa ana wong kang gawe basa jawa? basa jawa apa kang

digawe, ngoko napa krama?

b. Kagiyatan Inti

1. Pituduh Pasinaon iki:

1) Sadurunge miwiti nyinaoni UKB, awakmu amrih kudu ngaturake dunga supaya

diwenehi mupangat kang maksimal.

2) UKB iki disinaoni kanggo mangerteni jinise teks nonsastra kang kalebu teks artikel

utawa berita. Pasinaon iki supaya bias mengerteni, jinise teks artikel, cara nganalisis

struktur artikel, ngringkes artikel, lan carane nulis artikel.

3) Sajrone nyonaoni saben kagiatan pasinaon, awakmu kudu nggarap gladhen/ Gladhen

sing wis disediakake kanggo mangerteni sepira siswa wis nguasai isi sing kinandhut

ing njerone kagiatan kasebut.

4) Nalika awakmu maca UKB iki, awakmu bakal dinilai ngenani pamahaman sajrone

ngidenifikasi, ngerteni, nganalisis struktur, ngringkes artikel lan nulis artikel., sing

kaperang dadi jinise artikel, struktur artikel, cara ngringkes artikel, lan cara nulis

artikel.

2. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Teks Nonsastra

Nyemak Teks Artikel Bab Lingkungan Hidup

Semaken kanthi premati, teks artikel kang diwaca dening kancamu!

Rusake Lingkungan Hidup

Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange

sumberdaya bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake

lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate

dielingake dening ―High Level Threat Panel PBB. Rusake lingkungan amarga saka maneka

warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.

Artikel yaiku tulisan kang isine penggalih penulis kang ngandharake sawijining

prakara tartamtu. Prakara-prakara iku aktual lan kadangkala kontroversial. Artikel

nduweni tujuwan kanggo menehi warta (informasi), pangajak (persuasif),

panyaruwe (argumentatif), lan panglipur kanggo pamaca. Artikel disabarake

lumantar ariwati (koran), kalawarti (majalah), bulletin, lan sapiturute.

Definisi

Page 5: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni

potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening

faktor alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan.

Kamangka menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap

awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine

alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu.

Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya

sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane

manungsa. Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki

bisa anjalari ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga.

Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal

pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.

Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor

alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju

nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki

nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa

kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang

uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan.

Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan

kapitunan tumrap manungsa dhewe.

Sumber : http://www.konsultankolesterol.com/kerusakan-lingkungan-hidup.html

Gladhen 1. Bausastra/ Kamus cilik

1. curese =

.........................................................................

2. karaharjane =

.........................................................................

3. dhahuru =

.........................................................................

4. gunung njeblug =

.........................................................................

5. illegal logging =

.........................................................................

6. kapitunan =

.........................................................................

Upama wis ngerjakake Gladhen 1 , awakmu bisa nerusake Kagiyatan 2.

Page 6: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Kagiyatan 2

Kagiyatan 2 iki, awakmu bakal dikenalake struktur-struktur kang ana ing sajroning artikel.

Artikel kaperang dadi struktur-struktur supaya kepenak yen arep mangerteni.

1. Struktur Artikel

Katrangan :

Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.

Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi artikel.

isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang nduweni

asipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas).

Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks

artikel.

2. Jinise Artikel

Jinise artikel miturut isine yaiku ana 5.

Katrangan :

Artikel narasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining

prakara tartamtu kang kaudi prastawa lan paraga kang ngadhepi sawijining konflik.

Artikel deskripsi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining

prakara tartamtu kang gambarake ngenani sawijining kahanan saengga pamaos kaya

sumerep, mireng, utawa ngrasakake kahanan kasebut.

Artikel eksposisi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining

prakara tartamtu kanggo tambahan informasi tumrap pamaos.

Artikel argumentasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake

sawijining prakara tartamtu kang nduwe ancas mbutekake salah benere sawijining

fakta utawa bukti.

Artikel persuasi yaiku tulisan kang isine penggalih penulis ngandharake sawijining

prakara tartamtu kang nduwe ancas pangajak pamaos supaya numindakake.

Struktur Artikel

Irah-irahan

Pambuka Isi Panutup

Jinise Artikel

Narasi Deskripsi Eksposisi Argumentasi Persuasi

Page 7: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Gladhen 2. Nganalisis Struktur Teks Artikel Sakwise nyinaoni struktur artikel, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule Rusake

Lingkungan Hidup ing kagiyatan 1 banjur tulisen bukti(gagasan pokok) saben stuktur

kanthi ringkes.

No

.

Strukt

ur

Bukti

1 Pambuk

a

......................................................................................................................

................

......................................................................................................................

................

......................................................................................................................

................

2 Isi Andharan 1

.............................................................................................................

......................................................................................................................

.................

Andharan 2

.............................................................................................................

......................................................................................................................

.................

Andharan 3

.............................................................................................................

......................................................................................................................

.................

Andharan 4

.............................................................................................................

......................................................................................................................

.................

Lsp

3 Panutup ......................................................................................................................

................

......................................................................................................................

................

......................................................................................................................

................

(*) Yen ora cukup anggenmu nulis, bias katulis ing sak mburine lemaran.

Miturut panemumu, teks artikel kang judule Rusake Lingkungan Hidup kalebu ing jinis

artikel ...........................................

Andharna buktine

................................................................................................................................................

....

................................................................................................................................................

...........................................

Sawise ngerjakake gladhen 1-2, awakmu ana TUGAS!!

1. Golek artikel ing majalah Panjebar Semangat utawa Jayabaya!

2. Yen wis oleh, pilih salah siji artikel kang ana ing majalah!

3. Golekana strukture banjur andharna buktine padha karo tabel gladhen 2 sadurunge!

4. Kumpulna supaya dibiji karo Gurumu!

Page 8: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Kagiyatan 3

Upama wis ngerjakake Gladhen 2 , awakmu bisa nerusake Kagiyatan 3.

1. Maos Wacan Artikel

Semaken kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!

Paedahe Sampah ing Lingkungan

Ing panguripan, manungsa ora bisa owal saka sampah. Saben dino manungsa trus

ngasilake sampah sing saya suwe saya akeh gunggunge. Sampah ing kuta wis dadi

masalah kang cukup rumit sahingga angel diatasi. Sampah yaiku sisa-sisa barang sing wis

ora dianggo sabanjure dibuwang. Sampah ing negara kita gunggunge akeh banget lan

nyebabake masalah ing pambuangane. Biyen tau ana kuta sing ngadepi masalah ngenani

sampah nganti ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk kang

anggawe kita gumun kanthi sampah sing ana. Sahingga kuta kasebut sempat dijuluki

kutha sampah. Bab iku dumadi amarga winatese papan kanggo mbuwang sampah lan ora

ana alternatif liya kanggo manfaatake sampah seng ana. Sampah sing numpuk nyebabake

ganda kang ora sedhep lan nuwuhake lara sing nular kang mbebayani tumrap manungsa.

ing panggonan liya pawongan mbuwang sampah sakarepe dhewe ing got utawa kali sing

tundane dadekake salah sijine dumadi banjir.

Sampah bisa kagolongake dadi 2 jinis yaiku sampah organik lan sampah an organik.

Sampah organik yaiku sampah seng bisa diolah dene sampah anorganik yaiku sampah

sing bisa kadhaur ulang. Sampah organik bisa kaolah dadi pupuk lan sumber energi.

Sampah paling akeh diasilake saka paomahan lan sampah organik (sampah teles) tuladha

sampah saka pawon, sisa sayuran, kulet woh-wohan lan godhong. Dene sampah

anorganik tuladha botol kaca, botol plastik, omplong lan dluwang.

Jumlah warga kang mludhak lan gaya hidup wargane duweni pengaruh gedhe tumrap

sampah seng diasilake. Yen bab iki ora cepet ditanggulangi bisa saya tambah masalah

sing disebabake amarga sampah. Sampah mbutuhake penanganan saka sakabehe pihak

ora mung pamarintah wae ananging kita kudu aktif nangani masalah kasebut. Paling ora

kita bisa manfaatake sampah asil rumah tangga kita dhewe.

Cara sing bisa dilakoni yaiku sadurunge mbuwang sampah pilah lan pilih luwih

dhisik sampah organik lan sampah anorganik. Sampah anorganik bisa dimanfaatake

kanthi cara ngumpulake sampah anorganik sabanjure diolah kanthi cara gawe kompos.

Upaya pangolahan iki bakal ngasilake pupuk minangka panyubur lemah kanthi

minggunakake aktivitas mikroorganisme, kayata bakteri, Jamur, nyamuk/serangga lan

cacing. Yen kita nduweni lahan/tegalan sing amba sampah organik bisa kapendem ing

pekarangan utawa lahan kosong. Ananging yen lahan kita winates, lebokna sampah sisa

rumah tangga arupa sisa sayuran utawa godhong-godhong ing sajrone kotak. Kotak iki

bisa kita gawe kanthi ukuran 60 x 60 x 20 cm3. Banjur isi kotak karo godhong, sisa

sayuran terus isi cacing abang/lemah sacukupe katambah lemah rong gegem. Tindakna iki

saben dina, suwe-suwe sampah kasebut owah dadi kompos sing bisa digunakake kanggo

nyuburake tanduran kita.

Page 9: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Sampah organik liya sing bisa dimanfaatake yaiku sampah organik kacampur banyu

sabanjure dileboke ing panggonan kang kedap udara lan dijarake sasuwene kurang luwih

rong minggu sahingga dadi biogas. Biogas iki bisa dimanfaatake kanggo masak sing

tingkat polusi luwih sithik.

Sampah anorganik arupa omplong bekas bisa dimanfaatake maneh tuladhone kanggo

pot kembang utawa diwenehake marang pemulung kanggo diolah maneh ing

Pabrik/industri daur ulang semono uga botol bekas omben. Kanggo sampah

dluwang/koran bisa diproses dadi kertas daur ulang. Ancurna kertas karo banyu kanthi

alat blender sabanjure disaring terus dideleh ana cetakan kanggo digaringake. Produk

kertas iki bisa digunakake kanggo maneka warna kerajinan tangan (handycraft)

Manawa kita aktif ngerteni lan nikelake manfaate sampah, ora sethithik kang bisa

kita rasakake pigunane tilas sampah mau, lan wusanane nduweni dampak positif ing

lingkunggan kita Sing uga wigati, kita wis ngirit, ngirit dhuwit yan ngirit energi

Sumber : http://green.kompasiana.com/penghijauan/2013/12/13/artikel-lingkungan-hidup-

618054.htmlb

2. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)

Tembung panggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo

nggandheng ukara. Kalebu tembung panggandheng, kayata:

1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.

2. Utawa nyatakake pilihan.

3. Ananging nyatakake kosok balen.

4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.

5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.

6. Supaya nyatakake tujuwan, ancasan.

7. Sanadyan nyatakake konsesif.

8. Amarga nyatakake sebab.

9. Saengga, mula nyatakake akbibat.

10. kamangka, mangka, yaiku nyatakake panyetha.

3. Ngringkes Artikel

Bab-bab kang kudu digatekake supaya bisa ngringkes saka sawijine wacan, yaiku:

1. Wacan diwaca kanthi premati supaya oleh gambaran isine wacan.

2. Nyatet babagan kang wigati ing wacan.

3. Bisa nggathukake babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan.

4. Babagan kang wigati ditulis maneh kanggo basane dhewe.

Gladhen 3.

Gladhen ngringkes artikel !

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!

1. Siswa mau wis waca wacan artikel kang judule Paedahe Sampah ing Lingkungan,

banjur wacanen maneh kanthi patitis!

2. Catheten babagan kang wigati ing wacan!

3. Ringkesen migunakake basamu dhewe!

4. Awakmu ngringkes ngginakaken basa Jawa Krama !

5. Gunakna tembung panggandheng kanggo ngraket babagan wigati kang wis dicathet!

Page 10: UKBM - " Vidyagata" SMA Negeri 6 Malang – Tempat Ideal ... · BAHASA JAWA PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR DINAS PENDIDIKAN SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG . 1. Identitas a.

Kegiyatan 4

Upama uwis ngerjakake Gladhen 3, awakmu bisa nerusake Kagiyatan 4.

Ing kagiyatan sabanjure, ana materi tatacara nulis artikel dhewe. Supaya awakmu bisa

nulis artikel kanthi bener. Ayo padha nggatekake !!

Ing ngisor iki kalebu cara kanggo nulis artikel, yaiku :

1. Nemtokake topik kang bakal ditulis.

2. Nulis babagan-babagan kang wigati.

3. Golek data kang ana hubungane karo topik kang bakal ditulis.

4. Nulis alenia kapisan, alenia kapisan isine babagan kang isih umum.

5. Babagan-babagan kang wigati iku dijlentrehne maneh kanthi ukara kang cetha.

6. Ing paragraf pungkasan uga nyimpulake utawa nyatakake dudutan kang ana ing artikel

sing wis koktulis.

Gladhen 4. Nulis Artikel

Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!

1. Gawea artikel kang wis ditentokna temane karo gurumu.

2. Sawise gawe artikel, banjur publikasikna marang media online kang kok nduweni.

3. Artikel diwenehi gambar (asli saka olehmu). Tuladhane instagram.

4. Sabanjure matur karo gurumu supaya garapanmu dibiji lan bisa nerusake tes formatif

UKB BJW-3.1/4.1/1/1-1!