TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan...

77
TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH SERAT PARAS TUMRAP MASYARAKAT PANGGINANIPUN SKRIPSI SURATNO 06430325 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

Transcript of TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan...

Page 1: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA

NASKAH SERAT PARAS

TUMRAP MASYARAKAT PANGGINANIPUN

SKRIPSI

SURATNO

06430325

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 2: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

i

TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA

NASKAH SERAT PARAS

TUMRAP MASYARAKAT PANGINANIPUN

SKRIPSI

Dipunajengaken minangka syarat kangge njangkepi gelar Sarjana

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang

Kadhapuk dening:

SURATNO

06430325

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

Page 3: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

ii

KACA PASARUJUKAN

Kula minangka pambimbing I lan II saking mahasiswa IKIP PGRI

Semarang:

Nama : Suratno

NPM : 06430325

Fakultas/ Jurusan : FPBS/ Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Irah-irahan skripsi : Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah Serat Paras

Tumrap Masyarakat Pangginanipun

Kanthi punika ngandharaken bilih skripsi ingkang dipundamel mahasiswa

kasebat sampun purna lan sampun siyap dipunuji.

Semarang, 22 Juli 2010

Pambimbing I, Pambimbing II,

Dr. Bengat, M.Pd. Bambang Sulanjari, S.S.

NPP. 084301217 NPP. 077001187

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

Page 4: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

iii

KACA PANGESAHAN

Skripsi kanthi irah-irahan “Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah

Serat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun” ingkang dipunserat dening

Suratno sampun dipunsaruuki kangge dipunpertahanaken ing sakngajengipun

sidang panitia ujian skripsi Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,

Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, IKIP PGRI Semarang.

Ari : Kamis

Surya : 22 Juli 2010

Panitia Ujian

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M.Hum. Dra. HR. Utami, M.Hum.NIP. 196503161990032002 NPP. 906301107

Anggota Panguji

1. Dr. Bengat, M.Pd. ( )NPP. 084301217

2. Bambang Sulanjari, S.S. ( )NPP. 077001187

3. Kustri Sumiyardana, S.S. ( )

Page 5: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG

Sesanti

Pagesangan dinten sapunika minangka asil saking tumindak ing wekdal

kapungkur, tumindak ing wekdal sapunika namtokaken pagesangan ing

bejangipun.

Gesang punika kangge maringi sakathah-kathahipun boten gesang punika

kangge narima sakathah-kathahipun.

Pisungsung

Pisungsung dipunaturaken dhumateng:

Bapak lan Ibu ingkang sampun suka donga

lan pangestu.

Mbak Yanti, mbak Nur, eyang putri,

ponakanku Rifki ingkang tansah suka

semangat.

Dhik Yani ingkang sampun suka motivasi

lan semangat anggenipun ndamel skripsi.

Kanca-kanca angkatan 2006 ingkang

sampun mbiyantu lan sesarengan sinau ing

IKIP PGRI Semarang.

Kelompok sedulur bodho ingkang asring

geguyonan lan berkegiatan sesarengan.

Page 6: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

v

ATUR CECALA

Kanthi ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng

dumadi ingkang sampun ngrentahaken rahmat saha hidayah-Ipun saengga

panyeratan skripsi kanthi asesirah “Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna Naskah

Serat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun” saged purna tanpa boten wonten

alangan punapa kemawon.

Panyeratan skripsi punika awujud tugas ingkang pungkasan tumraping

mahasiswa kangge njangkepi mata kuliah ing Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,

Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI Semarang.

Sakdangunipun panyeratan skripsi punika, panyerat angsal kathah

pambiyantu saking sedaya pihak. Pramila kanthi andhap asoring manah, panyerat

ngaturaken panuwun ingkang kathah kagem:

1. Muhdi, S.H., M.Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.

2. Ngasbun Egar, S.Pd., M.Pd., Dekan Fakultas Bahasa dan Seni IKIP PGRI

Semarang.

3. Dra. HR. Utami, M.Hum., minangka pangarsaning Program Studi

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang.

4. Dr. Bengat, M.Pd., pambimbing I ingkang sampun sabar suka bimbingan

lan pamawas dhateng kula anggenipun nyerat skripsi.

5. Bambang Sulanjari, S.S., minangka pambimbing II ingkang sampun

kathah paring bimbingan lan seserepan saha pamawas.

6. Bapa saha Ibu ingkang sampun suka donga pangestu ingkang kathah.

7. Bapa saha Ibu dosen PBSJ ingkang sampun nggulawentah ing perkuliahan

IKIP PGRI Semarang.

8. Kanca-kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang angkatan 2006 ingkang

sampun sesarengan sinau ing IKIP PGRI Semarang.

9. Sedaya pihak ingkang boten saged dipunsebataken kanthi mligi ingkang

sampun suka panyengkuyung panyeratan skripsi punika.

Page 7: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

vi

Panyerat nyuwun agunging sih samudra pangaksami bilih anggenipun

panyeratan skripsi punika kathah kekiranganipun saengga boten sampurna. Mugi-

mugi skripsi punika saged suka kawruh tumraping pamaos sedaya. Amin.

Semarang, 22 Juni 2010

Panyerat

Page 8: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

vii

DAFTAR ISI

IRAH-IRAHAN ......................................................................................................i

PASARUJUKAN ..................................................................................................ii

PANGESAHAN ...................................................................................................iii

SESANTI LAN PISUNGSUNG .........................................................................iv

ATUR CECALA ...................................................................................................v

DAFTAR ISI ........................................................................................................vii

SARI PATHI ........................................................................................................ix

ABSTRAK .............................................................................................................x

BAB I PURWAKA ................................................................................................1

A. Wawadaning Prekawis ..........................................................................1

B. Momotaning Prekawis ...........................................................................7

C. Ancasing Panaliten ................................................................................7

D. Mupangat Panaliten ...............................................................................7

E. Panandhesing Tembung .........................................................................8

F. Tata Rakiting Panyeratan .....................................................................10

BAB II LANDHESANING TEORI ...................................................................12

A. Konsepsi Kabudayan ...........................................................................12

B. Mitos ....................................................................................................16

C. Filologi .................................................................................................21

D. Fungsi karya Sastra ..............................................................................22

Page 9: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

viii

BAB III METHODE PANALITEN ..................................................................24

A. Jinising Panaliten .................................................................................24

B. Papan Panaliten ....................................................................................25

C. Dhata lan Sumber Dhata ......................................................................26

D. Cara Nganalisis Dhata .........................................................................28

BAB IV TRANSLITERASI TEKS, FUNSI LAN MAKNA NASKAH SERAT

PARAS .................................................................................................................30

A. Deskripsi Naskah Serat Paras ..............................................................30

B. Sistem Transliterasi Naskah Serat Paras .............................................35

C. Transliterasi Teks Naskah Serat Paras.................................................37

D. Mitos ing Naskah serat Paras ..............................................................49

E. Fungsi Naskah Serat Paras ..................................................................52

F. Makna Naskah Serat Paras ..................................................................54

BAB V DUDUTAN LAN PANYARUWE .........................................................56

A. Dudutan ...............................................................................................56

B. Panyaruwe ...........................................................................................57

DAFTAR PUSTAKA .........................................................................................58

LAMPIRAN.........................................................................................................60

Page 10: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

ix

SARI PATHI

SURATNO. NPM 06430325. Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna NaskahSerat Paras Tumrap Masyarakat Pangginanipun. PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni.Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan Persatuan Guru RepublikIndonesia Semarang. 2010. Pambimbing I: Dr. Bengat, M.Pd.Pambimbing II: Bambang Sulanjari, S.S.

Tembung Wos: Transliterasi; Fungsi; Makna; Serat; Paras.

Prekawis ingkang badhe dipunrembag ing skripsi inggih punikababagan transliterasi, fungsi lan makna naskah Serat Paras. Kados punditransliterasi naskah ingkang dipunserat ngginakaken aksara Arab Pegon menawidipunewahi dhateng aksara Latin. Naskah Serat Paras ingkang dipunanggep sucilan gadhah mitos dening masyarakat punika, punapa wonten fungsi lanmaknanipun tumrap masyarakat ingkang ngginakaken inggih punika masyarakatKabupaten Pekalongan. Ancasing panaliten transliterasi, fungsi lan makna naskahSerat Paras inggih punika kangge mangertosi kados menapa transliterasi teks lankados pundi fungsi lan makna naskah Serat Paras tumrap masyarakatpangginanipun inggih punika masyarakat Kabupaten Pekalongan. Panalitenpunika kangge suka gambaran kajian filologi lan tradisi maosaken naskah SeratParas ing ritual damel griya. Mupangat sanesipun inggih punika saged mangertosifungsi lan makna naskah Serat Paras tumrap masyarakat Kabupaten Pekalongan.

Wonten ing panaliten punika teori ingkang dipunginakaken inggihpunika teori studi filologi modern. Teori filologi modern inggih punika teoriingkang nyinaoni naskah lan varian-varianipun ingkang objekipun naskah utawiteks. Ancas saking studi filologi inggih punika nyajekaken edisi teks ingkangsaged dipunwaos kangge manekawarna kaperluan.

Metode ingkang dipunginakaken ing panaliten punika ngginakakenpendekatan kualitatif lan pendekatan panaliten filologi. Pendekatan kualitatifpunika asipat deskriptif lan dipunginakaken kangge ndhudhah fungsi lan maknanaskah Serat Paras. Pendekatan filologi kangge ntransliterasikaken teks naskahsaking aksara Arab Pegon dhateng aksara Latin. Pangumpulan dhata ngginakakencara wawancara, studi pustaka lan analisis dhata.

Asil panaliten saking prekawis kasebat, panyerat saged mendhetdudutan bilih naskah Serat Paras punika naskah ingkang dipunanggep suci deningmasyarakat ingkang sampun wonten wiwit jaman rumiyin. Sayektosipun naskahSerat Paras punika nggadhahi fungsi lan makna ingkang magepokan tumrappagesangan masyarakat Kabupaten Pekalongan. Naskah Serat Paras boten naskahingkang biasa kemawon ananging naskah ingkang nggadhahi fungsi lan makna.Naskah punika wigati sanget mliginipun ing ritual nginggahaken molo ing tradisidamel griya. Naskah punika wigati amargi wosipun ingkang ngandhut pituturingkang luhur inggih punika tindak-tanduk sugengipun nabi Muhammad.Lumantar tradisi maosaken naskah Serat paras kaajab supados tiyang ingkangkagungan griya saged tumindak nuladha tumindakipun Nabi.

Page 11: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

x

ABSTRAK

SURATNO. NPM 06430325. Transliterasi Teks, Fungsi lan Makna NaskahSerat Paras Tumrap Mastarakat Pangginanipun. PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni.Institut keguruan dan Ilmu Pendidikan Persatuan Guru RepublikIndonesia Semarang. 2010. Pambimbing I: Dr. Bengat, MPd.Pambimbing II: Bambang Sulanjari, S.S.

Kata kunci: Transliterasi; Fungsi; Makna; Serat Paras.

Permasalahan yang diambil dalam penelitian skripsi ini adalahberkaitan dengan transliterasi, fungsi dan makna naskah serat paras.Bagaimanakah transliterasi naskah yang ditulis menggunakan huruf Arab pegonjika dialih aksarakan kedalam huruf Latin. Naskah Serat Paras yang dianggap sucidan bermitos oleh masyarakat tersebut, apakah ada fungsi dan maknanya terhadapmasyarakat yang masih percaya dan mendukung khususnya masyarakatKabupaten Pekalongan.

Tujuan dari penelitian skripsi ini adalah untuk mengetahui bagaimanatransliterasi teks dan seperti apa funsi dan makna Serat paras terhadap masyarakatyang menggunakan yaitu masyarakat Kabupaten Pekalongan.

Penelitian ini untuk memberikan gambaran kajian filologi yangterfokus pada transliterasi teks naskah. Penelitian ini sekaligus memberikangambaran tentang tradisi membacakan naskah Serat Paras dalam upacara ritualmenaikan molo dalam rangkaian pembuatan rumah. Manfaat yang lain daripenelitian ini adalah untuk mengetahui fungsi dan makna naskah Serat Parasterhadap masyarakat penggunanya.

Metode yang diterapkan dalam penelitian ini, penulis menggunakanpendekatan kualitatif dan pendekatan filologi. Pendekatan kualitatif tersebutbersifat deskriptif dan digunakan untuk mengkaji fungsi dan makna naskah SeratParas terhadap masyarakat penggunanya. Pendekatan filologi digunakan untukmentransliterasi teks naskah dari huruf Arab Pegon ke dalam huruf Latin.Pengumpulan data dalam penelitian ini menggunakan cara wawancara denganorang yang berkaitan, studi pustaka serta dengan analisis data.

Hasil penelitian skripsi tersebut, penulis dapat menarik kesimpulanjika naskah Serat Paras adalah naskah yang dianggap suci oleh masyarakat darijman dahulu hingga sekarang. Sejatinya naskah Serat Paras mempunyai fungsidan makna yang berkaitan dengan kehidupan masyarakat Kabupaten Pekalongan.Naskah Serat Paras bukan naskah yang biasa tetapi merupakan naskah yangmemiliki fungsi dan makna. Naskah tersebut sangat penting dalam upacaramenaikan molo dalam rangkaian tradisi pembuatan rumah.

Page 12: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

1

BAB I

PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis

Manungsa punika makhluk ingkang ing pagesanganipun boten saged

uwal saking kabudayan. Kabudayan minangka asiling cipta, rasa, lan karsa

punika nggadhahi ancas ingkang wigati lan karaos sanget tumrap pagesangan.

Fungsi saking kabudayan ingkang dipunlandhesi aosing budi lan pranatan

punika mangke saged mangaribawani gesang ing bebrayan.

Endraswara (2003: 1) ngandharaken bilih sesambetan ing antawisipun

unsur pagesangan punika dados kabudayan. Wosipun kabudayan punika

boten namung kempalaning kawontenan utawi namung babagan ingkang

umum kemawon ananging kanthi tumata peni lan nggadhahi teges.

Pamanggih ingkang sami dipunandharaken Peursen (1988: 9) bilih kabudayan

punika awujud endapan saking kagiyatan lan asil karyaning manungsa.

Sedaya aktifitas kabudayan punika sejatosipun nggadhahi teges

ngremenaken samubarang kabetahan naluri manungsa ingkang sesambetan

kaliyan sedaya pagesanganipun. Koentjaraningrat (2005: 81) nyebataken bilih

kabudayan punika kadosta: 1) Basa, 2) ngelmu, 3) Pranatan sosial, 4)

Ubarampe lan teknologi, 5) Sistem panggesangan, 6) Sistem kapitadosan, 7)

Kaendahan.

1

Page 13: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

2

Dene kabudayan minangka bageyan saking kabudayan ingkang

nggadhahi teges kangge nyekapi kabetahan manahing manungsa ing babagan

kaendahan lan estetika.

Kabudayan ngrembaka lumantar sesambetan ing antawisipun

manungsa kaliyan lingkunganipun. Kawontenan utawi kawontenan tlatah

tartamtu mangaribawani corak lan asil kabudayan bebrayan ing tlatah punika.

Saderengipun Indonesia mardika, miturut Soedarsono (2002: 2-3), kabudayan

ing Jawi kaperang dados kalih golongan inggih punika kabudayan golongan

raja saha para bangsawan lan kabudayan rakyat ingkang nggadhahi ciri

ingkang mirunggan.

Kabudayan ing pesisiran lan pedalaman nggadhahi corak ingkang

benten. Kekalihipun nggadhahi tradisi ingkang kiyat lan ngoyot. Wonten ing

bebrayan pesisiran, corak kabudayan ingkang dipunasilaken boten uwal

saking padamelan masyarakat minangka nelayan. Semanten ugi nalika jaman

mlebetipun agama Islam ing nusantara, ingkang umumipun dipunbeta dening

para pedagang saking tlatah Arab ugi kathah peranipun wonten ing

kabudayan masyarakat pesisir lan kabudayan punika dipunlaksanakaken

kanthi turun-temurun.

Tlatah Jawi punika tlatah ingkang langkung majeng babagan

kabudayanipun tinimbang daerah nusantara sanesipun. Prekawis punika

kabukti saking ngrembakanipun sastra Jawi ingkang kathah sanget cacahipun.

Sastra Jawi punika saged dipunperang dados tiga inggih punika: sastra Jawi

Page 14: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

3

kuna, sastra Jawi tengahan, lan sastra Jawi modern. Dene adhedhasar genre

sastranipun, Pigeaud merang dados sekawan genre. Genre kapisan religi lan

etika, genre kaping kalih sejarah lan mitologi, genre kaping tiga belles-lettres,

lan genre ingkang pungkasan pengetahuan, kesenian, hukum ,cerita rakyat,

adat istiadat, lan campur bawur (Pigeaud, 1967: 2-3). Genre religi lan etika

nyakup karya sastra ingkang jinisipun tutur, mantra, suluk, piwulang, niti,

wirid, lan dongeng (Pigeaud, 1967:47-113).

Satunggaling asil saking sintesa kalih kabudayan ingkang kagolong

sastra inggih punika wontenipun naskah “Serat Paras” ing Dusun

Lemahabang Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan. Kados ingkang

dipunandharaken ing nginggil bilih genre religi lan etika punika nyakup

babagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif

moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan wirid. Naskah “Serat

Paras” ingkang dados objek panaliten punika minangka satunggaling karya

sastra Jawi ingkang genrenipun religi. Punika saged katingal saking wosipun

naskah “Serat Paras”. Wosipun inggih punika kempalan tembang-tembang

macapat ingkang nyariosaken sugengipun Nabi Muhammad saha para

sekabatipun. Tembang-tembang macapat ingkang wonten ing naskah “Serat

Paras” inggih punika tembang Dhandhanggula, Sinom, Kinanti, lan

Asmaradana. Wosipun ugi wonten nasihat-nasihat lan mantra-mantra ingkang

dening masyarakat dipunpitadosi gadhah kekiyatan magis. Naskah “Serat

Paras” punika seratanipun ngginakaken aksara Arab pegon. Dados katingal

Page 15: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

4

saking wosipun naskah punika dipunserat nalika jaman Jawi Islam ananging

wekdal saha papan panyeratanipun boten dipunmangertosi.

Dene miturut para sesepuh adat kampung, naskah “Serat Paras”

punika dipunserat dening Kanjeng Sunan Kalijaga kangge medhiya dakwah.

Menika saged katingal saking wosipun ingkang sampun kaandharaken ing

nginggil inggih punika cariyos sugengipun nabi lan sekabatipun ingkang

luhur ing budi. Ancas saking cariyos punika dipunajab tiyang ingkang

mirengaken saged nuladhani wosipun naskah “Serat Paras” punika.

Bebrayan Pekalongan ngginakaken naskah punika wonten ing ritual

damel griya. Naskah punika dipunwaosaken rikala nginggahaken molo.

Pamaosan naskah punika kedah dipunparingi sesaji ingkang maneka warna.

Sesaji punika arupi ayam panggang, kupat lepet warni pitu, kembang

setaman, pisang raja mas, lan tumpeng. Sanesipun kedah wonten sesajinipun

pamaosan naskah “Serat Paras ” punika ugi kedah madosi dinten lan tabuh

ingkang dipunanggep sae miturut petungan Jawi. Kapitadosan-kapitadosan

punika taksih ngrembaka sanget wonten ing bebrayan Kabupaten

Pekalongan.

Pamaosan naskah punika boten uwal saking mitos, bebrayan

Pekalongan ingkang taksih ngginakaken naskah punika pitados, menawi

sesaji punika wonten ingkang kirang, molo ingkang badhe dipuninggahaken

punika boten saged dipunpasang. Saking punika bebrayan Pekalongan

ngatos-atos sanget lan nganggep bilih naskah punika suci utawi wonten unsur

Page 16: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

5

magisipun. Sanesipun bebrayan Pekalongan ugi pitados bilih griya ingkang

rikala damelipun boten dipunwaosaken naskah “Serat Paras” ing ritual

nginggahaken molo, griya punika boten angsal barokah saking Gusti.

Uwal saking kapitadosan bebrayan punika, menawi dipunpahami

naskah “Serat Paras” nggadhahi ajaran-ajaran etika moralitas Jawi ingkang

luhur sanget. Wosipun ingkang kathah dipunpendhet saking cariyos para nabi

lan sahabatipun arupi tuntunan kagem tiyang Jawi ing dalem tindak-

tandukipun ing padintenan anggenipun srawung kaliyan sesami.

Tamtu kemawon samubarang ing donya punika ewah nut ing jaman.

Semanten ugi kabudayan. Wonten ing pangrembakanipun, kabudayan tansah

ewah amargi sipatipun ingkang dinamis miturut wekdal lan lumampah kanthi

dinamis. Kados ingkang dipunandharaken dening Soekanto (1982: 186) bilih

boten wonten kabudayan ingkang statis; sedaya kabudayan gadhah dinamika

lan ewah. Pangrembakanipun ilmu pengetahuan ingkang ingkang deres

sanget lan pengaruh kabudayan manca njalari ewahipun kabudayan lokal.

Pamanggih ingkang sami ugi dipunandharaken dening Peursen (1988:

11) bilih sapunika kabudayan dipuntingali minangka samubarang ingkang

dinamis, sanes samubarang ingkang statis. Wosipun, kabudayan punika saged

ewah miturut jamanipun gumantung saking bebrayan ingkang nguri-uri.

Tradisi ritual pamaosan naskah “Serat Paras” punika satunggaling

khasanah kabudayan ingkang dipungadhahi bebrayan Kabupaten Pekalongan

ingkang sapunika sampun langka. Dene ngantos sapunika dereng wonten

Page 17: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

6

buku ingkang mirunggan ngrembag babagan naskah punika. Generasi muda

sampun boten mangertosi caranipun maos naskah punika, punapa malih

mangertosi fungsi lan maknanipun.

Sapunika saking 19 Kecamatan ingkang kalebet wilayah Kabupaten

Pekalongan namung kantun 3 Kecamatan ingkang bebrayanipun taksih nguri-

uri kabudayan pamaosan naskah nalika damel griya. Tamtunipun kahanan

punika ndadosaken kawontenan naskah ”Serat Paras” sangsaya ical saking

bebrayan.

Sanes saking punika ugi kathah sanget ingkang boten mangertos

punapa naskah “Serat Paras” lan wosipun punapa sarta makna lan

fungsinipun tumrap bebrayan ing Kabupaten Pekalongan. Menapa malih

cacah naskah punika kawates sanget lan seratanipun ngginakaken aksara Arab

pegon saengga boten sedaya tiyang saged maos. Ningali kawontenan ingkang

mekaten tradisi pamaosan naskah “Serat Paras” ing ritual minggah molo

damel griya samangke saged boten dipunuri-uri lan sampun boten ngrembaka

malih ing bebrayan Kabupaten Pekalongan. Saking kasunyatan ingkang

mekaten, panaliti nyobi ngrembag sakedhik babagan naskah “Serat Paras”

punika kangge nguri-uri warisan leluhur lan mugi-mugi saged nuwuhaken

raos remen kabudayan tumrap bebrayan mliginipun genersi mudha..

Page 18: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

7

B. Momotaning Prekawis

Adhedasar pratelan ing nginggil, pramila pirembagan ing panaliten

punika kaangkah saged kangge ndhudhah sarta mangsuli pitakenan saking

prakawis-prakawis:

1. Kados pundi suntingan teks naskah “Serat Paras” punika.

2. Kados pundi fungsi lan maknanipun naskah “Paras” tumrap masyarakat

pangginanipun.

C. Ancasing Panaliten

Ancasing panaliten punika kangge:

1. Mangertosi suntingan teks saking naskah “Serat Paras”.

2. Mangertosi fungsi lan maknanipun naskah “Serat Paras” tumrap

masyarakat pangginanipun.

D. Mupangat Panaliten

Wontenipun panaliten punika nggadhahi pangajeng-ajeng saged

migunani tumrap panaliti, masyarakat sarta lembaga akademik.

1. Mupangat Teoritis

Panaliten punika nggadhahi mupangat teoritis inggih punika:

Page 19: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

8

a. Suka gegambaran panaliten mitos lan tradisi rakyat.

b. Suka gegambaran panaliten kajian filologi tradisi ing masyarakat.

c. Suka pamawas enggal bab tradisi ingkang gesang ing masyarakat.

2. Mupangat praktis

Mupangat praktis ing panaliten punika:

a. Supados masyarakat mangertos babagan tradisi maos naskah “Serat

Paras” menawi damel griya ing Kabupaten Pekalongan.

b. Supados masyarakat mangertos punapa fungsi lan maknanipun naskah

“Serat Paras” tumrap masyarakat.

E. Panandhesing Tembung

Supados panaliten punika boten suka persepsi ingkang benten-benten,

pramila kedah dipunjlentrehaken kanthi cetha istilah-istilah ingkang

dipunginakaken ing panaliten punika.

1. Naskah

Wonten ing panaliten punika ingkang dados objek inggih punika

naskah, dados tamtunipun kathah gegayutanipun kaliyan Filologi.

Adhedhasar ilmu Filologi, naskah inggih punika kempalaning teks. Dene

miturut Harimurti (2001: 212) istilah teks nedhahaken pangertosan

Page 20: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

9

minangka satuan basa ingkang jangkep ingkang gadhah sifat abstrak.

Dene naskah minangka samubarang ingkang kongkret. Menawi miturut

Baried dkk (1994: 4) naskah inggih punika barang ingkang katingal

(nedhahaken barangipun) Wonten ing KBBI (Suharso dan Retnoningsih:

2005) naskah inggih punika karangan lan sapiturutipun ingkang taksih

kaserat mawi asta; karangan lan sapiturutipun ingkang badhe dipuncetak

lan badhe dipunterbitaken; lembar kathahipun buku lan sapiturutipun.

Naskah ing panaliten punika punika wosipun inggih punika tembang

macapat.

2. Paras

KBBI (Suharso dan Retnoningsih: 2005) paras inggih punika

‘pasuryan; rata, sami rata’. Dene menawi wonten ing Baoesastra Djawa

(Poerwadarminta: 1939) paras inggih punika ‘diketok, dipeceli (dionceki)

sepete kang dhuwur disediakake yen arep diombe banyune (timur

degan)’. Dene miturut para sesepuh bebrayan panggina naskah punika,

naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang wosipun nyariosaken

tindak tanduk, paras utawi sipat Nabi Muhammad ingkang saged

dipunddosaken tuladha. Ananging menawi dipuntingali saking wosipun

naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang nyariosaken nalika

Nabi cukur rema.

Page 21: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

10

3. Transliterasi

Transliterasi utawi alih aksara inngih punika ngubah sistem aksara

dados sistem aksara ingkang sanes (Saputra, 2008: 98). Dene suntingan

inggih punika asil saking kagiyatan ngambali nyusun naskah utawi teks

(KBBI 2001: 1106).

F. Tata Rakiting Panyeratan

Supados anggenipun nyerat skripsi punika saged runtut lan gampil

dipunpahami, pramila dipunperang dados gangsal bab, inggih punika:

Wonten ing kawitan karembag babagan dhedhasar pamilihing irah-

irahan ingkang njlentrehaken babagan wawadan kenging punapa prekawis

punika wigati sanget kangge panaliten. Salajengipun punapa ingkang badhe

dipundudhah saking prekawis punika lan punapa ancas saking panaliten

kasebat. Sasksampunipun dipunpadosi prekawis lan ancas panaliten punika

nggadhahi mupangat punapa kemawon, inggih saking mupangat teoritis

ngantos praktis. Supados boten nyimpang lan ewed anggenipun mangertosi,

dipunbetahaken panandhesing tembung, lan pungkasan kangge nggampilaken

anggenipun nyerat, wonten tata rakiting panyeratan.

Kangge ndhudhah sedaya wonten nginggil punika, dipunbetahaken

teori-teori ingkang gegayutan kaliyan prekawis ingkang badhe

dipunrembag.bab ingkang wosipun punika dipunwastani landhesan teori.

Page 22: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

11

Landhesan teori punika kangge ndhudah naskah “Serat Paras” kanthi teori-

teori ingkang trep lan jumbuh saengga panaliten punika nggadhahi dhasar

ingkang kiyat lan saged dipunuji kesahihanipun. Landhesan punika kangge

ndhudhah punapa konsepsi kabudayan, konsepsi tembang macapat, fungsi lan

makna, mitos lan mistis ing pamaosan naskah “Serat Paras”.

Panaliten punika boten saged lumampah kanthi sae menawi boten

wonten adhedhasar metode ingkang trep lan jumbuh kangge nganalisis

prekawis-prekawis punika. Kados pundi metodhe panalitenipun, papan

panaliten, obyek panaliten, populasi lan pangempalan datanipun sarta cara

analisisipun.

Sasampunipun nggadhahi teori ingkang kiyat lan metodhe panaliten,

lajeng dipundhudhah utawi dipunrembag lan dipunanalisis kajian filologi

saha transliterasinipun naskah “Serat Paras”. Ingkang dipunlajengaken

ngrembag prekawis fungsi lan makna naskah “Paras” tumrap bebrayan

pangginanipun inggih punika bebrayan Kabupaten Pekalongan.

Pungkasan ing seratan, dipunpendhet dudutan saking prekawis-

prekawis ingkang sampun dipunrembag lan sakedhik suka panyaruwe

babagan naskah punika.

Page 23: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

12

BAB II

LANDHESAN TEORI

A. Konsepsi Kabudayan

Sacara etimologis, kabudayan punika asalipun saking basa sanskerta

buddayah, punika wujud jamak saking tembung buddhi ingkang tegesipun

budi utawi akal (ing Soekanto, 1982: 166; Koentjaraningrat, 2005: 73).

Miturut Koentjaraningrat (2005: 72), kabudayan punika sedaya gagasan lan

rasa, tindak tanduk, sarta karya ingkang dipunasilaken dening manungsa

anggenipun gesang ing bebrayan, kanthi cara sinau. Wosipun, kabudayan

punika damelanipun manungsa piyambak. Kabudayan punika dipungadhahi

dening bebrayan, namug wonten bentenipun ing antawisipun kabudayan

bebrayan satunggal kaliyan bebrayan sanesipun. Sedaya nggadhahi

kelangkungan lan kekirangan-kekirangan piyambak-piyambak.

Semanten ugi, Endraswara (2003: 1) nggadhahi pamanggih bilih

kabudayan punika samubarang ingkang gesang, ngrembaka lan ewah tumuju

ancas tartamtu. Kabudayan punika sipatipun dinamis, boten statis, miturut

jamanipun. Pamanggih ingkang sami ugi dipunandharaken dening Peursen

(1988: 11) bilih kabudayan punika samubarang ingkang langkung dinamis

sanes samubarang ingkang kaku utawi statis.

12

Page 24: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

13

Dene miturut Kroeber lan Kluckholn (ing Endraswara, 2003: 4)

definisi kabudayan punika saged kagolongaken dados pitung bab, inggih

punika:

1. Kabudayan minangka sedaya aspek gesanging tiyang ingkang kompleks,

kadosta hukum, seni, moral, adat istiadat ingkang dipungadhahi

manungsa minangka anggota bebrayan.

2. Kabudayan punika minangka warisan tradisi, tegesipun punika

dipunjumbuhaken kaliyan sejarah kabudayan.

3. Kabudayan asipat normatif, tegesipun kabudayan dipunanggep minangka

cara lan pranatan gesanging tiyang, kadosta pangajeng-ajeng, nilai, lan

solah bawa.

4. Kabudayan minangka langkah penyesuaian dhiri manungsa kaliyan

lingkungan ing sakiwa tengenipun, ing bab punika kabudayan kawawas

saking segi psikologi.

5. Kabudayan kawawas minangka struktur, ingkang njlentrehaken pola-pola

lan organisasi kabudayan sarta fungsinipun.

6. Kabudayan minangka asil tumindak lan kepinteran. Kabudayan minangka

samubarang ingkang bentenaken manungsa kaliyan kewan.

7. Definisi kabudayan ingkang boten jangkep lan kirang nggadhahi sistem.

Page 25: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

14

Taksih miturut Kroeber lan kluckhkoln (ing Sutrisno & Putranto,

2005: 9) ngandharaken bilih wonten nem pemahaman ingkang pokok

gegayutan kaliyan kabudayan, inggih punika:

1. Definisi deskriptif: ningali kabudayan minangka totalitas komprehensif

ingkang nyusun sedayanipun pagesangan sosial ingkang nunjuk sedaya

ranah (bidang kajian) ingkang mbentuk kabudayan

2. Definisi historis: ningali kabudayan minangka warisan ingkang

dipunturunaken saking generasi ngantos generasi salajengipun.

3. Definisi normatif: saged mendhet saking kalih wujud. Ingkang kapisan,

budaya inggih punika aturan utawi dalan gesang ingkang mbentuk pola-

pola tindak-tanduk ingkang konkret.

4. Definisi psikologis: maringi tekanan marang peran budaya minangka

piranti pamecah prekawis ingkang damel manungsa saged komunikasi,

sinau, utawi nyekapi kabetahan material ngantos emosional.

5. Definisi struktural: nedahaken gegayutaning aspek-aspek ingkang kapisah

saking budaya kaliyan nyoroti fakta bilih budaya inggih punika abstraksi

ingkang benten kaliyan tindak-tanduk ingkang konkret.

6. Definisi genetis: definisi ingkang ningali budaya saking asal-usul pripun

caranipun budaya punika saged eksis utawi taksih ngrembaka. Definisi

punika nganggep bilih budaya lair saking interaksi antawisipun manunga

Page 26: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

15

lan saged ngrembaka amargi dipunwarisaken satunggal generasi dhateng

generasi salajengipun.

Benten malih kaliyan Koentjaraningrat (1975: 15) ingkang merang

kabudayan dados tigang wujud, inggih punika: 1) ide-ide, gagasan, nilai-nilai,

norma-norma lan pranatan., 2) kompleks aktifitet tindak tanduk ingkang

ngggadhahi pola saking tiyang ing bebrayan., 3) barang asil karyaning

manungsa.

Fischer (1953: 18) ngandharaken menawi kabudayan punika

kadadosan saged saking segi geografis ugi induk bangsanipun. Wosipun bilih

kabudayan punika kadadosan saking asil ciptaning manungsa ingkang

dipunpengaruhi dening kawontenan geografisipun lan induk bangsanipun.

Kadosta ing Jawi, bilih kabudayan ingkang kaasilaken punika kathah ingkang

dipunpengaruhi dening kawontenan geografis, umpaminipun kabudayan ing

kraton kaliyan ing sakjawinipun kraton. Kakalihipun nggadhahi kabudayan

ingkang benten miturut geografisipun.

Miturut Peursen (1988: 10), ing jaman sapunika, kabudayan

dipuntegesi minangka manifestasi pagesangan saben tiyang lan kempalaning

tiyang, benten kaliyan kewan pramila tiyang boten gesang mekaten kemawon

ing tengahing alam ananging asring ngewahi alam punika.

Tamtunipun sadaya punika wonten fungsinipun, semanten ugi

kabudayan. Koentjaraningrat (2002: 190) ngandharaken bilih kabudayan

punika gadhah fungsi minangka satunggaling pedoman ingkang maringi arah

Page 27: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

16

lan orientasi dhateng pagesangan para bebrayan. Istilah “fungsi” punika saged

dipunangge wonten ing pagesangan padintenan utawi ing basa ilmiah kanthi

teges ingkang beda-beda. Miturut M.E. Spiro (ing Koentjaraningrat, 2002:

212-213) ngandharaken bilih panganggening tembung fungsi wonten tigang

cara, inggih punika:

1. Pangangge ingkang nerangaken fungsi minangka hubungan guna antawis

samubarang kaliyan satunggaling ancas tartamtu.

2. Pangangge ingkang nerangaken gayutipun utawi korelasi antawisipun

samubarang kaliyan babagan-babagan sanes.

3. Pangangge ingkang nerangaken gegayutan ingkang dumados antawisipun

satunggaling samubarang kaliyan samubarang sanes wonten ing

satunggaling sistem ingkang terintegrasi.

B. Mitos

Kabudayan ingkang sampun dangu ing bebrayan punika, kathah

sanget ingkang dados mitos. Asil kabudayan ingkang dados mitos umumipun

kabudayan ingkang dipunanggep sakral utawi wigatos tumrap pagesangan

manungsa, ugi saged kabudayan ingkang wonten gandheng cenengipun

kaliyan religi lan magis.

Wonten gandheng cenengipun kaliyan religi lan magis, ing bebrayan

ingkang taksih kenthel ing babagan budaya Jawi. Bebrayan ingkang taksih

Page 28: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

17

pranatan kados upacara adat, ritual-ritual kangge leluhur utawi roh lan

sesajen. Fischer (1953: 134) ngandharaken bilih sanesipun aspek religi lan

magis, wonten aspek sosial. Saklajengipun, tigang aspek kasebat saged

dipunbentenakenananging wonten kadangkalanipun boten saged dipunpethal.

Aspek sosial boten saged dipunpahami menawi boten wonten aspek

religinipun.

Kathah para ahli ingkang gadhah pamanggih babagan mitos, kadosta

Bascom (ing Dananjaya, 1991: 50) ngandharaken bilih mitos punika sami

kaliyan mite. Mite inggih punika cariyos prosa rakyat ingkang dipunanggep

saestu kadadosan sarta dipunanggep suci ening tiyang ingkang nggadhahi.

Paraga mite punika para dewa utawi satengah dewa

Levi-Strauss (ing Endraswara, 2006: 110) ngandharaken bilih mitos

punika sami kaliyan dongeng. Cariyos ingkang lair saking imajinnasinipun

manungsa. Mitos ing Levi Strauss punika boten sami kaliyan ingkang

dipunandharaken dening ahli mitologi. Wosipun Levi-Strauss nggadhahi

pamanggih bilih dongeng kaliyan mitos punika satunggaling karya ingkang

kaasilaken saking imajinasinipun manungsa.

Pamanggih ingkang meh sami dipunandharaken dening Cassirer ( ing

Sumandiyo, 2005: 47), bilih mitos punika asilipun saking emosi lan

wawadanipun saking emosionalipun bebrayan ingkang ndadosaken ilham

sedaya asil karyanipun ingkang mirunggan.

Page 29: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

18

Ilmuwan sanes ingkang ngandharaken babagan mitos inggih punika

Peursen. Peursen (1988: 37) mratelakaken bilih mitos inggih punika cariyos

ingkang suka pandum lan arah tartamtu kangge kempalaning bebrayan.

Wosipun, mitos punika suka rah kangge tiyang ingkang badhe tumindak.

Mitos ing Jawi, kathah sanget ingkang magepokan kaliyan religi lan

magis. Miturut Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 77) mitos boten kedah

dipunjumbuhaken kaliyan sejarah utawi kasunyatan. Levi-Strauss ugi

ngandharaken bilih mitos magepokan kaliyan nalar manungsa lan sedaya

fenomena budaya punika saking daya nalar manungsa piyambak.

Mitos ing ngriki ingkang dipunmaksud dening Levi-Strauss (ing

Ahimsa, 2006: 77) boten sedaya saged dipunjumbuhaken kaliyan kasucen

utawi babagan ingkang wingit amargi ing bebrayan punika dipunanggep suci,

ing bebrayan ingkang sanes namung kawawas biasa kemawon. Pramila

saking punika, ing strukturalisme Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 77) mitos

dipunsamekaken kaliyan dongeng.

Dongeng punika satunggaling cariyos ingkang lair saking daya

imajinasining manungsa. Dongeng, wonten ing Indonesia mliginipun tanah

Jawi taksih kathah sanget ingkang gesang ing jaman samangke ing

antawisipun Tangkuban Prau, Wali Sanga, Baron sekeber, lan taksih kathah

sanesipun.

Miturut analisis saking Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 78), wonten

dongeng ingkang wonten ing tlatah satunggal meh sami kaliyan dongeng

Page 30: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

19

ingkang wonten ing tlatah sanes. Dongeng ingkang meh sami menika boten

ateges namung keleresan kemawon ananging wonten polanipun.

Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 80) ngandharaken bilih mitos punika

meh sami kaliyan basa. Pitungkas-pitungkas ingkang wonten ing mitos

punika kajlentrehaken lumantar basa. Ugi wonten pamanggih ingkang sami

kaandharaken dening Endraswara (2006: 111) bilih mitos punika bageyan

saking basa lan sastra ingkang kedah dipuntuturaken. Substansi mitos punika

boten namung ing gaya kemawonananging wonten ing cariyos ingkang

dipuntampilaken. Miturut Keesing (1981: 106) mitos punika cariyos babagan

asal mulanipunkadadosan donya kados sapunika, cariyos babagan alam

kadadosan-kadadosan ingkang boten biasa saderengipun alam donya punika

wonten. Wosipun mitos punika boten saged uwal saking basa kange

njlentrehaken pitungkas-pitungkas ingkang kakandhut kangge bebrayan.

Dene miturut Peursen (1988: 38) mitos punika nggadhahi fungsi,

inggih punika:

1. Fungsi kangge nyadharaken manungsa bilih wonten kakiyatan ingkang

ajaib.

2. Fungsi kaping kalih inggih punika kangge suka jaminan jaman sapunika.

3. Fungsi ingkang kaping tiga inggih punika bilih mitos suka kawruh

babagan donya.

Page 31: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

20

Mitos punika nggadhahi sipat timeless ingkang tegesipun bilih mitos

punika boten wonten gayutanipun kaliyan wekdal. Punika saged katingal

saking basanipun ingkang umumipun ngginakaken “ing sawijining dina...”,

“nalika jaman semanten...”. mitos punika nggadhahi aspek ingkang dobel

inggih punika aspek sinkronik lan aspek diakronik. Aspek sinkronik inggih

punika mitos ingkang kadadosan ing mangsa rumiyin ananging taksih saged

dipunjumbuhaken kaliyan wekdal sapunika. Aspek diakronik inggih punika

mitos saking jaman rumiyin ananging taksih gesang ing jaman sapunika.

Levi-Strauss (ing Ahimsa, 2006: 86) njlentrehaken bilih unit ingkang

alit ing mitos inggih punika miteme. Kangge ndhudhah mitos kasebat,

kawontenan miteme punika wigati sanget. Taksih miturut Levi-Strauss (ing

Ahimsa, 2006: 86) mratelakaken menawi miteme inggih punika ukara-ukara

utawi tetembungan ingkang wonten gandheng cenengipun lan nggadhahi

teges.

Taksih miturut Levi-Strauss (ing Sutrisno & Putranto, 2005: 141)

ngandharaken bilih mitos inggih punika asil saking kreatifitas phyche

manungsa ingkang boten sadhar nurut kaliyan hukum-hukum tartamtu.

Physche manungsa inggih punika perangan saking kosmos utawi realitas

material ingkang dipundikte dening struktur alam, utawi namung

nggambaraken kosmos punika.

Page 32: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

21

C. Filologi

Studi filologi ing Indonesia inggih punika studi ingkang ngupakara

ngungkapaken nalai-nalai ingkang kakandhut ing bebrayan jaman biyen

lumantar karya-karya sastranipun (Ikram, 1997: v). Panaliten punika ingkang

dados objekipun inggih punika naskah, saking mekaten teori ingkang jumbuh

inggih punika teori filologi. Filologi inggih punika satunggaling ilmu

ingkang nyinaoni naskah lan teks (A. Teeuw: 1984: 252). Saking pangertosan

kasebat saged dipunmangertosi bilih objek panaliten filologi inggih punika

naskah lan teks. Istilah teks nedhahaken pangertosan minangka satuan basa

ingkang jangkep ingkang sifatipun abstrak (Harimurti, 2001: 212). Dene

naskah minangka samubarang ingkang kongkret. Utawi kanthi tembung

sanes, naskah inggih punika barang ingkang katingal (nedhahaken

barangipun) dene teks minangka wos saking naskah kasebat (bdk. Baried.dkk,

1994: 4).

Naskah lan teks ingkang dipunkaji ing dalem filologi, boten sedaya

kahananipun sae ugi wonten naskah ingkang sampun risak lan boten saged

kawaos. Kahanan naskah “Serat Paras” ingkang dados objek taksih cekap sae

ananging wonten sertan-sertan ingkng kirang cetha. Wonten ing ngriki teori

filologi kedah dipunterapaken kangge nganalisis naskah “Serat Paras”

supados ngasilaken analisis ingkang pener.

Ngantos sapunika teori filologi ingkang sampun dipuntepangi inggih

punika teori filologi tradisional lan teori filologi modern. Teori filologi

Page 33: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

22

tradisional inggih punika teori filologi ingkang nganggep varian minangka

seratan ingkang lepat. Dene teori filologo modern inggih punika teori filologi

ingkang nganggep varian seratan minangka kreatifitas penyalin (Baried,

1994:5). Wonten ing panaliten punika ingkang dipunginakaken inggih punika

teori filologi modern. Ananging ing panaliten punika sinaosa ngginaaken

teori filologi modern wonten perangan saking transliterasi ingkang

dipunleresaken dening panaliti kangge njumbuhaken transliterasi kaliyan

paugeran tembang macapat inggih punika tembung ingkang wonten tandha

(...?).

D. Fungsi Karya Sastra

Naskah “Serat Paras” minangka satungaling karya sastra tamtunipun

gadhah fungsi. Kados dene ingkang dipunandharaken dening Kutha Ratna

(2009: 124) bilih karya sastra gadhah fungsi ingkang namtokaken sanget ing

pagesangan bebrayan. Boten wonten bebrayan ingkang boten gadhah karya

sastra, karya seni umumipun. Wonten ing bebrayan fungsi karya sastra

dominan sanget amargi sastra boten namung kualitas estetis ananging ugi etis,

didaktis, hukum, lan adat sanesipun. Wonten ing bebrayan modern karya

sastra ugi gadhah fungsi ingkang namtokaken sanget. Kompleksitas,

heterogenitas, lan sanesipun saking kemajengan ingkang karengkuh dening

bebrayan modern kedah dipunimbangi kanthi manekawarni karya sastra

Page 34: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

23

saengga dumados salarasipun aspek jasmani kaliyan rohani, intelektualitas

lan emosionalitas (Kutha Ratna, 2009: 124).

Taksih miturut Kutha Ratna (2009: 124) karya sastra ugi gadhah

fungsi dados penghubung antawisipun pangripta kaliyan pamaos lan

bebrayan, sae punika bebrayan minangka genesis karya utawi bebrayan

ingkang dipunbayangaken dening pamaosipun. Saking punika ing dalem

gegayutan ingkang langkung wiyar karya sastra punika struktur dialogis ing

dalem mangun sistem komunikasi antawisipun bebrayan, karya, lan pamaos.

Dene miturut Horatius (Sudjiman, 1987:12) karya sastra punika

gadhah sifat deuce et utile, ngremenaken lan mupangat. Dados karya sastra

punika ing satunggal sisi punika ngremenaken, nglipur dhateng pamaos lan

ing sisi sanesipun karya sastra punika maringi alternatif-alternatif nilai,

paugeran-paugeran ingkang piguna tumraping bebrayan. Karya sastra ugi

saged dipunginakaken kangge media kritik sosial magepokan kaliyan sendi-

sendi pagesangan.

Page 35: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

24

BAB III

METODE PANALITEN

A. Jinising Panaliten

Prekawis ingkang dipunajokaken ing panaliten inggih punika kados

pundi fungsi lan makna naskah “Serat Paras” tumrap bebrayan

pangginanipun. Pramila saking punika, panaliten punika ngginakaken

pendekatan kualitatif pendekatan suntingan lan pendekatan makna.

Pendekatan panaliten kualitatif miturut Moleong (2006: 5) inggih punika

panaliten ingkang ngginakaken pendekatan naturalistik kangge madosi lan

mangggihaken tegesipun utawi makna ing babagan fenomena kanthi pawadan

ingkang mirungggan.

Dene Chaedar (2008: 78) ngandharaken bilih panaliten punika naliti

kanthi kawontenan rikala panaliten punika katindakaken utawi dipunwastani

natural setting.

Kangge nganalisis punika, ugi ngginakaken pendekatan strukturalisme

Levi-Strauss. Ahimsa (2006: 26) njlentrehaken, pendekatan punika ngengingi

bilih basa punika wonten gandheng cenengipun utawi korelasinipun kaliyan

kabudayan. Dene sesambetan punika miturut Ahimsa (2006: 206) saged

dipunmangertosi kanthi cara madosi miteme-miteme lan ceriteme lajeng

dipunperang dados episode.

24

Page 36: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

25

Translitersi saking naskah kasebat ngginakaken metode studi filologi.

Miturut Saputra (2008: 79) studi filologi inggih punika studi kabudayan

jaman rumiyin lumantar naskah lan teks. Dhasar saking studi filologi ingkang

langkung pasaja inggih punika kangge njajekaken edisi teks ingkang saged

dipunwaos kangge kawigaten praktis utawi akademis. Dene langkah

krjanipun inggih punika inventarisasi naskah, deskripsi naskah lajeng

transliterasi naskah (Saputra, 2008: 81).

B. Papan Panaliten

Adhedhasar kajianipun, pramila objek lan papan panalitenipun wonten

ing Kabupaten Pekalongan amargi bebrayan ingkang ngginakaken objek

panaliten inggih punika bebrayan Kabupaten Pekalongan. Dene alesan

pamilihing Kabupaten Pekalongan minangka objek ing papan panggenan

panaliten inggih punika:

1. Tradisi maos naskah”Serat Paras” ing ritual nginggahaken molo rikala

damel griya punika wonten ing Kabupaten Pekalongan sinaoso sapunika

sampun boten ngrembaka

2. Tiyang-tiyang ingkang wasis maos naskah “Serat Paras” punika wonten

ing Pekalongan saengga kaajab panaliti saged angsal data ingkang

langkung jangkep.

Page 37: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

26

C. Dhata lan Sumber Dhata

1. Dhata

Dhata wonten ing panaliten punika naskah “Serat Paras” koleksi bebrayan

Dusun Lemahabang Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan.

2. Pangempaling Dhata

a. Sumber Dhata

Sumber dhata ing panaliten punika kaperang dados:

1) Sumber Primer

Sumber primer inggih punika sumber ingkang dipunginakaken

ing panaliten awujud naskah “Serat Paras” lan katrangan-katrangan

lisan utawi saksintena kemawon ingkang mangertosi wos saking

naskah “Serat Paras” sarta tiyang ingkang taksih nindakaken tradisi

pamaosan naskah “Serat Paras”ing ritual minggah molo damel

griya.

Sumber lisan tegesipun pamanggih saking para pamaos naskah

utawi tiyang ingkang mangertosi babagan tradisi punika.

2) Sumber Sekunder

Sumber sekunder tegesipun sumber ingkang kaserat saking

pinten-pinten sumber utawi mediya. Sumber ingkang kaserat

punika dipunpanggihi kanthi cara studi literatur saking buku-buku,

Page 38: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

27

ddokumen-dokumen ingkang sesambetan kaliyan pokok

prekawisipun.

b. Cara Pangempaling Dhata

Panaliten punika ngginakaken pendekatan kualitatif, pramila cara

pangempalan dhata ingkang dipunginakaken inggih punika:

1) Studi Pustaka

Studi pustaka inggih punika teknik pangempalan dhata

ingkang dipunpendhetkanthi cara madosi saking maneka warni

sumber kaserat saking buku-buku umum utawi makalah-makalah

ingkang jumbuh kaliyan panaliten punika:

Sumber-sumber ingkang katulis lan jumbuh kaliyan panaliten

punika lajeng dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber ingkang sanes

angsal kanthi terapan metodhe saengga validitasipun dipunjamin.

2) Teknik Wawancara

Miturut Moleong (2006: 186) wawancara inggih punika wujud

komunikasi verbal ingkang awujud pacelathon lan katindakaken

kaliyan kalih tiyang utawi langkung kanthi ancas angsal informasi.

Ancas sanes saking wawancara ugi kangge nyocokaken dhata

satunggal kaliyan dhata sanesipun. Saengga saking punika saged

dipunpendhet dudutan saking data-datanipun. Wawancara punika

katindakaken dening pihak-pihak ingkang sampun kapilih

Page 39: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

28

minangka informan lan ugi minangka sumber dhata ingkang

dipundhudhah.

Anggenipun wawancara punika kangge madosi dhata ingkang

sipatipun mligi. Pitakenan-pitakenanipun inggih punika pitakenan

ingkang sipatipun fokus kaliyan objek ingkang badhe dipuntaliti.

c. Alat Pangempal Dhata

Jumbuh kaliyan sumber dhata lan cara pangempalan dhata, pramila

alat ingkang dipunginakakenkados ing ngandhap punika:

1) Tape Recorder

2) Cathetan Lapangan

3) Pedhoman Wawancara

D. Cara Nganalisis Data

Cara analisis dhata awujud proses ingkang ngatur urutaning dhata,

nggolongaken ing salebeting pola-pola tartamtu. Cara analisis dhata ingkang

dipunginakaken inggih punika teknik analisis ing antawisipun kasus kanthi

cara ngginakaken metodhe analisis interaktif ingkang nyakepi tigang

komponen, inggih punika reduksi dhata, sajian dhata lan dudutan (Moleong,

2006: 248). Analisis punika lumampah saking tigang aspek kasebat.

Page 40: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

29

Tahap pangempalan dhata punika ngginakaken wawancara kaliyan

informan. Dhata saking informan ingkang satunggal lajeng

dipunbandhingaken kaliyan dhata saking informan sanesipun. Lajeng saking

punika dipunpendhet dhata dudutan ingkang jumbuh kaliyan objek panaliten.

Page 41: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

30

BAB IV

TRANSLITERASI TEKS, MITOS, FUNGSI LAN MAKNA

NASKAH SERAT PARAS

A. Deskripsi Naskah Serat Paras

1. Irah-irahan

Naskah koleksi bebrayan Dusun Lemahabang Kecamatan Doro

punika sinaosa wonten ing naskah punika boten kaserat irah-irahan

ananging miturut katranganipun para sesepuh adat kampung irah-

irahanipun inggih punika “Serat Paras”.

Serat Paras punika miturut katrangan saking para sesepuh bebrayan

ingkang ngginakaken wosipun inggih punika caritos ingkang

nggambaraken pasuryan utawi tindak-tanduk ingkang endah lan patut

dipuntuladhani saking Nabi. Ananging menawi dipuntingali saking

wosipun inggih punika nyaroisaken Nabi Muhammad nalika cukur rema.

2. Wekdal Panyeratan

Ngantos naskah “Serat Paras” punika dipunanalisis panaliti boten

mrangguli katrangan ing naskah ingkang nedahaken wekdal panyeratan

naskah punika.

30

Page 42: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

31

3. Pamrakarsa

Katrangan ingkang gegayutan kaliyan naskah “Serat Paras” panaliti

dereng saged mrangguli. Ananging miturut sesepuh adat kampung lan

bebrayan ingkang ngginakaken, naskah punika dipunprakarsani dening

Kanjeng Sunan Kalijaga.

4. Tlatah Panyimpenan

Naskah “Serat Paras” punika koleksi bebrayan Dhusun Lemahabang

Kecamatan Doro Kabupaten Pekalongan lan dipunsimpen wonten ing

griyanipun Bapak Tasuri ingkang alamatipun RT.2/ 1 Dhusun

Lemahabang.

5. Tlatah Panyeratan

Katrangan ingkang nedahaken tlatah panyeratan naskah “Serat

Paras” punika boten dipunprangguli wonten ing dalem naskah.

6. Kahanan Fisik Naskah Serat Paras

Kahanan fisik naskah “Serat Paras” koleksi bebrayan Dhusun

Lemahabang taksih cekap sae ananging kirang dipunuri-uri. Daluwangipun

warni coklat lan ing pinggiripun sampun lusuh. Naskah “Serat Paras”

dipunjilid ngginakaken benang pethak ingkang kahanan jilidanipun

sampun risak. Ananging mangsi ingkang dipunginakaken kangge nyerat

taksih sae saengga seratanipun saged dipunwaos kanthi cetha.

Page 43: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

32

a. Bahan

1) Bahan naskah : kertas polos warni pethak radi coklat.

2) Bahan sampul : kertas karton warni ijo dipunbungkus plastik.

b. Ukuran

1) Kandelipun naskah : 0,9 cm

2) Ukuran sampul : 15 cm X 10,5 cm

3) Ukuran kaca naskah : 14,5 cm X 10 cm

4) Ukuran kaca ingkang dipunserati : 12,5 cm X 9 cm

5) Jarak antawisipun baris : 0,5 cm

c. Cacahipun kaca

1) Cacah kaca naskah : 60 kaca

2) Cacah kaca ingkang dipunserati : 51 kaca

3) Cacah kaca ingkang kosong : 9 kaca

4) Cacah gatra seratan saben kaca : 9 gatra

d. Nomor kaca

Wonten ing naskah “Serat Paras” saben kacanipun boten wonten

nomoripun.

Page 44: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

33

7. Deskripsi teks Naskah Serat Paras

a. Cacah pada lan pupuh

Naskah “Serat Paras” punika gumathok saking 7 pupuh 88 pada.

b. Wangun

Teks naskah “Serat Paras” awujud tembang macapat ingkang kaperang

dados 7 pupuh, inggih punika:

Pupuh I : Asmaradana, 15 pada.

Pupuh II : Sinom, 29 pada.

Pupuh III : Kinanti, 14 pada.

Pupuh IV : Sinom, 6 pada.

Pupuh V : Asmaradana, 11 pada.

Pupuh VI : Kinanti, 5 pada.

Pupuh VII : Dhandhanggula, 8 pada.

c. Basa

Basa ingkang dipunginakaken ing dalem naskah “Serat Paras” inggih

punika basa Jawi.

Page 45: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

34

d. Aksara

Aksara ingkang dipunginakaken ing naskah “Serat Paras” inggih punika

aksara Arab Pegon.

e. Sasmita Tembang

Sasmita tembang minangka tembung ingkang dipunginakaken kangge

mratandhani asma tembang. Sasmita tembang asring wonten ing

purwaning pada kapisan saben pupuh utawi wonten ing pungkasan

pada. Ananging wonten ing naskah “Serat Paras” asma tembang saged

dipunmangertosi kanthi cetha amargi saben pupuh sampun diunserat

asma tembangipun.

f. Panandha Pupuh lan Bait

Teks naskah “Serat Paras” awujud tembang macapat ingkang kaperang

dados 7 pupuh. Saben purwakaning pupuh lan bait dipunpratandhani

ngangge panandha pupuh lan panandha bait. Wonten ing teks naskah

“Serat Paras” namung wonten setunggal jinis panandha pupuh lan

panandha pada ngantos wasananing teks.

1) Gambar panandha pupuh

2) Gambar panandha pada

Page 46: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

35

3) Panandha gatra

B. Sistem Transliterasi Naskah Serat Paras

1. Transliterasi aksara Hijaiyah

Tabel 1 (transliterasi aksara Hijaiyah)

No Aksara Transliterasi No Aksara Transliterasi

1 A 16 Tho’

2 Ba 17 Dha

3 Ta 18 A’

4 Tsa 19 Ghin

5 Jim 20 Fa’

6 Ha 21 Qof

7 Kho’ 22 Kaf

8 Dal 23 Lam

9 Dzal 24 Mim

10 Ra’ 25 Nun

11 Za 26 Wawu

12 Sin 27 Ha’

13 Syin 28 Lam alif

14 Shot 29 Hamzah

15 Dhot 30 Ya’

Page 47: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

36

Ni’am (wawancara 18 Juni 2010) naskah ”Serat Paras” ingkang

ngginakaken aksara Arab Pegon wonten modifikasi aksara Arab ingkang

dados ciri wonten ing naskah punika, kadosta:

Tabel 2 (transliterasi modifikasi aksara Arab)

No Aksara Transliterasi

1 Ca

2 Ga

3 Nga

4 Nya

2. Transliterasi aksara swara / sandangan wonten ing huruf hijaiyah

Tabel 3 (transliterasi aksara swara)

No Sandangan Transliterasi

1 .......... A

2 .......... I

3 .......... U

4 .......... E

5 .......... O

6 .......... E

3. Sasmitaning Tembang

Sasmita tembang inggih menika tembung ingkang dipunginakaken

kangge mratandani nama tembang. Sasmita tembang asring wonten ing

baris kapisan bait kapisansaben pupuh utawi ing baris pungkasan bait

pungkasan saking pupuh. Ananging wonten ing naskah ”Paras” saben

pupuh sampun dipunparingi nama tembangipun saenggatanpa wonten

Page 48: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

37

sasmita tembangipun pupuh kasebat sampun cetha dipunmangertosi jenis

tembangipun.

Rincian pupuh ing naskah ”Serat Paras” inggih menika:

Tabel 4 (rincian pupuh)

Pupuh Nama Tembang

I Asmaradana

II Sinom

III Kinanti

IV Sinom

V Asmaradana

VI Kinanti

VII Dhandhanggula

C. Transliterasi Teks Naskah Serat Paras

Teori filologi modern inggih punika teori ingkang nganggep varian

seratan utawi suntingan minangka kreatifitas penyalin utawi penyunting

(Baried, 1994: 5). Suntingan utawi transliterasi teks naskah “Serat Paras”

saking aksara Arab Pegon dhateng aksara latin, wonten ing suntingan punika

dipunsajekaken suntingan diplomatik dados namung dipunsunting utawi

dipuntransliterasi tanpa ngkritisi. Dene transliterasinipun inggih punika:

1. Pupuh I Asmaradana (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)

Ingsun amimiti (miwiti?) amuji, anebutna maning sukma, kang murah ingdunya mengko, tur kang asih ing ngahirat, kang pinuji tan pegat, angganjarkawelas ayun, angapura ing wong dusa.

Page 49: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

38

Wonten carita winarni, caritaniya (carita?) para ngulama, murmane ginuritmengko, carita sinungan tembang, anembang (nembang?) asmaradana,kasmaran ingsun ngrungu, bagindha ali winarna.

Kang sinisiyan ing nyuwang (ywang?) widi, bagindha ali miharsa, sakingnabi rasul mengko, kang sinungrahna dening yang, ing dunya ing ngahirat,Nabi rasul mangke amuwus, ing sapa kawulaning nyuwang.

Kawulaning nyuwang (ywang?) kang mu’min, anulisa sipat ing yang,lamon wis katulis mengko, simpenen ing ngumah hiro, sawabipun akathah,angedohaken setan iku, luputa libaning raja.

Lawan luput bilahi malih, adoh saking penyakitan, tan kena cilakamengko, tan kena drengkine jalma, luput teluh tetreganyana, lawanngedohaken satru, tan kena sesuker ika.

Miwah datan kena lali, lawan oleh kabecikan, selawase urip mengko, lantekan tanggane pisan, lan sing sapa amacaha (macaha?), gawenen jimatpuniku, padha lan wong haji ika.

Lawan malih sami neki, mardikaaken wong satunggal, den dohakenbilahine, lan dosane kang kaliwat, angendika (ngendika?) rasulullah,lamon winacakaken wong iku, ing wong lara agelis (gelis?) waras.

Apuranen dosa neki, dening nyuwang agung kang maha mulya, sakingbrekahe (brekah?) rosul mengko, lan anak putu muhamad, hasan husenpuniku, kinentujan (pinentu?) dening yang agung, saking mu’bal mu’talika.

Lan saking seh mahpul puniki, seh mahpul ika miharsa, saking aburohoiroh (roiroh?) mengko, kang sinung rohmad dening yang, abu roirohpuniku, amiharsa carita puniku, saking gusti ali ika.

Angendika (ngendika?) bagendha ali, kang sinung rohmad dening yang,kang kawikanan to mengko, dening satuhune (satuhu?) utusan, nyuwang

Page 50: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

39

(ywang?) agung kang maha mulya, nabi muhamad puniku, kekasihiranyuwang (ywang?) sukma.

Panutan sekehe nabi, pangulune (pangulu?) nabi sedaya, pangulune nabikabeh, kedadiyane (kedadiyan?) nabi adam, antarane kang toya, kelawanlebu puniku, nabi rasul ta mangkono.

Anderbeni (ndarbeni?) andika nabi, ing telaga kalkahosar, kahaniranyuwang (ywang?) sekabeh, amuji pinuji ika, tan pegat pamujinya, awehmupangat ing bisuk, ing tembe hari kiyamat.

Panutan kang bangsa hasim, lan kang bangsa qures ika, lan kang bangsangarab mengko, lan ihrom punika mekah, kelawan ing medinah, lanbangsa ngarab puniku, kelawan bangsa istitamah.

Lawan malih anderbeni, ing toya air janjam punika, lawan padhukuane(padhukuan?) mengko, ing ihjar namine ika, qolbune nabi hiya, kelawanbangsa rohani puniku, nyawane rohmane ika.

Kang ibu namine singgih, aminah nami ika (punika?), kang rama ikawestanya, abdulah asal wong ngarab, anak putune nabi adam, saturun-turune iku, saking nabi ibrohim ika.

2. Pupuh II Sinom (8a, 8i, 8a, 7i, 8u, 7a 8i, 12a)

Kang bangsa nabi utusan, kalawan nabi ismail, bangsanira bangsa ngarab,punika wuwuse malih, sabda ngandika nabi, panjenenganira dinulu, apannurapati andhap, yen jumeneng lan wong kathah luhur dhewe.

Cahyanipun kang wedana, melak-melak anglir sasi, rema lemes ketelaten,irenge yayah minangsi, saben riyaya haji aparas jenggasti rasul, gumawangcahyanira, pamulunira akuning, yen dinulu kadiya mas tanpa huna.

Page 51: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

40

Alise angrerunge ngimba, idepe tumungging ngawit, netrane jahitan raras,amanis yan den tingali, semu belut ya lindri, yen mesem lir pindah curut,madu wus pinesti ika, kang lathi anurut adri, wajanipun gumubyar kadiyamutiyara.

Miwah bebrengose ika, sumrebeng tur jularit, miwah jejenggote ika,patang nyari panjang neki, irunge kerana neki, tenggaknya anglungegadung, bahunya anglir wijang, tengahe amatrem kenges, yen asare kangjaja muji sumbawa.

Suwara pan kadiya kumbang, tan pegat pamuji neki, sawungunira anendra,tumulya agelis ngabekti, nabi Muhammad suci, tan kelawan toya wudhu,nabi mangke angendika, sare netraning sun iki, nora sare ing jerone atiningsun ika.

Astane kadya gendhewa, alemes yen den tingali, tulise walikat kanan,lailahailallah iki, walikat ingkang keri-keri, tulise mangke puniku,muhammad rosulullah, nabi muhammad iki, utusane nyuwang (ywang?)agung kang maha mulya.

Nabi muhammad punika, apan ika anderbeni, wulu kalih lembar ika,gandane mrabu awengi, mapan kadya kasturi, gandanipun amperit arum,astane kalih pisan, rajahe teka angrawit, jarijine kudhun melathi indah.

Cahyane kang pusere ika, angebeki ing sabumi, wangkonge lir masgumawang, asingset yen den tingali, pupunira puniki, lir pudhak sinumpetiku, karone kang delamakan, gamparan pepede singgih, sampeyane medaltoya kalis ika.

Miwah mangke yen lumampah, agancang utusan singgih, dening nyuwangagung kang maha mulya, marang manusa lan jin, lamun kinen amerangi,sekehe kapir puniku, derepun padha islam, anuta agama suci, yen aperangsekedang kung puruna ika.

Page 52: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

41

Den iring-iring ing wewayangan, pinayungan mega esri, yen udan orakodanan, lamun lumampah ing warih, datan teles puniki, sekedhik guyuneiku, lamun katekanan sakit, dadi bekti pan serta wuwuh ganjaran.

Burok tetunggangan nira, jemparing senjata neki, kucing kekasihira,nanging asu alas nenggih, cecek kasakitaneki, susure waja puniku,bebalunge menyawak, amenging wong susur singgih, yen uluk salamdatan kena kadinginan.

Adil yen andum jarahan, ing retna kencana rukmin, sesutya lan intenmulya, sekehe wong islam iki, sabda andika nabi, anak yatin datan kantun,kanjeng nabi punika, datan arsa anggadhuhi, ing sadirham datan arsaanggadhuhana.

Kang manah nora kagungan, gandanipun amrit wangi, anerus gandanekalembak, karingetepun awangi, abecik pakertineki, wuwusipun beberalus, wijiling pangendika, arumanis tur anglungit, pangulune mukminanuntun wong kesasar.

Asih ing tetemu ika, anderbeni sarengat singgih, lan amijiaken ing toya,saking selaning jariji, nabi muhamad iki, sekelangkung muji jatipun, watubisa rerasan, wulan aningarsa neki, angelakokaken ing gunung hud punika.

Awirang ing pangeranira, nabi muhamad iki, agung penangisira, ingsiyang kalawan lastri, angkung sholating wengi, tan pegat pamujinipun,puwasa yen ra hina, isnen hemis bel puniki, siyang ndalu datan pegatpamujinira.

Kekasihe jeng nabi ika, tetiga kabehe singgih, ingkang rumiyin ika,wewangi kang suci, kaping kalih pawestri, nenggih kaping tiganipun, kangtansah ing werdaya, tan nana pamada neki, amung sholat kang daditelenging nala.

Kang umur nabi panutan, sewidak tahun puniki, punjul tigang tahun ika,anulya ngandika nabi, mapan pan kanjeng nabi, garwa putra samiya

Page 53: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

42

muhun, ing wulan rabingul awal, ing tahun dal puniki, ing dina isnentanggalipun kalih welas.

Putrane nabi panutan, wewolu cacahe singgih, ingkang pembayute ika,dewi fatimah puniki, panggulune ta singgih, dewi hafsah jenab iku, lawanmahemunah, suwiyah sodah puniki, kang kekasih awesta dewi rukiyah.

Putrane ingkang jalu ika, anama rahaden qosim, sumandene puniki, radenberahim nama neki, lan malih sumande neki, raden toyib namanipun, putraingkang taruna, raden tohir nama neki, garwanipun jeng nabi ika sesanga.

Garwane kang sepuh dewe, dewi hatijah nenggih, panggulune dewihangisah, kang panengah nama neki, umi habibah iki, dewi hafsah jenengika, lawan mahemunah, suwiyah sodah puniki, kang pamekas awesta umiselamah.

Anenuhun ingkang wewenang, umat tuwan ingkang anulis, angrumpakasipat tuwan, ing kirang langkunge singgih, amung tuwan puniki, yenwonten salahe tanduk, tuwan ingkang ngapuntena, marang umat tuwaningkang anulis, muga-muga angsal supangat tuwan.

Panedhane ingkang anurat, tetepena ing iman neki, ing donya rawuhngahirat, antuka sihe nyuwang widi, lan malih supangat nabi, punikapanedhanipun, den dohaken ing marga sasar, bidengah wilalat singgih,muga-muga antuka sihe nyuwang (ywang?) sukma.

Luputa ing ila-ila, luputa tulah lan sarik, amba nedha pangapura, marangnyuwang (ywang?) kang maha suci, kaping kalih jeng nabi, rosulullahkang linuhung, nedha berkah supangat, ing dunya tekan ngahirat, muga-muga angsal sih pangapura.

Allah tangala ngandika, dateng nabi kang sinelir, duk kalanira aparas, anaperapta wong sawiji, atakan mara jeng nabi, abu bakar delingipun, tuwankadiya punapa, tetkala paras jeng nabi, aparas ambatagan dateng tuwan.

Page 54: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

43

Sapa sinten kang amaras, dateng tuwan kanjeng nabi, jeng nabi ngandikaalon, lah iya kekasih mami, kang aran jabarail, serta ndikane nyuwang(ywang?) agung, iku ingkang amaras, angendika jabarail, allah tuwanrosulullah jumenenga.

Nabi sinten ingkang uninga, ten kala (tetkala?) paras jeng nabi, sinteningkang maras ika, kekuluke saking pundi, miwah dintene singgih, lanpunapa tahunipun, lawan pinten tanggalnya, sasine sasi kang pundi, lawanpinten umure tetkala paras.

Lah tuwan carita kena, bagindha abu bakar angling, du’ kala nira aparas,muhamad ingkang linuwih, kala andika nabi, kala perang wulanipun,amungsuh lan raja lahad, ing bumi mekah go neki, malem isnen wektunemekah puniku.

Nabi kala maca qur’an, mangke perapta jabarail, ambekta ayate ika,mankono unine singgih, iki andikane nyuwang widi, pinesthi andika rosul,nabi nulya angendika, ataken ing jabarail, nulya matur jabarail marangmuhamad.

Eh nabi yuwang kang mulya, iki andikane nyuwang widi, ingkang aningqur’an ika, amesthi ing tuwan singgih, tuwan kinen paras ugi, nabimuhamad amuwus, dateng jabarail alon, jabarail sanak mami, mangsa apaduk ingsun manke pinaras.

3. Pupuh III Kinanti (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a)

Jabarail mangke amuwus (muwus?), mangke sun matur yang widi, tan nasuwe nulya prapta, ing ngarsane nyuwang widi, jabarail matur inggal,dateng wahu ing nyuwang (ywang?) widi.

Lan punapa sasinipun, angendika nira nyuwang (ywang?) widi, ing wulanramedhon ika, kekasih ingsun paras nenggih, jabarail wangsul inggal,perapta (prapta?) ngarsane jeng nabi.

Page 55: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

44

Jabarail nulya matur, dateng nabi kang sinelir, andikanira nyuwang(ywang?) sukma, tuwan kinen paras nenggih, ing wulan romedhon ika,matur aris kanjeng nabi.

Dateng jabarail wahu, tetkala paras jeng nabi, ing ngarsane sapa hiya,jabarail kesah gipih, matur marang allah tangala, sesangat anulya bali.

Kang weruh namane (nama?) nyuwang (ywang?) agung, tan liyan kangmiharsa neki, nabi muhamad angendika (ngendika?), ataken ing jabarail,pan mangke kopiyah (kopyah?) manira, pan sampun paras punampi.

Maringake (maringke?) kasih (sih?) tuwan iku, pan sampun paras nenggih,nulya allah tangala angendika, manke dateng jabarail, mangkata sira deninggal, manjinga jerone suwarga.

Ngambila sira puniku, kang dhonge kayu puniki, kang aran kayu kastuba,ngambila sira sawiji, ange kena kasih ing wang, muhamad ingkanglinuwih.

Iku nugerhane nyuwang agnung, jabarail mangkat agelis, patera kastubasalembar, awilis ing werna neki, wernane tuhune indah, pan tan nana ingdunya iki.

Awerna kadiya (kadya?) puniki (puniku?), agelis binekta tumuli, tan nadangu nulya perapta (prapta?), ing ngarsane kanjeng nabi, jabarail arisamujur (mujur?), dateng wahu kanjeng nabi.

Ngambila kastuba iku, kinen denira yang widi, angangge yaiku iya,kekuluke dateng tuwan singgih, yen sampun paras tuwan, kinen nganggiyapuniki.

Godhonge kastuba iku, ing dunya dereng amanggih, ing werna kadiyapunika, angendika jeng nabi kang sinelir, dateng jabarail ika, sinten kangmaras iki.

Page 56: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

45

Jabarail mangke amuwus, wus matur ing nyuwang widi, kawula kangkinen maras, dateng tuwan kanjeng nabi, atan perentahe nyuwang sukma,angendika kanjeng nabi.

Inggih punapa kasraha nyuwang agung, kasraha ing nyuwang widi, inggihpunapa kasraha nyuwang sukma, jabarail muwus aris, kawula ingkangamaras, nabi kekasih nyuwang widi.

Manira kang maras iku, pangendika nira nyuwang widi, kawula kangkinen maras, dateng tuwan kanjeng nabi, tetkala nabi pinaras ika, jeng nabiing jabarail.

4. Pupuh IV Sinom (8a, 8i, 8a, 7i, 8u, 7a 8i, 12a)

Tetkala nabi pinaras, dateng wahu jabarail, ing tanggal sawelas ika, ingwulan romadhon singgih, ing dina isnen nenggih, sedaya sahabatipun,mangu sakehe tumingal, tetkala paras jeng nabi, pan sedaya pepek aningngarsa.

Rema kapupu sedaya, tan nana tumibing siti, malah sami rerebutan,sekathahe widadari, jeng nabi alon ngendika aris, pira kehe remaning sun,jabarail aris mujur, kehe rema tuwan singgih, pan sakethi tigang laksatigang nambang.

Tigang atus tigang dasa, tiga welas punjul neki, kelawan langkung tetiga,punika cacahe singgih, sekathahe widadari, sedaya sami angrebut, umansalembar-salembar sewang, sekathahe widadari, angendika nyuwang(ywang?) agung kang maha mulya.

Allah tangala angandika, mangke dateng widadari, padha mangkata siraden inggal, maringa kekasih mami, kabeh sira puniki, padha mupuharambet, padha gawenen jimat, remane kekasih mami, talekena marangjariji nira.

Page 57: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

46

Supaya nira sadaya, sun luputaken ing benjing, ing sakehe dusa nira,miwah ingkang animpeni, ing carita puniki, kekasih ingsun acukur, sakingenggon punika, perapta anggone kang suci, sekathahe kang miharsaangetokena.

Sekathahe umat sedaya, para soleh para mukmin, sedaya sun wehi rahmat,umat ingsun kang nimpuni, ing carita puniki, kakasih ingsun acukur,ingsun lebaraken ika, sekathahe dosa neki, sun apura ing tembe harikiyamat.

5. Pupuh V Asmaradana (8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a)

Sun luputaken ing benjing, ing nalikane sekarat, lagi den ambil nyawane,benjing sun (ingsun?) wehi rahmat, lan sing sapa amacaha (amaca?),miwah sekehe kang angrungu (ngrungu?), sipat nabi caritanya.

Miwah ta ingkang anulis, atawa simpena ika, senejan nyiliha bahe, miwahingkang anggawaha, atawa (tawa?) muru kapisan, miwah sekehe kangangrungu, caritane (carita?) jeng nabi paras.

Ingsun wehi selamet (slamet?) benjing, ing dunya tekan ngahirat, sundohaken bilahine, ing benjing hari kiyamah, kerun wana kerun ika,sekathahe siksa kubur, miwah ing dina kiyamah.

Lan tan pegat sun tingali, tan pegat sun wehi rohmat, lan sun reksarencanane, jim lawan iblis laknat, lan ora simpena ika, caritane jeng nabirosul, miwah yen ora macaha.

Miwah yen ora ngajeni, lan sing ora arsa maca, sanak-sanak ingsunsekabeh (kabeh?), amung aja wong satunggal, wong munapek punika, ajaden kon maca iku, miwah lamon andelenga.

Aja den kon maca tulis, aja den wehi miharsa, kerana ta mangkene,sejatine nora arsa, lamun yen angrungu, aja den wehi pitutur, tuwa mahidoing saatar.

Page 58: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

47

Utawi carita iki, simpenen ing umahira, ingsun reksa sak isine, ingumahira sedaya, adoh ing bilahinya, ing dunya ngahirat iku, miwah kangpenggawe ala.

Caritane kanjeng nabi, lamun den gawe lampahan, marang pekir upamane,iku lamon den gawaha, yen arep anganggawe, anenedha mangke iku,pesthi kathah ingkang welas.

Upami arta sademik, den ileni pitung dosa, ingkang aweh iku mangko,saking momane nyuwang (ywang?) sukma, marang wong islam ika,pesthine iku rahayu, kang siji mulih sedasa.

Lan antuk supangat nabi, lan sinung kanugrahan, saking brekahe nyuwang(ywang?) mannon, pan sekehe umat ing wang, lan sing sapa arep begja,amacaha ta ping pitu, saweni aja anendra.

Dateng carita puniki, tetkala nabi pinaras, katurunan iku mangko,rohmating wong tunggal dina, lan rijekine perapta (prapta?), esuk sore orasurud-surud, peraptane (praptane?) teka ya gampang.

6. Pupuh VI Kinanti (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a)

Nabi muhamad mangke amuwus, ataken ing jabarail, jabarail aturira,panduka sampelen gusti, kala dhohir panduka tuwan, ingkang (kang?)mongmong kawula gusti.

Angendika kanjeng rasul, ataken ing jabarail, ingkang ana iku apa, maturmalaikat jabarail, bumi langit durung ana, loh kalampan sampun dadi.

Ngaras kursi dereng andulu (ndulu?), suwarga (swarga) naraka pansampun dadi, dhindhing jalal pan sampun dumadi, nabi muhamadangendika, ingsun taken kang seyekti.

Page 59: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

48

Angendika kanjeng rosul, ataken ing jabarail, ingkang aran lintang johar,iku ngendi surupe sayekti, jabarail aturira, amba nan dereng ningali.

Inggih leres tuwan ingkang sepuh, angendika kanjeng nabi, jabarailaturira, sumungkem ing kanjeng nabi, nabi muhamad angendika, Jabarailsanak mami.

7. Pupuh VII Dhandhanggula (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)

Wonten kidung rumeksa ing wengi, teguh rahayu (ayu?) luputa ing lara,luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan nana wani,miwah penggawe ala, gunane wong ngaluput (luput?), geni temahe(atemahan?) tirta, maling adoh datan (tan?) ana ngarahing kami, gunatutupan sirna.

Sekathahe (sekehe?) lara pan padha bali, sekehe ngama pan saminya(samya?) miruda, kawelas asih pandulune, sekehe beraja luput, kadiyakapuk tibane reki, sekehe wisa tawa, satru galak samiya tutut, kayu agunglemah sangar, siyunge landhak guwaning wang silemah (lemah?) miring,miwah pagipone merak.

Paguyangane warak sekalir, den winaca ing segara asat, pan bisa ngambahtelenge, mapan sari rahayu, ingiderane widadari, rineksa ing malaikat,sekathahe rasul, nabi temahe tunggal, ati adam uteku bagendha esis,pangucapku nabi musa.

Napasku nabi isa kang linuwih, nabi yakub pamirsaning wong, yusuprupaku mangke, nabi dawud suwaraku, miwah sulaiman kasekten mami,iberahim nyawaning wang, idris ing rambutku, bagindha ngali kulitingwang, abu bakar getih daging umar singgih, bebalung bagendha ngusman.

Ya sungsumku fatimah kang linuwih, kang minangka rahayuning badan,ayub minangka ususe, sekehe wudhu tuhu, mapan tunggal kelawan nabi,netraku ya muhamad, pangulune rasul, pinayungan adam sarap, sampunpepek sekathahe para nabi, pan dadi sarira tunggal.

Page 60: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

49

Wonten wiji sawiji, mulane pan dadi pan pinencar dadi saisine jagad,kesembadan dening date, sekathahe kang angrungu, kang amaca kangnimpeni iku, iku dadi rahayuning segara, pan ginariya sesembur, lamunwinacakaken ing tuya, kinariya aduse rare tuwa pan gelis laki, kinariyatambane wong edan waras.

Lamun sira arep anandur pari, puwasaha sawengi sadina, ideranagalengane, wacanen kidung iku, pesthi adoh ama bilahine iki, lamun siraarep lunga perang, wacanen ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhirarep sirep tan nana wani, andulu marang sira.

Lamun sira ayun teguh sekti, lakonana pateng puluh dina, pati geniwekasane, amutiha karuhun, yen wus tutugira ngelampahi, mutih patangpuluh dina, iku wus jangjine yang agung, yen udan ora kahodanan, datanlara katibanan pukul wesi, miwah wesining gorenda.

D. Mitos ing Naskah Serat Paras

Naskah Serat Paras ingkang wonten ing Kabuppaten Pekalongan

punika Naskah ingkang dipunanggep suci dening Masyarakat. Masyarakat

Pekalongan sami pitados bilih wonten ing nskah kasebat wonten unsur

magisipun. Miturut katranganipun Bapak Suwiryo kathah sanget mitos saking

naskah “Serat Paras” kasebat. Mitos punika dipunwiwiti saking crita-crita

ingkang ngrembaka ing masyarakat panggina naskah kasebat.

Mitos ingkang dipunandharaken dening Bapak Suwiryo ( wawancara

17 Juni 2010 ) inggih punika:

Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang dipunanggit dening

Sunan Kalijaga. Naskah Serat Paras punika wosipun cariyos sugengipun Nabi

Page 61: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

50

Muhamad. Naskah ingkang aslinipun dipunserat ngginakaken aksara Jawi

ananging naskah ingkang wonten ing Pekalongan punika ngginakaken aksara

Arab Pegon. Naskah punika ngginakaken aksara Arab Pegon amargi ing

jamam sapunika aksara Jawi ewed dipunwaos an masyarakat langkung

gampil ngginakaken aksara Arab Pegon.

Tiyang ingkang ngajaraken maos naskah “Serat Paras” ing Kabupaten

Pekalongan inggih punika Bapak Muksin. Naskah punika dipunginakaken

utawi dipunwaos nalika ritual nginggahaken molo damel griya. Masyarakat

Kabupaten Pekalongan pitados menawi maosaken nakah punika kedah

wonten sesajinipun. Dene sesaji ingkang kedah wonten ing ritual maos

naskah “Serat Paras” inggih punika wedang teh anyeb lan legi, wedang kopi

legi lan pahit, wedang kopi dipuncampur santen, panggang ayam, golong

ingkang cacahipun kalih welas, bubur kalih bungkus, kupat lepet, jajanan

pasar, pisang mas raja, kembang kinang, kendi isi toya, lan tigan ayam

kampung.

Masyarakat Kabupaten Pekalongan pitados bilih sesaji punika

minamgka sarana kangge ndedonga marang gusti ingkang akarya jagad. Dene

makna saking sesaji-sesaji kalawau inggih punika:

1. Wedang teh anyeb lan legi, wedang kopi legi lan pahit nggadhahi makna

bilih ing pagesangan punika wonten manis lan pahitipun.

2. Wedang kopi campur santen punika gadhah makna bilih dados manungsa

ampun ngantos adigang adigung adiguna.

Page 62: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

51

3. Makna saking panggang ayam inggih punika pagesangan punika sedaya

sampun wonten pasanganipun.

4. Golong kalih welas maknanipun inggih punika minangka pangabekti

marang Kanjeng Nabi lan sekabatipun abubakar, Usman, Umar, lan Ali.

5. Bubur kalih bungkus nggadhahi makna minangka pangabekti marang

kakang kawah adi ari-ari lan sedaya kulawarga ingkang sampun ing alam

kubur.

6. Kupat lepet maknanipun inggih punika minangka sanakipun marang bapa

tani lan biang tani supados dipunparingi kawilujengan rejeki.

7. Jajanan pasar punika maknanipun minangka tulak balak kaki sumyar lan

nini sumyar supados ingkang gadhah hajat saged wilujeng.

8. Pisang mas raja nggadhahi makna kangge nebihaken setan.

9. Kembang kinang maknanipun inggih punika minangka pangabekti marang

roh-roh ing alam kubur.

10. Kendi isi toya nggadhahi makna minangka dedonga marang Gusti

supados isi saking griyanipun dipunparingi adem tentrem.

11. Tigan ayam kampung punika gadhah makna supados manungsa eling

marang asalipun.

Sedaya sesaji kedah jangkep wonten ing ritual maos naskah “Serat

Paras” punika. Masyarakat pitados bilih sesaji punika wonten ingkang kirang

Page 63: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

52

molo ingkang badhe dipuninggahaken punika boten saged dipunpasang utawi

tiyang ingkang kagungan hajat saged nandhang pilara. Boten mangertos

sinten tiyang ingkang nyebaraken mitos punika ananging masyarakat

Kabupaten Pekalongan taksih pitados sanget sinaoso dereng wonten

kedadosanipun.

E. Fungsi Naskah Serat Paras

Naskah “Serat Paras” tamtunipun nggadhahi fungsi lan makna tumrap

masyarakat ingkang ngginakaken. Serat Paras ingkang wiwit jaman rumiyin

ingkang dipunwaosaken ing ritual nginggahaken molo ngantos sapunika

taksih dipunanggep suci amargi kapitadosan masyarakat marang mitos

ingkang wonten. Menawi dipuntingali saking mitos kasebat, naskah “Serat

Paras” punika nggadhahi fungsi:

1. Nakah “Serat Paras” minangka sarana penyadharan

Mitos punika nggadhahi fungsi kangge nyadharaken manungsa bilih

wonten kakiyatan ingkang gaib (Peursen, 1988: 38). Wonten ing naskah

“Serat Paras” fungsi kasebat saged katingal saking makna sesaji-sesaji

ingkang kedah wonten ing ritual maos naskah kasebat. Masyarakat pitados

bilih wonten kekiyatan gaib saking naskah punika saengga ing

pamaosanipun kedah dipunparingi sesaji ingkang maneka warni.

2. Naskah “Serat Paras” minangka jaminan

Page 64: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

53

Peursen (1988: 38) ngandharaken bilih mitos punika gadhah fungsi

kangge suka jaminan jaman sapunika. Fungsi punika katingal saking

ancasipun ritual maosaken naskah “Serat Paras” inggih punika kangge

sarana ndedonga marang gusti ingkang akarya jagad supados tiyang

ingkang damel griya punika dipuntebihaken saking balak lan saged

dipunparingi kawilujengan.

3. Naskah “Serat Paras” kangge suka kawruh

Mitos punika gadhah fungsi kangge suka kawruh babagan donya

(Peursen, 1988: 38). Saking sesaji-sesaji ing ritual pamaosan naskah “Serat

Paras” ingkang maknanipun maringi kawruh babagan pagesangan ing

alam donya punika saged dipunmangertosi fungsinipun.

Naskah “Serat Paras” ugi kalebet karya sastra amargi wosipun inggih

punika pupuh-pupuh tembang macapat. Saking punika tamtunipun ugi

nggadhahi fungsi sanes. Karya sastra punika gadhah sifat deuce et utile,

ngremenaken lan mupangat (Horatius ing Sudjiman, 1987: 12). Saking

punika saged dipunanalisis bilih naskah “Serat Paras” ugi nggadhahi funsi:

1. Naskah “Serat Paras” punika saged maringi panglipur ingkang

ngremenaken amargi naskah punika awujud tembang macapat.

Naskah punika menawi dipunwaosaken kedah dipuntembangaken

miturut paugeran nembang macapat saengga menawi dipunpirengaken

endah sanget. Tiyang ingkang mirengaken saged kalipur saking saking

tembang-tembang ingkang wonten ing naskah kasebat.

Page 65: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

54

2. Naskah “Serat Paras’ punika mupangat sanget tumrap pagesangan

manungsa amargi wosipun ingkang nyariosaken edipeninipun

tumindak Kanjeng Nabi nalika sugeng ingkang saged dipundadosaken

suritauladan tumrap manungsa. Ing sisi sanesipun karya sastra punika

maringi alternatif-alternatif nilai, paugeran-paugeran ingkang piguna

tumraping bebrayan (Horaitus ing Sudjiman, !987: 12), semanten ugi

naskah “Serat Paras” ingkang wosipun ngandhut nilai-nilai luhur

ingkang saged dipundadosaken paugeran tumraping bebrayan.

F. Makna Naskah Serat Paras

Saben kabudayan menapa punika kesenian, tradisi, utawi mitos tamtu

kemawon nggadhahi makna piyambak tumrap masyarakat ingkang

sesambetan kaliyan punika. Semanten ugi naskah “Serat Paras” ingkang

nggadhahi makna kangge masyarakat Kabupaten Pekalungan ingkang taksih

ngginakaken naskah punika.

Naskah “Serat Paras” punika nggadhahi makna piyambak tumrap

masyarakat pangginanipun awit saking fungsinipun. Masyarakat

pangginanipun pitados bilih naskah “Serat Paras” punika kangge sarana ritual

ingkang saged nyadharaken manungsa bilih wonten kakiyatan gaib inggih

punika Gusti ingkang Maha Agung. Naskah kasebat ugi saged dados kawruh

ing pagesangan masyarakat ingkang ndadosaken naskah punika gadhah

makna wigati tumrap ingkang ngginakaken.

Page 66: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

55

Naskah “Serat Paras” ingkang dipunwaosaken ing ritual nginggahaken

molo punika dipunadani minangka raos syukur dhumateng Gusti Ingkang

Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kawilujengan.

Masyarakat kabupaten Pekalongan mliginipun ingkang taksih

ngginakaken naskah “Serat Paras” pitados bilih naskah punika wonten

sesambetanipun kaliyan Sunan Kalijaga ingkang dipuntauladhani dening

masyarakat saengga naskah punika dipunanggep suci.

Kesucian naskah punika ingkang ndadosaken “Serat Paras” nggadhahi

makna piyambak tumrap masyarakat Kabupaten Pekalongan mliginipun

masyarakat ingkang ngginakaken. Kawontenan ritual maos naskah “Serat

Paras” ingkang namung wonten ing Kabupaten Pekalongan ugi ndadosaken

naskah punika nggadhahi makna piyambak tumrap masyarakat.

Page 67: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

56

BAB V

DUDUTAN LAN PANYARUWE

A. Dudutan

Naskah “Serat Paras” inggih punika naskah ingkang awujud

kempalaning tembang macapat (dhandhanggula, sinom, kinanti,

asmaradana) ingkang wosipun nyariosaken sugenging Nabi Muhamad lan

sekabatipun. Wosipun ugi ngandhut pitutur-pitutur utawi nilai-nilai luhur

ingkang saged dipundadosaken tuladha ing pagesangan bebrayan.

Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang dipunpitadosi dening

masyarakat minangka naskah ingkang suci lan namung wonten ing

Kabupaten Pekalongan. Awit naskah punika sampun wonten lan sampun

dipunginakaken ing ritual nginggahaken molo wiwit jaman biyen. Menawi

tiyang badhe damel griya kedah dipunwaosaken naskah punika supados

kulawarga ingkang manggon ing griya kasebat saged dipun paringi

kawilujengan lan adem tentrem ing rumah tangganipun.

Naskah “Serat Paras” ugi nggadhahi mitos inggih punika

mbetahaken sesajen tartamtu menawi badhe dipunwaos ing ritual. Sesajen

punika gadhah makna piyambak-piyambak, ananging intinipun pamaosan

naskah lan sedaya sesajen punika minangka raos syukur dhumateng

ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Jagad. Masyarakat pitados bilih

56

Page 68: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

57

sesajen punika boten jangkep saged ndadosaken ingkang kagungan hajat

angsal balak utawi pilara. Naskah “Serat Paras” punika waunipun

dipunginakaken masyarakat Pekalongan ananging sapunika namung

kantun masyarakat tigang Kecamatan ingkang taksih ngginakaken.

B. Panyaruwe

1. Naskah “Serat Paras” punika naskah ingkang langka lan nggadhahi

kaunikan piyambak saengga kedah dipunuri-uri.

2. Kangge nguri-uri naskah punika, kedahipun boten namung masyarakat

ingkang taksih ngginakaken kemawon, ananging ugi sedaya pihak

inggih punika saking pemerintah, masyarakat lan mliginipun generasi

mudha.

3. Tradisi maos naskah “serat Paras” minangka warisan tradisi kedah

dipunuri-uri kanthi cara nggladhi para mudha supados saged maos

naskah kasebat.

4. Nguri-uri naskah punika saged kanthi cara ngajaraken ptutur-pitutur

becik ingkang wonten ing naskah punika.

5. Nglebetaken naskah “Serat Paras” wonten ing museum dhaerah

supados saged dipunrumat saengga boten risak amargi usia.

Page 69: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

58

Daftar Pustaka

Naskah serat Paras koleksi masyarakat Desa Lemahabang Kecamatan Doro

Kabupaten Pekalongan.

Ahimsa-Putra, Heddy. 2006. Strukturalisme Levi-Strauss; Mitos dan Karya

Sastra. Yogyakarta: Kepel Press.

Badudu, J.S dan Sutan Muhammad Zain. 1994. Kamus Umum Bahasa Indonesia.

Jakarta: Pustaka Sinar Harapan.

Baroroh-Baried, Siti, dkk. 1994. Pengantar Teori Filologi. Jakarta: Pusat

Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Departemen Pendidikan

dan Kebudayaan.

Chaedar, Alwasilah. 2008. Pokoknya kualitatif: Dasar-Dasar Merancang dan

Melakukan Penelitian Kualitatif. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya.

Dananjaya, James. 2007. Folklore Indonesia: ilmu gosip, dongeng, dan lain-lain.

Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.

Djamaris, Edward. 2002. Metode Penelitian Filologi. Jakarta: Pusat Bahasa

Jakarta.

Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra; epistemology, Model,

Teori dan Aplikasi. Yogyakarta: Pustaka Widyatama.

Fischer, TH. 1953. Pengantar Antropologi Kebudayaan Indonesia. Jakarta:

Pembangunan.

Ikram, Achadiati. 1997. Filologia Nusantara, disunting oleh Titik Pudjiastuti,dkk.

Jakarta: Pustaka Jaya.

Keesing, Robert. 1981. Antropologi Budaya, Suatu Perspektif Kontemporer.

Jakarta: Erlangga.

Koentjaraningrat. 2002. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: rineka cipta.

. 1974. Kebudayaan Mentalitet dan Pembangunan. Jakarta:

Gramedia.

. 2005. Pengantar Antropologi I. Jakarta: Rineka Cipta.

58

Page 70: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

59

Moleong, Lexy J. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja

Rosdakarya.

Purwadi-afendy widayat.2006. Seni Karawitan Jawa. Yogyakarta: Hanan

Pustaka.

Peursen, van C. A. 1988. Strategi kebudayaan. Yogyakarta: kanisius.

Poerwadarminta. WJS. 1939. Baoesastra Djawa. Jakarta: JB Wolters Uitgevers

Maatschappij n.v Groningen. Batavia.

Pigeaud. 1967. Literature of Java vol. I. The Hague: Martinus Nijhoff.

Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Stilistika Kajian Puitika Bahasa, Sastra, dan

Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Sutrisno, Mudji & Hendar Putranto. 2005. Teori-teori Kebudayaan. Yogyakarta:

Kanisius.

Susantina, Sukatmi. 2009. Tembang Macapat. Yogyakarta: Panji Pustaka.

Soedarsono. 2002. Seni Pertunjukan Indonesia. Yogyakarta: Gadjah Mada

University Press.

Sudjiman. 1987. Memahami Cerita Rekaan. Jakarta: Pustaka Jaya.

Soekanto, Soerjono. 1982. Sosiologi Suatu Pengantar. Jakarta: Rajawali Press.

Saputra, karsono. 2008. Pengantar Filologi Jawa. Jakarta: Wedatama Widya

Sastra.

Page 71: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan
Page 72: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

60

ASIL WAWANCARA

Nama : Suwiryo

Alamat : Rt.04/ 01 Lemahabang

Tanggal wawancara : 18 Juni 2010

Naskah Serat Paras punika asale saking Sunan Kalijaga ingkang

ngrembaka ing tlatah Pekalongan. Naskah kuwi miturut mbah-mbah jaman biyen

ditulis kanjeng sunan Kalijaga. Serat paras waune kuwi nganggo tulisan jawa,

nanging tulisan jawa dianggep angel dadi sakniki ditulis nganggo aksara arab

pegon. Yen asale naskah kuwi asli Pekalongan.

Dene ingkang nyebaraken naskah Serat Paras yaiku Pak Muksin. Pak

Muksin kuwi wong sing pertama ngajari maca Serat Paras.

Menawi badhe maosaken serat Paras kuwi ana sajene. Dene sajene kuwi

arupa wedang teh manis lan anyeb, kopi manis lan anyeb, wedang kopi campur

santen, golong rolas, panggang ayam, bubur rong bungkus, kupat lepet, juwadah

pasar, gedang mas raja, kembang kinang, kendi isi banyu ditumpangi tigan ayam

jawa.

Tiyang damel griya khususe nalika nginggahaken molo kedah

dipunwaosaken naskah Serat Paras supados sing ngenggoni diparingi slamet,

panjang umur, kathah rejekine, diparingi tentrem keluargane.

Makna saking sesajen kuwi yoiku kangge lantaran wong kang duwe hajat

nenuwun dhateng gusti Allah. Gedang mas raja kanggo ngedohaken setan, teh

manis lan anyeb minangka pralambang urip kuwi ana manise ana pahite dados ing

pagesangan kuwi kudu bisa ngrasakaken seneng susahe. Wedang kopi campur

santen kuwi hikmahe wong kuwi aja golek senenge mawon aja adigang adigung

Page 73: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

61

adiguna. Golong rolas kuwi minangka pralambang ngabekti marang kanjeng nabi

lan sekabatipun abubakar, usman, umar lan ali. Panggang ayam kuwi pralambng

inti sari saking rasa syukur. Bubur rong bungkus ateges ingkang sawadah punika

kanggo ngabekti marang kakang kawah adi ari-ari dene ingkang satunggal kanggo

jalmane wong sing wis nang alam kubur. Kupat lepet minangka sanake bapatani

lan biang tani ingkang mnangka raos syukur supados rahayu rejekinipun. Juwadah

pasar minangka pralambang tulak balak dhateng kaki sumyar nini sumyar sing

jaga latar supados boten ngganggu ingkang gadhah hajat. Kembang kinang punika

pralambang ngabekti marang sanak ingkang sampun ing alam kubur. Dene kendi

isi banyu minangka pralambang nyeyuwun marang gusti supados wong sing

ngenggoni umah saged adem tentrem. Lan tigan ateges nyenyuwun supados

dipunparingi keturunan sing bagus.

Ritual maos Naskah Serat Paras punika wiwit biyen nganti saiki saking

carane maca nganti sajene isih wutuh durung owah sinaoso wong saiki wis ora

nguri-uri lan wis jarang wong sing nggunakaken ritual maca naskah kuwi.

Masyarakat ngertos serat paras nanging kathah ingkang dereng mangertos

maknanipun. Lan namung manut kaliyan mbah-mbah ingkang sampun

mglaksanakaken ritual kuwi mau.

Page 74: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

62

ASIL WAWANCARA

Nama : Muhammad Ni’am

Alamat : Rt. 03/01 Lemahabang

Tanggal Wawancara : 18 Juni 2010

Arab pegon menika sakngertiku boten wonten buku kang ngrembag utawa

dasar. Arab pegon diajaraken turun temurun carane lisan. Ing pesantren-pesantren

wonten pelajaran nulis arab pegon tapi ora tau nganggo buku. Dados aksara arab

pegon kuwi diajaraken lngsung tanpa dasar buku. Dadi sakngetiku aku sinau nang

pondok pesantren durung tau ana buku sing ngajaraken utawa mbahas arab pegon.

Yen sakngertiku arab pegon umume kados:

No Huruf Transliterasi No Huruf Transliterasi

1 A 16 Tho’

2 Ba 17 Dha

3 Ta 18 A’

4 Tsa 19 Ghin

5 Jim 20 Fa’

6 Ha 21 Qof

7 Kho’ 22 Kaf

8 Dal 23 Lam

9 Dzal 24 Mim

10 Ra’ 25 Nun

11 Za 26 Wawu

Page 75: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

63

12 Sin 27 Ha’

13 Syin 28 Lam alif

14 Shot 29 Hamzah

15 Dhot 30 Ya’

No Huruf Transliterasi

1 Ca

2 Ga

3 Nga

4 Nya

No Sandangan Transliterasi

1 .......... a

2 .......... i

3 .......... u

4 .......... e

5 .......... o

6 ........... e

Page 76: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

64

ASIL WAWANCARA

Nama : Doto

Alamat : Rt.03/ 01 Lemahabang

Tanggal wawancara : 19 Juni 2010

Naskah Serat Paras punika ingkang nyipta Sunan Kalijaga kangge

nyejarahaken wong kang durung paham kaliyan ajaran agama islam. Layang paras

kuwi kathah manfaate amarga kathah pitutur-pitutur ingkang becik.

Tembang pertama ing naskah kasebat iku penjabaran saking wacan

basmalah. Naskah Serat Paras ingkang nyebaraken ing tlatah Kabuaten

Pekalongan inggih punika Pak Muksin. Naskah Serat Paras bisane digawe

tembang macapat kuwi supados wong-wong pada seneng.

Tiyang damel griya dipunwaosaken naskah serat paras punika supados

barokah lajeng dipunwaosaken kidung rumeksa ing wengi lan kudu diparingi

sesajen.

Tiyang saniki punika kathah ingkang boten nguri-uri tradisi kuwi amarga

kathah sing ora ngreti. Dadi wong saniki kathah ingkang namung nglaksanakaken

ritual maca Serat Paras ananging boten ngertos maknane.

Page 77: TRANSLITERASI TEKS, FUNGSI LAN MAKNA NASKAH · PDF filebabagan ingkang gegayutan kaliyan ajaran-ajaran ingkang asifat didaktif moralistaik lan mistik kadosta niti, wulang, suluk, lan

65

ASIL WAWANCARA

Nama : Tasuri

Alamat : Rt. 02/ 01 Lemahabang

Tanggal wawancara : 19 Juni 2010

Naskah Serat Paras menika naskah ingkang diwacakaken ing ritual ngunggahaken

molo utawi penganten. Yen maosaken Serat Paras kedah wonten sesajene. Sesajen kuwi mau

kanggo pratandha rasa syukur marang sing gawe urip. Maosaken Serat Paras punika supaya

umah ingkang dienggoni saged barokah angsal keslametan saking gusti. Wong kang percaya

menawi damel griya boten wonten ritual maosaken Serat Paras bakal kena balak. Khususe

wong Doro menawi damel griya mesthi wonten ritual ngungghaken molone. Pokoke ritual

maosaken Serat Paras punika minangka sarana nyuwun keslametan marang gusti Allah.