Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

9
1. Pecawisan a. Pradata lan Pengkhotbah ndedonga wonten ing Konsistori b. Bendhe / Bel – Tandha timbalan pangibadah – Pasamuwan jumeneng c. Prosesi Pradata lan Pengkhotbah. Ltg : Para kadang sutresna pasamuwanipun Gusti, kaparenga pradataning pasamuwan GKJ Semarang Barat ngaturaken sugeng sonten, sugeng rawuh, sugeng pinanggih wonten salebeting pangibadah kelenggahan punika. Pangibadah Minggu Transfigurasi wanci punika badhe dipun pangarsani dening Pdt. / Pnt. ................ kanthi jejer: SIH MIRMANING GUSTI KETINGAL WONTEN ING KAWURYANING KAMULYANIPUN Swawi kita ugi sami seba wonten ing ngarsanipun kanthi ngunjukaken pepujen : KPK 118 : pada 1, 3 INGSUN YEHUWAH ALLAH-IRA 1. Lah Ingsun Yehuwah Allah-ira kang nyepengi tangan-tangan-ira Sestu Allah dados karosan kula, mila kula tresna mring Paduka 1 Minggu, 02 Maret 2014 Tata Pangabekti Minggu - GEREJA KRISTEN JAWA SEMARANG BARAT Pmp : Pemimpin ; Ltg : Liturgos ; Lek : Lektor ;

description

liturgi kebaktian bahasa jawa

Transcript of Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

Page 1: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

1. Pecawisan a. Pradata lan Pengkhotbah ndedonga wonten ing Konsistorib. Bendhe / Bel – Tandha timbalan pangibadah – Pasamuwan

jumenengc. Prosesi Pradata lan Pengkhotbah.

Ltg : Para kadang sutresna pasamuwanipun Gusti, kaparenga pradataning pasamuwan GKJ Semarang Barat ngaturaken sugeng sonten, sugeng rawuh, sugeng pinanggih wonten salebeting pangibadah kelenggahan punika. Pangibadah Minggu Transfigurasi wanci punika badhe dipun pangarsani dening Pdt. / Pnt. ................ kanthi jejer:

SIH MIRMANING GUSTI KETINGAL WONTEN ING KAWURYANING KAMULYANIPUN

Swawi kita ugi sami seba wonten ing ngarsanipun kanthi ngunjukaken pepujen :

KPK 118 : pada 1, 3INGSUN YEHUWAH ALLAH-IRA

1. Lah Ingsun Yehuwah Allah-ira kang nyepengi tangan-tangan-iraSestu Allah dados karosan kula, mila kula tresna mring Paduka

3. Lah Ingsun Yehuwah Allah-ira, kang datan males durakaniraMula dhawuhingsun :”Lah umareka, Ingsun kagungan sih palimirma”.

1

Minggu, 02 Maret 2014 Tata Pangabekti Minggu -

Leksionari

GEREJA KRISTEN JAWA SEMARANG BARAT

Pmp : Pemimpin ; Ltg : Liturgos ; Lek : Lektor ; Psw : Pasamuwan

Page 2: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

2. Votum lan Salam Berkah Pmp : Sumangga pangabekti punika sami kita sengker kanthi

pengaken :P+Psw : Sang Yehuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi

punika tuking pitulungan kita.Pmp : “Sih Rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita

lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing para sedherek (kula) sadaya”.

Psw : 5 . 6 . | 5 . 6 . | 5 . 4 . | 3 . . 0 ||Amin Amin A - min

3. Kidung Pamuji Ltg : Pasamuwan kagunganipun Gusti, sumangga kita

sesarengan ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi ngrepekaken

KPK 14 pada 1, 4ALLAH MAHA SUCI

1. Suci, suci, suci, pinuji Hyang Suci, Allah Maha mulya kang jumeneng RajaSuci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi, titah sadaya bra muji samya.

4. Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donyaNucekken manungsa kang pitados yekti, yogya pinuji langgeng slaminya.

4. Pangakening Dosa a. Angger-anggering Katresnan

2

Page 3: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

Pmp : Pasamuwanipun Gusti. Sumangga sami kita mirengaken dhawuhipun Gusti, inggih Angger-anggering Katresnan, kados ingkang kaserat ing Injil Matius 22:37-40. Dhawuhipun Gusti Yesus bab angger-anggering katresnan mekaten suraosipun:

“Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe. Dene angger- angger kang kapindo kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”

b. Kidung PanelangsaLtg : Saestu keduwung kula menawi nyuraos dhawuh

pangandika Paduka Gusti, amargi kula asring boten ngandelaken Paduka ing gesang kula.Para kadang kinasih, kanthi raos andhap-asor, mangga sami nglenggana lan nggetuni sedaya panerak kita, sarta nyuwun kekiyatan supados sinagedna nindakaken dhawuh timbalanipun, sumangga sami mratobat lan nggetuni dosa kita kanthi ngrepekaken :

KPK 46 : pada 1, 2, 3PANELANGSA

1. Wit sing kathah dosa kula mila tansah kemenganGusti kang madhangi manah myang tuking kabingahan

2. Mugi karsa angaksama ing klepatan kawulaTyas kula mugi dadosa padaleman Paduka

3. Gusti kang kula ndelaken mugi nuntun mring kulaKula badhe ngetokaken ing sakarsa Paduka

5. Pa w artos Sih Rahmat – Pasamuwan jumenengP : Minangka abdinipun Gusti, keparenga kula martosaken

bilih saben tiyang ingkang ngakeni dosa lan kekiranganipun, saha nyuwun pitulungan, supados saged ngestokaken sadaya dhawuhipun Gusti ingkang Maha Asih lan kersa paring sih-pangapunten. Kadosdene Pawartos Sih Rahmat ingkang sinerat wonten :

Serat II Korinta 4 : 63

Page 4: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

Mekaten Sih Rahmatipun Gusti !Psw : Puji sokur konjuk dhumateng Gusti !

6. Kidung Pamuji Sokur Ltg : Pasamuwan ingkang dipun tresnani Gusti,

Allah kita punika Allah ingkang Maha Asih, pramila kepareng paring pangapunten dhumateng kita tiyang ingkang kebak dosa. Pranyata Panjenenganipun sampun maringi Pawartos Sih Rahmat. Pramila sumangga kita ngrepekaken :

KPK 90 : pada 1, 3P A S R A H A

1. Bungaha, susaha, Gusti dak puji, kang mranata gesang kulaKula rinimat kalayan katresnan mila kula pasrah pangrehnya

Refr: Pasraha, pasraha, ing sapangrehe Hyang Makwasa.3. Sanadyan kula kasinungan drajat, kaluhuran miwah

pangkatNamung kula tan prayogi gumunggung, nging tumungkul mring Hyang Maagung

7. Paladosing Pangandika – Pasamuwan lenggaha. Pandonga Epiklese (dening Pmp)b. Pamaosing Kitab Suci

Waosan kapisan Lek : Waosan kapisan kapethik saking :

Pangentasan 24 : 12 – 18Mekaten pangandikanipun Gusti !

Psw : Puji sokur konjuk dhumateng Gusti ! Mazmur Tanggapan (Liturgos) saking : Jabur Mazmur 99 Waosan angka kalih

Lek : Waosan angka kalih kapethik saking Serat II Petrus 1 : 16 – 21

Mekaten pangandikanipun Gusti !Psw : Puji sokur konjuk dhumateng Gusti !

Waosan Injila. Pmp : Pamaosing Injil kapethik saking Injiling Yesus Kristus

manut paseksining : Injil Mateus 17 : 1 – 9 Mekaten pratelan Injiling Yesus Kristus.

4

Page 5: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

”Ingkang rahayu inggih punika tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Allah saha kanthi setya tuhu nindakaken.

Psw : Ngidungaken ”Haleluya”7 | 1 7 5 7 | 1 . . 7 | 1 7 5 7 | 1 . .Ha le lu ya A min Ha le lu ya A min7 | 1 3 4 5 | 4 . . 3 | 5 4 3 4 | 3 . . ||

Ha le lu ya A min Ha le lu ya A minb. Kotbah c. Wekdal Ening

8. Pangaken Pitados – Pasamuwan jumenengLtg : Sesarengan kaliyan umat tebusanipun Allah, sumangga

kita sami nglairaken Pangaken Pitados Rasuli ingkang makaten:

1. Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi

2. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang Putra ontang – anting, Gusti kawula

3. Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.

4. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng-palimengan

5. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah

6. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama ingkang Mahakawasa

7. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah

8. Kawula pitados dhateng Roh Suci9. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal

ingkang suci sarta wradin, inggih patunggaling para suci10. Punapa dene pangapuntening dosa11. Tanginipun raga12. Sarta gesang langgeng

9. Pandonga Safaat (Pengkhotbah) – Pasamuwan lenggah10. Pisungsung

a. Ltg : Pangandikanipun Gusti minangka pangatag anggen kita badhe nyaosaken pisungsung kaserat wonten ing :

Serat II Korinta 9 : 10 – 11 5

Page 6: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

Swawi kita ngaturaken pisungsung kanthi memuji asmanipun Gusti saking:

KPK 186 (pada 1 ngantos sacekapipun)PISUNGSUNG KONJUK MRING GUSTI

b. Pandonga pisungsung dipun pungkasi donga ”Rama Kawula”. (Pengkotbah).Dhuh Rama kawula ingkang wonten ing swarga,

Asma Paduka mugi kasucekaken. Kraton Paduka mugi rawuh

Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga.

Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kelepatan

dhateng kawula.Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken

dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.

Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa, tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin

11. Kidung Pangutus Ltg : Pasamuwan kagunganipun Gusti, sumangga sami atur

prasetya bilih kita siaga ing gati, jumbuh kaliyan timbalanipun Gusti Yesus ingkang sampun rawuh ing gesang kita. Kita sami badhe nilaraken papan pangibadah lan wangsul wonten ing gesang padintenan lan sumadya dados seksi bilih Gusti Yesus minangka ratuning jagad, kanthi memuji :

KPK 149 pada 1GUSTI NUNTUN

Gusti nuntun lampah kula saklangkung nggen kula begjaCelak miwah tebih ugi, tansah dipun kanthi Gusti

Refr: Nggih Gusti kang nganthi kula, astanya pyambak kang ngreksaMila kula manut Gusti, kang dados Panebus yekti

6

Page 7: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

12. Berkat – Pasamuwan jumenengPmp : Sumangga sami nilaraken dalem pamujan punika kanthi

suka bingah, saha sami sumanggem ngestokaken dhawuhipun Allah. Sami nampenana berkahipun Gusti:”Pangeran Yehuwah maringi berkah dhateng panjenengan (kula sedaya) lan ngayomi panjenengan (kula sedaya)”.“Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wedananipun dhateng panjenengan (kula sedaya) lan maringi sih rahmat”.“Pangeran Yehuwah nungkulaken wedananipun dhateng panjenengan (kula sedaya) lan maringi tentrem rahayu”. AMIN.

13. Kidung Panutup Ltg : Pangibadah sampun purna, berkahing Allah sampun

kababar ing jiwa raga kita, sumangga sami wangsul kanthi kebak suka gembiraning manah, kanthi mbekta tekad saha greget sautmituhu ing dhawuhipun Gusti. Sugeng pinanggih malih ing Sabat candhakipun lan mangga memuji asmanipun Gusti kanthi :

KPK 175 : pada 1, 2TIYANG RAHAYU

1. Rahayu kang mlarat budi, wit darbe kraton swargiRahayu tyang kang prihatin, wit nampeni panglipur yekti

Refrein : Sang Kristus Guru sejati, sabdanya den lampahiYogya den tut wuria, prentahnya den estokna

2. Rahayu tyang alus budi, nggih kang marisi bumiKang luwe mring kasampurnan, nggih mesthi badhe katuwukan

Refrein : ...

7

Page 8: Tata Pangabekti Minggu 02Mrt2014

GKJ SEMARANG BARAT@Komisi Ibadah_GKJ Semarang Barat_2014

8