susunan acara

4
Bissmilahirohmanirrohim Alhamdulillahirobil ngalamin wasolatu wasalamu ngala mursalin sayidina wamau lana muhammadin waala alihi wasohbihi ajmain. Ama ba’adu… Ingkang kulo hormati shohibul bait sekeluarga. Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pimpinan jami’ah yasin. Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pini sepuh. Ingkang kulo hormati ibu-ibu jama’ah yasin ingkang berbahagia. Kangge mukadimah atur kulo sumonggo kito sesarengan minanjataken puji syukur dumateng Alloh SWT. Khanti niat ngibadah soho mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat ugi salam mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng

description

susunan

Transcript of susunan acara

Bissmilahirohmanirrohim Alhamdulillahirobil ngalamin wasolatu wasalamu ngala mursalin sayidina wamau lana muhammadin waala alihi wasohbihi ajmain. Ama baaduIngkang kulo hormati shohibul bait sekeluarga.Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pimpinan jamiah yasin.Ingkang kulo hormati Ibu-ibu pini sepuh.Ingkang kulo hormati ibu-ibu jamaah yasin ingkang berbahagia. Kangge mukadimah atur kulo sumonggo kito sesarengan minanjataken puji syukur dumateng Alloh SWT. Khanti niat ngibadah soho mboten wonten alangan setunggal punopo.Sholawat ugi salam mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng safaatipun min yaumi hada ila yaumil khiyamah.Ibu-ibu ingkang kulo hormatiIng mriki kulo namung kajibah ngaturaken susunan acara ing dalu punika : 1. Pembukaan2. Waosan ayat suci Al-Quran3. Waosan Yasin Tahlil4. Lain-lain5. PenutupWaosan yasin soho tahlil mangke bade kekintunaken lelawuripun shohibul bait inggih punikoSak derengipun acara dipun milai sumonggo kito bikak kanthi waosan umul kitab kanthi pangajap mugi-mugi acara niki mangke saget lancar mboten wonten alangan setunggal punopo.Acara kaping kaleh inggih puniko pembacaan ayat-ayat suci Al Quran dumateng ingkang bertugas kulo sumonggo aken.Matur nembah nuwun waosan ayat-ayat suci Al Quran mugi-mugi mbeto barokah kusus ipun ingkang maos umum ipun dumateng kito sedoyo.Acara sak lajengipun inggih puniko waosan yasin soho tahlil dumateng ingkang bertugas kulo sumangga aken. Alhamdulillah hirabbil alamin waosan yasin soho tahlil sampun cekap. Mugi lantaran waosan puniko hajatipun kito sedoyo di ijabah Allah SWT. AminAcara sak lajengipun Arisan.Mekaten kolowau acara sampun kito lewati sareng-sareng mugi-mugi anggen kito niat amal wonten ing dalu puniko pinaringan amal ingkang sholih-sholikah ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT. Amin..Saking kawulo, kulo cekapi semonten kemawon mbok bilih anggen kulo mbikak mulai awal ngantos akhir wonten kalepatan kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.Lan kulo akhiri Wassalamu Alaikum wr wb