SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27....

21
1 SERAT TUGU Anyariyosaken dhateng lampahipun Kaki Bandhang Saka putranipun sakawan Ngantos dumugi jumenengingngipun pandhitha ing nagari SARUNG BRANA Kadamel dening tuwan : ADRIYAN BÉRNER DHISKARLI Kaecap dening tuwan GHA : SÉ : TÉ PANDHORÊP DANKO Ing nagari Samawis 1870 Kasalin saking aksara Jawa Ing aksara latin dening : Mas Kumitir Sidoarjo, 6 Agustus 2017 ѺѺѺ 1. Ana wong Jawa critané, Pak Bandhang iku jenengé, anak papat lan rabiné, angumpul jero omahé. 2. Bocah papat jenengira, Siman Sidin, Simin, Sarya, tan ana liya gawenya, ing ngomah sadina-dina. 3. Kocappa sira Ki Bandhang, karyanira adedagang, sakarêppé katutugan. 4. Bumi kanan kéri, sugih kebo wedhus sapi, lumbung kebah isi pari, Amal tetel jroning pethi. 5. Bocah papat karom mau, sinuprih padha maguru, sinangngonan nyéwu- nyewu, pinisah lawan kang ibu. 6. Bocah papat padha pamit, sami bingah déning dhuwit, mung Ati kadya jiniwit,kang rama weling nyarêmit.

Transcript of SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27....

Page 1: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

1

SERAT TUGU

Anyariyosaken dhateng lampahipunKaki Bandhang

Saka putranipun sakawan

Ngantos dumugi jumenengingngipun pandhitha ing nagariSARUNG BRANA

Kadamel dening tuwan :ADRIYAN BÉRNER DHISKARLI

Kaecap dening tuwanGHA : SÉ : TÉ PANDHORÊP DANKO

Ing nagari Samawis1870

Kasalin saking aksara JawaIng aksara latin dening :

Mas KumitirSidoarjo, 6 Agustus 2017

ѺѺѺ

1. Ana wong Jawa critané, Pak Bandhang iku jenengé, anak papat lanrabiné, angumpul jero omahé.

2. Bocah papat jenengira, Siman Sidin, Simin, Sarya, tan ana liya gawenya,ing ngomah sadina-dina.

3. Kocappa sira Ki Bandhang, karyanira adedagang, sakarêppé katutugan.4. Bumi kanan kéri, sugih kebo wedhus sapi, lumbung kebah isi pari, Amal

tetel jroning pethi.5. Bocah papat karom mau, sinuprih padha maguru, sinangngonan nyéwu-

nyewu, pinisah lawan kang ibu.6. Bocah papat padha pamit, sami bingah déning dhuwit, mung Ati kadya

jiniwit,kang rama weling nyarêmit.

Page 2: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

2

7. Padha menyang tengah sawah, gawé tenger jroning lemah, ing konobakallé pisah, dhuwit mau gawé tirah.

8. Siman mangulon parané, Sidin mangétan jujuggé, Simin ngidul lumakune,Sarya bener ngalor baé.

9. Kocap Siman kang cinatur, mangulon kalantur lantur, mandheg ngasosandhing sumur, pinuju ing wayah luhur.

10. Ngéling éling dhuwité sewu, kang ginanjar dadi sangu, apa kang bakaltinuku, tanggung temen ameguru.

11. Kapanggih lawan wong sila, tinakonan jenengira, datan gelem nahurana.12. Nini iku tan gegawa, amung gendul ngasta kiwa, jaba irêng warnanira, ing

jro gendul isi tomba.13. Nini mau naurri, kowé iku bocah ngendi, tanpa réwang awak siji, tega

temen ing bilahi.14. Lan sapa aran jenengmu, ing ngendi bapa biyungmu, apa déné

lelungguhmu, menyang ngendi ing sejamu.15. Aku iki bocah tugu, Si Siman iku jenengku, déné biyung lan bapakku, loro

pisan padha mampu.16. Nanging aku arêp takon, sining gendul arêp tumon, tomba apa satemené,

lan apa dadi gawéné.17. Nini mané anaurri, gendul iki weton bumi, turunan ing gunung candhi,

tomba gedhé kang kaisi.18. Sarupané lara gedhé, kang wus kari mati baé, tan ana liya tambané,

mung iki kang marékaké.19. Tomba dudu dedolanan, iki tomba temenanan, ora ketung wong palastra,

yen lagik lakon sadina.20. Siman kagét amiyarsa, déné tomba iki guna, ingsun tuku yén kenaha,

méndah bungahé siBapa.21. Umatur marang Si Nini, satemené ingsuniki, arêp tuku gendul nguni, kang

weton saka ing bumi.22. Ora kétung rêga séwu, yén awéh pesthi sun tuku, bok menawa nulung

ingsun, lelakuku dadi dhukun.23. Muga Nini ngleganana, penganyangku kang semaba, bokmenawa ana

beja, ing buri sun ganjar sira.24. Iya becik yén mangkene, aku gelem nglilakaké, gendul isi tomba gedhé,

dhuwit séwu leliruné.25. Gendul sigra dén lungngaké, Si Siman bungah atiné, sarta lajeng dén

pasarhké, séwu rupiyah cacahé.26. Si Siman wus anampani, gendul saka asta Nini, wau lajeng nyuwun pamit,

wus genah étungnging dhuwit.

Page 3: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

3

27. Bablas baé lelakuné, menyang sawah tetengerré, kang jinanji ing mauné,awit pasah golek gawé.

28. Samona tan kinocappa, wus amulih éneng griya, gawa gendul isi tomba,ngenteni sadulur tiga.

--- ѺѺѺ ---29. Yata genti cinarita, SiSidin wau kocapa, kang mangnntan paranira,

nyabrang kali jroning wana.30. Nasak alas nebak glagak, urip mati tinékatké, datan mangan datan

ngombé.31. Satemené arêp mutih, sarta ngelakoni ngelih, bokmanawa oleh wisik,

sangking Hyang kang mobah musih.32. Dangu-dangu anéngngriku, sampun angsal pitung dalu, kocap ana swara

krungu, wong tuwa banéné iku.33. Kumarasak ing lakuné, nrajang glagah bener baé, nunggang manuk kang

agedhé, gawa bondha néng gegeré.34. Kapapak wong tuwa sigra, Si Sidin atakon nulya, sira iku wong apa,

nunggang manuk kang arosa.35. Apa sira iku sétan, ana ngalas tan gegaman, nunggang manuk kekebatan,

nora mlaku ing dedalan.36. Kaki mau anauri, sabab mlaku nengngen nggiri, murih adol manuk iki,

kang dok sawang sun tunggangngi.37. Karo déné iki manuk, wus sawindhu ingsun wuruk, dhasar bagus nora

busuk, Si Sidin gumuyu guguk.38. Gumun Sidin sarêng deleng, manuk gedhé kang pinandeng, ing batin

banget léseneng, gédhék-gédhék gerêng-gerêng.39. Nulya takon ing rêgané, ing manuk sinadé, wong tuwa nauri agé, séwu

rupiyah sun culaké.40. Si Sidin pan lajeng ngétung, rupyah séwu tinggalundhung, kanthong loro

padha suwung, nunggang manuk asemmamprung.41. Si Sidin mau mandhuwur, manuk-manuk ingkang mabur, ing batin awake

lebur, naming bungah saya galur.42. Pujiné muga tutuga, ing ngomah katemu bapa, méndah bapa bungahira,

weruh manuk gawa guna.43. Datan cinatur ing marga, wus mulih metu nagara, temu biyung lawan

bapa, abungah anakké teka.44. Kocap pawong tuwa mau, kang nampani dhuwit séwu, bungahé kaliwat-

liwat, ateka oléh mukjijat.45. Metudalan amangidul, kanthongngira wus pinanggul, lakuné amengkal

mekul, tansah rikat kaya drigul.

Page 4: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

4

46. Katemu lawan rabiné, dhuwitira pinasrahké, wong loro bangnget bungahé,ana beja teka dhéwé.

--- ѺѺѺ ---47. Wau malih kacarita, kocap Simin alelana, prapta ngidul jujukira, arêp

murih oléh beja.48. Ngisor ringin wit pinggir sendhang, néngkono angathang-ngathang,

ngéling-ngéling duwit séwu, ing kanthong kinandhut mau.49. Éca turon rêngeng rêngeng, wau ngrungu swara gerêng, pinggir

sendhang ing prenahé, mila kagét namataké.50. Begogok angucek-ucek, tangan sikil andherêdhek, nyona macan kang

ateka, angelih golék mongsa.51. Ménga méngo ngawasaké, néngkono ilang atiné, ora nyana guwa gedhé,

anggerêng énéng sendhangé.52. Guwa peteng kang akaton, mangkono rinubung tawon, SiSimin marani

alon, jroning guwa kang tinonton.53. Dhepépéléngna uwit etal, tanana ingkang katingal, guwa tanpa wong

satunggal, Si Simin ngupaya inggal.54. Guwa sapa kang agawé, kang sun tonton anéng kéné, déné peteng sepi

baé, tan ana uwong banene.55. Wau Si Simin kang néng ngriku, nora suwé amalebu, amimikir jroning

kalbu, apa kang bakal katemu.56. Sigra bablas malebuné, kudu weruh ing watesé, apa déné saisiné, aja

tanggung ing gegawé.57. Awakkira tinikatké, mati urip wus bejané, sukur bagé oléh gawé, nemu

beja kang agedhé.58. Bokmanawa guwa iki, isiné raja brana di, nora wurung anyugihi, sakéh

amal amriyayi.59. Éca mikir jroning ngati, wau kapethuk wong Nini, rai pucet ngrasa mati,

kanthongngira ing grégeli.60. Awakkira andharoddhog, wis pinethi ing patiné, neng guwa dadi

mangkéné. ѺѺѺ61. Nini wau atetakon, kowe sapa ingkang kongkon, wani ngambah ing

kadhaton, mlebu guwa alon-alon.62. Simin anauri inggal, jroning ati nemu akal, mila kula atumingngal, ngucali

barang satunggal.63. Nini malih anakoni, sira iku prenah ngendi, barang apa kang kok puji, yén

bisa ingsun tulungngi.64. Yektosipun kula wau, tinundhung dening si ibu, sinangngonan yatra séwu,

dén purih bisa maguru.

Page 5: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

5

65. Iya becik yén mangkono, sun tulungi sira mengko, iki ujut layang loro,samu barang ana kono.

66. Éwa déné barang iku, lironana dhuwit séwu, aja getun adedulu, kangmesthi dadi bejamu.

67. Pikirên dhisik kang padhang, layang loro padha terang, aja getun asokuwang, samukabar agumuntang.

68. Sarta ngendi nalara, pasthi bakal weruh sira, maca layang loro padha,kang gelaké jagat omba.

69. Siman unjal ambegané, déné iki guna gedhé, ngendi kabar weruh dhéwé,tan ana manah susahé.

70. Iya becik sun dhuwiti, kanthong gedhé ngasta kiri, sigra dén ulungkénNini, kang gumujeng anampani.

71. Simin wau pamit nulya, wus pinanggul layangngira, kocapa ing jabanguwa, lajeng mantuk suka-suka.

72. Jingklak-jingklak jejogétan, nasak alas jujug ratan, pethenthengngan kayasétan, awit suka ora mangan.

73. Lelakuné ginawéyang, lébéhané asor demang, sikili raje papangngan,nora wedi ing larangngan.

74. Nora kinocap ing marga, Si Simin wus dumugi griya, bapa biyung suka-suka, bocah telu oléh guna.

75. Kocap Nini kang néng guwa, dhuwit séwu wus atompa, nulya manthukgriyanira, tan sinipa bungngahira.

--- ѺѺѺ ---76. Séjé maneh caritané, bocah sarya lelakuné, ngalor iku ngener baé, tan

ana siji réwangngé.77. Liwat marga kang asepi, jujugira gunung wedhi, metu alas kebak eri, ora

mikir ing bilahi.78. Alas kono kang wus klakon, bebégal lan sagon-sagon, sigra wong loro

kang katon, kang nyedhak Sariya alon.79. Sarya bacut ing lakuné, wong loro padha ngiringké, ana marga tan liyané,

amung mikir pabégalé.80. Jejawilan ing kancané, mungguh kang dadi akalé, ambégal ana ing kéné,

sarta murih ing amalé.81. Adhi wus menenga baé, sun papakné uwong kiyé, pedhang keris sun

ligané, kang mesthi inggal telukké.82. Wong begal nututi sigra, dén purih nyekel Sariya, pedhang larak ngasta

kiwa, kang tengen ngliga curiga.83. Kagyat sarya sarê nolih, ngrasa binégal wong kalih, wau sambat ajejelih,

nora kelar asuh linggih.

Page 6: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

6

84. Tinakonan bégak wau, sapa kowé ing jenengmu, ulungna mrénébarangmu, ja nganti pedhangku kali.

85. Sarêng sarya ngrasa dhéwé, tanpa gaman énéng kéné, segra dhuwit dénulungké, mung nyuwun pangnguripané.

86. Atiné tan waget adhem, pikiré kadi wus kerêm, seméndhéna ing ngisorasem, kang bégal atiné ayem.

87. Suwé-suwé wus anemu, akal sangking jroning kalbu, karsa males begalwau, kang anyiksa ing badanku.

88. Inggal sarya anauri, ingsun iki kok pléciti, kapriyé bésuk ing tembé, yéntan bisa ngaturaké.

89. Saban ingsuniki abdi, dén utus maring déwa ji, kinén numbas kébo sapi,lawan asok pajeg bumi.

90. Wong loro sami nepsuné, iku aku badhokaké, dénén kowé metukéné,wus weruh larangan gedhé.

91. Apa kowé téga pati, kok purih aku nelasi, lawan pedhang landhep iki,mesyat turum soka kaki.

92. Sangnget gén kula narimah, déné kula boten pejah, naming kula nuwuntenger, yén kula kabégal bener.

93. Asta kula katigasa, dén purih dados pratondha, ampun ngantos dadosduka, gén kula ngaturken bondha.

94. Wit jati ngajeng punika, ingkang rêbah tengah wana, damel gabjel astakula, pinedhangna ingkang rosa.

95. Wau wong kalih nauri, déné tegek wong puniki, dhuwité sawu téga pati,angelong tangan sawiji.

96. Wau wong kalih nyaguhi, ngliga pedhang kang amandi, tinamakken astakiri, kang tinumpangkén ing jati.

97. Pedhang sinabetken nulya, astané tinarik sigra, kang pedhang amblesing jati, sinendhanl sendhal tan kwawi.

98. Sarya inggal amarani, anyandhak pedhang mandi, tinarik sarta begagah,si pedhang angantos klumuh.

99. Cinekel pedhangngé gedhé, wong loro dén amuk agé, pinaténansaréwangé, pinendhet malih dhuwité.

100. Tujuné ora amati, malah bathi pedhang siji, lawan keris ingkang mandi,sarya inggal nurut margi.

101. Lakuné tinutukaké, menyang gunung wedhi kaé, dén purih dadi bejané,mila mlampah agé-agé.

102. Éca tindak kloyong-kloyong, lengnger-lengngel amalompong, wau kangsuku kajeglong, ing gunung sajroning rong.

103. Tinarik sikil kang siji, sinuprih bisa atangi, nanging saya ambles bumi, tankaton awak lan rai.

Page 7: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

7

104. Lowok wau kang néng kono, wus séwy taun samengko, déné jeroné rongiki, tan kena tinukur jalmi.

105. Mila sarya babar pisan, klebu kono katiwasan, ana dalan kabégalan,néng kéné kajégal sétan.

106. Katula-tula lakuné, mawu binegal dhuwité, saiki kaya mengkéné, bayakéri mati baé. ѺѺѺ

107. Kalengnger wus kaya mati, jepapang ngisoring bumi, dhuwit séwu kanankéri, sami mawut carub siti.

108. Kocapa kang ngreksa kono, aranira jim sithoklo, mila inggal amarani,ngucali kang dhawah siti.

109. Kagyat thoklo amiyarsa, déné iki wong ber désa, gawa amal pira-pira,dén purih ginawé apa.

110. Si thoklo banget welasé, mring Sariya ing ngajengngé, jin nujung tangansikilé, tinumpangkén ing pangkuné.

111. Dén grayang saryw wus mati, rêmuk karêbah ana siti, inggal thoklongrogoh jampi, kang néng cupu ngasta kiri.

112. Wau lajeng tinambanan, ing sikil dumugi tangngan, saekal ababar pisan,mila sarya guragapan.

113. Kocapa sarya kang pinangku, kagyét sarêng andedulu, ngéling-élingdhuwit séwu, kang mawut tibané mau.

114. Amamikir jroning ngati, aku iki anéng ngendi, apa aku uwus mati, dénépinendhem ing bumi.

115. Rumasané tangi turu, untu kancing kadya bisu, ajrih uwong kangamangku, manawa mungsuhé mau.

116. Jim si thoklo anuturi, aja sira wedi-wedi, aku iki kang nambani, awakmukang bakal mati.

117. Ayo gage gék tangiya, mengko sun takoni sira, lelakumu golék apa,anggagawa sakéh bondha.

118. Anauri si Sariya, temené aku cilaka, wus bin sariyagal dalan kana, orawurung ambles tela.

119. Saiki apa karêpmu, wus mawut dhuwitku séwu, murungaké amaguru,mulih ngomah kaya asu.

120. Mindah bapa lé dukani, bondha ilang katon bali, jim si thoklo anahuri, akuwongngé kang nulungngi.

121. Dhadhung iki sun udhar, jenengngé tambang kamtular, aja kowé duwésamar, iki sira ingsun ganjar.

122. Karo déné tali mau, iku medéni satuhu, ora weruha kang lara, mengko talidadi guna.

123. Yén arêp weruh gunané, udharên bongkot pucukké, talénana ingngastané, mring kang sakit sasuwéné.\

Page 8: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

8

124. Déné sira yén tan kena, weruh marang ingkang lara, tur konca dhéwébab susahé, sarta madhangké larine.

125. Iku sira ngati-ati, bongkot dhadhung ngasta kiri, nyebut tatambangkamtular, jeneng iku dadi ujar.

126. Ana jim mengko wus masthi, kang jebol songka ing tali, nyadhongdhawuh mendhak dheku, mring kang ngasta tambang mau.

127. Masthi sira dén ujari, sakitira kaweruhi, mring kang mombong tambang ili,kwasané kapati-pati.

128. Jenengngira jim si Pupon, wus ajulik tur rakaton, si Sariya ngupaya alon,saumurku durung tumon.

129. Banget bungahé ing ngati, sabab ana kang dén puji, ora mikir bondhonéki,kenceng banget mring sitali.

130. Mendah suwuré wong tugu, yén aku jinujung guru, ora wurung kanggepratu, sinembah sembahwong séwe.

131. Karo jeneng ratu dhemit, kanan keri sugih dhuwit, tan ana wani cumuwit,padha wedi yén sunthathit.

132. Wau Sarya angraritih, mring thoklo si nandhing linggih, tambang tali kangdén purih, iku dadékké penggalih.

133. Umatur terus ing ngati, satemené ingsuniki, nyuwun jimat kang jinanji,kang wastha tambang tali.

134. Jim si toklo anauri, iya becik sun wénéhi, janjiku tambang sitali, jimatturun songka kaki.

135. Mung aku duwé panjaluk, prelu bangnget tur sadumuk, yén gelema siraiku, ngakonana yén anakku.

136. Lamun sira bésuk susah, ing paprangan banget wegah, nyebuta kakipratanah, sarta gegedruga lemah.

137. Mesthi ingsun banjur muncul, songka bumi kang gemadul, nadyanmungsuh ngalor ngidul, ingsun sebul masthi kabul.

138. Sarta ingsun duwé upas, ing musthaka jroning ngendhas, iku kena ingsunlepas, mring musuh sinuprih tiwas.

139. Wau Sarya anyanggupi, barang panjalukké kaki, sigra tambang dénulungké, mring si sarya ing ngastané.

140. Nuli inggal nuwun pamit, atiné kaya jiniwit, tanyona dadi mangkéné, yéndinulu ing susahé.

141. Inggal Sarya dénateraké, si kaki anéng buriné, jebol bumi metu nglatar,mila Sarya banjur bigar.

142. Mendhek dheku pamit nuli, anyaoskén sembah bukti, ing bapakné ratubumi, kang lajeng tinilar nuli.

143. Sinigek wau lampahnya, si Sarya samarga-marga, wus dumugi tengahwana, kemutan cilakanira.

Page 9: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

9

144. Nanging sarêng grayang tali, keslamur émuting ngati, rêngngeng-rêngngeng turut margi, wus kaliwat gunung wedhi.

145. Wau ing telung dinané, wus tumeka ing ngomahé, jujug sawahtetengngeré, sadulur papat klumpukké.

146. Sami padha tinakonan, apa kang dadi kebegjan, apa manéh kaslametan,wau sami sila mapan.

147. Si Siman nuli carita, apa kang dadi bejanya, mila lajeng matur sigra,lawan sadulur tatiga.

148. Lah padha delengngen iki, rupané gendul sawiji, gunané kepati-pati,sabab bingén wus nglabeti.

149. Ing jero isiné tomba, pinesthi marang wong lara, tan ana ing ngalamdunya, tomba kang mamadha ika.

150. Barang jalma yén sun grayang, nadyan klengnger bisa padhang, yén tannganti ngumbé iki, wus masthi waras tumuli.

151. Yén arêp weruh rêgané, dhuwit séwu bingén kaé, barang sekti kéhgawéné, mongsa nganti nunakaké.

152. Lah kakang apa gawamu, gon mulangnga amaguru, ingsun niki arêpweruh, apa kang dadi tumuwuh.

153. Sidin lajeng anauhuri, satemené aku iki, gawa manuk mung siji, kang suntuntun énéng buri.

154. Yén arêp weruh sektiné, manukiki kang agedhé, bisa gawa wong salawé,rosa tan ana samané.

155. Lepas banget iberira, sarta ngambah jumantara, nagri ngandi kinarsakna,ing sajam amasthi teka.

156. Gonku tuku uga séwu, wijil gunung maha meru, saiba-iba bejaku,kagugung pari polahku.

157. Lar Sarya apa gawamu, kaya kebotan pasungu, déné dhelek-dhelek baé,kaya kélangan bandhané.

158. Sabeneré aku iki, dhelek-dhelek ngrasa mati, kaping pindho cilakaku,tayona manéh katemu.

159. Naming aku gawa bondha, gunung wedhi sangkanira, ujut réméh turprawira, sapa nyona yén mangkana.

160. Jenengngé tambang kamtular, kaya inten pating glebyar, séwu dhepayén sun udhar, jenengiku dadi ujar.

161. Gawéné ngéram-mérami, ambek sekti ing pribadi, lamun ana wong lelara,ingsun masthi weruh sigra.

162. Nadyan ora weruh pisan, ana laran ing daleman, tali iki dadi gawé, déngubetna ing ngasthané.

163. Mesthi aku nuli weruh, sabab wus katiban dhawuh, sangking Hyang kangtaluruh, jebol tali atumuwuh.

Page 10: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

10

164. Wau ta sadulur tiga, lenger-lenger nglaras pada, déné tali iku kuna,sayekti akéh gawénya.

165. Jaka telu padha mlompong, si Sarya angrogoh kanthong, taliné katongumalong, pating glebyar kaya barong.

166. Sami éram sadulur tiga, ana teka luwih guna, kaya apa bésuk tembé, yénnganti dadi gawéné.

167. Wau genti cinaita, si Simin ingkang pendhawa, kitap angasta kiwa,ngulesan bindhé puspita.

168. Telu padhamanju samya, si Simin gelar kitapnya, tinumpangkenpangkonira, nuli lajeng acarita.

169. Lah iki padha delengen, kang sun asta tangan tengen, setiné kaliwat-liwat,ing kéné lan jaman kérat.

170. Karosa rumaning kabar, jroning kitap wus kagelar, ana déné gégérngendi, pan masthi aku meruhi.

171. Jagat lagit nagri ing grisa, tumekané dhongka éblis, nadyan dhelik bumilapis, kabéh iku wus tinulis.

172. Wau ta sadulur tiga, kang ngadhep sandhing kitapnya, sami éramatetanya, alah gelar kayetékna.

173. Adhi wacanen kitapmu, kabar ngendi ingkang prelu, karo ngendi gégérgedhé, mengko padha nyambut gawé.

174. Simin wau lajeng mempeng, maca kitap amandheleng, wau dugi mangsicemeng, maca alon rêngeng-rêngeng.

175. Lah iki padha rungngokna, ing nagara Sarung Brana, ingkang jumenengraja, banget susah galihira.

176. Putranira kang sawiji, jenengngé Purnamasidi, lara banget bakal mati,yén tan ana kang nulungngi.

177. Lah Sarung Brana rathuné, wus metu dadi ujaré, sapa yogamarékaké,kapundhut dadi mantuné.

178. Naming sapa kang nyanggupi, oléh inah pitung bengi, sinuprih bisaamutih, sarta ngelakoni ngelih.

179. Déné ing pitung bengnginé, raja putri tan marine, aja ana molak-malik,masthi sikil mlaku dhisik.

180. Ginantung sira wus masthi, tan kena dén apurani, sabab iku pasang giri,wus kundhang ing wong sanagri.

181. Sadulur tiga kocapa, sami padha gunem rasa, apa kang dadi akalnya,dén suprih bisa amrona.

182. Gampang baé pratikelé, sektén padha duwé dhéwé, manuk gedhé ikubaé, dén tungangngi ing gigirré.

183. Masthi kuwat manuk iki, wus adaté énéng ngredi, dén momoti séwu kati,mandhak nuwuh tinunggangngi.

Page 11: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

11

184. Sarta lepas ing lakuné, mongsa nganti dadi gawé, Sarung Brana cedhakbaé, ora nganti sepasaré.

185. Ayo padha rinasakna, kapriyé dadi énaknya, aja mikir awak inya, babmanut ombaking konca.

186. Aja suwé padha mikir, koya bocah weton kapir, bocah tugu wus watakké,babanteran rêrêmbugé.

187. Byar wus putus rêmbugikira, nuli sami tata-tata, kitap tambang gendulira,wus primpen kepék sadaya.

188. Wahu lajeng sami numpak, si manuk anganggo tesmak, jaka papatpadha ngamplok, ana geger kaya kadhok.

189. Manuk dedel jumantara, lakuné amoring méga, kebatira kaya bledhék,swara kepék pating klothék.

190. Sakéh nagri padha katon, mila sami padha nonton, saumuré durungtumon, mila manuk laku alon.

191. Wus katingngal soka prambé, nagri gedhé ngrejakaké, apa dénékedhatoné, bagus tan ana samané.

192. Wahusami ngéling-éling, kagyet katon bono keling, lajeng ta samiamawas, kedhaton kang kadya emas.

193. Apa déné omah réméh, pinroda jabané kabéh, ambek anom tur prawira,bono keling ratonira.

194. Antara ing telung dina, dumugi ing Sarung Brana, nuli manuk tinuturi,kinén mandheg tengngah nagri.

195. Cemlorot manuk samberé, kadya méga tiba dhéwé, wau wong ing dalemnagri, sami kagyét aningngali.

196. Jujugkira ngringngin kurung, sakéhing wong padha ngrubung, miwahdhukun ingkang bingung, pating kloyong kaya lutung.

197. Ana teka gawa kembang, tanapi wong awéh uwang, cah papat bungahatiné, oléh bondha pating sarwé.

198. Tan ana dhukunyaguhi, marga wedi pasanggiri, yén putri tan bisa mari,amasthi ginantung mati.

199. Bendhé muni ngalor-ngidul, wong sanagri pating brubul, padha nontonmanuk gedhé, songka méga tumekané.

200. Séjé genti cinarita, kang anom jejuluk natha, iya Prabu Sarung Brana,kang susah penggalihira.

201. Ngéling-éling raja putri, putrané kasih sawiji, banget lara ing saiki,panesthékké bakal mati.

202. Natha miyos tamanané, amarga banget susahé, sinuprih nglipur manahé,nglalékna emutané.

203. Éca miling-miling blumbang, aningali wader abang, kang obah gilanggumilang, byaring sisik kadya lintang.

Page 12: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

12

204. Ing ngriku alelenggahan, gugup lajeng sinowanan, gandhék kaliharênggosan, kang amatur babarêngan.

205. Kagyét sang natha andulu, eong iki amasthi prelu, sang natha nulyangandika, ana apa jroning pura.

206. Wong kalih nembah aturé, abdinta ngawuningngakké, ing jawi wontenlelaré, sami jarot ing rupiné.

207. Dhatengngira numpak peksi, ageng tan wontenyaméni, ujarira dhukungedhé, miwah sagah mantunaké.

208. Menggah putra dalem pejah, gesangngaken boten wagah, aturira samigenah, naming sami sawek sayah.

209. Proyogi dipun timbali, praptaa ing ngarsa aji, tinanggapa aturipun,temenira dados dhukun.

210. Sang Prabu lajeng ngandika, gelis padha timbalona, panakawan loropadha, kinén angirit lakunya.

211. Panakawan wus kapethuk, bocah papat lengnguk-lengnguk, lagya anajimaté, kang pinesthi dadi gawé.

212. Bocah papat kadhawuhan, nuli sami padha dandan, sanalika padharampung, nulya mlampah runtung-runtung.

213. Datan kinocap ing margi, wus prapta ing dalem puri, tinakonan ing SangPrabu, dhukun apa sira iku.

214. Sami nembah aturira, mila sami sowan natha, abdita dhukun sadaya,punika tan mawi dora.

215. Ajrih sangnget ing Sang Natha, margi notohaken nyawa, naming mugikayektosna, supados dados pratondha.

216. Sang natha lajeng nauri, yén ta temen bisa mari, masthi sira mantu mami,sarta mrajani ing nagri.

217. Naming putri ing saiki, tan kena tinonton jalmi, yén sira dhukun sanyata,badhénen apa kang lara.

218. Kocapa ingkang sami nonton, kebak jejel kadya tawon, miwah dhukuningkang kabul, pating jronggol kaya kuntul.

219. Wau sarya gugup ngudhar, jimaté tambang kamtular, bongkotpucukcinekeli, nulya maju mring Sang Ngaji.

220. Mendhak mendhak matur sigra, punika jimatan kula, yén boten dadosduka, mugi punika pucuk kaastaha.

221. Sang natha nuli nuruti, karêpé Sariya iki, cinadhak ing ngasta kiri, jimatétambang sitali.

222. Sariya gadhah panuwun, ampun Gusthi ngantos gumun, tambangingkang Gusthi asta, gubetna putri astanya.

223. Ulun masthi saged badhé, putra Gusthi ing sakité, miwah wagednerangngaké, ingkang adados sababé.

Page 13: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

13

224. Sang natha sigra nuruti, ngasta jimat tambang tali, datan gelem pinercaya,déné tali duwé guna.

225. Wau Sang natha nimbali, para bedhaya sawiji, cinekelan tambang tali,kang dén asta ing Sang Ngaji.

226. Sang natha medal ing jawi, arsa weruh akal iki, mila lenggah ngawasaké,mring si Sarya kang ambadhé.

227. Si Sarya bangngeté samar, mila nyebut ing kamtular, wau kagyét jim siPupon, kang néngkono anggedhaton.

228. Sarêng sinebut aranya, wau dhodhok mara sigra, naming tan ana weruha,mung sawiji Sarya ika.

229. Jim Si Pupon wruh gawéné, mila ing gal nerangngaké, si tali tambangkamtular, cinekelan ing wong lanjar.

230. Kagét Sarya angarungu, apa dora Sang Ngaprabu, si Pupon nauri seru,sira ngandela ujarku.

231. Sarya matur ing Sang Ngaji, margi déning tambang tali, pasthicinencaken abdi, para bedhaya sawiji.

232. Sang Natha éram aturnya, déné wong iki aguna, ngalahken marangpandhitha, Sang Natha angucan dhadha.

233. Iya becik yén wus terang, sun léhé tali sitambang, wau kocapa SangNgaji, lajeng blebet ing jro puri.

234. Tambang nulya dén gubetaké, raja putri ing ngastané, wau ta lajengtinilar, Sang Natha jumeneng nglatar.

235. Jim si Pupon metu dhéwé, misik Sarya agé-agé, miwah malihnerangngaké, apa kang dadi sakité.

236. Sang Natha lajeng ngandika, Sarya aja kongsi cidra, yén putri ta bisamari, masthi sira mantu mami.

237. Sarya nembah aturira, temenipun putra natha, sakitipun kénging guna,rathu sétan kang nyikara.

238. Rathu sétan karan wau, apeputra laré bisu, ngedhaton ing rêdhi lawu,sekti medéni satuhu.

239. Ambek julik tur prawira, tan wonten ingkang nyenyoma, ratu wruh durungwinarah, naming dalem boten wegah.

240. Abdi dalem boten gumun, sabab masthi saged mantun, naming dalemkalilanan, mriksani ing sakitira.

241. Sang Natha amasrahaké, putranipun ing ngastané, mandhak Sarya dénlilani, amondhok ing dalem puri.

242. Bocah papat padha nata, jimatané ingkang guna, nulya Sarya mlakungarsa, kang tiga ngiring wurinya.

243. Sarêng dugi ing jro puri, Sarya klawan ingkang rayi, katuntun déningSang Ngaji, lumebet ing kamar putri.

Page 14: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

14

244. Sami éram aningngali, gebyaring raja branadi, datan wonten ayaméni,rathu sugih kaya iki.

245. Bocah papat jejagongngan, sami mikir ingkang terang, apa dénénutukaké, sapa kang gentén gawéné.

246. Déréngngipun natha kundur, Sarya inggal gugup matur, Sang Nathakayét ngulatké. ѺѺѺ

247. Yén boten dadosna duka, sadaya kaprintahan, abdinta éstri jalera,linarangngan mlebet pura.

248. Patih lajeng tinimbalan, gugup dhateng gurawalan, wau lajeng aprintahké,Si Sarya ing karêpané.

249. Sang Natha jengkar akundur, susahipun wus kaslamur, wau ta kocapadhukun, papat sami padha rukun.\

250. Nuli Sarya masrahaké, mring Si Siman ing marine, iku duwé tombagedhé, kang isi ing jro gendulé.

251. Siman lajeng anyelaki, pasaréhané Sang putri, sarwi ngincupkén astané,Sang putri angulataké.

252. Gumun Siman aningali, sakitipun Raja putri, kantun kulit lawan balung,tumeka atiné bingung.

253. Wau Siman pangraita, déné wong kaya mengkana, apa ta bisa mariya,yén ngumbé tomba aguna.

254. Yén andulu ujar Nini, kaya-kaya bisa mari, aja tumeka wong lara, matibisa mari uga.

255. Nembah dhukun aturané, abdi dalem mantunaké, sakitipun Gusti kula,ampun ta kalontra-lontra.

256. Siman wau angarimuk, dén suprih darsa angunjuk, tomba gedhé inggendulé, kang ngéramké panggawéné.

257. Rapa putri anuruti, ngunjuk tomba ingkang adi, wau ta ing telung jamé,angarasa salirané.

258. Rumongsa yén bisa mari, sakitipun kang girisi, ing ngriki tan wontendhukun, kang nambani bisa mantun.

259. Saekal angrasa ngelih, animbali éstri kalih, kang caos ing rinten dalu, ingngandhap saréyang wau.

260. Wong kalih gugupnyelaki, saréhané Raja putri, kadhawahan kalih sami,kinén nimbali Sang Ngaji.

261. Naming sami dén pinengnging, déning Siman kang sumandhing, margiajrih yén kagyéta, saya banget ing lelara.

262. Siman wau nangletaké, punapa dados karsané, Sang putri inggal nauri,ngrasa perih jroning ngati.

263. Siman lajeng ngrogoh kasang, amendhet salering gedhang, cinaoskenRaja putri, ingkang gugup anampani.

Page 15: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

15

264. Nulya kadhahar tumuli, gedhang ingkang langkung legi, saekal rumongsamari, arsa medal jaban puri.

265. Malah badhé dedolanan, arsa menyang patamanan, naming linarang SiSiman, marga lara kang dén éman.

266. Kocapa séjé dinané, ing kaputrén panjujugé, arsa nemoni putrané.267. Kagyét Sang Natha mriksani, pesaréyané Sang ngaputri, kayata ora alora,

guling kalih kanan kiwa.268. Cahyané mamelas banget, kaya lintang barêng séket, pangebyaring

énéng nglangit, Sang Natha kadya jiniwit.269. Tan betah suwé ngadhepi, trisnané kepati-pati, lajeng rinangkul sang

déwi.270. Kocapa limang dinané, wus pulih kaya mauné, tan sawiji kaciwané, Sang

putri mundhak ayuné.271. Sang Natha suka tan sipi, ora nyana bisa mari, miwah wong ing dalem

nagri, kalilanan amriksani.272. Kebak jejel ing kedhaton, déning wong kang padha nonton, sakéhing

dhukun kang kabul, sami jrunthul ngalor ngidul.273. Sang Natha printah susuka, winangngenan pitung dina, kedhatonku

lawan jaba, samya bingngah wong nagara.274. Wau ta ing pitung dinané, samya bubar susukané, Sang Natha asiniwaka,

bocah papat padha séba.275. Sang Natha rubet galihé, kapriyé kaputusané, sarta sapa kang wajibé,

kang mungguh dadi mantuné.276. Sang Natha amasrahaké, lawan Sarya tuwa dhéwé, apa kang dadi énaké,

kinén ngrembuk ing adiné.277. Umatur sami amésem, Si Sarya atiné ayem, amung abdi dalem kula,

kang wajib mantuning Natha.278. Sang Natha wau nauri, aturé Si Sariya iki, aku uga anglilani, yén adhimu

anglegani.279. Saéstu nglegani sami, margi dalem kang ngwajibi, déning sektinipun tali,

waged mantunaken putri.280. Si Simin nuli macucu, kapriyé aturmu iku, apa putri bisa mari, yén tan ana

tomba mami.281. Apa aku tanpa guna, kang nambani saben dina, Si Sidin nauri sigra,

tanpa manuk kaya apa.282. Apa kowé bisa mréné, yén aku tan nambangngaké, lawan manuk kang

agedhé, séwu rupyah ing rêgané.283. Iya becik bocah telu, ngunggulaké ing ngawakmu, lamun ana kitap gedhé,

apa krungu kabar kiyé.

Page 16: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

16

284. Sapa krungu angin-angin, anjaba songka Si Simin, aku wajib satemené,sabab weruh sadurungngé.

285. Bocah papat garêjegan, kudu arêp padha menang, suwé metu basa ala,mila pinengnging Sang Natha.

286. Sang Natha gumuyu suka, asta kalih nangkep dhadha, apa déné Sangayu putri, gumuyu sanget ningali.

287. Sang natha nulya ngandika, aja padha dadi gatra, ingsun arêp takon sira,apa sira duwé bapa.

288. Sabab ingsun nora bisa, ngrungokké rêmbug mangkana, wong tuwamuiku mesthi, kang bisa milih sawiji.

289. Mula aja dadi ati, yén sira sun tundhung bali, matura wong tuwanéki,kinén séba ngarêp mami.

290. Mengko iku bisa milih, marga kang nurunken getih, Si Sarya gugup nauri,lerês paduka Sang Ngaji.

291. Bocah papat mit nuli, wau prapta jaban puri, lumancat manuk si beri,kang mumbul dhuwuring bumi.

292. Kocap Sang Natha cinatur, wau ta jengkar akundur, tinayap para ingdalem puri.

293. Kocapa kang sami matuk, sami padha numpak manuk, sekti tan kenakinira, mila ngambah jumantara.

294. Kaya bledhék ing lakuné, wus dumugi soka prembé, nalika ing telungdina, sami anjok griyanira.

295. Katemu ibu bapakné, bocah papat kéh omongngé, apa déné bab susahé,kaaturké ibu bapakné.

296. Kang rama bungah atiné, inggal nata rêrangkepé, tan gelem ngenténisuwé, marga éling mesir kaé.

297. Wau sami tata-tata, barang kang bakal ginawa, wus rampung sadaya iki,lajeng sami numpak peksi.

298. Mumbulé amoring méga, si manuk banget akurda, nalika ing sadina,dumugi dalem nagara.

299. Jujuk tengngahing kadhaton, si manuk cloroté alon, kocapa kang caospuri, samya kagyét aningngali.

300. Barêng weruh yén Sariya, gugup dhadhak nembah sigra, margapandhitaning natha, kang jejuluk guru putra.

301. Wong caos dén ngandikani, kinén matur ing Sang Ngaji, ing saiki wusabali, dhukun papat wonten jawi.

302. Wong caos umangkat sigra, nuli matur ing Sang Natha, ingkang saweksiniwaka, lajeng kagyét amiyarsa.

303. Sang Natha gupuh nangleti, wong sowan kali sesami, apa ta ana preluné,déné gugup amaréné.

Page 17: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

17

304. Wong kalih nembah aturnya, mila sowan ngarsa natha, dhedhukun kangmantuk sami, sapunika wonten jawi.

305. Sang Natha nulya ngandika, apa ta kanthi wong tuwa, wong kalih naturinggal.

306. Kocapa wau Sang ngaji, kemutan ingkang jinanji, mila nimbali pawéstri,déniring medal ing jawi.

307. Pinapak kalawan Sarya, miwah malih ingkang rama, umajeng ngarsaningnatha, nyaosken sembahanira.\

308. Sang Natha kéwedaa galih, margi bingngung ing pamilih, kaki bandhangkang tinolih, kang sawek atata linggih.

309. Pangandikaning Sang Natha, kaki hya mongsa bodhowa, marga kowéjeneng bapa, iku wajib amranata.

310. Umatur Ki Bandhang nuli, sarta nyembah ing Sang Ngaji, mugi dalemkalilanana, andangu laré sekawan.

311. Kaki iya sakarêpmu, ingsun manut ing ngujarmu, ala becik kang tinemu,marga wis dadi janjiku.

312. Mugi Sang Natha nyerêpi, génipun dalem nangledi, nuli Sarya tuwadhéwé, kinén majeng ing ngarsané.

313. Dinangngu déning bapakné, apa kang dadi karêpé, apa dénépanggawéné, aku ingkang mutusaké.

314. Bapa marga putri mari, déning jimat Thambang tali, bokmamanawa tanpakiyé, sapa ingkang wruh larine.

315. Jalma tan kena sawiji, kalila nyedhak Sang putri, kang iku wus dadi janji,sapa wruhmantuning Gusti.

316. Saiki apa susahé, wus apadhang aku dhéwé, kang wajib dadi mantuné,marga weruh sadurungngé.

317. Ki Bandhang anuri alon, meko sira ingsun takon, jimatan tambang tali,wijilé songka ing ngendi.

318. Yén kowé takon si tali, jimat mijil gunung wedhi, gunané kepati-pati, séwurupyah rêganéki.

319. Iya becik rêmbuk iku, naming marga dhuwité sewu, oléhmu songka ingngendi, lan sapa kang menhi.

320. Bapa dhuwit bingnngén kaé, oléhku songka ing kowé, rikala ku lungalelona, tumeka oléh ing bekja.

321. Ki Bandhang umatur nuli, kulawan ingkang déwaji, Gusti mugi kasekséni,aturé Sarya puniki.

322. Yatra séwu sampun terang, marganpun sangking ingwang, mangkégampil pratikelé, miwah pranata kang saé.

323. Sang Natha suka ningngali, aturé Si Bandhang kaki, lajeng waukasekséni, rêmbuk kang nganéh-nganéhi.

Page 18: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

18

324. Gumati Simin pangulu, dénawé kinén amaju, tinakonan karêpira, apakang dadi aturnya.

325. Rungngokna dhisik ujarku, aja ta dadi atimu, tumekané garêjegan, sababaku wajib menang.

326. Oléh kabar songka sapa, Siman Simin Si Sariya, lamun ana kitab ingsun,guna apa dadi dhukun.

327. Ora weruh Sarung Brana, yén ana lelara ala, iya bener kang nambani,ming aku wajib dewéni.

328. Déné panjalukku ika, muga aku kakersakna, munggah mantuning SangNatha, sabab aku janjénira.

329. Aku arêp anyurupi, kitab iku songka ngendi, mengko Simin aku wongngé,kang mranata nalar kiyé.

330. Déné kitap sebut mau, oléhku songka guru, leliruné dhuwit séwu, kangkokéhké dadi sangngu.

331. Ki Bandhang nolih Sang Natha, umajeng wau ngarsanya, sarwingunjukken pariksa, kang rinembuk babing yatra.

332. Iya kaki sun sekséni, kandhané Si Simin iki, dhuwit séwu ing margané,tumekané songka kowé.

333. Gumanti Sidin amaju, dén takoni dhuwit séwu, rikala sinangngokaké, apakang dadi bejané.

334. Dhuwit kang wus kok paringké, dak tukokké manuk gedhé, bokmanawatanpa kuwé, apa ana bisa mréné.

335. Ing wusana aku iki, kang dhuwur dhéwé kasekti, arêp ora oléh putri, apalumrah adil iki.

336. Masthi aku ora nrima, marga padha bisa teka, ing nagara Sarung Brana,déning manuk kang kuwasa.

337. Lah bapa mangko bodhowa, aturku ingkang samana, Ki bandhang naurisigra, aku ingkang amranata.

338. Genti Siman wus pinanggil, iku ingkang anak ragil, tinakonan ing bapakné,dhuwit séwu bingngén kaé.

339. Iki rama gendul siji, isiné tomba kang adi, déné mungguh rêga mau,bingngén kaé dhuwit séwu.

340. Aku ingkang mulasara, Raja putri ingkang lara, aja ana tomba kiyé,mesthi tiwas ing sapréné.

341. Saréhné Putri wus mari, aku nagih ing prajanji, muga bapangrampungana, panjalukku kang samana.

342. Siman wus menengnga baé, aku bakal ngrampungngaké, dak maturdhisik Sang Natha, sabab iku kang kuwasa.

343. Umatur Ki Bandhang sigra, lawan Prabu Sarung Brana, aturané Si Sariya,apa déné bocah tiga.

Page 19: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

19

344. Saréhné sami ngaku, anampéni nyéwu-nyéwu, rêmbuk wau gampilmawon, Sang Natha nangngledi alon.

345. Kaki apa ing karêpmu, énakké bakal katemu, apa déné salah siji, kangmungguh mantuning mami.

346. Gusthi mugi kamirêngna, kang saé atur kawula, dalem nuwunpangngapura, Gusthi sampun ngantos duka.

347. Saréhné sampun aterang, yatra wau sangking ing wang, kados ta wontensusahé, margi terang ing nalaré.

348. Anjawi amung kawula, ka inggahna mantu natha, sabab ingkang gadhahbondha, kados kang dados aturnya.

349. Ampuna dalem bandhani, yektos boten dumugi ngriki, napa malih dadosdhukun, saéstu wandé lestantun.

350. Dénten Sidin Simin Siman, kang wajib minggah Pangngéran, napadénten Si Sariya, Sénapathi ingngalaga.

351. Dalem nrimah amandhitha, margi sepuh badan kula, Sang Natha naurisuka, iya becik yén mangkana.

352. Puluh-puluh gék kepriyé, janjiningsun wus mangkéné, Sang Putri nrimaabaé, sabab wus dadi bejané.

353. Kocapa laré sekawan, wus trima dadi Pangéran, Simin, Siman, SidinSarya, jinunjung lungguh sadaya.

354. Wus anama Kangjeng Gusthi, wau nuli dén praboti, wong sanagrimendhak-dheku, mring Pangéran papat wau.

355. Sang Natha sigra utusan, Bupathi Ngulama pisan, kinén séba sowanan,tan kena siji kliwatan.

356. Wong kang ora tinimbalan, gugup nonton gurawalan, wus nglumpuksadaya sami, Sang Natha medaling jawi.

357. Geger gumuruh kedhaton, kebak wong kang padha nonton, nuli samisinirêpan, tan kena jalma rêrasan.

358. Wau ngandika Sang Ngaji, mring wong ing dalem puri, lah ta padhaangrungokna, ingsun awéh kabar sira.

359. Putraningsun raja Putri, ing saiki wus amari, rikalané eméh mati, ingsunduwé pasang giri.

360. Sapa-sapa marékaké, Raja Putri ing sakité, iku wus dadi bejané, amrajaninagri kéné.

361. Lawan rabu putriningsun, kaarak ing ngalun-alun, supaya apadha gumun,bejané wong dadi dhukun.

362. Nulya Sang Natha marani, Ki bandhang kang lenggah ngarsi,sinandhingken ing Sang Putri, suka Sang Natha ningali.

363. Iya iki mantu mami, gunané kepati-pati, ing ngélmmu nujum wus anelas,mula aja ana uwas.

Page 20: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

20

364. Jenengngé Guru pandhitha, ingsun kang maringngi nama, aja ana wani-wani, mring Pandhitaningsun iki.

365. Sekti tan ana madhani, wong sanagri banget wedi, éram sami aningali,prkara anéh-anéhi.

366. Lawan sapa kang kapregok, néng dalan amasthi dhodhok, tan kena waninyak-inyok, apa manéh gawé linyok.

367. Ki Bandhang atiné bigar, rinaja-raja ing ngunggar, gumanti kocap Sariya,kalawan sadulur tiga.

368. Sang Natha malih ngandika, déné bocah papat ika, jenengngira KanjengGusthi, aja ana wani-wani.

369. Sarêng sampun pandikané, nuli dhawuh ramé-ramé, salapan dinawangngené, wong nagri bunngah atiné. ѺѺѺ

370. Sarêng sami sampun bibar, Sang Natha lajeng ajengkar, tinayap parapawéstri, lumebet ing dalem puri.

371. Pangéran papat kocapa, wus kabagi lungguhira, mila lajeng kundursamya, ing pondhok kedhatonira.

372. Bingngahira tan sipi, bejané kepati-pati, wong sanagri padha gumun,ngasi pirang-pirang taun.

titiѺѺѺ

Page 21: SERATTUGU - alangalangkumitir · 3 27. Bablasbaélelakuné,menyangsawahtetengerré,kangjinanjiingmauné, awitpasahgolekgawé. 28. Samonatankinocappa,wusamulihénenggriya,gawagendulisitomba,

21