SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing...

191

Click here to load reader

Transcript of SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing...

Page 1: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

SERAT KAKI WALAKA

Tedhakan Serat Kina

Ingkang mratelakake lelampahan

Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga

Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak

Kababar lan lan kawedalaken

PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

KANGJENG SUNAN KALIJAGA

Dening

PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA

SUNAN KALIJAGA

Cabang Jakarta

1993

------------------

Ingkang nindakaken penedhakipun

Astuti Hendrato Darmosugito.

Page 2: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

Perangan I

Ing ngandhap punika amratèkaken rawuhipun para wali, ingkang

sami lelana aniti pariksa ingkang amemarahi rubet-rentenging

ngari Demak. Kala samanten sampun sami sapatemon kaliyan

Kangjeng Sultan Demak, anyariyosaken angsal-angsalipun

piyambak-piyambak. Wantuning para ahli ngèlmi, temah sami

medalaken mangunah, kados ta, Sunan Giri kaliyan Sunan Kudus

lajeng kawasa ngudanèni para kawula para kawula ageng alit, jaler

estri. Ingkang nandhang sakit, sinabdan kèmawon, saras. Nadyan

para wali lelana ngidul-ngilèn, inggih sami katandha kaluwihan.

Wonten ingkang saged nggendam, kemat, panglerepan, nerang

jawah, ndhatengaken jawah, sapanunggilanipun sampun

kagelaraken ing ngrasa Nata.

Dupi ing antawis dinten, para wali ingkang kantun sami reraosan

gethok-tular, yèn ing kedhaton wonten tiyang nama Kaki Walaka,

saweg kineker, sinihan ing Narèndra. Sarta winartan, yèn Kaki

Walaka wau sampun natè dipun seking dèning Sunan Maryapada,

muksa. Sampun sami nginten sirna, wusana mumbul malih. Malah

ngetheker wonten kedhaton. Bokmanawi dipun guroni Sultan

Demak. Katawis winong sakajengipun. Manawi wujudipun tiyang,

boten mèmper, saking sipatipun dahat papa. Pakartinipun ngarit

rumput. Denè talitining tiyang, asal ing dhusun Galinggangan,

trahing alit balaka.

Para wali ingkang mentas lelana dahat ngungun. Temah matur ing

Nata, namun badhè tepang Kaki Walaka. Kangjeng Sultan Demak

marengaken, lajeng tumedhak animbali piyambak. Dumugining

panggènan Sang Nata kagyat, atetanya, “Sira iku sapa, dènè ana

wong dodhèg wok, simbar dhadha, gedhè dhuwur, tunggu

pasarèyaningsun. Apa sira jim utawa gandarwa kang mbaureksa

kadhaton?”

Page 3: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 3

Ingkang dinangu matur, “Kawula pun Walaka. Mila Paduka Nata

sampun kagèt. Anggèn kawula mancala warni ageng inggil punika,

rèhning badhè sapatemon kaliyan para wali.”

“Yen mangkono tut wuri.” Kaki Walaka matur sandika, umiring.

Sareng dumugi ing panepèn, andadosaken kagètipun para wali

sadaya. Anginten yèn gandarwa. Wekasan tinakènan, ngaken nama

Kaki Walaka.

Sunan Maryapada tetanya, “Karananè sipatira rowa, bèda lawan

nalika kapanggih rumiyin?”

Kaki Walaka mangsuli, “Saking boten kekirangan kucahing Nata.”

Sunan Muryapada ngandika, “Dènè para wali iki kabèh wus lawan

sinuba-suba ing Nata, teka tan ana undhaking kulit daging.

Saweneh malah saya kuru, ananging rina wengi amung ngulah

budi. Layak tan bisa lemu. Balik sira, mung nganggur. Yekti wus

dadi benerè, yèn wong cilik iku, angger wus wareg wetengè baè,

wus trima. Mangangan saananè baè wus bungah. Sarta kang

binudi, liya turu angorok satutugè, ora ana manèh. Wah ora mèlu

mikir rubet rentenging praja. Ora sumurup reretu, angger awakè

lemu.”

Kaki Walaka gumujeng latah, sarwi mangsuli, “Bener, bener, nyata

awas para wali iku, yèn anyandra caplak waè. Ewadenè, imbal

wicara iku, bagusaos, bener-luput, kudu amangsuli catur. Hè

Sunan Muryapada, apa nyata pangan iku marahi lemu? Apa mesthi,

wong ginanjar budi iku amung wali? Apa nyata, kang mikul

sarubet-rentenging praja iku amung wali? Lawan apa wali iku ora

tau turu, ora mangan upa? Mangkono manèh, apa nyata para wali

iku bèdha sapadhaning manungsa? Yèn kabèdakna, apa Gusti

Page 4: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 4

Allah ora kawasa? Apa Allah ora murba amisesa? Apa Allah nora

èlok? Nora sampurna? Muhung angugung para wali baè? Yèn

mangkono, Sunan Muryapada iku bisa gawè abang-ijo. Parlu apa

ngaub wibawaning Narèndra? Manawa panimbangku, ngendi ana

wali kadunungan ati panas atèn, panasbaran? Mangko manungsa

ijèh kanggonan angkaramurka, èwanan maring sapadha-padhaning

ngurip, karem canggèh, karem dhawèn, karem opèn kamèren baè,

wus kena dèn arani kèwan. Upama ingsun ngawulakakè wong kaya

kowè, èman angulungi pangan. Mubadir angulungi kècèran.

Caturan baè èman.”

Sunan Muryapada sakalangkung mèrang ing galih. Badhè dipun

candhak, pinenggak kancanipun. Tanpa damel anglawani Kaki

Walaka. Mindhak boten kajèn, sarta nyenyamah badan,

ngapesaken dhiri, yèn mengsaha tiyang alit balaka. Kang

pinenggak ènget. Amung Sunan Kudus ingkang mandhengkel

galihipun. Sunan Giri amenggak, amung paring sasmita kèmawon,

kinèn anandukaken panglerepan, pangatisan. Nadyan para wali

ingkang sami mentas lelana, inggih jumbuh tampining sasmita.

Dadya sami nandukaken aji pangatisan, sarta tuju tenung

pangleburing satru.

Amung Sunan Punggung, kalih Seh Lemahbang, tiga Molana

Ibrahim Jatiswara ingkang mboten tumut ganggu gawè. Malah

mbekuh ngandika, sarwi medal jawi, api-api tetoya, “E, sasat apa,

padha kadunungan watak brangasan. Bener kang ngarani wali

tanpa guna.

Karonè maneh, teka tanpa kekèring dènya pating pantheleng, lali

purwa duksina, yèn ana ngarsaning Nata. Iya angur metu baè,

nyawang saka jaba. Kapriyè nyatanè, kaya ngapa gelare? mBok

padha kawelèh wadinè.”

Page 5: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 5

Kacarita para wali saya kabangan galih dènya ningali Kaki Walaka.

Lajeng sami nandukaken aji pangapesan, pangatisan,

sapanunggalipun. Wantu-wantu tanpa pedhot dènya nandukaken

donga pangleburan sarta donga sait, donga tlekim, nanging boten

saged tumama. Kaki Walaka sumerep gelar sikaraning para wali,

lajeng anjawil Sang Nata, mrih mundura. Kangjeng Sultan ing

Demak anampèni sasmitanipun Kaki Walaka, lajeng kondur

ngadaton. Para wali rinilan bibaran, mantuk sowang-sowang.

Sareng dumugi sanjawining kori Brajanala, para wali sami

paguneman, angraosaken Kaki Walaka anggènipun wentala. Boten

pasah kataman sakathahing aji panglerepan, miwah donga sikara

sapanunggilanipun boten rinasa.

Saking pamanggihipun para wali, anarka dèdè manungsa. Wonten

ingkang amastani dhanyang perayangan ingkang rumeksa ing

pura. Trekadhang wonten ingkang amastani kadangipun Sang Nata

piyambak ingkang lair sadinten. Pangintenipun para wali, nalika

kataman ing reretu, Sang Nata manekung dhatengipun kadang

papat kalima pancer, nanging ingkang sawujud amung satunggal,

sedya badhè labuh ing sungkawèndra. Awit manungsa punika,

manawi sanget pangèsthinipun anekakaken kadang, yekti

kadugèn. Manawi mboten makaten pasthi sirna kataman ing

piranti.

Sunang Punggung, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara

mangsuli, “Manawi saking pamanggih kula, malah sanginggiling

sadhèrèkipun sakawan kalima pancer. Inggih punika amujudaken

cipta, rasa, angen-angen. Saking sangetipun sungkawa, temah

kawasa angumpulaken tigang prakawis dados satunggal, nama

Hyang Cipta Hening. Tegesipun, Kaki Walaka wau suksmanipun

Kangjeng Sultan. Tandhanipun, saged angraosaken kaluwihaning

wali. Ewadène bènjang ènjang dalu, manawi sami wangsul, prayogi

Page 6: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 6

nywun lilahipun Sang Nata, Kaki Walaka dipun ruda peksa ing

kathah.”

Gantya kacariyos, sakonduripun Nata, Kaki Walaka tinimbalan,

dinangu sawewadining sedya, duk patemonan para wali. Kaki

Walaka matur sajarwa, “Dhuh Sri Nata, sayektosipun amung sedya

andadar kadibyanipun para wali kèmawon, menggah

pangreksaning praja, punapa pancèn mimbuhi santosa punapa

mboten. Wasana kalèjemipun amung gumulung èla-èlu kèmawon.

Wonten ingkang radi patitis. Sunan Giri asring dhoyong. Wonten

ingkang moncol pangawikanipun. Sunan Kudus karem jejailan. Seh

Lemahbang samukawis ngujubriya, angoglèng ngengkoki, tanpa

dipun waranani. Dados satengah kupur, Seh Molana Ibrahim

Jatiswara nyata punjul, nanging pakèwed, margi saking kasoran

talitinipun. Dados sadaya wau tangèh anyamènana Susuhunan ing

Ngampèldenta kalih Susuhunan Bènang. Punika nyata trus ing lair

batinipun. Wonten malih wali balila ing ratu, Susuhunan ing

Kalijaga. Upami puruna ngumpul para wali, kados tetiga punika

kèmawon saged nguwawèni pangreksaning praja.

Sri Nata tetanya malih, “Satuhunè sira kaprenah apa lawan

Susuhunan Kalijaga, dènè bangkit anggancarakè?”

Kaki Walaka matur, “Dèdè sanak, dèrèng natè uninga. Amung

gethok tular karna binandhung, indhaking pawartos kèmawon

ingkang kula cariyosaken punika. Papan prenahipun wisma tan

uninga.”

Sang Nata malih pangandikanipun dhateng Kaki Walaka, “Yèn

nyata sira durung wanuh, durung weruh, pagenèya sira kaduk wani

nanggulangi para wali? Saka panawangingsun, sira kadi ana kang

ngajani.”

Page 7: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 7

Kaki Walaka matur, “Boten.”

Sasampuning imbal wacana, kasaput ing ratri, Narèndra tedhak ing

panepèn malih, amanggihi para wali. Kaki Walaka tansah atut wuri

Sang Nata, tunggil lungguh kalih palawija pun Wada, Wadaka. Ing

ngriku Kangjeng Sultan ngandika asmu pegel, angraosaken para

wali kalih Kaki Walaka.

“Hè para pinundhi, dahat kodheng pamanggih kula, dènè

jengandika kadi badhè ngrebut prang. Katawis pating bathithit.

Nitya sirung, serenging pandulu lir mulat dhem-dhemanipun, dènè

jengandika anon tiyang kebon kèmawon dadak murang-muring.

mBok radi kasarèhaken sawatawis. Manawi anggung makatena,

temah lèna rumeksaning nagari, mimbuhi karubetaning manah

kula. Dados ing panepèn punika boten kaanggè nenepi, boten

sedya semadi, tansah kaanggè padudon ingkang tanpa waton.”

Para wali sareng ngulap sirunging nityanipun Sri Nata, temah

tumungkul, tan ana saged amangsuli. Ananging wantuning

sampun sami kumpul ing rembagipun, dados amung ngentosi

jengkaring Nata kemawon. Sedya badhè ngrujak Kaki Walaka.

Duk samana Sri Nata lajeng kondur ngadhaton, saking kirang

mirena aningali patrapipun para wali, sampun boten kènging

dipun pambengi. Wasana asmu kaaben kèmawon. Kaki Walaka

tinilar kari priyangga.

Sapengkeripun Sri Nata, anelik saking jawi gubah. Kaki Walaka

lajeng ngrasuk busana sarwa langking, cundhuk sekar wora-wari

bang, Sunan Panggung kalih Seh Lemahbang, Seh Molana Ibrahim

Jatiswara, sakawan Sunan Ing Majagung, Sunan ing Gunungjati,

duk ningali dhateng rèkanipun Kaki Walaka, lajeng sami medal ing

Page 8: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 8

jawi, awit boten pangling ningali gelaripun Kaki Walaka. Nyata yen

Sang Pinudya.

Kala samanten Sunan Kudus dalah para wali tuwin pamagangan

sakantunipun sampun sagolong gumulung ing galih. Amung

Sunan Giri ing galih karaos sumelang. Mila sareng Sunan Kudus,

Sunan Muryapada sakancanipun sareng mengsah, Sunan Giri

cangkèlak wangsul, malah medal ing jawi, nunggil

pangintipanipun para wali ingkang medal wau, sarta lajeng nunggil

lawan Sang Nata.

Kacariyos salebeting dalem panepèn swaranipun sakalangkung

ramèning solah, sabawaning patrap. Amung swaraning pangucap

boten mireng. Dadya amung pating kalepruk, pating kalebrug,

pating galudhug, dènya ngrubut Kaki Walaka. Amung

kanyatanipun Kaki Walaka wau boten mingset saking

palungguhan. Amung èca-èca anggènipun nata cundhuk, utawi

ngilo, apepidihan sarwi nggebeg sarunganing wangkingan

kèmawon.

Dènè ingkang pating galebrug, ting galudhug punika Sunan Kudus

sakancanipun, anggung larak-linarak piyambak, gèrèt-ginèrèt,

dugang-dinugang, bithi, tabo-tinabok, jengkang-jinengkang, larak-

linarak ramè.

Dangu-dangu Kaki Walaka welas aningali solahing pasulayan. Kaki

Walaka lajeng muksa tan katingal. Sunan Giri rikat malebet ing

panepèn kaliyan para wali ingkang sami umpetan, atut wuri

Kangjeng Sultan. Sapraptaning dalem panepèn lajeng misah para

padu kalintu padu sadaya.

Sareng sampun sami pisah Sunan Giri angandika, “Sapa kang

padha sira karubut? Dènè mungsuhira suwung. Wasana sira

Page 9: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 9

regejegan lawan sakancanira para wali. Kaya priyè pangrasaning

tyasira kabèh?”

Sunan Kudus, Sunan Muryapada matur piyambak-piyambak. Saking

pangraosipun para wali wau ugi angrubut Kaki Walaka. Jalaran

tinubruk ngiwa, manengen. Ing kidul Kaki Walaka, mangalor Kaki

Walaka. Nadyan tinubruk saking lèr, mangetan. Rinujak, manengah

inggih ical. Dangu-dangu ribut panduluning para wali.

“Kaki Walaka pating sariwet, manengah langkung kathah.

Busananipun sadaya sami, cundhuk sekar wora-wari bang. Sareng

Paduka pisah punika, Kaki Walaka sirna tan katingal.”

Mila para wali sami rèbat, rumaos kasoran ing adilaga. Cipta mati,

yèn tan kecepenga. Nanging Kaki Walaka lajeng boten katingalan.

Temah gelaning manah dènè mengsahipun miruda, tan panggih

ing adilaga.

Sunan Giri sakancanipun ingkang ngintip sadaya sakalangkung

gumujeng ing panggalih dahat. Temah angandhika dhateng Sunan

Kudus, “Hè Jebèng, boya menang sira aprang lawan wong sudra

papa. Mung sawiji baè sira bangganè, karana Kaki Walaka sira

krubut ngakèh. Ora layak mungsuhira sirna.”

Ing nalika punika Sunan Kudus sakancanipun dahat merang ing

galih, dènya kawelèh ing ngayuda. Dangu-danguning paguneman,

Sultan Demak anambungi pangandika, “Menggah menanga kalih

Kaki Walaka, paèdahipun punapa? Ingkang dipun kukup punapa?

Layak kèmawon Kaki Walaka kasoran yuda, awit satunggal

kinarubut ing kathah. Upami para wali kalindhih ing adilaga,

sapinten susahipun, dènè ngrubut tiyang satunggal kèmawon

ngantos kawelèh. Mila mbok inggih dipun engeti, tembè wingking

upami wonten lelampahan ingkang kados punika. Mindhak

Page 10: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 10

nyenyamah badan, angapesaken dhiri. Luhung kinèndelaken

kèmawon. Tur kantun mirengaken sakojah-kojahing tiyang alit

sudra papa.”

Sunan Kudus sakancanipun sami boten saged amangsuli. Amung

tumungkul, asmu mèrang dahat. Dèrèng kèndel dènya imbal

wacana, kasaru dhatengipun Sunan Ngudung. Dadya lajeng

winartan sasolahing pancakara. Sunan Ngudung ambekuh

makaten, “O hah, wong ngatuwaku, teka dadak kapilarè temen,

dènè wus anthuk dhawuh wewelingè Sunan Ngampèldenta miwah

wewelingè Sunan Bènang, menawa ana lelakon aneh kang luwih

saka kalaumrahaning ngakèh, aja wani-wani anyulayani, karana

Sunan Kalijaga sukak anyoba ing sapadha-padha. Panyobanè mung

saka arep nonton tekading wong sawiji-wiji. Wekasanè mung

mamrih rahayuning tumitah kabèh.

Kapindhonè, yèn ana lelakon anganèh-anèhi, mangka dudu

sawantahe, iya iku tandha panggawèning Pangèran Kang Agung,

enggonè bakal amaringi lelakon becik-becik. Wasana wong

ngatuwaku dalah para wali padha kapilarè temen. Malah padha

kuwalik panemunè, anuruti hardanè, angumbar nepsunè. Dadi tan

rumeksa ing ratu, ora ngèman dhirinè. Mangka wus jumeneng

wali, iku mung kari ngidaki benerè baè, ora perlu maèlu kang

tanpa perlu. Awit wis pinundhi-pundhi sanagara, sinembah-

nembah putra santana, anak-putu. Tanpa gawè yèn padha maksih

ngunggarakè kanepsonè.”

Kangjeng Sunan ing Kudus saya mèrang ing galih, nalika ingkang

putra piyambak tumut ambubuh. Wasana dupi Sang Nata wus

jengkar saking sèwaka, para wali ingkang mentas pancakara sami

lèrès, medal sedadya, amung ngenggar-ngènggar galih dhateng

wana-wana.

Page 11: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 11

Saking sanget kalingsemipun, Sunan Kudus sakancanipun para

wali sami kalimpukan wonten ing wana Kardhayana. Saking Demak

ngidul-ngètan, lampahan sadinten sadalu. Laminipun para wali

andhelik, dhateng wana satengah wulan.

Dumadakan wontenipun ngriku dipun opèni tiyang èstri,

wismanipun ropoh roning jati aking. Suprandosipun saged

angaturi sugata sawontenipun. Saking katuju ing karsa, para wali

wau temah arerèwang ngupados kayu rèncèk, sarta ngupayakaken

barang saisining wana-wana. Kados ta : ndhudhuk wi gembili.

Saking kalabetan saè, dados kedah amales sasagedipun. Sareng

antawis dangu, Sunan Muryapada tetakèn, “Hè Nyai, pagènèya sira

wong wadon wis tuwa wisma samadyaning wana, tanpa rowang?

Apa tan duwè sumelang? Lawan saka ngendi kang minangka ular-

ularing pangan?”

Kang dinangu matur makaten, “Anggèn kula gegriya wonten wana

punika sampun sinedya, sarta mituhu sapakèning gurulaki kula.

Anggènipun, nedha inggih amung angandel-kumandel ing

Pangèran kèmawon. Awit kamirahaning Allah punika boten

kènging kinaya ngapa. Sayekti saenggèn-enggèning gesang,

sinung pangan. Nadyan uler salebeting kayu, watu, inggih sami

dipun gantungi tedha.”

Sunan Muryapada miwah Sunan Kudus anganthuki bener, “Masak

Allah, sira wruh kamurahaning Pangèran Kang Murba Kawasa

Amisèsa. Mungguh lakinira iku sapa? Anambut gawè apa? Teka

wus suwè durung mulih mrènè.”

Kang dinangu matur sajarwa makaten, “Semah kawula nama Kaki

Walaka. Pakaryanipun amèt rumput. Nanging saben angsal rumput

pangaritipun punika boten dipun sadè. Amung ngupaya kapal

utawi maèsa, lembu ingkang gering. Saben dinten tanpa kendhat.

Page 12: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 12

Sato kèwan, sakinten sakit lajeng dipun sukani, saras. Yèn siyang

sadè sekul, kaideraken dhateng dhusun ngadhusun. Manawi dipun

tumbas, boten suka. Pakartinipun amung sinungaken tiyang

miskin. Pinggir margi sami sinungan tirta wening anèng wadhah,

supados kaanggè ngunjuk tiyang miskin. Dènè simah kawula

punika sajegipun gesang, boten nyepeng punapa-punapa, sarta

boten natè nedha. Kaki Walaka wau remenipun lelana sapurug-

purug, sarta boten natè kekaya dhateng kawula. Dènè Gusti Allah

inggih paring kamirahan. Amung sèmah kawula, Kaki Walaka

punika, manawi nuju wonten griya, tetiyang ingkang sami

pepanggihan tansah lumintu, boten pedhot ingkang kula anggè

nyugata dumadakan mboten kirang. Sarta Kaki Walaka wau boten

mesthi naruwe tetiyang. Saben dhatèng namung kinèndelaken

kèmawon. Suprandosipun kathah ingkang dhateng, nyuwun sabda

pangèstu. Tur para ingkang dhateng punika mawi ambekta, inggih

boten. Yèn wonten tiyang dhateng mawi angsal-angsal, malah

dipun wangsulaken. Suprandosipun rijeki kula sakalangkung

kathah, utawi lajeng kula sukakaken anak-putu kula sadaya,

waradin. Ing wewadhah tuwin lumbung sanget luberipun. Dènè yèn

sèmah kawula, Kaki Walaka, wau kèsah, mangka kula katamuan,

agengipun sanak sadhèrek darbè karya, wadhak kula donya

sampun isi. Dados boten garobyagan uru-urun.”

Para wali sadaya kagèt, panggalihipun sanget ngungun. Kathah

kaduhungipun wardaya. Mila sareng dipun cariyosi makaten

punika, sangsaya kathah mèranging galih, lajeng nedha

pangapunten, badhè andugèkaken lampah. Ingkang liningan

nyumanggakaken ing karsa.

Enggaling carita para wali, lampahipun saya sampoyongan, awit

saking sayah dènya ngengudi weninging karsa. Wasana malah

mboten kèsah-kèsah. Ing mangkè para wali ingkang sami kabuka

sesikuning Allah, lajeng saya sapurugipun. Wonten salebetipun

Page 13: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 13

pakaranganipun Nyai Walaka ngantos kawekèn ing galih, dènya

para wali tansah bola-bali, boten saged lajeng medal. Wantuning

tyas kawelèh, temah mudalèh, “He Nyai Walaka, kapriyè

anggoningsun arsa lumaku, dènè tan bisa metu saka

pakaranganira? Apa duk lagining bebadra, apa sira mendhem oyot

mimang? Marmanè ingsun sarananana, supaya aja bingung bola-

bali. Dène saluput-luput, manawa ana garap gangsulè iya kang

agung aksamanira.”

Nyai Walaka matur, “Boten kawula pendhemi punapa-punapa. Dènè

anggèn Paduka boten saged medal saking pakarangan punika,

bokmanawi wonten ingkang gadhah osik kirang prayogi, awit

welingipun sèmah kawula, sanadyan kutu-kutu wong alang ataga

ingkang malebet pakarangan kawula, mangka gadhah osik awon,

tamtu boten saged mantuk. Mila sèmah kawula welingipun, sinten

ingkang malebet ing pakarangan ngriki, kula kapurih nyaèni. Sukur

kawula saged boja, yèn boten sagedipun, kula inggih krama.

Kawula wineling, sampun ngantos gadhah renguning nitya.

Ewadènè rèhning Paduka punika Panjenengan wali, kawekèn

punapa ambirat pakartining ngalit? Yèn kula sageda, saèstu lajeng

kula birat sesaratipun. Rèhning amung wewelinganipun tiyang

jaler, dados kedah ngentosi sadhatengipun bojo kawula. Dèrèng

kantenan antukipun.”

Ing nalika punika para wali dahat sungkawaning galih. Malah

sampun sami ngedalaken daya prabawa miwah mangunahing

pandhita. Wekasan sami boten amratandhani. Kinetoga dayaning

budi, tan anglabeti. Wasana Sunan Kudus lajeng asrah jiwa raga

dhateng Nyai Walaka, ing lair-batin, awal-akir boten niyat

anyidranana pangucap. Para wali sadaya anut sumpah dhateng

Nyai Walaka, boten sedya anyidranana pangucapipun piyambak

ingkang sampun konus sumungkemipun dhateng Nyai Walaka.

Saking sangeting panalangsa, Nyai Walaka welas aningali, lajeng

Page 14: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 14

gadhah atur wewangsulan, “Masak Allah, manawi dhasar sanyata

antep Paduka, kula amung darmi ambuka wewelingipun sèmah

kawula. Daweg Paduka sami kula irit malebet ing guwa wingking

griya. Mangkè yèn kapanggih bojo kula, mitembunga piyambak.

Kados antuk pangaksama. Ananging lebet Paduka dhateng guwa,

angucapa makaten : (para wali nuruti)

“Ingsun Kang Agung, Kang Amaha Kuwasa Suksci sajati. Iya

Ingsun Amisèsa, iya Ingsun Kang Wenang Angluwari rubet

rentengingsun dhèwè. Ora ana Pangèran anging Ingsun

Sajatining Dat, kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing

asmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Byar sampurna

padhang terawangan, ora ana apa-apa. Anging Ingsun kang

binuka saka kijabingsun dhèwè. Wus sanyata kasahid dèning

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, kalawan anteping

kodratingsun.”

Sunan Kudus sakancanipun sami nurut sawewarahipun Nyai

Walaka.

Dupi wus malebet ing guwa sadaya, para wali lajeng sumrepet

panonipun. Kadi ngambah ing ngalam kanyut. Sakedhèping nètra

para wali sampun dumugi ngarsa Nata, sarta Kaki Walaka taksih

sumiwi sakiwaning Narèndra.

Kacarita praptaning para wali wau sadaya dahat pucet-pucet

nityanipun. Sang Nata tetanya, temah matur sajarwa sadaya. Sang

Nata dahat pungunguning galih. Dupi wis sawatawis dangunipun,

Sang Nata aparing dhawuh, yèn ing mangkè parenging karsa Nata

nadhè ngalap berkahipun Kaki Walaka. Para wali dhinawuhan

angèstreni, karana sampun dados patembayaning karsa. Mangkè

ratri tinemtokaken Sang Nata anggeguru dhateng Kaki Walaka.

Manawi wonten ingkang dèrèng nembadani, kalilan darbè atur.

Page 15: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 15

Kala samanten para wali sampun jumurung, boten anulayani,

karana sampun rumaos kasoran ing ngilmunipun, dalah kaluwihan

ingkang medal saking gaib inggih kalindhih. Mila satunggal boten

wonten ingkang nulayani.

Sasampunipun makaten, Kangjeng Sultan ing Demak lajeng kondur

ngadhaton, angrakit sapakartining puruita. Dènè ingkang

kapareng bèla : palawija kalih pisan, pun Wada, pun Wadaka. Sami

binusanan saèngga pangantèn sapekan. Kaki Walaka ingkang

kapitados mbusanani para wali, inggih amung Sunan Giri, Sunan

Kudus, sapanunggalipun. Nanging Kaki Walaka boten purun

sinalinan busana. Mila sareng dumugining ratri, Sri Nata sampun

miyos. Dupi aningali kusuting busananing Kaki Walaka, Sang Nata

asmu duka. Nginten para wali ingkang gething, boten purun

ambusanani. Para wali matur sajarwa, yèn Kaki Walaka boten

purun santun busana. Wangsulipun makaten, “Manawi pancèn

rinilan Allah, sami sanalika kèmawon saged antuk busana.”

Sareng sampun dumugi wanci sirep tiyang, para wali

sapamangangan pepak, sami ngadhep ing ngarsa Nata. Dènè para

wali ingkang sepuh-sepuh kalilan lenggah jajar lawan Sang Nata.

Sasampuning makaten Kaki Walaka matur bilih kapareng nyuwun

lenggah nginggil, majeng mangètan. Kangjeng Sultan miwah para

wali kinèn ngadhep majeng mangilèn. Narendra mituruti.

Dupi wusing mangkana Kaki Walaka lajeng ngadeg sarwi ngawè

pun Wada kalih Wadaka. Kaki Walaka lenggah ing dhampar

kancana, amung kalih Kangjeng Sultan Demak piyambak. Palawija

kalih pisan sami mèpèt sangandhaping dhampar. Para wali

lenggahipun amung wonten kursi kèmawon, sarta radi tebih

kaliyan, pamejangipun. Dados pamirengipun amung gremeng

kèmawon.

Page 16: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 16

Ing nalika punika para wali sami ajrih ndengèngèk, awit sampun

rumaos kalindhih sarèkanipun, kawelèh saakalipun, kawirangan

rambah-rambah, sarta katutupan wicaranipun piyambak. Dados

sanget sumungkemipun kaliyan Kaki Walaka, sasat pitik iwèn

kaparekan ama.

Makaten malih Sang Nata, dhasar sampun sinedyakaken ing Guru

Rama, tumanceping manah sasat angluluh sarira. Mila nggung

tumungkul, ajrih tumenga. Amung palawija kekalih ingkang

ngawasaken dhateng Kaki Walaka.

Dènè para wali ingkang sumerep dhateng Kaki Walaka amung

Sunan Giri kalih Sunan Panggung. Sunan Ngatasangin, Sèh

Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, tamat dènya mancala

warni.

Sareng sampun matrapaken pangandika sapisan, saparluning

wewejangan, Kangjeng Sultan Demak kalilan tumenga, margi

badhè kagelaraken paraboting ngilmi.

Kangjeng Sultan ing Demak duk tumenga, boten wawang yèn

ingkang Kaki Walaka punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Knagjeng Sultan boten saranta, sigra angrungkebi pangkonipun,

nanging Kangjeng Sultan ing Demak lajeng dipun inggati. Sunan

Kalijaga muksa sakala, tan katingal, amung kantun warni cahya

gumilang tanpa wawayangan, sumorot amrabani sadalem pura.

Ing sawatawis dangu cahya sirna. Kang tinilar lengleng ing driya,

lir tinebak ing mong tuna. Ing ngriku para wali sadaya luwar

sungkemipun, awit sampun ngandel-kumandel dhateng gaibipun

Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Nyata yen katrimah ngilminipun,

Page 17: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 17

nyata yèn sampun waliyullah Gaib, nyata yèn dados

panggayuhipun, rinilan manjing Rijalullah Gaib. Mila Susuhunan

ing Giri sakancanipun ènggal dènya marepeki Kangjeng Sultan ing

Demak, sarya ngrerepa, amrih lipuring Narèndra, dènya lara

karuna saèngga kantu, tan enget ing purwa duksina.

Dupi wus paripurna, lajeng lenggah ing singasana, kaapit-apit para

wali sepuh-sepuh, kaadhep para wali anèm dalah pamaganganipun

sadaya. Amung pun Wada lawan wadaka ingkang marepeki Sunan

Kajenar, kalih Sèh Ibrahim Jatiswara, awit palawija kekalih punika

maripatipun amung mantheleng, boten kedhèp, kadi mata

walangen. Dupi sampun sami waluya jati, temah taken-tinakènan

sababipun sami kami tonggongen. Ingkang dinulu punapa,

ingkang mitakoni sinten ? Yèn kagèta, dènè sidhem, tan ana swara

sora, boten wonten tetingalan punapa-punapa.

Pun wada, Wadaka matur, “Saking kami tenggengen ningali

warnanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè mawa cahya

mancur, mancorong gumilang tanpa wewayangan. Dados anggèn

kula mantheleng boten kadhèp, saking kasorotan cahya nurbuwah.

Dados cahyaning nètra kurub, kalimputan ingkang mancur

mancorong wau. Wantunè kula taliwining ngalit balaka, sajeg kula

gesang saweg punika uninga prabaning cahya anglimputi bawana.

Dados lajeng anglarataken cahyaning nètra kawula..”

Para wali atetanya malih, “Mungguh pangrungu kita duk amedhar

rahsa gaib marang Kangjeng Sultan Demak, apa sira angleng

pangandikanè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga?”

Pun Wada, pun Wadaka matur, “Inggih mireng cetha, sarta kula

cathet saparluning wewejanganipun dhateng Kangjeng Sultan

Demak.”

Page 18: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 18

Pandangunipun para wali dhateng pun Wadaka, Wada, tansah

dineder saparluning wejangan. Pun Wada, pun Wadaka matur,

“Boten saged anggancaraken. Amung saking ancer-ancer kèmawon

ingkang kula tampèni. Wisikan ananing dadya. Manawi duk misik

dhateng Kangjeng Sultan, pamireng kula sasahidan kanyataan ing

dalem rahsa rumasa, sarta anggelaraken wisikan kahananing Dat

kang mutlak, kang kadim ajali abadi, tuwin ambabar budiman

ingkang amratandhani purba wasèsaning Dat Kang Mahasukci.

Pungkasanipun amedharaken Kajat Jatiwasèsa, inggih punika

nyataning Kawula Gusti. Dados anedhahaken Sangkan Paraning

Tanajultarki, katetepaken pangawasaning tèkat ingkang dhateng

pangancas panjing-suruping pati, neteg sahadatipun Kangjeng

Sultan. Saweg saangkatan lajeng katungka wonten prabaning

cahya nurbuwah, winantu jasat kawula kami tenggengen punika

wau. Dados gagar boten kantenan.”

Para wali jalimet dènya tetakèn. Pun Wada, pun Wadaka sugal

wewangsulanipun, “Kadi pundi dadak tansah tetaken? Punapa

ngilmi punika wonten bèdanipun ? Menawi pancèn wonten

bèdanipun, kula nrimah. Manawi boten bèda, kadi pundi sami

pangkating wali sami ndhedhes dhateng kula ? Sok makatena

Jengandika sadaya dereng paja-paja ngèmperi Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga. Dados Jengandika punika kènging dipun

wastani mentah ngilminipun, awit tandhanipun para wali tanpa

mangunah. Mangka tiyang ahli ngelmi kasampurnan punika,

manawi sged angancas dadining awal-akir, nyata kawasa. Wasana

kagètan, gumunan, èraman.

Manawi tunggil cecepan, tamtu boten parlu andhedhes dhateng

kula. Balik kula saweg kaparingan barkah kala wau dalu. Tamtu

dèrèng kacanthèl. Ingkang sampun lami dadak adeling-delingaken.

Yèn makatena, tetèla Sunan Benang utawi Sunan Ngampèldenta

anggènipun paring pusaka mawi pilih kasih. Tandhanipun boten

Page 19: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 19

kadunungan budi jatmika, boten anglebeti panguwasanipun,

pinareng gesang ing awal-akir. Inggih punika tetep kayun pidarèni.

Tegesipun : gesang toya kalih. Wonten ing alam dunya gesang,

wonten kahanan ngalam akirat saged saged gesang.”

Boten kacarita pandhedhesing para wali dhateng pun Wada, pun

Wadaka. Sakonduripun Kangjeng Sultan ing Demak, para wali

tansah paguneman angraosaken gaibing Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga. Mila parawali sepuh, sanget panggagasing galih, dènya

bèda lawan ingkang ngumbara. Dènè para wali ingkang nèm, sarta

para pamaganganipun saya kirang gadug panggagasing galih.

Amung Susuhunan Panggung ingkang sampun ngregem

wasitanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Mila sumalonong atur

dhateng Sunan Giri, Sunan Kudus, kados ing punika

pagunemanipun.

“Kula punika inggih sampun angsal berkahipun Kangjeng Sunan

Kalijaga, nanging amung gelaran wahananing Dat kèmawon punika

ngantos sawarsa dèrèng saged ngregem parlunipun. Ngantos

dumugi sapriki meksa dèrèng mangerti nyatanipun. Mangka

Kangjeng Sultan kaliyan pun Wada, pun Wadaka, anggènipun

amaringi amung sadumuk malih, sageda gadug. Mila dados

sakalangkung panggagasing manah.”

Sunan Kajenar, inggih Sèh Lemahbang amangsuli sugal dhateng

Sunan Panggung, “Ě, boten kadosa anggènipun ngraosaken, Sunan

Panggung. Teka gampil temen pangandika Paduka. Menggah

kahananing ngilmi punika tanpa kira, boten kènging kinaya ngapa.

Sanadyan dipun jinggleng wewarahing wewadi, ananging dèrèng

binuka kijaping Pangèran, yekti datanpa damel anggegurua. Awit

ngilmi kasampurnan punika manawi boten angsal kanugrahaning

Allah, tamtu tuwas tiwas, tur tanpa damel anggènipun puruita.”

Page 20: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 20

Sunan Giri angandika, “Yèn mangkono sira iku wis pinaringan

barkah lawan Sunan Kali ? Kalèjemè malah kalawan Sunan

Panggung. Yèn cilikanè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara uga katara

kedalè pamicara utawa rerasanè marang bangsa rahsa, akèh

sulayanè. Tur ingsun iki kabèh, para wali, uga padha wiji saka

Sunan Benang. Witè ing dhuwur pisan saka Ngampèldenta.

Suprandènè kang wus katandha kasunyatanè marang ngilmu

makripat, Sunan Kalijaga iku wus antuk gaibing kanugrahan.

Mulanè kabèh para wali ora ana kang lawan mujijatè utawa

kanugrahanè.”

Sunan Panggung matur, “Puanapa Paduka nama Kaki Walaka ? Para

wali boten anyektosi, dados ing mangkè wajib sami dipun èngeti,

supados ing tembè yèn wonten kaèlokan, dados boten balolokan

ing paninggal. Ing nguni kula sampun angsal dhawuh piwelingan

kados ing ngandhap punika :

1. Dhestar wulung, nyamping wulung, rasukan sami wulung,

cundhuk sekar wora-wari bang, wangkingan warangka ladrang

kacothè ngajeng, anyampiraken kacu gembaya.

2. Dhestar modang cemeng, rasukan tiga gangsal, paningset

puluh watu malang, èpèk sangkelat cemeng, nyamping cakar

ayam, nyampir kacu baya gembaya, nyothè wangkingan.

3. Sorban koncèran, baju kebayak mubah, ing jawi rasukan

antakusuma, nyamping gembaya, kacu gembaya, lancingan

panji-panji, gasperan.

Panganggè tigang prekawis wau dugi sapunika boten kènging

tinulad, yèn maha katamun walad.

4. Yèn cara kaji, busananipun dhuwung kaagem salebeting jubah.

Ingkang dipun katingalaken amung jejeranipun.

Page 21: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 21

5. Yèn mangagem cara sudra papa, inggih sanget kusutipun,

kados tiyang miskin, ananging ginemanipun kedah

kumalungkung, angungkul-ungkuli sasamining tiyang.

6. Yèn mindha pawèstri, ingkang dipun agem bangsa aji

pangapesa, sasaminipun. Mila duk mindha tiyang ngarit, nama

Kaki Walaka, ginemanipun langkung adigang adiguna. Mila

manawi kirang mulur panggalihipun, tamtu dados pasulayan,

awit saking ngungasaken pangawikanipun.

Sunan Giri miwah Sunan Kudus dahat sukaning galih, jalaran

sampun tinedahaken titikanipun. Saupami boten dipun aturi, ing

wuri badhè kasaluru kados ingkang sampun kalampahan. Temah

badhè nuwuhaken salah surupanipun. Sareng sampun jinarwanan

dèning Sunan Panggung, sadaya suka ing galih, jalaran para wali

punika sampun sami suka sumungkem ing galih dhateng Sunan

Panggung kalih Sunan Kajenar, tiga Sèh Ibrahim Jatiswara. Tetiga

punika sejatosipun sampun nyuwun widana. Tegesipun : nyuwun

barkahing Pangèran Kang Agung. Nadyan wong pidak padarakan,

kedah canjè-canjè. Punika tembung Arab ingkang dèrèng

wewangunan. Tegesipun : ingkang nyata nyatanè. Manawi

sesikuning Pangèran, jampènipun andaluya punika giniro-gira,

supadosipun harja kanjeng suistha jampi.

Menggah ingkang kasebut ing suwalik punika, saking pikajengipun

Sèh Ibrahim Jatiswara. Tembung Canjè wau nyata.

Ginira andaluya punika tiyang ingkang ngglangyong tanpa kering.

Harja kajeng suistha jampi tegesipun : kang urip ora kena pati.

Rèhning Sèh Ibrahim Jatiswara pègo, dados boten cetha

wicantenipun. Upami cetha makaten, Para wali sadaya, mugi sami

anengerana. Yèn wonten larè gelanyong dèdè suwadosipun, inggih

Page 22: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 22

punika nyata Sunan Kalijaga. Inggih punika ingkang urip tan kena

ing pati. Kang langgeng, ora kena ing owah gingsir. Mila mawi

kapethuk sadaya wau, mugi dèn prayitna. Utaminipun, manawi

karsa mampir. Manawi boten, inggih ingkang ajrih, ingkang

kurmat. Awit manawi wonten tiyang ingkang menthangul, malah

dipun perpeki.

Lega tyasè para wali sadaya, rumaos ing tembè badhè boten

kènging cobinipun Kangjeng Sunan Kalijaga, awit sampun angsal

pitedahipun Sunan Panggung bab ingkang dipun agem

sadintenipun, utawi pangagemanipun ingkang padinan.

Kacariyosaken sasampunipun makaten, para wali lajeng lelana,

ngupados siti payah, awit sayah nalika rerejenganipun sami dipun

abèr-abèr kajalonipun. Awit manawi ngalempruk sadaya, inggih

katut papa sangsara.

Kala samanten para wali lajeng darbè musintarasab, tegesipun :

marèntah. Dados tiyang Demak sadaya sami manut dhateng Sunan

Giri, lamenipun sadasa taun. Sareng mentas kapacel dèning

Kangjeng Sunan ing Kalijaga, tiyang Demak lajeng sami purun

manut.

Ing nalika samanten Sunan Giri lajeng wiwit malincur. Arang

sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan, rukun kaliyan Sunan Kudus.

Dipun timbali sapisan kaping kalih, ngantos kaping rambah-

rambah, meksa boten dhateng. Kangjeng Sultan dahat

sungkawaning galih.

Anuju satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

anedhaki, sarwa tetakèn, “Apa sababè, kadi ana kang rinasa ?

Mungguh mirudanè Sunan Giri lawan Sunan Kudus iku, anutugakè

babangus Arya Jipang, supaya sida kalakon angraman. Kang iku,

Page 23: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 23

Jebèng, aja sira rasakakè, mundhak ngungkat-ngungkat nalar.

Anggur sira mamardia rahsaning ngilmu. Ayo ginilut kang prayogi.

Kala semanten Kangjeng Sultan Demak kaliyan Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga sampun sami malebet ing kadhaton. Pun

Wada, pun Wadaka boten kènging kantun. Sakawan pisan wau

lajeng terus tedhak ing patamanan, tumamèng Wisma Kembang

(Keterangan : manawi jaman samanika winastan Bandengan, A.H.).

dumugining ngriku Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika

makaten :

“Jebèng, ing mengko ingsun ambalèni wewejangan kahananing

Dat, kaya mangkènè. Tilingena.

Sajatinè ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awang, durung

ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran,

anging Ingsun, sajatining Dat kang anglimputi ing sipatingsun,

anartani ing amaningsun. Iya Ingsun sajatining Dat Kang Murba

Amasèsa ing ngalam kabèh.

Mungguh sajatining Dat anglimputi sipat iku, iya rupa kita pribadi,

sanyata kalimputan Dating Pangeran Kang Agung.

Anartani asma iku iya nama kita pribadi, nyata kaaken sebuting

Dat Kang Wisèsa.

Amartandhani apngal iya ya solah bawa kita pribadi, kaaken

pakartining Dat kang èlok.

Ing kono sira wus aja nganggo uwas sumelang manèh, awit

satuhuning sipat kita iku nyata katitipan rahsaning Dat Kang

Sampurna. Tandhaning manungsa kaaken Kalipah iku, saka wus

kanyatahan saliring rahsa rumasa, padha kapurba ana ing sira.

Page 24: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 24

Mula kasebut wewakil. Dadi ora mung Ratu kalawan kawulanè.

Kabèh manungsa nyata wewakiling Allah. Tunggal Kawula Gusti,

tanpa antara kahananè; tanpa sesawangan wahananè.

Dènè kang kasebut wewakiling Allah iku Ratu. Mung dianggo

misahakè sarèngat lawan hakèjatè baè.

Mula dèn awas, aja uwas. Nyatanè kabèh manungsa pada nganggo

pirantining jasat. Ora bèda lawan praboting Ratu. Ngibaratè

mangkènè :

1. Kang dhing, Ratu iku kaupamakake sipating Gusti. Tandhanè,

wenang murba amisèsa. Mungguhing sarèngatè, sapa madhani

Ratu ?

2. Kang kaping pindho, Kawula iku minangka warangkaning Gusti.

Yakti ora kena yèn oncata salah sawiji.

Upama kawula tanpa Gusti, sasat embanan tanpa sesotya. Dadi

kaupamakakè kinjeng tanpa soja, anggalandha kari kandhang.

Mangka sajatining kawruh iku iya dèn kongsi weruh. Ngilmu

Makripat iku kawruh kang wus kasat mata nyatanè. Kaya kancana

winor lawan sarining tembaga, pasthi ilang wujuding loro.

Pasthi dadi sawiji. Aranè suwasa mulya.

Ing kono maring endi wujuding kencana ? Tiba ngendi sipating

dembaga sari ?

Iya iku sejating Kawula Gusti. Yakti nora keno yèn kasebut roro.

Mulanè wus aja nganggo wani ambèdakakè. Nyata, yèn Kawula iya

Gusti, Gusti iya Kawula.

Kangjeng Sultan ing Demak utawi pun Wada, pun Wadaka saya

ngregut pangisepipun. Sasat bremara ngrabasèng kusuma.

Ambangengeng tanpa kèndel, yèn dèrèng telas maduning puspita.

Wasana nyuwun pitedah malih. Sadaya wau supados saya padhang,

kadhapurna ing dederahan.

Page 25: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 25

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Kados makaten

wejanganipun :

1. “Jebèng, kang dingin dèn arani DAT.

Tegesè : wujud sawiji, nanging wenang murba amisèsa. Awit

DAT iku sipating Pangèran.

Marmanè, yèn cilik samrican, binubut. Yèn gedhè angebeki

jagad raya, jaba jero.

2. Jebèng, kang dèn arani SIR, iku angen-angen. Iya iku kang

minangka warananing Pangèran. Iya iku bisa obah, tan nana

kang ngobahakè. Iya iku kakèkating rahsa. Wahananè wenang

nganakakè roh. Dadi sipating Atma, mahanani marang suksma,

iya iku kang kasebut nyawa.

3. Jebèng, kang dèn arani NUR ing cahyaning Pangèran, kang dèn

wenangakè dadi warangkaning suksma utawa bisa amrabawani

sèsining dumadi ing jagad raya.

4. Jebèng, kang dèn arani KAYU iku uriping Pangèran, kang wus

gumadhuh marang Sir Nur. Marmanè kasebut HIDAYATULLAHI.

Tegesè : nyata uriping Pangèran.

5. Jebèng, mungguh kang dèn arani NEPSU iku sajatinè uriping

cahya patang prakara, dadi sawiji anjajah saereping SIR, NUR,

KAYU, NEPSU. Dadi obahing patang prakara mau mahanani

wewenanging angen-angen.

Mula NEPSU dèn arani HAWA. Matekè angkara murka. Ananging

ora kena yèn kapisahna, awit minangko kekuwataning kahanan

nyata.

6. Jebèng, kang dèn arani APNGAL iku budi. Marmanè kena dèn

arani urip. Ananing Apngal enggonè urip mau kasorotan cahya

patang prakara. Marma bisa ambabar cipta, rasa,

sapanunggalanè.

7. Jebèng, mungguh jasad iku badan. Iya iku minangka

wewadhaning Dat sawiji-wiji. Kawasanè bisa ngrasakakè lara

kapènak, suka-sungkawa.

Page 26: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 26

Namung sawiji Jebèng, dèn awas èling. Kabèh kang wus ingsun

gelarakè iku, senadyan wus wenang sesilih Dating Pangèran,

ananging ijih kena ing lara pati, ijih kena ketaman ing rencana.

Amung sawiji kang langgeng, ora owah gingsir, ora kena lara pati,

ora kena susah bungah. Iku mung asma kita sajati. Nyata urip, ora

ana kang nguripi.

Mulanè ana ngibarating para Pandhita, dèn umpamakakè simbar

nèng kakayan. Uripè mung tumèpèl, tanpa milu pancering wit; ora

milu nambahi oyod dhangkèlè. Suprandenè ngrembaka.

Marmane dèn awas èling, aja uwas sumelang. Lairè Dat iku wus

kawengku ana ing sira kabèh. Tegesè : iya aranira dhèwè.

Iku kang kawasa mengku kabèh mau, awit mungging Pangèran iku

ora kagungan nama. Muhung angagep ing nama kita pribadi. Iku

kang dèn aku sesebutaning Pangèran Kang Agung, Kang

Mahamulya.

Ing kono sakaliring Dat kabèh mau ana sesebutan reringkesan,

amung dhapur patang prakara :

1. DAT, tegesè : wujud.

2. SIPAT, tegesè : lelungidan ing rupa.

3. ASMA, tegesè : aran.

4. APNGAL, tegesè : budi.

Patang prakara iku nuduhakè kang mahanani Nepsu.

Marmane Nepsu bisa kanggonan cahya patang prakara.

Iya iku tandhanè panuntuning karep iku kabèh.

Kaya tha :

1. Cahya abang, pakaryanè bisa anggelar kang kaliru.

2. Cahya ireng, pakaryanè anenuntun panggawè sisip.

3. Cahya kuning, pakaryanè amemarah karep kang ora bener.

4. Cahya putih, pakaryanè anenuntun budi dtuhaka.

Page 27: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 27

Marmane cahya patang prakara iku, nadyan ora mancorong,

nanging amblerengi. Iku sangka warna-warna prabanè. Ananging,

sanadyan nepsu patang prakara mau mung anggelar angkara

murka, yèn sira bisa mepeti dedalanè, ora sumorot prabanè, pasthi

ilang panase.

Mungguh sawantahè, wus kasebut ing wewedharan triloka. Kaya

tha : Bètalmakmur, Bètalmukaram, Bètalmukadas.

Telung kahanan iku pasèwakaning Dat Kang Mahasuci. Marmanè

yèn sira arsa sapatemon lawan Kang Agung, Kang Mahaluhur,

anetepana pepeti babulpranapa. Tegesè : lawanging sawarga

sangang prakara, kaya ing dalem panekungan, nutupi babahan

hawa sasanga :

1. Netro karo. Iku memarah karep kang ala becik.

2. Lèng grana karo, anggèrèt urub kang tanpa kira—kira.

3. Lèsan anuwuhakè wicara kang tanpa prayoga.

4. Parji, anuwuhakè karsa kang tanpa duga-duga.

5. Dubur, anggepar raksa. Ing kono anyangga rekasaning jasad.

Yèn kurang awas, yakti nuwuhakè tiwas. Kabèh-kabèh iku

lawang sanga, bisa dadi dedalaning swarga naraka. Mulanè

kang para sujana, para sarjana, ingkang ahli budi, mardi

nyataning ngilmu kasampurnan. Pasthi akèh kang padha

anggelarakè marang muridè, nanging gèyonganè trekadhang

amung wewedharanè triloka baè. Dadi gadugè, wong bisa

mepet napsu hawa iku wus kalebu luwih. Wajibè kang

anganggo para wali sajroning praja. Suprandènè nadyan wus

padha jumeneng wali, ijèh ana ngeresing panemu. Marmanè

sira dèn bisa mengku bener luputè para wali. Dèn èling marang

rubet rentenging dumadi ing ngalam dunya kabèh iki, karana

iku padha baè panggawèning Pangèran kang Amurbamisèsa.

Page 28: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 28

Kangjeng Sultan ing Demak wus padhang tyasira terawangan,

sumarambah dhateng palawija kekalih pisan. Pun Wada, pun

Wadaka matur, “Gusti kawula kang aparing iman, rèhning kawula

lampahi pundi ?”.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika, “Luhur-endhek,

gedhe-cilik, padha baè. Amung nganggo duga-duga. Tegesè :

ing ngatasè wong cilik, nadyan ngilmunè dadi, durung kuwat

andulu anak-bojonè. Mulanè nadyan tumeka ing pati, titis

tumanjanè.”

Pun Wada, pun Wadaka matur, “Nuwun kapundhi, amung sageda

kalimputan ing sabda pangandika, sarta kaparengena kawula

mantuk dhumateng asal kawula ing tanah Kidul. Bilih saged

anglubèri anak-bojo kawula, sami katumusana ing sabda

pangestu.”

Kacariyos pun Wada lawan Wadaka. Sasampunipun untuk nugraha

saking saking berkahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, pun

Wada, Wadaka sakalangkung memundhi. Wasana matur nyuwun

kanca, rèhning sampun sepuh, sarta sampun lami dènya suwita ing

Nata.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ndangu asalipun, Wada, pun

Wadaka. Asal saking dhusun wanasida. Dinangu ing sedya matur,

yèn kepingin pejah. Nanging senadyan sampun kinubur,

kaparenga taksih tumuntur ring karaton Jawi.

Ěnggalipun, palawija kekalih rinilan mantuk, sarana pinaringan

brana. Palawija kalih dumugining alas Wanasida pejah. Nanging

kuwandanipun kalih pisan kukut, tilar weweling makaten, “Alas

ing Wanasida akèh kayune jati siluman. Besuk dadia

pirantining karaton Jawa.”

Page 29: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 29

Sareng anak putunipun atur uninga, Kangjeng Sunan Kalijaga

nedhaki piyambak. Sarawuhing ngriku andangu dhateng

warisipun, lamining tumeka dumugining pati. Ingkang dinangu

matur sajarwa, “Dhatengipun sèmah kawula punika saweg

pendhak dinten, lajeng pejah. Wewelingipun namung nedahaken,

manawi sawingking griya punika alas ageng. Kathah witipun jati,

nanging kajengipun sami boten katingal. Manawi badhè uninga,

kedah sarana toya mawi sekar setaman. Ingkang dipun anggè

nandha, pangilon. Manawi katarimah, saged gana witing jati

ageng. Ananging manawi dèdè karaton Jawi ingkang ngagem,

boten kènging.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng nglaksanani, dipun tandha

sarana pangilon utawi kembang sataman, kanthi dedupa kang

agung. Sasampuning makaten, Kangjeng Sultan namur kawula

dhusun dhateng Wanasida. Dupi wus prapta lajeng sami

nyatakaken. Wasana kanyatahan, wana ageng katingal. Tuhu tanpa

sela, wit jati ageng-ageng. Kangjeng Susuhunan Kali lajeng

dhedhawuh.

“Hè bojonè Wada lawan Wadaka, ing mengko mupakatna. Awit

saka karsaningsun, ing alas Wanasida ingsun elih ing Danalaya,

minangka panengeran patinè si Wada lawan Wadaka. Karo dènè

rèhning wus dadi panuwunè si Wada lawan Wadaka kayu iki

dadia pirantinè kraton Jawa. Ingsun wus angidèni, lestari. Aja

katon, yèn nora bakal kagem ing Ratu.”

Kang liningan matur sandika. Kangjeng Sultan ing Demak utawi

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur, paring tetilaran

dunya sawatawis.

Mila dados pèngetan sapariki, wana Danalaya kajengipun jati

langkung kathah tur ageng-ageng, nanging boten katingal. Sadaya

wit jati siluman. Dènè manawi badhè kanggè karaton, inggih saged

Page 30: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 30

ngatingal. Nanging kedah dipun saranani sesajèn sekar setaman

sarta pangilon, kanggè ngilokaken kajeng jati ingkang siluman

wau. Ananging sanèsipun kagem ing Ratu, boten kènging.

Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

kaliyan Kangjeng Sultan ing Demak samargi-margi anggung imbal

pangandika makaten :

“Jebèng, wruhanamu, mungguh patinè si Wada lawan Si Wadaka

iku luwih becik, dènè bisa anggawa saraganè. Yèn kang durung

sumurup, si nengguh mranyanyang dadi dhemit sing rumeksa

kayu jati siluman. Mangka sadurungè si Mada, Wadaka mati,

kayu jati wus padha tumuwuh. Dènè enggonè ora katon

janggerenging kayu, ing nguni pananemè Sang Hyang Bathara

Wisnu, nuju siluman. Dalah wijinè nalika janggleng uga saka

wiwitan suwarga. Utawa nalika nanjakakè wiji, iya sarana

sinung sabda, sing sapa trahing Wisnu jumeneng tanah Jawa,

iku kena negor kayu ing alas Wanasida. Marmanè saiki ingsun

elih aran Danalaya, karana dadi panengran, enggonè si Wada

lawan Wadaka mati ana ngalas iku.”

Kangjeng Sultan ing Demak matur tanjanipun, “Menggahing pati

katun raganipun, punapa boten sinengguh mrenyanyang ? Upami

nunggil lawan dhangnyang ingkang tengga wana, saèstu nistha

ngilminipun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :

“Iya bener kang angarani, karana sunduk prayoganè ora mlèsèt.

Ananging, sajatinè ora paja-paja yèn anunggala panuksmanè

lelembut, ananging ora timu-tinemu. Amung ana luputè si

Wada lawan si Wadaka. Rada karikaten. Dadi ing pati mung

sampurna baè. Wujuding sampurna iku mung nunggal lawan

Datè Kang Agung. Dadi mung tetep piranti baè. Iya iku kang

ingaran sampurnaning pati. Upama saangkatan engkas, pasthi

Page 31: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 31

bisa tunggal lawan Hidayatullahi. Wus kena sinebut

kamulyaning pati.”

Kanjeng Sultan ing Demak matur malih, “Punapa wonten

inggahipun malih?”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika :

“Teka amindho kardi, dènè sira wus ingsun pituturi, mungguh

caritaning Kadis pangandikaning Allah, sing sapa wus nunggal

hidayatjati, yakti wus kalebu punjul panggayuhè. Ananging yèn

katetepakè ing wewejanganingsun ijèh nyamut-nyamut

nyatanè, karana saangkataning Hidayatullahi, banjur tumaka

ing ngalam kanyut.

Iya iku dununging kalimput.

Dènè yèn wus bisa anembadani kahananing ngalam iku, banjur

tumaka sajatining kira. Iya iku alam kang wus tan kanyanan,

karana ananè kalingan ing nikmatullahi.

Sawusè tumeka ing ngalam sajatining kira, banjur ana rerupan

kang sira durung tau sumurup salawasè urip.

Yèn carita duk Kangjeng Nabi Adam, kang kadulu mau sinebut

Wohing Kuldi. Mulanè Kangjeng Nabi Adam nganti kasiku,

tunurunakè ing dunya, iya saka dhahar Wohing Kuldi mau.

Upama duk nguni ora dhahar Woh Kuldi, pasthi tulus Nabi

Adam, nora kasiku, tinetepakè anèng swarga baè. Ora nitahake

manungsa iki kabèh.”

Kanjeng Sultan Demak matur, “Sejatining Woh Kuldi ?”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“He Jebèng, mungguh kang diarani Wohing Kuldi iku sejatinè

sesotya sarining swarga. Iya iku arang kang weruh rupanè

dèning Allah Wohing Kuldi mau mung Nabi Adam dhèwè.

Marmane ana sesiku, jalaran saka gajah ngidhak rapah,

katempuh pepesing papah. Tegesè : kang dirilani rumeksa

amung Nabi Adam. Wasana ngrusuhi rereksanè dhèwè.

Page 32: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 32

Iya bener, kang agawè luput, wus dadi ukumè yen wong rusuh,

anemu pakèwuh.”

Kanjeng Sultan matur, “Menggah sesotya sarining swarga punika

punapa ?”

Kangjeng Susuhunan Kalijaga ngandika :

“Wruhanamu Jebèng, mungguh kang diarani sesotya sarining

swarga iku kahananing jinem.

Sajroning jinem iku : wadi.

Sajroning wadi iku : madi.

Sajroning madi iku : manikem.

Sajroning maningkem iku : rahsa sajatining rahsa, kang ginawè

dèning Allah, kang rinengga dèning suksma, kang pinardi

dèning ati.”

Kangjeng Sultan ing Demak sampun mangertos. Sakalangkung

anuwun kapundhi. Wasana nutugaken lampah sakalih-kalihipun.

Sareng dumugi Delanggung, labuh tan ana wong lumaku. Alas

gung liwang-liwung, kathah bebujengan ingkang galak-galak.

Kangjeng Sultan Demak matur, menawi kapareng kasengkakaken

ing lampah, supados angicalaken samar.

Sunan Kalijaga angandika :

“Ngendi panggonanè samar, emar, wedi ? Dadinè ana ing sirri

dhèwè. Aja sumelang, karana iki pangajaraning tekat. Mungguh

ing dalem ati, luwih sangka iki pakewuhè. Kari luput pisan,

kena pisan. Balik kang dilakoni iki gampang malasahè.

Bebasanè : saupama kapapag ing bebaya sarpa miwah sardula,

kari ananting kuwandanè. Lamun sira kalah, sirna. Menang,

ngukup. Mungguh kukupanè, sirna bathangè, pinangan ing

sato galak.

Balik ing ngalam akirat, wus anyandhak-nyandhak tuna,

ngrangsang-ngrangsang luput. Maring ngendi palayunè ?

Andhelik, aling-alingan apa ? awit ing pati kari sapisan. Ora bisa

Page 33: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 33

menang ing aprang sabil. Tur mesthi kalahè, awit ing dalem

pati, tanpa andulu apa-apa. Tan ana kayu kekayon kang

katingalan. Mung kari awang-uwung, wus kari anglindhung

dhèwè.

Mulanè si Kaki Dhalang bisa gawè ngibarat Arjuna kalawan

Semar. Ing saben ana bebaya, Semar nangisi ngajak lumayu.

Yèn Semar wus umpetan, Janaka prang lawan buta. Marmanè

Kaki Dhalang agawè ngibarat wewayangan, amung nuduhakè

barang lelakoning ngurip. Mulanè yèn Janaka ijèh kairing Semar

lunga, buta mati.

Tegesè : mungguh lelakonè ngurip utawa lelakoning pati, yèn

maksih samar-samar, pasthi jèdok panggayuhe, awit kurang

wani tèkadè, uwas-uwas pamawasè. Yèn wus ilang sumelangè,

kari melang tekadè, iya tutug sedyanè.

Lamun nora mangkana, urip tutuging pati tansah dadi gawè,

utawa tiwas uripè.

Ewadenè yèn sira meksa durung wani andadar tèkad, pasthi

ingsun bisa angulihakè marang Demak, padha sanalika teka.”

Kangjeng Sulatan matur, “Gampil nglampahaken weninging tèkad.

Wangsul ing mangkè anetepi angger-anggering karaton, inggih

kedah dipun anggè. Dados angsal sakalih-kalihipun.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika, “Iya bener.”

Sasampuning makaten lajeng ambèbèr baju gebayak landhung.

Kangjeng Sultan ing Demak kadhawuhan malebet ing lengenan

kabayak landhung wau, kinen merem netranipun sapandurat.

Saking nyata kuwasa Sèh Sutabarit, saged angingset paran

ungguling jagad. Kangjeng Sultan ing Demak sami sakala manjing

lengenan kulambi. Sakedhèping nètra dumugi ing Demak.

Ing nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kaliyan Ingkang

Sinuhun Kalijaga, sarawuhipun ing kadhaton taksih angdugèkaken

Page 34: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 34

reraosanipun nalika wonten samadyaning wana. Kangjeng Sultan

ing Demak matur, “Pakartining pati, sagedipun titi pangruktining

pakarti, tinarik saking punapa ?”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika makaten dhawuhipun:

“Hè jebèng, anadenè pangertining pati, manawa titi patitis,

pasthi kena ginulang saiki. Supaya lanyah, amiwitana ngawruhi

keplasing turu. Aja lali panglesing layap, tumekaning luyup.

Tegesè : wiwit baliyut tumekaning angler, iya uga ana

petunganè, minangka panengeran.

Kaping pindhonè tarèk, andadar tekad ing kauripanira dhèwè.

Tegesè : anarik napas, pinepes amrih marang anpas.

Anpas pineksa supaya ngumpul marang tan napas. Tan napas

pinusthi bisanè dadi sawiji marang nupus.

Mungguh sinaonè rong prakara ing mangkènè. Patitisena,

Jebèng:

Kang dhingin : ngurangana pangan, supaya kothong

wetenge.

Kapindhonè : ngurangana turu, supaya ènthèng badanè,

padhang polatanè.

Kaping telu : dèn upakara jamunè, supaya kuwat balung

ototè.

Kaping pat : dèn lega lila ciptanè, supaya menang

papanthenganè.

Yèn wis sampeka pakartinè, supayo uwas atinè, iya sinaonana eling

lerleraning turu dhingin. Angètunga keketeg ingkang terus

pangrunguning kuping.

Ingkang dalem sawidak keteg, pasthi katara rèrèhing napas.

Nganggo meneng sadhèla, banjur dhedheti maneh. Ing saben wus

kaping sawidak, rèrèh. Manawa wis kaping telu rèrèhing napas,

banjur ana swara, saèngga kendhenging gandhèwa lagi mentas

pinentang. Ing kono dèn awas sarta patitis pètungira.

Page 35: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 35

Yèn wus “greng”, “greng” kaping telu, banjur saya kerep “greng”,

“greng”, “greng” tanpa sela. Iya iku kang dèn èling, aja lèna, awit

ngarepakè tibaning bawa-bawa. Tegesè : lelimpet kang bakal

anglimputi marang panon kita prabadi.

Kalalèn ler-leraning cipta maya. Banjur ana tumeka manèh gora-

goraya. Tegesè : swara sora tanpa sela, ngungkuli gumlegering

gelap utawa baledhèg, sarta ora nganggo antara karepè.

Iya iku kang bebarung mamrih rusaking pangangen-angen kita,

manuman nonton bawur kuwur, ora ngawruhi sarta ora dèn

kawruhi. Ing kono dèn prayitna, aja samar. Bokmanawa bakal

uninga sajatining kahanan.

Kapindhonè, kang diarani tarèk, iya iku tarik. Tegesè : anarik

napas, anpas, tan napas, nupus.

Ananging panarikè ora sarana turu, ora nganggo alam kanyut.

Amung pineksa lawan lungguh baè. Nanging pakartinè padha

nganggo ngurangi pangan utawa turu, apadène jamu kang anget-

anget. Utamanè, yèn nganggè minum arak kang nganti mendem.

Ing kono dianggo tarèk, gelis kalakonè. Angger ora kalalèn, malah

becik.

Dèn yèn dhasar bisa santosa budinè, mantheng ciptane, iya ora

kaya kang tanpa sarana mendem.

Dadi wantah pamandengè ing kahanan jati.

Ewadènè pangkat-pangkating lelakon iya ora bèda dedalanè nalika

patrap layaping nèndra. Amung yen wus tumekaning don sejating

kira, uga tumangkar dadi telung perkara. Yèn padha katarima :

o Manawa padha turu, katrimanè ing dalem kasunyatan, bisa

raga sukma.

.......................................................

.............Halaman 26 hilang.............

.......................................................

Page 36: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 36

Wekasanè malah anjalari tiwasè wong ngatuwa. Dadi gelisanè

wong kang arep swara, wong kang sukak micara sora, wong

kang dhemen solah, tenaga saru kurang rèrèh ririh, iya iku

kalebu pancèn.

Tegesè : wus dadi pepancèning roh nalika lagi cumithak

sajroning maningkem. Èwadènè ana tandhanè. Telung prakara

panitikè wewatakan mau :

1. Kaèngetakè. Tegesè : dièlingakè laku-lakunè kang ora

prayoga, brabah, sora, saru, supaya mari. Yèn meksa

ndadra, tandha wus kodrat duk dadinè. Iya wus takdiring

Allah.

2. Kaèngetakè, supaya patrapè kang ala bisa becik, mangka

gelis miturut. Tandha patrap tetularan.

Tegesè : katut apa woworanè. Bebasanè amor maling, wruh

lakune maling. Amor wong ala, katularan ala. Iku nyata

bener kang padha ngarani.

3. Kaèngetakè supaya èling uripè, aja nganti darbè patrap

kang ora prayoga. Mangka lagi dèn agagi gunem baè wus

ènget dhèwè. Iya iku sajatining urip. Nyata elasing dumadi.

Tetep kamangungsanè.

Jer manungsa sipatè, watakè bodho, druwolo, angèl wulanganè.

Iku duk nitisake, mosiking Bapa-Biyung sepen pikirè kang premati.

Dadinè manungsa pasthi kaya kebo. Anadènè ala sipatè, wekasan

becik atinè, pasthi duk cumithak anuwuhakè budi paramarta.

Katitik saka katuju tujunu karepè.

Anadènè maneh sipatè manungsa wekasanè lumancang langkah

karepè. Iku nalika nitisakè kurang netes. Tegesè : kurang satiti,

kurang sucinè. Dadi tibaning wiji becik, akèh borotè. Kabeh

titahing Pangèran wus ora kena kinaya ngapa, lawan ora bedanè

tibaning roh kang dadi luhur, lawan kang dadi asor.

Marmanè, nadyan sira jumeneng Nata, aja nganti ambek

kumalungkung. Èngetana padha asal saka banyu. Ing kono ana

Page 37: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 37

nyatanè, kaya ta : wong tinitah luhur, mangka wani ngidak benere,

bokmanawa kuwalik adilè. Kasiku padha asalè.

Marma dèn èling, Jebèng, kabèh wekasaningsun.”

Kangjeng Sultan Demak matur, “Pisah-pisahing toya buthek lan

wening, puruging warna yèn wus mawor, paraning ijem-abrit

dhateng pundi? Kawula nyuwun pitedah.”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika, “Wrunanamu Jebèng,

mungguh empanè kang among sawarna, tunggal lawan kang

wening. Kang wus wujud banyu bening iku tegesè : wus meneng.

Iya iku kang nora obah. Kaworan banyu warna-warna, iya mulih

marang warnanè dhèwè :

1. Banyu abang momor banyu wening, ulehè si abang iya mulih

warang cahya abang, ya iku nepsu amarah.

2. Banyu ireng iya mulih marang cahya ireng, kahananing nepsu

luamah.

3. Banyu kuning iya cahyaning nepsu supiyah.

4. Banyu putih iya mulih marang asaling cahya putih, kang

ingaranan saka nepsu mutmainah.

Tumangkarè ana dhèwè. Kaya ta : biru, klawu, gedhah, lamus,

sapanunggalanè iku padha saka wahananing cahya ireng.

Jambon, kapuranta, jingga, wungu, sapanunggalanè iku padha

asalè, saka cahya abang.

Ijo pupus, gadhung, sapanunggalanè, iku asal saka cahya kuning.

Pingul, sèta, pèrak, padha asal saka wahananè cahya putih.

Mungguh terusè sabarang warna teruse mangkènè :

Putih iku bisa dadi kuning, awit saka cecampuran.

Kuning bisa dadi abang, uga saka cecampuran.

Abang bisa dadi ireng, uga saking cecampuran liru lambang

empaning carup wor.

Page 38: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 38

Wekasan dadinè ora bisa mulih marang banyu wening. Mangka yèn

satuhunè, warna iku mung rong bab :

1. Kang dhingin : anuduhakè luguning cahya ireng.

Marmane ireng banget irengè iku putih.

Putih kang banget ireng.

2. Kaping pindho : anuduhakè satuhuning cahya abang. Manawa

abang banget abangè, iku dadi kuning. Kuning kang banget

kuningè bisa dadi abang. Iya iku sajatining warna.

Ananè wungu, dadu, ijo, jambon, sapanunggalanè iku soroting

rong prakara mau.

Marmanè ana pati sasar, utawa ana rupa bagus, ala, kiwa, cacat,

sapapadhanè.

Ing kono aja nganti kurang tampaning ati kita. Aja tumpang suh

cipta rasanè. Aja kaliru surup budinira. Aja kuwur sedyanira

Ing kono ananè saka kita pribadi. Oranè iya kita kang amurungakè.

Dadine iya kita kang ambebakali bisa dadi.”

Kangjeng Sultan ing Demak duk nampèni dhawuh

wewedhararanipun Ingkang Sinuhun Kalijaga sakalangkung

pamundhi panuwunipun. Salebeting panggalih rumaos padhang

terawangan, saèngga boten wonten ingkang dados aling-aling.

Melenging panggalih sampun karegem sadaya. Upami tinaruju

kaliyan boboting wali sadaya, taksih awrat Narpati ing Demak,

margi ginulang-gulang, wineleg ing siyang ratri. Suprandosipun

manawi anandukaken tembung, kedaling lèsan, taksih katawis

kirang seblaking budinipun. Mila Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga

anggung mangandika makaten :

“Hè Jebèng, baya kayaa, enggon kita aneter pangarti kita. Dènè

panawangingsun kaya maksih ana wewageling atinira. Rumasa

kurang terang tampaning budi premati. Yèn ta maksih ana

kodhenging panemu, becik sajarwaa maringsun. Bokmanawa

ingsun bakal anuduhakè salugu, mupung ingsun maksih

kapareng tunggu ing sira, Jebèng. Aja pakèwuh.”

Page 39: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 39

Kangjeng Sultan ing Demak matur, saluguning sigeging galih,

taksih wonten wewagelipun, amung jabaring cahya kawan

prakawis. Anggènipun cacamburan weninging tirta marta, dèrèng

saged tumancep anampeninipun. Mila nuwun wantahipun, supados

saged tumanem amanggih ing manah. Kangjeng Sinuhun ing

Kalijaga gumujeng, sarwi angandika makaten :

“Yahu Allah, teka banget temen enggonmu pindha bayi salapan

umurè. Prakara cacamburan iku, upama ingsun ora nuduhakè,

pasthi sira wus bisa ambabar pribadi sawewadinè kabeh.

Amung saka banget temen enggonira jugul. Kang wus

jumonggol, sira sengguh bonggol. Mangka yen prakara iku,

bebasanè angger wus darbè paugeran kang ana pingilè, pasthi

bisa ambabarakè dhèwè. Èwadènè sira ingsun tuduhakè

salanjaran baè, bokmanawa banjur bangkit anuntumakè

gothak-gathukè. Ana ta othak-athikè, anjarum sarumbunganè

wus ora kawekèn. Mara pareka maning, Jebèng. Sira ingsun

paringi lanjaran jarwaning wewadi.”

Sang Nata nembah marbukuh ing ngarsa. Sigra ginelaran talering

warih kang warna-warna.

“Tampanana, Jebèng, aja kaliru.”

Aturipun Sang Nata, “Sembah nuwun sandika.”

Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wasitaning

galih taksih asmu gumuyu. Dados kedaling pangandika kadi winor

ing raras, binarung ing sesingir, kados ing ngandhap punika

bebukanipun :

“E.. Allah Yatallah, Gusti Allah, angudubillahi, barang polah yèn

tan kalah man aklah, la ilalaha illallah, Muhammadan

rasulullah, Allah kita dèning ingsun. Allah ingsun dènè kita.

Sanyatanè kang tinemu nemokakè. Mokal linyok, mokal dora.

Yèn goroha nora dadi. Dènè temen kang tinemu saka Datè. Dat

sipatè yèn tan nyata pasthi wurung. Yèn ruwetè pasthi bingung,

Page 40: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 40

agungaka ing sendhang kang manca warna. Lamun kita cipta

cidra, cinidranan, sedya harda antuk nepsu, niyat rusuh pasthi

kisruh. Reged resikan tan saking osik kita. Kita iku yèn kukuh

amasthi kuat. Lamun heneng pasthi hening. Hening iku tan

lyan saka panggawè kita pribadi.”

Dhatdhat karaos panggalihipun Sri Nata ing Demak. Rumaos saged

anggelaraken piyambak. Pasemonipun Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga, sasampunipun makaten lajeng paring pangandika malih

saklimah, wantahipun makaten :

“Hè Jebèng, satuhunè banyu rahmani, iya iku lamun sira lagi

mosik, aja kacamburan apa-apa. Manawa kacamburan rahsa

rumasaning cipta kang ora bener, pasthi bakal malèncong

dadinè.”

Pangandika makaten wau sarwi jumeneng kèsah Narèndra ing

Demak badhè nyandhet, ajrih sesikuning guru. Mila mung sembah

nuwun kaping sèwu kapundhi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

atilar pangandika.

“Jebèng, bèsuk ingsun bali manèh manawa wus ana antaranè.”

Tumindaking lampah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dumugi

sahandhaping taratag lajeng boten kawistara.

Gentos cinarita, para wali sadaya marek ngarsa Nata, atur uninga

yèn Sunan Dèwakatong tilar dunya, Kangjeng Sultan ing Demak

dahat pangunguning galih lajeng utusan anggandhèk tengen kalih,

amringake waragatipun sawates.

Ing nalika samanten taksih anetepi punapi lenggahipun siti, yèn

wali bekel, lenggahipun sèwu karya, paring wragat inggih sèwu

rèyal. Yèn wali sepuh, wolung atus karya, inggih wolung atus rèyal.

Sunan Dèwakatong wali nem, lenggah gangsal atus rèyal. Nanging

Page 41: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 41

mawi tambah ganjaran, margi Sunan Dewakatong saking sepuhing

umur satus taun.

Sampun kapengker cariyosipun layoning Sunan Dèwakatong.

Nuju satunggaling dinten kangjeng Sultan ing Demak andangu

prakawis roh dateng wali. Amung Sunan Kudus utawi Sunan Giri

suwung. Minangka tadhah timbalaning Nata, Sunan Panggung

sakancanipun. Patakèning Nata ugi dipun aturi sesorahipun

satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika :

1. Dipun wastani Roh Ilapi, inggih punika roh kudus mulya.

Pakartinipun : saged mapan ing gaib. Mila kawasa dados

lambaring Jati Wasèsa, awit saking winenangaken dados

manungsa, tan lyan saking Rohilapi.

2. Roh Jasmani, punika roh sajatining gaib, nanging boten

dados lambaran, awit sanget kaalusanipun. Mila manawi

taretip pangruktinipun, cepak anyorot dhateng bangsaning

jim prayangan.

3. Roh Rokani, punika sakalangkun santosa. Kawasanipun saged

anambahi kekuwataning manungsa. Amung manawi kirang

gemet pangukudipun, cepak-cepak anyorot dhateng

bangsaning lelembat, brakasakan, sapanunggalipun.

4. Roh Kèwani, punika dados pirantining jiwa-raga. Saged

anambahi kuwating bebayu miwah otot. Ananging manawi

kirang resik pangungakipun, cepak saged dados bangsa

kèwan.

5. Roh Mahdi, kawasanipun saged amimbuhi kalimpating budi

sanubari. Ananging manawi kirang kabegyanipun, asring

kasaluru ing panyipta, awit ambah-ambahanipun bangsa

nikmat.

6. Roh Rabani, kawasanipun saged andamel pakarti. Tegesipun :

tuwuhing pangraita. Ananging asring kataliweng dhateng

panasaran, awit ambah-ambahanipun dhateng manpangat.

Page 42: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 42

7. Rohmani, tegesipun wiji rangkep, ingkang kawasa

anggelaraken sagung dumadi sadaya, punapa dènè

kabegyanipun saged adamel bilai sami sanalika, awit

tetarikanipun saking mukti wibawa enggènipun.

8. Rohkiyat, inggih punika ingkang winenang adamel

santosaning balung atot, kulit, bayu, daging. Ananging

tibaning bilai tan anglabeti. Telas akalipun, lajeng larat

sadaya.

9. Rohkayat, tegesipun roh ingkang anarik sakaliring begya

dahulat. Mila saged andhatengaken palalullah. Tegesipun :

ganjaraning Allah ingkang tanpa kanyanan. Kanyatanipun

anarik bangsaning gaib. Ananging bancananipun amung

sakedhap kanyanan. Mila kedah tineteg saking anteping tèkad

kita kang saluguning cipta kita.

10. Roh Nurani, kawasanipun saged adamel padhanging budi,

angluwari ricuh, andhatengaken bingah, awit panganggènipun

angambah dhateng barang sedya kang asuci. Amung

bilahinipun saking konusing wicara, kirang dyatmika. Mila

kedah anteng.

11. Roh Nurmadi, punika raksaning roh ingkang rumeksa ing

atma, utawi wonten ing sukma. Mila kawasanipun saged

andamel padhang terawangan. Amung tiwasipun manawi

boten ngati-ati.

12. Roh Nursiri, tegesipun : cahya ing kang kawasa nunggil lawan

ing manah suci, sumrambahing dhateng budi sanubari. Kerep

angsal beja, arang sungkawa, awit ing nalika punika nursiri

wau dhatengipun kalawan cipta kita kang wening.

13. Roh Insani, kawasanipun saged amimbuhi sereng-serenging

panggalih, awit katumusan saking sarining nepsu ingkang

tanpa kedhat. Mila manungsa saged ajeg ingkang

kaniyatanipun, amung woten tundha bèmaning panggalih,

manawi kataman ing cipta ruhara. Tegesipun : panggagas

ingkang boten saged kendel. Èwadenè wonten gaibipun

Page 43: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 43

pakartining Roh Insani wau. Manawi angsal sakseriking

sasama-sama, karsaning Allah tangala saged anuwuhaken osik

ingkang kumrisik.

14. Rohnapi, tegesipun : roh ingkang alus. Inggih punika

rahsaning Pangèran wewenang ingkang gaib. Kawasanipun

saged adamel empaning wewenang ingkang tanpa

wewangenan. Inggih punika ingkang amimbuhi kajat

Jatiwasèsa. Tegesipun : osiking Pangèran Sajati.

Kangjeng Sultan ing Demak adangu kathahing roh. Sunan

Panggung amangsuli atur, “Saking dhawuh pangandikanipun

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sajatining roh punika satunggal.

Ananging kawasa dados satus kalih dasa roh. Mila kawula aturaken

saweg kawan welas, awit saweg punika gaduging manah kawula,

nadyan ing nguni sampun kagelaraken sadaya. Nanging kawula

derèng gadug raosipun, anggelar satunggal-satunggal, kados

ingkang kawula gancaraken. Èwadenè wonten ingkang radi kathah

pangawikanipun, prayoogi dupun timbali : 1. Sèh Sitijenar; 2. Sèh

Ibrahim Jatiswara.

Kangjeng Sultan ing Demak anayogyani, nanging kedah saselaning

para wali-wali kathah. Ing saben malem Jumungah Sunan

Punggung. Sèh Sitijenar, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara

katamtokaken amung saben malem Anggara Kasih.

Anuju malem Jumungah, para wali dalah pamagangnipun pisan

sami sowan malebet. Ingkang ngirid Kangjeng Sultan ing Demak

boten wonten ingkang dipun pangandukakaken, liya amung

bangsa pati tuwin bangsaning panengeran. Badhè kajumbuhaken

kaliyan pamanggihipun Sang Nata. Pangandikanipun makaten

dhateng Susuhunan Giri, “Boten saking punapa-punapa,

wontenipun panengeran ingkang mesthi sangking pundi

Page 44: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 44

tarikanipun? Saupami boten sarana uninga ing panengeran,

punapa inggih badhe boten saged pejah? Kula nedha kapajarana.”

Sunan Giri, Sunan Kudus sakancanipun kagyat ing galih, nalika

tampi pangandikaning Nata. Nanging èwet anggènipun badhè

ngaturi wewangsulan, awit sami anginten yen cengkolongan

pangandikanipun, awit Sultan Demak mentas anggeguru Sunan

Kalijaga. Upami ngaturaken sapamanggih kèmawon, tamtu darbè

kadho-kadho ing panggalih. Mila sami pakèwet dènya ngaturaken.

Amung satunggal ingkang sumengka, purun matur sagadug-

gadugipun, pamagangan wali, anama Sèh Molana Khaji, saking

tanah Jepara, kados ing ngandhap punika :

“Saking pamanggih kula, gaduging alit balaka, menggah

paugèraning panengeran punika sakalangkung kathah, nadyan

saking kitab-kitab ugi mboten kirang uger-ugering panengeran.

Èwadenè menggah angger panenggeran punika dèrèng tamtu.

Ingkang tinamtu sampun boten èwah gingsir punika amung tigang

panduman :

1. Osiking cipta kang karsa.

2. Tetep panetesing Jatiwasèsa.

3. Purbawasèsaning Susmayajati.

Tegesipun : ingkang tampa malèsèt punika, manawi sampun

gadhah sentuging manah ingkang sampun dados gegelengan.

Tandha yèn utusaning Pangèran.

Tegesipun : Jatiwasèsa punika, manawi kita sampun mratandani

lelagon ènggal. Inggih punika : sanyataning tèkad sampun

andungkap badhè tumeka ing ngalam kiyamat kubbra.

Purbawisèsaning Susmaya punika tegesipun : ingkang sampun

mratandhani asating akhir jaman, yakti tumekaning don

anyirnakaken cahya.”

Kangjeng Sultan ing Demak atetakèn dhateng Sèh Molana Khaji,

“Pamanggih ingkang mangkana iku saka ngapa pathokanè?”

Page 45: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 45

Ingkang dinangu matur, “Saking Kitab Bayan Budiman.”

“Kitab Bayan Budiman iku pira kèhè?”

Molana Khaji umatur yèn gangsal Kuran :

1. “Kitab Bayan Budiman punika nyariosaken gumelaring ing roh,

duk dadi manungsa.

2. Sasaming roh ingkang sampun winenangaken dhateng para

Malèkat, winastan Bayan Mani, kitab pangarangipun pra jamhur

sadaya.

3. Kitab Bayan Maot, ugi anggelaraken pakartining roh sadaya.

4. Kitab Bayan Tarikul, ambababraken pingiling roh ingkang

andhap, ingkang inggil, kadadosanipun sadaya.

5. Kitab Bayan Rakimul Kiyin, inggih punika ingkang anedahaken

dununging roh ing dalem satus kalih dasa, sami

kapratèlakaken satunggal-satunggal.

Kangjeng Sultan ing Demak lajeng anggraita, yèn sami kaliyan

sorahipun Sunan Panggung. Èwadènè wajibing Ratu punika kedah

momon, momot, mengko. Nadyan sampun uninga, kedah piarsa.

Makaten pangandikanipun Kangjeng Sultan ing Demak, “Payo

gelarna sapanemunira.”

Molana Khaji lajeng nggancaraken, “Ing nalika manungsa saweg

tumitah wonten ing ngalam dunya, kasebut Adam. Mungging

Pangèran saweg maringaken iman tetiga : 1. Kidam; 2. Juwar; 3.

Nur. Ing nalika punika Malèkat Jabarail katitahaken wujud toya,

pitung prakawis :

1. Toya Dal, dados panggesangan.

2. Banyu Kal, dados swara.

3. Banyu Molia, dados rupa.

4. Banyu Mendhati, dados cahya.

Page 46: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 46

5. Banyu Manikem, dados nyawa.

6. Banyu Mani, dados paningal.

7. Banyu Wadhèh, dados pamirengan.

Dènè pancering roh sadaya wau kados makaten :

1. Banyu Angin, dados loh kalam.

2. Banyu Jasma, dados pikuwat.

3. Banyu Lebu, dados bumi langit sap pitu.

4. Banyu Panas, dadso Malèkat.

5. Banyu Ngèlmu, dados rina lan wengi.

6. Banyu Suhut, dados lintang, rembulan, srengèngè.

7. Banyu Matci, dados naraka.

8. Banyu Katdi, dados suwarga.

9. Banyu Musik, dados karsaning Allah.

Kangjeng Sultan ing Demak angandika, “Banget panarimaningsun,

sira asung wimbuhing pangawikan. Amung saiki sira padha ingsun

rilani bubaran dhingin, marga wus sadhengè ingsun arsa jengkar.

Bèsuk Jumungah ngarep baè dèn tutugakè.”

Molana Khaji matur nuwun sandika.

Kangjeng Sultan lajeng jengkar, tilar weling dhateng Sunan Giri,

Molana Khaji kinèn ganjar pangkat sapalihing wali.

Gantya lebetipun Sunan Panggung, kalih Sèh Sitijenar, tiga Sèh

Molana Ibrahim Jatiswara. Tetiga wau anetepi ubaya ing saben

malem Anggara Kasih tiga pisan sami rinilan sowan ing Jeng

Sultan.

Dumadakan ing dalu punika boten wonten pingiling ginem ngilmi,

amung ngraosaken aturipun Sèh Molana Khaji Jepara, dènya

ngandharaken atur prakawis roh warni-warni. Nunggil misah

Page 47: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 47

kaliyan aturipun Sunan Panggung miwah aturipun Sunan

Lemahbang, punapa dene aturipun Sèh Ibrahim Jatiswara.

Ananging taksih wetah balaka. Asaling kitab-kitab suprandosipun

boten saged sami, margi pangawikaning dhusun. Tamtu garoyok

duk winulangaken ing Narèndra.

Sunan Panggung ugi gumuyu nayogani. Sunan Kajenar miwah

Sunan Jatiswara ugi sami nembadani karsa Nata, sarta gadhah atur

makaten, “Tandha asnapun, parimarmaning Pangèran ingkang

tumerah para titah, yèn ta boten kabèdakna pangawikaning

dhusun utawi pangawikaning praja, kados pundi? Nadya para wali

salebeting praja, yakti boten saged anyamèni pangawikaning

Ratu.”

Sasampunipun makatèn, satengah dalu rinilan bibaran. Dados

tandha suwunging budi tanpa gumana, awit kalingan caritanè Sèh

Molana Khaji kèmawon. Mangka parlu sanget anggènipun badhè

tetakèn dhateng ahli ngilmi. Wasana malah amung urug-urug uwuh

kèmawon. Èwadènè kamirahaning Nata taksih lumintu tanpa

kendhat.

Boten kacarita ing dalem pendhak dinten, nagari ing Demak

kadhatengan jaja. Tegesipun : pakartining tetiyang sesadèyan

anèh, utawi cara-caraning para kawula tilar padatanipun. Sarta mèh

waradin, sanagari jaler-èstri sami kadunungan manah harda

angkara-kara, akarem rerantan. Tegesipun : pawèstri katut ing

jaler, jaler kabandhang pawèstri. Kathah tilar kawiraganing jaler

estri. Sarta saben tiyang sami ngumbar hawa, kirang trimah

panduming tedha samurwatipun.

Watawis angsal sawulan, lajeng wonten tambahaning lelampahan

ing kaèlokan. Kados ta tiyang alit wani ing Gusti, Gusti ajrih ing

Page 48: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 48

kawula. Lelabet tan anglabeti, lelabuhan malah kabubuh, jejailan

saya ngrebda, lali sihing kekadang, ilang lumrahing pawong sanak.

Watawis antuk sawulan, wimbuh malih kaèlokaning praja. Kados ta

: pisang pupus cindhè, jamur tumuwuh ing waton. Ingkang

makaten punika dhasar temen, manawi kathah lelampahan anèh.

Mila katelutuh, ngantos dados prajangji èrang-èranging serat

piyagem tuwin tebas-tinebas bumi.

Dupi angsal setengah taun, lajeng wonten lelampahan ingkang

bebayani. Wadyabalanipun Arya Jipang ingkang sampun sanyata

anata baris pendhem, lampahipun sami sesingidan, anyidra kadi

traping durjana. Sawenèh ngècu, mandung, ambègal, adamel

reresah ing nagari.

Mila sampun dados apesing praja. Tandhanipun tiyang sami

nganèh-anèhi, wonten ingkang jejagongan, paguneman tanpa

kusur, wonten ingkang tutur-tinutur awon nganggur. Saweneh

wonten tiyang wicantenan kumriwik tanpa rowang. Upami

kasengguh tiyang èwah, dèdè, awit boten gadhah cembilak

polatanipun.

Ing nalika punika malah sulayan kaliyan rowang. Kados ta : Sunan

Kudus anggènipun katingal panas dhateng Sèh Lemahbang dipun

leksanani. Kalampahan Sèh Lemahbang pinejahan saanak-rabi,

dalah sabat-sabatipun pinejahan sedaya. Mila Sunan Punggung

utawi Sèh Molana Ibrahim Jatiswara lajeng miruda malih, angili

ngungsi gesang dhateng wana, wukir-wukir, pundi ingkang dipun

senengi, saking ajrih wantuning alit, bokmanawi pinaten. Awit ing

wektu punika nagari ing Demak kathah tiyang kalintu imanipun,

utawi para tetiyang sami ngumbar hawa, ambabar budi sura wani.

Page 49: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 49

Kala samanten Sunan Panggung lajeng terus lelana, angulati

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dènè Sèh Molana Ibrahim

Jatiswara laju dhateng pantaran redi Merapi, anetepi pratapanipun

lami, punapa dènè ngantos koonus ing pangandika dhateng

garwa-putranipun, “Heh Rubiyah, ing mengko ingsun èstrenan. Ing

saiki ingsun jenak ana gunung Mrapi kènè, sarta ora pati-pati bali

marang Demak, yèn ingsun ijèh andulu Sunan Kudus.”

Ingkang garwa matur, “Sabab saking punapa teka ngantepaken

prasetyaning galih?”

Sèh Ibrahim Jatiswara awewarta, yèn lunga kapeksa, saking ajrih

dahat, awit arinira Sèh Lemahbang pinatèn tanpa dosa.

Garwanipun duk winartan, yèn ingkang rayi Sèh Lemahbang

tumeka tiwas, lajeng anjerit lara karuna. Rèhning tanpa mendha

panangisipun, sarta kaimur-imur boten saged sarèh, Sèh Molana

Ibrahim Jatiswara kaken ing panggalih, lajeng angandika makaten,

“Heh Rubiyah, mungguh benering waton, yèn katempuh ing

pancabaya iku, kari rong prakara, pilih salah sawiji. Apa nglampus,

apa nglamong? Tegesè nglampus iku bèla patining kadang. Yèn

amilih nglamong milua Ratu Kalinyamat. Apa kang dadi

prasetyanè, anirokena, supaya bisa kalegan karenteging tyasira.”

Ingkang garwa matur sandika, manembah, lajeng wisata, sumusul

ing tapanipun Ratu Kalinyamat. Dinangu, matur sajarwa

sawewadining sedyanipun. Ratu Kalinyamat matur dhateng

ingkang bibi makaten :

“Dhuh bibi tiyang sepuh kawula, dènè pati-pati sumusul ing

ngarga, ambèlani sungkawa. Inggih sakalangkung suka bingahing

manah kula, jalaran bibi mbèlani pepulunan. Ananging manawi

saking pamrayogi kula, rèhning bibi sampun sepuh, punapa dènè

kirang urup pati raga nglabuhi guru laki kados kula punika yekti

Page 50: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 50

urup kèmawon, bibi. Mila kagaliha ing saparlunipun. Nadyan

sanget asih tresna ing kadang, kedah mawi dugi prayogi. Mangka

upami tiyang njemparing, lèsanipun watu item. Dèrèng tamtu

pasah bèdhoripun. Mangkè yèn ngantos bali, tikel, yakti

tumampeg ing jaja, ambilaèni. Bokmanawi si bibi wonten kawawa

kataman balining panah, awit lèsanipun bibi bongkotaning kayu

tal. Tangèh sageda gempur lèsan wau. Aben-aben malah damel

sangsara, jalaran si bibi dèdè timbangè kalih kang badhè dipun

elas. Yaktine beda kalih lelakon kula. Kira-kira panah saè, bèdhor

kencana, kedah boten pasah dhateng gedebog, inggih saking

bejanè badan kula. Yèn Jèngandika ngilo lelakon kang kula lakoni,

tamtu waluhu alam. Amung kinten kula si bibi tiwas rusak, dèrèng

kantenan saged angrisak. Mila mugi dipun raosaken rumiyin.

Amung kula gadhah pitedah kèmawon, sageda bibi mituhu atur

kula. Ing dhusun Karang Galinggang wonten tiyang satunggal,

nama Kaki Walaka. Bibi amanggihana, sapitedahipun sampun

ngantos boten amituruti.”

Nyai Ibrahim Jatiswara suka ing galih, lajeng pamit mangkat. Boten

kacarita ing margi, sapraptaning dhusun Galinggang, tetakèn

boten angsal. Malah sadhusun ngriku boten sumerep ingkang

nama Kaki Walaka, sarta mireng kèmawon saweg punika. Nyai

Jatiswara sakalangkung ngungun, mangunandika ing galih, “Apa

Ratu Mas Kalinyamat iku dora? Yèn cidraa pangandika, mokal.

Nanging nyatanè ora ana kang aran Kaki Walaka.”

Ing ngriku Nyai Jatiswara, rèhning kadalon lajeng sipeng ing

dhusun ngriku. Sadalu tansah rinaosaken kèmawon, anggènipun

tan saged kapanggih kang nama Kaki Walaka. Sareng ing wanci

bangun ènjing, Nyai Jatiswara dipun undang tiyang nama Nyai

Galinggangan. Ingkang dipun undang lajeng medal. Wasana dèn

ajak dhateng griya, miturut malebet. Saweg lelungguhan

sawatawis, lajeng byar raina.

Page 51: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 51

Ingkang darbè griya boten pangling, yèn punika tiyang estri asring

wonten ing jurang. Malah saben tiyang anginten yèn punika

bangsa miskin. Mila ingkang darbè griya asmu kirang mirena.

Sareng Nyai Jatiswara dipun jarawani, lajeng ngaras pada, sarwi

karuna. Dènè tiyang ingkang darbè griya wau sanget

pangunguning manahipun. Wantuning tiyang alit kadhatengan

tamu, kekalih estri. Mangka ingkang satunggal sipatipun kèrè,

suprandosipun ingkang sarwabusana èndah malah ngabekti. Mila

ingkang gadhah griya lajeng ngaturi para parpat manca lima,

supados sami nyumerepi tetamu kalih pisan.

Dènè ingkang dipun aturi para parpat sadaya dhateng, dalah

tangga tepalih. Dupi ingkang darbè griya nyadhiani sugata

sakadaripun, Nyai Sepuh awewarta, “Aja susah ngrupakakè

sugataning parpat manca lima, marga mengko sedhèla anak

putuku teka anggawa piranti suguhan sapepakè, ora kuciwa.”

Ènggalipun, sareng para parpat sampun dhateng sadaya, lajeng

wonten tiyang dhateng nyunggi tènong ageng-ageng, isi sekul

ulam sapirantosipun, sumaji ngarsaning tamu. Ingkang gadhah

griya dahat suka asmu ngungun, dènè anggung kabagyananipun.

Wasana ingkang gadhah griya tetakèn, sinten nama miwah

aslinipun. Nyai tuwa mangsuli, “Inggih kula kang nama Kaki

Walaka utawi Nyai Walaka.”

Ingkang gadhah griya lajeng nyaitaken dhateng para prapat,

sampub ngèstreni. Wonten ingkang tetakèn, angudi makaten,

“Kadi pundi Nyai Walaka, dènè Jengandika èstri mawi ngrangkep

nama Jaler? Nalika saweg dhateng, kula mireng pamicara Andika

nama Nyai Galinggangan. Sapunika sesilih nama Nyai Walaka,

inggih Kaki Walaka.”

Page 52: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 52

Kang tinakèn amangsuli, yèn wandu. Sipat wadon darbè pajaleran.

Para parpat sami ngungun ing panggalih. Dumadakan wonten

ingkang sepuh satunggal nama Kaki Tengara, anggerengi dhateng

para parpat ingkang pitakèn wau, “Hè, hè, jemplon, aja sambrana

tetakon tanpa urus. Besik sing sarèh, sarta rumeksa marang Nyai

Molana Ibrahim. Iku dudu sapapadhanira.”

Sirep duk mangkana, para tetiyang kadi binungkem. Kaki Tengara

piyambak ingkang nandukaken imbal wacana, makaten, “Dhuh

Nyai, Kyai Walaka, kados pundi menggah witipun, dènè kapareng

nama rangkep? Inggih sanadyan wandu, yakti salah satunggal

ingkang kaanggè sesebutan. Punapa dènè kula kedah nyuwun

jinarwanana, kahananing sesegah punika, dènè kathah sarta

manèka warni, saged marnèkaken sami sakala. Punika saking

pundi angsalipun? Punapa dènè wonten ing pundi anggènipun

ngolah sekul ulam panganan?”

Nyai Walaka mangsuli, “È ki sanak sadaya, mugi andadosaken

sumerep sampèyan, yèn ing mangkè jaman nagari Demak

sabawahipun, ageng alit sami badhè ngambah lelampahan èlok.

1. Ingkang rumiyin, punapa pantes garwanipun wali, anama Nyai

Molana Ibrahim Jatiswara kedah angeruru tiyang kèrè kados

badan kula? Wah mawi purun angèstu pada? Ingkang makaten

punika tandha kalebet aèng. Bokmanawi jaman Demak badhè

wonten lelampahan, para luhur ujung dhateng tiyang alit.

2. Ingkang kaping kalih, tiyang ing dhusun Galinggangan boten

sumerep tiyang nama Nyai Walaka, mangka sampun dangu

dènya wonte jurang. Inggih punika tandha jaman Demak badhè

boten sumerep sasami-sami. Sarta badhè wonten lelampahan

anèh. Tiyang èstri dados jaler, tiyang jaler dados èstri. Inggih

punika tandha icaling kawirangan.

Page 53: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 53

3. Ingkang kaping tiga, badhè wonten sesunguting perang ageng.

Tandhanipun : tiyang gegriya kadhatengan tiyang kèrè

kèmawon sumelang, temah nyuruhi parpat tangga tepalih.

4. Dènè sesuguh kula punika nandhakaken tiyang dhusun badhè

nyegah mungsuh sarana sanalika saged wujud sekul ulam,

kaanggè nambak umur. Tandhanipun dhateng kula ngriki asmu

dipun sigèni. Wekasan malah angerobi tiyang kathah.”

Mangkana Kaki Tengara, sareng jinarwan makaten ènget welinging

bapa, yèn wonten tiyang nganè-anèhi inggih punika Kangjeng

Sinuhun Kalijaga. Mila Kaki Tengara lajeng nolih anak-putunipun

sarwi ngucap makaten, “È, è, wong ing dèsa Galinggangan kabèh,

wruhanamu ingsun arsa tut wuri saparanè sesembahaku iki. Dènè

sapungkuringsun, sira banjur memetria tilas palenggahanè

Gustimu iki, karana bakal ana prang gedhè. Nagara ing Demak

tutug tanah Pengging kènè.”

Telasing weling, Kyai Walaka, Nyai Ibrahim miwah Kaki Tengara

wus tan katingal. Patilasan ngriki wel-uwelan rebut dhucung,

lajeng karan ing dhusun Kuwel, tanah Pengging Dlanggu.

Ing ngandhap punika anyariyosaken pratandaning nagari ing

Demak, salebetipun Kangjeng Sultan Seh Ngalam Akbar ambabar

yasan dalem gangsa Sakatèn sareng sampun sawatawis

sumimpen, margi saweg angupados gendhing ingkang saged

momor kaliyan sasingiraning para ngulami. Mila malebet gangsa

Islam, tandhanipun tunggil waoten ing masjid ageng.

Anuju satunggal dinten, salebeting gedhong gangsa Sakatèn wau

wonten swara gumrenggeng, kados ngulami, ngaken nama pun

Rambu. Ingkang satunggal nama pun Rangkung. Sajarwa, yèn dèdè

manungsa. Pangakenipun, talitining jim ingkang rumeksa ing wana

Bintara, nywun lilah badhè rumeksa gangsa Sakatèn punika. Para

Page 54: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 54

ngulami ingkang mariksa wau, ingkang sami rinembag punapa?

Wangsulanipun jim kekalih, “Adamel leresing tembung, supados

boten kelantur. Mila tansah imbal gantos wacana.”

Ènggaling cariyos, sareng kauningan dèning Kangjeng Sultan,

lajeng andhawuhaken dhateng para wali, kinèn adamel Sakatèn

kiwa tengen. Imbaling swara, gantos lelagon gendhing, nanging

ing nalika punika jim kekalih kinèn rumeksa satunggal sèwang.

Anurutaken imbal-imbaling pangucap, gentosan takèn-tinakèn.

Ananging sami caraning jim kekalih punika, para ngulami boten

wonten ingkang mangertos, awit tembung budha.

Dumadakan wonten satunggiling tiyang, nama Kyai Ganjut, saged

anjarwani wicantenanipun jim kekalih wau. Mila katrimah, lajeng

kadadosaken kanca prebot, anabuh tengara bedhug. Menggah

gancaring pangucaping jim katur ing Nata, kados ing ngandhap

punika :

Pun rambu atakèn dhateng pun Rangkung, kados makaten

pitakènipun :

“Anirna Daya. Tegesipun : tiyang padudon, alelèndhèyan tiyang

sampun pejah.

Mila dumugi samangkè, kanggè tembung dhusun lindhèyan kayu

aking, dados angicalaken kekuwataning padudon wau.

Anirna Warsa. Inggih punika ngibaratipun tiyang gadhah pasitèn,

dipun sampun ing tangga, kataneman kitri utawi sanès-sanèsipun,

tanpa saksi parpat manca lima. Sareng kitri sapanunggalanipun

wau awoh, pasitèn katedha ingkang gadhah, sataneman wohipun

sadaya. Pinanggihing manah makaten, rèhning Anirna warsa

punika tegesipun : angicalaken taun. Dados angicalaken

kangelaning tiyang ingkang amulasara siti utawi wit-witan, ngantos

Page 55: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 55

dumugi awohipun. Angsala pinten-pinten taun, kaicalaken

kèmawon.

Utawi, tembung warsa wau bokmanawi kadamel anyaman

wastaning kajeng taun. Dados angicalaken tetaneman. Wondènè

sepènipun ing serat utawi pasahid kala panyambuting siti, inggih

pikantuk dipun salokani : Anirna Warsa, dados ngicalaken taun.

Inggih punika sepen saking titi mangsa, adamel petenging

prakawis.

Menggah warsa wau inggih anggadhahi teges : jawah. Ananging

menggahing pangraos, teges taun ingkang pikantuk.

Anirna Lingga. Salokanipun tiyang nyamur ing panggènaning

durjana. Utawi boten kedah ing penggènanipun durjana, angger

tiyang nyamur, kènging dipun salokani Anirna Lingga.

Anirna Pandaya. Salokanipun tiyang gadhah prakawis, asèndhèn

tiyang kèsah. Pandaya tegesipun : paèkan, pirantos. Dados

kajengipun ing saloka wau : kaicalan gegarining prakawis. Punika

ingkang dipun ngibarataken pirantos, sairib mèh sami kaliyan

Anirna Daya wau.

Anirna Parosa, Anirna purusa. Salokanipun tiyang ambaèkaken

parèntahing Ratu utawi parèntahing ngadil. Tegesipun : parosa

utawi parusa : meksa, mikekah, midosa.

Anirna Patra. Ngibarat tiyang mukiri seratanipun. Patra tegesipun

: godhong. Mila kabasakaken patra, awit tiyang kina manawi

nyerat, papanipun godhong tal, ingkang nama lontar, rontal utawi

kropak.

Anara Wacana. Salokanipun tiyang angujar-ujari tiyang, tanpa

sebab, utawi jaksa angajak reraosan kaliyan tiyang gugat, utawi

tiyang ingkang ginugat. Anara utawi Abara, tegesipun :

Page 56: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 56

anjemparing. Purba utawi lingga saking : rasa jemparing. Dados

anjeparing kaliyan ujar.

Anir Dhsutha, Anirna Dhustha. Ngibarat tiyang angèsahaken

pandung utawi durjana. Dhustha tegesipun : awon, pandung,

durjana. Anirdhusta miruda wacana. Salokanipun tiyang ngaken

boten ngèsahaken durjana. Miruda tegesipun : ninglar, oncat,

ajrih.

Anir Yukti. Salokanipun tiyang peteng utawi boten yektos

panarkanipun. Yukti tegesipun : temen.

Ina Riba. Salokanipun tiyang nindakaken prakawis, ingkang

sampun boten saged tumindak ing pradata, amargi saking

kekirangan waragat. Ina, tegesipun : cacad, kirang. Riba :

pisungsun, kemèlikan.

Anak-anakan Timun. Punika ambasakaken tiyang kolu dhteng

anak-anakipun. Kados ta : tiyang jaler amendhet anak, rarè èstri.

Sareng diwasa lajeng dipun pendhet bojo, utawi tunggil tilem.

Makaten ugi tiyang èstri amendhet anak, rarè jaler. Sareng diwasa

dipun ajak nunggil tilem, utawi lajeng dados bojonipun.

Ina Kulina. Salokanipun tiyang lumuh sesanakan, utawi tiyang

memanggih, boten abaya wara. Lina tegesipun : raket, sengsem,

etrapipun dhateng lumuh pasanak. Dados kirang raketipun utawi

etrapipun dhateng amemanggih, dados lumuh bayawara, saking

sengsemipun dhateng barang ingkang pinanggih.

Anak Molah Bapa Kapradah. Ngibarat tiyang manggih kasusahan

utawi reribed, kabekta saking lepating anak.

Page 57: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 57

Kapradah, tegesipun : kabedhah, kababar. Purba utawi lingga

saking : pradhah; bedhah babar. Molah wau ngibarat anggenipun

nglampahi kalepatan.

Kapradhah, ngibarat tambah risak utawi reribed, awit samukawis

ingkang dipun pradhah anama risak. Wasana tiyang budinipun

pradhah, tumrapipun dhateng ing tamu ingkang dipun gumatosi

tuwin ingkang dipun erobi ing pasegah, saèstu manawi saè.

Ananging tumrapipun dhateng darbèk ingkang kasegahaken,

boten prayogi, awit saking kalong, amargi dipun pradhah dhateng

ingkang gadhah. Kados ta : tiyang sugih anglangkungi, manawi

badhè adedana utawi udhik-udhik kathah dahteng tiyang miskin,

pamendhetipun ing arta saking gedhong pasimpenanipun

kabasakaken bedhah.

Tumrapipun dhateng gedhong arta ingkang kabedhah saèstu

boten prayogi, ananging tumrapipun dhateng ingkang dipun

danani udhik-udhikan saè. Dados tiyang ingkang budi pradhah

wau pasajanipun, babar kasaenanipun. Inggih punika kathah.

Andriya Raksa. Punika salokanipun tiyang butajengan ing

samukawis. Andriya tegesipun : ambudi, amanah. Raksa : jagi.

Pasajanipun : tiyang ingkang manahipun tansah jagi-jagi

kèmawon.

Andaka Ina, Tan Wrin Ngupaya. Tegesipun : bantheng cacad

boten uninga ing paèkan, lajeng katempuh ngupadosi

pandungipun. Boten saged amanggihaken, namung ngaturaken

belik ingkang kapendhet pandung wau. Dados tiyang makaten

punika kalebet cacad. kènging ing panggrayangan, tumut

mandung utawi nglampahi piyambak. Dados tan wrin ngupaya wau

kajengipun : boten sumerep paekanipun ingkang aken ngupadosi

pandung.

Page 58: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 58

Andaka Atawan Wiyasa. Punika salokanipun tiyang gadhah

prakawis, rumaos utawi sumerep yèn badhè kawon, lajeng kèsah

minggat. Andaka tegesipun : banthèng. Atawan = anemahi;

wantahan; kusung-kusung; aboyong. Wiyasa = wangun; damel.

Terangipun makaten : banthèng, ngibarat tiyang ingkang gadhah

prakawis. Boyong tegesipun : ingkang salugu ngalih. Punika

kadamel ngibarat : kesah, minggat.

Wiyasa, kados kadamel awakipun ingkang kesah. Dados

kapikantukaken dhateng teges : wangun inggih punika dhapur,

utawi wanguning badan.

Andaka Anglukar Sari, Baut tan Wrin Baya. Tegesipun : bantheng

angudari sekar, saged boten uninga dhateng pakèwed.

Salokanipun tiyang jaler angawasaken tiyang èstri liya.

Andaka angungas sari, tan wrin baya. Tegesipun : bantheng

angambus sekar, boten uninga ing pakèwed. Salokanipun tiyang

jaler anyara-nyara rabining liyan.

Nyara-nyara tegesipun : pindha-pindha, ningkah-ningkah.

Kajengipun : angrengkuh dhateng rabining liyan, apinda utawi

kacara kados dhateng bojonipun piyambak. Wondèning boten

uninga ing pakèwed, utawi boten ajrih dhateng pakèwed.

Andaka Kitiran. Salokanipun tiyang bogo ing parèntah, utawi

ngubeng-ubeng ing parèntah. Kitiran tegesipun : kiteran; peksi

perkutut; utawi wonten dedolanan anama kitiran. Manawi kanginan

mubeng.

Andaka Mangsa Prana, Tan Wrin Ing Lingga. Tegesipun :

banthèng amangsa manah, boten uninga ing badan. Salokanipun

tiyang nyara-nyara dhateng randhaning rèncangipun.

Tembung prana punika ingkang kadamel ngibarat randhaning

rèncang. Mila dipun wastani boten uninga ing badan. Kajengipun :

Page 59: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 59

supè yèn bendara, badhè amarunggul rècang èstri. Tegesipun :

dadosa panguban.

Andasalin. Tegesipun : anyedasa sembrana. Punika salokanipun

tiyang anglelèdhèk sato, wekasan dipun cakot utawi dipun tujah,

dipun pèngkal, sasaminipun bilai ingkang pinanggih awit dèning

sembrana.

Andiyu Wraksa. Salokanipun tiyang purun dhateng jaksa, utawi

dateng parèntah. Anditu tegesipun : kados danawa. Purbanipun :

diyu, danawa. Dados tiyang ingkang purun dhateng jaksa utawi

parèntah, kaupamèkaken kados danawa utawi kados santosaning

pikajengan.

Andum Amilih, punika mabasakaken tiyang ingkang dipun

pitadosi amratanata samukawis ingkang dipun pranata, wekasan

gadhah pamilih. Menggah tiyang ingkang dipun pitadosi wau,

pancènipun inggih gadhah panduman, bebahan, kados ta :

angedum barang utawi siti dhusun, mawi amilih ingkang saè,

minangka bebahanipun piyambak.

Andangkarta. Wetahing tembung : Andangkaharta. Andangka

tegesipun : angudha, harda kalangkung. Punika salokanipun tiyang

gadhah atur ngambar-ambar, boten kantenan wekasanipun.

Anteng Kitiran. Ngibarat tiyang kathah tenaganipun utawi

ingkang boten saged nganggur badanipun.

Ora Ana Geni Tanpa Kukus. Ngibarat pandamelan saè utawi

pandamelan awon tuwin lampah awon, lampah saè, boten wonten

ingkang tanpa pawartos. Saben pandamelan utawi lampah-lampah,

ènggal, lami, inggih kapireng sanèsipun.

Page 60: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 60

Ora Urus. Punika ambasakaken tiyang manahipun ingkang boten

jujur utawi ingkang boten purun uninga ing lepatipun. Urus

tegesipun : leres.

Ora Iga Ora Kunca. Punika ngibarat tiyang ingkang miskin sanget.

Kaumpamakaken boten dhuwungan, boten bebedan. Dados

namung kathokan kèmawon. Iga punika boten tebih kaliyan

lambung, panggènan anyangkelit dhuwung. Kunca : klèwèring

pucuk kampuh ing wingking.

Ora Angon Kosok. Ngibarat tiyang ingkang boten angon mangsa.

Kados ta : tiyang saweg kasusahan, dipun ajak gegujengan. Kosok,

ing bebasan punika tegesipun : kosok rebab. Mila dipun basani :

ora angon kosok, kados ta : tiyang ngrebab pathet nem, mangka

dipun gambangi gandhing pathet sanga, mesthi boten kantenan.

Dados bibrah. Makaten ugi sasaminipun : tiyang kasusahan,

amesthi boten saged tumut gegujengan.

Ora Narima Ing Pandum. Punika ambasakaken tiyang ingkang

boten narimah ing pepesthènipun Gusti Allah. Kedah anggayuh

ingkang inggil, kedah anggegem ingkang ageng.

Ora Kena Bathuk Klimis. Punika ambasakaken tiyang blèrè

kèmawon, inggih ajeng. Bathuk punika ngibarat warni. Klimis,

ngibarat resik. Kajengipun : dadosa boten ayu, angger resik.

Ora Kena diampu-ampu. Ambasakaken tiytang ingkang boten

kènging dipun rosani utawi dipun wisèsa. Ampu tegesipun : rosa,

kuwat.

Ora Kena Dikarokos. Ambasakaken samukawis ingkang boten

kènging dipun gegempil, utawi boten kènging dipun ina. Karokos,

Page 61: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 61

tegesipun : anggras, ekul wasèsanipun. Ngrokos, tegesipun :

nganggras, ngekul.

Ora Kena Disuwawa utawi Sawawa. Sawawa, tegesipun :

tandhing, proyogi, pantes, sambada. Puunika ambasakaken tiyang

ingkang boten kenging dipun timbangi.

Pra Kena Disangga Miring. Tegesipun : boten kènging dipun

gegampil. Ambasakaken samukawis ingkang mboten kènging

dipun lampahi akanthi sembrana, pepèka.

Ora Kena Wong Pilis. Punika anggadahi teges kekalih. Ingkang

sapisan : ora kena bathuk klimis. Kaping kalih : ambasakaken

tiyang ngekul utawi amewahi reribeding liyan.

Terangipun makaten, manawi etrepipun dhateng tiyang blèrè. Pilis

wau pilis ayon-ayon, kados ta : pilis wungu, ijem, jene,

sasminipun, ingkang boten wonten tiyang jejampi, manawi boten

sakit.

Ora Kena Londhè. Londhè, ambasakaken samukawis ingkang

boten kenging dipun damel api boten. Longok-longok, tegesipun :

lenggah, ngadeg utawi limampah, aningali nginggil, sairib kados

langak-langak.

Ora Keris, Nanging Keras, utawi : ora keris, yen keras. Punika

ambasakaken tiyang nganggras. Tetèlanipun, sanajan tanpa

dedamel, nanging keras wicaranipun, saèmper kados tiyang giri-

giri.

Harda Walèpa. Punika ambasakaken tiyang centhula,

amangsulaken pitakènanipun tiyang. Dipun takèni dèrèng sumaur,

males tetaken. Harda tegesipun : sanget, kalangkung. Walèpa =

amangsulaken ujar.

Page 62: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 62

Ora Dublong. Ambasakaken tiyang apes, boten daya, boten rosa.

Dublong tegesipun : ciplos, gobog, pathak, cocot. Tegesipun :

mripat, kuping, sirah, cangkem. Tegesipun Ora dublong punika

boten saged wawratan.

Ora Tèlèr. Punika sami kaliyan : dublong ora waru. Tèlèr,

tegesipun : umbel. Dados kajengipun : boten saged sisi. Ananging

tèlèr punika inggih ugi tembung kasar.

Ora Tèdhèng, utawi ora nganggo tèdhèng aling-aling. Punika

ambasakaken tiyang barès, boten mawi samudana. Tèdhèng

tegesipun : tetebeng, inggih bangsanipun aling-aling.

Ora Tèyèr. Punika sami kaliyan ora : Ora dublong wau. Tèyèr,

tegesipun : uyuh. Menggah tèyèr akaliyan tèyèng, wau sami

tembung kasar.

Ora Tembung Ora Lawung. Ngibaratipun tiyang mendhet

gadhahanipun tiyang, tanpa patembung, boten mawi akèn

nembungaken.

Lawung tegesipun : umbaran, landhèyan utawi landhèyan

sawaosipun.

Mila lawung kadamel upamiakèn nembungakèn, awit minangka

lantaranipun ingkang akèn. Aliya saking punika, tiyang ingkang

boten micara, boten saè dedeg piadegipun, inggih dipun

basakaken : Ora tembung, ora lawung. Ora tembung punika

kajengipun : ora bisa ngempakakè tembung.

Ora lawung, boten saè dedeg pangadegipun : boten kados

lurusing lawung.

Page 63: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 63

Ora Satu. Ambasakaken tiyang kekalih utawi tiyang tiga, ingkang

boten tunggil ing pamanah, utawi boten sarju. Satu tegesipun :

tunggil, tunggal, banon.

Ora Weruh Endhas Trasi. Ngibarat tiyang jaler ingkang boten

opèn dhateng pandamelanipun tiyang estri, utawi tiyang ingkang

boten purun anglampahi pandamelan kanistan.

Terangipun makaten : Sarèhning traos panunggilanipun

bumbuning olah-olahan, mangka olah-olah punika

pandamelanipun èstri, mila kabasakakèn : Ora weruh endhas trasi.

Aliya saking punika, ora weruh endhas trasi wau ring basanipun

tiyang ingkang boten anggadahi èring, utawi boten ngaosi dhateng

tiyang, amicanteni sawiyah-wiyah.

Ora Weruh Alip Bèngkong. Punika ambasakaken tiyang boten

sumerep dhateng aksara Arab. Terangipun makaten : dhapuring

Alip punika warni kalih. Ingkang satunggal : leres. Satunggalipun :

ing ngandhap ragi nyakuntheng. Punika ingkang dipun wastani

Alip bèngkong.

Ora Weruh Kenthang Kimpulè. Ngibarat tiyang boten sumerep

ing rembag utawi wijang-wijangipun ingkang dados nalaring

prakawis.

Ora Polo Ora Uteg. Amabasakake tiyang ingkang bodho sanget.

Polo akaliyan uteg, boten wonten bèdanipun. Namung kaot polo

punika tembung kasar.

Arep Jamure, Emoh Watangè. Ngibarat tiyang ajeng dhateng

kamèmilikan. Utawi : pokilipun, boten purun kagepok utawi

kasempèt ing prakawisipun. Watang makaten : landhèyan. Punika

ingkang kangibarataken prakawis, utawi reribed.

Page 64: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 64

Ora Dhenger “Pa” Pincang. Ingkang dipun wastani “pa” pincang

punika pasangan “pa”.

Ora Juntrung. Tegesipun juntrung : purun. Punika ambasakaken

tiyang matur cecariyosan, boten genah urutipun. Utawi tiyang

ingkang boten genah lelurinipun. Dados boten kantenan urutipun

ingkang nurunaken.

Ora Jaman, Ora Makam. Punika samukawis ingkang boten mawi

kalamasa, saha boten manggèn. Utawi tiyang ingkang boten

kantenan asal tuwin panggènanipun. Katelahing basa dados : Ora

Jaman, Ora Makan. Makan kaliyan makam, punika sami tembung

Arab. Makan tegesipun : panggènan. Makam : kuburan.

Ora Nyèthèt. Punika sami kaliyan : dublong kasebut ing nginggil

nyèthèt punika tembung kasar. Tegesipun : wawratan.

Ora Mambu Ènthong Irus. Punika ambasakaken tiyang sanès,

ingkang boten wonten ambet-ambeting sana. Terangipun makaten

: ènthong kaliyan irus, punika sami abahan pawon. Dados

kajengipun : boten kalebet panunggalaning sanak. Boten kados

ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Anangining

paribasan punika dados rerebatan. Woten ingkang mastani kados

makaten wau, wonten ingkang amastani : amabasakaken sanak

sadhèrèk ingkang kalis. Dados kajengipun, boten mèmper yèn

tunggil bedadok. Ingkang dipun wastani bedadok punika

warninipun kados tumbu, kadamel wadhah abahaning pawon,

ingkang warni : ènthong, irus, uleg-uleg, sasaminipun. Dados

kajengipun : boten mèmper satunggal wadhah. Wadhah punika

ngibarat : biyung.

Ora Mambu Sega Jangan. Punika sami kaliyan : ora mambu

ènthong irus. Ananging inggih ugi dados rerebatan kados ingkang

Page 65: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 65

sampun wau. Mila sekul kaliyan jangan ingkang dados upami, awit

jangan abenipun tiyang nedha.

Ora Mambu Wong Wadon. Punika ambasakaken tiyang èstri

ingkang gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang jaler.

Ora Mambu Wong Lanang. Ambasakaken tiyang jaler ingkang

gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang èstri. Dados koso

wangsulipun : Ora Mambu Wong Wadon wau.

Ora Mambu Bocah. Ambasakake larè ingkang gadhah bebudèn

kados tiyang sepuh.

Ora Ganja, Ora Unus. Ambasakaken tiyang ingkang dhapuripun

awon, yèn wicantenan awon utawi saru. Terangipun makaten :

awoning dhapur kaumpamèkaken dhuwung tanpa ganja. Unus

punika inggih unusing dhuwung utawi pedhang. Ngibarat wedaling

wicanten.

Hèr Gung Raja Manung. Wetahing tembung : Hèr gung raja wana

anung. Punika salokanipun tiyang sugih arta, singgih ingkang

utama manahipun. Hèr tegesipun : toya. Gung : ageng. Punika

kadamel ngibarat kasugihan. Mana : manah. Nung utawi Anung :

kawasa, utama, linangkung.

Ora Bisa Andulit Mangsi. Ambasakaken tiyang ingkang boten

sumerep aksara Arab. Sami kaliyan : Ora Weruh Sanak. Boten

kados ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Utawi :

boten sumerep Alip Bèngkong (kasebut ing ngunggil kala wau).

Ora Thothok Jawil. Tiyang gadhah solah tingkah utawi padamel,

boten awewartos dhateng tiyang sanès ingkang pantes utawi wajib

Page 66: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 66

dipun wartosi. Dados kabasakaken : boten wonten panothok

panjawilipun.

Ora Ngebuk, Ora Ngepèn. Ambasakaken tiyang boten saged

maos, boten saged nyerat. Ngebuk utawi ngepèn punika sami

dèdè tembung Jawi, ananging tiyang Jawi sampun kathah ingkang

sumerep. Menggah ingkang dipun wastani : ebuk punika serat.

Epèn = kalam.

Ora Ngubengakè Jantra, Kedhayohan Wong. Utawi : Ora

ngubengakè jantra, teka katekan wong edan.

Punika basanipun tiyang ingkang kadhatengan tiyang èdan.

Terangipun makaten : ingkang dados ila-ilanipun tiyang Jawi, yèn

jantra kaubengaken, boten kadamel ngantih, ngadat ingkang

ngubengaken kadhatengan tiyang èdan.

Aran Raja Likasan, yèn ginawa perang, kinepung mungsuhè, ora

katon; lan ora kena dialani ing wong; tulus dayanè, bener pikirè,

lan bisa mlumpat adoh, sarta adoh bebèkanè, kalis ing lara, cepak

jatu kramanè lan sandhang panganè; sinung kadrajatan sarta apa

karepè katekan; ginawa memaling, olèhan; kinèston dèning wong

wadon, kèringan, tulus karejekènè.

Encak-encaken. Tegesipun : ginjal-ginjal. Yèn tumraping budi,

tiyang kekathahen reringa.

Encak-encak Pucuking Eri. Ngibarat tiyang ngabdi ingkang boten

angsal manah. Samukawis lampahipun angsal kalepatan. Dados

tansah minggrang-minggring kèmawon.

Ana Catur Mungkur. Punika maribasakaken tiyang ingkang boten

purun mirengaken utawi amanah reraosan.

Page 67: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 67

Terangipun makaten : menggahing ngibaratipun, tiyang lumampah

mawi teken, manawi ngambah radinan ingkang jeblog, tekenipun

inggih kaanggè ugi, boten mawi kapilihaken ingkang gasik. Dados

teken wau kawstanan boten ajrih ing jeblogan.

Wondènè teken punika ngibarat pajaleran. Jeblongan ngibarat

pawetrèn. Menggah tiyang jaler ingkang lèmèran, manawi gadhah

pikajeng dhateng tiyang èstri, boten mawi milih. Sanajan sampun

sumerep yèn tiyang awon, sarta badhè anulari ing sesdakitipun,

inggih ugi dipun ramuhi.

Amadu Balung Kapèsing. Wetahing tembung : Amadu balung

tanpa isi.

Wonten bebasan : Ora ngrungokakè jaratan growong. Wetahing

tembung : Ora ngrungakakè ujaring wong.

Cocak Mati Ulonè. Wetahing tembung : Cocak mati gulunè.

Inggih punika tiyang lonyo pangucap, karem ngathi-ngathik

ingkang boten wonten. Wekasan pejah saking ucaping piyambah.

Mila dados pepènget ing tembè wingking, anak putu sampun

ngantos karem ujar jejailan, muthakil, awit punika mejahi

sandhang panganipun.

Wonten tembung malih : Cecak Nguntal Lo, Katèpang Ngrangsang

Gunung.

Leresipun cecak anedha lo punika tandha kaèlokan; amung dados

sasmitaning nagari kèmawon.

Katèpang ngrangsang gunung punika leresipun tembung : Wit

katèpan ngrangsang ardi. Yakti andadosaken kaèlokan malih.

Mangka leresipun, ingkang nama katèpan wau wit-witan ingkang

sakalangkung andhap; godhong karaket ing siti.

Page 68: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 68

Yakti mokal yèn sageda angungkuli agraning wukir. Mila sadaya

wau amung dados pratandha cipta sasmitaning nagari, badhè

karisakan.

Kala samanten sampun katur ring Nata imbal wacananipun jim

kekalih wau. Mila lajeng kaanggè wewaton bebukaning gangsa

Sekatèn wau imbal-imbalan kadi ucap-ucapan, wangsul

winangsulan.

Bebukaning gangsa Sekatèn winasta Rambu. Dènè leresipun

bebuka Rambu punika Sekatèn Ageng Rangkung punika Sekatè

Anakan.

RAMBU : bedhug rumiyin, minangka tengaraning bebuka ingkang

nama Rambu.

RANGKUNG : demung panunggal kasarengan saron barungan,

lajeng saur-sauran ing bonang. Tanpa kenong.

Sadaya wau ingkang dipun enut swara barung binarunging jim

kekalih, nama pun Rambu Rangkung, inggih punika ingkang

rumeksa gangsa Sekatèn. Dènè rarasing gendhing barung rarasing

sisingiran masjid.

Perangan II

MANGUNAHING PARA PANDHITA SIDIK

Ing mangkè anggelaraken mangunahing para pandhita sidik. Ing

dalem Kadis anyariyosaken pangawasaning manungsa ingkang

sampun katarimah ngilminipun.

Nalika jaman nagari Demak kathah ura-uru, nyarengi dhatengipun

tetiyang anama Sahida. Dhatengipun wau boten kantenan ingkang

dipun jujug, amung ngelambrang kadi majenun. Ing ngriku Sèh

Page 69: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 69

Sahida wonten nagari Demak anggelar pangawasa, sagedipun

babar mangunahing pandhita lunuwih.

Anuju satunggil dinten Sèh Sahida tilem malumah wonten

sangandhaping waringin kurung, sarwi ngumbar wetengipun.

Wasana puseripun murub saengga latu mulat-mulad, kadi ngobong

waringin sengkeran. Temah adamel kagèting tetiyang kathah. Mila

ngantos kapariksa dening Bupati ingkang caos. Ginugah boten

tangi, jinunjung tan kuwawi, dipun angkat tiyang kathah meksa

wangkot. Ngantos atur uninga, temah tinedhakan dèning para wali

kathah.

Ananging sareng sampun dumugi panggènan anggènipun tilem

wau, para wali wang-wang amulat, awit angèngeti adat ingkang

sampun kalampahan, lelagon angenèh-anèhi punika tamtu

Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Mila para wali malah ajrih nyelaki.

Dènè pamagangan wali ingkang ajrihan sanget kapara amung

manembah sasèdhokan kèmawon.

Sareng sampun sawatawis dangu, para wali wangsul, atur uninga

Sang Nata, yèn Kangjeng Susuhunan Kalijaga sarè malumah

wonten ngandhap waringin sengkeran. Para wali ajrih nyelak, para

bupati ingkang caos ngaturi wungu, boten karsa. Amung èca-èca

sarè kèmawon. Mila nyumanggakaken ing karsa Nata.

Kangjeng Sulta angandika, “Mungguh Sunan Kali dadak anjujug

sarè ing ngalun-alun, apa karsane Prayoganè titinen dhingin. Si

Kaki Rambu Rangkung, jim biru kang rumeksa gamelan Sakatèn

apa ijih gumrenggeng swaranè, imbal wacana apa maneng ? Yèn

ora ana swaranè, pasthi iku kang mindha papa anèndra.”

Page 70: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 70

Kyai Ganjur lajeng lajeng anilingaken saking jawi, taksih imbal

wacana gumrenggeng. Kangjeng Sultan andangu, “Kapriyè

imbaling Wacana ?”

Kyai Ganjur matur, “Matur grenengipun :

Uga tunggal, nanging dudu jaganè.

Umung jajal pangajaring praja arja.

Ujaring wong wekasan suwung nyatanè.

Upamanè anaa kang ingupaya.

Urub apa pasthinè bisa tumeka.

Ubayanè anèng Demak dunungira.

Upayanen ana urang-urang mata.”

Sigeg, ing galih duk miyarsa, Kangjeng Sultan ing Demak dyan

tumedhak piyambak dhateng alun-alun. Sarawuhing ngriku mèh

kagèt, sinengguh pepundhènipun sanyata. Ananging sareng dipun

titik walikating dalamakan ingkang kiwa, boten mawi gebyaring

amawa cahya kadi memeliking sesotya.

Yakti dèdè gurunipun. Yèn sesipating warna, mèmper. Mila

andadosaken kagèting galih. Sareng dipun patitisaken

wewelingipun dèdè, nadyan patrap anganèh-anèhi, nanging Sang

Nata lajeng sinidhem kèmawon.

Mila para wali sami boten angraita karsaning Nata. Tinarka nyata,

yèn Sunan Kalijaga. Mila sami anut wangsul, umiring konduring

Nata. Lajeng anjog ing sitibentar, nimbali lurah yaga, pun Setu

kalih pun Monggang. Dhinawuhan rumeksa yasan dalem gangsa

Sekatèn.

Dènè Kyai Ganjur lajeng kapiji dados Lurah Suranata, wonten ing

serambi masjid panepèn. Pangkatipun Kyai Ganjur sangandhaping

Page 71: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 71

Pangulu Ageng. Kayi Ganjur wau pasowanipun rinilan anunggil

para wali.

Kacariyos satunggal dalu, Kangjeng Sultan dhawuh kabèh para wali

kinèn angraosaken sasmitanipun jim biru, ingkang rumeksa

gangsa Sekatèn.

“Kyai Rambu Rangkung imbaling wacana pitung angkatan, mawi

bebuka “HU”, pikajengipun punapa ? Maknanipun kadi pundi ?”

Dènè para pamagangan wali dhinawuhan sami ngupaya Sunan Giri

kalih Sunan Kudus. Yèn kapanggih, kairida, rèhning praja wonten

pratandha, yèn sunya pasthi punika pandamelipun Sunan Giri

utawi Sunan Kudus. Pamagangan wali matur sandika, mangkat

sadaya.

Ènggaling carita, Sunan Giri tigang dinten sampun rawuh ing

Demak kaliyan Sunan Kudu. Ingaturan pawarti yèn ngalun-alun

wonten anèh-anèhan. Sunan Giri kalih Sunan Kudus ingaturan

mariksa. Kalih pisan lajeng mangkat.

Boten dangu wangsul, matur ing Nata, yèn punika pandamelipun

Sunan Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak pandamelipun Sunan

Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak api-api ngungun.

Sampun sami ginalih, para wali lajeng dipun dhawuhi maknani

sasmitanipun Kyai Rambu Rangkung, jim biru ingkang tengga

Sekatèn. Dènè imbaling wicara mawi bebuka “HU” kaping pitu.

Mila Kangjeng Sultan lajeng anjibahaken dhateng Sunan Giri kali

Sunan Kudus sakancanipun sadaya, menggah ingkang dados

pikajenging sasmitanipun Kayai Rambu, Kayai Rangkung kados

pundi. Dènè mawi “HU” kaping tiga dènnya imbal pamicara. Mokal

Page 72: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 72

yèn botena wonten raosipun. Sadaya para wali matur sandika.

Dadya lajeng rinaras raosing sasmita wau.

Warni-warni pamanggihipun :

1. Sunan Giri angarang kanyataning “HU”. Pamanggihipun :

humat. Tegesipun : umating Allah iku ngawruhana rahsaning

ngilmu kang wis dadi iku weruh wewadining pangkating Dat

pitung prakara.

2. Sunan Kudus pamanggihipun “HU” punika hurip. Pikajengipun :

urip iku wenang nganakakè pitung prakawis. Mila yèn

tanggung-tanggung ngilminipun luhung pengung kèmawon.

Awit tiyang pengung punika sampun boten ngajengi warah-

wuruk.

Mangkana salebeting gunem raos, kasaru rawuhipun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga, dumrojog tanpa larapan. Dupi wus tata

lenggah, lajeng angandika makaten:

“Iki wong dèsa, aran Kaki Tengara, prayoga kawulakna. Pantes

amajibi lawan anglurahi para paniti masa. Lan maningè, wong

kang turu sangisoring wit waringin kurung, kairida anèng

ngarsaningsun. Poma warahen, ingsun wus teka.”

Para kanca anggandhèk sandika, mangkat. Dupi prapta temah

matur dhateng kang nèndra, “Gusti, Paduka tinimbalan manjing

pura, karana rama Paduka sampun rawuh ing kadhaton, amung

ngentosi sowan Andika kèmawon.”

Radèn Sahida gumrègah lumaksana, kèrid ing gandhèk kekalih.

Sadhatenging ngabyantara Nata, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

angandika:

“Hèh, hèh, Sahida, ing mengko sira wus katemu lawan ingsun.

Sira banjur lungaa manèh, ngupayaa bumi Bintara kènè. Yèn

ana dèsa lemahèdarbè ganda langu, banjur bebadraa

Page 73: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 73

sakuwasamu dhèwè. Lawan ing kono bakal ingsun anggo

nganggur, supaya bisa dadi petilasan.”

Sèh Sahida matur sandika, nyuwun dhawuh menggah ingkang

kawajibaken punapa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika :

“Sira dadia punggawa pamijèn, amajibana barang

lelungguhingsun bumi dèsa kang parek ing kono. Bèsuk

sawatara dina ingsun tumeka, bakal karya wisma kangdadi

pasarèyaningsun dhèwè. Sarta sira ingsun wenangakè mangrèh

wong cilik sabalabaging bumi satus karya. Dènè kang bakal

dadi dalemingsun, sira aja wani-wani angetrapi, sarta wus

ingsun paringi tetenger : kayu kumuning bang utawa kayu

tayuman; telu kayu garu; kayu widara putih, kayu waliku.

Saubengè kekayon lima mau mung sawangana wates bae.

Bèsuk ingsun dhèwè kang ngadani.”

Kangjeng Sultan ing Demak mimbuhi pangandika, “He Kulup

Sahida, ingsun apeparing aran. Sira ingsun rilani jeneng Pangèran.”

Para wali aneksèni sadaya, yèn ing mangkè Raden Sahida nama

Pangèran ing Kadilangu, sarta angsal ganjaran sabin, kathahipun

kawan atus karya. Dalah saking rama dados gangsal atus karya.

Dupi wus sampat dhawuh pangandikaning Nata tuwin dhawuh

wewelingipun ingkang rama, lajeng pamit, kalilan mangkat.

Ing sawatawis dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak ing

panggènanipun ingkang putra. Radèn Sahida dipun damelaken

tarapan saèngga gedhang salirang, kaanggè wadhah bekakasing

dalem. Dumadakan ing salebetipun angadani dalem, Kangjeng

Susuhunan Kalijaga angsal kaèlokan, èncèh isi rajabrana kebak.

Page 74: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 74

Sanadyan manggih, kedah bayawarakaken dhateng tangga tepalih,

sinten ingkang gadhah èncèh wau. Tangga tepalih, parpat manca

lima sami matur, boten rumaos ndèkèk. Mila sareng sampun boten

sami ngakeni, ugi rahadunya lajeng kawaridinaken dhateng para

bekel ing ngriku. Mila kumrubut sami nuwun-nuwun. Mila para

tetiyang sakiwa-tengenipun ngriku, nadyan ingkang boten

kabawah, sedya atur bulu bekti, bau suku tumut ndandosi dalem,

sarta badhè pasarèyanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Kinaroyok ing kathah, lajeng ènggal dados. Istha masjid tur cèkli

langgarè, ingubengan tirta wening. Mila lajeng karang ing

Kadilangu. Makaten pangandikanipun:

“Hèh Sahida, sira dèn ènak atetunggu pasarèyaningsun, lawan

ingsun tinggal wewekas, dèn èstokna. Sapungkuringsun, sira

aja wani-wani ngungkabi gendhaga wadhah wangkinganingsun.

Saturun-turunira, sing sapa langkah, nganti weruh

wangkinganingsun, pasthi tanpa mata.”

Sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng

Pangèn ing Kadilangu pinareng dèning Allah tangala. Sami sanalika

kadi binarung ing swara gumeleger ngawiyat, lindhu gonjing,

prahara gora rèh kagiri-giri.

Saluwaring prabawa, punang gandhaga wadhah wangkingan kadi

pinaku, karaket ing manah. Sarta ingkang dhinawuhan ugi

ngèstokaken. Saturun-turunipun Pangèran ing Kadilangu sami ajrih

sumerep dhapuring pusaka wangkingan wau.

Dumugi sapunika kènging nyirami lisah cendhana nyumerepi

dhapur tangguhipun.

Suprandosipun ing nguni wonten ingkang sumedya badhè uninga.

Margi mingkis sinjang gegubahan, saweg uninga sadlèrèngan

kèmawon, tiyang wau mripatipun nyeplos.

Page 75: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 75

Mila tulus sapriki lajeng boten wonten ingkang wani uninga

wangkinganipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Wasana lajeng

dipun dhawuhaken dados wewaton : sinten para ngulama tuwin

para juru kunci ing pasarèyan Kadilangu, katamtokaken ing saben

Anggara Kasih, ingkang nyirami Kyai wangkingan kedah mawi

dipun tutupi mripatipun, kanthi tiniti boten kèngis maripatipun.

Nadyan para ratu, boten kenging uninga wujuding wangkingan

wau.

Kacarita malih, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampuning

paripurna anggènipun yasa dalem dalah langgaripun, lajeng

dhawuh dhateng ingkang putra, rèhning sampun sepuh, boten

karsa angagem wangkingan. Amung badhè gebayakan kèmawon,

ngagem teteken pucuk cis wesi cawang, sarta pamit ingkang

putra, yèn badhè ngaluyur nuruti karsa. Amung rèhning boten

ngagem wangkingan, ingkang putra wineling, njagi rumeksa boten

kènging ngagem, boten kènging uninga. Ingkang liningan matur

sandika ngèstokaken.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kèsah lelana, sapurug-

purug, ngantos dumugi tanah ingatanah, pulo ingapulo, manca

nagari, pasisir sampun kaancikan sadaya. Malah satengah kaoling

carita, dumugining paran, ing saben saonjotan santun gelar,

santun warni.

1. Ing nalika ngambah laladan pulo Pinang, Kangjeng Sunan

Kalijaga sesilih Jaka Lonthang. Ing ngriku witipun wonten Serat

Suluk ngilmi, dipun wastani Suluk Lonthang.

2. Ing nalika ngancik dhateng pulo Siyag, lajeng nama Kyai Dana.

Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk Besi, awit Kangjeng

Sunan Kali kèlu dhateng pakartining tiyang pandhè wesi,

laminipun kalih taun.

Page 76: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 76

3. Ing nalika ngancik pulo Bayan, ngantos dipun jajah saubenging

nagari. Mangka pulo Bayan punika tigang jaman dipun kulinani

: ngambah ing Bayanmani, lajeng ngambah dhateng

Bayanmaot, lajeng dhateng nagari Bayan Budiman. Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga ngalih aran kaping tiga. Duk nganggit

Suluk Bayanmani nama Empu Hartati. Nalika nganggit Suluk

Bayanmaot ngalih nama Empu Hartadaya. Sareng wonten nagari

ing Bayan Budiman ugi nganggit Suluk Bayan Budiman.

Kangjeng Susuhunan Kalijaga sesilih nama Sèh Ismangil

Jatimalengis lamènipun ngambah jaman nagari tetiga wau

tigang taun. Lajeng wisata sapurug-purug malih.

4. Nalika ngancik wonten ing nagari Ngacih, Kangjeng Susuhunan

ing Kalijaga ugi nganggit Serat Suluk Acih, jejuluk Sèh Sutabrit.

Kalunta-lunta ngantos nagari ing Mekah, nanging Sèh Sutabrit

awarni larè dolanan. Dènè ambah-ambahanipun dhateng masjid

Mekah, adamel kaèlokan, dènè purun anglanggar ngilmi

dhateng para jamhur Mekah. Inggih punika ingkang sampun

kasebut wonten rahsaning Serat Suluk Sutabrit.

5. Ing nalika ngmabah pulo Siyem, Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga anganggit Serat Suluk Puji. Dènè sesebutaning nama :

Kaki Linggapura. Wonten ing laladan nagari Siyem boten karsa

anglajengaken. Suprandosipun dangu, jalaran kasengsem

aningali cara-caranipun tiyang anggènipun liru lambang urub-

inguruban.

Kala samanten Kaki Linggapura kalanturipun nama Kaki

Singgapura. Dumugi sapriki lestari dados lambang-

lambanganing arta, kados ta : arta saking tanah jawi wonten

nagari liyan boten ajeng, kedah lintu arta liyan. Pundi ingkang

dipun purugi liyaning praja, badhè ngajawi ugi lintu arta tanah

Jawi.

Makaten ing caranipun. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

wonten ing ngriku ngantos sakawan taun, jalaran dipun pupu

dèning juragan, nama Kaki Glontor.

Page 77: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 77

Sanget asihipun, malah dipun ajak gegramèn dhateng pulo ing

Bojong, inggih pulo Ciamis. Akathah lelangening nagari, karya

senenging panggalih. Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

lajeng nganggit serat Suluk Gontor, awit saking saweg tumut

dagang Kaki Gontor.

6. Ing nalika kondur saking bawah Siyem, Sang Lelana lajeng

kondur angajawi malih. Ing ngriku taksih andugekaken lelana

jajah wana, wukir, jurang pèrèng sungil. Sang Lelalana karsa

nganggit Serat Jaka Rasul. Ing nalika punika kapareng

anggelaraken rahsaning ngilmi babaran wahananing Dat,

tinunggilaken lawan panganggitipun Suluk Jaka Rasul wau. Mila

Suluk sareng dados gegebengan, sakalangkung gancar

piyambak. Sarta raosipun dhateng tèkad tetèla kathah meleng

piyambak rahsaning ngilmi kasampurnan. Kapara mawi

cecarangan angangit imbal-imbalaning swara, dipun wastani

Suluk Burung, ingkang kadhapur pangartining para paksi

gemak dènya rebat unggul, prakawis pambektaning jasat dalah

kurunganipun. Sadaya wau sakalangkung ramèning pamicara.

Ing ngriku witipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng

anganggit Serat Suluk Burut.

7. Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan Kalijaga lajeng karsa

lelana malih dhateng tanah kidul, anjujug pinggiring samudra,

inggih punika ingkang winastan ing Dalepih. Laminipun jaga-

jaga satepining tasik kinten-kinten satengah wulan, saweg

amuthuki tiyang satunggal, tanpa mangganggè wastra.

Awakipun namung dipun ubeti oyod, sirahipun anyunggi

sakathahing uwuh ron aking. Upami dèdè Sinuhun Kalijaga,

tamtu mlajeng, awit sinengguh brekasakan ingkang rumeksa

sapinggiring sagara Dlepih. Wasana sareng saya celak, dinangu

sarana angagètaken. Ingkang nyunggi uwuh kagètipun sanget,

ngantos andherodhog, andhèprok boten saged lumampah.

Sambatipun amung mati. Tinanggenah ing pangandika, lajeng

matur saparlunipun, “Kawula pun Wana, larè ing dhusun Dlepih

Page 78: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 78

ngriki, badhè ngupados paksi mliwis, kasadè damel ngingoni

anak putu.” Kangjeng Susuhunan paring sabda waluya, lajeng

angandika :

“Kaya kapriyè rèkanè amèt manuk mliwis ? Ingsun arsa

uninga. Lakonana, aja kasuwèn.”

Ingkang sinabdan manembah, lajeng malebet ing warih. Ririh

lampahira. Dènè ingkang katingal amung ombyong-ombyongan

uwuh. Dèrèng pati tebih, dumadakan anyarengi panebaning

paksi maliwis, niyup saking nginggil mangandhap, lajeng

angambang ing toya bayak-bayakan. Wana marpeki,

tumandang. Punang paksi mèh telas. Saking kekebaken

kapisipun, temahan rinèntèng ing tetali kang sinabukaken. Tali

tampar, lulup, sampun kacakan sadaya. Kantun tigang iji,

kagèt, muluk ing gegana. Dènè kagètipun paksi tetiga wau,

awit pun Wana kuwalik badhè kelem, awit saking kawratan

pambektanipun. Nanging Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

awas ing pandulu. Pun Wana pancen galagepan, lajeng sinaut

ing teteken, ginanthol ing cis. Pun Wana saged minggir, lajeng

dipun entasaken. Dupi sampun sarèh napasipun, lajeng

dinangu. Pun Wana matur makaten, “O, Gusti, salami kawula

pados peksi maliwis boten kados sapunika. Bok sampuna

kawula kelem saking boten kuwawi mbekta, kados rampun tan

akècèr. Katujunipun lajeng paduka entasaken. Sapinten ing

panuwun kawula, Paduka paring gesang. Mangka kirang

sakedhik kemawon, tamtu pejah. Boten langkung, rèhning

Paduka ingkang nambak ing nyawa kawula, angsal-angsal

kawula paksi maliwis kawula sumanggakaken.”

Kangjeng Susuhunan Kali angandika :

“He Wana, sira rumangsa urip awit ingsun kang

angentasakè, duk sira galagepan. Iya banget

panarimaningsun, sarta antuk-antukira maliwis sira aturakè

maringsun. Ananging dadèkena sumurupira, maliwis kang

Page 79: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 79

wus gawa, kabèh mabur, jalaran nalika sira kelep ing banyu,

nganti lali pangangsilanira.”

Pun Wana èmèk-èmèk kapisipun, nyata suwung. Nadyan ingkang

sami cinancang ing tetali sabukan, sami mabur. Satunggil boten

wonten ingkang taksih. Pun Wana dadya kaduwung sanget. Dangu-

dangu lajeng mosik makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, rèhning

sampun kapotangan umur kula, kaparenga Paduka tumedhak ing

pagriyan kawula, parlu badhè angaturi sesegah sakadarè tiyang

dhusun, margi wanci sapunika sampun ngajengaken surup.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Dumugining wisma,

ngancarani lenggah ing salu. Pun Wana lajeng medal, sanjang

biyungipun, kapurih sesegah. Kang ingatag tanggap, angratengi

badhè segah. Pun Wana lajeng dipun timbali dalah biyungipun.

Saprataning ngarsa, dhinawuhan :

“Nini, sira aja susah nyuguh sarana nganak-anakakè kang ora

ana. Ingsun trima tanpa sugata, angger tangga teparomu

padha teka kènè.”

Pun Wana matur, “nDatengaken tiyang wau inggih kedah nyegah

sawontenipun.”

Kanjeng Susuhunan angandika :

“Gampang prakara suguhing tangga teparomu kabèh. Ana pira

kèhè?”

Wana matur, “Cacahè eri kawandasa sèmah. Mangka adatipun, ing

dhusun Dalepih ngriki, saben dipun undang, jaler-èstri dhateng

sadaya. Wah sami bekta anak, margi sampun dados rerukunaning

rembag ngajeng, sinten ingkang gadhah parlu, tangga tepalih sami

rungkat sadaya, alih-alihan.”

Page 80: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 80

“Yèn mangkono luwih becik. Pasthi mengko ana kamurahaning

Pangèran kang kena sinuguhakè.”

Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng

maringaken waragad sacekapipun. Dadya kalampahan ing dalu

punika saged ndhatengaken tangga tepalihipun sadaya. Warnaning

sugata boten anguciwani, karana pinaringan waragad kathah.

Sareng sampun ing wanci dhatengipun. Sami dinangu, arta

anggènipun maringi waragad telas punapa taksih. Yèn telas, dipun

paringi malih. Lumbung pari kalong pirang gèdhèng, yèn kathah

lukaking pari, dipun jogi malih.

Biyungipun Wana matur makaten, “Arta ganjaran kablanjakaken

ulam, bumbu warni-warni, pirantosipun sekul ulam panganan.

Panumbasipun langkung kathah, arta boten kalong. Wadhah uwos

tanpa kèndel panakeripun, wasana ing padaringan boten lukak.

Nadyan ing lumbung malah kebak. Mila arta kawula aturaken

wangsul malih.”

Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga boten karsa anampèni.

Pangandikanipun makaten :

“Bibi, mengko tamunira padha wratanana arta sacukupè.

Kang liningan matur sandika. Ing sadalu punika dhatengipun para

tamu langkung kathah. Dalah parpat mancalima anggili tumut

manggihi. Pun Wana nyariyosaken kawasaning tamunipun, sarta

anambak nyawa, amiwiti tumeka mungkasi.

Dupi tekèng tengah dalu, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

tumedhak ningali tamunipun, sarta tumut lelenggahan, lajeng

paring pangandika makaten :

“Kabèh sanak sadulur, ing mengko padha timbangan

saparlunè. Lelakonè si Wana enggonè ngupaya manuk maliwis,

Page 81: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 81

wasana malah anemu papa. Marga saka maha kumawawa,

wekasan mèh palastra, tur tuna sedyanira. Saka wus katrucut

basanè, arep males kabecikan marang ingsun, uga banjur

ingsun pitututi. Èwadenè saka karepku, becik mangan ènak

lawan sanak sadulur, tangga teparo, anulusakè rukunè.”

Ingkang sami dhinawuhan sakalangkung nuwun.

Kacariyos malih, salebeting pajagongan, Nyai Wandawa kuma

purun atur pratèlan makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, sanget

panuwuning manah kula, dènè saged marek ing Paduka, karana

nguni pun patik sampun natè uninga, duk Paduka saweg birahi

angadani sumur utawi masjid, wonten ing dhusun tanah Pajang.

Awit kawula punika temenipun, biyung kawula sampun natè

ngawula ibu Jengandika. Malah kadhawuhan nginyani putra

kakung, nama Radèn Mas sahid, inggih punika ingkang tunggil

sesepan kawula. Sareng pun biyung pejah, kawula lajeng imah-

imah, angsal Kaki Wandawa. Dupi semak kawula pejah, lajeng

dumugi ngriki, kaanggè sepuh-sepuh, kapara dados dhukuning

bebayi. Mila sadhusun punika sami ngalap kasagedan kula

padhukunan wau. Mila pun patik nuwun deduka, dènè sumalonong

purun sapocapan, parlunipun amung badhè matur, ingkang nama

Radèn Sahid punika rayi Paduka punapa raka Paduka?”

Kagjeng Sinuhun ing nalika punika dahat pangunguning galih,

boten kanyanan yèn Nyai Wandawa punika kadang palihanipun.

Dados lajeng sajarwa, yèn sariranipun. Mila Nyai Wadana lajeng

pinaringan sih ganjaran saking luwesing atur, kalawan nyata.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“mBakyu Wandana, wus ingsun anggep nyata caritanira. Ora

luwih ing samengko sira ingsun paringi ular-ular, enggonen

pawitan saurripira. Tampanana pasihaningsun, rupa kalpika.

Kaksiyatè : sira bakal ginugu marang sasama-sama. Lawan

ardana sawatara, tampanana.”

Page 82: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 82

Ingkang pinaringan dahat nuwun. Sasampunipun makaten,

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring arta dhateng para

ingkang sami tinimbalan wau. Amung kènging kanggè sesarat

sawatara. Kados ta : arta tigang reyal ing dalem tiyang satunggal,

sadangunipun boten saged suda. Para tetiyang sadaya naracak

ganjaranipun. Wewelingipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ugi

sami kèmawon.

Ing nalika samanten Kangjeng Susuhunan kalijaga lajeng pamit,

badhè andugèkaken ing lampahipun, lelana sapurug-purug.

Rerancanging carita, Kangjeng Sultan ing Demak dahat angajeng-

ajeng rawuhipun Susuhunan ing Kalijaga, margi sampun dangu

mboten anembah ing guru.

Mila para wali sinebar, angupaya dhateng pundi purugipun. Sunan

Punggung aturipun, “Boten susah dèn upaya. Manawi sanyata

sungkemipun murid, dhateng piyambak. Dènè guru kangen

tataning murid, pasthi saged katuju piyambak sarta sampèka

sapiwarahing guru, yakti dugi sedyanipun.”

Gantya kang cinatur malih. Arya Jipang salebetipun anata baris

pendhem wonten ing dhusun Panolan, saweg lelenggahan kalih

ingkang rayi ipè, nama Radèn Puspita. Ing rinten dalu tansah

padudon karsa, jalaran Arya Jipang sedyan angkara murka. Radèn

Puspita tansah ambolèhi atur, amrih rapih, pinapagaken ing

karsanipun,

“Kakang Arya, punapa saèstu angrampit prang dhateng Demak,

punapa boten? Kantenan anggèn kula manah. Saupami boten

saèstu ambebara prang, inggih sokur, margi kula badhè

ngupadosi wekasaning kajat kula dhateng tanah bang wètan,

nglantun anglantun dhateng tanah kidul, rèhning sampun

boten saèstu prang. Dènè yèn karsa Paduka kenceng nglurug

Page 83: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 83

prang dhateng nagari Demak, kula nyuwun pamit, boten

ndhèrèk, jalaran kula gadhah parlu sakedhik. Anak-anak kula

sampun sami diwasa, badheè kula suwitakaken dhateng

Kadilangu, supados angaji tatakrami.”

Arya Jipang mangsuli makaten, “Mungguh aturira iku wus ora kena

pinikir sayekti. Pèdah apa ajurira iku? Yèn sida nglurug, sira pamit

ora labuh maringsun. Yèn ora sida ngadani, ngalaga, sira bakal

ngumbara, lunga sakarepira dhèwè. Dadi apa kang sira anti-anti

nganggo cumandhang dhawuhingsun? Sarta wus mratandhani sira

iku wedi mati. Luwih becik sira lunga samengko iki.”

Ingkang rayi matur, “Ingkang makaten punika, Kakang, pamanggih

kula, dados tiyang enèm inggih kedah matur ing kadang tuwa.

Paèdahipun antuk sabda pangèstu, supados gampila ingkang kula

sedya ayu.”

Arya Jipang mangsuli radi sengol, “Mungguh caturira iku kabèh,

ing ngatasè milu wong ngatuwa, tanpa gawè, awit sira iku mung

lumuh, malumuh wedi campuh. Upama ingsun candheta, digawe

apa, parlunè ora ana. Bara-bara angur aja katon mata, tur ora dadi

klilip. Ananging supaya tan mandheg tumolèh, mboklunga pisan.”

Radèn Puspita anampeni. Kadangipun lajeng dèn ajak kèsah.

Sareng sampun sawatawis tebih, ingkang mbakyu jinarwan yèn

Arya Jipang badhè boten tulus gesangipun. Tinimbang ing tmbè

boten tulus kompra, luhung miruda. Sinten ingkang sotah

mengku, angger boten dados manah mutawatiri. Ingkang raka

Retna Paniwèn gentos anjarwakaken, “Iya, teka pasanga yoga, sira

anggawa lunga raganingsun. Pancèn sadurungè sira mangkana,

wus dadi pangèsthing tyasingsun. Sajatinè ingsun iki ora

kinanggokaken kadi para garwa pangrembè Arya Jipang. Ananging

saka tunaning pandon.”

Page 84: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 84

Ingkang rayi matur, “Kadi pundi liring pandon tuna?”

Retna Paniwèn mangsuli makaten, “Yayi, ingsun iki sanyata sipatè

wadon, nanging satuhunè tiwas kalumrahanè, ora kena kinarya

pasamuwan ing papreman. Dadi Arya Jipang mengku raganingsun

iki mung ginawe genep waè.”

Radèn Puspita dahat pangunguning galih. Wekasan suka sukur

anarimah. Dadya makaten ing aturipun, “Kakangmbok, yèn

makaten Paduka luhung ndhèrèk tetruka ing Ratu Mas Kalinyamat.

Saiba sukaning galih.

Retna Paniwen nembadani, lajeng kadhèrèkaken. Boten winarna

ing margi, sapraptaning wukir, laju marek manembah ing ngarsa.

Dinangu, matur sajarwa sawewadinipun. Ratu Mas Kalinyamat

dahat sukaning galih, lajeng pinatah tengga korining pratapan.

Radèn Puspita tinanggenah ing sedyanipun, matur badhè

ngupados wewenganing manah.

Ratu Kalinyamat lajeng paring pitedah, Radèn Puspita dhinawuhan

ngupaya Kaki Walaka ingkang dhedhukuh ing dhusun Galinggang.

Saupama suwung kinèn anganti, awit janggan Walaka iku araning

rèrèh ing wisma. Karemenanipun lelana tanpa sedya.

Raden puspita manembah, lajeng mangkat. Ing samargi-margi

anggung kasangsaya sinangsaya, awit pakartining margi boten

amiranti. Èwadènè Radèn Puspita mèrang, yèn balia. Tan ajrih

bebayaning margi rumpil, sungil-sungil. Dumadakan sapraptaning

wana kapethuk tetiyang, nama Kaki Janggalana. Duk tinakènan

dhateng Radèn Puspita, temah sugal wangsulanipun, dènè boten

dipun ajèni Kaki Jenggalana. Dangu-danguning rembag dipun ajèni

Kaki Janggalana. Dangu-danguning rembag temah dadya

Page 85: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 85

pancakara, ngantos ramè, gentos kasora, nanging boten mawi

gegaman.

Radèn Puspita sakalangkung kaken ing galih. Badhè teluk,

pakèwed manawi angauba dhateng sasami-sami. Yèn

nanggulangaa, langkung kasoran, saha mèrang sanget. Dangu-

dangu Radèn Puspita lajeng mitembung angasih-asih. Kyai

Janggalana awewarah yèn lana, dèn ajak ngumbara sapurug-

purugipun, tan nana sinedya. Radèn Puspita anut, tan lenggana ing

rèh. Kyai Janggalana lajeng lelana sapurug-purug. Ing saben surup

surya atetaken :

“Opa sira ora ngelih, lawan apa ora ngelak?”

Radèn Puspita matur, “Boten.”

Dumugi tengahing dalu Kyai Janggalana galundhung jurang, sarè

asesengoran. Watawis dangu wungu, lajeng kaloyongan malih,

balasakan ing bebondhotan. Watawis ing wanci gagat bangun

enjing Kaki Janggalana nolih, tetakèn, “Apa sira ora arip?”

Aturipun, “Boten.”

Dados Radèn Puspita anggènipun anglampahi tut wuri wau

sampun tèkad pejah, sarta boten angraosaken risaking sarira.

Saweg tigang dalu Radèn Puspita sangsaya mempeng dènya tut

wuri Kaki Janggalana.

Parmaning Hyang paring rèh rahayuning titah. Radèn Puspita

sampun katingal kuwungipun, awit bebasan ulat, karep, ati

madhep dènya tèkad pati, sedya puruita. Kayi Janggalana kagèt

aningali kuwunging nitya, asmu mancorong. Mila Kyai Janggalana

welas ing galih, temah angandika :

“Jebèng, boya ilang sira ngetutakè saparaningsun. Dibasakakè

mokal kaluwèn, bakal ora wareg. Mesthi bakal ana sihing

Pangèran maring kang kaluwèn. Mula dèn banget tarimanira.”

Page 86: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 86

Kaliyan lumampah kèmawon pangandikanipun. Kaki Janggalana

lajeng ngambah samadyaning wana tarataban. Boten wonten

tiyangipun, tebih dhusun, tebih warung, tanpa toya, utawi

kekajengan ingkang ageng-ageng. Radèn Puspita matur, “Punika

pundi?”

Sang lelana angandika :

“Perluning wong anggeguru iku iya ing tembè tumekaning pati

aja nganti kaliru ancasè. Aja nganti kasawar tibanè, aja nganti

kasangsara lakunè ing dalem pati.”

Radèn Puspita matur, “Tèkading kahanan jati punika punapa

wonten bèda-bedanipun? Awit ing dalem pati punika badhè

nyandhang tiwas ing tri prakara :

1. Bosoking jasad, awit sampun nunggil kaliyan luluhing siti kang

lebet.

2. Risaking piranti dènè sampun koncatan anjing-anjinganing

bayu otot, kulit daging, sami pisah adon-adonanipun.

3. Larating erah lawan rahsa, punapa dènè sampurnaning atma,

nyawa, cahya, sapanunggalipun sami miruda tan kantenan.

Kados pundi bèdaning tiyang wantun kaliyan ingkang sami

anggeguru?”

Sang Lelana aangandika :

“Jebèng, upama ora ana bèdanè, pati-pati anggeguru apa

gunanè? Ananging yèn dhasar sanyata pangèsthinè, iya

bèda uga.”

Radèn Puspita matur, “Nyuwun pitedah, supados radi saged

tumindhak dhateng wewarahing guru satunggal-satunggal.”

Sang Lelana mangsuli :

“Jebèng, sira durung wanci anggayuh ngilmu kasampurnan.

Marmanè gunemira durung turut. Pasthi wus dadi benerè

gunem bocah. Upama sira kadereng arsa uninga tetalering

Page 87: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 87

ngilmu kasunyatan, adat banjur kadhingan tuwuh. Tegesè,

durung wayahè selak kasusu karepè. Ana dènè wewatesing

wong kena ngeguru iku, yèn wus umur patang puluh tahun

sapandhuwur. Awit manungsa durung patang puluh iku akèh

kalirunè. Manawa wus patang taun iku, ginanjar kuwat,

anampani kawruh kang sanyata. Marmanè sira milu ingsun,

maksih ingsun ganjar anteping laku baè dhingin. Manawa

sasuwenè sira tut wuri ingsun ana kalèjeme mantep tama

temen, sarta sira yèn wus uninga gatra-gatraning ngilmu, ora

èsuk ora sorè, wus pasthi ingsun kang maringi ing kawruh

marang sira dhèwè. Aja kuwatir.”

Sasampuning makaten, Kaki Janggalana andugèkaken dènya

lelana. Radèn Puspita dipun warah kantun, katitipanken Dhoyok

Pangangsalan. Tegesipun : pangagenging dhusun ing tanah

ngriku, jalaran welas aningali Radèn Puspita dènya dèrèng wanci

tumut lelana. Sang Lelana lajeng tedhak dhateng dhusun Katègan,

ing nguni karan Sabaran.

Ènggalipun Radèn Puspita lajeng tata-tata badhè dènya kari

anggana. Sang Lelana nutug dènya ngunggar karsa, nurut

pinggiring tasik. Antawis tigang lapan Sang Lelana wangsul

dhateng unggyanè Radèn Puspita, atakèn :

“Hè Jebèng, sira ingsun pitaya ana ing dèsa Waru. Ingsun

paringi aran Ki Ageng Waru.”

Radèn Puspita matur nuwun, Sang Lelana lajeng kèsah malih.

Tigang lapan wangsul paring dhawuh makaten :

“Jebèng, sira rabia antuk sutanè Sunan Panggung, aran Rara

Subekti. Wus takjalukakè padha leganè. Mula saiki sira ingsun

srahakè, supaya tumuli didhaupakè.”

Ki Ageng lajeng tut wuri. Sampun kapanggihaken lawan sutanè

Sunan Panggung. Radèn Puspita tulus nama Kyageng Waru.

Page 88: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 88

Kacarita Sang Lelana sampun ngumbara malih dumugi tanah

Banjarmas. Sang Lelana mancala larè nem, karan Jaka Lelana. Ing

saben guru-guru miluta Jaka Lelana. Mila ngirub pangawikaning

tiyang Banjarmas. Sareng sampun ing antawis lami, Jaka Lelana

malah antuk sihing para guru, pinaringan berkah.

Dènè caranipun sadaya guru dipun elèr kemawon wejanganipun,

boten wonten wonten ingkang dipun singid. Dènè ingkang dipun

wejangaken naracak bangsaning ngèlmi sesorogan

nakisbandiyatul kak. Sawenèh anggelaraken ngilmi tapakurahman.

Mila warni-warni wewedharanipun tiyang Banjarmas wau. Amung

bangsaning ngilmi sorogan, mijèni sakaliring wewenang kaèlokan

sadaya.

Jaka Lelana lajeng kèsah, sawulan wangsul, sampun warni Kaki

Janggalan, lajeng gentos anggelaraken ngilmi sorogan. Tiyang

sakiwa panengen ngriku gilir tanpa sela, sami anggeguru dhateng

Kaki Janggalana.

Ing nalika punika para guru-guru ing Banjarmas kathah

pangugunipun, dènè wonten satunggaling guru neneka, lajeng

ngungkuli ingkang sampun lami. Mangka kanyatahan ing

wewulangipun. Dangu-dangu para guru ing Banjarmas ayon sedya,

nyekabat dhateng kaki Janggalana.

Sampun kalampahan panyakabatipun para guru Banjarmas wau,

ugi sampun katampèn sadaya. Amung wonten satunggaling guru

gumaib, nama Kyai Mangilhas, pugal boten purun sumuyud

dhateng Kaki Janggalana. Malah ing saben dalu Kaki Mangilhan

wau karsa ngalempakaken para juti pethut sadasa iji, anuju

selaning dinten Kaki Janggalana wonten ing griya piyambak. Para

pethut ingkang nyidra sami malebet griya. Tanpa prasaba lajeng

amadung lawang, mengkang pager gedhah gedhèg. Pangrisakipun

Page 89: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 89

tiyang sadasa wau ambek sura wani. Boten ajrih ingkang tengga

griya. Dènè Kaki Janggalana wau amung èca-èca anggènipun

pitekur ing kursi kemawon.

Sareng sampun celak, pandung sadasa nempuh sura wani, tan

ajrih ing pancabaya. Dupi saweg namakaken pedhangipun, sadaya

pareng mangsah. Boten kalampahan mocok utamangganipun

tiyang. Dangu-dangu Pangèran Ingkang Agung paring parimarma.

Sèh Janggalana boten mawi pariwara, lawan Janggalana kesah tan

nana kang uninga. Tegesipun : ngedalaken mangunah catur warna,

saluguning Kaki Janggalana kèsah sakiwa tengening ngriku.

Nanging tilar warni wujud sakawan.

Ing wètan inggih Kaki Janggalana, kidul inggih Kaki Janggalana,

kilèn inggih Kaki Janggalana, lèr inggih Kaki Janggalana. Nanging

sakawan wau tinandukan ing gegaman, boten kènging. Kadi ameca

wewayangan.

Para pethut-pethut pothèt, kawèkan ing galih. Saking tunaning

pangangkah lajeng sami lumpuh, boten saged lumampah. Wasana

analangsa, atur tobat turun tumurun, boten sedya ngawoni. Kaki

Janggalana ngandika makaten :

“Apa nyata sira wus ora wani maringsun? Sapa kang ngajani

sedya cidra iku?”

Para durjana pothèt matur sajarwa, pakènipun guru, Kyai

Mangilhas. Kyai Janggalana ngandika:

“Yèn mangkono sira padha waluyajati, tanpa sangsaya.”

Para durjana kècu sampun luwar saking papa, lajeng sami

pinaringan arta busana, sarta kinèn bara griya ingkang saè,

bebanjaran urut margi, patilasaning panyidra wau. Bandha bèbaya

saking Sang Sèh Janggalana.

Page 90: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 90

Sasampuning tata reja, lajeng pinaringan aran dhusun Sidayu. Para

durjana kècu angèstokaken sadaya. Sèh Janggalana paring

dhawuh :

“Bènjang yèn sira maring tanah Jawa, angupayaa jenengingsun,

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Wismaningsun ing

Kadilangu, bawah nagara Demak.”

Ingkang dinawuhan sadaya nuwun sandika, sèwu kapundhi. Para

guru ing Banjarmas lajeng sedya tutwuri, boten kalilan. Amung

pinaringan waragat arta busana, dhinawuhan anyedagar. Bandha

bèya pinaringan.

Kaki Janggalana, sapengkeripun saking Sidayu, wonten gisiking

muwara pinarepekan dening tiyang ageng, inggil. Tinakènan,

nama Kyai Mailhas. Gentos pitaken, jinarwan nama Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga. Mangilhas andheku, nembah sarwi matur

ngasih-asih, sajarwa susahipun, “Anggèn kawula lelèdhang

satepining muwara punika, sajatosipun nganti-anti patembayan

kawula, tiyang pèthoting pethut. Kula resaya menahi tiyang nama

Kaki Janggalana, margi ngendhih kabegyan kawula. Mangka tiyang

nagari Banjarmas punika, pangungsèning rembag punapa dènè

patakèning kawruh, sadaya ingkang dipun suhun-suhun sami

dhateng kawula. Wasana sareng wonten tiyang neneka, nama Kaki

Janggalana punika, sadaya tiyang ing Banjarmas sami balik

pangidhepipun, ngantos supè dhateng kawula. Mila lajeng kawula

resayakaken amejahi. Para pethut sadasa sagah entos-entosan

wonten muwara ngriki. Wasana sampun sadasa dinten langkung,

bilih Paduka saking sabda waskitha.”

Kangjeng Susuhunan amangsuli makaten :

“Ki sanak, kapasanga yogya pethuking manah kula kaliyan dika.

Kula punika tiyang kasasar, saking Ngarab dumugi ngriki ,

margi saking kapancal ing baita kapal. Wusana wonten tiyang

cariyos, yèn ing Banjarmas wonten guru saged, nama Kyai

Page 91: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 91

Mailhas. Dados malah katuju temen. Kula nedha pitulung,

sagedipun kula dumugi ing jaman kula, nagari ing tanah Jawi.

Dènè yèn sanak sagah ngantukaken badan kula, bokmanawi

kula saged angirit suruhan sampèyan para pethut.”

Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih leres, para tetiyang kathah sami

nedahaken Kyai Mailhas tiyang saged, wah guru ageng, nalika

dèrèng dipun sirep Ki Janggalana. Mila panedha sampèyan

pitulung makaten kèmawon tamtu boten kawekèn manah kula.

Sarèng dipun sarug tiyang neneka, dados badhè boten saged

mitulungi, awit manah bingung, kalingan muring-muring.”

Kangjeng Susuhunan amangusuli makaten :

“Dados tiyang saged punika mawi kènging supè, utawi kenging

kuwur muring-muring? Mangka atasing kagunan punika boten

kèngin ical, boten kenging supè, awit sadaya kasagetan punika

saking gaibing Pangèran, sasaringan saking sarining roh

sadaya. Sarining roh katarik lampahing napas, anpas, tanapas,

nupus, tumus dhateng rahsa. Rahsa sumarambah dhateng

budi. Budi tumanem ing nguteg, turut mahanani dhateng

manik, sumarambah dhateng karna, grana, lèsan. Sayèkti boten

kenging kasupèn, awit punika wananing nugraha. Kèngingipun

kalimput, manawi sampun puput yuswanipun. Ingkang

makaten punika pepiridan saking punapa? Mangka kahananing

ngaguna punika nadyan asal saking nugraha tuwin saking

gaibing Pangèran, ananging sareng sampun gumelar ing

ngakathah, tancebipun amung dhateng sarèngat kemawon.

Saiba kaluwihan ingkang deles gaibipun. Yakti manjing dhateng

rahsa rumasa, tur saged kawasa amurba.”

Kyai Mailhas kawelèh wewadosipun, temah mojar. Anggènipun

mangsuli saya boten tumaja. Wantuning tiyang pancèn jugul,

dangu-dangu malah gangsul, “Kula dèrèng sumerep kadi sesorah

Page 92: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 92

makaten punika, awit boten tunggil cecepan. Yakti bèda

lanjaranipun.”

Sang Lelana mèsem sarwi angandika makaten :

“È ki sanak, lagi sapunika kula mireng, yèn ngelmi mawi gèsèh-

gèsè. Awit boten nunggil cecepan, badhè gèsèh lanjaranipun.

Kados kèmawon ingkang sami mardhukun dhateng sampèyan

sami balik paguron. Nadyan para pethut ingkang sami dipun

resaya, yakti malah kèlu dhateng Kaki Janggalana. Tur kula

dèrèng sumerep, ananging sasat sampun tetèla. Èwadènè kula

saged andhatengaken Kaki Janggalana dalah muridipun

sadaya.”

Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih yèn dhasar saged dinateng ngriki,

pinten saratipun mangkè kula bayar.”

Sang Lelana gumujeng latah :

“Kula boten ngalap upah kados dhukun rucah. Boten guru

aleman kados guru ngudi ragad. Andika nganti, kula tekak-

ena.”

Sakala Jeng Susuhunan andhatengaken, katarik saking purba

wasèsaning Dat Kang Èlok. Mila sanalika mangunahing pandhita

linuwih saged mujudaken sadaya.

Kaki Janggalana ngadeg sakiwanipun Sang Lelana, tanpa ngandika,

ginarbeg para muridipun jaler èstri tuwin para pothèting pethut

ingkang dipun resaya wau. Sang Lelana lajeng ngandika

masrahaken :

“Allah. Andaweg dika sumerepi. Layak kèmawon sampèyan

kalindhih, awit Kaki Janggalana guru gegedhug, jatmika,

anteng. Yakti terus nyata ngilminipun, boten madal sumbi.

Bèda sanget kalih andika. Tandha yektinipun para guru-guru

sami sumungkem sadaya. Dalah kang andika resaya sami kèlu

dhateng Kaki Janggalana. Yèn sumerepa ing ngriki wonten

pandhita sidik, boten susah ngupadosi andika.”

Page 93: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 93

Kyai Mailhas saya wimbuh mèrangipun. Bebasan kawelèh, meksa

dèrèng purun ngalah. Dangu-dangu Kyai Mailhas anarik,

pedhangira, ngancari adegipun Kaki Janggalana. Dèrèng dumugi

temah angacung bahunipun, boten uninga liding alad, kènging

pangaribawanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila sareng

sampun kadung pamedhangipun. Kaki Janggalana dalah para

sabatipun wangsul sadaya. Ingkang nama Kaki Janggalana wau

inggih Sang Lelana.

Menggah ungasing pangawasa ingkang mratandhani punika tetèla

boten kènging kinira-kira. Sareng sampun sawatawis dangunipun

Sang Lelana welas, temah linuwaran. Kyai Mailhas sakalangkung

konjem ing galih, lajeng sedya tur wuri sapurug. Sang lelana

angandika :

“Iya ingsun lilani milu saparaningsun. Ananging èwuh lakunira.

Nora bisa nututi. Becik lumebua lengenaning jubahingsun kènè.

Kyai Mailhas manembah, sampun malebet ing jroning lengenan

jubah. Sakala sumiyut kadi layaping anèndra. Sang Lelana sampun

ngancik laladan ing Demak. Kyai Mailhas ingudhunaken sarta

ingandikan:

“Hè Mail, wruhanamu sira iki wus anèng praja Demak. Marma

sira mituruta wewarahingsun, ngupayaa Sunan Giri lawan Sunan

Kudus. Aja walèh saka ingsun. Dènè lakunira ingsun paringi

waragat, supaya dadi sedyanira. Poma.”

Kyai Mailhas matur, “Dhuh Gusti, kula kedah kaparingan pitedah

taleripun rumiyin, supados wonten lambaranipun. Awit tiyang

badhè puruita punika manawi dèrèng gadhah lambaran kawruh

ingkang premati, tamtu tuna tuwas. Nadyan antuk pitutur kang

sanyata, cepak mentahipun. Bèda kaliyan manawi lambaran saè,

dhateng panggayuh boten uwas-uwas. Kawimbuhan pitedahaning

guru saya seged anglimbang. Tur ing nguni kawula inggih sampun

Page 94: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 94

midhanget pawarti, yèn Sunan Giri punika wali tungguling Demak.

Mila dipun wenangaken misèsani praja, jalaran katandha

mangunahipun. Duk nagari Majapait wekasan, utusan wadyabala

kinèn nyirnakaken Sunan Giri, karana dipun kinten amijèni nalar

ingkang prayogi dhateng Sultan Demak, anggènipunwani

nglanggar ingkang rama, pinrih manut ing agami Islam. Mila Prabu

Brawijaya lajeng utusan wadya, kinèn mejahi Sunan Giri wau. Dupi

kalampahan pinarbut ing prang, Sunan Giri tan lumawan. Amung

èca-èca nyerat kèmawon. Dènè mangunahing pandhita tan kèwran

ing upakarti. Kalam panyeratipun pinudya dados dhuwung ligan,

kasebut Kyai Kalamunyeng, awit dhuwung asal saking kalam

panyeratan. Lajeng ginetak marwasèng mengsah sirna tapis.

Dhuwung wangsul dados kalam panyeratan. Mila tulus sapriki

kadibyaning tiyang tanah wètan punika, sami saged ngemataken

bangsaning tuju, tenung, teluh, taragnyana, saking mujijatan.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaganè sira bangkit carita?”

Kyai Mailhan umatur sajarwa, “Dhuh Sang Pinundhi, temenipun

kawula punika asal tiyang Ngampèldenta. Alitan kawula suwita

dhateng Giri. Sareng kawula gadhah dosa, temah kapalajeng

dumugi Banjarmas. Èwadènè bapa kawula punika nama

Mailtasnim, palihanipun rama Paduka, Kyai Tumenggung Wilatikta.

Dados pancèn ulucumbu Paduka. Nanging kawula ajrih

rumengkuha, ila-ila punapa Gusti, asaling alit cumethaa ing ngarsa

Paduka. Ajrih sesikuning Pangèran. Kados sanadyan Paduka boten

kasupèn, duk alitan kawula, karan pun Pèthèk, rayi kawula pun

Kuncung, rayi kawula ragil Gombak, sami ndhèrèk ing rama

Paduka salaminipun.”

Duk samana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, nalika dipun sorahi

Kyai Mailhas, dahat sukaning galih, lajeng dhedhawuh :

“Yèn mengkono, sira becik dadia kanthinè Pangèran ing

Kadilangu, awit iku putraningsun kang pambarep. Lawan sira

Page 95: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 95

ingsun elih aran Kaji Samangil. Tulusa dadi jimating Kadilangu,

lawan narimaa dhingin. Kang dadi kuwajibanira, tunggu

wangkinganingsun. Ingsun wenangakè dadi kamituwane wong

Kadilangu kabèh. Purbawisèsanè metu saka Pangèran ing

Kadilangu, minangka gegununganira. Dènè enggonira bakal

ngupaya Sunan Giri, gampang katemu wuri, sedheng sira wus

rada mateng pèmèning tèkad kang sajati.”

Kaji Ismangil matur sandika, lajeng paringaken ingkang putra

Pangèran ing Kadilangu, kinèn anuntuni sapakartining agami

Islam. Pepancèring kaji sampun kaparingan, sarta kinèn gegriya

ing iring kiwaning alun-alun, jalaran sampun kinarang, ing tembè

kagem pasarèyan. Mila sami ajrih angadekaken. Para gegriya tinata

uruting ngalun-alun, utawi dhinawuhan ngirub rarè sakiwa

tengening Demak, Kadilangu, kalilan dados pondhok. Tegesipun :

kaanggè muruk ngaji. Dènè ingkang dados pangagengipun inggih

Kaji Ismangil wau sarta sami rinilan anggaota saèngga sedagaran.

Mila kataletuh sapariki iring-iringaning masjid punika sami lampah

anggaota sedagaran, amèt sabda pangandikanipun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga, supados tulus gangsaring anambut kardi.

Ananging kala samanten dèreng wonten caraning ngupajiwa kados

jaman sapunika.

Duk bebakalaning Kadilangu, dèrèng wonten tiyang potang mawi

sareman. Dèrèng wonten caranipun tiyang sadè barang ilang,

mawi katempuhaken. Amung kinèn nalangsa, sarta ingkang darbè

barang kedah ngudhuni barang malih. Dènè tiyang tumut gegriya,

angger anut caraning ngulami, inggih kapareng. Tegesipun :

anetepi agama.

Ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng ambayawarakaken

dhedhawuhan tuwin adamel pranatan kukum. Tegesipun :

Page 96: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 96

pengadilan ingkang leres. Nadyan prakawis rebatan waris, sarta

gana-gini, Pangèrang Kadilangu tuwin Kaji Samangil kala samanten

sampun kapasrahaken ingkang putra.

Kangjeng Susuhunan ing Kadilangu lajeng lelana malih dhateng

tanah Blambangan. Anjujug wismaning tetiyang gendhing sayang

sapanunggilanipun, sami nggarap bangsaning kuningan utawi

bangsa baloking gangsa.

Dumadakan anuju satunggal dinten Sang lelana sumerep gangsa

murub. Sareng dipun parpeki, tiyang nggarap gangsa calon

kempul dinangu purwanipun saged murub. Ingkang nggarap boten

uninga yèn murub. Amung wantah anggebeg balaka.

Dènè aturipun sajarwa, yèn rimbakan gong ageng tilas risakan

mongang, duk jaman Siyungwanara, awit ing nalika samanten

kathah para bituwah ingkang risak. Èman, yèn botena dipun

mulyakaken.

“Dènè anggèn kawula damel kempul punika mituruti larè. Anak

kawula jaka punika remen ringgit wayang. Alit mila pancèn majeng

dhateng carita, dalah nyorèk anatah piyambak, saged. Dènè

namanipun larè kawula punika pun Bicak.”

Sang Lelana angandika :

“Besuk sutanira iku loro, aranè sapisan karan dhalang Bicak.

Kapindho : kempulmu iku ing tembè dadi pusakaning Ratu,

katut aranè anakmu, kempul karaton : Kyai Bicak.”

Ingkang dinawuhan matur nuwun sadarmi. Sang Lelana lajeng

kèsah nasak wana, jurang terbis. Dumadakan wonten ing tengah

wana kapethuk tiyang nyangking bendhè. Dinangu, matur,

“Bendhènè Kyageng Sèla, dipun sambut dhateng Kudus, awit

bendhè punika kènging dipun anggè yèn wonten damel ageng.

Page 97: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 97

Kados ta : tandha apes-ungguling perang. Yèn taksih ngungkung,

inggih tandha jaya. Sasamining pakèwed kènging dipun anggè

tandha. Yèn budheg, apes.”

Sang Lelana dhawuh anglajengaken. Aturipun ingkang mbekta,

sampun sèlo, jalaran awrat sanget. Sang Lelana lajeng mingkis

rasukanipun gebayak landhung. Tiyang dalah bendhe kalebetaken

ing lengenan. Sami sanalika dumugi ing Kudus.

Sang Lelana andugèkaken lumampah. Dèrèng tebih kapethuk

tiyang nini-nini nyangking dhuwung ligan sampun risak. Duk

dinangu matur makaten, “Ing wana lèr punika woten pogogan

kajeng ageng, gapuk. Sadaya para tetiyang sami mendhet kajeng

gapuk wau, hiyang dalu. Wasana singa mendhet, angropoh pejah.

Dados kanca kula kathah pejah sadaya. Wantuning kula tiyang

sepuh, lajeng kula waspadakaken, sadèrèngipun ngadeg, ligan.

Kula uthik-uthik kènging, lajeng kula bekta mantuk punika.”

Sang Lelana tetaken :

“Duga-duganè, yèn sira weruh kayu iki, duk uripè kayu apa?”

Kang dinangu matur, “Randhu wana. Nalika gesangipun inggih

temen ageng, nanging duk gesangipun, kajeng punika taksih

jaman Majapait. Amung kula ènget dedongènganipun bapa

kawula. Randhu wana punika tanemanipun Janggan Sepang wau

manggih dhuwung kalih. Ingkang satunggal dipun sukakaken

putra Jenggala, nama Radèn Jaka Lalèyan, awit punika agemanipun

ingkang rama. Dados pusaka kraton. Dènè ingkang satunggal

pusakanipun Patih, nama Kyai Ragas. Rèhning dhuwung sampun

risak, lajeng dipun dèkèkaken pangipun kajeng randhu ingkang

saweg dipun tanem wau. Dènè wujudipun pancèn sampun kados

eri. Makaten dongèngipun bapa.”

Sang Lelana andangu malih :

“Nini, apa ana tungalè dongèngè wong ngatuwamu?”

Page 98: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 98

Nyai tuwa matur, “Inggih wonten, nanging radi kasupèn ukaraning

tembung. Amung kacakètheh parlunipun kèmawon. Ing jurang

sigrong ngajeng punika sakalangkung singit. Boten wonten

ingkang purun ngambah. Kawarti ing kina, wonten gambangipun

gangsa, malah kaliyan patrem. Nanging dhuwung patrem wau

kangunganipun putri Kadhiri, Candrakirana. Patrem agemanipun

wau nama Kyai Rambut Pamutung. Nanging ing jurang punika

kantun gambang gangsa ingkang taksih. Mila sapunika

sakalangkung angkeripun. Malah saben malem Jumungah mungel

piyambak.”

Sang Lelana angandika malih :

“Nini, yèn mangkono, payo ingsun milu mulih marang

wismanira.”

Nyai Tuwa lenggana, dumèh tuna tan atur sugata. Sang Lelana

ngandika:

“Nini, aja sumelang. Baya wis ana kang mirantèni saulihira.”

Sang Lelana lajeng tur wuri. Dumugining wisma Nyai Tuwa kagyat

ing manahipun, awit ing wisma wus sinaji-saji dhaharan sekul

ulam, panganan. Nyai Tuwa tetakèn anak-putu, “Kang cecawis iki

mau sapa?”

Anak-putunira wewarah, yèn ingkang sesaji wau inggih kang kairit

punika. Nyai Tuwa dahat pangungunipun, temah sami binukti.

Dènè anak-putunipun sami kalubèran bukti, dalah tangga tepalih

boten kaliwatan.

Sareng dumugining dalu, sami rinembag dènya badhè

ngentasaken gambang gangsa. Para anak-putu tuwin tangga

tepalih sami sagah angentasaken gambang. Saking leganing galih,

Page 99: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 99

Sang Lelana lajeng karsa paring sih hardana, utawi Sang Lelana

tanggel ing tiwasipun.

Sareng sampun dumugi byar raina, lajeng tumandang. Wonten

ingkang mbabadi garumbul bebondhotan, wonten ingkang

anyingkiraken sèla-sèla, aanggè dalan. Dupi wus paripurna,

padhang tan apeteng, punang gambang katingal tiyang kathah.

Watawis tiyang kalih dasa boten kuwawi angangkat. Sang Lelana

tedhak marpeki piyambak. Gampang gangsa dipun tarik asta kalih,

sampun kongkih. Lajeng tinampènan para bau-suku, sarta

pirantining rembatan.

Kala samamanten babad dumugining resik, sadinten.

Pangangkatatipun dumugining pondhokan, sadinten. Dados kalih

dinten rampung. Sasampuning makaten, Nyai Tuwa lajeng

dhinawuhan angakeni, sarta naminipun kaelih nama Nyai

Jelamprang. Ing tembè dados kabagyanipun piyambak. Nyai

Jelamprang matur sandika.

Ènggalipun, Nyai Jelamprang sampun wineling saparlunipun

sadaya. Sakala gambang gangsa kalih Nyai Jelamprang bekta

dhuwung ligan sampun winastan Kyai Ragas. Sasampuning

rinasuk, lajeng kalebetan ing lengenan rasukan gebayak landhung.

Sami sakala dumugi nagari ing Demak.

Para wali sadaya atur uninga ing Jeng Sultan, yèn ingkang sami

dhateng ugi pusaka karaton sadaya. Kangjeng Sultan suka

anampèni, sarta sampun anginten yèn pandamelipun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga. Mila para wali lajeng tata-tata

wilujenganing para pusaka dhateng para dupa-dupa langkung

ageng. Dalah wilujenganipun angrumati para sakit, awit ing nalika

dhatengipun bendhè Kyai Udan Arum, utawi dhatengipun

wangkingan Kyai Ragas, gambang gangsa, sadaya wau

Page 100: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 100

prabawanipun lajeng kathah sesakit. Nanging boten dados

punapa, awit Nyai Jelamprang pancèn saged angusadani, tuwin

wasis andhukuni para tetiyang gadhah larè. Ing nalika punika

Kangjeng Sultan Demak utawi para wali sakalangkung suka

pirenaning galih, jalaran sadaya para pusaka karaton sampun

kondur.

Mangkana Nyai Jelamprang sampun ketetepaken dados lurahing

para yaga, utawi dados lurah panggendèr sarta pinaringan wisma

anèng kilèning masjid. Sareng anakipun ngatingal, lajeng

kadadosaken tukang gendhing kalang sapanunggalipun. Sarta

sampun kasabdan dumugi sapunika, para abdi dalem yaga

gendhing, dhalang, sami boten angsal sesebutan Ngabehi, amung

nama Demang kèmawon. Pangkatipun inggih Mantri.

Mangkana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya mempeng dènira

lelana. Tepis wètan dumugi ing Toyawangi, tepis kilèn dumugi

Sumedhang, Mekah, Medina, ing Rum. Gubet mangalèr dumugi

Keling, Indhu, Siyak, Siyem, Sokawana, Lampung, Cianjur. Gubet

tepis ing lèr Limpur, Lipura, Banjar, Bandhung, Gubug, Bali,

Surabaya. Gubet ing Kadhiri, Gresik, Panaragi.

Dumadakan Kangjeng Susuhunan wonten sawètan radi Lawu

kandheg tetakèn tiyang. Dipun wangsuli, punika ing Lodhaya. Sang

Lelana tetakèn kang dipun pageri. Winangsulan, “Bendhè Kyai

Pancajaknya, dhuwung Kyai Sengkelat. Ing nguni agemanipun Sang

Hyang Wisnu, nanging saben masa wuku Dhukut sami dipun

ujungi para sima kathah. Kaleresan ing dinten Jumungah èmbèn

punika sami dhateng. Sakathahing sima saking kilèn, lèr, wètan,

kidul, gumrudhug dhateng ing ngriku. Mila wiwit bènjing ènjing

para tetiyang dhusun kiwa tengen punika sampun wiwit ngili,

jalaran ajrih sima kathah.”

Page 101: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 101

Sang Lelana ngandika, “Aku arsa uninga tekane para sardula. Apa

sira tanduk, ingsun reremi wismanira?”

Kang liningan nyumanggakaken. Ing sasampunipun kairit mantuk,

lajeng sinugata sakuwasanipun.

Dupi ing wanci tengah dalu lajeng dhinawuhan rumanti pangaron

ènggal, kinebakan toya setaman, utawi dupa-dupa. Sang Lelana

andhawuhaken :

“Sapa panggedhènè ing dèsa? Cacah eri pira, padha tekakna ing

ngarsaningsun.

Kang liningan sampun ngrembagi. Para parpat ngamanca lima

sami sagad dhateng sadaya. Sinugatan menuhi. Saking

kawasanipun Sang Lelana. Parpat manca lima ngungun wedaling

sugata. Watawis bibaring sugata, Sang Lelana medal amanggihi.

Lajeng andangu namanipun satunggal-tunggal. Sami matur balaka

sadaya.

1. Nama Ki Jayapati, kamisepuh ing Lodhaya.

2. Ki Surawani, sosoranipun ing Lodhaya.

3. Ki Wanapada, ugi sosoranipun ing Lodhaya.

4. Ki Tariman, pangkat Petinggi sepuh ing Lodhaya.

5. Ki Wanatara, pangkat kuli kenceng ing Lodhaya.

6. Ki Jagur, ugi kuli kenceng ing Lodhaya.

7. Bagus Ubaya, sutaning pangageng lima ing Lodhaya.

8. Bagus Bondhan, sutaning Ki Wanatara ing Lodhaya.

9. Ingkang gadhah griya piyambak, nama Bolur, pangkatipun ulu-

ulu, ngilèkaken toya.

Tiyang sasanga wau saben wuku Dhukut sami ngili saanak-

bojonipun. Pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

makaten :

“Sabecik-becikane lunga, becik mangun bujana. Samengko

padha ingsun paringi pangkat naracak pradikaning Lodhaya

Page 102: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 102

kènè. Saben masa wuku Dhuku, sira padha sedhiaa suguh iwak

mentah sakuwasanira dhèwè-dhèwè, lawan padha nemonana

tekaning macan. Anuta satabiyatè. Dènè sira ingsun sabdakakè

padha bisa dadi mancala macan gegadhungan.”

Ingkang dinawuhan matur sandika, lajeng kèrit malebet ing griya.

Sesanga pisan kinèn raub ing toya setaman. Sakala tiyang sanga

pisan saged dados sima, pating gelereng gegojègan. Sareng

sampun sawatawis dangu lajeng winarah ngilo, sarwi anjepalik

kaping tiga, wangsul dados manungsa malih. Dahat suka tiyang

sanga, sampun kapatah badhè manggihi wonten sajawining pager.

Dènè toya sekar sami andikakaken nulusaken sapanginggilipun.

Dupi wusing ari Jumungah, wanci ènjing, tiyang sanga sampun

mituhu weweling. Anjepalik kaping tiga dados sima. Luwaripun

inggih anjepalik kaping tiga malih. Ing ngriku pinaringan

pasugatanipun, tiyang satunggal maèsa satunggal.

Dupi wusing antawis dhateng, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

aningali pareking pager, nanging para sima tan wonten uninga.

Duk mriksani patraping sima ingkang sami dhateng wau malebet

ing bethèk urut-urutipun, sami ngambus bendhè kalih dhuwung

ligan wau, ingkang medal rumiyin lajeng mangsa ulam mentah

pinothèng-pothèng urut pinggir. Sareng sampun rampung

pangisepipun, sima bibar pating salebar dhateng dhangkanipun

piyambak-piyambak. Dènè sima gadhungan sanga lajeng mancala

janma malih. Satirah-tirahipun maèsa sanga wau lajeng kalilan

ambekta mantuk, katedha saanak-bojonipun. Sang Lelana

angandika :

“Hèh wong sanga gadhungan sesanga, sira ingsun tulusakè

rumeksa ana ing Lodhaya kènè. Lawan saturun-turunira sing

padha kaduga angalap satebiyatira kabèh, iya bisa dadi macan

gadhungan.”

Page 103: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 103

Sasampuning makaten sang Lelana langjeng angluru mancakaki

sakiwa-tengening Lodhaya. Dumadakan amanggih tetiyang sepuh,

nama Kyai Panjata, gegriya sapinggiring jurang. Dinangu, matur

gancar, “Yèn bendhè punika temen pusaka duk Sang Hyang Wisnu,

dalah wangkinganipun. Nalika Sang Hyang Wisnu angratoni sima,

jejuluk Prabu Singawatara, ugi warni sima dados Jawata malih,

pusaka kalih kinèn nulusaken dados sesembahaning para sira

sadaya, dumugi sapriki. Amung kawula boten uninga; amung

saking dongèngipun bapa kaki kawula. Malah kupiyanipun, boten

kènging dipun pendhet. Manawi ngantos kaelih saking panggènan

ngriku, sinten, ing pundi griyanipun, badhè karoban ing sima,

damel risak.”

Sang Lelana lenggah saya nganseg tetakèn :

“Hè Kaki, mungguh panemunira kapriyè? Teka dadak ora

mendha pangreksanè?

Ingkang dinangu matur, dèrèng gadhah pamanggih. Sang Lelana

angandika :

“O, si Kaki, tuna temen anggonira urip, dènè ora bisa

anggathukakè panemunira. Kapriyè mungguh panggayuhira,

sarta pati-pati manggon pinggir jurang, adoh tangga teparo?

Apa tapanira kang ginawè gegèyonganing awal akir?”

Kang dinangu tumungkul sarwi matur, “Dhuh Sang Pinundhi,

satuhunipun awit kuncung ngantos gelung boten natè dipun

sanjangi dhateng tiyang sepuh. Temen yen suwung tanpa ujung.

Mila bilih kapareng, kawula dipun paringana pitedahan, supados

saged mangertos jatining pati kawula dumugining kahanan akir.

Dados boten amung tuwa suwung, tanpa isi.”

Sang Lelana anggènipun anguman-uman punika saking welas,

aningali wujudipun sepuh, guguh. Utawi Sang Lelana temenipun

aningali Kyai Panjata boten pangling, yèn punika paman, arinipun

Page 104: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 104

ingkang rama wuragil. Ananging Sang Lelana dèrèng karsa

sajarwa.

Wekasan dhinawuhan geguru dhateng Giri. Kyai Panjata mopo,

saking sampun jompo, boten kumawi lumampah. Sang Lelana

lajeng maringaken ardana, kangge kandhutan. Dupi wus rinasuk,

Sang lelana sigra ngingkis kebayakipun, Kyai Panjata tinarik

malebet ing baju. Tan antara Kyai Panjata sampun dumugi

ngarsanipun Sunan Giri.

Dinangu matur sajarwa, nama Kyai Panjata, nyuwun ngalap

berkahipun Kangkeng Sunan Giri. Boten sajarwa yèn kinèngkèn

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ngaken saking kajengipun

piyambak. Dinangu, nama Kyai Panjata, wisma ing pinggiring

jurang, sukuning ardi Lawu. Mila sowan, saking bodho, tanpa

tuduhan.

Kala samaten Sunan Giri boten pangling dhateng ingkang rayi nak-

sanak, dhasar kumpul alit mila. Mila sareng sampun takèn-tinakèn,

Kyai Panjata lajeng ingajak malebet ing dalem, sinuba-suba

menuhi.

Rèhning kadang lami tan kapanggih, pangandikanipun Sunan Giri

makaten :

“Yayi, muga aja kagèt ing atinira. Sajatinè sira iku ariningsun

nak-sanak dhèwè. Sira arsa nggeguru maringsun, gampang.

Èwuh apa, rèhning sira iku kadangingsun. Sedheng sarèh pulih-

rusaking badanira, yayi, baya wus lawas enggonira mesu budi,

tapabrata anèng jurangè si Gandhul? Mangka sira tumeka ing

kènè, banget rusaking badanira.”

Ingkang lingan matur amemundhi, dènè kaaken kadang. Dadya

dangu tansah ruinangkul lungayanira. Sareng sampun angsal

Page 105: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 105

pendhak dinten, Kyai Panjata matur, saèstu kabarkahana.

Pangandikanipun Sunan Giri, badhè kaaturaken dhateng Demak,

supados dipun kawulakaken ing Ratu.

Ènggalipun, Kyai Panjata sampun umiring marek ing ngabyantara

Nata. Dinangu, matur sadaya. Dènè pasuwitanipun Kyai Panjata

wau sampun kadadosaken ngulami pradikan ing Kayu Apak,

pinaringan nama Kyai Pangulu Jènal Kulisanil Kadir, tetep pangulu

ing Kayu Apak. Ingkang nguwasani : Susuhunan ing Giri.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur

dhateng Kadilangu, yèn ingkang èyang paman samangkè

kapasrahaken dhateng Giri, tetep pangulu ing Kayu Apak, sarta

sinung aran Kyai Kalisanil Kadir.

Pangèran ing Kadilangu sumerep yèn dipun pasrahi ingkang èyang

paman. Wangsulanipun amung sandika. Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga lajeng karsa sarè wonten ing masjid, sarta paring dhawuh,

ing dalem pitung dinten pitung dalu, manawi boten wungu

piyambak, ingkang putra boten kapareng anggugah, sarta boten

karsa dipun kintun dhahar ing sadintenipun.

Ingkang putra matur sandika. Kangjeng Susuhunan sigra manjing

jro masjid. Ingkang kalilan rumeksa amung Kaji Ismangil

piyambak.

Menggah karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten

punika, parlunipun amung badhè tarèk ingkang kalayan terusing

cipta hening. Mila ing nalika punika Kaji Ismangil sakalangkung

panjaginipun. Bebasan amung sasat boten tumut bèla tarèk

kèmawon. Ing saben dalu Kaji Ismangil boten sedya sarè.

Wantuning saweg sapisan dèrèng sumerep pratikeling tarèk, tur

amung tengga kèmawon, suprandosipun sarira risak.

Page 106: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 106

Watawis angsal tingang dinten tigang dalu pangreksanipun Kaji

Ismangil, dumadakan lajeng kasaru wonten Kaji sepuh, nama Kaji

Iskak, griya ing dhusun Pangangsalan. Dhatengipun ngriku

mitembung tumut tengga ing masjid. Kaji Ismangil amangsuli, yèn

salebeting masjid saweg kaagem sarè Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga. Boten kènging ambuka kori sarta mungu dènya sarè. Kaji

Ismangil ajrih, Kaji Iskak adrèng badhè mungu. Pianambengan,

meksa, lajeng adan wonten surambining masjid.

“Allahu Akabar, Allhu Akbar, ashadu akla ilaha illallah, wa

ashadu anna Mukamadan Rasulullah. Ayangalal salah, ayangalal

salah. Aya ngalal palah, ayangalal palah. La ilaha illallah,

Mukamadan Rasulullah, wal fadekumati salah. Allahu Akbar,

Allahu Akabar.

Adanipun Kaji Iskak ingkang makaten wau, mirena:

1. Bokmenawi andadosaken kagèting galihipun Kangjeng

Susuhunan dènnya sarè. Yakti Kaji Ismangil antuk deduka;

2. Adanipun Kaji Iskak kirang jangkep.

Mila amung kèndel kèmawon, awit rumaos yèn badhè manggih

tiwas sarta badhè angsal deduka, bokmanawi kagèt dèning swara.

Wasana kori minep kèmawon, boten menga-menga, mangka

majatipun ingkang sarè wungu, angrungu swaranipun Kaji Iskak

wau. Mila Kaji Ismangil saya ribet tyasira. Temah sugal dènya imbal

wacana, “Hè Kaji Iskak, andika lunga saking masjid ngriki. Mangkè

yèn damèl kagètipun Gusti kula anggènipun sarè.”

Wangsulanipun Kaji Iskak malah sora, “Tinimbang turu becik

tangi. Yèn wis tangi, becik lungguh, yèn wis lungguh, becik

ngadeg. Yèn wis ngadeg, becik lumaku. Yèn wis lumaku, becik

angèsthi budi.”

Page 107: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 107

Kaji Ismangil saya ketir-ketir manahipun. Winangsulan supados

kèndel, awit saget kuwatiring manah. Kaji Iskak malah saya

andadra sora ngumbar swara. Kaji Ismangil malah saya duka,

lajeng tumubruk arsa kawedalaken ing jawi.

Boten saged kacepeng, nedha tulung tiyang jawi, pinrih ngrubut,

boten saged mikenani. Rinujak, indha nyepeng Kaji Iskak. Mila

lajeng dipun unggar sakarsanipun, sami ajrih angaruh-aruhi.

Kaji Iskak lajeng minggah ing langgar malih, mung andhodhogi

korining masjid. Kaji Ismangil amung ngingetaken kèmawon, ajrih

ngèngetaken. Kaji Iskak wuwusipun kumrusuk asesumbar, “Sapa

bisa nyekel ingsun, sasat bisa nyekel angin.”

Ingkang sami ngrungu inggih kèndel kèmawon.

Wasana sareng anuju dalu, malem Jumungah, ing wanci tengah

dalu, Kaji Iskak lerep kanepsonipun. Lenggah sèndhèn saka, sarwi

maca Ayat Kursi. Kinè parek lenggahipun :

“Kaji Ismangil, boten saking punapa, anggèn kula gambira kala

wau punika, saking sayah badan kula supados radi lemes

sakadhik. Wusana Jengandika kalintu tampi, malah ngajak

pasulayan. Yakti mangsa lawana, atandhing kalih kula. Mila

ingkang caplak kaliyan kula amung ingkang saweg sarè.

Nanging kula kinten ajrih medal. Èwadènè yèn kula sampun

boten wonten, inggih lajeng purun medal, awit tunggil

paguron, sareng sadinten kalih kula.”

Kaji Ismangil lanjeng andheku-dheku. Dangu-dangu mitembung,

saged angsal barkah, “Margi sampun dangu dèrèng angsal

berkahipun Kangjeng Susuhunan, mila mugi wontena sih kawlasan

Andika, paring wewejangan ingkang parlu, kènginga kula anggè

paitan ing tembè, manawi sampun angsal berkahipun Kangjeng

Page 108: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 108

Sinuhun. Dados sampun gadhah lambaran. Awit tiyang anggeguru

ngilmi kasampurnan punika manawi dèrèng gadhah lambaran

tamtu kadangon anggènipun nampi.”

Kaji Iskak anembadani panedhanipun. Kaji Ismangil lajeng kinèn

amèt toya wulu, dalah niyatipun winulang kados ing ngandhap

punika. Kaji Ismangil miturut :

“Bimilllahirrahmanirrakim. Nawètu rabngal kadasil suharatawal

kabirata. Niyatingusn amèt banyu khadas, angilangakè kadas

cilik lan kang agung. Parlu karana Allah. La ilaha illa’llah.

Mukhamaddan Rasulullah. Allhu Akbar.”

Sasampuning wulu, lajeng majeng mangilèn, marbakuh konjem

ing siti. Kaji Iskak majeng mangètan, sami dedupa. Ingkang

rumiyin ing grana, lajeng talingan kiwa. Lajeng dedepa ing jaja,

dupi wusing dedupa, Kaji Ismangil tineteg sadadipun, kadhedheg

kahatemenanipun, sarwi pinetel jempolanipun kalih pisan, sarwi

angandika :

“Hè Jebèng, piyarsak-ena kang anglèng. Mungguh

wewedharaningsun iki amung miturut rahsaning Kitab Daka

Idayatul Kakiki, kaya babaraning ngilmi Makripat,

kasampurnaning Ngatunggal. Tegesè : bisaa mulya urip.

Nadyan tumekaning kahanan akir, kita iya uga urip, ora kena

ing pati. Iya uga padha nukil saka Dalil, Kadis, Ijemak, Kiyas.”

Makaten jarwanipun :

1. Tegesipun DALIL : anedahaken pangandikaning Allah.

2. KADIS : anyariosaken wewulanging Rasulullah.

3. IJEMAK : angumpulaken wewejanganipun para wali.

4. KIYAS : amencaraken wewerahing para pandhita.

“Kabeh-kabeh kasebut ing ngilmi Makripat iku iya padha wiji saka

Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah, tinurut dèning para wali

Page 109: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 109

sesanga, nanging padha kasrambahan saking berkahing Kangjeng

Susuhunan ing Ngampèldenta karo Kangjeng Susuhunan ing

Bènang. Iku kang wus binuka dèning Allah Tangala, pinaringan

ilham, rinilan amedharakè pambukaning kekeran; ingkang

pinareng anggelarakè rahsa gaib sajati, sarta ingkang waskitha

marang sangkan paraning Tanajul Karki, mulya sampurna

kahanan jati.

Dènè kang dadi wijining ngilmi Makripat iku anurut kekiyasan,

pangandikaning Pangèran Kang Mahasukci marang Kangjeng Nabi

Muhkamad Rasulullah, karaos ing dalem Rahsa, kaya ing ngisor iki

jarwanè. Piyarsakna.

Ingkang kasebut ing dalil sapisan, pangandikaning Kangjeng Nabi

Muhkamad marang Sayidina Ngali, kinèn angèstokakè.

Hèh Jebèng, Kaji Ismangil, mara mènglènga kupingmu kang kiwa.

Mangkènè wedharè.”

Kaji Ismangil miturut, amènglèng talinganipun ingkang kiwa. Kaji

Iskak lajeng bisik-bisik makaten jarwanipun :

“Sejatinè ora ana apa-apa. Awit duk maksih awang-uwung,

durung ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana

Pangèran anging Ingsun. Sajatining Dat Kang Mahasukci,

anglimputi ing sipatingsun, anartani ingasmaningsun,

amratandhani ing apngalingsun. Iya Ingsun kang wenang

amurba amisèsa ing jagad iki kabèh. Byar padhang tarawangan

saka ing Kudrat Iradatingsun.

Mungguh kang angandika sajatinè Dat Kang Mahasukci iku iya

urip kita pribadi, yakti katitipan rahsaning Dat Kang Agung.

Anglimputi ing sipat iku iya rupa kita pribadi. Iku sayekti

kalimputan wahananing Dat Kang Èlok.

Anartani asma iku iya iku iya aranira pribadi. Iku yakti kaaken

pasebutaning Dat Kang Wisèsa.

Amratandhani apngal iku iya solah bawa kita pribadi. Pasthi

anèlakakè pakartining Dat Kang Sampurna. Mula wahyaning

Page 110: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 110

Dat kawasa anyamadi sipat. Sipat anartani asma. Asma wenang

amratandhani apngal. Apngal iku kawasa dadi wahananing Dat.

Marmane wus binasakakè Dat Kang Agung iku tegesè sipatè

dènè bisa angebaki jagad kabèh.

Dat Kang Èlok iku dènè ora lanang ora wadon, mesthi ananè.

Mokal oranè.

Dat Kang Wisèsa iku, dènè ora jeneng sapa-sapa. Dat Kang

Sampurna iku dènè kawasa anggelar padha sanalika, ora

nganggo sarana apa-apa.

Dènè Dat enggonè kawasa anyamadi sipat iku kaya madu lawan

manisè. Mesthi ora kena kapisahakè.

Dènè sipat enggonè wenang anartani asma iku, upamanè

baskara lawan prabanè. Yakti tan kena kabèdakakè.

Dènè asma enggonè mratandhani apngal iku kaya paèsan jati,

kang ngilo lawan wewayanganè. Pasthi sapakartinè kang ngilo

iku weweyanganè anut kang ngilo.

Dènè apngal enggnè dadi wahananing Dat iku, upamanè

jalanidhi kinebur. Pasthi ombakè anut sasolahing samudra iku.”

Dènè urut-urutaning dumadining sipat kawedharaken malih

makatèn :

“Sajatinè Ingsun kang murba amisèsa, kang kawasa anitahakè

sawiji-wiji. Padha mulya sampurna saka ing kodratingsun. Ing

kono wus kanyatahan pratandhanè apngalingsun, minangka

bebukaning iradatingsun.

Kang dhingin Ingsun anitahakè kayu Sajaratul Yakin, tumuwuh

sajroning nglam Makmun Ajali Abadi.

Nuli Ingsun nitahakè Cahya Nur Muhkamad.

Nuli Nyawa Mir’atul Kaya’i utawa Roh Ilapi, sarta kandil utawa

warah, lawan Dhindhing Jalal. Sajatinè iku minangka

warananingsun.

1. Kang dhingin : KAYU. Iku iya Kayun.

Page 111: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 111

Tegesè : urip, tumuwuh sajroning Ngalam Makmun Ajali

Abadi.

Iku tegesè : sajatining urip iku èlok sarta gaib, awit

satuhunè urip iku ana ing alam suwung.

Dènè kang diarani suwung mau sajatinè isi. Mulanè dèn

ngibarati atining wuluh wungwang, iya iku kang amesthi

rumuhun dadinè sipat sawiji.

2. Dènè kang diarani NUR MUHKAMAD iku cahya kang awening

utawa cahya kang pinuji.

Tegesè : teteping wiji saka pangarep-arepira dhèwè. Dadi

bisa anganakekè gaib.

Mungguh ing dalem Kadis, kang diarani NUR MUHKAMAD

iku kaya manuk merak sarta kanyatahan ananè anèng

pramana, kasat mata ing pandulu kadi kepyur-kepyuring

panon saka panonton kita pribadi.

Mungguh kahananing NUR MUHKAMAD iku dumunung ana

sajroning sesotya kang mancur mancorong.

Iya iku Dating atma, dadi wahananing alam akadiyat.

Dènè kang dèn arani ATMA iku gregel.

Tegesè : obahing Dat kang sapisan diarani ANGEN-ANGEN.

Obahing Dat kaping pindho diarani ATMA utawa

PANGGAGAS.

Obah kang kaping telu diarani SUKMA KAWEKAS. Iya iku

sajatining KAJAT JATIWASÈSA.

Krejet kang kaping pat diarani ROHILAPI, iya iku kang

sinebut NYAWA, awit wus ambabar uripè, wus tumuwuh

kajatè, wus kanyatan dumunungè, diarani AKSARA ALIP.

Iya iku ALIP MUTTAKALIMU WAKIT. Wujudè wus ginambar

anèng angganira.

Tegesè : tetep ana ing netranira. Marmanè dadi

lelantaraning panuwun kita, kasebut ana ing SALAT DAIM.

Page 112: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 112

Iya iku kang pinenthang, kang pinentheng, andulu pucuking

gunung Tursina, ngenengakè ilining banyu jam-jam,

ngeningakè kajat Jatiwasèsa.

Manawa wus bisa sipat kenceng, pamawasè saka ing pucuk

grana, mili anarik napas kang sarèh.

Aja nganti tumpang suh.

Iya iku sajatinè kita wus anglakoni Salat Daim. Mangka

nyatanè Salat Daim iku ratu-ratuning Salat, punjul-punjuling

sembahyang, awit langgeng panalangsanè maring Pangèran,

tanpa pedhot ing rina wengi.

Nadyan ora nganggo sujud rukuk, wus kukuh. Nadyan turu

utawa meneng, lungguh, lumaku, iya wus ana ing sira puji

dhikirè, sujud rukuhè.

Iya iku upama wong ambalang melèk cedhak elèsanè.

Wallahu aklam, luputa pangarahè, mesthi kenanè.

Bèda lawan salataing kaum kaji, padha anglakoni

sembahyang limang waktu. Iya iku upamanè wong

ambalang, kadohan lèsanè.

Durung weruh prenah dunungè, pambalangè lawan nutupi

nètra, pati kuping. Yakti wallahu aklam bisanè mèncok.

Cepak luputè.

Dadi kang sira lakoni salat limang wektu iku mung genep-

geneping kukum. Mungguhing sarak, wajibè kudu anglakoni

ngibadah slat limang waktu, iya iku mung ginawè

panengeran sanyatanè kaum, ngulama, kaji, mukmin, santri

ngaji, sapanunggalanè, kudu nenetepi limang waktu. Yèn

tiningalana salah sawiji, kena dèn arani ambrubrah sarakè.

Mulanè amung nemenakè kang dadi benerè ing urip kita.

Yèn nyatanè, wus ora apa-apa. Parluning salat ana daimè.

Tèkadè ana ing niyat kita.”

Kaji Ismangil sumela atur, “Duk nguni kula antuk wewelinging

bapa, manwi anggeguru, kinèn tetaken sajatining sastra kang

Page 113: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 113

sanyata tuwa utawi sajatining Sadya, kalih Nun, akaliyan aksara

tuwin Bè. Manawa ana guru kang bisa anggelar sajatining aksara

kabèh wau.”

Kaji Iskak amangsuli makaten :

“Hè Jebèng, mungguh wewelinging sudarmanira iku mangkènè

satuhunè :

1. Aksara SADYA, iku : sawiji.

2. Aksara NUN, tegesè : neptu. Dadi bener, sing sapa weruh

neptu sawiji iku nyata wus ambontos ngilmunè, awit uninga

sajatining sawiji.

3. Dènè aksara ALIP, iku mungguh ing dalem teturatanè nyata

tuwa, dènè dhingin panggawenè. Wus kena kinarya gegenti,

nyata sesilihing Dat Sawiji mau.

Ananging kabèh-kabèh iku mau dadi lelantaraning

ngibaratan baè. Manawa ing salugunè, aksara kang tuwa iku

: BÈ.

Nyatanè, sadurungè tumiba wus dadi aksara. Bareng

tinibakakè, gatra aksara BÈ. Bareng wus ginelar tetalerè.

Apa kang sinedya bisa dadi sarta wujudè kaya Dat Sawiji.

Ceceg ingkang mangkènè iki wus bisa dadi aksara BÈ. Balik

dilakokakè, pasthi banjur aran dhèwè-dhèwè. Mulanè awas,

aja uwas-uwas.

Kaji Ismangil matur malih, “Menggahing tèkad punika asal saking

pundi? Purugipun punapa kanyatahaning rahsa? Ingkang ginaib

punika pakarti, pangartinipun sinten ingkang minangkani? Kawula

nuwun pitedah.”

Kaji Iskak ngandika makaten :

“Hè Jebèng, wruhanamu, mungguh angsaling tèkad iku saka

nepsu.

Nepsu iku saka budi. Dadi tumangkarè marang kuwanèn.

Paraning tèkad iku marang lali. Luluhing lali iku marang èling.

Page 114: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 114

Dènè rahsa gaib iku asalè saka cipta pangrasa. Marmanè

tinembungakè PANGARTI. Tegesè : ngawruhi kang dadi

tetarikanè.

Dènè pakarti iku panggawè.

Dadi kawruh iku weruhè saka panggawènè dhèwè.

Witè ana pangrasa, saka karsa.

Ing kono nyatanè ingdalem rahsa, bareng wus antuk piranti,

panatanè ing pakarti. Tutugè sarana lawan pituduhè.

Apa sira durung bisa anampani prakara iki?”

Kaji Ismangil tansah angengudi budi, supadi dadi kang binudi,

“Adhuh Sang Among Brangti, tetepipun ing dalem rahsa,

sagedipun rumasa saking punapa?”

“Hè Kaji Ismangsil, apa sira lali lantaraning gaib? Yèn pinikir

sayekti, mokal tan weruha.

Nanging sanyatanè iya uga nora angawruhi.

Kaya ngibaratè geni mati tumrap marang ngendi?

Dadinè kelawan èlok, lunganè kelawan gaib.

Gaibè saka sira, èloke uga sira kang ngawruhi.

Tegesè : sira iku Allah, Dat iku ganjaran. Dadi wujuding Dat

iku saka Allah. Ganjaraning Allah iku saka Dat. Dènè dat iku

ya adatè. Apa sira lali maring adatè?

Teteping Dat iku ana paugeraning urip kita.

Yakti ora owah ora gingsir. Upama nganti mingset saka

kahanè, pasthi kena sinebut owah Datè.

Mangka dunungè Dat, enggonè ana ing sipat.

Kadi banyu kalawan karingetè, getih lawan ludira, tirta lawan

warih. Yaktinè kudu nganggo angirih-irih.

Lamun kalènan nganti uwal saka ancering Dat, pasthi mubeng

kaya kitiran tanpa mendha.

Marmanè sirikanè wong tinitah urip iku, kudu ajega adatè

dhèwè, tetepa papanthenganing tèkad kang sajati.

Tuwuhing Dat iku saka solah bawa kita ingkang sarèh.

Page 115: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 115

Cahyaning Dat mantheng tanpa owah gingsir iku saka

dyatmikaning budi premati.

Sentosaning Dat iku saka kendel kumandeling antepira dhèwè.

Manawa sira wus bisa anampeni, sanyataning Dat iku saka

iman.

Mantepè iman iku saka èling. Dadi bandhuling ngilmi makripat

iku saka awas èling.

Lirè : dèn bisa weruh sajatining rahsa rumasa.

Iya iku kang sinebut AWAS.

Èling iku saka mantheng kenceng, heneng hening ing cipta

rasa. Pasthi ing kènè kana ora bisa amisahakè.

Teteping iman iku amung sajatining èling.

Èling iku telenging budi premati.

Marmanè kena dèn arani urip ora kena ing pati, mung

waluyajati nirmala, tanpa sangsaya salawasè. Sanyata ora

kacamburan ing cipta apa-apa.

Empanè mung urip ing awal akhir. Awal akir iku iya uga saka

ing kita. Kabèh-kabèh iku kapurba saka ing budi.

Budi kawengku ing jinem.

Jinem kasorotan ing cahya premana.

Cahya premana kalimputan ing manubawa. Sajatinè kang

aran manubawa iku kang meneng tanpa swara, kang dyatmika

tanpa una, kang suwung tan na kothong.”

Kala samanten Kaji Ismangil dahat suka, kadi binuka. Korining

rahsa menga sadaya. Dalah pepanthenganipun sampun padhang

tarawangan, nanging dèrèng sagèd keplok papaning cipta rasa.

Tegesipun : sampun padhang, nanging dèrèng saged anggelar

piyambak.

Kaji Iskak atetanya, “Saupamanè sira sun tinggal, apa wus bisa

ambabarakè dhèwè?

Page 116: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 116

Kaji Ismangil matur, “Sampun menga, nanging dèrèng saged

anggelar.”

Ing ngriku Kaji Iskak lajeng amusthi daya prabawa ingkang

amurbamisèsa ing kajat jatiwisèsa, angumpulaken sakathahing

rahsa, pinisthi babaring musthika, iya iku mangunah ingkang

sampun nyata wisèsaning gaibul guyub.

Dupi wus amratandhani dhikir kaping satus, Kaji Ismangil winalik

ciptanè, sasat sampun ngancik layaping ngaluyup, tumekeng jagad

walikan. Kaji Ismangil katingal ngadhep Ingkang Sinuhun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga.

Wonten ing alam walikan Kaji Ismangil dahat karuna, sarwi

ngrungkepi padaning Sang Kinawasa. Andhawuhaken pangandika :

“Hèh Kaji Ismangil, wus ora ana apa-apa. Kahanan jati kita iya

kahanan jatiningsun. Sajatinè sira iku ingsun. Sajatinè sira sing

angengkoki iku sira.”

Sasampuning andhawuhaken makaten, Kaji Ismangil wangsul

wonten palungguhanipun. Kaji Iskak boten katingal.

Leng-leng kapileng tyasira Kaji Ismangil, sarwi lenguk-lenguk.

Dahat pangunguning galih, jalaran katilapan ing gurunira.

Ananging Kaji Ismangil sampun gadhah osik, yèn ingkang nama

Kaji Iskak wau inggih ingkang sarè, jalaran sareng karaos tarèk,

kusuking cipta sampun ngadhep Ingkang Sinuhun Kalijaga. Sareng

sampun luwar kusuking tarèk, gurunipun boten wonten.

Mila ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng luwar dènnya ndhekukul

ngrangkul dengkul. Temah marbukuh, anyelaki korining masjid.

Boten dangu Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wungu sarè

pungun-pungun. Lajeng andangu dhateng Kaji Ismangil.

“Sajronè ingsun sarè, ing kènè ana apa?”

Page 117: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 117

Kaji Ismangil matur kawontenanipun sadaya. Kangjeng Susuhunan

lajeng paring wimbuhing ngilmu Makripat.

Ing ngandhap punika amratèlakaken nalika Kangjeng Susuhunan

ing Kalijaga mentas maringi barkah dhumateng Kaji Ismangil,

ingkang rumeksa masjid ing Kadilangu.

Ing antawis dinten malem Anggarakasih, ingkang paman ing

Kayupapak miwah Radèn Puspita ing Galinggangan, tiga

garwanipun Sèh Sitijenar, sakawan pisan sami pinaringan barkah,

ngiras sarasèyanipun Kaji Ismangil. Dènè ingkang kagelaraken

amedhar riwayatipun Susuhunan Bènang. Dènè ingkang dados

pambukaning riwayat wau nukil rahsaning kitab Bayanbudiman.

Makaten urut-urutanipun wewedharan satunggal-tunggal :

Ingkang rumiyin anggelar Jatining Budiman.

“Jebèng, sajatining manungsa iku paugeranè saka ing budi

utawa iman, awit budi iku kang angobahakè jaba-jero.

Iman iku kang anggawè benering cipta rasa.

Iya wus kena dèn isbatakè wahananing Kawula-Gusti, jalaran

iman enggonè wenang dadi sesulihing Pangèran. Dènè

langgeng, ora kena owah gingsir, dadi gegentining

kahenengan.

Ing kono yèn wus winahyu, weruh sajatining meneng. Iya nyata

èling, tan kena lali. Iya iku kang kasebut IMAM MAKSUM.

Tegesè : kang nyata kang nugraha, kang amengku tan

winengku, kang salagu telenging èling, kang melang tanpa lali,

karana sajating Dat iku gumelenging Pangèran.

Wahananing kang sapisan iku ÈLING.

Wahananè kang kapindho : RAHSA. Wahyaning Rahsa kasebut

ANGEN-ANGEN. Iya iku minangka warananing Dat.

Mula kalebu ing larangan. Yen bisa aja nganti kawetu ing

wicara saenggon-enggon.

Page 118: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 118

Tegesè : aja cuwèh dèn anggo rèpèh, aja wahhèh dèn gawè lèr-

pèh.

Mungguh babarè telung prakara wau padha darbe wewenang

dhèwè-dhèwè.

1. ÈLING. Iku telenging Dat sajati. Wewenangè iya kawasa agawè

warana, bangsaning lelimput, amengku alam kanyut. Gumelarè

anuwuhakè lali. Lali iku anenarik nepsu, iya iku warananing

ÈLING.

2. RAHSA, warananing Dat, wenang agawè kaluwihan. Kaya ta :

atma suksma, sakaliring urip utawa sarupaning roh, iya iku

padha dadi aling-alingè Rahsa.

3. ANGEN-ANGEN. Wenenangakè anggelar aling-aling,

sumarambah marang jantung, dadi aran BUDI.

Mahanani lakuning getih, bayu sapanunggalanè, marma ana

sesebutan : KARKAT, CIPTA, GAGASAN, sapanunggalaè MOSIK.

Marmanè ana kaoling pandhita luwih, mindha kombang

angajap ing tawang, susuh angin ngendi enggonè; miwah

atining wuluh wungwang; lan gigiring punglu; tapaking kontul

nglayang; manuk miber uluke ngungkuli langit; kusumanjrah

ing tawang.

Kang agawè ngibarat sasmitaning ngilmu kang mangkono mau

iya bener, awit anuduhakè gaibing Pangèran kang wus gumelar

iku ANGEN-ANGEN, utawa CIPTA.

Mangka kanyataning Pangèran iku muhung Angen-angen lawan

Cipta. Yaktinè ana, nanging napi.

Tegesè : ÈLOK. Èlokè lawan mokal. Mokalè saka gaib.

Ingkang mangkono iku, rèhning sira wus padha lambaran,

pasthi wus ora susah nganggo wisikan.”

Ingkang tanpi dhawuh matur, “Nuwun kapundhi. Amung

nyatanipun ingkang kaèsthi kalayan mèsthi, sageda

kadhawuhaken.”

Page 119: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 119

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi ngandika :

“Jebèng Kadilangu, sira iku wis winenang asesilih araning Dat.

Mangka Dat iku Pangèran Kang Mahasukci. Sira dadi Kalipah

sangisoring Ratu. Apa aran Pangèran iku ora bangkit

anggelarake wewadi kang wus ingsun dawuhakè kabèh? Yèn

mangkono siri durung kadunungan nugrahaning Pangèran.

Lagi katitipan pulung baè. Mangka sajatinè, pulung iku ala

becik.

Yèn ala, jumrunuh sangsaranè, tur ora karasa.

Yèn becik, amung sinuyudan ing sasama baè.

Yèn mangkono sira lagi kena dingèngèri wong cilik kang

sawewengkonira dhèwè.

Mungguh si paman Pangulu Kayuapak, sapanunggalanè kabèh,

iku kaya ngapa panemunè? Aja ana kang pakèwuh, tutura

sawantah baè.

Manawa ana kang binuka antuk nugrahaning Pangèran, iya

tulusa dadi gegunungan. Nadyan sira, Rabiyahè Sèh

Lemahbang, aja pakèwuh, dumèh wadon.

Prakara gaibing Pangèran ora nganggo pilih lanang lan wadon.

Pasthi tibaning nugraha padha baè. Mula aja sumedya nyumpet

panemu, kudu apsah lawan barakanè.

Ana dènè sira , Kaji Ismangil, utawa Jebèng Puspita, padha

wetokna panemuning Cipta Rasa kang tumrap marang sira.

Bokmanawa ingsun bisa anggelarakè kabeh pangèsthinira.”

Kacariyos, saking pandangunipun Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga dhateng para siswanipun, wasana sadaya sami kèmawon

ing panampinipun. Amung Nyai Sèh Lemahbang piyambak ingkang

saged matur, “Dhuh Pukulun pepundhèn kawula ing awal akir,

kilap leres lepat, pun patik ing sasaged-saged kawula kedah

matur. Mugi tinebihna ing sesiku, rèhning kawula èstri, dinangu

ing Gusti Guru kawula. Menggah pamanggih kawula, ingkang

Page 120: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 120

kadhawuhaken Dat punika witing gesang. Kawasa mahanani tigang

kahanan : ÈLING, RAHSA, ANGEN-ANGEN.

1. Witing èling saking lali.

2. Witing Rahsa saking pangrasa.

3. Witing angen-angen saking pambukaning cipta

Upaminipun makaten, sajatining ratu iku saka kawulanè kang

ngarani. Ananè becik, saka ala lanjaranè. Witing ana, saka ora;

witing kupur saka kapirè. Witè dadi saka ora. ”Apanjang yèn

winuwusa aturipun Nyai Sèh Sitijenar.

Winangsulan pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

makaten :

“Hè Rubiyahè Sèh Lemahbang, apa wewadinè sira kadunungan

panemu kang mangkono?”

Ingkang dinangu matur, “Saking wewarahing laki duk gesangipun,

angancer-anceri makaten, Rubiyah, sajatinè dedalan kang bener

iku saka bèngkong dhingin. Ananè padhang iku saka peteng.

Sejatinè kang putih iku ireng. Sajatinè adoh iku saka cedhak.

Tegesipun : adoh punika saking pandulu. Delesing pandulu punika

nètra kang misèsani. Dados ing dalem kijab inggih asal saking kita

pribadi. Teteping tebih inggih nètra ingkang amastani. Mila

manungsa punika dipun isbataken jagad raya, inggih kahananing

ratu mawi wenang adamel warana, dipun wastani nayaka wolu,

njawi sakawan, lebet sakawan, sanga pepatih. Yèn nyata menang

pamanthengipun, inggih sami kaliyan sapatemoning Kawula

dhateng Ratu. Tataning kasunyatan inggih kumpuling Kawula Gusti

punika saking sangang prakawis, marganipun saking babahan

hawa sanga. Ing ngriku wonten wewakil nayaka wolu, njawi lebet :

DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL.

Bupati njawi kasebut : SUKMA LUHUR, SUKMA WISESA, SUKMA

PURBA, SUKSMA LANGGENG.

Nanging Bupati njawi lebet punika sadaya tumusan saking

wewenanging para nayaka wolu, sesanga patih, punika amung

Page 121: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 121

kalih prakawis. Makaten saking kaèngetan kawula : ingkang

rumiyin CAHYA NUR MUHKAMAD; ingkang kaping kalih : ROH.

Manawi kacariyos duk tiyang jaler kawula taksih gesang ingkang

dipun wastani CAHYA NUR MUHKAMAD wau cahya kang pinuji.

Kawasanipun saged nyoroti kawan prakawis :

1. Saged sumorot dhateng cahya cemeng.

2. Saged sumorot dhateng cahya abrit.

3. Saged sumorot dhateng cahya jenè.

4. Saged sumorot dhateng cahya pethak.

Dènè ugering ROH punika winastan ROHILAPI. Tegesipun : banyu

wiji.

Nanging amung tumrap wijining manungsa piyambak, awit

ingkang nama ROHILAPI punika wau sari-sarining roh sadaya. Mila

sakalangkung wening. Èwadènè ingkang nama ROH wau warni-

warni. Kados ta : ROH JASMANI, ROH RABANI, ROH ROKANI, ROH

KÈWANI. Sadaya wau inggih sami dados wiji, ananging amung

dumunung dhateng sipating jim, utawi brekasakan, sato kewan

saha para kutu-kutu walang ataga.

Bèda lawan ROH WIJINING MANUNGSA. Manawi cacahing Roh

ingkang badhè dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging

tanpa parlu dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging

tanpa parlu yèn kawula cacahaken sadaya.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika dhateng ingkang

paman, Pangulu Kayu Apak utawi kaji Ismangil tuwin Radèn

Puspita. Pangandikanipun makaten :

“Kaya apa mungguh gaibing Pangèran Kang Agung, teka

sipating wadon angungkuli lanang lanciping panemu? Mangka

bener-luput pasthi kudu amangsuli marang gelaraning guru.

Marma saiki si Paman kalih Radèn Puspita, tiga Kaji Ismangil,

sami mangkata dhateng Sunan Giri, puruitaa, supados saged

padhang ing pamanggihipun tetiga pisan.”

Page 122: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 122

Ingkang sami dipun dhawuhi amung tumungkul sarwi rawat

waspa. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhawuh makaten :

“Gampang ing wuri, angger wus padha anglakoni sapakon. Lan

sira, Rubiyahè Sèh Lemahbang, milua marang Giri pisan.”

Aturipun makaten, “Dhuh Pukulun, bilih kepareng kawula nyuwun

wangsul suwita dhateng ratumas Kalinyamat kèmawon, ngiras

angrengcangi anak-putu kawula.”

Dhawuhipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga :

“Iya Ingsun lilani, nanging sira lawan anak-putunira padha

alihan saka kènè, supaya lestari ora dèn agru-agru enggonmu,

awit ing tanah Pengging kènè bakal ana sikaraning nagara.”

Nyai Lemahbang saanak-putunipun matur sandika, lajeng sami

mangkat suwita dhateng Ratu Kalinyamat, prenah sakilening

umbul Sungsang, tanah Pengging.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng lelèdhang mangalor

sakedhik. Sumerep tiyang sami angadhepi genthong, isi toya

wening. Dinangu, “Sapa kang amarentah sira?”

Ingkang dinangu matur, “Saking wewelingipun Sèh Lemahbang,

sadaya kabekelan siti gangsal karya dipun mijkaken ngangsu

ngebeki genthong urut margi, kinèn ndanakaken para tiyang

langkung.”

Kangjeng Susuhunan lajeng paring dhawuh :

Desa iki padha aranana ing Banyudana. Tulusa ing salawasè.”

Ingkang dhinawuhan matur sandika. Wonten pangageng ing

dhusun ngriku angaturi rèrèh dhateng griya, rehning kadalon.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mituruti. Praptaning wisma

sinugata ulam ayam gorèngan, dipun dhahar sacuwil, lajeng

dhawuh:

“Pitik weton Banyudana ènak. Bèda lan liyanè.”

Sabdaning pandhita linuwih, dalah ulam ayam ing Banyudana

kinaot raosipun.

Page 123: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 123

Dupi saged imbal wacana kaliyan tiyang Banyudana, watawis ing

wanci tengah dalu, sakiduling dhusun Toyadana wonten swara

tulung-tulung. Kalampahan sami tandang, ngantos dangu, jalaran

saben para tetiyang dhateng, tanpa pariwara lajeng campuh prang

kaliyan wanara kathah, ageng-ageng. Sareng dumugi gagat ènjang,

tiyang ingkang sami tandang saantukipun adus erah. Punapa dènè

tiyang ing ngriku kathah ingkang katiwasan, jinamah èstrinipun.

Dènè ingkang kantun sadaya ngili dhateng Banyudana wau.

Ing antawis sampun byar raina Kangjeng Susuhunan Kalijaga sigra

nedhaki, jalaran welas aningali sambatipun tiyang kathah, sareng

dumugining panggènan, sagung wanara umpetan ing jurang tuwin

kekajengan ageng. Mila Kangjeng Susuhunan lajeng andangu

dhateng mancakakining dhusun. Ingkang dinangu matur

gancaraken, “Sakawitipun karajaning dhusun ageng kidul punika

katingal kadhatonipun Prabu Kalana Batulata Pengging. Mila

katelah ing dhusun Bantulan. Leresipun : Batulatan. Kala ing kina

salèr-kilèning kadhaton tilas patamanan ageng. Ingkang tengga

kethèh jaler èstri ageng, namung kalih. Sapunika sampun kathah.

Manawi siyang boten kantenan enggènipun. Manawi dalu ngrebda,

anjejamah tiyang èstri, misakit dhateng tiyang jaler.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga andhawuhaken pangandika

makaten :

“Ing desa tilas patamanan iki kang saparo degana, karana pasar

Taman. Kang saparo iring lor-wètan aranana ing dèsa Wenara.

Tulusa salawasè. Dènè kethèk kang padha ndhelik ana jurang-

jurang sarta kayu gedhè wus padha ingsun tundhung lunga

saka kènè. Ingsun paringi prenah ana sakuloning Gresik, tanah

Giri, dumunung pinggiring bangawan, ana randhu alas telung

wit, dadi siji. Kang dadi panganè mung jejaluk, manawa ana

sedagar dagang metu ing bangawan nunggang prau. Ing kono

Page 124: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 124

kang dadi panganè. Pangandikaningsun iki uga wus

tinampanan ing wanara, karana ana ratunè wus bangkokan,

bisa ngilang. Mula wus aja ana sumelang, jalaran ratunè loro

lanang wadon wis mulih marang asalè, saka alas Roma, tanah

Pagelèn. Amung ana wekasingsun marang wong Wenara kabèh,

ing tembè wuri yèn ana wong darbè anak nganggo buntut,

banjur ulihena marang alas Roma Pagelèn mau. Bokmanawa

bakal ana wewalesè ing wuri, padha dadi lelantaraning

kadonyan.”

Sadaya ingkang dhinawuhan ngèstokaken. Mila dumugi sapunika

tiyang ing dhusun Menara wau yèn kinadaraken sugih,

katamtokaken nenepi dhateng Roma.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng wangsul

mangidul malih. Karsanipun badhè dhateng dhusun Palar,

amariksani anggènipun yasa sumur kaliyan masjid. Rèhning

dèrèng binuka kijabipun, dados sumur kalih masjid wau dèrèng

katingal. Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga

badhè ngampiri Sunan Panggung, dhateng Jatinem.

Wasana saweg dumugi sakiduling Pengging aningali tetiyang

kasrakat, boten angsal tedha saking pailan, wah kasatan toya. Siti

sami nela wiyar. Para tiyang jaler-èstri ageng-alit sami malebet ing

tela, angisep rembesing siti. Kangjeng Susuhunan welas aningali,

lajeng sami dipun wengkang teken cis.

Tela lajeng mili toya. Para tetiyang dahat leganing galih, kailènan

toya. Mila sami mentas sadaya sarta lajeng pinaringan pitedah

enggèning tedha. Sami dhinawuhan mangidul. Ing dhusun punika

temah pinaringan nama ing dhusun Telawong.

Page 125: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 125

Lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngidul ngilèn.

Dènira lumampah anelasak ngambah sabin beran, tan karsa

ngambah ing margi ageng. Galengan kang tinurut, tebeng-tebeng

panasnya tumiling.

Ing wanci lingsir surya Kangjeng Susuhunan kèndel wonten ing

gubug. Kagyat ingkang darbè gubug wau, awit saweg nutu suket

tuton. Tinapènan, inginteran saèngga gentang pantun.

Ingkang Sinuhun andangu, “Kinarya apa?” Ingkang inter matur,

“Kanggè nedha, rehning boten wonten pantun ingkang medal.”

Kangjeng Susuhunan welas aningali, lajeng paring sabda :

“Hèh Nini, pagènèa sira inter suket tuton? Becik muliha,

lumbungmu wus kebak pari.”

Ingkang liningan matur sandika. Dumugi ing griya nyata, yèn

lumbungipun kebak. Mila sanget pamundhi panuwunipun. Dènè

panutuning suket tuton lajeng badhè dipun bucal. Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga boten kapareng, malah kinèn angliwet

pisan, kapundhut badhè mirsa raosipun.

Ingkang dipun dhawuhi rikat angliwet. Tan adangu mateng, lajeng

kaaturaken kanthi lelawuhan sawontenipun, sarta krawon

bangsaning jamur-jamur, wedaling lèpèn sarta wader dipun pès.

Kangjeng Susuhunan angraosaken èca, lajeng paring sabda

pangandika :

“Iwak wader pèpèsan utawa sega suket tuton tulusa. Tembè,

sing sapa darbè parlu, yèn arep agung rijekinè, nganggoa

sasarat sega suket tuton satakir, pèpèsan wader siji, kasajekna

ana ing patanèn.”

Page 126: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 126

Ingkang dhinawuhan matur sandhika. Kangjeng Susuhunan lajeng

kèsah malih, mangidul leres. Wonten tigang onjotan uninga tiyang

kathah sami rèntèp turut margi. Dinangu perlunipun, sami matur

yèn saking dhawuhipun para wali, ing wekdal punika sami dipun

dhawuhi nyadhiyani dawegan parasan, awit ing dhusun ngriku

sèket karya badhè dipun paringaken dhateng para pamagangan

wali, minangka ili-ili anggènipun sami kawengku ing ratu. Mangka

pamagangan sadasa pinaringan seket karya. Dados ing dalem

pamagangan satunggal angsal gangsal karya tedhanipun.

Kangjeng Susuhunan angandika, “Apa ora bakal cecawis suguh

sega sapanunggalanè?”

Aturipun, boten kamedalan. Mila amung dawegan kèmawon

sagedipun anyedhiyani.

“Wus pirang dina?”

Aturipun, sampun lami tansah tengga degan urut margi. Kangjeng

Susuhunan angandika :

“Yèn mangkono bakal dadi lantaraning kasangsara. Ing mengko

wis aja nyadhiyani. Becik padha mangidula bener kènè.

Bokmanawa bakal bisa sempulur rijekinira. Dèsanira ing kènè

padha aranana ing Magangan. Manawa wis padha antuk ular-

ular, balia manèh.”

Ingkang dhinawuhan matur sandika, lajeng sami mangkat

aseluran, mangidul sadaya. Kangjeng Susuhunan lajeng tumindak

malih. Dumugi sakiduling jurang wonten tiyang gumandhul ing

oyod, mangongkang jurang. Lajeng dipun dhawuhi mudhun.

Tiyang kalih dinangu, matur, “Ing jurang punika mentas bena

ageng, kathah tetiyang kelem, sarta kabalak ing toya. Mila kawula

gumadhul ing oyod ngriki.”

Kangjeng Susuhunan angandika, “Yèn mangkono sira padha tut

wuria, supaya tumuli wareg.”

Ingkang liningan matur sandika, nanging suku kados dhèngkelen,

margi ing dalem kawan welas dinten tanpa nedha, amung

Page 127: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 127

gandhulan kèmawon. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika

malih:

“Watu ing wurimu ana sega salawuhè, wareg sira pangan lawan

rowangira.”

Lajeng kapendhet, nyata wonten sekul sawungkus salawuhipun.

Temah sami pinangan kembulan. Sasampunipun sami nedha, suku

mari lumpuh. Kangjeng Susuhunan angandika malih :

“Jurang iki samengko wus ora bisa bena, anging ilinè ajeg cilik

baè, lan jurang iki aranana Jurang Gundhul.”

Rarè kalih matur sandika, lajeng mangkat. Dumugi sakidul jurang

lajeng uninga embak-embaking toya mawi endhut. Para tetiyang

kathah sami kembel, kantun sirahipun ingkang katingal. Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga lajeng ngobat-abitaken tekenipun. Sadaya

tiyang ingkang kembel ing baladhu saged mentas sadaya. Embak-

embak sanalika lorot dhateng jurang Sigandhul.

Para tetiyang sami matur piyambak-piyambak, “Ing nalika jurang

bena, ladhu kèndhel sakiwa-tengen ngriku. Angoking jurang,

embak angelebi dhusun dalah tiyangipun. Ing dalem sakawan

dinten sami manthèngèl, kantun sirah kèmawon sarta tan anedha.

Dènè sapunika Paduka angluwari papa sangsara kawula sadaya,

sanget nuwun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring tedha, luber

sadhusun kawaratan. Sawusing sami nedha lajeng paring

pangandika :

“Dèsa iki aranana ing Silem, lawan wong ing dèsa Silem kabèh

aja padha kari, ngidul mangètana, yèn arsa wareg sandhang

pangan. Aja mulih-mulih marènè, yèn durung antuk patang

puluh dina.”

Ingkang liningan umatur sandika, mangkat. Sasampunipun

makaten, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng tut wuri para

tetiyang ingkang sami ngili tedha, sarta dhedheg angalempak

Page 128: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 128

wonten ing sela-selaning pasabinan beran, parek ing dhusun

ngriku. Saking kebaking tetiyang ngantos lubèr tebih. Badhè dipun

lajengaken, ajrih jalaran wana ageng. Mila kèndel kados angentosi

semayan.

Kangjeng Susuhunan tan adangu rawuh, lajeng angandika, “Desa

sawiji aranana telu, Ngendho, Janti, Koripan, awit dhedheg padha

kadi nganti semayanè. Koripan, dènè kena dianggo ngungsi urip.

Padha lerepa ing kènè. Ing dalem patang puluh dina, iki dèsa wus

isi pari akèh kanggo pangan.”

Kala samanten para tetiyang ingkang ngungsi tedha dhateng ing

dhusun Koripan, Ngendho, Janti, sareng sampun dumugi ing

wewangen dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, lajeng

wangsul mantuk dhateng padhusunanipun piyambak. Sareng

sampun bidhalan, kantun satunggal tiyang ingkang boten purun

mendhet pantun. Dinangu, nama Kyai Dremawangsa.

Anggènipun boten purun mantuk mbekta panduman pantun

punika, amung sumedya tut wuri dhateng Kangjeng Susuhunan

Kalijaga, ngantos dipun lampahi boten nedha boten tilem.

Kangjeng Susuhunan lajeng tedhak dhateng wismanipun Ki

Dremawangsa. Pinariksa banjar pakaranganipun sarta isèn-

isènipun wisma pepak. Kangjeng Susuhunan andangu malih,

sababipun sedya tut wuri, tuwin boten purun bekta pantun saking

Ngendho Koripan, Kyai Dremawangsa aturipun makaten, “Nuwun,

anggèn kawula sedya tut wuri ing Paduka utawi anggèn kawula

boten purun mendhet pantun peparing Paduka wau, temenipun

angèngeti wewelingipun Kyai Walaka, nalika pepanggihan wonten

ing dhusun Ngares kilèn punika. Welingipun, kawula kapurih

narima, supados katrima. Utawi kapurih ngandel, supados

kumandel. Kapurih marsudi kawruh, supados weruh. Boten dangu

ingkang nama Kaki Walaka wau kèsah, dumugi sapriki tansah kulo

Page 129: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 129

raosaken, meksa dèrèng saged kraos parlunipun. Mila saking

kodhengipun manah kawula, ngantosa ing ngrasa Paduka.

Tèkadipun manah kawula, ngantosa cèkoh règoh nyaketi jangan

jambu, boten sedya mantuk, manawi dèrèng angsal dhawuh

wewedharan Paduka saking saking wewelingipu Kaki Walaka wau.

Upami kawula narima, supados katarima, punika ingkang paring

katarimaning jasad kawula sinten? Kawula dipun warah ngandel,

supados kandel. Ingkang kawula lampahi ngandel punika

ngandelaken punapa? Supados kandel punika ingkang kawula

labuhi sinten? Kawula dipun purih marsudi kawruh, supados

weruh. Anggèn kawula mbudi kawruh punika kawruh punapa?

Ingkang nuntuni sinten? Supados weruh punika dhateng barang

punapa? Ing dalem sadasa taun sapriki kawula tansah dipun kuya-

kuya sanak sadhèrèk kathah, dipun wastani èwah Dat kawula,

jalaran ngantos kasupèn dhateng kuwajiban tetanèn, amung

tansah kodheng gèdhèg-gèdhèg kèmawon. Mila mugi wonten sih

kawelasan Paduka, sagedipun waluya, anggèn kawula linglung

leng-leng, ngèling-ngèling wewelinganipun Kaki Walaka rumiyin,

awit saking pamanah kawula mung Paduka ingkang saged

majaraken ing kawidhengan kawula.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi paring

pangandika makaten :

“Hè Dremawangsa, teka kukuh temen panggayuhmu. Santosa

temen pangèsthimu. Mantep temen budimu, nganti labuh

labuh rusaking jasad, kaèsi-èsi ing sasamaning urip. Apa sira

wus nyata tumanem ing pangarahira marang telung prakara”?

Kang liningan matur, “Sampun mantep, tan asedya mengèng

sarambut.”

Kangjeng Susuhunan lajeng medhar pangandika :

“Dremanwangsa, satuhunè enggonè Kaki Walaka awèh wangsit

mangkono iku bener, mung nuhokakè lakuning urip iku kudu

nganggo telung prakara :

Page 130: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 130

.........................................................................

................. Halaman 99 hilang..........................

.........................................................................

4. Kaping patè, kang padha dèn arani mati iku tutup lawangè

patang prakara. Tegesè : sirnaning pangucap, tulining

pamiyarsa, wutaning paningal, sumpeting pangganda. Papat

iku uga wus ngumpul dadi sawiji marang rahsaning Dat

sajati, pakartinè mung kari tawekal. Tegesè : pasrah marang

Kang Amurba Amisèsa, bisane tunggal lawan Idayatullahi.

Iya iku sampurnaning Dat utawa mulya sampurnaning sipat

Esa. Dadi weruh sangkan paraning Tanajultarki.

Mungguh kang kasebut kabèh-kabèh mau kudu ngawruhana

iman kang abangsa kukmi. Ing kono kari nyataning kukum

balaka.

Tegesè KUKUM iku bener. Dadi ngaurip iku wajibè nglakoni

bener, kanthi awas èling. Manawa ora tinggal ing telung

prakara iku, yakti tan prabèda ing dunya lawan ing kahanan

akir. Manawa sir amaksih anyipta bèda, pasthi ing sedyanira

bakal semu dudu.

Tegesè : kaliru pangancasè. Lamun sira wus angarani ora loro

tetelu, iya bokmanawa bakal tumeka jatining kahanan kita.

Nyatanè iya uga salugunè.

Manawa sira kurang piandel, takokena ing guru kang pinunjul

kawruhè, awit wus kalebu ing bebasan : Karna binandhung,

undhaking pawarta, sudaning titipan. Iku wus prakara mesthi,

awit pituturingsun iki kena diarani temon ana dedalan.

Katetepakè kawruh nenempil, iya wus benerè.

Aja agè-agè nggugu yèn durung wruh galethekè. Aja maido,

yèn sira durung weruh dadinè. Aja nemoni lan aja memadoni,

yèn sira durung weruh wewadinè. Aja nepèkake, yen durung

mangerti nyatahanè. Karana prakara kawruh siji iki lamun

Page 131: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 131

maksih semang-semang, nemahi sesiku, karana kasebut

maksih mentah ngilmunè.

Marmanè wekasingsun marang sira, manawa tembè Kaki

Walaka katemu lawan sira manèh, aja agè-agè tetakon, yèn sira

durung bisa tetakon.

Tegesè : wong anggeguru ing ngilmu iku lamun durung ana

kang bakal kang bakal tinemu, aja agè-agè geguru. Lawan ana

wewarah kang kena rinasa selawasè. Kabèh kang dadi

sedyanira iku kudu katarik saka cipta rasa dhingin. Yèn wus

katemu pamanthenging cipta, karasa ing dalem rahsa.

Sayektinè kena sira anggo gegujengan utawa geyonganing

ngilmu salugunè. Lamun dira durung darbè cipta nganti karasa,

kadi kakung kasengsem marang dyah ayu. Iya iku durung

pinareng menga ngilmunè. Yèn wus mangkono panemunira,

baya wus pinareng dèning Allah Tangala pepanthenganing

cipta rasanira. Kena binasakakè kabulyakin. Tegesè : tumuwuh

cahyaning nugraha.”

Kala semanten Kaki Dremawangsa, duk miyarsa wasitanipun

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ènggaring galih kadi siniram ing

tirta marta. Sumyar-sumyaring sarira lir taru tumaruna karirisan

ing wasitotama. Sasampuning mangkana Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga sigra kondur. Kyai Dremawangsa badhè umiring dèrèng

kapareng. Dhinawuhan amemulihaken badan, tuwin memulihaken

pakaryan wajibing among tani, margi sampun lami anggènipun

tilar kuwajiban, adamel bibrahing anak bojonipun, sarta risaking

manahipun tiyang sepuh.

Mila Kaki Dremawangsa sareng sampun angsal barkahipun

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, gugup para waris sadaya,

angrungkebi sarwi mular, dènè boten kanyana-nyana Kaki

Dremawangsa saged waluya jati. Ananging rumiyin mangkè

pancèn boten punapa-punapa. Nanging pamanggihipun tiyang

Page 132: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 132

ingkang sami tuminggal, sayekti amastani èdan kèmawon, mila

prakawis punika tetela angèl pamawasipun. Manawi tiyang ingkang

sampun putus ngilminipun, inggih boten amastani èdan. Beda

lawan para tetiyang ingkang dèrèng ngilmi, tamtu amastani yèn

Kaki Dremawangsa ing Bungasa èdan.

Ènggaling cariyos, Kaki Dremawangsa sampun mituhu dhawuhing

guru, lajeng tapak ing kuwajibanipun tani, nggaru, mluku, macul

sasaminipun. Dupi sampun antuk samangsa, Kangjeng Susuhunan

ing Kalijaga wangsul malih, pindha sudra papa, sesilih Kaki

Walaka, marpeki anggènipun maluku Kaki Dremawangsa.

Sajarwa nama Kaki Walaka ingkang sampun pulang saè. Kyai

Dremawangsa duk andulu, lajeng kèndel dènya madamel

pasabinanipun. Malah angancarani dhateng wisma, sarwi

manembah. Kaki Walaka sinembah kipa-kipa, rèhning dèrèng wajib

sinembah ing sasama. Kyai Dremawangsa mangsuli,

“Ingkang kula sembah punika Gusti kula Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga, awit tilar weweling dhateng kula, singa wonga, manawi

suku kekalih kadi tan anapak kisma, kawula boten kènging rusiya,

awit sariraning Gusti. Mangka Paduka nyaplaki weweling ingkang

sampun kadhawuhaken dhateng kula. Dados tetèla Paduka badhè

nyobi kaantepan kawula. Dados Kaki Walaka rumiyin punika inggih

Panjenengan Paduka.”

Kangjeng Susuhunan dahat sukaning galih, lajeng angandika

makaten :

“Jebèng, sira wus katara yèn antuk sih nugrahaning Pangèran

Kang Amahasuksci. Samengko temenana atetanèn, sarta sira

ingsun paringi sabda, ing tembè wuri dadia pituwaning among

tani . tegesè : sarupaning para tani, yèn ana tandur kena ama,

sira wajib anulungana sesarat winih, supaya ora katrajang ama.

Karo dènè sira ingsun paringi peparab Kyai Gedhè Kapinihan.”

Page 133: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 133

Ingkang dhinawuhan matur anuhun. Badhè umiring mesa dèrèng

kapareng. Taksih kinèn andugèkaken tetanèn, karana ing tèmbe

badhè wonten babaranipun ingkang èlok. Nanging samangkè

dèrèng binuka. Amung panaringan ancer-ancer kèmawon. Manawi

sampun dumugi wewates tibaning nugraha kirang kalih turunan,

Kyai Gedhè Pawinihan saged tumut nedha wahyuning karaton Jawi,

wiji saking èstri.

Mila Kyai Gedhè Pawinihan tinedahaken ingkang dados margining

wahyu, kinèn angelih griya wonten ing Janti Ngendho Koripan.

Ingkang dipun dhawuhi matur sandika.

Kyai Gedhè Bungasan temah paring weweling dhateng ingkang

putra makaten, “Hè kulup, sira bakal ingsun tinggal ngalih wisma

marang Ngendho Janti, ngèstokakè dhawuh wewelingè Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga. Kaya mangkènè sabda pangandikanipun

padha èlingana salawasè :

“Sing sapa arep duwè turun bisa milu mikul nagara, dèn saranta

traping sanggama, dèn saba santosa lawan tetimbanganira.

Dèn meleng pepanthenganing cipta roroning atunggal.

Tegesè : jalu èstri ing dalem pagedhongan andarbè cipta kang

tan tumanja. Aja rasa rumasa ngalem amemada liyaning

jiwangganira, lawan angrasani alaning wong, aja ngalem

beciking lyan. Mung malenga sawiji, wadonè marang kakung,

kakungè marang wadon, netepana budi sanubari. Yèn wus

temempuh ing ngadilaga, aja agè-agè marwata suta. Kudu

anyantosanana ing dalem telung atus pandulu. Manawa wus

bangkit anembadani hardaning raras driya, nuli telenging cipta

dèn sabayantu ing tokidira. Yakti sira bakal antuk nugrahaning

Pangèran Agung.

Sing sapa bisa netepi pakarti iku, Mansa Allah bisa mijèkake

wiji premati. Pirabara ambaboni tanah Jawa. Tegesè :

kinadarakè dèning Allah Tangala, bisanè urun wadon. Awit wiji

Page 134: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 134

cilik iku yèn bapa biyungè taberi ngulik-ulik, temah landhu.

Bokmanawa bisa marug becik thukuling winih mau. Manawa

bisa mijil jalu, cepak antuk wahyuning wahyu jati. Adat

luwangè, yèn ana wong bisa sabar santosa marang tataning

among lulut, iya linulutan ing sasama-sama. Trekadhang milu

mikul rubet rentenging praja. Marmanè èstokena.”

Ingkang wineling dahat mituhu. Ingkang paring pangandika

salugu. Mila nadyan sapelè tetalering cariyos ing nginggil wau,

yakti kènging dipun leluri, jalaran sampun dados sabda

pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Ènggaling carita, kala samanten ing dhusun Ngendhok Janti

Koripan sami dados pangungsèning tiyang dhusun kiwa tengen.

Ingkang kekirangan wiji, kedah nedha tulung dhateng Ngendhok

Janti Koripan wau.

Boten kawursita ing dhusun Koripan, anuju satunggal dinten

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga karsa lelana mangètan, sedya

sowan martuwi ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu, awit

midhanget pawartos yèn ingkang uwa ngulawisudha bangsa jim

sakawan iji.

Langkung kinasihan, awit awicarita :

1. Jim biru nama Arya Panji Gedhah.

2. Jim kuning nama Arya Panji Sumunar.

3. Jim wungu nama Arya Panji Jinggaharda.

4. Jim putih nama Arya Panji Puspita.

Jim sakawan punika angaken darahing Jawata, teturutan saking

Bathara Puspanjali. Manawi saking èstri, darah jim dadu, nama

Prabu Adiwarna.

Page 135: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 135

Dènè jim sakawan anggènipun sami suwita ing Kangjeng

Susuhunan Lawu punika, awit taksih kalebet santana sangking

ingkang ibu.

Menggah pamilutanipun jim sakawan wau amung kaanggè wadya

pamijènipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Manawi pinuju sarè, jim

sakawan ingkang ndongèng lelampahanipun para Jawata. Gentos-

gentos ingkang cariyos dedongèngan. Manawi ameng-ameng

binusanan catur warna, ngapit ngajeng-wingkingipun Kangjeng

Susuhunan Lawu.

Sareng ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Lawu Kalijaga

sowan, lajeng katamtokaken ngadhep. Kala samanten Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga tetakèn dhateng jim sakawan.

“Kadi pundi panggayuhing para Jawata tuwin gèyonganing ngilmi?

Punapa dènè para Nata duk jaman purwanipun. Manawi bangsa jim

punapa ingkang dipun gayuh? Kula Andika tempili pingilipun.”

Wangsulanipun jim sakawan, “Dhuh Pangèran ulun, Susuhunan ing

Kalijaga, menggah pandangu Paduka sadaya wau, adèrengipun

kula gadhah atur, kados Paduka sampun uninga talering agami

Budha. Èwadenè rehning kadangu, inggih kedah sasaged-saged

anggadhahi atur. Kados timbang kèmawon agamining para Nabi

Wali kaliyan agami kadèwatan. Ingkang dados panutan ugi nenem.

Gumelaring wewedharan utawi raosipun utawi raosipun yakti boten

beda, amung miturut agami nenem. Nadyan kanabèan, ingkang

rinilan mengku agami ugi nenem :

1. Kangjeng Nabi Adam, timbanganipun Sang Hyang Bathara

Èndra.

2. Kangjeng Nabi Nuh, timbanganipun Sang Hyang Bathara

Brahma.

3. Kangjeng Nabi Ibrahim, timbanganipun Sang Hyang Bathara

Bayu.

Page 136: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 136

4. Kangjeng Nabi Musa, timbanganipun Dang Hyang Bathara

Samba.

5. Kangjeng Nabi Ngisa, tetimbanganipun Sang Hyang Bathara

Wisnu.

6. Kanjeng Nabi Muhkammad, Rasulullah, tetimbanganipun Sang

Hyang Bathara Kala.

Nadya wewedharanipun utawu sarèngatipun ing agami Islam

inggih boten wonten bèdanipun. Makaten malih, nadyan pingiling

raos, sami kèmawon.

Kados ta : sarèngatipun Kangjeng Nabi Adam, ingkang dipun

engkoki pantaraning Allah Tangala. Sang Hyang Èndra ugi angaken

barakaning Jawata kang linuwih.

Kangjeng Nabi Nuh anganggep gegenti, Sang Hyang Brahma

inggih wewakiling Jawata.

Kangjeng Nabi Ibrahim angaken prajuriting Allah. Sang Hyang

bayu ingging sènapating Jawata.

Kangjeng Nabi Musa kekasihing Allah. Sang Hyang Samba

gegebenganing Dèwa.

Kangjeng Nabi Ngisa putraning Allah. Sang Hyang Wisnu

pitayaning Jawata.

Kangjeng Nabi Muhkammad kaaken utusaning Allah. Sang Hyang

Bathara kala ugi sapu kawating Suralaya.

Dènè ancer-ancering wewejangan ugi tan prabèda :

1. Sajatinè ora ana Pangèran anging Adamapitratulah.

2. Sajatinè ora ana Pangèran anging Nuh Kalipatulah.

3. Ora ana Pangèran anging Mungsa Kalamulah.

4. Ora ana Pangèran anging Ibrahimakalilulah.

5. Ora ana Pangèran anging Ngisa Raohkulah.

6. Ora ana Pangèran anging Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah.

Menggah ingkang makaten punika bèdanipun punapa kaliyan

wedharing para Jawata ?

Page 137: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 137

1. Hong ilahèng nir Yang Kalamertyu, muhung Èndradimulya.

Tegesipun : Hè kang Angagung kang Èlok, ora ana jawata

muhung Bathara Èndra, wenang anglebur angkara murka.

2. Hong ilahèng Mangarcana Mataya : Hè kang asipat èlok, kang

sinembah muhung Hyang Brahma sanyata. Amung Bathara

Brahma satuhunè.

3. Hong ilahèng Sihyanamasaha : Hè kang asipat èlok, kang asih

ing dunya muhung Hyang Bayu priyangga. Amung Bathara Bayu

piyambak.

4. Hong ilahèng Mangarcanamataya : yakti Hyang Samba, dana.

Tegesipun : Hè kang asipat èlok, kang wajib sinembah ing

dunya amung Bathara Samba.

5. Oilahèng nir Hyang Kalamertyu Kabub, pamunahing satru jaya

muhung Hyang Kèsawa. Sajatinè kang èlok, kang gaib, ora ana

liya kang wenang nampurnakakè nepsu angkara murka,

muhung Bathara Wisnu.

6. Hong bujèng bumi belah sirna, muhung Hyang Bèrawa

mahanani ing bawana kasapta. È Allah, kang kasapta bumi

lebur sirna. Muhung Bathara Kala kang angratoni bumi langit

sap pitu.

Sadaya wau amung kawula pendhet saparluning wewejangan

kèmawon. Mila boten wonten bèdanipun ingkang dipun akeni,

punapa malih ingkang dados gèyonganing raos. Bokmanawi sami

kèmawon.

Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah inggih sampun winenang

angrata agami Islam, tetep dados panutanipun para umat sadaya,

waradin ingkang ngidhep Kangjeng Nabi Duta.

Manawi agamining para Jawata, ingkang dados teturutanipun para

titah sadaya inggih Hyang Bathara Guru. Èwadenè inggih wonten

kaotipun. Awit Kanjeng Nabi Muhkamad atas saking

Page 138: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 138

pangandikaning Pangèran kang Amahasuksci. Sareng Sang Hyang

Bathara Guru amung tiron wewakiling Pangèran. . Èwadenè katarik

ing tapabrata, dados saged sipat gaibul guyub. Kawimbuhan

basaning jim sami ngunjuk toya gesang. Mila saged turun-tumurun

kawasa aparing nugraha, awit sampun badan alus sadaya.”

Dahat pangunguning galih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè

saged anggancaraken pingiling kina-kina. Wasana Kangjeng

Susuhunan atetakèn malih.

“Saking dahat suka bingahing manah kula dènè Jengandika

anggancaraken pingiling kadèwatan utawi kanabèyan. Yèn

makaten Jengandika punika kalebet sampun masuk agama

Islam.”

Atur wangsulanipun makaten, “Manawi kagalih Islam, kawula

dèrèng, jalaran jim punika bangsa badan alus. Saged kawula

gancaraken sadaya wau amung saking gethok tular. Ados kènging

dipun wastani kawruh nempil. Èwadenè sanadyan gethok tular

anenempil, saking karep sarawungan para pandhita tuwin para

ngalim. Mangka bangsa jim wau boten kènging pejah, dados

ujaring tiyang satunggal kalih kawula cathet. Dangu-dangu kathah

pangertosan kawula. Mila tetèla tan prabèda dayaning budi Buda

tuwin pangartining para Nabi. Manawi kawula dipun wastani

bangsa kapir, inggih mèmper, jalaran jim punika bangsa lembat,

tunggil pangawikaning Jawata. Mila amung nyumanggakaken ing

karsa Paduka.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika malih :

“Mila kula kapiluyu, lajeng sowan Kangjeng Uwa Sunan Lawu,

awit mireng pawartos, Panjenenganipun Uwa ngulawisudha

satriya jim sakawan, dipun tetepaken pujangga, margi

awicarita. Yèn kapara nyata, kula badhè miyarsa pangarti

Andika ingkang kènging kula anggè pusakaning karaton jawi.”

Page 139: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 139

Ingkang dinangu matur, “Kula dèrèng pujangga awicarita. Amung

dados tukang ndongèng. Awit ingkang Uwa Kangjeng Susuhunan

Lawu samangkè kaparenging panggalih, saben badhè sarè, kawula

dipun piji marek ing sahandhap pasarèyan, sami ndikakaken

cariyos dedongèngan sasaged-saged kula. Kilap leres, kilap lepat,

ugi kawula lampahi, gentos-gentos. Sambung-sinambung uruting

cariyos, andongèngaken lelampahanipun para Jawata, awit Uwa

Paduka punika saèngga tunggil darah saking rama, trahing Jawata

deles. Mila remen cariyos Buda, awit ngandharaken leluhur saking

rama. Manawi turutipun rama Paduka piyambak ugi darahing para

Nata Binathara ing Pajang Pengging. Suprandosipun kaparenging

galih anggayuh agami Islam. Tamtu kaangè kaot piyambak, amargi

trahing Jawata punika kinadaraken lantip ing budi, lepas ing

kawaskithan, trus ing tapabrata, tur ing tèkad tan ajrih ing pati.

Kawimbuhan Jawata punika cecampuran bangsa jim. Tamtu yèn

tiniti sayekti tanpa sama pangartining lair batin. Nadyan empaning

kalepasan utawi kaluwihan ingkang èlok tamtu boten takèn malih.

Ènggalipun kawruh bangsa Islam punika manawi sampun saged

campur dados satunggal kaliyan pangawikaning Jawata, tanpa

sama panitining ngilmi gaib.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya gregut patakènipun, awit

sadaya karsanipun para jim sakawan saged amedharaken. Saweg

imbal wacana, kasaru wonten timbalan dalem sami ngendikan,

kinen sami angunjuk ing Balè Patani, inggih punika pasarèyanipun

Kangjeng Susuhunan Lawu. Sadaya sampun kèrit ing parekan.

Sapraptanipun ing Balè Patani, Kangjeng Susuhunan Lawu boten

dangu lajeng tedhak pribadi, lajeng manjing tilam sari kèmawon.

Ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga sinapa ingkang Uwa,

dinangu basukining margi, nembah anuwun basuki. Ing ngriku

ingkang Uwa maringi sugata dhaharan ingkang pèni-pèni, èca-èca.

Kinèn lajeng bukti lawan para jim sakawan wau. Sasampuning

Page 140: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 140

bukti, ingkang putra pinaringan sumerep, anggènipun

ngulawisudha jim sakawan, sami wasis medharaken cariyos ing

kina-kina. Ingkang putra temah dhinawuhan miyarsakaken

dedongèngipun para jim wau.

Ingkang putra kadhawuhan amèngeti cariyosipun jim sakawan,

supados kènging tinulad ugering karaton, kaanggè pepakeming

cariyos padhalangan, rèhning Kangjeng Susuhunan Kalijaga saweg

kasengsem yasa ringgit wayang wacucal. Sarta kacatheta pingil-

pingilipun ingkang anggepok dhateng bangsa ngilmi makripat.

Ingkang putra matur sandika, lajeng mirantos panyeratan. Para jim

sakawan lajeng dhinawuhan anglekasi cariyos, dedongèngan,

sapamanggihipun piyambak, angger urut kèmawon. Para jim

sakawan pisan matur sandika, amung kalilana dipun istha gineman

kaliyan rowang. Amung mamrih suka senengipun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga, rèhning saweg nembè amiyarsa.

Kacariyos Arya Jim sakawan lajeng murwani lelampahan nalika

tumuruning Hyang Naraddha dhateng nagari Purwacarita :

“Ing salebeting taun Iwa, inggih punika taun ingkang kanggè

para Jawata, ètanging taun Suryasangkala : 316, sinengkelan :

OBAHING JAGAD TIGA, kaètang ing taun Cadrasangkala : angka

325, sinengkelan : TATANING PANEMBAH KAUNINGA, amarengi

mangsa Manggasra, inggih punika wulanipun para jaman Dèwa.

Kala samanten Sang Hyang Naraddha tumedhak dhateng nagari

Purwacarita, inggih punika tilas karaton Jawi saweg kaping kalih.

Ingkang rumiyin : pangèjawantahipun Sang Hyang Bèrawa, inggih

punika Bathara Kala, lajeng kagentosan dèning Mahaprabu Raja

Budakresna, inggih punika Bathara Wisnu. Prenahing karaton

wonten sukuning wukir Mahèndra, inggih punika redi Lawu.

Tumedhakipun Sang Hyang Naraddha wau angemban dhawuhipun

Sang Hyang Pramesthi Guru, rèhning samangkè katetepan dèning

Page 141: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 141

Sri Maharaja Kano. Mila lajeng dhinawuhan amranata tataning

agami Buddha, awit katingal bibrah tatanipun. Resah lampahing

para titah, wor-suh pepèranganipun.

Mila ing nalika tinedhakan dèning Sang Hyang Naraddha, lajeng

wiwit tata patrapipun.

Ing saben sagolongan kinen amaringi pangulu. Tegesipun :

pangageng. Sarta sakarèrèhipun sami dhinawuhan anganggè

tetenger piyambak-piyambak. Pangandikanipun Sang Hyang

Naraddha dhateng Raja Kano wau makaten :

“Hè Raja Kano, wruhanamu, iki pusaka panetep panata agama.

Ingkang dadi purbawisèsanira ambawani bawana, pangawasa kang

wenang sira parèntahakè, dadi wewatoning karatonira ana ing

marcapada.

Hèh, Raja Kano, rahayu wong kang santosa lawan mungkul marang

agamanè. Marma sira agè angleksanana panataning agama sawiji-

wiji.

Kang dhingin : panghulunè.

Kapindho : tetengerè.

Kaping telu : panembahè.

Kaping pat : tapabratanè.

.........................................................................

................... halaman 109 hilang......................

.........................................................................

Yèn ari raya, pangolahè kudu kang sarwa legi.

Laranganè : ora kena ngrabèni leluri kang saka lanang, lan ora

kena mapas wiji kang lagi thukul. Ora kena matèni geni, ora

kena mangan daging sapi, ora kena manganggo bangsa timah,

lan ora kena ngrabèni anaking inya, ora kena ngrabèni anaking

guru. Wenangè mung yèn ginawè tanba lang ginawè sesarat.

Dènè wewatonè, yèn wong wadon ontang-anting, pepalinè kudu

disunati lawan ditetaki. Pakartinè wong laki-rabi, nganggo

Page 142: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 142

badhudhakan. Para warganè pangantèn nganggo langen taya.

Jogèdan bèsan sami bèsan.

Yèn mati, layonè ingobong. Paliyanè pasucèn, dinusan

banyuning godhong dalima. Yèn memulya sarana beburuh.

Hèh Raja Kano, wadayanira kang agama Èndra, panghulinè

aranana SAKRANA. Sasèwasugatanè padha anganggoa Èkal

Bajra, galihing kayu, rining bajra, dèn anggo sangga gelung.

Panembahè marang gunung lan marang rembulan. Lakunè :

lila, marta, anarima.

Tapanè yèn masa Naya, ora kena angemban bocah.

Yèn masa Asuji, ora kena asanggama.

Yèn ari raya, kang sarwa pait.

Laranganè : ora kena mangan antelu, ora kena ambuwang

sesuker ing bumi, ora kena matèni dwipangga, ora kena

nganggo dembaga. Wenangè dianggo tamba lan kaanggo

sarana.

Lan wenang cinukur wadon kang kedhi. Wenang wong wadon

bèla mati lakinè, yèn jaka lara. Wenang disunati, yèn dadi

pangantèn. Yèn lanang, tinetakan nalika lair, lan anaking

dhukun.

Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo sintèn lan ènjèr. Para warganè

pangantèn padha prang catur. Nggonè nandukakè pralambang

sasmitaning pasugata.

Yèn mati, layonè kapethak, kapendhem, lan kaluweng, kadokok

guwa utawa jurang. Paliyasanè dinusan ing leri. Yèn memulya

sarana urup.

.........................................................................

................... halaman 111 hilang.......................

.........................................................................

Page 143: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 143

Tekèk, cecak kemaga. Wenangè yèn kinarya tamba lan sarana.

Wadon cinukur, yèn randha anyar. Lan wenang wong wadon

ditetaki, manawa dadi panghuluning agama.

Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo baoyang. Pangantèn angarak.

Warganè pangatèn wadon nganggo angadhangi warana

dhingdhing. Manawa rubuh, sida ngarak. Manawa ora rubuh,

salin dina pangarakè.

Yèn mati, layonè kasètra, kadunungakè ana ngara-ara utawa

agunungan. Paliyasanè dinusan banyu udan. Yèn memulya

sarana ambarang.

Hè Kano, wadyanira kang agama Kala, panghulunè agama

aranana KALANA. Sasèwasogatanè padha anganggoa tetenger

Èkal Purusalingga, gadhung utawa balung rining palanangan,

dèn anggo kalung.

Panembahè marang satupanè kang aèng, kayu, watu,

sapepadhaè.

Lakunè : wirangi.

Tapanè, manawa mangsa Manggakala.

Manawa lelungan ora kena nginep.

Yèn mangsa Padrawana ora kena mangan uyah.

Yèn ari raya, kang sarwa pedhes.

Laranganè : ora kena ngrabèni kang kaprenah tuwa, ora kena

ngrabèni anaking inya, anaking guru, ora kena ngrabèni sèjè

bangsa, kaya ta : bangsa rahmana ora kena ngrabèni bangsa

Waisya, sapepdadhanè.

Lan ora kena matèni sona, kalabang, kala jengking.

Ora kena mangan kalapa, ora kena nganggo emas.

Wewenangè : kena ngrabèni sanak enom, ngrabèni tunggal

bangsa. Kaya ta : bangsa Brahma pada bangsa Brahma, bangsa

Waisya padha bangsa Waisya, bangsa Satriya padha bangsa

Satriya, bangsa Danuja padha bangsa Danuja, bangsa

Page 144: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 144

Daniswara padha bangsa Daniswara, bangsa Sudra padha

bangsa Sudra, bangsa Raksasa padha bangsa Raksasa.

Kenanè, dianggo tanba lan sarana.

Pepalinè : yèn laki-rabi, nganggo lempeng. Warganè pangantèn

padha gelut, endi kang kalah, didhega. Lan pangaraking

pangantèn nganggo èdan-èdanan.

Yèn mati layonè katarap, kapakakakè sato galak. Paliyasanè

pasucen, layon dinusan banyuning godhong widara. Yèn

memulya sarana laku dhusta.

Hè Kano, mungguh agama enem mau, endi kang dipilih dadi

senenge wadyabalanira kabèh. Padha sira dhawuhana

ngathokake pangandikaningsun kang wus dhumawah ing sira.

Sapa kang ora netepi tatanè agama sawiji-wiji, kena ing sapu

dhendha.

Agama Sambo, kasulah.

Agama Brahmana, kaobong.

Agama Mahendra, kaluweng.

Agama Wisnu, kalabuh.

Agama Bayu, katarang.

Agama Kala, katarap.

Sri Maharaja Kano matur sandika. Sang Hyang Naraddha muksa.

Lajeng kadhawuhaken waradin.

Nalika punika kawastanan AGAMA PAKUHAN, mirit Raja Kano

inggih PRABU PAKUKUHAN.

*****@@@*****

Page 145: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 145

Pèrangan III

SERAT SILACALA

Kaanggit dèning :

EMPU HARTATI ing MAMENANG

Panganggitipun nalika

Taun Suryasangkala 852

Taun Cabdrasangkala 878.

Ing salebetipun taun Wandaniya,

Ètanging taun Suryasangkala 386,

Tinengeran :

WEWAYANGANING BRAHMANA KATON MUKSA.

Kaètang ing taun Candrasangkala 397

Tingeran :

PANDHITA TRUSING GUNA.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos ing nalika punika Brahmana

Raddhi katuran lintang surya, wanci dalu angsung wangsit sipta

sasmita makaten :

MAWISATA KADALUWARSA WALUYA LAYA

Tegesipun : tiyang kèsah kalungsè ing taun, mantu bilai.

Brahmana Raddhi anyandhak ing sipta sasmita punika wau.

Rumaos sampun lami anggènipun wonten ing madya pada. Sareng

ènjingipun lajeng memulya kancana. Kang dèn memulya

srengèngè, sarta dinten punika kawastanan dinten RADITE.

Tegesipun : dinten Srengèngè.

Page 146: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 146

Dumadi ing mangkè kawastanan dinten Ngahat.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi, katurunan lintang candra,

angsung sipta sasmita makaten :

WAKTRA KANISAN RI NÈTRA ADINÈ BUDAYA.

Tegesipun ; muka kaicalan nètra, ametengi budi.

Brahmana Raddhi nyandhak damel peteng wonten ing ngracapada,

anasabi padhanging kaswargan. Sareng ènjing memulya salaka.

Kang dèn memulya rembulan. Dumugi ing mangkè kawastanan

dinten Senèn, ing ngajeng dinten Soma. Tegesipun : Dinten

Rembulan.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan Lawu nyelani

dedongènnganipun para jim, lajeng nimbang budi kaliyan ingkang

putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga, bab pusaka. Sangking dhawuh

pangandikaning ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu

dhumateng Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Hè Jebèng, sasuwenè sira simiwi ana ngarsaningsun, apa

wadinè sira ora nganggo keris pusaka? Baya sira tinggalakè

sutanira Pangèran ing Kadilangu, apa sira ulungakè kang

amengku praja? Yèn, mangkono sira ora mituhu saka dhawuh

wewekasingsun duk nguni.”

Ingkang putra matur :

“Boten kasukakaken sinten-sinten. Taksih kawula simpen

piyambak, wonten patileman kawula ing masjid Kadilangu,

katengga jurukunci Kaji Ismangil.”

Kangjeng Susuhunan ing Lawu angandika malih :

“Kulup, mungguh keris kang dadi pusakanira iku, manawa ora

kaonggo, becik ulihena maringsun, yèn katinggal saenggon-

enggon, durung wancinè. Besuk manawa sira wus malandhang

dhèwè, kena tinunggu ing wong jurukunci masjid.

Page 147: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 147

Tegesè : yèn sira tinggal, ing wektu iki ijèh akeh wong kang

arep ngayoni kagunanira. Nadyan wus padha mungkul,

ananging durung kena kabatin, awit atining wong iku luwih

lembutè. Yèn gedhè , sasat ngebaki jagad.

Niyating wong iku lir samudra, tanpa tepi, tanpa watesan

jajaganè.

Ing kono sira kurang prayitna, karana salugunè baè sira

memaron rong prakara. Tan kena lèna. Yèn katinggal prayitna,

tiwasè mung sadhèla.

1. Maru Ratu.

Tegesè : kawengku ing Ratu iku bakal kapurba kawisèsa.

Samangsa-mangsa ana karsanè, kerisira dicidra rukun lawan

kang rumeksa. Yakti Kaji Ismangil ora wani ngukuhi.

2. Maru kanca.

Tegesè : para wali iku saikinè durung kena dibatin karepè.

Durung kena diulungi wewadi, awit wewedi iku mangkènè,

Jebèng :

Panggedhènè wali kabeh iku, yèn tata lahirè wus padha

sumungkem marang sira, ana katarik saka ratunè, utawa

nyatanè dhasar kasoran kawruhè. Balik batinè, saèngga dadi

mungsuh baè.

Ing kono, rèhning sira tansah lelana baè mangka ana kang

ngrungu pusakanira, Kaji Ismangil iku gandra pira? Upama

rinuda rinupaksa, apa bisa lawan?

Marmanè yèn padha sembada, becik ulihena marang ingsun

baè. Yèn wus salin alamè para wali kena angarepakè ing sira,

pusaka jaluken manèh. Apa maningè, bokmanawa sutanira

dhèwè wanuh wani arep sumurup, rèhning pusakaning bapa.

Amesti gawè sangsara.”

Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga nalika di dhawuhi ingkang uwa

lajeng ènget manawi kalènan. Kula nyumanggakakè ingkang uwa,

Page 148: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 148

punapa wangsul mendhet piyambak, punapa utusan duta ing

ngriki. Ingkang uwa pangandikanipun makaten :

“Hè Jebèng, manawa sira kang bali mulih dhisik nadyan

sakedhèp netra bisa tumeka, nanging ora prayoga, jalaran

katara yèn sira kang ora lali Galibetè temah dadi kira-kiraning

wong akeh karana wruhanamu, ing wektu iki Sultan Demak

utusan para punggawa amundhut pusaka darbèkira keris kang

tinunggu jurukunci, jalaran Sultan Demak dibebangusi para

wali, yèn sira wus asengguh mati, awit wus lawas ora katon ana

praja sarta tanpa warta ing kanyatanè yèn sira ana. Marmanè

ingsun dhèwè kang utusan mundhut pusakanira, supaya bisa

ngangkat dalah gen-engenè. Dènè kang dadi dutaningsun iya

jim papat iku. Pasthi laku sandi caraning jim, manawa weruha.”

Ingkang putra nyumanggakaken.

Kangjeng Susuhuna ing Lawu sigra matah duta pamungkas. Jim

sakawan dhinawuhan dheteng Kadilangu lampah sandi, amendhet

gendhaga wadhah pusaka ing Kalijaga. Wineling saliring wewadi

sami sampèka sawusing sampat wewelinging Nata, tanpantara

dangu jim sakawan mangkat. Saking wukir lawu ngambah ing

gegana.

Ènggaling cariyos, jim sakawan sampun dumugi ing Kadilangu,

pinuju aningali padudon. Para wadya bala ing Demak kautus

mundhut pusakanipun Sunan Lèpèn. Pangèrang Kadilangu

ngekahi. Wasana ngantos ramè arerejegan. Ramè rebat-rinebatan

gandhaga, gentos tampi-tinampènan. Pangèran ing Kadilangi, Kaji

Ismangil sakancanipun sadaya karèpotan. Gandhaga kabekta ing

wadya bala Demak.

Ing sawatawis onjotan saking Kadilangu para punggawa sadaya

sami rèrèh amasanggrahan sarta amangun suka-suka ngenting.

Wantuning tiyang boten mawi dedugi, sukanipun ngantos mendem

Page 149: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 149

bebungah. Para wadya punggawaning Nata sakawan lumancang

ambukak gendhaga. Sedyanipun amung badhè uninga dhapur

tangguhing dhuwung pusaka ing Kalijaga. Duk tinarik

katungkulan, wadya catur mau lajeng sami nyeplos maripatipun.

Sanget aminta tulung rowangipun.

Ing ngriku sareng dhuwung sampun manjing warangka sarta

sampun kalebetaken gendhaga, jim sakawan pisan dhateng. Tanpa

pariwara lajeng nyandhak gendhaga pinanggul. Ganti-ganti

mahawan ing jumantara. Rikating jim sami sanalika dumugi ing

wukir Mahèndra, lajeng marek ing ngabyantara Nata.

Sawusing dinangu basukining marga, jim sakawan angaturaken

gendhaga sarwi umatur cacariyosipun ing nalika wonten

Kadilangu. Aturipun para jim sakawan amiwiti ngantos amungkasi.

Narèndra ing wukir Mahèndra miwah Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga dahat pangunguning galih. Wekasan suka anarima, lajeng

dhawuh para wadya bala jim palamporan, kinèn angudanaken

usadaning kasangsayan dhateng Kadilangu. Ing antawis dinten

malih kekasih dalem jim sakawan wau lajeng kajunjung pangkat

raja sakawan pisan :

1. Jim wungu kaparingan nama Prabu Bra Markata.

2. Jim Biru kaparingan nama Prabu Wulangun.

3. Jim Kuning kaparingan nama Prabu Kanaka.

4. Jim pethak kaparingan nama Prabu Setana.

Dadaos ratu sakawan wau tetep ratu tampingan, angrèhaken para

lelembat brakasakan ing sawewengkon ardi Lawu sadaya, punapa

dènè kaanggè sesulih tedhakan saparluning karsa-dalem. Mila

manawi wonten swara kemrusuk dipun elokaken lampor, punika

boten mesthi Kanjeng Susuhunan Lawu piyambak ingkang

tedhakan. Tamtunipun para ratu sakawan wau.

Page 150: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 150

Dènè titikanipun manawi Kangjeng Susuhunan Lawu mawi obor,

cahya saèngga lintang alihan. Dènè manawi lampor mawi tulung

tiyang bumi nedha obor, inggih punika tandha para ratu sakawan

wau ingkang tedhakan salah satunggal. Èwadènè wonten

paèdahipun sesarat, supados boten kandhegan kampiran

lampahing brakasakan.

Saking sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan Lawu, sami

kinèn sesarat Rajah Kalacakra, pinasang saginggiling kori, utami

wonten griya. Punapa dènè manawi kathah sesakit, ing saben

surup surya kinèn sami memujia makaten :

“NIR HYANG KALAMERTYU KUTUP”.

Utawi griya dipun ubeti benang lawè wenang salembar. Ingkang

sampun kalampahan kalis ing sesakit salah.

Wonten wasiyating pangandika-dalem Kangjeng Susuhunan ing

Lawu, utawi sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga, punapa dènè wewangsitipun para ratuning jim sakawan

wau, kacathet nalika janggan Utara, pandhita ing wukir Semèru.

Pratèlanipun makaten :

1. Yèn wonten neneka, mawi murus utawi ising-isingen,

kajampènana sampun malahi, lajeng dipun usadanana :

gendhis kalapa sarta santen kanil. Dipun parudaken kunir

saempu, cinampuran tinjanipun piyambak, amung

kadumukaken jenthih kiwa, dipun unjukaken ingkang sakit.

Adat lajeng mantun.

2. Mawi wonten tiyang nandhang sakit warni-warni, kados ta :

sakit wawratan erah umbel, sasaminipun sakit, kaèngetana

dhatenging sesakit wiwit dinten punapa.

o Yèn wiwit sakitipun wau dinten Akat, dipun usadani roning

sangkèt, adas polowaras.

Page 151: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 151

o Yèn wiwit Senèn, kajampènana sarta kinonyohan roning

saruni, ugi mawi adas pulowaras.

o Yèn wiwit Selasa, kajampènana roning kara legi kaliyan adas

pulowaras.

o Yèn wiwit Rebo, kajampènana roning tundhung kaliyan adas

pulowaras.

o Yèn wiwit dinten Kemis, kajampènana roning waung

satekem, ugi mawi adas pulasari.

o Yèn wiwit Jumungah, ron kremah, adas pulasari, sami

kalawan borèhipun.

o Sabtu, godhong jambu satekem, mawi roning alang-alang

satekem, adas pulasari.

Sadaya wau wajib sami dipun èngeti, awit punika kalebet sabda.

Wonten wimbuhipun Janggan Utara wau, manawi mangsanipun

kathah sesakit punika, saben surup surya sami wineling angobong

roning tanjung, walirang, sarem, sarta kadèdèkaken sangajenging

konten. Pepujinipun wantah kèmawon :

“NYUWUN SEGER KUWARASAN ING SALÈNIPUN ANAK PUTU

KAWULA, ATAS SAKING SABDA PANGANDIKA DALEM KANJENG

SUSUHUNAN LAWU KALIH PANGESTUNIPUN KANGJENG

SUSUHUNAN ING KALIJAGA. YAHUDANYENG 3X (kaping tiga)

AKADUN KUPU-AN LAHUYAKUN, WA YA LITLAM, WA YU

LATLAM, AKADULAH, SAMADULAH, KULHU KUL-LEKUL

WANGSUL.”

Atasing kawula, boten wonten awonipun angagungaken sesarat

punika.

Anuju satunggaling dinten malih Kangjeng Susuhunan Lawu paring

pangandika dhateng ingkang putra makaten :

Page 152: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 152

“Jebèng, Susuhunan Kalijaga, wruhanamu sasuwènè sira anèng

kènè, praja ing Demak dalah para wali wus umum pawartining

wong, sira dèn arani mati. Marmanè nganti kalakon anyidra

patrap marang sutanira ing Kadilangu. Kang iku kulup, becikè

sira mulih marang Demak, supaya Kaki Prabu pulih susahè, lan

para wali padha kawelèh karepè baè. Bèsuk sedheng salin

alaming praja, jaluken manèh.”

Ingkang putra amangsuli atur dhumateng ingkang Uwa, “Ingsun

sapunika dèrèng purun mantuk. Taksih kasengsem dongèngipun

jim sakawan, parlu kaanggè lelimbangan rahsaning ngilmi wijining

kanabèyan kaliyan wijining kadèwatan.”

Kala samanten ingkang Uwa lajeng dhawuh dhateng para ratu

sakawan pisan, kinèn andugèkaken cariyos, sasambetipun ingkang

sampun kawedharaken ing ngajeng. Sarta dhinawuhan amèngeti

Kangjeng Susuhunan Kalijaga, supados kacathet raosipun. Dènè

Kangjeng Susuhunan Lawu sampun amitadosaken ingkang putra

kèmawon.

Mila para jim sakawan dahat leganing galih, jalaran sampun boten

gadhah pakèwed sarta pancèn tresna ningali Kangjeng Susuhunan

Kalijaga. Para Ratu sakawan anggènipun imbal wacana kados ing

ngandhap punika :

“Hè anggèr Kangjeng Susuhunan Lèpèn, lega temen raosing

manah kula, saged wawan wicara kalih Jengandika, awit

manawi Uwa Paduka anjenengi, kathah pakèwed kula, jalaran

saking kawon luhur. Dados wedaling wicara mawi wangwang.

Trekadhang dhompo, awit kawon prabawa. Bèda kaliyan

Paduka.

Anggèr, temenipun kula punika nadyan bangsaning jim utawi

darahing Jawata, nanging boten bèda kalih Jengandika, ugi

sampun manjing agami Islam. Turun-rumurun darah kula, ratuning

Page 153: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 153

jim duk janam Ngajrak ing Èyang Dèwi Kurasin, alamipun Sayidina

Kamjah, Mènak Jayèngrana ing Mekah, punika raja jim sami anut

sarèngat Nabi Ibrahim. Tamtu boten bèda ing agami karasulan.

Mila sampun mawi èwet-pakèwed Paduka gelaraken rahsaning

ngilmi makripat. Dados saèngga musawaratan, supados

kumpuling pamanggih.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijga mangsuli :

“Inggih leres sampun sami kalebet Islam, amung inggih bènten

ugi menggahing agami. Kènging dipun basakaken ANYAR-

LAWAS. Nadyan sahadatipun inggih wonten kaotipun tumraping

raos.”

Para ratuning jim lajeng sami gadhah atur makaten :

“Manawi kapareng pun bapa mugi dipun barkahana satataning

agami Karasulan, supados saged apasahing Islam kula.

Èwadènè manawi Panjenenganipun Anggèr asmu sandèyaning

galih, maiben agami kula sarèngat Nabi Ibrahim, suwawi

kapiyarsakaken kula mungel. Manawi kirang, kaleresena.

Manawi dèdè agami Islam, kula dipun kapirena..”

Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mrayogèkaken.

Ing ngriku raja jim sakawan panebutipun sareng rikat, boten

tumpang suh, sanyata tan adhompo, kados ing ngandhap punika :

“Ashadu an la ilaha illa’llahu, wa ashadu anna Ibrahimakilullah.

Tegesipun : aneksèni ingsun, satuhunè ora ana Pangèran

anging Allah, lan aneksèni ingsun, sajatinè Kangjeng Nabi

Ibrahim iku sumitraning Allah.

Anggèr, amung punika ingkang kula èngeti. Mila manawi taksih

kirang utawi lepat, anggèr kaparenga maringi tambah

jangkepipun. Manawi sampun jangkep, punapa sampun

kènging dipun anggep Islam punapa dèrèng? Pun bapa nyuwun

Page 154: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 154

pitedah ingkang kènging kula angge pusaka salami kula

gesang.”

Wangsulanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga :

“Inggih, temen punika sahadad agami Islamipun duk Kangjeng

Nabi Ibrahim. Dumugining sapunika Islam Mubham, awit

sampun katumpangan agaminipun Kanjeng Nabi Muhkamad

rasulullah, inggih punika Nabi sinelir. Mila sanadyan sampun

sami Islam, nanging boten maning. Èwadènè rèhning

Jengandika kedah kepèngin tunggil ing agami, kula ugi boten

badhè selak. Suwawi para ratu, kula aturi sesuci rumiyin.”

Para nata sakawan pisan miturut, lajeng sesuci. Sasampuning amèt

banyu kadas, sigra sareng dènya dedupa. Kangjeng Susuhunan

Kalijaga awewarah makaten :

“Hè para ratu sakawan, sajatosipun agami Islam punika inggih

witing agami karasulan. Tebiyating sarèngatipun inggih nunggil

misak kèmawon. Wewedharaning sahadad makaten :

ASHADU AN LA ILAHA ILLALLAH, WA ASHADU ANNA

MUHKAMADAN RASULULLAH.

Tegesipun : sami naksi ing Datullah. Aneksèni ingsun,

satuhunè ora ana Pangèran anging Allah, lan aneksèni ingsun,

sejatine Kangjeng Nabi Muhkamad iku rahsaning Allah.

Sarèngatipun kedah anglampahi ngibadah sembahyang gangsal

wektu ing dalem sadinten sadalu. Bakal-karamipun sami

kèmawon. Amung kaot atasing sesebutan. Kangjeng Nabi

Ibrahim punika kaaken rahsaning Allah utawi dutaning Allah,

punapa dènè rinilan amengku panetepan nata agami Islam

sajagad pramudita. Winenangaken jumeneng Kalipatullahi.

Tegesipun : wewakiling Allah, rinilan amengku cahya tigang

prakawis :

1. Cahyaning wahyu Nubuwah. Tegesipun : wahyu cahyaning

karaton.

Page 155: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 155

2. Rinilan amengku wahyu Kukumah. Tegesipun : wahyuning

pangadilan leres.

3. Wahyuning Wiliyah. Tegesipun : rinilan amengku wahyaning

wahyu Kuwalèyan, tur sampun nama pinunjul ing para wali

sadaya. Yekti boten wonten ingkang saged anyamèni.”

Raka sakawan matur malih dhateng Kangjeng Sunan Kalijaga,

“Anggèr, menggah bèdaning wewejangan kaliyan sahadad jati

punapa?”

Kangjeng Susuhunan mangsuli.

“Bèdanipun angengkoki asmaning Pangèran. Sahadad jati

punika amung taksih sumèndhè.”

Para raja sakawan lajeng nembah sumungkem ing pada, sarwi

rawat waspa makaten aturipun :

“Anggèr pepundhèn kula ing dunya ngakir, bok kaparenga pun

patik angraub suku, saking kedah-kumedah kawula angsala

barkah Paduka. Karana satuhunipun kawula punika mituhu

wasitanipun Dèwi Rukamawati, inggih punika widadari

ngèjawantah, manjalma wonten ing wana Kardhayana. Kawula

saksadhèrèk sakawan punika sami nyuwun pitedah ingkang

kènging kula suwitani lair-batin. Wasana tinedhahaken uwa

Paduka, pasuwitan lair. Atasè tunggil wangsa, pasuwitan batin

dumunung wonten Paduka.

Mila pareng boten kapareng pun bapa nyuwun suwita, pasrah

ing pejah gesang kawula, sumangga Panjenengan Paduka,

anggèr. Dènè pun bapa ugi badhè ngaturaken ing sasaged-

saged kawula, anggeripun bangsa seserepanipun para Jawata

sapiturutipun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :

“Inggih prayogi, manawi paman dhasar sami mantep ing tèkat.

Yakti boten wonten prabèdanipun kula kalih Jengandika.

Page 156: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 156

Senadyan kutu-kutu wong alang ataga, inggih boten kula

sèlaki. Mila paman samengkè kula ajak mahas ing asepi.

Tegesipun : daweg angiwa panggènan ingkang kiwa, ingkang

sepi samun.”

Raja sakawan lajeng umiring dhateng sukuning wukir Mahèndra,

iring kidul wètan. Wonten ing ngriku Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga lajeng angagem cara kaji. Mawi sarban wulung, jubah

wulung, nyamping wulung. Agemipun teken cis katancepaken,

dipun angge lelendhèyan. Ngantos dangu boten angandika, karana

Kangjeng Susuhunan aneges parengipun Pangèran.

Mila sareng sampun amratandhani kapareng, Sang Manekung

lajeng angandika, nimbali raja sakawan :

“Paman, para ratuning jim, tampanana anggoningsun amijèni

marang sira. Mangkènè :

Sajatinè ora ana apa apa-apa, awit duk maksih awang-uwung,

durung ana apa-apa. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana

Pangèran anging Ingsun.

Dat kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing

asmaningsun, mratandhani ing apngalingsun.

Iya Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing umatingsun

kabèh, kang abangsa rohilapi, kang abangsa roh kèwani,

sapanunggalanè kang gumelar ing alam kabèh iku

pakartiningsun.

Padha sanalika byar, gumelar padhang terawangan. Ora ana

apa-apa. Dadi saciptaningsun. Teka sasedyaningsun. Ana

sakajatingsun, kalawan ing kudratingsun.

Ing kono wus kanyataan pakartining wewenangingsun.

Kang dhingin Ingsun anitahakè Kayun Belaraukin, iya iku kang

sumarambah sagung dumadi ing alam dunya, kang aurip tanpa

roh, gumelarè kabèh kang abangsa kekayon sapanunggalanè.

Page 157: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 157

Kaping pindho, Ingsun anitahakè Kayun Pitarèni, iya iku

sakathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono wus

kanyathahing dumadi kang asipat roh. Ing kono kanyatahan

padha katitipan ing rohingsun.

Ing kono rahsaningsun padha nyakramanggilingan, tetep-

tinetepan, panjing-pinanjingan, awit nèlakakè yèn Kawula iku

isbat. Dadi kalawan kumpuling telung prakara, saka : adhèm,

panas, angin. Iya iku sajatining surya, rembulan, lintang.

Telung prakara iku kawasa mahanani marang bumi-langit sap

pitu. Dènè kang tumitah dadi manungsa iku uga saka telung

prakara. Bareng wus cumithak ing bumi, temah ana sesebutanè

manèh. Diarani anasir patang prakara : saka sarining bumi,

sarining geni, sarining angin, sarining banyu. Dadi sawiji,

kasamadan saka Datè dhèwè. Dènè kang dadi jim, sètan

brakasakan sapanunggalanè iku abangsa lelembut :

1. Kang asipat jim abang iku asale saka nepsu.

2. Kang asipat jim biru iku bangsa ireng. Iku asalè saka

sungkawa.

3. Kang asipat jim kuning iku asalè saka ngumbar budi

pepènginan.

4. Jim putih iku asalè saka lali.

Mula patang prakara iku pagolongan alam panasaran. Yèn

manungsa kang wus pasah ciptanè, wus dadi ngilmunè, ora

karep kaya sira iku kabèh.

Pamorè patang prakara iku muhung saka kudrating Datingsun.

Ing kono sarupaning panasaran amung narukrama bisanè.

Ananè iya uga mung nunggal saka wisuna baè ing dalem

sakaratil maot mangkènè :

1. Kang dhingin, manawa ana manungsa kang wus tinekakakè

janjinè, lamun durung dadi ngilmunè, ing dalem sakaratil

maot ilang bungahè, kari susahè. Temah nuwuhakè cahya

ireng, iya iku bangsanè jim ireng.

Page 158: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 158

2. Kaping pindho, andulu cahya abang, awit metu nepsunè. Iya

iku kang dadi jim abang. Wekasaning sasar, nunggal sato

kewan.

3. Kaping telu, cahya kuning. Iya iku kang dadi jim kuning,

awit kari ngarpakè pepingananè, karana larating bebayu

sapanunggalanè. Tumanjaning panasaran dadi pitik iwèn

miwah bangsanè iber-iberan iku kabèh.

4. Kaping pat, cahya putih, iya iku kadadèanè jim putih, awit

ing alam panasaran ambarengi larating sungsum, bakal

ambawur lakuning roh. Mulanè tancebing tèkat pasthi korut

marang alaming ataga. Tegesè : dadi beburon banyu

sapanunggalanè.

Patang prakara iku ana aranè dhèwè-dhèwè, tumuwuh saka

manungsa kabèh.

1. Kang ireng iku diarani cahyaning nepsu LUAMAH. Marmanè

bagèanè jim ireng kang wenang agawè goragodha.

2. Kang abang, iya iku cahyaning cahya abang, saka nepsu

AMARAH. Mulanè jim abang kang darbè bubuhan

anggodha.

3. Kang cahya kuning iku cahyaning nepsu SUPIYAH,

wahananing sedya kangdadi jim kuning.

4. Kang cahya putih diarani cahyaning nepsu MUTMAINAH,

wahananè dadi jim putih. Iya iku kahananing alam

panasaran kabèh.

Marmanè yèn manungsa kang wus ambaotos ngilmunè, ora

temu-tinemu prakara patang prakara, karana wus bangkit

amibirat pakarti kang dudu, wus weruh marang panggawè kang

sasar. Awit wus ora darbè uwas sumelang.

Jalaran witing ana alam panasaran kabèh mau iya saka kareping

tèkadè dhèwè, awit nganggo kadunungan uwas sumelang. Iya

iku anggon-anggonè wong kang durung antuk pitutur.

Page 159: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 159

Mangka sadajatinè wus kasebut ing kitab-kitab. Salugunè kang

aran TUWA iku : atinè, titi patitis panggayuhè. Ora jedhok

barang kang sinedya.”

Telas pangandikaning wewedharan. Para ratu duk umiyat cahyane

Kangjeng Susuhunan Kalijaga, dahat sukaning galih. Aturipun

makaten :

“Dhuh anggèr, pepundhèn kula, pun bapa kumedah atur

tetanya. Salami kula gesang punika, kula rumos kalindhih

soroting cahya ngulama. Mangka pakartining jim punika boten

wonten ingkang nyamèni. Mila pun bapa nyuwun pitedah,

cahya punapa ingkang nglimputi Paduka?

Pangandikanipun makaten :

“He paman, wruhanamu iya iki kang dèn arani cahya NUBUWAH,

iya kang dadi panengeraning karaton Jawa. Watekè, sing sapa

katitipan cahyaning wahyu NUBUWAH iku bisa jumeneng ratu

Tanah Jawa.”

Sasampuning makaten, sasirnaning cahya maya-maya, gumilang-

gilang tanpa wewayangan, lajeng santun paningaling para jim

sakawan. Sami andulu cahya mancur, mancorong sasada lanang,

ngadeg ing papasunipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Para jim

angandhika malih, sarwi matur tetanya :

“Dhuh sang pinundhi, punika katingal cahya mancur,

mancorong sasada lanang. Prabaning cahya anelahi, nglimputi

sapramudita. Kawula rumaos kalindhih malih. Mila pun bapa

nyuwun pitedah, kasiyatipun punapa?”

Kangjeng Susuhunan Kalijaga amangsuli :

“Iya iki kang ingaranan cahya KUKUMAH. Watekè kawasa agawè

tama, temen, adil paramarta marang sagung dumadi. Sing sapa

kanggonan, winenang angadili nagara.”

Page 160: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 160

Sasirnaning cahya sasada lanang, lajeng santun pandulu. Para jim

aningali cahya maya-maya ijem amuyek. Mila tetaken malih :

“Kados pundi kasiyating cahya wilis punika?”

Kangjeng Susuhunan mangsuli pangandika :

“Wruhanmu, iya iku kang ingaran cahya WALIYAH. Watekè

jumeneng waliyullah gaib.

Tegesè gaib iku : èlok. Kang èlok iku sipatè. Dènè ora lanang,

ora wadon, dudu wandu. Mesthi ananè, mokal oranè.”

Ing nalika punika para jim sakawan wau duk miyarsa

pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng sami

rawat waspa. Sarwi matur karuna amelas arsa.

“Dhuh anggèr, pangidhepan kula, mugi pun paman dipun

cangkinga ing kahanan jati. Sanadyan dados endheg-endheging

amun-amun, manawi Paduka ingkang bekta, sampun narimah,

sarta sampun rumaos lebur ing sadosa-dosa kawula. Èwadènè

kadi pundi karsanipun putra kula, pun bapa amung andhèrèk

kèmawon.”

Kangejng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“Hè paman, mungguh pamintanira supaya ingsun anglebura

saka asalira dhèwè-dhèwè, ingsun iya bisa akarya dedalan kang

bisa nunggal lawan manungsa. Angger sira manut sarta trima,

pasthi sarira milu nikmat, tunggal lawan kahananingsun.

1. Raja Bramarkata, tumacepa cipta sawiji lawan arinira si

paman jim biru.

2. Jim biru sumarambaha cipta sawiji lawan kahananing

arinira, paman jim kuning.

3. Si paman jim kuning nunggala cipta lawan jim putih.

4. Paman jim putih, yèn wus ngumpul dadi sawiji, nuli ingsun

kukut dadi sawiji, tunggal lawan cahyaningsun kang metu

saka ing pramana, dadi wahananing cahya

pancadriyaningsun, saka ing kudratingsun.

Page 161: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 161

Kala samanten jim catur sampun saèngga rasa, gumilang-gilang

dados satunggal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sigra angracut

pangawasaning jati wisèsa makaten :

“Ingsun amusthi jati wisèsaningsun dhèwè. Wahyaning

cahya patang prakara ingsun racut dadi sawiji, katarik

saka wewenanging Kajat jatiwisèsaningsun, saka ing

kudratingsun.”

Kala samanten para ratu jim sampun manjing dhateng Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga, ananging amung dumunung dados

wimbuhing cahya pramana kèmawon, sarta amimbuhi pangawas,

tuwin kènging dipun anggè rowang. Saupami kabentus ing awang-

awang, kasandhung ing warata, jim sakawan pisan taksih

mahanani kasubdibyan.

Tegesipun : manawi dipun pesu taksih saged medal dados rowang.

Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya wimbuh

kaluwihanipun. Saupami karsa matek pangawasa, saged warni

sadasa.

Ingkang satunggal pramanajati, ingkang sakawan jim. Warni

sampun saengga Kangjeng Susuhunan Kalijaga.

Dènè ingkang gangsal, kadangipun piyambak. Ugi saged warni

nunggil Ingkang Sinuhun. Makaten malih Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga wiwit kawimbuhan wewenangipun para jim. Sampun boten

sedya katingal kaliyan sipating janma balaka.

Sareng sampun kacakup ing guna kasaktènipun, Kangjeng

Susuhunan lajeng sowan ingkang uwa. Kangjeng Susuhunan Lawu

kagyat ing galih, lajeng tetanya :

“È jebèng, ana pangunguning tyasingsun marang sira, dènè

wimbuh mancur mancoronging cahyanira, ora kaya adatè.”

Page 162: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 162

Ingkang putra matur sababipun. Para jim ratu sakawan aturipun

amiwiti amekasi. Ingkang uwa duk miyarsa dahat sukaning galih.

Malah lajeng aparing wimbuhan manik kumala retna, pinasang

sanginggiling pepasu. Pangandikanipun ingkang uwa makaten :

“Kulup, iki kumala retna, ingsun paringakè marang sira, dadia

kekembanging warna sucahya. Iya iku susuk ingsun pasang

sandhuwuring pepasunira. Watekè, sira bisa nampani caturing

lelembut brakasakan, sarta sira kinadarakè kacèk sasamining

urip. Ing kono aja nganti ngaton dhingin, karana sira wus

dibayawarakakè ngakèh, padha angarani mati, ananging aja

nganti cidra wancinè, aja bèda tekaning lara tutuging pati.

Dènè ing dalem sapanggonan, aja nganti katarecet pasang

semunira.

Lawan ingsun amemarah marang sira, kulup, manawa ana

pakèwuhing budinira, banjur ngusapa bebathukmu kaping telu.

Èpèk-èpèk karo kausapena ing bathukmu mandhuwur, wiwit

ing nètranira. Ing kono wus dadi ila-ila, yèn kapetengan ati,

asring pinarengakè padhang atinè. Yèn ana karepira kang

anawa lali, asring pinaringan èling. Mula sarana iku waratakna

marang sarupaning anak-putunira miwah para kawulanira

kabèh, padha anggoa kupiya sesarat angusapi bathuk kaping

telu.

Sing sapa peteng atinè, padhang. Sing sapa kalalèn, èling.

Lawan maningè kulup, supaya awèting lelakon, tulusing

panganggonira iku, sira aja nganti dhahar roning kèlor utawa

ketèla gantung. Karo aja wani-wani mangan bangsa eri. Watakè

angudhari kekeran kung sinengker.

Apadènè sira ambabarena ukara kang èlok-èlok. Kaya upamanè

sira ajejagongan lawan para luhur utawa para ahli ngilmu,

nganggo atatarèna lawan kang ajaga rumeksa ing jasatira.

Kang sira. Kang sira ajak tetarèn sakajatira iku aja liya

pamanira jim papat ingkang ingkang nunggal lawan cahya

pramana. Utamanè kadangira papat lima pancèr.

Page 163: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 163

Èwadènè manawa sira arep andadar kadibyaning kumala retna,

bisa anekakakè sarupaning lelembut, brakasakan apadènè jim

liya-loyanè, pèjèten susukira kumala retna, sarya angundang

apa karepira ing satuhunè ana swara kang andadèkakè

kaèlokan.”

Ingkang putra lajeng nyatakaken pangandika makaten :

“Hèh paman raja catur, padha nutugena dedongènganira ing

nguni.”

Sakala lajeng carita :

“Taksih salebeting tau Suryasangkala, taun Jawata dipun

wastani WAKDANIYA, angka 386, kaètang ing taun

Candrasangkala 397, taksih amarengi mangsa Kartika.

Andumugèkaken cariyos dedongèngan ing ngajeng, anuju dalu,

Brahmana Raddhi antuk sipta sasmita wewangsitaning Jawata,

anyarengi tumuruning lintang anggara. Kados makaten ujaring

wangsit : HÈ SEWARITAYÈSOGATA, TAMBANGGANA URA.

Tegesipun : sakabat kècalan guru, nemahi pancabangkah,

dados ura.

Brahmana Raddhi rumaos gènipun wonten madyapada, ing

Suralaya, swarga, sami sulaya. Ènjingipun amemulya gangsa.

Kang dèn memulya latu. Sarta dinten punika dipun wastani

dinten ANGGARA. Tegesipun : dinten latu. Dumugi ing mangkè

dipun wastani dinten Selasa.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Buddha,

angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAKATHANIRA

DARUKI PANGIRA DALAYUN.

Tegesipun : pedhati tanpa kusir, pangiridè salèwèngan.

Brahamana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada,

lampahing surya èwah-èwah. Èjingipun amemulya tosan. Kang

dèn memulya bumi, sarta dinten punika dipun wastani dinten

BUDDHA, tegesipun : dinten bumi. Saminipun ing jaman

mangke dinten Arbo (Rebo).

Page 164: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 164

Daluning malih Brahmana Raddhi katurunan lintang

Wrahaspati, asung wangsit sipta sasmita makaten :

MAMINGKARÈ NGADIKARA DADYA TUNA.

Tegesipun : Tiyang nilar pandamelan perlu, punika dados

margining katunan.

Brahmana Raddhi rumaos, anggènipun nilar kuwajiban tan

pakantuk. Ènjingipun memulya parungka dipun wastani dinten

Wrahaspati. Tegesipun : dinten gelas, inggih dinten Kamis.

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Sukra,

angsung wangsit sipta sasmita makaten : INTEN TINUTI JUGA

YA MURKKAMA DURHYAKA.

Tegesipun : Anuruti karsa punika ugi murka, ugi nemahi

duraka.

Brahmana Raddhi rumaos, salaminipun wonten madyapada,

kasebut murka. Ènjingipun memulya dembaga. Kang dèn

memulya toya. Sarto dinten punika kawastanan dinten SUKRA.

Tegesipun : dinten jawah. Saminipun ing mangkè : dinten

Jumungah (Jumat).

Dalunipun malih Brahmana Raddhi katurunan lintang Saniscara,

angsung wangsit sipta sasmita makaten : SAMADI MASA LAYA

NOPA LAKSANA.

Tegesipun : Asemados mangsanipun dumugi jangji, tetep

kalampahan.

Brahmana Raddhi rumaos, kala rumuhun aprajangji,

anggènipun tumurun ing madyapada amung satus taun.

Brahmana Raddhi semu mèrang.

Ènjingipun memulya timah. Kang dèn memulya angin. Sarta

dinten punika dipun wastani dinten SANISCARA. Tegesipun :

dinten angin. Saminipun ing mangke dinten Saptu (Sabtu).

Sasampuning jangkep pitung, Brahmana Raddhi matur ing

Prabu Sèlacala, katuran ngagem saha nglimrahaken dinten pitu

wau, nanging karangkepan pekenan gangsal, kangge dumugi

sapunika, kalebet pulo Bali, Madura.

Page 165: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 165

Nunten Brahmana Raddhi muksa, dados Sang Hyang Surya

malih. Prabu Sèlacala langkung sungkawa, dènè katilar

gurunipun.

Babaripun cariyos SERAT MAHARAJA kapèrang dados gangsal

lampahan.

Pèrangan I nama SERAT DYITAYANA, kaangit dèning EMPU

RAGARANA, ing Mamenang.

Panganggitipun nalika taun Suryasangkala 853, taun

Candrasangkala 879.

Wiyosipun, menggah ingkang dados bebuka rumiyin, dèrèng

ngucapaken babaripun SERAT DYITAYANA, margi taksih

angayuh panunggilanipun cariyos SERAT SUMANTAKA,

lampahanipun Rsei Satmaka, Sang Hyang Wisnu anggènipun

dados dhukun, tuwin lampahanipun Prabu Silacala, kados ing

ngandhap punika :

Salebeting taun Wijaya, ètanging taun Suryasangkala 401,

tinengeran : JANMA ANGRUSAK PAKARTI. Kaètang ing taun

Candrasangkala 413, tinengeran : GUNANING WONG DADI

BARAKAN.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Prabu Silacala anuju

lenggah akaliyan garwanipun, kinèn amètani.

Dèwi Sinta waspada, mustakanipun Prabu Silacala buthak. Dèwi

Sinta matur mula bukanipun, Prabu Silacala prasaja. Timuripun

kathuthuk ènthong ibunipun, Dèwi Basundari, lajeng kèsah

dumugi jumeneng Nata ing Gilingwesi. Ing ngriku Dèwi Sinta

amidhanget cariyosipun Prabu Silacala, angungun sarta ènget

wewèntèhan, nalika kèsahipun ingkang putra Radèn Wudhug,

inggih Radèn Raditè, amargi kathuthuk ing ngèthong.

Dèwi Sinta nggarjita boten samar bilih Prabu Silacala punika

putranipun pambajeng piyambak. Dèwi Sinta kaduhung lajeng

matur dhatenf Prabu Silacala.

Page 166: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 166

“Pukulun, Panjenengan Paduka punika saèstu tresna

dhateng kawula.?”

Prabu Silacala anon, lajeng wungu, garwa pinondhong. Prabu

Silacala angandika :

“Dununging sihingsun tan liya amung sira. Pagènè sira

maksih sandèya?”

Aturipun Sang Dèwi Sinta makaten :

“Pukulun, manawi Paduka saèstu tresna, kalilanana kawula

boten nembah ing Paduka, sarta manawi wonten ngoko

kawula, kaaksama. Utawi dinten punika mugi sampun

kakarsakaken among rarasing asmara turida, karanten

kawula badhè lelampah tapabrata, laminipun sakatarima

kawula dhateng Sang Hyang Jagatkarana.”

Duk ing wau Dèwi Sinta kaudhunaken saking pondhongan,

angarasi putranipun, Radèn Radèya, sarwi arawat waspa.

Aturipun:

“Pukulun, putra Paduka Radèn Radèya kaparingana peparab

Radèn Sindhula. Tegesipun : kama salah.”

Dèwi Sinta dhateng pamelengan, anuwun sudanipun ing sih

Prabu Silacala.

Salebeting taun Jaywana, ètanging tau Suryasangkala 402,

tinengeran : NEMBAH MESAT WAHANA SIRNA. Kaètang ing taun

Cadrasangkala 414, tinengeran : pakartining janma warna

muksa.

Dèwi Sinta kinèn wudhar ing tapabrata. Dèwi Sinta amangsuli,

“Pukulun, dununging tresna punika rila.”

Pangandikanipun Prabu Silacala, “Apa karepira, yayi? Jarwaa.”

“Pukulun, sayektinipun kawula kapèncut darbè maru widadari

kasapta ing Suralaya, supados kasusra mewah kaluhuran

Paduka.”

Prabu Silacala anyagahi.

Page 167: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 167

Prabu Silacala miyos, animbali kang rayi, Patih Arya Suwèlacala

kaliyan Brahmana Suktikna. Prabu Silacala andhawuhaken,

krama widadari kasapta ing Suralaya. Aturipun Brahmana

Suktikna :

“Pukulun, karsa ingkang makaten wau kedah linampahan

tapabrata, binujung ing darmastuti, jinemparing ing cipta

pranawa, winawas ing panalangsa. Lepasipun boten pegat

aminta aksama. Manawi patitis kang cinipta, saèstu dados.

Kang sinedya wonten, kang kinarsan dhateng.”

Pangandikanipun Prabu Silacala :

“Hè Brahmana Suktikna, dalan mangkono iku luwih

runggut.”

Arya Suwèlacala matur, “Pukulun, runggut punika

pambabatipun kalayan sengkut. Jangji taberi, lami-lami saged

sakapti.”

PrabuSilacala linggar, tedhak ing patamanan.

Salebeting taun Tambi, ètanging taun Suryasangkala 406,

tinengeran : ANGGANA MUKSANING YOGA, kaètang ing taun

Candrasangkala 418, tinengeran : ANGESTHI TUNGGAL

PAKARTI.

Amarengi mangsa Kartika, kacariyos Bathara Laksmana, Bathara

Satyawaka, Bathara Srita, Panyarikan, tumurun dhateng

Kayuwan, sowan ing Rsi Satmata, Sang Hyang Wisnu, umatur :

“Pukulun, kang satuhu Sang Hyang Wisnu ingkang mulya,

ratu-ratuning swarga, ingkang boten pegat angayomi

titahing Hyang Wisèsa ingkang tumuwuh ing jagad. Kawula

kumedah umanggahi karsa, anggèn Paduka anglampahi

dados dhukun. Saking pamanah kawula, badh anenungkul

panalangsa, awit pangrapuning deduka punika sarana mawi

anenuwun pangaksama.”

Resi Satmata, nadyan sampun amumpuni guna kasantikan sarta

ingkang sampun boten kasamaran, sareng amidhanget

Page 168: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 168

aturipun ingkang rayi tetiga, anuwuhaken raosing galih.

Pangandikanipun makaten :

“Dhuh yayi kabèh, tuturira iku teka bener, nanging rèhning

ingsun wus kasura, paran baya goningsun anyinggahi?”

Patakoning wong, “Dhuh Pukulun, manawi makaten, wontena

karsa Paduka angalih padhepokan, ingkang ragi tebih saking

ngriki.”

Pangandikanipun Resi satmata, Yèn mangkono, payo yayi

padha maring pucaking wukir Candrageni, Marapi, ngiras

amemuja nuwun pangaksama, karana wukir iku enggon

katarimaning memuja.”

Bathara tiga mangayubagya, andhèrèk mangkat.

Salebeting taun Wikari, ètanging taun Suryasengkala 407,

tinengeran : RESI MUKSA WARNA SUNYA, kaètang ing taun

Candrasengkala 419, tinengeran : GAPURA TUNGGAL WAHANA

SIRNA.

Amarengi mangsa Pusa, kacariyos Sang Hyang Kala anitis

dhateng Prabu Silacala. Sanalika Prabu Silacala kagungan galih

angkara murka. Paribasan GAJAH ELAR MIYOS SAKING

PAHOMAN. Andhawuhaken badhè nyalirani piyambak nglurug

dhateng Suralaya. Patih Arya Suwèlacala sandika, nanging ing

batos angemu sungkawa. Mambeng sampun boten kapadhan.

Ing ngriku Bengawan Buddha, Bagawan Sukra, midhanget

pawartos, Prabu Silacala arsa mbedhah Suralaya.

Bagawan kalih makidhupuh ngarsanè Prabu Silacala, umatur :

“Pukulun kang binathara ing jagad, karsa Paduka ambedhah

Suralaya, kados kirang mengsah. Ila-ila punapa ingkang

pinanggih? Punapa ingkang kaajap, dènè memengsahan

pepundhèn? Bebaya punapa ingkang pinanggih? Boten wandè

badhè tampi sapu dhendhaning Dèwa.

Page 169: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 169

Dhuh Pukulun, samukawis pratingkah kedah dipun angkah-

angkah. Manawi boten makaten badhè kasebut TIYANG INA,

dènè kaduk purun kirang dedugi.”

Prabu Silacala sampun korup ing pangirupanipun hawa murka.

Murang ing pangèrang-èrang, boten pasah ing pangampah.

Dados pasrah sumèndhè ing titah. Bagawan kalih wau sami

mundur dhateng ing Ngandong Dhadhapan, ing Gadhing

Mawukir. Patih Suwèlacala kaliyan Brahmana Sutikna

tinanggenah tengga praja. Boten kacariyos wonten ing margi.

Salebeting taun Sarwari, ètanging taun Suryasangkala 408,

tenengeran : MANGGALA BARAKAN DADI, kaètang ing taun

Candrasangkala 420, tinengeran : BARAKAN KEMBAR WARNA.

Amarengengi mangsa Padrawana, Bathara Guru kacariyos

tumedhak dhateng Suralaya, paring wangsit dhateng Sang

Hyang Endra. Pangandikanipun makaten :

“Kaki Prabu Surapati, ing mengko wus mangsanè si Silacala

teka ing apes. Wus kapanjingan budi angkara murka,

nanging kang kawasa nglawani mung Resi kang mangun

tapa ana ing Wukir Candrageni. Iku kinonen mapag perangè

si Silacala. Manawa sanggem, sun apura sadosanè.”

Sang Hyang Naraddha anambungi :

“È Kaki Prabu Surapati, sajatinè kang tapa ana pucaking

Wukir Candrageni, arinira si Wisnu. Ingsun dhèwè baè kang

nimbali. Manawa kurang piandelè, temah lenggana.”

Sang Hyang Èndra nembah, rumojong ing karsa. Sang Hyang

Naraddha mesat. Sarawuhipun lajeng rinangkul, sarwi

winangsit ingkang dados timbalanipun Sang Hyang Jagadnata.

Resi Satmata matur sandika, nanging badhè wewartos dhateng

garwanipun ing Ringinsapta.

Sang Hyang Naraddha anglilani, lajeng wangsul ing Kahyangan.

Page 170: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 170

Resi Satmata anyipta titihan sembrani, katitihan kadangipun

tetiga : Barhara Laksmana, Bathara Satyawaka, Batara Srita,

sakawan Resi Satmata.

Kuda sembrani mesat angambara. Dumugi padhèpokan ing

Ringinsapta sami anyèluman, awit badhè angawasaken

sasolahing garwa, Dèwi Sri Yuwati kaadhep ingkang putra,

Radèn Srigati.

Pangandikanipun Resi Satmata :

“O jiwa ulun rari menak tambek nala nityasira.”

Tegesipun : “Dhuh nyawaningsun, yayi, teka ing tansah ing

kapainak ing tyasira.”

Dèwi Sriyuwati boten samar pangandikanipun ingkang raka,

umatur makaten :

“Dhunan kyindung nirta, nglening manih anggenupaka karti

tala.”

Tegesipun : “Dhuh Pangèran kula, angicalna sengkelipun

ing cèthi Paduka kados siti lebu.”

Nunten Radèn Srigati umatur, “Sinten lawanan Paduka

angandika punika?”

Radèn Srigati nuwun sumerep. Resi Satmata andangu, “Iku yayi

sapa?”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pukulun, punika putra Paduka pun Srigati rumuhun. Kala

Paduka tilar ing Lokadhaya taksih jabang.”

Nunten Resi Satmata ngatingal, dalah ingkang rayi tetiga. Dèwi

Sriyuwati tuwi Radèn Srigati lajeng ngestu pada. Dèwi Sriyuwati

umatur :

“Pukulun, sinten ingkang sami andhèrèk paduka punika?”

Resi Satmata angandika :

“Iku kadangingsun kaprenah ipè telu pisan. Kang sawiji aran

Bathara Laksmana, arinè garwaningsun Dèwi Srilaksmita.

Sawiji aran Bathara Satyawaka, arinè garwaningsun Dèwi

Page 171: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 171

Setyawama. Sawiji aran Bathara Srita, panyarikan, arinè

garwaningsun Dèwi Sriyati.”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pinten kathahipun garwa Paduka, Pukulun?”

Resi Satmata angandika :

“Garwaningsun lelima, nenem sira iki.”

“Pukulun, saweg sekawan kawula.”

Resi Satmata mangsuli :

“Bakyunè garwaningsun Dèwi Srilaksmita, aran Dèwi

Srilaksmi, padha putranè Sang Hyang Rasi Wiksmaka,

patutan sawiji muksa, anuksma sajroning bumi. Ujarè, ing

tembè bakal dadi garwaningsun manèh, putranè Sang

Hyang Resi Satyaka, aran Dèwi Sri Satyawana. Nuli krama

maneh putranè Sang Hyang Resi Surèngrana, aranè Dèwi

Sriyati. Arinè Dèwi Sriyati kang antuk Bathara Laksmana iki.

Dadi garwaningsun lelima pisan mau padha wayahè Sang

Hyang Pancaresi.”

Dèwi Sriyuwati umatur :

“Pukulun, menggah kang bok gangsal wau, sinten ingkang

sampun patutan?”

Resi Satmata ngandika,

“Yayi, lelima pisan wus padha patutan, nanging padha dadi

Dèwi. Kang wadon dadi widadari.”

Wijangsamanipun. Dèwi Sriyuwati nolèh kang putra, “Kulup,

Radèn Srigati andheku. Dèwi Sriyuwati umatur malih, “Pukulun,

sadangunipun linggar saking waringinsapta wonten pundi”?

Resi Satmata ngandika :

“Dadi dhukun, yayi.”

“Kados pundi, Pukulun?”

“Ana wong aran Buyut Gopa ing dèsa Sèwu, anakè lanang

aran Pastima, lara kalenglengan, kena kemayan gonè

anglangkahi rajabrana kang kapendhem, tinengeran watu

tampir. Ingsun kon jukuk, bakal dadi kamulyanè. Si Pastima

Page 172: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 172

disabetana sapu kawat, sapu gerang, diborèhana trasi winor

kukusing cangkring, godhong legundhi putih lan tungtungè

atinè diusapana lenggoning winong, godhong karamèan,

godhong giyanti, angemuta babakan turi, rinemus winor lan

marica sulahsih.

Nètrane dipupuhi kumkuman larah larah kawak, winoran

godhong pèpè, lan matanè lempuyang sayodè sarta

legoning walesah.

Irungè diusapana godhong gandarasa keling, lagundhi

oyoding silungu.

Kuping dipupuhana telèking pitik abang, sininjong lan

daringo benglè, winora mataning jaè walang watu lumut

watu, laler wilis.

Yèn wis sun kon mindhang antelung pitik ireng sakelarè,

anjupuka banyunè aja kongsi obah, winorana enjet lan

pucuking alang-alang, godhong daringo, bawang putih,

uyah windhahan bathok bolu, karaupna ing raine.

Iki mantranè :

SANG KALA DURGA, KITANGGURUANGKU, SANG

GOLANG-GALING, WEHEN PALARANGKU, KITA

AMAKNA, TEKENG OSADANGKU, PANIRANAPA,

MANTANA SAWUNGKU.

Sawusè mangkenè, yayi, Buyut Gopa mulih, anamakakè.

Balinè manè wus sugih rajabrana, malah puruita pisan.

Ingsun uga mituruti. Pastima uga wus waras.

Salebetipun taun Manmata, ètanging taun Suryasangkala

403, tinengeran : GUNA TANPA DADI, kaètang ing taun

Candrasangkala 415, tinengeran : WISAYA NUNGGAL

WARNA.

Amarengi ing mangsa Sitra, kacariyos tiyang dhusun

Mandira, wasta Paniwaka, dhateng ing Kayuwan, matur

Page 173: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 173

gadhah pangangkah dhateng èstri nama Kèn Wresti,

sutaning Umbul Warsaya, inggih umbulipun dhusun

Mandira. Rèhning tiyang alit, gadhah pangangkah dhateng

bendaranipun, anenuwun sagedipun kènging.

Pangandikanipun Resi Satmata, “È Paniwaka, sira mancinga.

Yèn antuk mina, aturna Umbulira.”

Sandika, mangkat. Boten dangu Umbul Warsaya dhateng,

matur gadhah kajeng pawèstri, wastra Rantam. Punika

lenggana, boten kongkih saking pamrih, botena saking

warna.

Dèrèng ngantos dangu pun Puniwaka dhateng ambopong

mina. Resi Satmata angandika :

“Hè Paniwaka, iku iwak dhuyung, akèh kang katut iku, saka

katètèsan ilunè, karana mina iku saben kaentas ing

samudra, kaya karuna. Kayu watu kang katètèsan banjur

manut. È, Paniwaka, minamu lilakna marang Umbul

Warsaya. Hè Warsaya, iluning mina iku tadhahana, woren lan

lenganè, nuli endelen lan lenganè, kalèthang turi,

cangkaruking ketan pengantèn, malaning tawon sih,

gendheking kenanga, wohing pepulutan, talutuhing kayu

rubung jebug tolih, lenganè uler lulud. Iku padha endelen

dadi sawiji, nuli tamakna kang kagepok awakè.”

Umbul Warsaya sandika. Pun Paniwaka umatur :

“Pukulun, pun Warsaya sampun tanpi kagunan, sarta

badhè kathah tiyang kènging dhuyung.”

“Hè Paniwaka, aja sumelang atimu. Sira dadia jurugina.

Tegesè : angruwat guna.

Ngupaya wijèn ireng, balarak pucang, laos, pala, cengkèh

pitung galintir lan karok tuwut, dukut kamarunggi pitung

lembar.

Page 174: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 174

Godhong pala lar nem punggel, kayu jaè, kayu areng, kayu

kamadhuh, padha keriken. Lan gadhung sarta suruh aking.”

Pun Paniwaka sandika. Pendhak dinten dhateng malih

ngaturaken kawontenan. Pangandikanipun Resi Satmaka,

“Gadhungè benemen.”

............................................................

............. halaman 137 hilang................

............................................................

Sanalika Resi Satmata medal perang. Prabu Silacala kacandhak.

Pangandikanipun Resi Satmata :

“Sayekti sira bakal mati saka naraka.”

Prabu Silacala amangsuli :

“Swarga naraka iku wus pacanganingsun dhèwè. Yèn

ingsun duraka, sayekti tibèng naraka. Yèn ingsun

katarima, yekti manjing swarga. Nanging swarga naraka

iku marganè saka antaka. Dènè antakaningsun, ujaring

wacana gampang baè.”

Resi Satmata mangsuli :

“Kaya paran ujaring weca?”

Prabu Silacala mangsuli :

“Ingsun duwè cangkriman telung kecep. Bisa ambatang

weruh werdinè sarta anyanggemi, iya ingsun jatèni ujaring

weca.”

Resi Satmata mangsuli :

“Kaya paran cangkrimanira?”

“SUPI LAPI LAPA, SUPI LAKU PALA, KUPI LASU PALA.

TEGESIPUN : Wit dhakah woh dhakah, wit dhakah woh

dhikih, wit dhakah woh dhikih.”

Pambatangipun Resi Satmata :

“Wit dhakah woh dhakah : kalapa.

Kajengipun : putra-wayahipun Prabu Silacala kapurih

mulyakaken.

Page 175: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 175

Wit dhakah woh dhikih : waringin.

Kajengipun : pawestrinipun sampun kaalap.

Wit dhikih woh dhakah : semangka.

Kajengipun ; anak-putuning wadya ingkang pejah prang

kapurih anggentosna.”

Sareng Rsei Satmata sampun ambatang sarta sangem, Prabu

Silacala awewarti, sèdanipun saking numpak padhatinipun Sang

Hyang Bathara Surya sakedhap dhateng, lajeng katrap ing

padhati, kabekta mangilèn leres. Kadhawahaken satelenging

samudra tanah Sumedhang.

Kacariyos lajeng dados tosan wesi brani. Dènè para kadangipun

ingkang pejah ing rana sami dados redi alit-alit wonten ing

marpat Kapanasan. Dènè wasèsaning ngayuda sadaya sami

anungkul.”

Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, duk

miyarsa gremeng-gremenging caritanipun para ratuning jim

sakawan pisan wau, dahat suka leganing galih. Rumaos sampun

wonten aling-alingipun dènya lampah sesiluman. Pangandikanipun

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Hè paman raja catur, dahat suka bingah kula dènè si paman

sami saged andongèng caritaning para Jawata. Yakti badhè

dados lantaraning katarima dhateng para ratu ing tanah Jawi,

awit ing nagari Demak punika kaècalan sajarah uruting

caritanipun para ratu ing tanah Jawi. Mila ngantos sapariki

anggènipun ngupaya PUSTAKA RAJA, pusaka karaton ingkang

saged gancar dalah taun, wulan, masa, dinten Buddha, supados

wontena ingkang dados teturutan.

Jalaran awit Demak sapisan utusan pujangga, wali, nama

Kalinyamat, boten saged dumugi pangupayanipun. Sunan

Kalinyamat kaselak pejah, mila boten saged kalampahan

angimpuni PUSTAKA RAJA. Mila saupamikula dumugi ing nagari

Page 176: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 176

Demak, mangka taksih angupadi carita bituwahing praja, si

paman punapa boten balèjani?”

Aturipun jim sakawan kados ing ngandhap punika :

“Dhuh Sang Pinuji ing bawana, sadèrèngipun kula manjing ing

pramana, èsthining manah kula sami ngidhep ing Paduka.

Asrah pati-urip. Sakarsa sumangga. Mangka ing mangkè kula

sampun nunggil sajiwa-raga, yakti badhè boten saged èwah

gingsir saking sarira Paduka. Èwadènè purbawasèsa sampun

dumunung wonten ing kajat jatiwasèsa Paduka. Tegesipun

makaten :

Pramana punika asal saking wahyaning pranawa,

kawimbuhan prabaning atma, kalunturan wahyaning

Suksmajati. Dènè ingkang lumampah ing dalem tinten utawi

dalu, sami katarik saking wewenanging Nur Muhkamad.

Tegesipun : cahya kang pinuji.

Dènè ingkang muji inggih saking Paduka piyambak.

Ingkang pinuji inggih boten liya saking Paduka.

Mila prabaning Nur Muhkamad kawasa anglimputi dhateng

manon, tumancep wonten wewadining manubawa. Temah

asisilih aran SANG HYANG MANU MANONTON, inggih

punika kahananing Manik Sajati.

Ingkang makaten wau tetep wonten ing Paduka. Sorotipun

sumarambah dhateng kawula.

Mila cahyaning pramana punika sampun kènging dipun

basakaken Manikmaya.

Menggah wisèsaning prangawasa kados makaten

pamanggih kula :

MANIK punika teteping dadya, dumadining sipat,

wujudullahi. Inggih punika dènè sampun kaaken rahsaning

Dat sajati.

Menggah ingkang nama MANIKMAYA : MANIK punika

Paduka, MAYA punika kawula. Mila katetepaken dados

satunggal kaliyan pramana, amimbuhi purwbawisèsaning

Page 177: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 177

pancadriya. Yakti boten kènging yèn kapisaha, awit MANIK

tanpa sorot, kados pundi pamawasipun?

Sorot tanpa MANIK, punapa ingikang kadamel gèyongan?

Mila kaupamèkaken SOROT lawan SOROTIPUN.

Mila sampun tetèla, kawula punika dados piranti Paduka ing

salaminipun. Saupami Paduka badhè nyorog ing pangawasa

kawula, yakti anut sacipta Paduka. Manawi kirang meleng

pamanthenging cipta, yakti sorotipun boten saged

mahanani sedya. Èwadènè pamanthenging cipta Paduka

meleng, boten sumorot dhateng pundi-pundi. Yakti saged

dados saciptanipun, teka sedyanipun, ana sakajatipun.

Menggah ingkang kawula andharaken makaten wau

tegesipun, sadaya ingkang kawula lampahi inggih amung

anut miturut sakrejeting kajat Paduka kèmawon. Dados ing

sasolah bawa, sacipta rasa Paduka, kawula amung darmi

anandukaken. Nadyan awon-saè, inggih kantun ngleluri ing

sakarsa Paduka kèmawon, awit sampun nunggil sarasa ing

awal-akiripun. Mila tangèh yèn mlèsèta. Boten langkung

kawula sadaya punika amung anut sakrejeting caipta

Paduka.

Menggah sadaya atur kawula ingkang makaten wau,

sanadyan Paduka sampun andhawuhaken asal kawula

sadaya wau : saking cahya cemeng, saking cahya abrit,

saking cahya jenè, saking cahya pethak, sareng sampun

katunggilaken kaliyan pramana, sumarambah dhateng

pancadriya, punpa inggih medala saking Muhkamad

Maja...... katancepaken dhateng Muhkamad Sajati?

Sababipun ing kawula sampun manjing Isbat. .......ratipun

sampun dados warangkaning rahsa.

Page 178: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 178

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga suka penggalihipun. Mila

lajeng sowan ingkang uwa......................

....................................................

..........halaman 141 hilang............

....................................................

Kaki Walakas amangsuli, “Paèdahipun tiyang lelana punapa ?

Dadak wareg anak-bojonipun? Bèdha kalih kula, sampun guguh

taksih kluyuran angupaya bukti. Nemahi beberah garu maluku

macul, saking ajrih kaluwèn.”

Kaki Walaka mangsuli, “Iya iku wong ora ngandel marang

kamurahaning Pangèran. Nandhakakè tipising ati.”

Wangsulanipun Kyai Walakas makaten, “Inggih leres tiyang

kumendel punika badhè kandel, awit nyata yèn Pangèrang punika

mirah, angudanèni sakajating tiyang sarta sampun kanyatahan

dhateng saliring dumadi. Nadyan salebeting kayu, watu, tamtu

tinaning tedhanipun, pinanci sasedyanipun dumadi sadaya dèning

Pangèrang Kang Maha Kuwasa. Nanging, kurubing kawula punika

sampun rinilan punapa kajatipun awon-saè. Balik anak-bojo ing

wingking ugi kedah kula saranani bausuku, awit wajibing kawula

kedah istiyar. Dados kènging tinembungaken : KUMLAWET PUNIKA

KEDAH KUMLAWE. Sandyan sampun angsal kamirahaning Allah,

yèn boten angluluh jasatipun, tamtu inggih amung sapancèn

kèmawon. Tegesipun, inggih amung mangan-manganan, awit

dipun bektanibausuku boten kalampahaken. Dipun paringi mata-

kuping-cangkem-irung, boten kaanggè ningali sarta boten kaanggè

ngrungu, ngambu, angucap.

Yèn makaten badhè ngicalaken wewenanging Pangèran. Mangka

cariyosipun bapa kula, Gusti Allah punika boten saged ningali.

Ingkang dipun agem aningali inggih mripat kula punika. Boten

Page 179: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 179

saged miyarsa. Ingkang dipun agem mirengaken angagem talingan

kula. Boten saged ngandika. Manawi angucap angagem lèsan kula

punika. Boten sage angganda, muhung angagem grana kawula.

Mila saupami boten kula, yakti malah angicalaken

pangawasanipun.

Badhè sapinten dosa kula ing Pangèran? Jer bèda kaliyan

lampahipun para wali. Nandyan nganggur pitekur wonten griya

kèmawon, yakti nedha, awit sampun angsal pepancèn tedha saking

ratu Jawi. Tur kathah. Punapa dènè inggih kados kèmawon meleng

tèkadipun, dados ngilmunipun, awit lenggah siti sèwu karya

punika kathah.

Botenè kula puniki, kuli ngolak-alik galengan, amung salupit,

nanging jalimet pamardi kula, inggih nyekapi. Amung tetimbangan

: apsah pundi nganggur kaliyan angupakara?

Ingkang nyamèni tiyang èbah bausukuning kados boten wonten,

awit apngal punika pirantining ngagesang, tuwuhipun saking

pundi.

....................................................

..........halaman 143 hilang............

....................................................

Kayai Walakas boten suka, ingkang sedya uninga meksa. Dados

kalampahan udreg-undregan. Dangu-dangu Kyai

Walakasngulungaken jenthikipun, katingal cumlorot saèngga cahya

purnama. Kakai Walaka kagyat sigra anungkemi pada, sarwi

sesambat lara-lara, dènè ingkang uwa karsa nyobi kasudiraning

sedya.

Ingkang uwa ngandika, “Aja dadi tyasira. Sajatinè mung arsa

nyatakakè katemanira marang wewekasingsun. Wasana wus

kanyatahan sira ngèstokakè pituturing wong ngatuwa. Yèn

mangkono, sira wus tetèla dadi pandam pangaubaning para umat

Page 180: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 180

kabèh. Anjaba iku kulup, sira dèn ènggal marang prajèng Demak,

awit samengko wus ana anataranè sireping lelakonè nagara.

Ingsun darbè sumitra, wong wadon, aran Nyai Purnamasiddhi. Iku

rada matjenun tèkadè, awit kapanjingan wadyaningsun. Ing kono

sira anjujuga, supaya bisa angalingi raganira.

Tur biyèn wus kulina lawan duk timurira. Awit iku arinè si

Mandhapa, sutanè Rekyana Patih Lagung, gedhana-gedhini mung

loro, lanang wadon. Marmanè sira angakua yèn sutanè

Tumenggung Wilatikta ing Tuban. Dadi sira kaprenah bibi. Èwa

samano sira wus anggawa rowang, jim papat baè dadi obor,

supaya akèh piyandelè marang sira.

Hèh jim papat pisan, ing samengko sira wus kapisah lawan ingsun.

Poma kang bener, becik enggonira njaga rumeksa saparanè

sutaningsun Jebèng Kalijaga. Jujug panggonanè Nyai

Purnamasiddhi, ananging supaya akèh piyandelè, ing samangsa

wus teka panggonan, sira banjur miwitana swara dedongèngan.

Ènggaling carita, mangkat, wus tekèng gon, lajeng carita.

Mangkana lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Sapengkeripun saking wukir Mahèndra, lajeng terus kapanggih

Nyai Purnamasiddhi.

Wantuning jim widadari, dados boten kasamaran rawuhipun

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Sigra ingacaran lenggah, sarwi

matur tetakèn.

Wangsulipun, ngaken saking Wukir Mahèndra, mituhu dhawuhipun

wewelinganipun ingkang uwa. Nyai Purnamasiddhi lajeng grahita,

yèn pangojokipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Mila aturipun

amung sandika.

Page 181: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 181

Boten dangu Nyai Purnamasiddhi temah ngukut ing cipta rasa,

sinungku ing pudya. Tan pantara Nyai Purnamasiddhi lajeng

ngracut ing tèkat. Dadya sakala muksa, manjing wonten

wentisipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ingkang kiwa, sarwi atilar

pangandika makaten :

....................................................

..........halaman 145 hilang............

....................................................

Nyai Purnamasiddhi aturipun makaten, “Ing nalika kula taksih

kenya, kapundhut dados garwa pangrembènipun uwa Paduka,

Kangjeng Susuhunan Lawu. Wasana sareng kula dipun timbali,

pamit, margi boten natè sumerep sarèkaning sanggama. Uwa

Paduka kadereng ing karsa, temah tumedhak angruda peksa. Dupi

uninga ing wewadon kawula wuntu, lajeng boten saèstu ngrurah

asmara. Kapara dinangu mula bukanipun. Kawula atur sajarwa, yèn

tanpa bapa tanpa biyung. Ing nalika jaman nagari Makukuhan

kawula punika bangsa widadari, kadadosan saking soroting wulan

anuju purmanasiddhi. Amarengi grahana, dumadakan soroting

wulan tanggal gangsalwelas, wonten cahya malebet saking

rembulan, dhawah dhateng woh kelapa wulan. Sareng ing wanci

kering, kalapa rentah mangandhap, dipun pendhet ing tetiyang.

Pinacakan, kalapa wau mripatipun boten wonten. Sareng dipun

ocak-ocak, sampun garing. Dupi badhè dipun kepruk lajeng dados

janma, inggih eujud kawula punika, asal saking kalapa wungkul,

jalaran tanpa mripat. Wah nalika taksih wujud kalapa,

sakalangkung atosipun, ngantos dipun kepruk ing alu meksa

boten pecah. Sareng dumugi dalu pecah piyambak, dados

widadari, nama Dèwi Wungkulan. Sareng kagarwa ing uwa Paduka,

dipun namèkaken Retan Purnamasiddhi. Sareng sapunika amung

Nyai Purnamasiddhi dipun dhawuhi angadhang walitama, kinèn

anuksma wentis kiwa, supados anambahi kasektèn Paduka.”

Page 182: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 182

Kangjeng Susuhunan angandika, anedha narima, “Ing mengko apa

sira ènget prenahè galugu duk dadi uwiting krambil wuntu mau?”

Aturipun Nyai Purnamasiddhi, “Taksih ènget. Kapara galugu wau

ing saben awoh taksih anèh, jalaran ingkang limrah kalapa punika

mripatipun tiga. Manawi uwit tunggil kawula wau kalapa mripat

satunggal. Menggah kagunanipun inggih kathah. Manawi ngantos

saged ngenthos, ingkang nedha asring katumbusan

pangawasaning kalapa mripat satunggal. Trekadhang saged

gadhah wijing kraton. Dènè ingkang sami bibit cikalipun, inggih

kathah kèmawon, ananging manawi boten dados panengeran

tamtu boten cukul. Saking pawartining kathah, satunggal kalih ugi

wonten ingkang tuwuh, sapariki saged dados witing kalapa.

Kawula dèrèng uninga pangawasaning woh mai. Bokmanawi badhè

wonten babaripun :

1. Kyai Babul.

2. Kyai Gedhè ing Giring.

3. Kaki Jaladara, ing dhusun Ngawèn.

....................................................

..........halaman 147 hilang............

....................................................

........... dhawuhing sasmita. Bèda temen kaliyan duk Paduka

ingkangvrawuh. Kula pètangi dhawah saè, tur kanyatahan kaliyan

wangsitipun ingkang uwa. Punapa dènè kadugèn sakajat kawula.

Yakti bonten langkung kawula anung sarèh Paduka.”

Kangjeng Susuhunan ing kalijaga saya sukaning galih sareng

miyarsa aturipun Nyai Purnamasiddhi wau. Mila pangandikanipun

dahat arum manis dhateng Nyai Purnamasiddhi, “È Nyai, mungguh

kang dadi pojaranira iku kabèh wus ora ana kang nalisir, sarta

Page 183: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 183

banget tanceping ngati, lawan saparlunè karepira wus dadia sawiji

lawan cahya Murcahyaning Kajat jati wasèsa. Lan sira wus ingsun

lilani nunggal ana wahyaning pancadriya, anumusana baè marang

kadibyaningsun. Soroganè iya saka ing pupu kiwa.”

Nyai Purnamasiddhi sampun kapareng anunggil rahsaning Dat

Kang Agung, gumadhuh wonten salebeting westisipun Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga.

Ing nalika samanten lajeng amratandhani wimbuhing kasudibyan

utawi kawicaksananipun, angungkuli sasamining para wali sadaya.

Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

angèstokaken dhawuhipun ingkang uwa. Dados samangkè sampun

boten sedya ngatingalaken sariranipun.

Kacariyos malih Sang Mangun Lelana anuju kondur dhateng ing

Kalijaga. Saweg sadinten sadalu aleleson salebeting masjid. Ing

wanci gagat bangun ènjing Kangjeng Susuhunan karaos ing dalem

rahsa kumenyut, angandika sinarengan swara arum makaten :

“Wus netepakè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga pinaringan

kayun pidarènè, rinilan amurba amisèsa sèsining jagat raya.

Tegesè KAYUN PIDARANI : urip ing awal akir, langgeng boten

kènging èwah gingsir, sajati-jatining tunggal ing dalem ANI’AN

MARI’AN.

Tegesipun : kantun ènak kapènak, nikmat lawan manpangat,

awit sampun boten kagungan cipta punapa-punapa, boten pilih

kasih. Boten kagungan arip, luwè, lupa, èwan, panastèn,

sapanunggilanipun sampun boten tinolih. Suka sungkawa,

nistha madya utama, minep, tan nedya cidra-cinidran, tan

paran-pinaran, tan ngidhep, tan kaidhep, tan minep, nora

menga.

Tegesipun : ngeblak, tanpa aling-aling, nanging pilih kang

uninga manawi boten kanugrahan.

Page 184: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 184

....................................................

..........halaman 149 hilang............

....................................................

Ing ngandhap punika amratèlakaken cariyos reringkesan, ing

nalika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak dhateng Kadilangu

gerah, dumuginipun sèda, awit tanggal sapisan dumugi tanggal

sadasa Mukharam.

Kangjeng Susuhunan Kalijaga sèda, sumarè ing Kadilangu, lajeng

ngaturi wuninga dhateng Demak.

1. Susuhunan Panggung katamuan gurunipun, awit tanggal

sapisan dumugi tanggal kaping sadasa Mukharam. Kangjeng

Susuhunan Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil

luhuripun Sunan Panggung, wonten ing Toyajenè. Dadya atur

uninga dhateng Demak.

2. Sunan Ngudung katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan

dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Sunan ing

Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Kasènapatèn, dhusun

Ngudung.

3. Sunan Pandhanarang ingkang wonten ing wukir Tembayat

katamuan gurunipun, awit tanggal sapisan dumugi tanggal

sadasa Mukharam, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gerah

dumugi sèda, sumarè ing Tembayat.

4. Sunan ing Gunungjati katamuan putra mantu, awit tanggal

sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing

Gunungjati.

5. Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, katamuan guru, wiwit tanggal

sapisan dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng

Susuhunan ing Kalijaga gerah dumugi sèda, sumarè ing Wukir

Pantaran.

Page 185: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 185

6. Sèh Molana Mahribi katamuan ipè, awit tanggal sapisan

dumugi tanggal sadasa Mukharam. Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga gerah lajeng sèda, sumarè nunggil luhuripun ipè

wonten Ardi Merapi.

7. Kyai Ageng Getas Pandhawa ing Sèla.

8. Adipati Dayaningrat, Pengging.

9. Kyai Mrisen ing delanggu.

10. Kyai wanabaya ing Semuyan.

11. Radèn Arya Widanangga, Dalepih.

12. Nyai Gèmbèl ing Pakisdadu.

13. Ratu Mas kalinyamat.

14. Nyai Sèh Lemahbang.

15. Kyai Mretawangsa, Galinggangan.

16. Radèn Puspita, Galinggangan.

17. Kyai Tangguru, ing Pringtulis.

18. Jaka Mandhapa ing Godhèyan.

19. Kaji Muryani ing Caruban.

20. Kyai Soda ing Randhukuning.

....................................................

..........halaman 151 hilang............

....................................................

.............sanagari, tuwin para wali sadaya gègèr pepuyengan.

Dadya ing siyang dalu malebet ing pura, ngengimur sungkawaning

Nata, ananging boten saged malebet sapocapan. Aturing para wali

amung saking sajawining kori gupit pasarèyan kèmawon.

Dènè para wadya bupati, patih tansah tuguran wonten ing

Srimanganti. Watawis antuk tigang dinten tigang dalu Kangjeng

Sultan sebawa pangandika dhateng pramèswari Natadèwi,

dhinawuhan matedhakaken pepulih arta waragadipun para

tetiyang ingkang sami kabrokan. Patedhan-dalem naracak tan na

Page 186: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 186

kinacèk. Ing dalem tiyang satunggal satus rupiyah. Amung

Pangèran ing Kadilangu piyambak gangsal atus rèyal, sarta

lenggahipun siti ingkang sèda dipun lestantunaken dhateng

ahliwaris ing wingking.

Kala samanten para wadya punggawa sampun mangkat

amaradinaken peparing-dalem liruning waragad sadaya, sampun

waradin.

Kalanipun dhawuh amung sabawa kèmawon, wasana lajeng

dhedhep sirep malih. Ngantos salebetipun kawandasa dinten

Kangjeng Sultan sampun boten sabawa, boten kapiyarsa

kalesetipun saking jawi. Mila sadaya ingkang rumeksa saha

nginten manawi nglalu lampus ambèlani guru. Kala smanten malah

sangsaya geng sungkawanipun para garwa putra tuwin para wali.

Lubèr dateng patih, bupati, wadana, ingkang sami tuguran ing

Srimanganti. Kapara sampun sami ndandosi kardha ingkang badhè

kagem tabela. Utawi sampun amatah-matah wadyabala gung saput

gegaman, sarta sakathahing bau nagari sampun ingaweran sadaya,

boten kènging kesah, awit badhè nyadhang damel parlu.

Kacariyos Adipati Panangsang ingkang sampun dangu pacak baris

pendhem, sareng miyarsa warta ing Demak kapaluh kapalupuh,

sami retu kataman dhukita dahat, Arya Panangsang lajeng

ngerapaken baris. Kebut angrampit prang, nanging boten kacarita,

margi laladaning Serat Babad. Mila kaanggè bèda, boten nunggil

kaliyan bangsaning ngilmi raos.

Amangsuli lelnglenging para wali ingkang sami nglelipur

sungkawa, malah tan amiguna. Mila para wali milalu nglèrèg

anggènipun tugur. Nunggil para bupati ingkang jagi rumeksa

wonten ing Srimanganti.

Page 187: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 187

Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, saking genging

sungkawa dahat, temah sapatemon lawan Kangjeng Susuhunan ing

Kalijaga.

Ing ngandhap punika amratèlakaken sapatemonipun Kanjeng

Sultan ing Demak akaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga,

wonten salebeting pasarèyan. Dènè pramèswari Nata tuwin para

wali, patih, bupati, para wadya punggawa ingkang sami tugur ing

lebet kadhaton, punapa dènè ingkang sami wonten ing

Srimanganti, boten anginten manawi katamuan. Ciptanipun amung

saking sangeting sungkawa kèmawon. Mila ing rinten dalu taksih

ajeg tinengga.

Sareng sampun lami, Kangjeng Susuhunan dhawuh mengakaken

sarta para tugur kinèn ambibaraken. Sultan Demak winarah ajeg

padataning karaton, amung salebeting pasarèyantansah kaagem

pasarèyan tumunipun. Mila boten rinilan anata tinebahan, amung

sinaji-saji ing dedupa miwah sarwa suganda mrik arum. Nadyan

pramèswari, boten kalilan parek ing pasarèyanipun Sang Nata. Mila

kapatuh dumugi sapunika, ing saben para ratu, pasarèyanipun

kedah pisah, boten kapareng tunggil pasarèyan. Anjawi manawi

kagungan karsa, wajib kakungipun ingkang nedhaki, awit

dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Sing sapa arep katekan sedyanè, aja nunggal paturon lawan

wadonè. Becik pisah enggon dhèwè-dhèwè. Iku wajibing ratu.

Nadyan wong cilik, manawa kinadarakè bisa, uga becik angirib-

iriba. Watekè awèt kabejanè.”

Kacariyos sareng sampun angsal dhawuh, sadaya wau dipun

laksanani, sarta angger-anggering nagari, wewatoning karaton

boten dipun èwahi. Punapadènè tatakramaning para putra santana

taksih ajeg kadi sabenipun. Nadyan pasowananing para wali tuwin

para kriya tulus sami nambut kardi. Wimbuhipun amung

Page 188: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 188

ngudanaken dana ing saben malem Jumungah, Anggarakasih,

sarta tanggal sapisan. Ingkang majibi maradinaken hardana,

bupati kekalih, jawi lebet, kanthi punggawa anggandhèk kiwa

tengen. Lami-lami amung kajibahaken wadya pethilan saking

bupati wolu, wimbuh pethilan wadya prajurit jawi lebet

anyatunggal. Inggih punika wiwitipun wonten punggawa

Jaganagari, tulus sapariki.

Mila kramanipun Adipati Panangsang saweg sawulan kèmawon

sampun kauningan, inggih saking palapuranipun wadya Jaganagari

ingkang maradinaken hardana. Ananging jaman sapunika boten

maradinaken hardana. Malah Jaganagari madosi durjana.

Sampun boten kapratèlakaken sapakartining karaton Jawi taksih

ajeg. Gantya ingkang winursita, salebetipun Kangjeng Sultan ing

Demak pepanggihan, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga

anggelaraken wasitajati tiniti kados ing ngandhap punika :

“Jebèng, sajatinè kang diarani URIP iku rong prakara, padha

dadi paugeran kabèh.

1. Kang dhingin : URIPING BUDI.

2. Kapindho : URIPING NGATI.

Mungguh URIPING BUDI iku, kabeèh kang obah, kabèh kang

swara, kabèh kang piyarsa, kabèh kang kadulu, kabèh kang

kawacana, kabèh kang ginanda; sapanunggalanè iku tanda

saking purbawisèsaning Apngal. Iya iku tetep uriping

panggawè. Dadi wus kena dèn arani WAHYANING KAJAT

JATIWASÈSA, kasorotan saka angen-angen kita dhèwè.

Mungguh kang sinebut URIP KAPINDHO iku kabèh tetèla metu

saking garuneging ngati. Marmanè anuwuhakè gagasan,

ambabar cipta kang uwas sumelang, panastèn, panasbaran,

sungkanan, èwanan, gumunan, èraman. Marmanè bisa

Page 189: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 189

angarani tembung durung karuwat, kurang piyandelan, jailan,

pathakilan. Kabèh iku iya padha kena diarani URIP PRIBADI,

nanging kasorotan saking wasèsaning napsu patang prakara :

CAHYA LUAMAH, AMARAH, SUPIYAH, MUTMAINAH. Marmanè

urip kawasa agawè rahsa patang prakara : LEGI, GURIH,

PEDHES, ASIN; sapanunggalanè wau iya padha saka wahyaning

patang prakara kabèh ing kauripanira.

Dènè yèn wis padha ngumpul dadi sawiji, yakti banjur darbe

harkat ingkang anuwuhakè prihatin utawa kanggonan bungah.

Tetep suka sungkawa iku sajatinè uriping Apngal kabèh. Dadi

amung mirid saka uriping Apngal, iya saka obahing budi,

gagasaning ngati kabèh.

Mangka satuhunè urip iku saka heneng. Tegesè : malah kang

wus ora obah. Iya iku sanyata uripdhèwè, ora ana kang

nguripi, awit nyata uriping Pangèran kang èlok. Tetep, ora

owah gingsir. Iku iya kang wus ora obah. Ing kono kang

anglimputi tan lyan saka rahsa kita pribadi.

Marmanè bisa agawè tumangkaring cipta kang tanpa sinedya.

Kabèh kang kadulu, kang karungu, kang angucap, pada

kalimputan pakartining heneng.

Marmanè èlok yèn anaa, mokal tan ana. Nyatanè ana ing sira;

oranè iya saka ing sira; osikè muhung sira. Ora kacamburan

urip kang saka patang prakara iku. Nyatanè wus mratandhani,

dèn arani SENENG. Tegesè : nyata sawiji kang wus heneng, iya

iku kang ora obah. Yakti ora kena winor lawan uriping budi

lawan ati. Sarta wus mratandhani kahananing seneng iku

tanpa suka sungkawa, tanpa lara, tan amati. Mung waluya

nirmala jati.

Ananging salugunè HENENG iku URIPING PANGÈRAN PRIBADI.

Èwadènè babaring urip kang sanyata mau kawasa anyoroti ing

cipta rasa, nyipta kang heneng pasthi tumeka, anggagas

dadining angen-angen.

Page 190: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 190

Tandha heneng iku winenang, andadèkaken kang ora. Ora iku

bisa ngakakè kang nyata. Mula ngibarate tinembungakè

ATINING WULUH WUNGWANG.

Dadi kang diarani WULUH WUNGWANG iku saka gaibè. Ananè

nganti sinengguh ora ana, karana wus padha anandhani Allah

iku dhasar suwung, Pangèran iku ora sanyata.”

Kala samanten Kangjeng Sultan ing Demak, duk ingandika

makaten wau, manawi dèrèng sumerep, inggih sinengguh raosan

bangsaning ngilmi Makripat, dalah babaranipun pisan, awit inggih

sanyata anggelaraken pingiling raos. Ananging saluguning

pangandika asmu deduka, winor ing pituduhaning ngilmi. Mila ing

nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kados pinecat

nyawanipun. Temah apariwara ing batos, ngamungena sariranipun

kèmawon katambetan tyas gugon tuhon. Nalika kagega aturipun

para wali, yèn Kangjeng Susuhunan duk winartakaken sèda,

wasana kawelèh, taksih sugeng. Dados salebeting galih

sakalangkung mèrang dhateng guru. Wasana lajeng matur,

“Nyuwun sagedipun sadinten punika ndèrèk ing Paduka.”

Wangsulanipun makaten :

“È Jebèng, teka dadak gampang temen antaraning pati. Yèn

kena pinathèkaken pati jinaluk, saiba kènè wong padha njaluk

mati. Awit saka cupet sedyanè, tuna uripè, pepet sandhang

panganè, anjaluk mati baè. Wus ora sumurup obah asiking

jagad.

Balik sira durung wancinè, amesthi malah tandha bèma, salah

tunjangan, awit andadak kapatènira dhèwè. Èwadènè

mungguhing wirang iku mung wus ing sawatara baè. Tegesè :

iya kang bisa ngantep sapakartining obah. Tegesè : manungsa

kang ora obah iku iya kena diarani MAJENUN, karana wus

weruh ing kènè-kana.

Dadi birahining budi kang bakal andadèkakè cipta maya.

Page 191: SERAT KAKI WALAKA - alangalangkumitir sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA

===== www.alangalangkumitir.wordpress.com ===== AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 191

Lamun sira wus bisa minangkani kanthining pamenthang ing

dalem pepanthengan, pasthi ora nista ing tibanè, sarta amimbuhi

manubawa ing dalem enggon kita, ambawani bawana.

Manawa sira ora mituhu kang dadi wewekasingsun yakti walam

uk’alam sira nunggal lawan ingsun. Ora luwih mung padha andum

raharja. Ujer sira bangkit anjajah jroning budi, iya bokmanawa bisa

dadi saciptanira.

Mungguh wasitaningsun kang wus sira anggo, titikanè kaya wong

kalebu ing warih. LAMUN BISA ANEBADANI OMBAKING BANYU,

PASTHI WERUH SAJRONING RANU KABÈH.”

T A M A T

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Disadur ulang oleh :

Mas Kumitir

Selesai pada jam 21.30 WIB, hari Selasa, 15 Nopember 2011

Di Sidoarjo Jatim

Cathetan : Titi rampunging panedhak mawi Aksara Latin kala dinten Selasa, 12 Januari 1988, Wanci jam 9 dalu, ing Jakarta. Katindakaken dening : ASTUTI HENDRATO – DARMOSUGITO. Catatan : Bagi para pembaca blog yang budiman, saduran Serat Kaki Walaka ini ada beberapa halaman yang tidak ada/rusak dan apabila diantara para pembaca yang mempunyai koleksi Serat Kaki Walaka yang masih utuh mohon dengan segala hormat untuk mau berbagi dengan kami agar naskah ini utuh kembali dan para pembaca yang lain bisa mengetahui urutan ceritanya secara lengkap dan tidak terputus-putus. Trimakasih atas kepeduliannya. Bisa dikirim di email : [email protected]