Pidato Bahasa Jawa

5
Assalamualaikum Wr. Wb Para juri ingkang dahat kinurmatan ugi bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi,lan para rawuh ingkang bagya mulya. Sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahingga kita sedaya saget kempal wonten ing mriki kanti sehat lan mboten wonten alangan punapa kemawon. Para rawuh kinurmatan. Kula wonten ing mriki badhe matur babagan budhi pekerti. Salah satunggaling solah budi pekerti ingkang luhur inggih menika kita kedah nggadahi andap ansor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpamanipun unggah-ungguh kaliyan Bapak Ibu guru, tiyang sepuh kekalih,tetanggi, lan sedaya tiyang sanes. Sakmenika sampun kathah piyantun nem ingkang sami mboten nerapaken budi pekerti, tata krama lan unggah-ungguh. Wanci punika,sampun kathah sanget tuladha ingkang mirisaken wonten manah kita sekalian. Kathah piyantun jawi anamung tumindhakipun tebih sanget saking punapa ingkang dados cirikhasipun piyantun jawi. Unggah- ungguh, andhap ansor, tulung-tinulung lan sanesipun. Sampun dipunsebat “ ical” saking bumi jawi ingkang kita sedaya bangga’aken. Ingkang kathah piyantun nem sampun boten saget matur mawi basa krama. Sinten ingkang salah? Kita boten saget nyalahaken sinten-sinten. Kathah sanget lare alit ingkang boten saget matur mawi basa krama inggil lan kathah ingkang basa kuwalik. Para rawuh ingkang kinurmatan. Icalipun utawi lunturipun tata krama lan unggah-unggah saget dikasebabaken dening kabudayan bangsa sanes. Mliginipun NAMA : MUKHAMAD NUR KHOLIS KELAS : XII MIPA-4 ABSEN : 18

description

Testing

Transcript of Pidato Bahasa Jawa

Page 1: Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr. Wb

Para juri ingkang dahat kinurmatan ugi bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi,lan para rawuh ingkang bagya mulya. Sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahingga kita sedaya saget kempal wonten ing mriki kanti sehat lan mboten wonten alangan punapa kemawon.

Para rawuh kinurmatan.

Kula wonten ing mriki badhe matur babagan budhi pekerti. Salah satunggaling solah budi pekerti ingkang luhur inggih menika kita kedah nggadahi andap ansor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpamanipun unggah-ungguh kaliyan Bapak Ibu guru, tiyang sepuh kekalih,tetanggi, lan sedaya tiyang sanes. Sakmenika sampun kathah piyantun nem ingkang sami mboten nerapaken budi pekerti, tata krama lan unggah-ungguh.

Wanci punika,sampun kathah sanget tuladha ingkang mirisaken wonten manah kita sekalian. Kathah piyantun jawi anamung tumindhakipun tebih sanget saking punapa ingkang dados cirikhasipun piyantun jawi. Unggah-ungguh, andhap ansor, tulung-tinulung lan sanesipun. Sampun dipunsebat “ ical” saking bumi jawi ingkang kita sedaya bangga’aken.

Ingkang kathah piyantun nem sampun boten saget matur mawi basa krama. Sinten ingkang salah? Kita boten saget nyalahaken sinten-sinten. Kathah sanget lare alit ingkang boten saget matur mawi basa krama inggil lan kathah ingkang basa kuwalik.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Icalipun utawi lunturipun tata krama lan unggah-unggah saget dikasebabaken dening kabudayan bangsa sanes. Mliginipun kabudayan sanes ingkang kirang trep dumateng sipat-sipatipun piyambak, bangsanipun piyambak kedah kita bucal boten kita tuladhani.

Saking andharan kala wau saged jula pendet dudutan samenika budi pekerti ingkang dados cirikhas piyantun jawi sampun mulai ditinggalaken dening generasi mudha. Awit saking menika kegen ndadosi kawontenan ingkang sampun mekaten dipun betahaken kasadaran saking kita sedaya utamanipun generasi mudha kedah purun sinau tata krama,unggah-ungguh dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Sumangga kita sedaya kanthi nggiyataken panganggening basa jawi ingkang leres lan jumbuh kaliyan unggah-ungguh. Kita wiwiti saking diri kita piyambak mliginipun wonten ing kulawarga migunakaken basa jawi miturut unggah-unggah. Kanthi mekaten basa jawi saget boten ical saking gesangipun

NAMA : MUKHAMAD NUR KHOLIS

KELAS : XII MIPA-4

ABSEN : 18

Page 2: Pidato Bahasa Jawa

putra wayah benjing. Menawi tiyang sanes sinten malih ingkang badhe nglestantunaken basa lan budaya jawi punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Mekaten sesorah ingkang saget kula aturaken,mugi-mugi ndadosaken tambahing seserepan dumateng kita sedaya lan ingkang wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Page 3: Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak, Ibu lan sedoyo tamu ingkang kaulo hormati.

Puji syukur kita aturaken dening ngarsanipun Gusti kang Maha Asih, saking sedoyo rahmat lan kenikmatan saengga kita ing wekdal menika taksik saged makempal ing mriki kanthi pinaringan karaharjan.

Kulo lan panjenengan sedoyo sampun sami mangerteni lekne jaman sakniki niku pun benten kalian jaman rumiyen. Tuladhane mawon jaman sakniki niku ngalami perubahan ingkang namine globalisasi. Nopo niku globalisasi? Yaiku jaman anggenipun informasi ing manca gampang dipun goleki. Sahengga sakedik-sakedik kabudayan saking manca saget mlebet lan ngaruhi kabudayan kita. Kabudayan sakmenika enten ingkang sae lan ingkang awon. Umpami bab ingkang sae yaiku anggenipun manfaataken wekdal damel aktivitas mboten di sia-siaaken sahengga saget duweni watak engkang mulyo ing perkara wektu. Kabudayan ingkang awon tuladhanipun koyoto tata krama utamane srawung engkang luwih mentengno piambakan. Sahengga tata krama srawungan ing kabudayan kita sakedik-sakedik luntur. Tuladhanipun yaiku srawung kaliyan wong tua.

Ing kabudayan kita, tata kramanipun srawung iku benten dening wong tua kalian konco. Wong tua prayogane kudu kita ormati amergi piyambakipun luwih sepuh saking kita. Caranipun srawung kaliyan wong tua yaiku sopan, santun, lan migunakaken basa ingkang luwih alus utawi krama. Benten anggenipun tata krama kalian kanca. Nalika kalihan kanca sebaya, kita boten perlu ngagem basa krama lan boten perlu sesopan kados kaliyan wong tua. Bentenipun srawung marang kanca sebaya lan wong tua punika ndadosaken wontene ormat kaliyan uwong ingkang luwih tua. Ananging sakniki srawung marang kanca sebaya lan wong tuo raose mboten enten bedane, kayata srawunganipun bangsa sanes ingkang boten butuhaken tata krama umpami srawungan kaliyan uwong engkang luweh tua. Sakpunika nunjukaken yen kabudayan srawung bangsa kita sampun luntur lan diganti kabudayan bangsa sanes.

pidato bahasa jawa sopan santun

Kabudayan sae saking manca angsal kita tiru, nanging engkang awon kedae mboten kita tiru. Amargi kabudayan ingkang boten sae malah kita tiru, mila kabudayan bangsa kita sakedik-sakedik luntur. Mula monggo sesarengan kita lestariaken lan jagani kabudayan bangsa kita seng dados ciri bangsa kita. Supados kita boten kegeser kaliyan budaya manca, mula kita lakoni tata krama srawung engkang sae ing saben dinanipun kita.

NAMA : YUDHANANTO WIRA K

KELAS : XII MIPA-1

ABSEN : 35

Page 4: Pidato Bahasa Jawa

Semanten rumiyen saking kula. Napunten lan saestu mawantu sedoyo kalepataning atur. Pramila kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamuaikum wr.wb

Page 5: Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum wr.wb

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah. Bapak saha Ibu guru ingkang kinurmatan. Rencang-rencang ingkang kula tresnani. Sumangga tansah muji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wikan ingkang sampun paring kanugrahan arupi kawilujengan, rahmat tuwin hidayahnipun, pramila saged rawuh wonten ing papan menika.

Setunggal Kula badhe matur babagan kabudayan Jawi. Supados sampun ingkang sami-sami mangertos kathah sanget para wredha mudha mboten pinyambak menika kabudayan Jawi. Kabudayan Jawi menika kathah sanget ingkang sami purun nguri-uri supados mangertos sedaya para wredha mudha mboten remen kabudayan Jawi lan remen sanget kebudayan saking kulon utawi mancanegara ingkang mboten sami kaliyan kabudayan Jawi mboten sumbut tata krama Jawi nanging kabudayan kulon maringi kelakuan ala.

Kapindho Kula maringi pangertosan marang panjenengan sedaya ingkang saged supados mengertos kabudayan Jawi. Saderengipun nepangaken marang tiyang-tiyang kedah kula panjenengan sedaya rumiyen sinau utawi gladi babagan kabudayan Jawi, migunakake produk khas Jawi, asring migunakake basa Jawi ing padinan, nerapaken basa Jawi lan tata krama awit alit ingkang kathah sanget. Ingkang sampun, kula pamjenengan nepangaken tumprap masyarakat Jawi, Indonesia lan ugi mamcanegara kanthi sarana pagelaran utawi pameran kagem nguri-uri kabudayan Jawi.

Sementen riyen saking Kula. Kula minangka nyuwun pangapunten awit saestu mawantu kalepataning atur, pramila Kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

NAMA : ALIF ZULFIKAR

KELAS : XII MIPA-1

ABSEN : 02