Parikan Paribasan Bahasa Jawa

27
Parikan - Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter. Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr. - Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå. Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå - Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå. Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså. - Gódhóng kêcipír, mrambat kawat. Najan ora mampír, nangíng liwat. - Kêmbang jagung, dipêthik Cina. Barang wis kadhúng dikapaknå. - Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu. Dadi murid, sing srêgêp sinau. - Manúk kutút, manggúng nggantêr. Yèn ra nurút, bisa kêblingêr. - Wajik klêthik gulå abang. Aja suthík, yèn tumandang - Wédang bubuk, gulå jåwå. Yèn kêpêthúk ati legå. - Sêpêt sêpêt, sawone mêntah. Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah. - Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå. Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa. - Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari. Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati

Transcript of Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Page 1: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Parikan

- Awan-awan åjå keluyuran, ånå pak mantri numpak sêkuter.Kapan-kapan aku kêturutan, duwe kåncå sinauné pintêr.

- Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå.Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå

- Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå.Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså.

- Gódhóng kêcipír, mrambat kawat.Najan ora mampír, nangíng liwat.

- Kêmbang jagung, dipêthik Cina.Barang wis kadhúng dikapaknå.

- Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu.Dadi murid, sing srêgêp sinau.

- Manúk kutút, manggúng nggantêr.Yèn ra nurút, bisa kêblingêr.

- Wajik klêthik gulå abang.Aja suthík, yèn tumandang

- Wédang bubuk, gulå jåwå.Yèn kêpêthúk ati legå.

- Sêpêt sêpêt, sawone mêntah.Diêmpêt êmpêt sêlak ora bêtah.

- Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå.Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa.

- Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari.Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati

Paribasan (Peribahasa dalam bahasa Jawa)26 Comments

Paribasan; Bebasan, Saloka

Page 2: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake puponAndaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakaraneAndaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilangAwak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudeneAbag-abang lambe = guneme mung lamisAdol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bageanAkadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksineAna bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebayaAnirna patra = ngungkiri tulisane dheweAngin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidhemanAngon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindakeAsor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krunguAdhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-oleheAji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sidaAna gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolongArep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasaneAsu belang kalung wang = wong asor nanging sugihAsu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur

Page 3: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

panguwasaneAsu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwaAti bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalanAna catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyanAnak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anakeArep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasaneAdigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinteraneAncik-ancik pucuking eri = tansah was sumelangAsu marani gebug = njarag bebayaAsu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati

Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake paseduluraneBapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawabmBarung sinang = nyela-nyela wong gunemanmBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-anggermBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentahmBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagaramBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekasemBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka alamBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe alaBathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayaniBeras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maunemBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhiBlilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoniBalung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dinaBathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya patiBathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya patiBubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalanBung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udutBusuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilakaBecik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketaraBelo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake

Page 4: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing ajiBathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudeneBebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisaBebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginasBima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasaneBramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiriBrekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremiByung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune

Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedaheCarang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembugCar-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisikCathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak gunemanCecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahananeCebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhakeCebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusananeCecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwataneCedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut alaCengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhineCikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthineCobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asorCocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaananeCumbu laler = wong kang teka lunga pamanggoneCiri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti matiCincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akehCriwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akehCrah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu

Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liyaDigarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abotDudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelaniDuka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget

Page 5: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke alaDerman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribedDesa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dheweDadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruhDhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiringDhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becikDhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyanDhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atineDhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan sarananeDhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slametDibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales pialaDikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnaniDolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebayaDudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembugDurung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunemDhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis matengDudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngertiDurung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilikDurung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-nekaDuk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojoneDiwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarimaDipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakonDom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi

Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora kedumanEmbuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni

Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati bangetEmprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepeleEnggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraaEndhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamuktenEsuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malihEmban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil

Page 6: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akehEntek jarake = wis entek kasugihane

Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilikGajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebayangGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepaneGajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dheweGajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korbanGaluga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudeneGambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokakeGagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedheGarang garing = wong semugih nanging sejatine kekuranganGayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutanGliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakonGolek banyu bening = meguru golek kawruh sing becikNggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora benerNggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadiGawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kenenGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwasGecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak alaGedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumraheGeguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susahGemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjanGendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenakeGeni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonannGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis matinGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasilnGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dheweGiri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruhGolek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak alaGondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojoGotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayaniGreget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa senengngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis matiGumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh

Page 7: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruhngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenahGupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenakeGlugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudeneGlundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanangGong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni

Idu geni = sakuni-unine kelakonIdu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetuIwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampangIng ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya

Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manisnJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asilnJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asilJinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunanJalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehakeJati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong alaNjagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthiNjajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endiJalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkaneJamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas

nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehiJaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wediJarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa gunanJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) manehnJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake

Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petungKalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan oraneKarna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tularKebak sundukane = wis akeh anggone gawe pialaKebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani

Page 8: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe bangetKebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneranKebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokakeKebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemuKebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dheweKebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anakKebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enomKebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asaleKebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangiKecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isinKeduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasaKepaten obor = kelangan aluran paseduluraneKeri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentahKulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyanKumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruweKuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekaraneKakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyataKaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukunKadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwaneKacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwaneKandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhurKaton cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhaneKajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe bangetKawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedheKebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedheKegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembadaKekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeniKelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebuktiKemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhokiKendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paekaKeplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe

Page 9: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembadaKena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngatiKejugrukan gunung madu = nemu kanugrahanKethek saranggon = grombolane wong alaKencana katon wingka = arepa becik disawang ora becikKendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodhoKenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengiKriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedheKere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing panganKere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing panganKerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragadKerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe bangetKesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyanaKetula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsaraKethek saranggon = kumpulane wong kang tindake alaKinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwaneKaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetepKlenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak alaKodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakoneKongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa bangetKriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedheKrokot ing galeng = wong kang mlarat bangetKucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isinKudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjanKudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasaKumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong alaKurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omahKutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayaniKutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebayaKuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni

Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dheweLahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene

Page 10: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Lanang kemangi = wong lanang kang jirihLawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkatLebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakaraLedhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyanaLegan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubrisLumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakonLungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak

Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringanMadu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa gunaMalang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gaweMancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celenganMecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasilMendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akehMaju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasilMatang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhaneMbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoniMeneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atineMenthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apusMerangi tatal = mentahi rembug kang wis matengMicakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dheweMidak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetaraniMidak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gaweMirong kampuh jingga = mbalela marang nagaraMrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akehMilih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becikMikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwaMubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupanMeneng kitiran = ora bisa antengMbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya

Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liyaNaga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyanNgagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki

Page 11: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

ora mempanNgajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedaheNgalasake Negara = wong sing ora manut pranatane NegaraNgalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora anaNagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dheweNampel puluk = mitenah kabegjane wong liyaNandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakatNasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntunganNatas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusananeNebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamuktenNemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omaheNinggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakonNitipake daging serep = titip anak wadon marang besanNucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhanNulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasaneNuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh aluraneNututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetuNututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi oleheNgadu singating andaka = gawe dukaning panggedheNgadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudeneNglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumataNgotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akehNguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsuneNguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwaseNyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusakNguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)Nyolong pethek = luput saka pangiraNgobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentremNguyahi segara = nulung wong sing kecukupanNandur pari jero = gawe ngamal kabecikanNututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemuneNgaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becikNgalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasisNgandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayaniNgantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjanNgangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmuneNgaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin

Page 12: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liyaNguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakanNguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan srananeNgabuk wong meteng = milara wong kang tanpa dayaNgemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaranNgempukake watu item = nganggep remeh prakara abotNgemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duweNgenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal tekaNgetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojoNggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwasNglancipi singating andaka = natang wong kang kawasaNglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampunganNglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha oleheNgarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukanNgrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong alaNgrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kenaNgrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyanNrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingakeNumpal keli = wong lelungan mung nunut kancaneNusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akehNyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahanNyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkahNyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngelNyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasaNyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur

Obor blarak = mung sawetara waeObah owah = barang dadi becik mbutuhake wragadObah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejekiObah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenakOpor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dheweOra ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anakOra ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebabOra gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga alaOra jaman ora makam = ora genah asal kamulane

Page 13: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluranOra ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembugOra polo ora uteg = bodho bangetOra tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawabOra weruh alip bengkonge = ora ngreti aksaraOthak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyataneOra kingan ora udut = ora mangan apa-apaOra uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)

Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusakPandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasanePandhitane antake = laire katon suci batine alaPecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-atiPupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebayaPinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paekaPitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru panganPupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman

Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajenRupak jagade = ora duwe papan pasrawunganRame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opahRamban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-raguRawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirakeRampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong ikuRebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepeleRegem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancanRindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepaneRupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larangRukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusakRubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)

Page 14: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibateSembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akehSadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh patiSatru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulurSatu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocogeSuduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusuSabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning patiSadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan patiSandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alaneSandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut alaSanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akehSepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apaSluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slametSumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinterSadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyataneSapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaananeSendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis matiSingidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedheneSi gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarenganSimbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok

Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenaneTekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dheweTembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benereTulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susahTega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelaniTigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atineTimun jinara = prakara gampang bangetTimun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen

Page 15: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

kekurangan)Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwatTuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulurTunggal banyu – tunggal guruTinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyanTumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenaneTumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithikTunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkateTunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuhTunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuhThenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan

Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhaneUla marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebayaUlat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepaneUngak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyanUlangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali manehUyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih bangetUndhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyataneUdan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencanaUwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug

Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwaWedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepanWedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremaneWeruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepakeWiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaineWaras-wiris = sehat

Page 16: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangajiWis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane

Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-atiYitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilakaYuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartineYiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alimYoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

http://jokoblitar.gretha.web.id/?p=784

WANGSALAN

Wangsalan yaiku unen-unen kaya cangkriman nanging batangane (bedhekane) wis

disebutake ing mburine senajan ora melok utawa ora lugas. Bisa disebutake mung sak wanda

utawa luwih.

            Tuladha :

Janur gunung, kadingaren kowe kok rene

Keterangan : Janur gunung kuwi tegese janur aren banjur ana tetembungan kadingaren.

Balung janur mugi paringa usada.

Keterangan: Balung janur iku jenenge sada banjur ana tembung usada.

            Wujude wangsalan werna-werna :

1.      Wangsalan lamba

      Wangsalan lamba yaiku wangsalan sing batangane mung siji

      Tuladha :

a.       Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso (godhong mlinjo jenenge so banjur ana

tembung ngaso)

b.      Witing pari dimen mari nggonku lara iki (wit pari jenenge damen banjur ana tembung

dimen)

2.      Wangsalan memet

Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane goleki batangane sarana dionceki dhisik

nganti ambal pindho.

Tuladha :

1. Uler kambang lakune alon-laonan wae

            Keterangan :

Uler kambang kuwi jenenge lintah banjur ana satitahe. Satitahe padha karo alon-laon

Page 17: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

1. Ngembun-ngembun enjang anjejawah sonten nyuwun rabi. Embun wayah enjang kuwi tegese uwun

banjur ana tembung nyuwun. Jawah ing wayah sore jenenge rarabi mula banjur ana tembung nyuwun

rabi.

3.      Wangsalan edi peni

Wangsalan edi peni iku wangsalan sing didhapuk nganggo tetembungan sing endah.

Lumrahe dianggo ana ing cakepan ing umpak-umpakan gendhing.

Tuladha:

Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula. (jenang sela kuwi

arane apu banjur ana tembung apuranta, wader kali sesonderan kuwi iwak sepat banjur ana

tembung lepat).

4.      Wangsalan padinan

Wangsalan padinan yaiku wangsalan sing ora nyebutake batangane jalaran wis dianggep

ngerti karepe.

Tuladha:

a.       Kowe kuwi diwulang kok ngembang duren wis ngerti apa durung?

b.      Esuk-esuk kok ngembang poong arep menyang ngendi.

Sumber: PTK Guru Arti dan Contoh Wangsalan http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=283&tkt=3#ixzz2RZAO4zuU

http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=283&tkt=3

WangsalanTuladha Basa Rinengga Kangge ing Wangsalan

Jenang gula, kowe aja lali

( jenang gula : gulali = lali )

Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu

( Sekar aren : dangu = dangu )

Njanur gunung, kadingaren

( Janur gunung : Aren = Kadingaren )

Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.

Page 18: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )

Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung

( Balung janur : Sada = usada )

Reca kayu, goleka kaweruh rahayu

( Reca kayu : Golekan = goleka )

Ngembang garut nggremeng ora karuwan

( kembang garut = gremeng = nggremeng )

Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.

( kembang kacang : besengut =  mbesengut )

Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.

( kembang jambu : karuk =  kemaruk )

Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.

( Roning mlinjo : so = ngaso ).

Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.

( klapa mudha : degan = kalegan )

Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.

( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )

Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.

( witing klapa : glugu = salugune )

Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja

( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )

Mbok aja nglemah bengkah

( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )

Gayung sumur, aja kemba aja mundhu

( Gayung sumur : Timba = Kemba )

Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe

( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )

Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras

( godong garing : Klaras = nglaras )

Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka

( Balung geni : Mawa = Menawa )

Page 19: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Balung pakel, aja seneng alok-alok

( Balung pakel : Pelok = alok – alok )

Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung

( Bayem arda : Lanteng = anteng )

Kuku gantung, sawangan kang adi luhung

( Kukus gantung : sawang =  sawangan )

Durna putra, ngudiya basa utama

( Durna putra : aswatan = ngudiya )

Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang

pinanggya

( bibis tasik : undur – undur )

( Tasik manda winor tirta : Parem )

Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama

( Tapas aren : duk )

( Aren arab wijilira : Kurma )

Kancing gelung munggweng dadha, titenana!

( Kancing gelung : Peniti = Titenana )

Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.

( mentil kacang : sungut = mrengut )

Mung pingin nggentha dara

( nggentha dara : sawangan = nyawang )

Kahananmu saiki, jan..mandan rawa

( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )

Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika

( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )

http://kidemangsodron78.wordpress.com/327-2/wangsalan/

Contoh Peribahasa Dalam Bahasa Jawa (bag.1)Selamat datang dulur,

Page 20: Parikan Paribasan Bahasa Jawa

Sudah lama nih baru update blog belajar bahasa jawa ini. Harap maklum yah :D

Kali ini saya ingin membagikan contoh-contoh peribahasa (paribasan) dalam bahasa Jawa.

- Yitna Yuwana Lena kena artinya kurang lebih begini siapa yang hati-hati akan selamat, yang kurang hati-hati bakal celaka

- Ana catur mungkur artinya tidak mau membantu urusan orang lain

- Wiwit kuncung nganti gelung artinya mulai dari bocah (anak-anak) hingga tua

- Kadang konang artinya mengaku saudara kalau banyak harta (kaya)

- Tulung menthung artinya maunya menolong tapi malah membuat susah

- Criwis cawis artinya banyak bicara/ngomel/mencela tapi mampu melaksanakan sesuatu dengan benar

- Sing sapa salah seleh artinya orang yang bertindak salah bakal ketahuan

- Becik ketitik ala ketara artinya perbuatan baik dan jahat akan kelihatan

- Keplok ora tombok artinya maunya ikut senang tapi tidak mau keluar uang

- Nyolong pethek artinya tidak mengira/menyangka

- Jalukan ora wewehan artinya maunya meminta, tidak mau memberi

- Anak polah bapak kepradah artinya setiap kelakuan/tindakan anak menjadi tanggung jawab orang tua

- Rubuh-rubuh gedhang artinya orang yang mengikuti tindakan orang lain tanpa mengetahui maksudnya

- Busuk ketekuk pinter keblinger artinya orang yang pintar dan bodoh sama-sama celaka

- Katula-tula katali artinya kesengsaraan yang bertubi-tubi / sangat sengsara

- Desa mawa cara, negara mawa tata artinya setiap tempat memiliki peraturan/adat sendiri-sendiri

http://belajar-bahasa-jawa.blogspot.com/2013/02/contoh-peribahasa-dalam-bahasa-jawa-bag1.html#.UXpdSaKNm5I