Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

23
NASKAH DRAMA ( PAK BAYAN GAGAL NYALEG ) Tema : Sosial Politik Topik : Kegagalan seorang bayan dalam pemilu legislatif Judul : Pak Bayan Gagal Nyaleg Kelompok : Kelas : Tokoh : - Pak bayan - Bu bayan - Janet - Melcy - Tukang sayur - Bu Ijah - Bu Imah - Bu Mina - Mas Joko ( Tim Sukses ) - Dukun - Orang Gila - Bu Rejeng

Transcript of Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Page 1: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

NASKAH DRAMA

( PAK BAYAN GAGAL NYALEG )

Tema : Sosial Politik

Topik : Kegagalan seorang bayan dalam pemilu legislatif

Judul : Pak Bayan Gagal Nyaleg

Kelompok :

Kelas :

Tokoh :

- Pak bayan

- Bu bayan

- Janet

- Melcy

- Tukang sayur

- Bu Ijah

- Bu Imah

- Bu Mina

- Mas Joko ( Tim Sukses )

- Dukun

- Orang Gila

- Bu Rejeng

- Dokter

- Suster

- Dan pemain figuran sebagai tokoh

masyarakat

Page 2: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

“ Pak Bayan Gagal Nyaleg ”

Ini drama tentang kehidupan yang terjadi dijaman sekarang ini. Kehidupan dimana semua

orang bermain dalam lingkaran politik yang menyesatkan. Kehidupan seorang Bayan yang

bernama Junaedi Makbrul yang memimpin sebuah desa yang disebut Desa Rodokapik. Pak

bayan adalah orang yang terkenal sangat kaya dengan berhektar hektar tanah dan sawahnya,

namun sangatlah pelit bin medit. Ia baru mempunyai satu isteri bernama Nyining Duma dan

hanya ingin mempunyai satu anak yaitu Janet Arum Linggarwati Sarasningduma.

Babak 1

Pagi ini pak bayan disibukkan dengan amplop berisi kertas merah yang perlu dihitung.

Pak bayan : Siji, loro, telu, papat, limo, enem, duhh, siji loro, siji, loro..

Bu bayan : Pak...! pakkk....!

Pak bayan : Heeeeee? ( kaget dan langsung menyembunyikan jutaan uangnya )

Bu bayan : Geloo, emasku wes teyengen, panci wis borot kabeh, benges ku wis

entek, pupur yo wis mbluduk opo kon dempulan nganggo gamping

piye ? Aku ki tumbasno to pak pak, sekali kali nyenengne atine bojone!

Pak bayan : Opo to buk buk, ngerti bojone lagi sibuk mbok yo digawekne teh teh

kono, malah teko teko ngaget ngageti wae. Bapak kerjo dingge sinten ?

njenengan kan ?

Bu bayan : Wis mesti, bojo njaluk setaun pisan wae ora dituruti, wis mangan

aspal wae kono. Ra arep masak pokok e ! ( Bu bayan mutung )

Pak bayan : Yo ojo ngono to buk buk, yen ora kowe sing masakne, bapak maem

opo ? krikil ? yowis ngene wae, sesuk yen longgar ayo ning pasar

golek benges.

Bu bayan : Opo? Pasar ? keren sitik to pak pak, Solo Paragon ngono.

Pak bayan : Yo.. yo Solo opo kui manut. Gek ndang kono bapak dimasakne.

Bu bayan : Yowis nggih, bu bayan masak riyin. Monggo kangmas. ( pergi

memasak meninggalkan pak bayan )

Pak bayan melanjutkan kesibukannya untuk menghitung uang dan tiba tiba anaknya

datang.

Pak bayan : Ealah, bojo lagi siji, lagi siji wae wis koyo bledek.Mbendino enek e

mung ngumnyeng wae. Opo meneh loro hahahaha.

Janet : Pak, aku pengen tuku kae pokok e tukokne !

Pak bayan : Wis kae opo meneh, anak siji wae yo podo mbok e.

Janet : Aku tukokne leptop sing enek gambar e apel di krowak kae pak, lagi

jaman ngono kui. Terus kui barang aku pengen Hp sing enek bbm e.

Page 3: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Pak bayan : Omong opo ? Pak e lagi sibuk, sokmben tukune ! Kowe kui sinauo

ben pinter koyo bapak mu iki lo.

Janet : Alaaaah pak, ojo medit medit. Sibuk ngopo wong ngitung abang

abang kui. Mbok aku diciprati siji, ning ping sepuluh.

Pak bayan : Duit ...duit opo ? mudeng mudeng men duit. Wis ora !

Janet : looo pak, neknu aku wegah yen mbok kongkon njabuti uwan mu !

Pak bayan : hsssssss. Nyoooo ( memberikan uang 10 ribu an )

Janet : asikk. Lo kok sepuluh ewu. Aku gelem e sing abang.

Pak bayan : Lha kui wernane opo ? abang to ? wis kono bapak sibuk.

Janet : Abang pinginku sing atusan. Pelit pak pak. Yowis aku lungo.

Pak bayan seakan akan merasa ditekan oleh anak dan istrinya dengan permintaan

yang neko neko. Akhirnya anaknya yang penurut itu pergi bermain dirumah temannya,

Melcy. Teman dari Tk yang sampai sekarang itu terlihat masih rukun dan akrab.

Melcy : Heh Net delok en, klambiku anyar. Merk e apik ning Kw sih

hahahaha tapi rapopo sih dinggo mejeng mejeng lak yo keren.

Janet : Aku yo mbok gelem, Kw Kw sing penting merk. Tapi aku diutangi

sik. Lha pakku kui util e raumum.

Melcy : Kon lengser wae pakmu, yo gampang lah Net mengko tak golekne

utangan hahaa

Janet : Yen lengser aku yo mangan opo -_- aku ki njaluk Iphone Iphone kui

lo Mel, sing lagi ngetrend yo sak nduwure hapemu pokok e haha

Melcy : o iyo. Kowe jadul banget to Net, mbok wis kowe trimo nganggo hp

nokia layar kuning kui, Hpne ora mbok ces sesasi wae isih murup.

Ampuh, nyegur jamban isih murup. Rasah gaya melu melu aku ndudul

ndudul. Mengko yen raisoh nganggo terus rusak eman eman hapene.

Bener pakmu kok haha

Janet : halah, ben gaya sitik to.

Melcy : Yowis karepmu. Aku luwe i, aku pengen nyobo ning Jupe fried chiken

kui i Net. Melu ora ?

Janet : Opo Jupe fried chiken ?

Melcy : Hoo, sing jarene Febe karo yuan kae menune ki dijenengi aneh ngono,

paha jupe karo dada jupe. Jarene ki enak ngono. Ayo gelem ra.

Janet : Opo iyo ? yowis ayo lah, aku yo luwe.

Mereka pergi bersama untuk mengisi perut mereka dengan menu makanan yang sangat

menggoda. Hahaha

Page 4: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Babak 2

Keesokkan harinya, masih pagi masih cerah tiba tiba diperempatan kompleks sudah

diramaikan dengan gerombolan beberapa ibu-ibu yang merumpi. Entah apa yang mereka

bahas, satu persatu ibu-ibu datang dan mengerumuni pedagang sayur yang konon

katanya keren itu.

Bakul : Yur.. sayur. Sayur seger sayur seger. Kasbon boleh.

Bu Imah : Pak sayur pak.

Bakul : inggih bu, badhe mundut napa ?

Bu Imah : Iki lho pak, aku i pengen nyayur kaya gon tipi tipi, melu melu master

cef gon masak masak kae. Jenenge ki sayur C a , Ca ngono pokok e.

Bakul : Kui oppo to buk, kok aku ra tau krungu?

Bu Imah : Aku iki yo ramudeng kok mulakno arep takok kowe.

Bakul : aalah mbok wis saenek e opo kene, gelooo bayem pohong enek.

Mereka ribut dan datnglah bu Ijah

Bu Ijah : Ngopo to ngopo ? esuk esuk wis gawe horok.

Bu Imah : Iki lho buk, aku ki pengen sayur Ca koyo nggon jero tipi tipi kae lho,

pak e ki ra mudeng mudeng.

Bakul : :Lha yo sayur opo aku ramudeng to jeng jeng.

Bu Ijah : Aku yo ramudeng kui sayur opo. ( Bisik bisik e bakul ) Wis kene mbok

sak enek e wae malah murah.

Bu Mina : ehh, ade ape ni mak cik pak cik ? ade masaleh ape ni ?

Bu Ijah+Bu Imah : Tak pe bu.

Bu Imah : Awake dewe ki ribut sayur.

Bakul : ( omongan indik indik ) kui raisoh boso jowo, nganggone boso

Indonesia wae !

Bu Imah : Lha aku raiso boso Indonesia kok, lha piye ?

Bu Ijah : Halah kowe ki ngopo?

Bu Mina : Sayur apekah bu ? ( wajah terlihat bingung )

Bu Imah : Sayur Ca itu lho cik, kaya itu di jero jero tipi yang ada cef cef nya.

Bu Mina : Haaaaa? O.. sayur Ca. I know,, itu macam sayur tumislah, tapi

bedanye tak de aer.

Bu Imah : O..oseng oseng ??

Bu Mina : Nah, itu mungkin. Saye tahu banyak lah.

Bakul : Meguru karo bu Mina sik bu, ben pinter dadi ora ndeso.

Bu bayan : Jeng jeng jeng..

Bu Mina : Eh, bu bayan ade. Mari pileh lah sayur.

Page 5: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Bu bayan : ehm, ( sambil menggoyangkan tanganya yang berisi gram graman

emas sekedar pamer ) sringggg, sayurnya seger seger wahhh, aku arep

jangan opo nganti bingung.

Bu Ijah : ehemm, uapikk e cah.

Bu bayan : Napa buk ? (tertawa jahat ) wis suwe niki buk.

Bu Imah : Tumbaas pundi niku ?

Bu bayan : Aaa mboten bu, niki oleh oleh buk.

Bu Imah : aaalah tenane lho bu ?

Bu bayan : Inggih bu, leres.

Bakul : woy, sido ra tuku dagangan ki ? malah dimek mek, mengko dadi rapayu

meneh no, walah bu bu.

Bu Mina : Bentar lah pak, asik ni.

Bakul : yeyeyeyee

Siang harinya pak bayan disibukkan dengan berbagai urusan yang menyangkut

pekerjaan nya sebagai bayan. Rasa rasanya ia sudah jenuh dan bosan menjadi bayan

dengan berbagai persoalan dikampungnya yang tak kunjung usai. Ia berbincang dengan

isterinya mengenai hal itu.

Pak bayan : Buk, aku ki mumet tenan eh, jarene pak carik dalan nggon samping

gang kae wis ambyar ambyar.

Bu bayan : lha yo diaspal to pak.

Pak bayan : diaspal ki duite seko sopo? Njabut untu emas ? pemerintah e wae

amburadul

Bu bayan : Aku ramudeng pak pak tentang urusanmu, wis ben liyane genti sing

ngurus. Ben bupatine sisan. Kowe ki dadi bayan rasah digawe susah.

Pak bayan : Jabatan ku iki mung kurang rung sasi gek yo arep ngopo cobo. Aku ki

wes kesel buk ngrungokne omongane tangga tanggane dewe. Dalan

yen wis diaspal yo dinggo liwat trek terus kon ra rusak.

Bu bayan : yowis lah pak, dadi wong kui sing sabar. Ojo kakean ngeluh. O iyo

pak, wingi diparani wong pak, bagus ngono, jenenge Joko sing gaene

ngurusi caleg kui. Arep rene jarene tp pas raenek wingi dadine mengko

sore arep rene.

Pak bayan : Mas Joko sing endi to buk ? sing duwur kae ?

Bu bayan : Iyo pak.

Tiba tiba terdengar ketukan pintu dan tak disangka tamunya adalah Mas Joko

Page 6: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Mas Joko : Kulonuwun....

Bu bayan : Nggih sekedap. ( buka pintu ) , lah mas Joko, tiros e mengke sonten,

monggo monggo mas. Lo pak padosi mas Joko.

Pak bayan : monggo mas, pinarak rumiyin.

Mas Joko : Inggih inggih pak.

Bu bayan : Kulo ten wingking riyin nggih mas.

Pak bayan : Enten napa mas, sak jake penting niki.

Mas Joko : niki pak kulo langsung mawon nggih. Kulo saking Tim sukses partai

Bolkar nembe madosi caleg caleg pak. Nah kulo niki didhawuhi atasan

kulo manggih njenengan dipun dados caleg ing partai kulo

menika.Pripun ?

Pak bayan : Kok mendadak banget to mas, ngene kulo nggih perlu mikir riyin ben

sreg tenan.

Mas Joko : ngapunten, Ngene pak, kulo i jan jan e nggih bingung. Jarene pak carik,

jabatanne e njenengan mboten suwe meleh nggih pun kulo

madosi njenengan.

Pak bayan : Iyo pak, aku ki yo wis bingung, jabatanku gari rungsasi, terus mengko

yen wis ra dadi bayan yo arep ngopo meneh.

Mas Joko : Lha mulane kuwi pak, pikirne rumiyin, mengko yen sreg tinggal telpun.

Pripun ?

Pak bayan : O nggih nggih leres. Tak mikir mikir sik pak ndak mengko kisruh.

Mas Joko : Nggih, kulo ajeng ten Balaikota pak, ora isoh suwe suwe ten mriki.

Nyuwun sewu nggih.

Pak bayan : lha kok ra ngombe ngombe sik i piye ? Bojoku mau yo malah

ditinggal lungo, yowis pak rapopo. Mengke kulo telpun.

Mas joko : Nggih pak. Monggo

Pak bayan : Kepriye yo, jane rejeki ki raoleh ditolak. Ning yo bingung.

Bu bayan : Ngopo to pak? Aku mau lagi tuku gulo. Wes entek gelo.

Pak bayan : Kui lo buk, mas e mau i rene nawari akudadi caleg. Jarene wis

ngincer aku suwe. Ning aku yo sih bingung,

Bu bayan : opohhh ? nyaleg ? (kaget dan bicara keras ) ndesomu dewe wae koyo

cekeran pitik arep nyaleg opo kon demo piye ?

Pak bayan : Lah bantere lo, ngono i indik indik wae. Yo ra ngono buk, aku ki wes

arep entek jabatanku, yen wes entek aku arep kerjo opo meneh ?

Maculi sawah ? Mbok yo pangerten sitik to yo.

Page 7: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Bu bayan : Aku ki mung manut pak, sing penting ki kowe iso ngingoni anak

bojomu. Kowe yen sanggup tenan dadi caleg yo silahkan. Aku bojo ki

yo mung iso ndukung karo dongo.

Pak bayan : Lah berarti kowe ngerestuni aku buk ? yo nik ngono gek ndang tak

telpun mas e mau. Ning yo ojo kesusu ding.

Bu bayan : Iyo aku ngrestuni opo sing apik nggo kowe pak. Pikirno tenanan sik.

Babak 3

2 Minggu berlalu, Pak bayan yang sudah lama memikirkan tawaran Tim sukses itu

akhirnya menemui titik akhir. Pak bayan pun menghubungi Timsukses itu dan segera

memustuskan hasil yang terbaik. Namun, sebelum itu ia harus mengantarkan anaknya

yang akan menjalani tes untuk kuliah di Bandung selama satu bulan lamanya.

Pak bayan : Nduk cah ayu . piye wis tekan durung pesawat e?

Janet : Uwislah pak, la kok ndeso ndeso men,, kene bandung kan cepet.

Pak bayan : Karo pak e koyo ngono, ra dikirim duit, nggembel kapok.

Janet : Ngapunten bapak bayan . Aku ki arep transit sik pak. Mengko meneh.

( mematikan telfon )

Pak bayan : wooo lha anak og. Aku arep telfon mas Joko sik. Ben genah. ( memencet

tombol hp dengan keras ) Haaloo mass, niki kulo pak bayan Junaedi.

Mas Joko : O nggih nggih pak, Kulo winggi sampun ngebel njenengan sing nompo

bojone njenengan, niki kulo otw pak. Mang enteni mawon.

Pak bayan : nggih nggih pak. O lha bojo ra beres.

Terdengar suara bim bim, mobil Timsukses datang.

Mas Joko : Kulonuwun?

Pak bayan : nggih, nah monggo mas. Buk buk, ndang metu. ( teriak memanggil bu

bayan )

Mas Joko : Piye pak ? Tertarik ora ?

Pak bayan : Aku iki wis mikir jero tenan, aku wis setuju mas. Pokok e aku manut

kowe segala keperluan ku urusen mengko perlune piro omongo aku.

Bu bayan : Diunjuk mas. ( ikut duduk bersama mereka )

Mas Joko : kulo manut perintah mawon pak, asalkan enten niki ne.

Pak bayan : Tenang to pak, niku gampang.

Bu bayan : Inggih , njaluk e pinten ?

Mas Joko : Ngeneeeee ( nduding driji )

Pak bayan : alaah kecil niku mas, mengke gampang.

Page 8: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Mas Joko : Eh pak, Aku ki meh nyaranke kow dinggo ning dukun pak. Dukune

ampuh banget gaene diparani caleg caleg.

Bu bayan : Opoooo? Dukun? Dinggo opo ?

Mas Joko : Ngene buk, Nyawang kemampuane pak bayan ku, bukane ngece. Tapi

isih akeh caleg sing luwih pinter lan wis terkenal. Mereka ki yo

nganggo dukun ben dadi kepilih lan memang. Aku mung saran, yen

tertarik aku ndue alamat e dukun sakti, pokok e manjur tenan lah bu.

Pak bayan : lah lah, jane yo rapopo sih. Gari ngetokne duit.

Bu bayan : La terus mengko bojoku piye ?

Mas Joko : Mengko tak kek i alamat e bu, pak. Ang teko kiyambak. Mengke kulo

pesenke tempat sik. Soale ki yen hari hari biasa rame banget.

Pak bayan : yowis pak, aku manut wae lah. Sing penting aku iso menang.

Mas Joko : Iki alamat e pak, O yo. 2 minggu engkas pokok e enek kampanye.

Kowe kudu siap ya pak. Aku ki meh bali muleh sik.

Bu bayan : nggih nggih mas, la kok apik e eram lo mas e ki.

Pak bayan : nggih monggo mas.

Kabar pak bayan mau nyaleg sudah tersebar di seluruh kampung. Banyak omongan

miring yang tidak mendukung pak bayan karena ini itulah dan sebagainya.

Bu Imah : Eh jeng, suaminya bu bayan mau nyaleg. Wis mudeng durung ?

Bu Ijah : Wis mudeng aku jeng.

Bu Imah : Lha iyo to, dalan isih koyo brocelan ngono arep nyaleg. Tek

sugihmen duit.

Bu Ijah : Emang sugih nok jeng jeng, palingo dinggo nyaleg kui mengko ngedol

lemah disik sing ning etan kebonne mbah Wagiman kae. Kae lak ombo

lemah e.

Bu Imah : Hoo jeng bener, aku ngono yo kurang sreg yen pak bayan nyaleg

meneh, ning jane yo mesakne ning kadang nganyelne.

Bu Ijah : Bojone wae gaene pamer mas masan nok, sugih sugih o ning pelit

medit e rangadubilah.

Bu Imah : Hoo ki bu, anyel anyel ngono pengen tak suntak i banyu kali sisan og,

ben neyeng kabeh emas e. Sik bu aku arep tuku beras gone yu Jeki,

melu ra ayo ?

Bu Ijah : Yo ayo bu sisan tuku gulo.

Tiba tiba ada perempuan yang terlihat waras dari belakang namun sedeng dari

depan itu berlari lari keliling kompleks sambil menggendong boneka bayi yang

dianggapnya sebagai anak itu. Dan ia tiba tiba masuk ke dalam gerbang pak bayan.

Page 9: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Wongedan : anakku ayune lah, nang ning nung ning nang ning nung. Pakkk,, woy

pak, delok en anakku iki, ayune koyo aku.

Pak bayan : wuallaaaaaalahhhh sopo kae, bukkk reneo buk, enek wongedan ki.

Heh lungo kono, lungo ora !!!

Wongedan : Aku ki sugih duit ketimbang kowe, mengko aku arep facial ning salon

ngisor kretek kae karo anakku.

Bu bayan : heh, sopo kowe ngaleh kono.

Wongedan : aku dikek i ombe sik no, wedang susu enak pokoke. Ndang og pak

Pak bayan : Raenek wis lungo kono, ngombe njaluk hik kono. Randue banyu

Wongedan : woooo, sugih pelit medit, Ning sugihan aku pokok e. Awas kowe

Bu bayan : Kowe kui wong edan dikon lungo ra lungo, kene raenek banyu. Wis

lungo kono.

Wong edan : Aku ra edan kok, aku waras. Lo aku ndue anak. Titeni kowe pak. Kowe

arep dadi caleg to, caleg opo kui week koyo telek.

Bu bayan : Laah mbuh pak urusono dewe, aku arep turu. Mumet.

Pak bayan : wee, rasah kakean nglantur wis lungo kono.

Wongedan : Kowe gagal caleg, aku mengko presiden, kowe gagal caleg.

Pak bayan : wongedan wongedan ( mengambil koran dan melemparkannya ke

orang gila itu ) Aku ra percoyo omonganmu. !!!!!

Saat pergi dari rumah pak bayan pun orang gila itu masih menyerukan kalimat

“gagal caleg” entah sampai kapan. Semenjak kejadian itu, pak bayan masih memikirkan

perkataan orang gila itu. Untuk menghilangkan pikirannya yang aneh itu, pak bayan dan

isterinya pergi ke sebuah dukun yang telah disarankan oleh Timsuksesnya. Dengan bekal

berpuluh puluh juta uang, ia siap untuk ke Dukun Mbah Rinah.

Dukun : Ambu ambune koyo arep enek sing nggowo duit akeh. Ambune yo

duit gede ngono. Abang abang. Dukun joss ngene bayarane yo mesti

gedhe. Bariki aku sugih ki.

Bu bayan : Dukune ki endi to pak, wes bener urung alamate, sepine koyo ngene.

Pak bayan : Bener iki, ayo cobo mlebu sik. Kulonuwun.

Dukun : Lha kae gudang e duit. Kene mlebu.

Pak bayan : Nggih mbah ( pelan pelan memasuki rumah mbah dukun )

Dukun : Lingguh ! Ono opo ?

Pak bayan : Ngene mbah, aku ki karo bojoku rene dikandani karo uwong. Aku

arep melu caleg dinggo suk sasi ngarep. Aku arep njaluk tulung kowe

ben aku menang caleg.

Dukun : Gampil gampil gampil ! wani piro ?

Page 10: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Pak bayan : Saksakmu mbah, aku manut.

Dukun : Ngene ( nduding driji )

Bu bayan : Wee la kok akehmen drijine, ngene piro ?

Dukun : Lha gelem ora ? ra gelem lungo kono.

Bu bayan : Yowis kui masalah gampang. Gekndang dikandani piye ben menang.

Dukun : Pokok e ngene. (nduding driji menenh ) Sakiki rene pak, nyedak aku.

Pak bayan : Arep ngopo ?

Dukun : Wes menengo wae ! ( Dukun membacakan jabu jabunya, meminum

air dalam gelas dan menyemburkannya kepada pak bayan )

....................................baca mantra....... burrrrrrrrrrr !

Pak bayan : Duh

Dukun : Sakiki kow wes kebal. Pokok e mengko pas kampanye kowe kudu

nyebutne kata Oplosan ping limo. Yen ora mbok sebutne kampanyemu

mengko gagal terus pemilumu kalah.

Pak bayan : Opo ? Oplosan ? Tenan ra kui.

Dukun : Dukun ku iki wes paling jos gandos.

Pak bayan : Yowis mbah aku percoyo karo kowe pokok e. Mau bayare piro ?

Dukun : Ngene ( nduding driji )

Pak bayan : Kui buk jikukno duit ning tas.

Bu bayan : Niki mbah, wis ayo muleh pak. Ambumu wis kecing.

Dukun : Nggih ngggih muleh kono.

Pak byan : Nggih empun mbah, matur nuwun sanget.

Pak bayan pergi meninggalkan rumah dukunnya.

Dukun : Lah lah wong jaman sakiki aneh anhe wae tur yo rodok pekok

hahaha. Untungo aku ki dadi dukun wes ahli pinter lan mujarab. Lulus

kuliah barang. Mulakno dadi wong kui ojo gampang diapusi. Kene ki yo

butuh duit dinggo nyaleg barang kok

Seletah pulang dari rumah mbah Dukun, pak bayan segera mandi kembang untuk

menghilangkan bau kecingnya. Keesokkan harinya ia mengadakan konverensi di

kelurahannya untuk mengumumkan bahwa ia akan mencalonkan diri sebagai Caleg.

Pak bayan : Assalamualaikum wr wb. Sugeng siang. Saya disini mau

mengumumkan sesuatu kepada warga masyarakat Desa Rodokapik.

Bahwa sesuai masa jabatan saya sebagai Bayan, saya akan mencalonkan

diri saya sebagai Calon Legislatif. Saya minta maaf sebesar besarnya

apabila banyak kekurangan dan kesalahan yang saya lakukan ketika saya

menjadi Bayan nomer siji ing kampung iki.

Page 11: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Masyarakat : Opo ? nyaleg pak ? Ndesomu wae ijik elek koyo ngene arep nyaleg.

Pak bayan : Pak bayan berjanji, nik misal aku dadi caleg. Pokok e uripmu mengko

makmur. Wis to, sekolah gratis. Opo meneh?

Masyarakat : Ibu ibu njaluk bahan pokok gratis pak.!

Pak bayan : Waa nik kui yo ojo buk, lha opo pengen aku digebukki sik tukang

sayur ?

Bu bayan : Ibu ibu bapak bapak... pilih dan dukung suamiku tercinta untuk jadi

caleg nomer 1. Pokoknya makmur.

TimSukses : Untuk itu, pemilu akan diadakan dalam 3 minggu lagi. Persiapkan diri

anda untuk memilih caleg yang baik seperti pak bayan ini. Sekian

konverensi singkat dari kamu. Wassalamualaikum wr wb.

Babak 4

Seminggu menjelang pemilu, semua caleg mulai disibukkan dengan persiapan untuk

kampanye. Disamping itu, ada kandidat caleg baru yang masih misterius pula. Ia terkenal

dengan julukan Bu Rejeng. Ia juga berada dalam satu partai dengan pak bayan tapi

berbeda Timsukses. Namun, tak jarang ia sering bertemu dengan mas Joko timsuksesnya

pak bayan.

Bu Rejeng : Piye mas, wis jos kan ?

Mas Joko : Jos buk, pokok e mengko gampang tak urusi kabeh.

Bu Rejeng : Gek ndang ayo kampanye..Aku wes yakin yen aku menang.

Mas Joko : Yo ayo bu, lawan pak bayan we.

Dirumah pak bayan sudah disibukkan dengan berbagai poster, amplop suap, undangan

dan lain lain. Dan sudah ada banyak orang untuk kampanye.

Mas Joko : Pripun pak ? Pun siap ?

Pak bayan : Sampun, wis ayo. Ojo lali amplop e Jo.

Kampanye pun dimulai dan pak bayan pun berorasi ditengah tengah masyarakat. Tak

lupa membagikan uang suap dengan beratus ratus amplopnya. Dan juga menyebutkan

mantra yang kata si dukunnya itu syarat untuk menang caleg.

Pak bayan : Pilih saya menjadi Caleg nomer 1. Saya akan memakmurkan kehidupan

kalian. Oplosan !

Masyarakat : opo to pak ?

Pak bayan : hoooraaa popo, wis ayo Oplosan !

Masyarakat : Pilih pak bayan pilih pak bayan.!!! ( teriak teriak ) coblos nomer 3.

Pak bayan : Niki pak ( menylempitkan amplopan uang ) pilih saya. Yaya Oplosan

Page 12: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Masyarakat : pengen ndangdutan to pak ?

Pak bayan : Wa yo ketok e ngono. Oplosan oplosan!!

Berulang kali pak bayan memberikan uang suap dan menyebut kata oplosan 5 kali sampai

kampanye berakhir.

Pemilu telah tiba dan masyarakat Desa Rodokapik serentak mengikuti pemilu untuk

memilih caleg. Keesokkan harinya, tiba dipenghujung penantian pak bayan untuk

memperoleh hasil menang atau tidaknya. Ia menuju kantor kelurahan bersama istrinya.

Disana juga ada caleg yang misterius itu.

Pak bayan : Buk buk, kae lo delok en. Kok ketok e aku tau ketemu yo ?

Bu bayan : Sopo to pak ? ramudeng. Paling wajahe pasaran.

Pak bayan : Hoo paling yo buk, mbok ben.

Pengurus pemilu : Selamat siang bapak bapak ibu ibu. Tiba dipenghujung hasil pemilu

legislatif tahun ini. Kita akan sama sama mengetahui siapakah yang

memenangkan pemilu tahun ini.

Masyarakat : Langsung mawon pak ! ( teriak masyarakat )

Pengurus pemilu : Baik. Akan saya buka amplop nya. Perolehan hanya berbeda tipis.

Daannnnnn, sing dadi pemenang caleg taun iki yaiku Caleg nomer

seeeeepuloohhhhh. Selamat Ibu Prof.Drs.Hajah Ismaini Meida Agustin

Simanjuntak Hadiningrat S.Pd, M.Pd, M.M, S.Psi, P.Di.

Kubu Bu Rejeng : Weeeeeee nomer 10 ( sorakan kemenangan )

Pak bayan : Laaahhhhhh ( pak bayan shock berat ) Kok iso, lha wong aku yo wis

nganggo jabu jabu barang kok yo iso kalah. Kurang ajar tenan.

Bu bayan : Opo iki ?

Bu rejeng : ya ya terimakasih ( bu rejeng bergembira atas kemenangannya )

Mas joko : selamat bu, menang to yo. Wis gek ayo ngurusi syarat syarat

Bu rejeng : Yo jelas, ayune koyo ngene ra menang, emas e kiloan ra menang yo

ngisin ngisini.

Pak bayan : heeh, mas tim sukses ku piye to kowe iki !!!

Mas Joko : Ngapunten pak, kulo nggih butuh duit.

Pak bayan : aku kudune menang ( pak bayan pun terlihat seperti orang stres, ia

berlari lari dan akhirnya pingsan )

Bu bayan : Lah lah pak, ojo semaput, mas mas tulung.

Page 13: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Pak bayan pun dibawa ke rumah sakit bersama dengan istrinya.

Mas Joko : Pripun bu ? Kerjo kulo pun beres kan ?

Bu Rejeng : Top markotop, aku seneng kerja sama karo kowe. Jan jane pak bayan

goblok, diapusi gelem. Untungo idemu kui yo cles tenan. Nyaranke

ndukun apus apus ben etuk duit. Wis njalukmu bayaran piro omongo aku

saguh ngek i duit. Mergo aku wes sugih.

Mas Joko : Lha ya to bu bu, Joko Sumito putrane pak Broto gitu lohh. ! Yen ra

pinter ngapusi ojo nyeluk aku Joko hahahaha

Bu Rejeng : Yen ngene iki sing sugih sopo ? Lha yo aku ! wakaka. Sing bangkrut

sopo ? Yo pak bayan.

Mas Joko : Wis ben rasah ngurusi pak bayan, sing penting kowe menang. Gek ayo

gawe pesta geden ben rakyat do mudeng. Usulku sih nanggap kui lo bu,

dangdutan woyo woyo.

Bu Rejeng : Uwis ayo muleh sik. Assistenku mau neng ndi golek ono. Iki yo sumuk

men ( mengangkat tangannya yang penuh dengan gelang emas sekaligus

pamer )

Mas Joko : Ayo bu, yo wis kesel iki.

Babak 5

Nasib pak bayan sudah tak terurus. Ia pingsan karena kaget mengetahui bahwa ia

kalah dalam pemilu. Dan ternyata slidik punya slidik, dukun yang didatangi pak bayan

ternyata adalah seorang kandidat caleg. Bu Rejeng dan Mas Joko telah bersekongkol

untuk mengeruk harta pak bayan. Kini pak bayan sedang menjalani perawatan di Rumah

sakit karena terindikasi terkena stress.

Bu bayan : pak dokter, piye keadaan e bojo ku ?

Dokter : Suami anda mengalami stress yang mengakibatkan dia selalu berteriak

teriak. Sudah berulang kali kami menyuntikkan obat bius untuk

menenangkannya. Kondisinya sedikit lumayan.

Bu bayan : Nopo stress pak ? Gangguan jiwa ?

Dokter : Bisa dibilang begitu bu. Yasudah bu, saya harus menangani pasien lain.

Nanti saya akan kembali lagi.

Bu bayan : Nggih nggih pak dokter.

Bu bayan gelisah dan segera menelpon anggota keluarganya serta anaknya yang

sedang dalam perjalanan pulang. Pak bayan sengaja ditempatkan dalam ruang khusus

Page 14: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

karena kondisinya sungguh memprihatinkan. Berulang kali ia mencoba kabur dari

ruangan.

Pak bayan : Aku ning ndi iki ? Aku arep muleh, ning omahku enek pemilu. Aku arep

muleh.

Suster : Pak, tapi anda belum sehat pak, anda harus dirawat dulu.

Pak bayan : Ora, pokok e aku wes sehat. Aku arep muleh.

Suster : pak pak, ( teriak suster sambil mengejar pak bayan ) dokter pasiennya

kabur dokter.

Pak bayan kabur entah kemana. Dokter dan suster mengejar pak bayan yang kabur

keluar rumah sakit.

Pak bayan : Aku iki ning ngendi ? kok aku ora mudeng. Gek pemilu ku mau piye ?

Aku kan menang. Gelooo rupaku dipajang aaaahahahaha aku menang.

Masyarakat : woy.. ! orang gila ya ? Caleg gila tu.

Pak bayan : Kowe edan !

Suster : Pak pak, tau pasien kami yang kabur memakai baju rumah sakit ?

Masyarakat : Disana mbak tadi.

Suster : Ayo dok. Makasih pak. ( mengejar pak bayan ) pak pak tungggu !!!

Dokter : Suster kita harus mengepungnya. Ambil tali dan obat bius.

Suster : Baik dok.

Dokter : Bapak permisi, bapak ayo pulang ya.

Pak bayan : Pulang pulang kemana? Omahku kene lo pak.

Dokter : Iya nanti saya antar, tapi sekarang ikut saya dulu.

Pak bayan : wegah. Aku wegah. Culne aku ( teriak pak bayan )

Dokter : Mana suntiknya sus ( menyuntikkan obat bius ke tangan pak bayan )

Suster : Ayo dok kita bawa ke rumah sakit.

Pak bayan : Aku ki wes mari dok, aku arep melu caleg. ( ngelantur )

Suster : Iya iya pak, sudah.

Akhirnya pak bayan berhasil diamankan di rumah sakit. Pihak rumah sakitpun

menghubungi bu bayan untuk meminta persetujuan bahwa pak bayan harus dirawat

dirumah sakit jiwa. Sedangkan di rumah, bu bayan sedang mendiskusikan sesuatu dengan

anaknya.

Bu bayan : Lah aku wes setres ngurusi pak mu nduk.

Janet : Lha piye to buk

Tiba tiba telepon berdering tulit tulit tulit. Dan bu bayan mengangkat

telepon tersebut.

Page 15: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Bu bayan : Sugeng siang, nggih ?

Suster : Selamat siang ibuk, kami dari pihak rumah sakit yang mengurusi suami

anda, mau memberikan permohonan ijin kepada anda.

Bu bayan : Ijin apa sus? Suami saya gimana keadaannya ?

Suster : Begini bu dari kemari, suami anda sudah berulang kali mencoba kabur

dari rumah sakit. Kondisi tersebut sudah memprihatinkan. Pihak

rumah sakit menyarankan agar suami ibu dibawa ke rumah sakit jiwa.

Bu bayan : Opoo ?

Suster : Suami ibu harus dimasukkan ke rumah sakit jiwa ibuk, karena terkena

gangguan kejiwaan yang serius.

Bu bayan : Waduhhhh pak,

Suster : Bagaimana ibu ?

Bu bayan : Terserah mbak, saya enggak mau tau. Berikan yang terbaik. Saya sudah

enggak mau urusin. Nanti masalah bayaran gampang sus.

Suster : lohh bu,

Bu bayan : Masukkan ke rumah sakit jiwa !

Janet : whattt ?

Suster : Baik bu, informasi selanjutnya kami akan menghubungi ibu lagi.

Selamat siang.

Bu bayan : yaaa.

Janet : Sing edan sopo buk ?

Bu bayan : Pakkmu edan, wes mbuh.

Janet : Aku wegah ndue pak edan lan sedeng pokok e wegah.

Bu bayan : Aku yo isin nduk. Piye yen tak pegat ?

Janet : Pokok e aku wegah. Pegat pegat en. Golek sing anyar. !

Bu bayan : lahh, ndue bojo siji wae edan. Ngentekne duit tok.

Janet : Pokok e aku wegah yen nganti konco koncoku kuwi mudeng yen pak e

edan.

Bu bayan : Yowis, awak e dewe kudu lungo seko kampung iki. Melu ning omah e

mbah e wae.

Janet : Yo buk, pokok e aku manut kowe.

Bu bayan : Bojo edan ngono tinggal minggat wae !

Bu Mina : Assalamualaikum ?

Bu bayan : waalaikum salam.

Bu Mina : Ade ape ini bu ? sepi sangat?

Bu bayan : Tak pe. Saya mau pergi bu. Saya mau pulang kampung.

Bu Mina : Kenape ? Saya bawe berlian terbaru ini cik ?

Bu bayan : Saya tidak minat. Saya sibuk. Mau pergi. Mari

Page 16: Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "

Bu Mina : Lohh bu, tak usah pergilah. Coba dulu ini. Buuu .... buu

Bu bayan : Gah bu, aku sibuk, yo nduk lungo.

Bu Mina : ( geleng geleng kepala) Macam apa pula itu, anak istri suami tak de yang

beres sikek pun. Suami gile, anak katroknya, ibu mungken juga gila.

Macam tu mau nyaleg. Kalah pastilah. Angon kebo saja.

Berbanding terbalik dengan keadaan rumah sakit jiwa tempat pak bayan dirawat.

Kondisinya memprihatinkan. Pak bayan sangat nelangsa, kaki dan tangannya dipasung.

Pak bayan : Aku pengen muleh. Aku wegah. Aku wis waras. Caleg ku menang to yo.

Aku arep ning kantor iki.

Suster : Iya bapak makan dulu ya

Pak bayan : Aku kan arep ngantor mbak, wegah raenak.

Bu bayan yang tidak terima karena suaminya gila akhirnya ia memutuskan untuk

meninggalkan suaminya dan menceraikannya karena malu. Anaknya juga ikut ibunya ke

kampung untuk menghindari ejekan dari temannya. Kegagalan pak bayan untuk nyaleg

adalah peristiwa yang memalukan dimana hartanya hampir habis untuk berkampanye

dan perawatannya di rumah sakit jiwa. Inilah akhir dari drama kami. Cerita yang seru

dan kurang masuk akal. Terimakasih.