l .fü HöADILINGN

52
l . f ü HöADILINGN<ARATON DJAWj ^M A N BUOHAn^ ; l ( rtjt 2 PlilPUN J*FlRn D E W p /'j^ R NpjTf*J; C UNfl/iG.KUHC -V i •'Ï c MMPUN .... 'acrfiMGi 7, : •• : v*V'- ‘

Transcript of l .fü HöADILINGN

Page 1: l .fü HöADILINGN

■ l . f ü HöADILINGN<ARATON DJAWj ^ M A N B U O H A n ^ ;

l ( rtjt2 PlilPUN J*FlRn D E W p /'j^ R NpjTf*J;

C U N fl / iG .K U H C -V i

• 'ÏcMMPUN ....

'a c r f iM G i 7 ,: ••: v *V '- ‘

Page 2: l .fü HöADILINGN
Page 3: l .fü HöADILINGN

PÜSTAKA W E D H A

H U D A N A G A R A

W ewarah ing rèh ngadiiing karaton Djawi ing Djain&n Budha.£Kapirid saking : / o

W ed]ang2 aniputi para Déwa, para Nata, para Resi, Pandita, para Brahmana, para Harja lan para Nindya, saha para

linangkung ing D jam an Budha.

K A IM P U N L A N K A T A T A T IN IT I D E N IN G

K I M A R D I B U D H I' ING

M A D I U N .

Tjardmsangkab: A m buka èsta basukining rat (1889) Surjasangkaia : Kébkit kaèksi tengga pranatan (1834)

Kawedalaken lan kasadé déning :T ok o B uku P U 5 T A K A D J A W I „ G U R U - B U D H I *

Djl. Kalimantan 42 — M a d i u n.

Page 4: l .fü HöADILINGN

KI M A R D I B U D H I( P A N G R IP T A ) .

Page 5: l .fü HöADILINGN

SUWARGI INGKANG MINULYA ING DJAGAD

Raden Ngabehi RonggawarsitaPudjangga Dalem ing Nagari SURAKARTA ADININGRAT.

P a n d je n e n g a j ilp u n satunggil2 ing Pudjangga ingkang linangkung, ngle- lu r i serat2 pustaka utaw i w edha2 sak ing se rat2-an ipun para Em pu D jangga ing kina2. Serat2 ing k ina2 w au katjarijosaken w iw it ing djaman Kadew atan, kados dene serat2: Pustaka Dharja , D jita A b sa ra utaw i Sastra H ard jendra, ingkang la rik ipun ladjeng dados Se rat Pa- ram a jo ga , saha a n un ten kasam bet ing babaripun dados serat Pusta- k a rad ja (P u s t a k s ra d ja p u rw a Ian Pustakaradfapuw ara utaw i tnggih p un ika inp kang antaw isipun perangan tengah d ipun w astani Pusta- k a ra d ja m a d y a ), in gg ih pun ika Serr.t - se rs t sadjarahipun para N a ta m atu ru n -tu ru n w iw it ing djaman Pu rw a D jam an M edangkam uijan I ngan tos d um ug i ing D jam an M adjapah it V lll ; ingg ih se ra t - serat sadaja w au in gkang dados teta ie sing k sw on te n a n ing k in a - k in a , ing d jam an B u d h a , m engku tjarijos - tjarijos in g sadjarah - sadjarah in gkang p^emati, tuw in ngandung w ew arah2 ing kaw ruh - kaw ru h k u ku m in g kead ilan kam ulyan saha kasuktjen ing djagad, m engku k a luhu ran ing budhi budhaja ian kabudhajan.

Page 6: l .fü HöADILINGN

I S I N I P U N B U K U .

1. P U R W A K A ..................................................................................

2. Bab I. Huküm ngadiling Ratu (Paféntah) mengkunagaraPérangan 1 ............................................................

Pérangan 2. Pantja-pratama, kautamaning R tu Binatara limang prakara .

Pérangan 3. Sama Béda Dana DendaPérangan 4. Hasta B a r a t a ............................Pérangan 5. Nista Madya Utamaning Rat

laku-lakuning amangkurat . .Pérangan 6 Lelabuhaning Ratu. Hanata, Ha

niti, Hamariksa, Hamisésa .Pérangan 7. Pepéling Palimarma, Panerangnn

Palajangan, Pangaridelan, Par dadaran ......................................

Pérangan 8 . Kumpul2-an vvewarah kawruhin rèh ngadiling Karatori kang gajutan ......................................

3. Bab (I. Lelabuharê para m n n t r i marank pradjan(agaranê)Pérangan I..............................................................Pérangan 2. LelabuÜan Pantja-Guna . .

4. Bab III. Wewulang labet pangawulaning wadya marang Ratu (Pamaréntah utawa Nagara).Pérangan I..............................................................Pérangan 2..............................................................Pérangan 3 , .................................................

5. Bab IV. (tambahan) Kawitjaksananing Nata ing Pami-suda Punggawa utawa M a n t r i ...................... 45

78 9

11

12

13

7/27

28 3 L

333642

Page 7: l .fü HöADILINGN

I. P U R W A K A.

H O N G ILAHÈNG H O N G M A N G A R T JA N A M A T A JA A W IG N A M ASTU N A MASIDHI.

Dyan punika rèké purwakaning Pustaka Wédha Hudanaga- ra, marsitakaken ing wewarah wedjang2-anipun para Nata. para Resi, Pandita, Brahmana, miwah para Harja lan para Nindya, utawi para linangkung ing djaman kina, ingkang perlu2 sesang- kutan kalijan djotok2-ing kawruh kabudhajan ingkang tumrap pangawruhing kukum'2 Hudanagara, inggili punika Hukum Ka- adilaning amengku pradja, ingkang amurih djedjeging nagan saha gelaring kawontenanipun ingkang ADIL lan NGADIL.

Menggah isinipun buku punika ingatasipun seserapan bab- ing kawruh2 hudanagara, bilih saking pamanggih kula taksih sekedik sanget, djer sapinten anggên kula marsudi ing pangudi- nipun, sarèhning inggih saweg kandeg samanten kémawon. na- nging sanadyana saweg dumugi samanten, inggih boten punapa, kéngïnea kanggé ukur2 utawi ular2 ing seserapan sawatawis, déné manawi ing tembé wingking saged kasembadan anggên ku- la marsudi malih, inggih bade kasambet malih mg tetagipun.

Wonten déné menggah maksudipun pangripta njerat ing wos2 ing kawruh punika, tudjuwanipun amung ambudi saha narutus ing kawruh2-ipun bab kabudhajan kasebat wau, kados Dundi l a m p a h 2-i pun ing kawruh2 kasebat, ingkang sesangkutan kaliian bab2-ing pangulahing mengku nagan ingkang wisesa ing adit Ian ngadil wau, saking gumelaring kawontenan2 kita ing­kang t u m u w u h wonten ing kabudhêning agesanging bangsa kita, leluhur2 ing kawontenanipun nalika wiwit ing djamanipun kina makina ing wantji2 ingkang wonten ing mangsa kala, per- lunipun punika wau manawi sasampunipun saged kauningam, mbok bilih ugi saged kénging kinarja wawasan2 ing sawatawis, üundi ingkang saé lan pundi ingkang leres patut hnun.., dene ingkang kirang utawi boten saé inggih boten perlu hnuri2, d]er kebetahan kita ngagesang wonten samadyanmg bebrajampun nuneswa bangsa ing nagan punika boten lintu ingkang ginajuh inggih namung perluangésti dateng kawontenamng agesanging bebrajan ingkang saé lan leres, djatosing adil lan ngadil wau.

Saha malih menggah pikadjenganipun pangripta ingkang tumrap bab2-ing isinipun kawruh punika, ing ngrilu, sanadyan ta sadaia widjangan2 utawi \vewnrah2 saking seserapan ing kina-, wau kapirid saking sabda2-nipun para Ratu2, anangmg ing ngn- ki sanès maksud kula ladjcng sumedya anggadahi pamengku utawi dasar2-ing kapitadosan bilih adil lan ngadil punika, amungtumrap' ingkang awit saking satunggal dêmng panguwaosing Ra- tu kémawon, djalaran sanadyan ta Ratu wau anggadahi teges ingkang linangkung utawi ingkang rumengga ing djagad (Rat =

Page 8: l .fü HöADILINGN

djagad, Tu utawi Hu = linuwih utawi rengga) anggènipun wisésa ing adil lan ngadil, ananging toh manawi Ratu kasebat boten saged anetepi ing adil lan ngadilipun, temtu punika tumraping kita (rakjat) inggih ladjeng winastan tanpa paédah, awit pu- nika ladjeng winastan nglepati hukuming karatou. Dados ingkang perlu punika, sajektosipun amung kanjatahaning adiling kawon- tenan ingkang gumelar, liripun kanjatahaning gotong rojong (de- mokrasi) saéka k^pti ingkang katata (terpimpin), tjetanipun ing­gih punika ingkang adil saha ngadil lan awèh adil, inggih ingkang anggelaraken (awèh) betjik lan awèh bener, ingkang sadjatos.

Mila menggah saladjengipun piatur kula, sadaja wedjangan2 ingkang sesangkutan kalijan namaning Ratti utawi Karaton, punika^ kinarja amurih tjotjogipun kalijan kawontenan ing sa- mangké punika, Ratu utawi Karaton wau sadaja, prajoginipun kagantos (kaéwahan) naraa Nagara utawi Pamaréntah, utawi Paréntah, utawi Pangadjeng, dados klajan makaten saged guma* tok sarta saged notjogi kalijan kawontenan samangké wau, awit bilih saking pamanggih kula, menggah ingkang winastan A D IL lan NGADIL wau utawi KAADILAN ingkang saé lan leres pu­nika, boten rumijin boten sapunika inggih sami kémawon, na- mung patrap2-ipun pamengku, punika kapirid saking éwah2- aning kawontenan ing mangsa kala ingkang bènten2 trap2-anipun.

Wasananing atur kula, mugi2 buku ingkang alit punika, sageda bade wonten kawigatosariipun ingkang badé makantuki mg atasing kawontenaning masjarakat bebrajan ngantos in? teinbe pawingkingipun. ö

Déné isi2 suraosing tjarijosipun buku punika, kaclapuk ka- hjan basa ngoko, amunh gampil pinangertosan (dipun manger-

Wasananing atur kula ing purwakaning serat punika : Hong mangartjana maswaha, Sang Hjang Haju, Haju, Haju, su- Kahaju ! ! !

P A N G R I P T A .

Madiun, 10 D e s e m b e r 1957.17 Djumadilawal 1889.

(Selasa Wagé 17, wuku Gumbreg windu Senghara).1G Manggakala 1834.

Page 9: l .fü HöADILINGN

B A B ï.

KUKUM N G A D ILIN G RATU (PARENTAH) MENGKU N A G A R A .

Pérangan 1.Sabdane Sri Krestta marang Harja Nirbita.Katjarita samuksané Prabu Matswapati ing Wirata VII, ing sarèhné Sang Nata ora atilar putra kakung, awit putra Nata kakung tetiga Radèn Harja Seta lan Ra- dèn Harja Utara miwah Radèn Harja Warasangka (Wratsangka) wus pada pralena anèng samadyaning perang Bharatajuda, anuli saka karsané Sri Judhis- tira, ing samuksané Prabu Matswapati mau, pangas- taning papréntahan kang mangka angganti kaleng- gnhaning Nata, kaesrahaké marang Patih Harja Nir­bita, sawusé kaêstrènan djumenengé Harja Nirbita dadi pramudyané nagara Wirata, Sri Kresna bandjur paring sabda pangandika mangkênê :Hèh ta sira Nirbita, ing mengko saka karsané Jaji Prabu sira kinulawisuda gumanti ana ing nagara Wi­rata.

11 Ing sarèhné gedé nagaranira mau, mula sira adja kongsisalah gawé, sairta anggung tolihen karatomra, udjer siramangka pramudya, dadi nora kena ginawé ênteng.

2) Djalaran pantjè» abot sesanggané wong mengku nagarakang tinut ing sakèhing wadyanira, mula hardjaning naga­ra utawa karusakaning nagara ija amung saka mg pameng- kunira mau.

a\ Dier Ratu iku kang mangka panuntun sarta kang amasti tinut ing wong sadjagad. Mula manawa Ratu iku ambek utama utawa lamun Ratu iku ambek dyatmika anggone anggelarakê papréntahané kalawan ambek dharma, meruh- aké (ngaweruhi) ing ala betjik, iku uga jekti tinut ingpa- ra wadya (kawula) né pada uga ambek dharma, karana saisining djagads&pa kang andarbènana (pamasesa patang gung djawabé) sajekti amung Sang Nata.

4) Obah osiking Nata iku kajektèné mangka sasmite miwah dadi panggrahitané para wadyanira kabêh, kimra-iira saka lelabetaning Sang Nata kang kadulu, endi kang be jK an endi kang ala, iku dadi minangka kaja pratanda.

Page 10: l .fü HöADILINGN

5). Djer Ratu iku apan kaja upama dadi atiné wong sabumi, ing mangka bumi upamanè sarira.

6). Lamun ati iku nandang susah, ninggal kang katon ing tjip- ta, udjwalané (tjahjané, katonè) datan prajoga, sahingga tume- kané angganira (badanira) sakodjur iku. Mangkono uga lamun ati iku nista awit saka parek ing runtik, mangka iku bandjur lineksanan dêning angganira sakodjur uga, temahan karem ing tindak kang djahil lawan panastèn, sungkan ing kauta- rnan, sarta bandjur karem awewadanan, iku kaja angadji mumpung.

7). Ing mangka kang mangkono mau tan prabéda liré ameng­ku pradja, ija sira kang dadi tyasé ing wong sabumi mau, kang mangka sakèhing wadya (kawulaj nira mau dadi mi- nangka angganira pribadi.

S). Mangkono upamané ing pamengkunira marang wadya ba- lanira iku, mula dèn gemi ing laku dharma, ngawruhana ing ala betjik kinarja pamatrapé pakarjanira. Kang ala we- ruhna ing betjik. kang betjik binudija supaja wuwuh uta- ma.

9). Mangkono mungguh busananing Ratu iku, abot wong sinu- darsana marang saisining djagad. Mulané sira dèn éling. sar- la buwangen ing tyasira kang hardapeksa (wasa-wasa).

10). Sira dèn taberi mariksaa ing wadya pangarsanira, apadé- né pamasésanira ing wadyanira kang wuri. Iku arané tetem- bungan p a r a m a r t a . Mula manavva wisésanira harda­peksa, nora wurung rusak wewengkonira, norü. béda kaja karusakauing sarira kang sahingga tumekaning ati kasebut

11). Déné hambeking Ratu amung kinarja patang warna, iku kang wus kapasti, dèn èngeta ing salawasé, sarta patang prakara mau nora kena tininggal salah sawidji, awit jèn kongsi tininggal salah sawidji, nora wurung ing sabarang rèh dadi kadung (pintjang). Mulané dipoma dén ngati-ati. Wruhanira, mungguh patang prakara kasebut patrapena sadina-dina, kang dingin m a t a h , lcepindo m a t r a p , kaping telu m a n d u m , kaping pat m a n t j a s . Iku kang pinasti pangastaning Ratu kang tan kena tinilar salah sawidji.

12). EliDg-élingen lan binudija dèn pasti patang prakara mau, adja kongsi ambek blèndèran, njingkirana patrap sembrana, sarta dèn mungkul ing tyas rahaju, supaja amartani awèh rahajuning pradja (nagara) nira.

13). Lan manèhé, dèn karem milulut marang sasamaning djanma.

Page 11: l .fü HöADILINGN

14). Hèhta sira Nirbita, ing rèhné sira mangko was dadi pr.i- mudyanê nagaranira Wirata, poma dèn botena amrih ing kautamané. Utama, awit déné kataman ing rèh rahaju,darapun ajema ing saisining pradjanira.(Ksb. ing Ssrat Bharatajuda djilid l i j Pustakaradjapiirwa).

Pérangan 2.

P A N T J A P R A T A M A . kautamaning Ratu B i n a t a r a , limang prakara.

Pangandikané Maha Prabu Dipajana (Parikesit) ma­rang ingkang putra Prabu Judajana.

Katjarita nalika Maha Prabu Dipajana karsa sèlèh kaprabon marang ingkang putra Prabu Judajana (Ra­dèn Judajana), anuli praptaning mangsa Sang Nata lcarsa muksa ing sésnk ésuk, Prabu Dipajana bandjur mijos sinéwaka, nuli paring wewulang marang ing­kang putra Prabu Judajana, manglcéné :,,Hèh putraningsun kaki Prabu, rèhné béndjang én- djang sira ingsun tilar muksa, muga angèstokna kang dadya wewnlangingsun ing sira; ing samengko sira iku wus pinasti ing Déwa dadya pandam pangaubané saisining rat pramudita, poma sira anetepana ambek* ing Ratu Binatara iku, amung limang prakara mau :

I. MULAT.Tegesé angawasena marang pakarjaning wadyanira, kajata ka- rem ing ngalembut ajwa pinatrapaken ing ngagal, kang agal ajwa pinatrapaken ing ngalembut, dadi ora worsuh paminta pranataning pakarjan; sarta dèn waspada marang tingkahing wadyanira, kang ala lawan kang betjik, kang ala ajwa pina- rekaké, kang betjik prajoga jen kinantija marang pangulahing pradja.II. MILALA.Tegesé pandjenenganing Nata iku dèn karem anggegandjar angu- lawisuda wadya balané kang kapanudju ing karja.III. MILUTA.Tegesé angraket, kajata pandjenenganing Nata iku dèn bisa mardawèng sabda amemalad drijaning wadya bala, supadi wida- daning panembahé marang Sang Nata.

Page 12: l .fü HöADILINGN

IV. PALIDARMA.Tegesé pandjenenganing Nata iku memulanga kalakuhan kang betjik2 maring wadya, supaja pada angawruhana raarang ku- wadjibané sowang-sowang, sarta dèn remen akarja kautaman maring wewengkoné kabèh, supaja dumadija panuntuning ka- rahardjan.V. PALIMARMA.Tegesé pandjenenganing Nata iku, kagungana pangaksama, supaja dumadija santosaning pradja, Lah iku kéwala kulnp, mu- ga kaèstokna salawasé, wruhanira jaiku kang dadi busananing Nata. Ana déné mungguh pamatrapé, SAMA BEDA DANA DEN- DA, iku ana sira pribadi kang matrapaké, jekti wus ana kang darbé kuwadjiban sowang-sowang.

(Ksb. ing Serat DarmasaranajPustakaradjapurwa).Sabandjure bab wewulang sama béda dana denda kasebut tje- tanê kaya ing ngisor (pérangan 3) lan saterusé.

Pérangan 3.SA M A BÈDA D A N A DENDA.

Pangandikané Sri Batara Adji Pamasa (Prabu Ku- sumawitjitra) marang Prabu Gondakusuma nalika ti- nandur djumeneng Nata ana ing Kartanagara ngi- ras ngrangkep ing karaton Bodjanagara, apadênê sabdané Sang Nata marang Prabu Djajasuséna ing Matahun (Batanakawarsa), mangkéné :

,,Ing mangko pada sun paringi pepéling, tetepé djumeneng .. , u_ . f,nS kasebut utama, iku anggelaraké patang prakara, lire SAMA BEDA DANA DENDA, patang prakara iku nora kena tininggal salah sawidji, kabèh kudu kasarira. Kapat iku kramané radja-niti, ingaran sasana Prabu, tegesé anggoning Na­ta dennja mengku wadya bala pamatrapé tumindaka kalawan papan, lawan tibaning papan iku kudu nganggo pangkat-pangkat.I. SAMA.Déné empaning sama jên apeparing anèng pasamuwan agung kang kasumurupan ing wadya akêh ajwa kongsi nganggo pilih kasih. Déné lamun peparing marang wadya kang kinasih, mang- kene trapé. Peparinga dedèwêkan, dadi ingrèhnéora ana wadya li]a kang sumurup, lamun senadyan kinatjèk peparingé saka mg sapada-padané, sajekti nora dadi pamèrining lijan, udjer iku pada tan weruh, dadi kudu bisa tepa-tepa netepi krama- mng Adji.

Page 13: l .fü HöADILINGN

II. BEDA.Déné empaning béda, jèn amatah karjaning wadya, dèn ngang- gowa pangkat - pangkatan, kajata kang alebda ulah ing nga- gal ajwa sinung karja lembut, prajogané pinataha ing pakarjan gada gitik. Kang alebda ing karja lembut ajwa sinung ing karja agal, prajogané patahen ing pakarjan kang alus-alus, ruwitaning karawitan, dadi nora amindo karja, amarga jèn ora mangkono mundak andjalari kadadêjan salab surup, temahan wurung dadi dandanan. Pralambangé apa ana vvadung kinarja amatjul lemah, sajekti amung dawul-dawul tumandjané, ananging manawa wa- dung mau angsahena'ing wreksa, sajekti sampurna datan sang- saja, samono uga upamaué patjul manawa kinarja memetjèl mi- wall anegor wreksa, sajekti nora nguwisi lan liwas arowang-ra wing ora dadi apa-apa, ananging manawa patjul mau kinarja amatjul kisma, sajekti ora rekasa, karana wus bubuhané. Mang­kono traping pamatah, dadi ajwa tumpang-so ing gawé.

III. DANA.Déné empaning dana, ing sabarang prakara kawruhana kang endi wadyanira kang taberi miwah kang kabeneran karjané, sarta kang weruh ing wadjib, p a n la ten gegandjaranè. Manawa ana padudon karsaning wadya sapihen :kalawan dana, dadi kaja upamané rare tukaran, karo pisnn sira panganana mangka pangrapuning napsuné, dimèn atut rukuna, suprihé supaja kena kinèn anggarap ing pakarjané. Kelajan mangkono dadi kapeksa saisining nagara wekasan bakal tan ana prakara.

IV. DENDA.Déné empaning denda, jèn matrapaken ing kukum ngadil ajwa nganggo sin'ggan-singgun, nadyan santana warga, lamun uwis tibaning kukum, iku pinidana ing wisésa, dadi rahaju ing wuri-wuri.

Pérangan 4.

H A SJA -B A R A T A (BHARATA).

Sabatidjuré tutugé sabda pavgandikané Sn ̂ Bafara Adji Pamasa (ksb. pérangan 3) mau mangkéne :Ana manèh kang dadi darsanané kautamaning Nata, iku kudu nganggo hambek wolung prakara :

Page 14: l .fü HöADILINGN

Tansah adedana karem amfaebungah marang djanma, dana- né déné tetuwuhan kang tjukul ana ing awaké suka ]ila dèn ambila ing djanma, ajwa tetuwuhané jèn nora lilaa, sanadyan badané déwé dèn duduki dèn patjuli, Jega lila nora saserik, ma- lah jèn k&beneran ngatokaké pependeman radja-brana, dadi kabungahanê kang anduduk.II. HAMBEKING BANJU.Anggelaraké apura-paramarta, bisa angénaki nora rengatan, tji- nibukan pulih nora nana labeté.

III. HAMBEKING HAGNI.Hamisésa ing kalésa (reneged), bisa anglebur reregeding bu- mi, ambabadi kang arunggut, amadangi kang apeteng, jèn ka- longlongan nora suda atiné, bisa saréh bisa sereng nora kawis- tara lakuné.

IV. HAMBEKING ANGIN.Tan pegat titi-pariksa, agung angindjen - indjen solah bavva- ning djanma, bisa anuksma ing ngagal alit, amiguna ing nga- guna, lakuné tanpa wangenan, pamrihé tanpa tengeran, jèn ka- tulak nora esak, jèn katampik nora serik.

V. HAMBEKING SUR JA.Sarèh ing karsa rêrèh ing pangarah, nora sadaja-daja antuka, sabarang^ ingkang dèn pé panasing srengéngé nora agé2 dèn garingaké, lakuné angarah-arah pamrihé ing sabarang rêh nora rekasa anggoné misésa.

VI. HAMBEKING REMBULAN.Bisa anuraga amét prana, sumèh ing nétya alus ing budhi anawuraken raras rum, sumrah sumrambah marang saisining djugad.

VII. HAMBEKING LINTANG.Santosa pengkuh nora kéguhan, nora lèrès ing ubaja, nora leléméran ing karsa, pitajan atèn nora samudana.VIII. HAMBEKING MENDUNG.Angempakaké^ dana wesiasat, ngadil nora nganggo bahéka- piné, déné jèn kabeneran awêh gandjaran anurunaké udan, wesi-asaté jèn ana kang kaluputan (salah) pinidana ing guntur tanpa sésa, adilé agung angawruhi ala betjiking manungsa, ge- byaring kilat kang minangka titi-pariksa, kang ala nemu pau- kuman, kang betjik antuk gandjaran.

Page 15: l .fü HöADILINGN

Pérangan 5.NISTA M A D Y A U T A M A N IN G RATU.

Laku-lakuning amangkurat.(Isih terusé pérangan 4).

„Kawruhana kang dadi nista madya ntamaning Ratu : I. NISTA.Liré kang dadi kanistaning Nata jaiku lamun mélikan ing harta lan radja - darbèking wadya, sinihan lan pinilala. Upamané barang kang dèn mèlikaké mau tinukuwa pisan kelawan bina- tèn rega, utawa ingurupana kang angleluwihi regané, ananging lamun orasembada kasembadan karepé, iku ajwa sira paripeksa, awit jèn mangkono mundak satemah dadi pikiring wadya bakal tan pratjaja ing wuri ‘anggonê sumawita ing Ratu. Lamun sira kudu arsa ndarbèni karsa mangkono mau, prajoga amung takokna kelawan arising watjana baé, lirésaka ing ngendi olehé, sangkaning kang amilala, utawa jèn tukuwa pira, apa ïsih tung- calê Klawan mangkono baé manawa tumpaping wadya kang ma- neun krida utawa kang lepas ing panggrahitané sajekti wus anerasa p'ribadi, sarta angaturalcé kelawan tanpa pantiwun apa- aDa Ananging kang kaja mangkono iku sira ajwa kaluhuran inededana, mula anganggowa kira-kira apa kang den remem n f wadyanira mau. nuli dèn sungana kang kapara angerobi

adjèn-adjèné amarga lamun ora mangkono aran nista trapiramengku nagara.

II MADYA.Déné kang d a d i madyaning Nata, jaiku ora kumet lan ora lorna, liré lamun ana wadya kang nuwun mg sih kawelasan, paring- ana sawatara kelawan kinira-kira kéwala. Naiiging manawa wus akèh peparingira, iku wengng ü.nulaka ing pamintané.Manawa ana sawenèbing wadyanira kang atur-atur ing saniskara, jku wadjib peparingana ing samurwaté mangka reruba.Lawan manèh dana-wesiasat trapena, liré wadjib anggegandjara ing wadyanira kang antuk karja utawa kang kabeneran karja- né lawan wadjib amidanaa ing wadyanira kang luput ing karja. lawan patrapena sapudenda maring wadyanira kang paqia dosa. Lekasing akarja madya mau ing sabarang kang sinedya ing karsa anganggowa kira-kira, miwah deduga lawan watara.

III. UTAMA.Déné utamaning Nata jaiku BERBUDHI BAWA - LEKSANA:

a.) BERBUDHI. Liré bèrbudhi lila legawa mg dnja dènira dedana sarta anggonira anggegandjar ing saben dina.

Page 16: l .fü HöADILINGN

b). BAW A-LEKSANA. Liré baw&leksana, anetepana pa- ngandika kang wus kawidjil kabèh, datan arsa angon- tjatana, linakonan ing sanalika.Déné kang tumiba ing utama, pangèstining tyas kang santosa (ATI SANTOSA), BUDHI * SU DIBYA lan AMBEK PARAMARTA saka lelabubanira anggonira hanata haniti, hamariksa hamisésa.

I. ATI SANTOSA.Liré kasantosaning tyasira mau nora nganti katlorob ing atur kang dora- tjara saka vvewaduling wadyabalanira kang upama kuntul kaunèkaké dandang.Déné jèn ana kang mangkono iku. dèn tanggapana kéwala, sarta kapénakena ing basa kram a; sanadyanta kapyarsa sumaruna saka ing kanan kéringira, iku prajoga tinengaha ing watara sarta timbangana ing tandukira. dimèn ajwa kongsi tjuwa kang angaturaké dur-watjana, ananging ing wekasun angingsep- ingsepa terangé titi pariksa.II. BUDHI SUDIBYA.Ana déné liré budhi sudibya, bisaa anuraga ing basa, amiguna ing ngaguna, datan kawistara manawa sudjana kang anajadi wahjaning krama waspada ing wewadi, tanggaping tjipta-sasmita. Nadyan silih wus widagda, prajoga api-apija datan uninga sa- lwiring pangawruhira mau, dadi tan padja-padja tiningalan ing lijan, amnh supajané kang para wignja dimèné sengkut ing pangupajané amurih undaking kagunan kang dadi kapanggyaning bang Nata.III. AMBEK PARAMARTA.Liré ambek paramarta, jaiku martani ing sabuwana lumuh ma- rang panggawé rusija, muhung karem akarja rasika, jaiku pang- gawé kang betjik - betjik, angaksama ing kaluputaning wadya, apadené sabar maklum lan welasan, sarta tepa-tepa ing sape padamng ngaurjp sasamaning dumadi.

Pérangan 6 .LELABUHANING RATU.

Hanata, Haniti, Hamariksa, Hamisésa.( Isili terusé pérangan 5).

..Anadéné lelabuhaning Ratu patang prakara, patrapé sowang-sowang, mangkéné :

I. HANATA.Jaiku pranata pangrèhing pradja ing laku-lakuDing judanafrara (hudanagara), pangkating nagara krama (tata-nagara ?) tinataa andina-dina, ajwa kongsi ana panggawê rusuh.

Page 17: l .fü HöADILINGN

II. HANITLJaiku haniti (niti) ing wadya kang kapasrahan rumeksa lawan kang kabubuhan ing karja, titinen kelawan tyasira kéwala. Sa- barang atur kang prajoga, ajwa amung ngétung dupèh déné saka ing wadyanira pangarsa baé, ananging sanadyana saka wadya utawa kawula andap uga dèn titi. Dadi iku tem- bung arglangi mega, andjaring maruta arané.

III. HAMARIKSA.Jaiku hamariksaa (mariksaa) marang saisining pradjanira. Jên ana kang sungkavva, pinisukaa ing savvatara, angusadani wong kalaran, anjiptani (mesakaké) wong kang ina (tjatjat), angardjak- aken ing ngapapa, amntyakaken wong kang nista. Bebasané iku ana lelabuhan kang utama. jaiku asung baksana (pangan) ing wong ngapapa, asung btisana ing wong kawudan, anuduhaké marang wong lumaku (anuduhaké dedalan wong kang kapetengan laku), asung teken ing wong kalunjon, asung kekudang marang wong kang kena ing pepanasing surja, miwah asung wastra (salin) ing wong kawarsan (kodanan).

IV. HAMISESA.Jaiku hamisésa ing kalèsaning djagad, sakèhing para kang dadi w ew erin ing nagara samya pinidanaa ing wiscsa, sarupané durat- niaka kang wus pada kaloka ing kadurdjananê, kaloka ing ka- dursilanê, kaloka ing durlaksanané, wadjib winisésa tanpa. sésa.

Pérangan 7.

PEPHLING PALIMARMA.Panerangan, Palajangan, Pangandelan, Pandadaran.

(isih tutugé pérangan 6).

Sabandjuré pangandikané Prabu Kusumawitjitra mang- kéné:,,Lawan manèh bagya kang pada angéstokena ing pepéling palimarma, amrih kasubing rat kawirotama- né. Jèn wus waskita ing salataning paramarta kase­but, mangkéné Iwifé kang njata :Angjektènana wadyanira kang betjik lan kang ala, amarga setya utawa dora iku sajekti kawistara, dadi saka ing panggrajangan, sarta kanjatahaning sasmita utawa semu, sarana wawasen saka ing pannggrajangan. Panggrajangan mau dadi patang prangkatan.

Page 18: l .fü HöADILINGN

T) Sapisan panggrajangan mau wawasen saka ing PANENGE-RAN.

II) Kapindo panggrajangan mau wawasen saka ing PA LA JA ­NGAN'.

III) Kaping telü panggrajangan mau wawasen saka ing PA-NGANDELAN.

IV) Kaping paté panggrajangan mau wawasen saka ing PAN-DADARAN.

Mawas panggrajangan patang prakara mau kawruhana :I. PANENGERAN.Panggrajangan kang kaping pisan, lire saka ing panengeran,rkupatang prangkatan.

1) Wawasen saka ing pasemoning nétya,2) miwah wetuning wuwus lamun rerasan,3) miwah traping palungguhané,4) sarta laku-lakuné anêrag dedalan.

Iku wawasen kabèh.1) Jèn manis pasemoning nétyané,2) jên sarêh wetuning witjatra,3) jèn djatmika patrapê susila ing pahingguhê,4) jèn angarah-aralï lakuné,

ija iku kang sanjata wadya kang talitiné wong betjik-• • betjik, aran terahing kula kretasaja (terahing rahaju

budhi, rahaju saka ing panggawé wisaja), iku kang prajoga dadiné nora bebakal manèh (amindo gawé),sa- bab munggnh ing pamilih ing ngatasé sangkaning nista tumekaningutama, apes-apesé tumiba madya. Iku kang kudu rinaketana pantes kinulawisuda. Ananging ma- nawa panerangan kang ora betjik iku:

1) lamun pasemoning nétya andik alum,2) lamun seru reresané sora, seneng lan karem jen ginuju-

guju,3) lamun rongèh patrapé lungguhé,4) lamun lakuné salèwèngan, iku jèn ana wadya kang ka-

ja mangkono dohana, nora pantes sinung kawirjan.II. PALAJANGAN.Panggrajangan kang kaping pindo, liré nitik ing palajangan, ikupatang prakara uga.

1) Wawasen saka ing pasang tjipta,2) lawan manawa pinasangan sasmita,3) miwah pinasangan ing sesandi,4) sarta pinasangan ing pangupaja (upaja)

Page 19: l .fü HöADILINGN

iku wawasen kabèh.1) Jèn pinasangan ing tjipta, upama waskita ing kedaping

nétyané (polatané),2) jèn pinasangan ing sasraita tanggap ing semuning wa-

tjana,3) jèn pinasangan sesandi mangerti ing samaring karep,4) jèn pinasangan ing upaja bisa sumurup ing tata, mi-

wah kasidaning paragnjana barang paréntahing Ratu sanalika linakonan, ija iku wadya kang utama lan lan- tip panggrahitané, dadi pantes lamun kinanti ing Ratu. Ananging manawa palajangan kang ora betjik iku :

. 1) lamun pinasangan ing tjipta datan waskita ing ke-daping polatan,

2) lamun pinasangan sasmita datan tanggap ing semuning watjana,

3) lamun pinasangan sesandi datan mantra - mantra ma­ngerti ing karsaning Nata,

4) lamun pinasangan upaja datan mangerti utawa ora nju- murupi ing dadiné hagnjana Prabu kang lestari linako­nan, iku wadya kang tan betjik, sarta kang kadadèja- ning wuri nora pantes sinung kawirjan.

III. PANGANDELAN.Panggrajangan kang kaping telu, lire nitik ing pangandelan, iku patang prakara uga.

1) Wawasen saka kawignjaning ngaguna,2) wawasen saka taberiné ing karja.3) wawasen saka rerigené ing harta.4) wawasen saka katemenanê ing wanodya.

Iku wawasen kabèh.1) Jèn ingandel wignja ing budhi sarta animpuni ing nga­

guna,2) jèn ingandel sabarang gawé njampurnakaken ing sanis-

kara,3) jèn ingandel ing harta gemi nastiti ing pamétungé sar-

ta angati-ati panggarapé,4) jèn dèn andel ing pawèstri awas éling lan prajitna, ri-

nga-ringa pandelengé, ija iku wadya kang tuhu setya, pantes kapratjajaa. Ananging manawa pangandelan kang ora betjik iku :

1) lamun kaandelan ing kawruh angapirani,

Page 20: l .fü HöADILINGN

2) lamun kaandelan sabarang karja tiwas tan anguwisana,3) lamun kaandelan ing harta boros, aminteri, anamar

étung.4) lamun kaandelan ing wanodya angutjiwani lan nora

éling, iku ora pantes pinarekna marang Sang Nata.IV. PANDADARAN.Panggrajangan kang kaping paté, liré nitik patraping pandadar-an, iku uga patang prakara :

1) kadadara saka ing kasantikan,2) kadadara saka ing kaldksanan,3) kadadara saka ing kaprawiran,4) kadadara saka ing kasuran.

Iku wawasen kabèh,1) Jèn dinadar ing kasektèn (kasantikan) putus ing rèh

sandi-praja,2) jèn dinadar ing kaleksanané patitis lamun dinuta da-

tan mara-rekasa,3) jèn dinadar ing kaprawiran tuhu tatas sarosa kaskaja,4) jèn dinadar ing kawanèn tatagtanggon tangginas, tan-

pa was nétyané, ija iku wadya santosa. Ananging ma­nawa pandadaran kang nora betjik iku:

1) jèn dinadar ing kasantikan bawa prabawané amaléndo tanpa dadi,

2) jèn dinadar ing kaleksanan dompo sarta nora patitis dinuta, lawan irèn sungkanan rumangsané ngrasa rekasa,

3) jèn dinadar ing kaprawiran kendo angendé-endé budhi, tanpa daja lan nora rosa,

4) jèn dinadar ing kawanèn ndjonglo maras atiné, iku datan lajak kinawulakna marang Sang Nata, awit wadya kang kaja mangkono iku bakal niwasi jèn pinitaja.

Lakuné hamangku-rat.Marma djenenging Nata kang amurba amisésa sarta kawasa angrèh ing wadya akèh, iku ana minangka sa- ranané.

1) Kang dadi tindaké amangkurat, mung sawidji margané kang lestari dèn ambah, jaiku marga kang bener betjik. Nanging tan kena wewéka (sangga-runggi), sarta kudu awas paningalé, miwah éling pangèstining tyasira dimên adja kasangsang maring sesimpanganing dedalan kang nenuntun ing karusakan. Awit jèn kongsi mangkonoa tan wandéja wekasan tumibèng nista, temahan dadi sija-sija, niaja ma­rang badané dêwé.

Page 21: l .fü HöADILINGN

2) Mangka jèn mangkono mau aran tiwas djenenging (asma- ning) Ratu, temahan retu tataning pradjanira.

3) Ing mangka jèn katemahan mangkono sajekti kautama- ning Nata bakal njamut-njamut, awit amung nista kang kawistara.

4) Ing ijgarep ingsun wewarah liré tri prakara kang aran nis­ta madya utama, kabèh pada ana sangkané.

I) Kang nista iku sangkané nora lija saking murka mélikan.II) Déné kang madya purwaué saka wignja ing pamatura mi-

wah deduga lawan prajoga.III) Déné kang utama wité saka santosaning budhi, awit mung-

ktil nggoné tetepa saka tjarita-tjaritaning sedjarah ing ku- na-kuna, tinulat sakèhing kautamané (tjetjritaning sedja- rah mau). Kelajan mangkono, iku pangarahê ajwa kongsi tumiba ing nista, karana panggawé nista iku dadi kem- banging rusak, déné madya wekasané dadi kembangmg uta­ma, kang utama temahan dadi kembanging luhur, luhur maring kamulyan ija k a m u l y a n i n g s a n g k a n p a ­r a n.(Pérangan 3, 4, 5, 6, 7 ksb. ing dalem Serat Hudjipamasadit lid 11 uga ing dalem Serat DharmasoJifa, karanganè sang- hyang Baiara Panjarikan. Ksb. ing Serat Pusarakrama).

Pérangan 8.

K U M P U L - K U M P U L A N W E W A R A H KAW RUH ING RÈH N G A D IU N G

KARATON. kang gega ju tan klajan sakèhing bab -b a b

k an g wus kasebut ing nduwur kabèh.

I.Pangandikané Sri Maharadja Wisaka marang P rabu Trilrusta ing Gilingwesi IV , miwah marang Prabu Sri Mahawan ing Purwatjarita VI, sarta marang Pra- bn Basupati ing Wirata I I mangkêné :

1. W AD JIBING RATU, sampun kendat hanata, haniti, ha-mariksa, hamisésa.

2. PANGAGEMING RATU, dipun saged : sama, bêda, dana,denda.

Page 22: l .fü HöADILINGN

3. PAMBEKAN1NG RATU, dipun saged : hamong, hamot, ha- mengku, hamangkat.

4. LELABUHANING RATU, anetepana : bèrbudhi, bawa lek- sana, animpuna ing ngaguna, amumpuni ing kautaman. (Ksb. ing Serat TpngkaradéwaJPustakaradjapurwa).

II.

Rest Manumanasa partng wewulang marang putrané nama Bambang Sriaii, nalika Bambang Sriati karsa ngawula marang Prabu Basukésti ing Wirata, antara- né wewulang mau mangkénê :

..................déné jên ingaken ?antana adja kongsi suman tana,karana pandjenengan Ratu iku kang minangka santana amung BENER lawan SA N TO SA .................”

(Ksb. ing Serat RadjawatarajPustakaradjapurwa).

III.Aturé Dèwi Banuwati marang ingkang raka Prabu Sujudana nalika ̂Sang Nata tansah anangsaja marang kadang - kadangé Pantja Pandawa, mangkénê aniara- né aturé mau:

. . . . . . . leresipun wadjib kerep tinulungan, djalaran asring tc-tulung, wekasan amung tansah kinuja-kuja pinrih sirnanipun awit ladjeng manah amélikan. Mangka Ratu punika NETRA BATARA, sumerep dateng awon saé, dados badé djedjeg pa- ngadilanipun, manawi djedjeg adilipun, djedjeg pradjanipun, namawi djedjeg pradjanipun, djedjeg karatonjpun.............."

(Ksb, ing Serat DéwarutjijPustakaradjapurwa).

IV.

Sabda pangadikané Sri Kresna marang Bagawan Ma- drasa.Katjarita nalika Dèwi Sumbadra murtja ginawa ra- seksi marangsatengahing wana, sahingga kalunta-lun- ta mbabaraké putra Radèn Abimanju ana ing paba- ratan, bandjur pinanggih lan pinilala Bagawan Madrasa ing wukir Sadhara, sabandjure nuli kaupadi ingkang raka Prabu Kresna Icapanggih, Sang Nata dahat

Page 23: l .fü HöADILINGN

panarimané marang Sang Bagawan Madrasa, muga winalesa ing Déwa, nuli aturé Bagawan Madrasa mangkéné :..Duh Sang Nata bidjaksana, menggah makaten pu- ni'ka masa borong, étangipun ngagesang punika ka- djawi kerabat kasipat, saêstu sipat punika anarik kawelasan, sanadyan lelampahan wau darmi anglam- pahi, peparenganipun titah tulung-tinulungan, bebasan djagul kénging pandamelan gugur redi, jèn ïmbanga- nipun tijang manggih bodja sanalika, manawi keka- tahen tanpa rowang tuwuk kemlekaren, bilih nné- wangan tur êtja tuwuk sadaja. Makaten pepiridaning Pandita, minangka reruba ing Déwata” .Prabu Kresna mijarsa langkung suka, pangandikané:

Duh Sane Wiku, nadyan Ratu inggih makaten, amirsam da- teng kawulanipun, ingkang kekirangan teda, ingkang dipun tem- W a k e n kekirangan teda punika, m g t o n g soph aw kputu, wondêné sanadyan mlarat manawi saking kekat.ahen pa- kareman boten pantes ginandjar, malah dipun sesuluh pakem- nalanipun. Kaping kalih kedah anjumerepi ingkang ulah pudya- b r a t a , awit dados tjetjagaking pradja .

(Ksb ing Serat MintaragalPustakaradjapurwa).

V.Aturé Ni Runrinta lan Dézen Sumbadra marang Sri Kresna.Katiarita Sri Kresna lan ra ji-ra ji Pantja Pandawa, nalika arsa muksa mider-mider sandjabamng nagara kelawan arsa nglabuh sekar Widjajakusuma, ing na­lika iku lampahé kepanggih wong nini-mm kang se- dene nimbani banju sumur ing pategalan. sarwi gu- m uiu-guju lan tetangisan, S a n g Nata lan raji - ra]i dabat ngungun aningali pratingkahé nini - mm mau, bandiur dinangu, atur wangsulane nama Nini Rumin- ta neupadi sakèhing radja-darbèké kang nalika perang Bharatajuda tininggal ngungsi kasingidakê ing sumur mau nanging sabubarê perang sawuse ball saking DailLungsèn, dumadakan sakèhing kadonjane wus Uang kabèh, anuli sabandjuré aturé Nini Rummta mangkéné :

Dull pukulun, paduka mugi paringa usada, sinten ingkang wadjib ndjampéni sisahing tijang sad]agad,

Page 24: l .fü HöADILINGN

kadjawi amung Sang Nata ingkang prajogi amitu- lungi dateng para kawulanipun sadaja punika, djer sampun boten wonten ingkang dipun sesambati ka­djawi namung paduka pukulun’ '.Pangandikané Sri Kresna marang Ni Ruminta mang- kénê : ,.Hèh Ruminta, adja sira susah, ingsun kang mulihaké sakèhing donjanira mau, ija ingsun kang anglironi, pira akèhé brananira iku ?"

Aturé Ni Rum inta:„Sakelangkung ing panuwun kula, pinaringan gandjaran saking sihipun Kangdjeng Déwadji punika wau, ananging mugi kauni- ngana, mg rèhipun punika boten mawi ing titi - priksa, sana- dyan sadaja punika inggih winastan saking sihing gusti, ana­nging rehning punika wau boten medal saking adiling nagarj, punika naminipun paduka badé atilar ing titi-priksa saha atijing- kuraken wasésanipun. Duh pukulun Kangdjeng Déwadji, meng- gah panuwun kula dèn sami antuka ingkang medal saking wi- sesa, sampun ngantos kekirangan saking ngadil, mindak adamel retumng djagad. Nadyan silih ugi sapintena kekutjahipun gus­ti ingkang sampun wadjib dados agemipun Ratu ing sadinten- dinten anggènipun dedana wau” .

Wauta Sri Kresna mijarsa atur mangkana dahat ngu- ngun kalenglengan ing drija, Ni Ruminta nambungi aturé manèh mangkénê :

,,Duh pukulun, mugi sami dipun priksaa ing saisining pradja punika, manawi boten tiniti-titi saêstu, katemah ingkang sami amrin rahaju badé anemahi risak amargi kaJindih déning pan-

amel ingkang nedya tumindak awon, temahan ingkang para u a l djuti sami bingah anggènipun badé adamel pepetenging djagad, anunten ladjeng pidjer katah reresah” .

Mangkana ing nalika iku Sang padni-wara ing Madu- kara (Dèwi Wara Sumbadra mireng aturé Nini Ru­minta tanggap ing panggalihê, bandjur njerak sarja matur marang keng raka Sri Kresna, mangkénê:

Tsr^p1 ndjeng kaka Prabu, leres punika aturipuni Ruminta boten sisip samendang, awit manawi paduka ewran dateng ugering kaprabonipun, tilar ing titi-priksa, oten wande badé pidjer adamel dahuruning diagad, anga-

djapaken durgama.2) Dados aturipun Nini Ruminta punika saèstu boten sisip,

amargi manawi Ratu punika ngapunten kémawon dateng lampan ing kadursiJan, atilar ing wisésanipun, méndah e ijang ingkang sami alampah ing kadursilan, saèstu badé

Page 25: l .fü HöADILINGN

angébeki ing sakatahing margi-margi, awit rumaos badé les- tantun lampahipun, déné aningali ing Ratunipun ingkang pinandita (sabar), atilar ing dana denda lan wesiasat.

3) Ingkang makaten punika saèstu ladjeng badé tular-temuJar dateng sakatahing para wadya (kawula) sadajanipun, mila sanadyan ta wontena wadya ingkang anggadahi ambek dar- ma (dharma) saha njtimrambahi ing pakarjanipun, ananging rèhning Ratunipuü aminda Wiku, ing ngriku ladjeng sami mangertos bilih Saug Nata boten badé karsa ing runtik (bendu), mila ingkang sami alampah ing kadursilan, tema- han netag ing sasolah-solahipun.

4) Nanging pukulun, inggili wonten utaminipun ugi, bilih Ra­tu punika ngugcmi ing ambek kapanditan amrih suka- ning para wadyanipun, djer "Ratu punika ing djagad sam- pun mumpuni, tambnh dateng darhêking wadya ingkang saé boten badé ngantos pinundut.

5) Ananging sinten ingkang badé kados Ratu ingkang sampun boten kéwran ing amrihing' linangkungipun (linuwihipun), mangka boten wonten wadya (kawula) ingkang anglang- kungi kados Ratu, amargi Ratu punika sajekti najaka- ningrat saha ingkang wiraganipun karja busananing nagari kasub kaonang-onang, tinut kautamènipun saking ing lintunagari (pradja).

G) Wonten malih bilih Ratu ingkang ambek pinandita, punikaprajoginipun tansaha anggelaraken wewuruk ing sadinten- dintenipun, amrihipun sampun ngantos sulaja ing budhi tuinrap sakatahing tetuladan saking sabda (dawuh) pukulun, ing wekasan sami sa-abipraja sabijantu ing karsa netag ing pakantukipun, makaten wau bilih sembada.

Menggah prakawisipun Nini Ruminta ing mangké, ndjeng paduka anuntena paréntah animbali tetijang sakiwa tengenipun ngriku djalerèstri sampun wonten ingkang kantun, jèn sampun sami dateng, paduka dawuhana sumur punika kinèn angébeki brana ngan­tos kebak, nanging kalijan paduka giri-giri. sinten ingkang boten mituhu badé karajah balê gnjanipun, sajekti ing ngriku badé kawistara ingkang sampun lampah djuti. Lan malih animbalana tijang ing ba- rahita satunggal, minangka tanda dinangu dora lan tuhunipun Nini Ruminta punika . . . . .(Kapogag saméné kang perlu wosing tjarita, saban- djuré wosing tjetjritan mau nganti radja - branané Nini Ruminta bisa tinemokaké klajan wisésa. (Ksb. ing Serat Bharatajuda djilid II / Pustakarad^apurwa).

Page 26: l .fü HöADILINGN

VI.Aturé Harpasa (kang salugitnê Sanghyang Hotipati amida warna). marang Prabu Dipajana (Parikesit).Katjarita Prabu Dipajana ing Ngastina anudju mijos sinéwaka ing pantjaniti, duk lagya lenggah kagyat mijarsa swaraning wong amralampita mangkéné :

,,Duh Bataraning hulun, aparinga busana dateng Ratu ing Ngas­tina ingkang minangka MAKUTA DENDA,KALUNG TRADJU,KERIS WADUNG,PATJUL minangka TJURIGA, ingkang GUNTING minangka A LI-A LI” .

Mangkono mau nganti wali-wali swanlné sora, Pmbn Dipajana kagyat bandjur kinèn nimbali, wus kérit, preptaning ngabyantara, Sang Nata kagawokan déné ingkang mralampita isih rare, dinangu namanira ma- tur pun Harpasa, pangandikané Sang Nata !,,Pa généja djebêng sira amudjèkaké ala marang awak- ingsun?”Aturé Harpasa : „Kula boten amudjèkaken awon, ma- lah amudjèkaken utami” .Ngandikané Prabu Dipajana:Lah jektiné sira antiwunaken busana kaja praboting wong baring, dadiné awakingsun sira pudjèkaké owah” .Aturé Harpasa :,,Duh pukulun susuhunaning djagad raya, jla-ila pu- napa ingkang amba temah, papa tjintraka punapa ingkang kawula panggih, manawi pun patik makatena; mila kula gadah pralampita makaten punika, ingkang supados cimewahana utmnanipun ing pandjenengan paduka Nata, amurugena ing kahardjaning ing nagari padukèndra, andadosna suka bingahipun wadya ageng alit sadaja, déné menggah pralampita kula ingkang mungel:

1) AMAKUTA DENDA.Punika. tegesipun manawi pandjenengan amatrapi ingkang sam- pun kisas, dipun kados denda, manggèn wonten ing saniskara boten pakèwet ing pangulahj bebasan HA-BAHU DENDA, BO­TEN ETANG PUTRA SANTANA MANAWI LEPAT INGGIII KATRAP, SANADYAN BAHU TENGEN MANAWI SALAH INGGIH KASULAH, makaten kadjengipun makuta denda.

Page 27: l .fü HöADILINGN

Déné ingkang mungel :2) KALUNG TRADJU.Punika tegesipun manawi pandjenengan paduka amandura da­teng samukawis ingkang sampun wadjib, dipun sami kados tim- banganipun ing tradju.

Menggah ingkang mungel:3) ADUW UNG WADUNG, ATJURIGA PATJUL.Punika tegesipun manawi pandjenengan paduka amematah kar- ja dipun kados amatrapaken wadung kalijan patjul. upami wa- dung kadamel madung siti, patjul kadamel matjul wreksa, ing saèstunipun boten pakantuk tuwas risak.

Kalijan ingkang mungel :4) K ALPIK A GUNTING.Punika, manawi paduka amantjas prakawis paben pari-paben, dipun kados guoting, tapakipun alus boten dawul-dawul.

Punika pukulun pangraos kawula agem - ageman ing­kang langkung utami angluhuraken kraton angwi- jaraken djadjahan (*).(Ksb, ing Serat Darmasarana,'Pustakaradjapurwa).

VII.

Pangandikané Harja Séna marang kadang2-é Korawa.

Katjarita nalika Prabu Sujudbana ing Ngastina ngran- tjana ambedah nagara ing Gilingwesi (*), ing nalika iku Prabu judhana bandjur minta saraja marang pa­ra Kadang Pantja Pandawa, Prabu Kresna ambijan- tu, sarta klawan Pantja Pandawa pada mantjalawarna, Prabu Kresna bandjur ngalih nama Resi Darmadjati, Prabu Puntadéwa nama Bagawan Nimpuna, Harja Sé­na nama Bondanplasadjandu, Sang Hardjuna nama Pu- tut Pandjangdjiwa. Sawusé pada lumurug ing Giling­wesi, énggaling tjarita para Korawa kabèh kena ka- pikut, ing Icono bandjur kawelèh2-aké ing basa krama, antarané wuwusé Sang Harja Séna mangkéné :

.................... dadi jèn mangkono ing Ngastina iku ulegan ala.be-basané bandol angrompol angetèk saranggon, angandelakê rowa

(*) rnaksitdé d u d u djadjaKan pcndjadfah, n a n k in g m eralohakc lum èbèrini* Laadilan.

Page 28: l .fü HöADILINGN

berawa, sugih pandita, sugih sénapati, sugih andel2, sugih bala, auanging pada anindakaké angkara murka, ambudi pangangsa2 , marmané ora gainpang wong dadi Ratu, ora gainpang wong da­di pepatih, ora gampang wong dadi Sénapati, ora gainpang wong dadi Pandita, ora gampang wong dadi andel2, rusaking Ratu saka Patih, rusaking Bala saka Ratu, rusaking pradja sa­ka rusuh; lan ora ana Déwa ngubungi murka angkara, nadyan Béwa jèn ngubungi angkara murka sajekti rusak Kahyangané, apa manèh mnnungsa, jèn andarung angkara bakal nemu sapu- denda. Sanadyan Prabu Baladéwa titising Déwa, duwé Nang- gala, apadéné Prabu Karna duwé gaman Sandjata Kunta, utawa Haswatama duwé gaman Tjundamani, pusakaning Déwa. jèn bener gamané mandi, jèn ora bener ora mandi. Ugn manèh Pandita, jèn suktji sabdané mandi, jèn tjidra sabdané hébra, wus pada katanda k a b è h ....................... ”

(Ksb. ing Serat SapantipartajPustakaradjapurwa) .

V III.Aturé Naga Radjasarana marang Maha Prabu Juda- jana.Katjarita nalika Maha Prabu Parikesit {Dipajana) muksa, lantaran kauntabaké dinilat déning Sanghyang Basuki, samana Prabu Judajana klintu pandugi, mu- rina ing galih, bandjur karsa aningkesi sakèhing sar- pa-sarpa ing ngendi-endi dunung. Ing wekasan ban­djur pinanggih kelawan Sang Naga Radjasarana ing wukir Mahéndra (gunung Lawu), aturé marang Sane Nata angèngetaké akèh - akèh, mangkéné antarané aturé mau :..................... anggèn kula ngaturi pémut dateng pan-djenenganipun NataBinatara anjakrawati kang ameng- ku ing djagad raya, teka badé anglanturaken karsa kang datan prajoga, dados sanget pangowel kawula dateng pandjenengan paduka, liripun ing pepéling kula makaten anggèr.

Punapa wonten pandjenengan Nata Bin&tara karsa angrisak ateng wewengkonipun pijambak, mangka ingkang sami kagem

aateng para Nata ing kina-kina, bebasan Ratu punika anguripi wong kapidana pati, ambungahaké wong kasusahan, paring te­ken dateng tijang kalunjon, paring teda tijang kaluwèn, paringminum tijang kasatan, makaten ingkang sampun kalampalian n g u n i -u n i ..................” « o r i

Page 29: l .fü HöADILINGN

Ing sabandjuré aturé Sang Naga Radjasarana kang gegajutan klajan babing kawruh iku mangkéné :

.................. bebasanïpun RATU IKU JE IC TI N ETRA BATARA,ingkang makaten punika anggèr, jekti sampun boten kasamaran dateng tingkah ingkang awon Iawan tingkah ingkang saé

(Ksb. ing Serat JudajanajPustakaradjapuwara).

IX

Aturé Brahmana Kresnawasu marang Prabu Gsndra- jana.

Katjarita nalika Prabu Gendrajana karsa mbangun wewangunaning pradja Ngastina, ing nalika iku ban­djur kaatumn uninga déning Sang Bralimana Kresna- wasu saka ing Ngawu-awu, manawa ing béndjang nagara kang kinarsakakê ikti baka! wignja sarvva sa- kelangkung énggal, mangkéné antararté aturé Sang Brahmana marang Sang N ata:

1) Duh duh anggèr sesuhunaning djagad raya, inggih ing kar* sa paduka badé ainurih angènggaJaken samukawis upareng- ganing nagari paduka ing Ngastina punika inggib sake- langkung prajoginipun, dasar kautamèning Natai kala ing kina-kina sami ambangun wewangunaning pura, amewahi rakiting pradja, supados sampun ngantos kasebut nama Ra­tu tjatjad, makaten manawi kala ing kina-kina, malah na­lika éjang paduka tjanggah Nata Pandawa nguni tjarijosi- pun ingkang mungel wonren ing Serat Wédha, punika nalika djomeneng Nata Binatara wonten ing Ngastina, ing­gih ladjeng karsa ambangun wewangunaning kadaton, utawi angrskit rerékamug nagarinipun,

2) Sarta anggung amisuda ing wadya- bala,3) SALAMINIPUN TANSAH ANGLUHURAKEN PANGS A

ANDAP, (*)4) ANBANANI W ADYA INGKANG KASUDRAN',5) AMBINGAHAKEN ING KASISAHAN,6) Amadangaken ing kapeteugan manah,

( * ) Surasa Iku mestine karepe angluhurake wong2 (rahjat) kang papa binudi pirtrih bisane luhur.

Page 30: l .fü HöADILINGN

mila: ladjeng kawetja dening Sanghyang Hutipati, ngantos pitung djaman. lestantun kawengku dening tedakfng tjanggah- paduka Radên Harja Danandjaja. Punika pukulun manawi -lepijanipun éjang - éjang pa­duka nguni boten wonten ingkang tilar kautamening Nata, salaminipun tansah sami anggalih karahardja- ning djagad sa d a ja ...............

(Ksb. ing Serat PariakaradjajPustakaradjafiuwara).

X .

Pangandikané Sri Djajabaja marang ingkang putra Prabu Anom Dja^aamidjaja ing Medangkamulyan pa- gedongan.

Katjarita Njai.Gumbreg, tininggal somahé lunga su- medya sowan nuwun usada marang Prabu Adji Dja­jabaja, awit ginandjar panjakit wuta madal salwiring sarana, tumuli ing mangka bandjur autuk wawangsit kinèn nuwun usada marang Prabu Adji Djajabaja ing Mamenang, awit Sang Nata mau ; panitisé Sanghyang Wisnhu ija Sanghyang Wisnhu angédjawantah. Annii Njai' Gumbreg k«ng tininggal somahé mau bandjur sumusul ngupadi, dumadakan ana satengahing dedalan Njai Gumbreg -kélangan gegawané,. nalika tininggal adus ana ing kali dinokokaké ana ing sangisoring wit nangka. Ing nalika iku, salwjring kedadéjan kasebut kanningan marang Prabu Djajabaja, kang samana aiV marang Medangkamulyan pagedongan,sabandjuré ing sawusé tiniti priksa lwiring prakara, bang Nata bandjur duka marang ingkang putra Prabu r nom Djajaamidjaja, djalaran anggonê kailangan Njai

umbreg mail.ana. wcwengkon nagara Medangkamul­yan pageclongan. Mangkénê antarané pangandikané Prabu Adji Djajabaja :

ild ' k8ki Prabu- ir]g samengko sakèhSng prakara ■f ■ -o IJ?ran■.'katempu^ angupaj^ titikaning kate-

wint* ,Sl PratJ°naiku kalebu ing wewengkonira, sarta sundnrHin *,&t katera?SamnS prakara iki, jèn ,sira bisa. angulati

rBl?ia darbèkési Gumbreg mau, jekti w n^anfnl SEP* ^dukanmgsun kang luwih banget, déné jèn Daha sarta m PrnH^liadurclianan mau nuli aturna marang ing in* D a k n\in q ! ia sarabiné ajwa kari, pada iriten marang

g Daha pisan. Sarta ingsun tetanja marang sira, apa karanané

Page 31: l .fü HöADILINGN

déné pradjanira ana prakara kongsi satengah sasi sira teka da- tan ngaweruhi, jèn mangkono sira iku tetep jèn pada kabes- turon, tanpa amariksa kang düdi ruwet rentenging pradjanira ing sadina-dina, lalakoné si Gumbreg si Pratjona mau lawasé kongsi satengah sasi sira teka datan angaweruhi, iku salawasé apa sira tansah angulah lcawibawan anèng sadjroning kadaton kéwala, dadi jèn mangkono sira iku wus datan nedya marsudi ing karahardjanira.Mangka kang dadi kautamaning Ratu iku patang prakara kudu tinetepan kabèh :1) Kang dingin kudu taberi angupakara marang pradjané,

kang wus prajoga winuwuhan rerenggan sarta wewangunané.2) Kaping pindo Ratu iku wadjib angaweruhi marang wadya-

balané(*), süpaja ajwa kongsi ana kang pada sambat kasusah- an, kudu-kudu amardi marang margining kabungahan kang andadêkaké wektuning kabegyané.

3Ï Kaping teluné Ratu wadjib anggelaraké paréntah kang mes- ti kena dinut ing wadya balané amrih kareksaing weweng- korié kabèh.

4) Kaping paté Ratu iku wadjib amardi marang kagungané, supaja minangka djedjeging karatoné.

Lah iku kulup mungguh wewulangingsun patangpra- kara mau kudu linakonan ing sadina - dinane, üene lamun Ratu kongsi kalongkangan PatanS Pr kara mau ing salah sawidji, jekti kasebut R tjatjad, awit nora genep kang dadi kuW^ ^ . ning Ratu, marmané ing samenglco deJ ^ a ^ a i ati pamengkunira marang wadyabala AJWASI KEKURANGAN ING TITI PARIKSA DENE PAMARDI PAMARSUDINIRA MARANG KANG WE- NENGKON KABEH ANGGEPEN ™ YA AM[ONG AMULASARA MARANG SUTA KANG LAG\A TU- MRUTJUH, TJAKUPEN ING SADINA-DINA.

(Kafogag saméné kangputusing tynta rad^adarbeke N^at ̂ Gumöreg gkaiemokakê klajan karampimgantngsésa. Ksb. ing Serat PartakaradjalPusiakaradjapuwaraJ.

( * ) m itu ru . L r a s é su ra o s tjarüa in g kuna. tem bu n g w o.Iyaik u ka re p é k a d ja b a atege3 p ro d ju r» . ufi» suu.ram bol» n ran .ng par.

Icawula (rakjat)-

Page 32: l .fü HöADILINGN

B A B II.

LELABUHANÉ PARA M A N TRI M A R A N G PRADJANÉ (N A G A R A N Ê ).

Pérangan 1.

Sabdané Sri Kresna marang Patih Dwara lan Patih Danurwêdha.Katjarita nalika Pantja Pandawa karsa muksa lan sapara garivané, klawan ingkang raka Sri Nata Kres­na, ing nalika iku Prabu Judistira bandjur sèrèn kaprabon marang ingkang wajah Radèn Dipajana (Parikesit), nanging sarèhné Sang Nata (Prabu Pari- kesit) isih timur, pangasta pangièhé papréntahaning nagara kadjibahaké marang ingkang uvva Nata, Patih Dwara lan Patih Danurwêdha. Anuli ing nalika iku Sri Kresna bandjur paring wewulang lelabuhaning Mantri Wisêsa marang pradjané, mangkéné sabda pa- ngatidikané :

1) Hèh ta kaki sira sakaroné, ing samengko kang kinarsak- aké angembani Sang Nata dadi Nindyamantri, sarta misê- sani pangalum-aluming pradja, njangga sakèhing bot rcpot- ing nagara, kasrah ana ing sira karo, mula manawa ana ruwet rentengé wus ana ing sira kabèh” .

Patih sakalijan sandika anglampahi dawuhé Sri Nata Kresna, nuli Sang Nata nerusaké sabda pangandi- kané :

2) ,,Lah ta kaki sakaroné, rèhné ing samengko sira wus pada sinungan rèhé among wisésa ing saisining nagara, poma dèn ngati-ati, murih ing karahajoné.

3) Sira adja pada ana kang sulaja ing karsanira, sarta ing sa­kèhing rêh ing pangrèhira dèn golong saabi-praja, apadéné adja ana anjiptsv kapêngin rebutan asih amrih katoné pri> badi marang Sang Nata. Iku datan prajoga, mamarahi ing ati drengki kang bisa amarakaké tular-temular.

4) Udjer sira mangka panuntuné kabèh najakané para Dipati, mula dèn poma ing saben dina tansah anunggala ing kar- sanira mau, adja kongsi arebut dutjung tyasira kang sate- mah akarja ala dènira andarbèni pambekan gumunggung dé- wê marang sabarang karja kang sira tungkuli, sahingga la-li ing pandasihira marang Sang Nata.

Page 33: l .fü HöADILINGN

5) Ing mangko sira wus kinarja busananing karaton, jèn djan- maa sira iku satrijané, Ratnnira upamané kenja kang én- dah. Lamun satrija iku tjarobo nora betjus, kaprijé anggo- né bakal bisa antuk sihs Sang Retna (?). Mula jèn djanmaa mangka satrijané wignja ulah raras miwali.. uiahing karja, leluriné pada kang amrih .ing. karahajon,. iku. pangrèhira maring para Bupati. Den kadi sira andulu ing sesotya kang luwih prabané.

6) Déné resep-rumaketing galih dikaja upamané bapa kelawan sntanê kabèh, dadi sanadyan marang'sakèhing para Bupati, tan alija pamrihira' uga mangkono, tumekané marang para panekar-panekar kabèh.

7\ Wruhanira, manawa djanma iku datan sirna ing budhi (jèntan nir ing budhi), sajekti kabudhajané angèsti marang pa­karjan (panggajuh), mangkono jèn wong ngalumrah.

8) Mulané sira karo pada dèn éling, adja.nganti k^rem ndng-saia i n g w a d y a kang wus pada ngjakönj kuwadjibané. Jenkongsija mangkono, sajekti sira dadi rerasanr.kang saidjap sarunê • awit upama amrih sarana, temahan nlisir. Ambudi marih aniti, tininggal. Awit tan kétung katungkul ing lo- banira temahan sirna tan katon kretartamra (fcatmnnatan- ira) Karep kang mangkono mau dèn ^nggal Sirnakena, sar­ta adja nganti ana labetê. Djalaran tumrapmg pradja ba­kal gawé pepeteng laku-lakuning hudanagara..

q) Pamengkunira ing wadyanira ajwa siring pihh-pilih ing wong,awèha aiem kang mawa wewaton kanti pepangkatan kangtepa-tepTümbangé, djalaran wadya kabèh .ku. k,ng den leluri amung Sang Mantri pangarsa. .

10) Lamun wadya kabèh pada kasinungin^ ing asih nanging manawa wadya kang kasudran (mlarat) kabedakake, iku dudu kang kinarsakaké marang Sang Nata, djalarnn jen konesiia mangkono, temahan dadi kahanan nemahi rusuh sarana déwé, mula dèn dohana panggawé kang kaja mang­kono mau, supaja adja nganti kasebut tjatjad.

11) Kawruhana, kang dadi reregeding bumi manawa sira sa­lah surup awit déné katungkul ing pepenginan bae Lite manawa ana kanE asih seneng ing lijan.kang angarah, uta- wa. sarana ngupaja pitjis. Mula den tijing-tilingna kang ti- ti, ambudija ing panedyanira kang amrih mg karahajon.

12) Déné manawa ana sawenèhing Mantri kang atine karem angala-ala (djahil) marang Hjané, imarang jmiUa karem nga- rah kaluputané, utawa ngalem badane pribadi, iku singkire- na dèn énggal saking. padunungané, lan prajoga lili-en saka

Page 34: l .fü HöADILINGN

enggoné lawas, adja isih ana ing kono, lan betjik' tunggal- ena ing golongan lijané, pamrihé supaja bisa amarêni pra- tingkahé anggoné ambek drengki.

13) Déné manawa wong mau lamun nora nedya marèni, iku lungakna kang adoh, adja ngambah pradja ing salawasé.

14) Lawan manèh sira muriha marang wadya Nata kang angé- naki ati, utawa . ora kena gawé kutjiwané atining wadya kang winengkü kabéh, <la’di ikü ar&né bisa mandjing ing agal alus, wasis pamawasé, uriggul wasiüanê.

Jata kang pinatah dadi pepatih sami sandika lan awotsari, ingkang éjang Sri Kresna nefusaké pangan­dikané :

15) Hèh ta kaki sakaroné, sira ing saben dina ajwa sepi ing rerasan kang betjik-betjik, amuriha ing karahajon, udj.er sira karo dadi warangkaning Raiu, ajwa sira kongsi ambek salah wêng-wèng lan awewêka.

16) Abot kaki wong kang dadi pepatih iku, djalaran tinurut maring wong sapradja kabèh; mangka lamun pepatihé iku luput, iku sasat kaja sê.tan kang rigambra-ambra, nora wu- rung panekar-panékarë bakal dadi iblis kang angadjak ma­rang sakehing panggawê ala.

17) Ananging manawa sira weruh ing krama-niti, iku jekti ti- nular déning para wadya punggawanira sahingga tumerah- terah ing satlatah-tlatahé kabèh uga pada mestu ing ambek rahaju, awit kataman déning polané (tuladané) Patih kase-

18) Wruhanira wajahingsun kekaro, mungguhé ala lawan haju Jku sajekti ana awit saka anggoné kudu anunggal karep anut ing saparibawané.

19) Mula den awas sira kekaro kang wus tinitali dadi sudarsana (tetuJadan) saka sawewengkonira kabèh, sarta pada undang- ana ing pitutur-pitutur betjik, apadéné adja pegat nggonira amrih ing katemenaning wewengkonira supaja kaajoman mg kautaman, dadi dimèn pada tuman (tulus) ing tyas

Page 35: l .fü HöADILINGN

Pérangan 2.

LELABUHAN P A N T JA -G U N A .

Sabdané Maha Prabu Parikesit marang Patih Dwara lan Patih Danurwêdha.(terusê bab Pantja Pratama (bab I Pérangan 2) we- warahé Maha Prabu Parikesit marang ingkang putra Prabu JudajancL, bandjur angandikani marang P atih Dwara lan Patih Danurwêdha) mangkéné :,,Hèh kakang Dwara miwah kakang Danurwêdha, tuwia wadya balaningsun kabèh, rèhning putraning- sun kaki Prabu Judajana maksih taruna, ing sameng­ko sira kang pada katempuh tuwa, sarta sira pada anetepana PANTJA-GUNA, tege^é : pawitané wongangawula iku amung limang prakara, kaja mapgkéné lirê :

1. RUMEKSA.Teeesé pangreksanirn maring pradja ajwa taha-taha dikaja ru- meksa maring darbèkira pribadi, sarta manawa ana bsja-paké- wuh ing weivengkonira iku ajwa ngantèm dawuhmg Ratumra, malah s i r a kang wadjibatur uninga, mnvah ing prajogané, jen wus mangkana nuli laksananana dèn pada nguwisi karja.

2 RUMANTI.Teeesé dèn pada samapta sadina-dinanê, jaiku djaga-djaga ing karsa arané manawa ana karsa samangsa-mangsane, ajwa kongsi oada bebakal manèh, supaja bisaa bandjur kalakyan pada sa- nalika sarta dèn pada amarsudi tjukuping budi;_ tegese pada amatrapena kalakuwan tri prakara, kaja mangkéné lire sawidji-

Trfii ^ TLAT ULAT, ULAH. Ija iku mangka gegamamng ngaurip, pawitané pangawulanira marang Sang Nata. Lire tn prakara mau kajata :

I. ILAT.Iku kedaling lèsanira dèn bisa matrapake basa-krama, anibani telebing kajun, jekti dadi kajnwanamngpangawulanira ing Sang Nata.

II. ULAT.Iku dèn pada bisa angon wahjamng mangsa-kala, sar­ta dèn bangkit anambung, liré anambung mirapeti pasang pasemoningpasamuwan, jekti dadya kabegya- nira marang Sang Nata.

Page 36: l .fü HöADILINGN

III. ULAH.Iku sabarang solah tingkah dèn pada bisa anoraga, wiraganira dèn pada amurih rena, jektidadya kasan- tosanirig pangawulanira, ija iku kang iugaran guna. Anadéné manawa tri prakara mau datan linakyan, jektidadya durgamaning pangawulanira, vvekasan tan- pa karja.

3. RUMASUK.Tegesé pangreksanira marang pradja, iku dèn saéka-praja, adja ana kang seséwangan karsa. Wruhanirn, witing nagara rusak iku saka tan nedya reksa-rumeksa, dadi tan prajoga kang tinemu. Dénéananing pradja rahardja iku saka kadarmaning para naja- ka. Lamun sira pada abi-praja, tan nana sulaja ing karsa jekti kareksa saisining sawengkonira.4. RESEP.Tegesé sumungkemira marang Sang Nata, miwah pamomongira. marang panekar, sarta panekaré ija mangkono uga sumungkema maring lelurahé; apadéné iku dèn pada resep rumaket kadyai.ngulat ing sesotya kang luwih djwalané, lawan rumaketira dèn kaja milalani maring tanaja, jekti tan nana sangsajané, temah tulus pangawulanira maring Sang Nata.

o. RUMEKSA.Tegesé sira dèn pada rumasa jèn kawulaning Nata, ajwa ana kang tjipta mundingan diri atetimbangan kawibawan, temahan paga dedangkan. Déné manawa sira pada darbé sedya kang jaja mangkono mau, iku sun arani angadjab-adjab dahuruning

cljaman, ora wurung akarja retuning nagara, awit wong tan arsa kasosor ing basa sawatara iku ing wekasan bakal rerusub- an, amarga pada angungasaken kawibawaniné sowang-sowang; rnarma dên pada éling pamatraping andap lawan luhur, kang umir angawruhana marang sosorané, tjiptanira dèn kaja anga-

joim marang kawula-warga, kang asor sumungkema marang de- b ^ urane> tj]ptanira dèn kaja angaub marang wong tuwané pri-

Lamun pada angéstokaké kang kaja mangkana, jekti ndadèk- widadaning parasdya, marma sapungkuringsun dèn pada

angati-ati ajwa ana sulajèng karsa, supadi tulusa karahardja- mng karatonira” . ^

( Ksb. ing Serat DarmasaranalPustakaradjapurwa) .

$

Page 37: l .fü HöADILINGN

B A B III.

W E W U L A N G LABET PA N G A W U LA N JN G W A D Y A M A R A N G RATU (PAMARÉNTAH U T A W A N A G A R A )

Pérangan 1.

Wewarahé Prabu Tjilraoja marang Radèn Kartanadi.

Katjarita ing sasédané Prabu Hardjunapati ing Sri- wedari ana ing paprangan nalika lumurug perang ma­rang Ngastina, anuli kang kinarsakaké déning -Sri Kresna, kang djnmeneng Nata ing Sriwedari Prabu Tjitraoja, ing nalika iku Prabu Hardjunapati atilar putra kakung anama Radèn Kartanadi, sarta.ingaken putra marang Prabu Tjitraoja kasebut. Saka karsané Prabu Tjitraoja, Radèn Kartanadi k'asuwitakaké ma­rang Ngastina, bandjur winulang-wulang ing lelabet- aning wong angawula marang Ratu (nagara), mang­kénê :

U Hèh ta kaki, pijarsakna piwekasingsun, bésuk manawa' nasuwitanira marang Ngastina bisa katampan déning Sang

N a t a , poma kaki dèn waspada marang paugeramng wong andasih (suwita), dèn bisa anudju ing karsa (mng Nata) lawan adja laranan atèn.

■ 21 Wong ngawula iku jèn andarbènana ati kang sak, utawaora bisa anudju marang karsaning Gustine iku luput aran tiwas anggoné angabdi, tuna lan katjupetan kawruh, dadi no- ra bisa mandjing adjur adjèr, mangka jen, luputa wiwit sam'san temahan pawitané dadi tanpa tuwas, mula ]en wus luputa sapisan mau, anuli sedyaa anguju-uju, sa]ektine wuskangelan.

31 Mula abot kulup jèn wong iinglakoni ngawula iku, awitkudu amrih kenané sapisan baé, mula lja kudu den prajit- na lan ngati-ati sakèhing pamawasirn, amarga iku jen wus kabeneran sapisan. püsti ija bakal lestan mg sapanduwure.

4) Ananging ajwa tinggal deduga, darapun Gustimra sangsajaasih, dadi perluné jèn wus kabeneran sapisan mau kaja sasat milu ing wong ngatuwamra pnbadi. kena mmangka kanggo pawitan. Jèn wus antuk fmVitan demrat angawula mau, iku manawa tumraping batin wüs aran kebegyan ge- dé, djalaran iku ing sauripira ora bakal entek. ud]er adon- adoné wus aran mandjing lan rumasuk.

Page 38: l .fü HöADILINGN

5) Ewamangkono ktilup, ing rèhné iku mau tan kena linalèk- aké, dadi ija éling-élingen ing salawas-lawasé, djalaran pa­witané wong urip mono panggonané amung ana badané dêwê, mula aran kang dadi rowanging pangawulan mono kudu èstinen ing rahina wenginê, murih undaking kautama- nê, déné lelantarané, jaiku awit saka taberi sarta adja kongsi kalirwan kurang ing jitna, lirwa marang pakarjané kang dèn lakoni. Iku kulup, era béda kaja lïré wong pe- rang pupuli, jèn galaré adjeg tata, utawa gegamané betjik- betjik, apadéné sénapatinê utama, iku abot sangganê, dadi béda jèn katimbang kelawan kang kurang tata utawa sé­napatinê girasan kurang antepan, jèn tinempuh sajekti ku-

• wur tan mindo gawé.6) Mangkono upamané badan kang dadi gelaring ngaurip, mang­

ka manggalané (pangarepé) saka ati kang mapan (kapénak). Iku manawa awaké nemahi kaleson, terkadang tjiptané da- di bujar, tejnahan atiné amesti kawur; ing mangka jèn wus margkono bandjur gampang anempuh byat marang laku ing kadursilan, dadi lamun mangkono, nora wurung sampyuh lawan awaké, mangka lamun awak iku sirna, dadi rusak gelaré, wus tjinupet lelakoné, djer- sénapatiné wus ilang. Sénapatiné mau .jaiku napas, manawa badan wus ilang na- pasé, tjupet datan winitjara manèh-manèh.

7) Lawan manèh sira dèn awas kulup, mungguh iaku - lakuné wong angawula kang aran suwita iku kudu amung suwita marang Sang Nata baé, déné Ratu (Sang Nata) iku amung arané pangèngèran baé. Nanging dunungé suwita iku, sa- jektiné supeketa marang kantja-kantjanira, sinusupana kar- sané sahingga kaja kulit daging Jan darahira, pamrihé di- mèn pada adjnh asih panganggepé kaja ora béda kadang anunggal bapa, dadi adja ana kang nggrahitani sarta tjipta kang alan-ingalan dohana adja nganti Iaku mangkono.

8) Wruhanira, wong ngawula iku sanadyan antuka ati, utawa sa- nadyana ingugung ingela-ela lan pinartjaja sarta kasinungan asihing Sang Nata, nanging m;uiawa ora bisa rnkun lawan sakantjanira, jekti datan widada, awit saka kantianira mau nuli akèh kang pada wewadul amurih datan prajoganira. Mangka wewadul- wewadul mau bandjur djinurungan ing kantja lijané manèh, pada sabijantu saékapraja supaja bisa kalakoné sira antuka sesikuning Sang Nata. Dadi kabêh bandjur pada matur kang amurih alané kumrubut pada anggoleki kaluputanira. Iku mau, jèn Gusti nora wewéka, sajekti sira bakal nemahi bilahi, kang anggegawa marang kadang lan garwa sawarganira, sahingga manawa ana si- sipe bisa anggawa-nggawa marang wong akèh.

Page 39: l .fü HöADILINGN

9. Mula dèn awas ing sabarang rèh, dèn èngetana ing Gusti lan rovvang mau amrih jèn patrapira bener, sakèhing rowang pada adjrih Ian asih lulus'ing salawasé.. Djalaran jèn nora mangkono, sanadyan silih sira mau antuka sesikuning gus- tinira, amasti bakal nora kebatjut > batjut, awit saka mar- manê kantj’a - kantjanira angélingi saka ing sisipira mau bandjur pada amigena milulut amrih lumunturé dukaning Sang Nata marang sira. mau. Mangkono anggêr, mungguh wong angawula iku, dadi kudu asih marang sapada - pada, nanging dèn temen-temen-sumungkemira maring Sang Nata.

10 Aboté wong andasih iku kulup, ora wong sidji baê kina- wulah, ananging wong akèh kang kudu pinangêran kabèh, bebasan kang kumetip kang angutjap utawa sakèhing kang kaungkulan ing ngakasa iku ’kawulanana kabèh murih ing lestarining lakunira.

11 Wruhanira, mungguh ing t sasedyanira para tumitah kabèh' iku pada baé, nora nana bédané utawa kaja tan nana

kang nédya gelem kasoran mg pangawruhé, mulané den waspada ing tingkahira. Mula ugenng wong ngaurip iki prajoga adja sok angegungaken sarira pribadi, kasumbung tiiptaning ati tan nana kang amadani ing kaluhuran lan kawig- niané, kaja ingsun déwé kang pinuddju), kang sudibya, kang linuwih, sapa nora' nana kang memadam wong kaja ingsun.

12 Iku dipoma- singkirana dèn adoh, amargamartawamang-kono raau, iku pambekané wong ngapidak - padarakan, lali ing pangèdepê marang Djawata kang. Linuwih, ing,mang- ka fekti akèh titahing Kang Maha Kuwasa, sarta.nora an^emungaké sawidji baé kang-smeren ®£ k' 'gunan miwah kasektèn kang dadi pepangkatamng nugrahne. Dadi kabèh mau jekti pada baé, djalaran mana\va ana kang luhur, iku sajekti ija ana kang ngleluwihi iuhure ma- nèh manawa ana kang wirja, iku uga ana kangluwih ma- nèh’ ing kawirjané, jèn ana kang gedé, uga ija aria kang gedé manèh, lamun ana kang guna.uga ija ana kang luwihgrnna.

13. Mula manusa tinitah iki, pada èngeta lamun déning Hyang Suksirianasa kêwala. D a d i lamun nugraha ing sadjroning unpira iku, jekti dudu saka sira pribadi kang anebut, kadjaba awit saka ing pamawase wong lija baé. Mula, tetepê wong ingaran luwih mono, djer wus sinebut ing ngakèh iku tuhu aran pmundjul temen, na­nging jèn amunga sesongaran baé, iku ala-a anJn£ janma. Tumrapé wong angawula, kang mangkono iku jekti tan pi- kantuk karsaning Gusti.

Page 40: l .fü HöADILINGN

ïi^angkono piwulangé Prabu Tjitraoja, Radén Karta- nadi matur nembah : :,,Duh pukulun, mugi kawula saged amituhu ing da- wuh pangandika - paduka ingkang mawantu - wantu prasasat kadi djawah kaping sakawan anggèn paduka paring vvewarah am rih; basukiriing lampalu Boten amung kawula nedya- anigleksanani mirib ingkang pa­ngandika sadaja wau ingkang ngumala-sagungtng' we- wulangingkang-nodju ing kautaman.' Pukulun, jèn makatena, kangdjeng rama tuwin sakadangipun ing nguni tanps* gina déné atilar wasitaning. dumadi, tg- rmihan . aneniwasi' awit ^angawruhipun angajawara, milanipun séda. pinedjaban, awit boten wikan ing we-

. warah ingkang uta.mi” .Prabu Tjitraoja mangsuli pangandika manéh :

.. .iKulup, ramanira iku nora kena: tinutuh anggané amasang sandi kung'sahingga aneniwasi; Nanging iku sajekuné pradjurit kang aran pinuwdj ui, miwah Patih Suwanda anetepi kasantosaning budhi, netepi araning sinatrjja sirna anèng madyaning rananggana. Kaprijé kulup bisané mènang, bebasan; sapira atosing wesi, jèn pinalu ing wong sadjagad, parandéné datan-ngu- düi.. . .

14. .'Mula dèn éling anggonira bakal suwita ing RaltiV dèn bisa .angon mangsa ngarah antaraning wajah, sarta'dèn taberi amawasi ing kawekasan. Kang aran sinebut utama: iku wong kang w.eruh ing wahjaning mangsa kala, dadi sadurungé kinawruhan mau, lamun praptaning ngendon nora sisip.

15. Lawan manéh tumraping panitik lawan panitis (pangetis) ira utawa solah lan tindak utawa tnmindakira; kulup dèn duga-duga, miwah (jèn taberi-. am ardi-basa. Kabèh :mau, jèn bisa katjakup, sajekti nora angèl lamun tumib&ning pasowanan'V

Pérangan 2.

Wewarahé Wiku Warabasata marang' iitgkang patra Harja Sasana.Katjarita Wiku W^rabssata ing wukir Gora., - nalika putrané kang aran Harja Sasana mau darbé panuwun sumedya puruita,- anuli dipituturi ing vye.wul'atiging wong angawula, mangkénê : * -»ns

Page 41: l .fü HöADILINGN

„Duh njawa sutaningsun kang dadi woding ati, pa- nuwunmu ing mangko anggonira nedya ngawula sun tu- ruti, nanging piwekasingsun marang sira dèn éling, dja- laran kang pantes kinawula iku rong prakara, kang sapisan wong luwih, kapindo wong agung luhur, iku pilihan salah sawidji.Déné kang minangka pawitanira, sanguné wong anga- wula iku amung limang prakara :

kane sapisan (1) GUNA, kapindo (2) SARANA, kaping telu (3) TEKTI (TEMEN), kaping pat (4) W ANI ING PAKEWUH, kaping lima (5) NURUTAN. Mungguh liré ing sawidji-widjmémau mangkéné :1 GUNA lamun kanggo sabarang kagunamra, adja kaduk adi-

' cuna angendelaké jèn bangkit (pinter), wekasan dadi sem-brana bandjur leléda angadi-adi, iku sajekti antuk tjin ti-nitèn tanpa guna.Déné utamaning wong aguna, iku dibisa anuraga mg Tieacal alus dadi bisa ing ngaguna-amiguna, patrapé sanadyan silih wu* bisaa, api2-ja nora bisa, wigatiné angaraha wuruking liian awit mbok manawa sédjê werdi; dadi jèn bisa ngUkoni. v ln é mangkono iku, kasebut sudjana kang paramarta, djer semuning netya anajadi, dadi tembungé bangkité bisa ape-

> T W liré SARANA, sakèhing radjabrana kang wus dadi2- p q)undu taning R a ü adja ™ma„gsa potang rag gus ,mra.

dèn éklas ing lahir tumekamng batin, nora Kena <iuö j arep wangsufan, amung sawabê baé èstinen rag r a r a a e - nginé, sajekti sinungan gampang pangga°tamra. pul wan kang wus Uapundut demng gustl, malah, tikel sap. l h iku upamané kajadénê tarulata mg mangsa kapat, anglul muiig pinunggel ananging saja ngrembaka.Kaping telu liré SAKTI mangkéné, manawa sira dinadaring kasantikan katarima ing Dewa, k̂ .sektene? L n bandiur bawani karahajoning sapradja, iku adja sumakè] 1 qlansah mintonakê kasektemra mau, awi't jen nora wurung temahan bakal kaéwa Dene * uné saka tetêld, awit nadyan sugih djapa■ mau awukmanawa nora taberi teteki, sajekti kasan luwih2tanpa dadi, djugar wigar anggagar t a n p a ana labete, luwihijèn bandjur andarbèni ing pakareman.

4 Kang kaping paté WANI ING PAKEWUH liré kang mangkonoP lamun kapratjajan ing gustin.ra tjmota rag fa kendelan, adja andaluja anggunggung dm‘ mgkasudiranira, kongas ammgis - mmgis ang g g

Page 42: l .fü HöADILINGN

tantangan sarta anjenjampahi, pangrasané nora nana kangmemadani. Luwih2 jèn ana ing turangga, angembat lawungkumitir, mangka wekasan anumbak lemah.kadi kekuranganmungsuhing perang, wong kang mangkono sajekti dadi pane-grajangan tuna ing sabarang kawanèn, terkadang Jagi me-nang sapisan baé, teka ndadak andadra hardaning kasudi- rane.

5. Kaping lima NURUTAN, jên kerep dinuta ing gustinira adja angresula lan adja angrasa sajah, bebasan tanpa tam- pik mg sabarang paréntah tansah nurut, sakèhing pakarian lmakonan klajan taberi, kaja bebasan kang agunk lan sa- rana, kang asekti kang asura. kelawan kang taberi anu- rut sabarang prentah nudju ing sakarsaning gusti kanti

,a s . kelawan ehng, lire awas ing bener Input, éling wè- ruh ing ala betjik, dèmra amatrapaké ing krama nifci, ing kedahng lesan, mg ngobahing badanj jèn bener ing pa?dfd l a' iW6kaf ? dadi betJik' nanW lamun luput dadi ala. Mula solah bawanira patrapira anganggowa tepa-tepa kang patut, kajata Iungguhir^ ana ifg kang ngatrep kelawan duga-duga lan watara amrih prafo" gane, dadi adja tinggal rmga2 tansah wewéka kaprajitna- mng ngati supaja bisaa reksa-rumeksa marang ing watf awit iku wekasane dadi rosa, awit witing rosa iku tmarga

r„k U ^ X r n f k a ^ aanirda?n “ “ “ " ™ t amen tMarmané kawruhana wong kang angawula ing Gusti iku endi kang NISTA MADYA UTAMA-ning lakunira, liré :

1. Kang dadi nistaning wong angawula iku 7 prakara :1. Amangro sirah,2. Abanda samitra,3. Asarana atur,4. Makolèhaké awak,5. Sakutu amemengku ing gusti6. Ora netepi kang dadi kuwadjibané(. Iren meren maring kantjané.

Liré pitung prakara mau mangkéné :1. Liré amangro sirah iku, jaiku amangro ing pangawulan

gusweloTO utawa telu, pangarahé olêh kapénak (ka ̂mnkten) dewe, luw,h2 manawa bandjnr asring agkwé rengat, iku bebasane dad. angadoni putjuking ngeri utawa angadu putjuke sunguning bantèng, nora wu- rung bakal temahan tjorah (lira, tjongkrah) angrusak- ake awake dewe, sisip tembiré nemahi pati kang sija-

Page 43: l .fü HöADILINGN

2. Liré ABAN D A SAMITRA, jaiku manawa areruba ma­rang gusti angaturaké darbèking lijan, singa sanaké dèn titik jèn andarbèni barang pèni, bandjur dadakan baé matur marang gustiné karebèn barang mau pinundut, ing mangka wekasané teka ndadak ginaduh déwé (di- pèk déwé).

3. Liré ASARANA ATUR, kaja bebasan djadja rumat barang ginusti, kulakwarta adol parungon kaaturaké gus­tiné, lawas2 sajelcti dadi tukang para wadulan (adu!2) madulaké alaning lijan, iku wekasané anemu nista, dialaran awit déné karem atur djedjailan. Mulané adja pisan2 anganggo lcaja mangkono, iku bebakalan kang bisa ametjahaké nagara, awit panggepokan mg aru-biru iku bebarakané sétan katon.

4 . Liré M AKOLEHAKE AW AK , jaiku kongsi ̂ anak pu- tuné miwah sakiilawangsané kaaturaké kabèh dadi wa- dyaning Ratu.

5. Liré SAKING SAKUTU AMEMENGKU ING GUSTI, jaiku tansah andjedjada andingini ing karsa, pangrasa- né wus kapangku saka purba wisésaning Nata.

6. Lirè ora netepi kang dadi kuwadjibané, jaiku malintjur sungkanan ing sabarang karja, kebluk angutjira mg pa- kéwuh, wekasan tjumbu wulangan.

7 Lirê IREN MEREN MARING KANTJANE, jaiku la­mun ana karja kantjanê dèn iri2, nora gelem tuman dang déwé, amung nsebuhakê marang lijan, lè" n " ueDaringing gusti jén kinatjèk atine bandjur men ma ^ng kantjfné kang antuk ing sih. nora weruh lamun dèwêké déwé luput dadi kalimput atme tan weruh m rang kaluputané.

2. Dênê kang dadi madyanê wong angawula iku uga 7 prakara .1. Taberi ing karjanê,2. Anggugu mituhu ing pangandikaning Gusti,3. Bisa anampani kang dadi dawuh,4 . Gelem anglakoni ing paréntah,5. Anarima ing pandum,6. Wedi ing pepatjuhan,7. Tansah angon wahjaning mangsakala.

Liré pitung prakara mau mangkénê :1. Liré TABERI ING KARJANE iku sregep norajnganggo

ngétung2 barang karja, sinangkul nora nganggo wigih-, kelajan pangati2 seneng anjambi tetakon ldawaii tetiron.

Page 44: l .fü HöADILINGN

2‘ M rTiT̂ -NGG^ GU MITUHU ING p a n g a n d x k a n i n gGUSTI, angèstokaké ing lahir batin, tan pegat dèn éling2 nganti gamblang, nurut lan angèstokaké kan? wus den ngandikakaké.

3. Liré BISA ANAMPANI KANG DADI DAW UH ikaing sadawuhmg gusti kudu tamtu tampa ing tjipta sasmita, sarta bangkit manadukara ing wuwus umiring ing karsaning Sang Nata. °

4. Lire GELEM ANGLAKONI ING PARENTAH, iku ing saparéntahé Ratu kaèstokakê, wedi lamun angowahi angengurangi utawa angleluwihi, nora lirwa lan nora iren ing ati, sabarang pakoné Nata Jinakonan.

5. Liré NARIMA ING PANDUM, iku nora angarep2 ing sihmg Ratu, sarta nora kemèrèn atèn marang singa kang antuk mg sihmg Sang Mata, dadi aran bisa amun- tu masgulmg ati sahmgga nora aDgrasa barang saserik.

6 . Liré WEDI ING PEPATJUHAN. sabarang kang dadi wewalering Gustmé nora nedya nerak, nora amurang tata, dad. aran sumimpang saka ing lelarangan, sarta nastiti lan ngati-ati.

7' ^ éT TANSAH ANG0N ING WAHJANING MASA-KALA, iku sabarang kang rinungu - nnngu lan kan^ duiulu, bisaa anelebi tibaning karsa, dadi bisa angemori mg ndoning karsané Nata.

kara.6- dadl UtamaninS wong angawula iku uga 7 pra-

1. Gemi marang kagunganing gusti,2. Bisa anasabi wewadi,3. Nastitèkaké ing wewelinging gusti4. Angati2 ing solah bawané5. Angawruhi ing kedap sasmita kang dadi karsaning gus-

6. Santosa ing panjoba pepasanganing gusti,/. Mantep madep jèn binobotan ing kéwuh.

Lire pitung prakara mau mangkéné :1. Lire GEMI MARANG KAGUNGANE GUSTI, jaiku

temen atiné, nora mehkan marang kagunganing Ratu kadjaba amung tansah darbé pangéman adja kongsi

fU m a ^ ja fL ^ T ta n 6 ^ ba" djUr n« anti tnm^ a(t mandjdj kang tanpa korup mg saenggon2-né baé.

Page 45: l .fü HöADILINGN

2. Liré BISA NASABI W EW ADI, lamun djinatènan dé- ning reraosaning gusti kudu kineker ing sadjroning ngati sarta adja nganti kawedar marang lijan sapaa baé.

3. Liré NASTITEKAKE ING WEWELINGING GUSTI, jaiku angéling2 ing saweweling ing gustiné, kabèh kudu kaèstokaké lan adja nganti tumpang-so sapanampané adja dompo.

4 . Liré ANGATI - ATI ING SOLAH BAWANE, iku Ie- kasé ija ing sasolah bawanira ing sarina wengi dèn tansah angati-ati, sarta amituhu ing empan lan papa- ning witjaranira lan patrapira.

5 . Liré ANGAWRUHI ING KEDAP SASMITA KANG DADI KARSANING GUSTI, iku ajwa kongsi tjuman- dak jèn durung tjunduk ing panemunira kelawan kar- saning Gusti, dadi, tjandaken ana ing batinmu disik, jèn wus katjandak ing ati bandjur lagi linakonan.

6 Liré SANTOSA ING PANJOBA PASANGANING GUS­TI, jaiku jèn tjinoba déning gustinira saka kang katon nganti kang samar2 adja guimngsir, dadi dèn bisa panggah ing katetepaning panemu, dadi datan kêguhan.

7 Liré MANTEP MADEP JEN BINOBOTAN ING KE- WUH, jaiku kudu andarbèni ati kang tatag tanggon, lawan’ tangginas ing sabarang rèhing gustiné. Ewasamono kabèh mau durung kinaruhan jèn kantuk, déné kautaman kang bakal katarima ing gusti iku ïsih kudu nganggo unggah-ungguh, mangkénê trapé :

X. PEPALINE WONG ANGAWULA.Kawula kang anjar adja rumasa pada lan kawula kang la- was, kawula kang lawas adja rumasa pada lan kawula kang parek, kawula kang parek adja rumasa pada klawan kawu­la santana, déné jèn ingaken santana adja kongsi sumanta- na, karana pandjenengané Ratu iku kang minangka san­tana amung bener lawan santosa.

(Ksb. ing Serat Adji PamasajPustakaradjapuwara).

Wewulang iki surasané pada (tjotjog) uga kla-jan kang ksb. ing ngisor.

Page 46: l .fü HöADILINGN

Pérangan 3.

WEWULANGÉ RESI M A N U M A N A S A M A R A N G IN G K A N G PUTRA B A M BAN G SRIATI.

Katjarita nalika Bambang Sriati arep kasuwitakaké marang Prabu Basumurti ing Wirata déning ingkang rama marsepuh Empu Déwajasa, ing nalika iku ing­kang rama Resi Manuraanasa bandjur paring wewe- fing (pitutur) marang Bambang Sriati mau, mangké­né :„Jëii sira ngawula ing Ratu, élinga ing wewekasing- sun iki :

Kawula kang anjar adja rumasa pada lan kawtila kang la- was,kawula kang lawas adja rumasa pada lan kawula kang pa- rek,kawula kang parek'adja rumasa pada klawan santana, déné jèn ingaken santana adja kongsi sumantana, karana: PANDJENENGAN RATU IKU KANG MINANGKA SAN­TANA AMUNG BENER LAWAN SANTOSA.

Kawruhana küng dadi nista madyaning wong angawula iku mangkéné pratélané; mungguh nistaning wong angawula pitung prakara :1. Amangro sirah,2. Amanda - samitra,3. Asarana atur,4. Makolèhakê awak,5. Sakutu amemengku ing gusti,6. Ora netepi kang dadi kuwadjibané,7. Irên mêrèn maring kantjané.

Mungguh madyaning wong angawula pitung prakara :1. Taberi ing karjané,2. Anggugu mituhu ing pangandikaning gusti,3. Bisa anampani kang dadi dawuh,4. Geiem anglakoni ing paréntah,5. Anarima ing pandum,6 . Wedi ing pepatjuhan,7. Tansah angon wahjaning ka la - mangsa.

Page 47: l .fü HöADILINGN

4 . Mungguh utamanê wong angawula pitung prakara :1 . Gemi marang kagunganing gusti,2. Bisa anasabi wewadi,3. Nastitèkaké sawewelinging gusti,4. Angati - ati ing solah bawané,5. Angaweruhi ing kedap sasmita kang dadi karsaning

gusti,6. Santosa ing panjoba pepasanganing gusti,7 . Mantep madep jèn binobotan ing kéwuh.

5 . Déné kang dadi pawitaning wong angawula iku limang prakara :1. GUNA, jèn kanggo kapinterané adja angadi-adi,2. SARANA, jèn kalebu radja-brananê adja rumasa po-

tang,3 . SAKTI, jèn katrima kasektèné adja sumakéjan,4 W ANI, jèn kapratjaja kakendelané adja andaluja,5 . NURUT, jèn kerep dinuta adja ngresula.

6. Déné wadjabé w o n g angawula iku amung awas lawan eling, tegesé awas ing bener luput, éling ing ala betjik, anggoné xnatrapakê kedaling lésan lawan obahing badan, jèn bener dadi betjik ing wekasané, mulané kedaling lêsan lawan obah­ing badan, iku patrapé anganggo empan,

lungguhê anganggo papan, kantiné anganggo duga-duga lawan watara, adja tinggal prajoga lan ringa-ringa, supaja bisa reksa - rumeksa, ing wekasan dadi rosa,

karana witing rosa iku saka ing reksa-rumeksa................

(Ksb. ing Serat RadjawaiarajPtistakaradjapurwa).

Page 48: l .fü HöADILINGN

B A B IV.(iambdhan).

KAW ITJAKSANANING N A T A IN G PAMISUDA P U N G G A W A U T A W A MANTRI.

Wewarahé Prabu Anglingdarma marang ingkang wajah Prabu Gondakusuma.

Katjarita Prabu Anglingdarma ing Malawapati, nalika Sang Nata karsa mbagawan, kang arsa sinèrèn ka- prabon djuraeneng- Nata ing Malawapati knsrahaken ingkang wajah Prabu Gondakusuma (Radên Gonda­kusuma) ija Prabu Anglingdrija, putrané Prabu Ang- lingkusuma kang djumenenging Bodjanegara guman- ti ingkang éjang Prabu Darmawasésa.Wewarahé Prabu Anglingdarma marang keng wajah mau pinardi ing bab2 pangrèh ing karjané ulah na- gara, tatasing pangulahing djurit, kadibyan lan kawidjajan saha -kawignjan nimptini apadéné pangle- pasaning djemparing lan sapepadané, pangatiking punggawa lan para mantri. Déné widjang2-é su- rasaniag wewulang2-é antarané mangkéné :

Duh wajahingsun, jèn sira wus madeg ratu, njinggahana ing kdluputan, darapon adja nganti manggjh ing deduka- ning Déwa linangkung. Waranané mas putu, amiliha ing kekantj mantn2 kang jogya kinatik, déné wawasuné iku tandane hmang prakara.

1) Kapisan miliha mantri kang witjaksana lan waskita mg bener luputwg tumindak lawan kang awas ma- r ng rampunganiiig karja, miwah kang waskita ing pandjing wetuning prakara.

2) Kapindo amiliha mantri kang Hmpad lan wigig sarta waskita ing pangira-ira.

3) £ r ^ IUa? iliha m,an.tri kanê nggrahita ing budhi, kang bisa mmbangi salwiring witjara.

4) S L Pa-é a? iHha mantri kanS ening ing budhi, oraI|*in? .rta’ sarta °ra' irên lan ora djahil ma-

nH K]a 31 ]a,no anKabdi (marang nagara) klawan ora ndarbeni watek2 karem wewadul

5) S l ‘g lim.i? . amiliha mantri kang putus (bontos) ing sabarang osikmg nagara (judanagara).

Page 49: l .fü HöADILINGN

2) Lawan manêh ngupajaa djanma (mantri) kang jogya. Icina- tik ing rèhê pangulahing pradja kang pekik warnané (*) miwah kang manis nêtyanê sarta kang alus watjanané, apa- déné kanf» andarbèni ati sabar, bisa angénaki ati marang sapada-pada, ora darbé sedya akarja. esaking Hjar\.

3) Ija iku arané mantri kang utama, kang prajoga kinarjakantining Nata amurih ing karahardjaning nagara, djalaran jaiku kang bakal akarja kabungahaning wong tjilik (rakjat) dadi kaénakané ing wong sabumi. Kang mangkono iku, djalaran lir upané wong mitjara kang kawidjil saking ka- alusaning budhi sarta awit weruh ing sastra lan parikrama iku upamané liré sagara banju kang anèng wijat, ing te- mahané turuh argrarabi ing tetanduran.

4) Déné kang minangka tetanduran iku ija upamané wongsabumi kasebut mau, ija iku jèn upamané tansah katibaning udan (marta), uwohé ija bakal seger andadi, awit déné punggawané abet jik-betjik. Ananging manawa ora mangko­no, liré manawa kahananing punggawa iku pada punggung (bodo, ala), mnngka para mantriné ija akèh' kang pada kompra, amasti kadadéjanê wong-wong tjilik (rakjat) pada prihatin, ora wurung bakal karja karusakaning nagara. Mula kang iku poma kaki kang waspada manawa sira akarja dasih (*)

5) Déné anggon-anggoning Ratu iku mas putu ana telung pra­kara :1 . Adja sira ngélon-éloni (kèlu) lan ngugung marang wong

ambek dursila, nadyan mantri lan punggawa, lamun tumeka ing sisip dèn énggal trapena ing pidosanê ke­lawan adii.

2 . Kapindoné sabarang karja obah osiking nagara iku adja kongsi sira dèwèki, ananging adja kongsi nanari marang wong tjubluk, kadjaba tatarèna marang dasih- ira kang bèr budhi baé.

3. Kaping telunê adja ngakèhaken deduka, djalaran wa- také wong sugih duka itu, terkadang sanadyana bener nanging temahané bisa uga dadi sisip ing wekasanê, mula dèn bisa rèrèh ing karsa kalawan titi pariksa.

(*j p e k ik w nrnané . karepé w on y V cand yn tm ika .

( *) dosili, karepé punggaw a.

Page 50: l .fü HöADILINGN

6) Mangka jèn ana atur-aturing dasih, iku kaki adja agé-agé agahan, dèn anggepa ing kanjatanané kang resik lan tin- tingana,djalaran mbok manawa ana wong kang ala angaku betjik ; mula kang mangkono iku mas putu adja nganti kalimutan (kéwran) ing pangati-atiné.

7) Sarta lamun akarja punggawa dèn poma kang betjik2, adja dupèh mung nurut jén sira asih, djalaran manawa iku andarbèni watek adigung, iku ora wurung ngrusak nagara. Dadi jèn misudha dén asring turasing wong budhi luhur, djalaran manawa wong budhi andap ora wurung ambe- bajani, sarta nenuntun marang pakertining wisa-wisuna.

8) Manawa wadyanira wus katon ing guna lan kaprawirané, apadéné wignja ing ulahé surasaning sastra lan basa, iku djinundjunga tan nglelingsemi. Ananging jén durung arglabeti ingulah pamitjarané, iku jèn upamané sinengkak- na masputu, saiba utjaping bumi;amakan darah, andjudjung durung prajoga.

9) Lawan manèh ajwa karja lelurah (pangarsa) wong kang watek dursila lan ulah djuti, sarta adja nganti tatarènan marang sawenéhing punggawa utawa mantri kang andar­bèni watek djahil, kang karem angrasani marang kaluputa- ning rowangé, apadéné kang andarbèni pambek puwa-puwa (harda - peksa), djalaran ija iku aran reregeding bumi, mangka jên mangkono iku bebasané prasasat angingu ratjun lan upas baruwang.

10) Lan manèhé mas putu, bésuk jèn akarja mantri adja pisan2 nrendjuh wong kang karem ing harta, djalaran ora wurung ngrusak nagara; iku aranê mantri tan weruh ing pakéwuh, sarta ora wurung kadadèné pasti tansah bakal selaman- selumun kalawan kurang mitjara (tanggung djawab); mangka jen mangkonoa iku paribasanê dadi arané mamak kang e r, iku ngrusak ing tata tindak kang sija - sija.

(Ksb. ing Serat AnglingdarmajPustakaradjapuwara) .

T

Page 51: l .fü HöADILINGN

Peminjam I l/o.Agt 1 Tanggal jParaf~J

AchJiLjfljVI t f 2 M 280, 1 I"

.] J //ïi 1

NO.

; J _ A 1-1 Z -.____

PENGARANG & N A M A BUKU

£ / /ifcrt M Ó tst/ A sP u r ftfa p j e d A *

Peminjam

c^ A 7' ?

A C f ^ ' r .

Du/; u MUi 2 i

1 ü r u u le^

*% / 3 MAR 1S8 ^ R M &V W 8 8

' t o / h t^ 6 o r & _

A cW iI y 1 --

/ * /

Tangga

1 7 SEP I t -

1 1 NOV 19B9'

2 5 NOV J\9Q9

\ 5 F t B

0 2 -MAR B F 2 0 MAP r

_ 12 2 r

| z? W - J y

' 7 " M 5 a

/

( 5000 Ibr 11 *

Page 52: l .fü HöADILINGN

Perpustakaan UI

01-10-07043132

Perpustaka

D 89£ M :

W\