Kumpulan Lagu Jawa

16
Gambang Suling Jawa Tengah Gambang suling kumandang swarane Tulat tulit kepenak unine U….nine mung nrenyuhake Barengan lankentrung ketipung suling Sigrak kendangane Halaman1

description

ARESERD5

Transcript of Kumpulan Lagu Jawa

Page 1: Kumpulan Lagu Jawa

Gambang Suling

Jawa Tengah

Gambang suling kumandang swarane

Tulat tulit kepenak unine

U….nine mung nrenyuhake

Barengan lankentrung ketipung suling

Sigrak kendangane

Halaman1

Gundul Pacul

Page 2: Kumpulan Lagu Jawa

Jawa Tengah

Gundul gundul pacul cul gelelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul glimpang segane dadi sak latar

Wakul glimpang segane dadi sak ratan

Halaman 2

Padang Wulan

Jawa Tengah

Page 3: Kumpulan Lagu Jawa

Yo pra kanca dolanan ing njaba

Padhang wulan padhange kaya rina

Rembulane e sing ngawe awe

Ngelingake aja padha turu sore

Yo prakanca dolanan ing jaba

Rame-rame kene akeh kancane

Langite pancen sumebyar rina

Yo padha dolanan sinambi guyonan

Halaman 3

Lir Ilir

Jawa Tengah

Page 4: Kumpulan Lagu Jawa

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir

Tak ijo royo royo tak sengguh penganten anyar

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira

Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung padhang rembulane

Mumpung jembar kalangane

Sun suraka surak hore

Halaman 4

Prahu Layar

Jawa Tengah

Yo konco sing nggisik gembira

Page 5: Kumpulan Lagu Jawa

Anglirap – lirap banyune segara

Angliyak numpak prahu layar

Ing dina minggu keh pariwisata

Alon prahune wes nengah

Byak byuk byak banyu binelah

Ora jemu jemu karo mesem ngguyu

Ngilangake rasa lungkrah lesu

Adik njawil mas

Jebul wes sore

Prayogane becik bali wae

Dene sesuk esuk

Tumandhang nyambut gawe

Halaman 5

Turi-Turi Putih

Jawa Tengah

Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur

Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur

Page 6: Kumpulan Lagu Jawa

Jeleret tiba nyemplung ke kembang kembange apa

Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa

Kembang kembang mlathi dironce ronce

Kembang kembang mlathi dironce ronce

Sing kene setengah mati sing kana ra piye piye

Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa

Halaman 6

Suwe Ora Jamu

Jawa Tengah

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Page 7: Kumpulan Lagu Jawa

Temu pisan gawe gelo

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Temu pisan gawe gelo

Halaman 7

Cublak Cublak Suweng

Jawa Tengah

Cublak cublak suweng

Suwenge teng gelenter

Mambu ketundhung gudel

Tak gento lela lelo

Page 8: Kumpulan Lagu Jawa

Sapa ngguyu ndele ake

Sir sir pong dele bodhong

Sir sir pong dele bodhong

Halaman 8

Sluku Sluku Bathok

Jawa Tengah

Sluku sluku bathok

Bathoke ela elo

Si Rama menyang solo

Oleh olehe payung mutho

Pak jenthit lolo lo bah

Page 9: Kumpulan Lagu Jawa

Yen mati ora obah

Yen obah medeni bocah

Yen urip golekka dhuwit

Halaman 9

Jaranan

Jawa Tengah

Jaranan jaranan jarane jaran teji

Sing numpak ndoro bei

Sing ngiring para mantri

Jrek jrek nong jrek jrek gung

jrek ejrek turut lurung

Gedebuk krincing gedebuk krincing

Page 10: Kumpulan Lagu Jawa

Thok thok gedebuk jedher

Gedebuk krincing gedebuk krincing

Thok thok gedebuk jedher

Halaman 10

Pitik Tukung

Jawa Tengah

Aku duwe pitik pitik tukung

Saben dina tak pakani jagung

Petok gok petok petok ngendhok pitu

Tak ngremake netes telu

Kabeh trondol trondol tanpa wulu

Mondol mondol gawe guyu

Page 11: Kumpulan Lagu Jawa

Halaman 11

Kate Dipanah

Jawa Tengah

Teka te dipanah

Dipanah ngisor gelagah

Ana manuk konde onde

Mbok sir bombok mbok sir kate

Mbok sir bombok mbok sir kate

Halaman 12

Page 12: Kumpulan Lagu Jawa

Jamuran

Jawa Tengah

Jamuran ya ge ge thok

Jamuran apa ya ge ge thok

Jamur gajih mberjijih sak ara ara

Semprat semprit jamur apa

Halaman 13

Page 13: Kumpulan Lagu Jawa

Menthok Menthok

Jawa Tengah

Menthok menthok tak kandhani

Mung mlakumu angisin isini

Mbok yo aja ngethok ana kandhang wae

Enak enak ngorok ora nyambut gawe

Menthok menthok mung mlakumu

Megal megol gawe guyu

Halaman 14

Page 14: Kumpulan Lagu Jawa

Dhondhong Apa Salak

Jawa Tengah

Dhondhong apa salak, dhuku cilik-cilikNgandhong apa mbecak, m'laku timik-timikDhondhong apa salak, dhuku cilik-cilikNgandhong apa mbecak, m'laku timik-timikAtik ndherek Ibu tindak menyang pasarOra pareng rewel ora pareng nakalIbu mengko mesthi mundhut oleh-olehKacang karo roti Atik dhiparingiDhondhong apa salak, dhuku cilik-cilikGendhong apa pundhak aja ngithik-ithik