KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M...

6
KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M Muhasabah Amaliyah RamadhanKawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN PACITAN 1 2

Transcript of KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M...

Page 1: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

KHUTBAH IDUL FITRI

1440 H / 2019 M

“Muhasabah Amaliyah Ramadhan”

Kawedalaken dening :

KANTOR KEMENTERIAN AGAMA

KABUPATEN PACITAN

1 2

Page 2: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

Ing dinten ingkang luar biasa puniko, monggo kita tansah

mensyukuri ni’mat Allah ingkang sampun dipun paringaken

dhumateng kulo panjenengan sami, kanthi ngathah ngathahaken

waosan takbir, tahlil, lan tahmid, hinggo manah meniko tansah

tumuju maring ridlonipun Allah SWT. Sholawat sarto salam

mugio tansah kalumeberaken dhumateng junjungan kulo

panjenengan sami, Nabiyulloh Muhammad SAW, ingkang

sampun paring pinten-pinten pitedah dhumateng kulo

panjenengan sami, amrih wilujeng dunyo lan akhirat kito.

Mugi-mugi kulo panjenengan sami estu-estu dipun akeni dining

Rosulullooh dados ummatipun, dipun akeni dining Alloh dados

hambanipun, lan bade kalebetaken ing dalem swarganipun

Allah SWT. Aamiin ya robbal ‘aalamin.

Wonten ing kesempatan puniko, kulo hangajak diri

pribadi kulo, lan umumipun jamaah sholat idul fitri

samudayanipun, sumonggo kito tingkataken raos taqwa kito

dumaten Allah SWT, kanthi sak estu-estunipun taqwa,

nindaaken dhawuh-dhawuhipun Allah kanthi ikhlas, lan

nilaraken awisan-awisanipun Allah kanthi ikhlas ugi, supados

kito dados golonganipun tiyang-tiyang ingkang paling mulyo

ing ngarso Dalem Alloh SWT.

Dinten puniko ummat Islam sak indenging jagad,

merayakan hari kemenangan, sak sampunipun meper howo

nafsu setunggal wulan laminipun. Ndereaken dhawuh Allah

wonten ing Surat Al Baqoroh 183 :

“He wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro

kabeh iku poso, koyo dene wis den wajibake marang wong-

wong sak durungiro, supoyo siro kabeh iku dadi wong kang

taqwa “ (QS.Al-Baqoroh ; 83 )

Siyam mboten namung nahan dahar lan ngunjuk,

ananging nindakaken pinten-pinten lelampahan sunnah ingkang

saget nambahi agenging ganjaran lan manfaat tumprap pribadi

lan ummat. Ugi leres-leres nahan jiwo, saking cipto angen-

angen ingkang angajak dhumateng tindak kemaksiatan, ati

tansah dipun isi dzikir, emut dhumateng Alloh SWT, wonten

ing sak dengah panggenan, sak dengah wekdal, kalian

jumeneng, lenggah, utawi sesarean, tan kendat saking

dzikrulloh, sahinggo diri pribadi kaum muslim sak indenging

jagad puniko, saget terbebas saking tumindak-tumindak

angkoro murko, ingkang saget ngguguraken ganjaranipun

siyam.

Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.

3 4

Page 3: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

Kesempatan Emas sampun dipun paringaken dining

Allah dhumateng kulo panjenengan sami sedoyo hambanipun

Allah. Wonten ing wulan Romadlon, kados dene dhawuhipun

Rosululloh Mohammad SAW, wonten ing hadits Abu Sa’id Al

Khudri radhiallahu’anhu ingkang kawios dining At Tirmidzi,

Rasulullah Shallallahu’alaihi Wasallam dhawuh :

“Ono ing awal dalunipun wulan Romadlon, setan-setan lan jin-

jin jahad dipun belenggu, lawangipun neroko dipun tutup,

mboten wonten setunggal kemawon ingkang kinarbuko,

Lawangipun swargo dipun bikak, mboten wonten setunggal

kemawon ingkang dipun tutup. Milo Gusti Alloh Dhawuh, “

He.. wong-wong kang podo seneng kabecikan, goleko

kabecikan sing sak akeh-akehe, He.. wong-wong kang seneng

kanisthan, tahanen awakmu soko kanisthan”. Lan Allah paring

pembebasan saking geni neroko kanggo hamba-hambane, lan

kui kedadian saben mbengi.” (HR. Tirmidzi 682, dipun

shohihaken dining Al Albani ing ndalem Shahih At Tirmidzi”

Dhawuhipun Rosululloh wonten hadists lintunipun :

“Sak temene ing saben-saben bengi wulan Romadlon iku, soko

Gusti Alloh ono pembebasan soko geni neroko, lan kanggo

saben-saben muslim ono dongo sing lamun wong muslim iku

ndongo bakal dikabulake” (HR. Ahmad 2/254, Al Bazzar 3142)

Menopo malih Allah taksih paring dhumateng kita

setunggal dalu luar biasa ageng nikmatipun, inggih puniko

malem lailatul Qodar, ingkang kesaenanipun dalu puniko,

langkung sae ketimbang 1000 wulan lintunipun. Kados dene

dhawuhipun Allah :

“Malem lailatul Qodar kui luwih becik katimbang sewu wulan

“ (QS. Al-Qodar ; 3 )

Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.

Kanthi kamulyan ingkang sampun dipun paringaken

dining Gusti Alloh dhumateng sedoyo hambanipun ing wulan

Romadlon puniko, monggo kulo panjenengan sami muhasabah,

kulo panjenengan sami ngitung-ngitung, sampun pikantuk

5 6

Page 4: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

menopo kulo panjenengan sami wonten wulan Romadlon

puniko. Menawi Allah sampun mblenggu setan-setan lan jin-jin

jahat, nopo kulo panjenengan sami sampun saget meper nepsu

kulo panjenengan sami pribadi, kangge tumindak maksiat tanpo

dipun pengaruhi setan lan jin jahat, lajeng kita nindaaken siyam

kanti sae ???, Menawi Alah sampun nutup lawange neroko,

nopo kita sampun saget nebihaken pribadi kulo panjenengan

sami saking sedoyo tumindak ingkang nyelak dhumateng

neroko, lajeng tansah nindaaken pakaryan ingkang saget

nyelakaken dateng swargo...??? Menopo kulo panjenengan

sami sampun depe-depe dhumateng Gusti Allah kangge

nyuwun pangapunten sedoyo doso lan kesalahan kito selamine

gesang puniko...??? Menopo kulo panjenengan sami sampun

nindaaken kabecikan ingkang kathah kados dhawuhipun Alloh

wonten hadits kasebat..... ??

Padahal kesempatan ingkang sampun dipun paringaken

dining Allah puniko, berlaku saben dinten saben dalu ing wulan

Romadlon.

Muhasabah meniko penting sanget....

Sayyidina Umar bin Khotob RA, wonten ing

setunggalipun Atsar Shohabi nyebataken :

“Petanono awakmu dewe, sak durunge dipetani (dihisab)dining

Alloh “ ( atsar shohabi )

Ugi Allah sampun dhawuh wonten ing Al-Qur’an, surat

Al Hasyr ayat 18 :

“He wong-wong kang podo iman, taqwao siro kabeh marang

Alloh, lan becik saben-saben sliro metani opo kang wis

ditindaake kanggo keperluane dino sesuk (akhirat). Lan taqwao

siro kabeh marang Gusti Alloh. Sak temene Alloh iku Moho

Mangerteni opo kang sirp tindaake “ ( QS. Ah-Hasyr ; 18 )

Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.

Kanthi muhasabah kolowau, kulo panjenengan saget

milang-miling, kados pundi wonten dinten riyadin puniko. Kulo

panjenengan sami nopo sampun pantes suko pari suko,

ngrayaaken kemenangan, sak sampunipun nindaaken sedoyo

amalan-amalan ing wulan Romadlon puniko, nopo kosok

wangsulipun, kulo panjenengan sami termasuk tiyang ingkang

rugi karanten dereng nindakaaken sedoyo amalan-amalan

Romadlon kanthi maksimal, dereng nyuwun pangapunten

dhumateng Allah SWT, hinggo kulo panjenengan sami dereng

pikantuk pangapuntenipun. Sedoyo puniko namung kulo

7 8

Page 5: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

panjenengan secara pribadi ingkang saget metani. Tiyang sanes

namung saget mirsani saking katebihan.

Sak sampunipun kulo panjenengan sami muhasabah

tumrap hubungan kulo panjenengan sami kaliyan Gusti Alloh,

ingkang awujud amalan-amalan Romadlon, mugi-mugi ing

dinten puniko kulo panjenengan sami kalebet ing dalem

golonganipun tiyang-tiyang ingkang leres-leres berbahagia,

ngrayaaken dinten ingkang agung puniko, dinten ingkah suci

puniko, kanthi ati bungah kanthi ridlo lan dipun ridloi dening

Gusti Allah.

Jama’ah sholat Idul Fitri Rohimakumullooh.

Mboten katalompen, kabahagyan kulo panjenengan sami

dereng jangkep lamun to kulo panjenengan sami taksih

anggadahi ati nggrundel dhumateng sesamining ngagesang,

milanipun monggo kito sempurnaaken kebahagyan kito puniko

kanti silaturrohmi dhumateng sanak kadang kito sedoyo, kito

ngapuro angapuro, saling nyuwun pangapunten lan paring

poangapunten, sehinggo dosa-dosa kito dhumateng sesamining

ngagesang saget lebur ing dinten riyadin puniko.

Sinten to tiyang ingkang paling kathah doso lan

kesalahannipun, inggih puniko tiyang-tiyang ingkang saben

wekdal tansah rumaket kaliyan kito, milanipun ampun ngantos

kesupen kito nyuwun pangapunten dhumateng sanak kadang

sak kiwo tengen. Menopo malih ing wekdal-wekdal kepengker,

bongso kito nembe ngawontenaken pesta demokrasi, ingkang

kulo yakin mesti wonten gesekan-gesekan ingkang mboten

nyekecaaken manah, sinten kemawon pilihan kito, sanadyan

benten pilihan kito, moggo dinten puniko kito lebur sedoyo res-

res ingkang mboten sae. Ampun ngantos res-res, sifat iri,

dengki, dhumateng sesamining agesang ndadosaken

penghalang tumrap ridlanipun Alloh dhumateng kito. Kito

makmuraken bumi kito, kito wujudaken lingkungan ingkang

adem ayem, deso ingkang adem ayem, kecamatan ingkang

adem ayem, kabupeten ingkang adem ayem, tundanipun bongso

lan negoro ingkan tansa adem ayem, bersatu padu ing dalem

mujudaken baldatun toyyibatun warobbun ghofuur.

Sak sampunipun sedoyo kewajiban lan sunnah wulan

Romadlon kito tindaaken, mugi-mugi dinten riyadin puniko

leres-leres dados dinten ingkang suci, ingkang bahagia, kangge

ngawiti dinten-dinten ingkang bade dateng, kanthi ridlanipun

Alloh SWT.

Aamiin, aamiin, aamiin yaa Robbal ‘aalamin...

9 10

Page 6: KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M - alittihad.or.id fileKHUTBAH IDUL FITRI 1440 H / 2019 M “Muhasabah Amaliyah Ramadhan” Kawedalaken dening : KANTOR KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN

11 12