Holobis Kuntul Baris - Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan...

74
GLADHI BASA JAWI LKS KELAS 7 SMP/MTS SEMESTER 1 Panyerat Drs. Sujarno Guru Bahasa Jawa SMP 2 Patuk Kabupaten Gunungkidul HANYA UNTUK KALANGAN SENDIRI DILARANG KERAS MEMPERBANYAK/FOTOCOPY TANPA SEIJIN PENULIS KABUPATEN GUNUNGKIDUL TAHUN 2011 LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 1

Transcript of Holobis Kuntul Baris - Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan...

Page 1: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

GLADHI BASA JAWILKS

KELAS 7 SMP/MTSSEMESTER 1

PanyeratDrs. Sujarno

Guru Bahasa Jawa SMP 2 PatukKabupaten Gunungkidul

HANYA UNTUK KALANGAN SENDIRIDILARANG KERAS MEMPERBANYAK/FOTOCOPY TANPA SEIJIN PENULIS

KABUPATEN GUNUNGKIDULTAHUN 2011

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 1

Page 2: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

WULANGAN 1GOTONG ROYONG ING MASARAKAT

I. NYEMAK

Kompetensi Dasar :1.1 Menanggapi geguritan tradisi gotong royong di lingkungan

tempat tinggal

A. Indikator :1. Mengartikan kata-kata sulit dengan tepat2. Menyebutkan intisari geguritan dengan tepat3. Menyebutkan nilai moral dalam geguritan4. Memberikan pendapat tentang isi geguritan dengan santun

B. Materi Pokok

1. Semaken geguritan iki! Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane……………………………Wus dadi kodrateManungsa mono tan bisa urip dheweSaka lahir prapteng patineTansah gumantung sapepadhane

Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gaweIku semboyaneMempeng makarya kiwakna pepulihMurih salwiring gatiTiti tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan linakwanKanthi seneng ulat padhang tan nggresulaUrun bau suku, penggalihan, apadene redanaKanthi dhasar karukunanMahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja

(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)

2. Apa tegese tembung-tembung iki?a. Gotong royongb. Kodratc. Praptengd. Telenging nalae. Sepi ing pamrih rame ing gawef. Semboyan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 2

Page 3: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

g. Kiwakna pepulihh. Salwiring gatii. Bau sukuj. Redanak. Mahananil. Tata tentrem karta raharja

3. Wangsulana pitakonan iki!a. Kodrate manungsa iku kepriye?b. Gotong royong iku kudu katindakake kanthi kepriye?c. Kepriye semboyane gotong royong iku?d. Apa wae sing bisa disumbange ana ing gotong royong?e. Apa wae pigunane gotong royong iku?

4. Coba critakna wose geguritan mau nganggo basamu dhewe!5. Piwulang budi pekerti apa wae sing bias didudut saka geguritan mau?

C. Materi Pengayaan

1. Wacanen kang patitis!

GUGUR GUNUNG

Gugur gunung mono satemene uwis ana wiwit jaman kuna, nganti seprene isih ditindakake dening masyarakat kita. Istilah gugur gunung ing jaman saiki diarani kerja bakti utawa gotong royong. Sanajan jaman tansaya maju, nanging gugur gunung isih ditindakake ora mung masyarakat padesan wae, nanging uga masyarakat kutha. Gugur gunung pinangka salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan.

Satemene, wong iku ora bisa urip dhewe, tegese kudu mbutuhake lan sesambungan karo wong liya. Mula, ada-ada gugur gunung tuwuh saka atine dhewe-dhewe, aja nganti ana rasa kepeksa, kudu lila legawa nindakake sawijining pakaryan tanpa oleh pepulih utawa ngarep-arep opah.

Gugur gunung wis kalumrah katindakake ing tataran RT, RW, dhusun utawa kalurahan, gumantung pakaryan kang bakal diayahi kanthi ancas amrih rancaging pembangunan. Ana kang ndandani tanggul, mbangun papan ngibadah, ndandani dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane. Kabeh pakaryan katindakake kanthi seneng, ora ana kang nggresula, kanthi ulat padhang, nyenengake ati, awit kabeh mau pancen wis padha diniyati.

Kajaba urun bau-suku, ana uga kang nyumbangake panganan lan wedang saanane, sarehne wong nyambut gawe mono iya ana sayahe, mula ana kang padha mikirake bab mau ora ketang panganan sacokodan, utawa wedang sacegukan kanggo ngurangi rasa sayah.

Dadi, bakune kerja bakti utawa gugur gunung iku adhedhasar karukunan ing madyaning masyarakat, kayadene nindakake kuwajibane dhewe awit kabeh mau bisa mujudake masyarakat kang tentrem karta raharja.

( Besutan saka Citra Widyatama 2 : 1988)

2. Mangsuli pitakon1. Gugur gunung ing jaman saiki diarani apa?2. Apa sebabe gugur gunung dilestarekake?3. Terangna apa tegese gugur gunung iku!4. Coba aranana apa wae sebabe wong ora bisa melu gugur gunung!5. Kanthi dhasar apa wong-wong gelem nindakake gugur gunung?6. Apa wae sing bisa disumbangake ana ing gugur gunung iku?7. Kepriye wong kang ora bisa nindakake gugur gunung amarga sawijining bab?8. Wong sing melu gugur gunung lumrahe padha seneng atine, apa buktine?9. Wenehana tuladhane pakaryan gugur gunung sing ditindakake ing sacedhakmu!10. Gugur gunung iku kalebu cak-cakane sila Pancasila sing kaping pira?

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 3

Page 4: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

3. Gagasan bakuCoba aranana gagasan baku ing saben paragraph wacan Gugur Gunung ing ndhuwur!

4. Tegese tembungApa tegese tembung-tembung iki?

1. tradisi =2. urip bebrayan =3. ada-ada =4. tuwuh =5. lila legawa =6. pepulih =7. tataran =8. diayahi =9. rancag =10. bau suku =11. nggresula =12. karta raharja =

5. Andhahaning tembung gunungPratelan ing sisih kiwa jodhokna karo pratelan ing sisih tengen!

SOAL PILIHAN WANGSULAN

1. Ing pulo Jawa isih akeh ………2. Prabu Kresna triwikrama dadi buta

gedhene …….3. Aku duwe ali-ali mata telu awangun

……….4. Wong wis suwe urip ana kutha, Parti isih

katon …..5. Pak Warsa ngagem lurik motif ……….6. Sesawangan iku yen sinawang saka

kadohan nengsemake, bareng dicedhaki njuwarehi. Sesawangan kang mangkono iku bebasane …….

7. Nandhang kesusahan gedhe, bebasane ………

8. Nemoni kabegjan utawa nampa kanugrahan saka Gusti Allah, bebasane ………..

9. Ndadekake ribute wong gedhe, bebasane ……….

10. Nduweni gegayuhan sing tangeh lamun kelakone, bebasane …………

11. Prabu ……….. iku ratu ing negara Giling Wesi

12. Saben sasi Mulud aku nonton ………ing alun-alun.

13. Dieletana segara ………sap pitu, yen pesthi jodhone mesthi bakal ketemu.

14. Lho kok ……….. kadingaren esuk-esuk kok wis tekan kene!

15. Nalika srengengene …………aku wis tekan Patuk

Gunung sepikul

Gunung geni

Gunung Guntur

Tunggang gunung

Watu Gunung

Nggunungi

Sagunung anakan

Ngontragake gunung

Karubuhan gunung

Kejugrugan gunung menyan

Gunungan

Ketepang ngrangsang gunung

Njanur gunung

Sri gunung

Gunung

II. MICARA

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 4

Page 5: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Kompetensi Dasar :2.1 Bercerita pengalaman bergotong royong di lingkungan

tempat tinggal sesuai dengan unggah-ungguh dalam bentuk pembacaaan geguritan.

A. Indikator :

a. Mengamati objek dan mendata objek yang akan dibuat geguritan dengan cermatb. Mendeskripsikan objek dalam larik-larik yang bersifat puitis dengan tepatc. Menulis geguritan dengan memperhatikan unsur persajakand. Membacakan geguritan karya sendiri dengan kreatif dan percaya diri

B. MATERI POKOK

Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abangTrontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagadEmbun esuk lir mutyara rinonceAngawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langitKapyarsi dara muluk angaluk-alukCeluk-celuk warga desa PunthukMurih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithiLumampah datan ana pedhotePacul, arit, dhandhang, linggisWus samekta ing astaGya makarya saiyeg saekaprayaSengkut gumregut tumandang kardiNambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad wajaLinambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,Holobis kuntul barisPakaryan abot lan nglengkaraDadya nyataSetu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)

Ndandani kretek Nur RahmawatiDina minggu aku sakanca pada saiyeg saeka prayaNggawa pacul, ekrak lan sapu sadaAnyengkuyung para warga

Tuwa enom jaler lan estriKabeh warga padha kerja baktiKretek rusak den dandaniGotongroyong saekta kapti

(W Pramono,s,Blog)

Gumregah

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 5

Page 6: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

: Dening Tiyasti

Tekamu tanpa rupaTanpa wacanaNanging mung kanthi swaraKekuwatanmu tan kena kiniraGawe manungsa tan bisa suwala

Lindhu gedhe duk rikala samanaGawe atising nalaOra cilik ora gedhe, ora tuwaKetiban rubuhe griyaSing dinulu mung raga tanpa nyawa

Tangis lan sambat tanpa gunaAwit kabeh wis sunyataDadi kersane Kang Maha Kuwasa

Para sedulur ing Bantul kang sutresnaAyo padha cancut taliwandaGumregah mbangun desa saiyeg saeka praya

Percaya yen petenging jagad ikuMesthi ginanti padhang jingglangKang agawe tentreming manungsa(DL. No. 28, 9 Desember 2006)

C. MATERI PENGAYAAN

1. Pacelathon iki katindakna ing ngarep kelas kanthi becik!

GUGUR GUNUNGSidik : Pak, kala wau Pak Kepala Dhukuh tindak mriki.Bapak : Jam pira?Sidik : Saweg kemawon. Watawis setengah jam.Bapak : Sajake ana kersa apa?Sidik : Anu, Pak. Ngendikanipun Pak Dhukuh wonten dhawuh saking kalurahan

bilih Benjing enjing warga dhukuh Brangkal tampi giliran gugur gunung.Bapak : Sesuk esuk?Sidik : Inggih, Pak. Nglempak wonten dalemipun Pak Dhukuh pukul nem, dipun

dhawuhi Ngasta prabot.Bapak : Jam nenem? Apa ora kesuken?

Wah, pancen mesakake. Saben mangsa rendheng mesthi dhadhal.Sidik : Tanggul Lepen Dengkeng, Pak?Bapak : Hee. Saben mangsa rendheng mesthi dhadhal.Sidik : Inggih, Pak. Sekolahan kula ugi sampun tampi dhawuh saking kecamatan,

lare-lare Kadhawuhan mbekta karung plastic. Lare setunggal sekedhikipun kadhawuhan mbekta setunggal.

Bapak : Kowe yaw is numpuk?Sidik : Sampun, Pak. Kala wingi kula numpuk kalih, ingkang maringi ibu.

Bapak : Sokur yen wis numpuk. Pokoke yen ana dhawuh apa bae sing ana gandheng cenenge karo tetulung kuwi sing cekat-ceket. Aja direndhe-rendhe, selak mesakake. Sidik : Inggih, Pak. Dinten punika wau sekolahan kula sampun nglempak karung watawis wolung atusan lembar. Kaliyan kanca Pengurus OSIS lajeng dipun caosaken dhateng kecamatan. Bapak : wah, ya akeh kuwi. Mesthine karung kuwi sesuk wis tekan panggonane Bapak gugur gunung kuwi. Sidik : Mesthinipun ngaten, Pak. Bapak : Karung kuwi sesuk diiseni wedhi, banjur ditata kanggo nambal tanggul sing jebol kuwi. Mesakake wong-wong desa Padhas sing padha manggon ing

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 6

Page 7: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

sakiwa tengene Kali Dengkeng kuwi. Angger ngancik mangsa rendheng atine ora jenjem, tansah melang-melang. Sidik : Tujunipun warga dhusun sanesipun sami enthengan nggih Pak. Uger wonten tanggul dhadhal lajeng tumuli sami cancut gugur gunung. Bapak : Kuwi wis dadi watake bangsane dhewe. Dhemen tetulung marang sapa bae sing perlu diwenehi pitulungan. Panandhange wong liya, anggepe ya panandhange dhewe. Wong liya susah, melu susah. Wong liya kasangsaran, enggal-enggal urun bau suku, iguh pratikel, utawa apa bae sing dheweke keconggah. Kanggo ngentheng-ngenthengi wong sing nandhang kasangsaran kuwi. Sidik : Benjing Minggu pukul sanga kanca-kanca Pramuka panggenan kula ugi badhe gugur gunung dhateng Padhas, Pak. Bokmenawi taksih wonten bab- bab ingkang perlu dipunrencang-rencangi. Bapak : Ya sokur, yen bocah-bocah wis gelem mikir sing nganti tekan semono. Sidik : Inggih, Pak.

(Siswadi, 1988:69-71)2. Apa tegese tembung-tembung iki?

a. dhadhal =b. gandheng ceneng =c. cekat-ceket =d. direndhe-rendhe =e. jenjem =f. melang-melang =g. bau suku =h. iguh pratikel =i. cancut =j. keconggah =

3. Wangsulana kang patitis!a. Saka kalurahan ana dhawuh apa?b. Warga dhukuh Brangkal entuk giliran gugur gunung menyang ngendi?c. Ana ing Sekolahan, Sidik tampa dhawuh apa saka kecamatan?d. Karung plastic kuwi arep kanggo apa?e. Geneya yen mangsa rendheng wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene Kali

Dengkeng padha ora jenjem atine?f. Piye tangkepe wong Indonesia marang wong-wong kang padha nandhang kasangsaran?

4. Ganepana paribasan, bebasan, utawa pitutur luhur kang ana gegayutane karo gotong royong ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wis cumawis!a. Sepi ing pamrih ……b. Tuna satak…… c. Rukun agawe santosa …… d. Jer basuki ….. e. ……. kobet buri f. Holobis …… g. …… loh jinawi h. ……. Rukon i. Saiyeg …… j. …….. lumbung k. Tangan kumrembyah, ……. l. ……. saiyeg saeka praya m. Sapa wania ing gampang …… n. Sabar ….. o. Rumangsa melu handarbeni, …….

Wangsulan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 7

Page 8: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

mawa beya, gemah ripah, kuntul baris, wajib melu hangrungkebi, rame ing gawe, drana, gendhon, sayuk rukun, bathi sanak, obah ngarep, usung-usung, obah ngarep, saeka kapti, suku jumangkah, wedia ing ewuh sabarang nora tumeka.

5. Wacan kasebut ngarep ringkesen isine nganggo basa krama watara saparagraf! Banjur owahana dadi karangan kang awujud geguritan geguritan

III. MACA

Kompetensi Dasar :3.1 Membaca geguritan tradisi gotong royong di lingkungan

tempat tinggal

A. Indikator :1. Membaca kreatif geguritan dengan lafal, intonasi dan ekspresi yang tepat dengan penuh percaya

diri2. Menceritakan kembali isi geguritan dengan kata-kata sendiri dalam santun bahasa Jawa ngoko lugu3. Menemukan pesan moral dalam geguritan

B. MATERI POKOK1. Lomba maca geguritan Miliha geguritan ing ngisor iki, nuli wacanen kanthi : Wicara, Wirama, Wiraga, lan Wirasa kang trep! Dene kanca liyane mbiji

Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane……………………………Wus dadi kodrateManungsa mono tan bisa urip dheweSaka lahir prapteng patineTansah gumantung sapepadhane

Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gaweIku semboyaneMempeng makarya kiwakna pepulihMurih salwiring gatiTiti tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan linakwanKanthi seneng ulat padhang tan nggresulaUrun bau suku, penggalihan, apadene redanaKanthi dhasar karukunanMahanani bebrayan kang tata tentrem kartaraharja (Pak Jarno, 23 Maret 2011)

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 8

Page 9: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Guyup Rukun Pak Jarno

Kembang terong Megar siji dipethik uwongDhothong-dhothong nunggu Kenya sing moblong-moblongAyo kanca gotong royong aja amung domblang-domblong……….Ning nong nang nung neng nong ning nooooooong…….!

Gotong royong ikuSemut pindhaneTawon saumpamaneRayap tuladhane

Si blekithiNadyan alit ringkihTansah nengenake komunikasiGuyup rukun anggung den jagiEngga kwawa ngusung boga gung aluhurPakaryan abot bisa rampung

Si tawon anggung sumanggemNgayahi karya sowang-sowang Datan wor suh sajuru-juruTanggap tangguh tanggonGuyup rukun rumeksa sang prameswariMider-mider njajah wreksa milang sariLuru madu pinustikaYekti migunani sagung dumadiTumrap si bremaraSumarambah jalma manungsaKinarya usada sakeh memalaIku gambarane manunggal golong giligAdil makmur bisa klakon

Si rayap nadyan katone remehKanthi sareh pekolehArsa yasa ArdiNgusung siti rina wengiAlon-alon bisa klakonDadya gegumukMagrong-magrong kukuh bakuh

Kanca , ….Walang wulu antaga waeBisa Saiyeg saeka prayaUrip rukun gotong royongGeneya ing jaman ikiGugur gunung lunturSing ana Nggugur gunungNyukur alas nganti gundhul Mangka iku warisane anak putu

IV. NULIS

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 9

Page 10: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Kompetensi Dasar : IV.1Menulis cerita atau pengalaman bergotong royong di lingkungan tempat tinggal

dalam bentuk geguritan

A. INDIKATOR1. Menulis geguritan sederhana

B. MATERI POKOK

GEGURITANGeguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa

gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita lingganeGita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:

Syair rong gatra sapada = gita dwigatraSyair telung gatra sapada = gita trigatraSyair patang gatra sapada = gita catur gatraSyair limang gatra sapada = gita panca gatraSyair nem gatra sapada = gita sadgatraSyair pitung gatra sapada = gita sapta gatraSyair wolung gatra sapada = gita hastha gatraSyair sangang gatra sapada = gita nawa gatraSyair dhapur sonataSyair bebas

Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.

a. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku darbe paugeran mangkene: Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra. Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda. Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara

(kaya syair ing Kasusastram Indinesia. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit. Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama

Tuladha Geguritan Gagrag Lawas

Sun GeguritKaanan jaman saikiSipat pemudha-pemudhiSrawunge saya ndadiRaket wewekane sepiTan kadi duk jaman nguniSrawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kunaPriya srawung lan wanitaGampang ketaman panggodhaNerak ing laku susilaTemah darbe jeneng alaWasanane tibeng papa

b. Geguritan gagrag anyar

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 10

Page 11: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.c. Sajak pungkasan mardika/bebasd. Isine mentes.e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .

Babagan kang abot saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihe tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan iku. Diksi iku dudu mung pamilihe tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa. Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bagean saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake kanga arep diandharake ana ing geguritan iku..

Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur, kanthi mangkono bisa diarani sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab iki bisa nduweni fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik yen fungsi kekarone mau bisa nyawiji, yaiku endah yen diwaca lan migunani tumrap budi pekertining wong kang maca utawa ngrungokake.

Maca GeguritanKang kudu digatekake nalika maca geguritan 4 W, yaiku:

a. Wicara = pocapan/lafal Nalika maca geguritan pocapan kudu cetha, ora groyok, blero utawa mangu-mangu. Kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener tuladhane mbedakake aksara a/o, t/th, d/dh, e taling (tempe)/ e pepet (seger) utawa e ing tembung krempeng, lsp.

b. Wirama = irama/lagu Iramaning wong maca geguritan bisa pinangka pandudut (daya tarik) wong kang ngrungokake. sora utawa lirih iramane kalarasake karo isining geguritan. Geguritan kanthi tema perjuanga mesthi wae beda karo maca geguritan kang isi kasmaran utawa kasusahan.

c. Wiraga = solah/gerak, pasemon/raut muka Obahing badan lan pasuryan (rai) kudu digatekake kudu luwes (ora kaku) lan aja nganti katon digawe-gawe.

d. Wirasa = penjiwaan Wirasa kajumbuhake karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa, Getun, lsp.

PIT (Akhir Luso)

Prasaja malah kepara kesrakatkaya barang slangkrahtanpa kapetung ajiyen ditemu Paijo si tukang rongsokkamangka kowe bakohsliramu miguna bisa mijeti ragabisa nggawa wong kampiyun mrana-mrana

AYO MBIYANTU NEGARA

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 11

Page 12: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Bu, kae njaba ana tamuGolek aluminium saduweneJare arep kanggo ambiyantuButuhe Negara kene

Iya le, iki panci karo gelasKae cidhuk, centhong, karo rantangAturna kabeh cacah sewelasKanggo mbyantu gawe barang

Bu, kok akeh temen iki ta?Eman-eman wong isih apikMengko bapak ndangu rak ya duka?Tukune barang ra sethithik

Ora le, ora larang, ora, gampangDakkandhani kowe, kene ya leNegara butuh kanggo barangPiranti perang sakwernane

Bu, yen ngono iya perluLha ya kae kabeh dolanankuBakal dakaturake, rila, Bu!Karo maneh wis ra perlu

Iya le, becik kuwi, sakarepmuRewanga kangelan sabisamuYen perlu ro tenagamuKanggo labuh negaramu

(Kejawen, 21 Maret 1936)

Gawea geguritan kegiatan gotong royong ing lingkunganm desamu adhedhasar gambar ing ngisor iki!

1 2.

3 4.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 12

Page 13: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

C. MATERI PENGAYAAN1. Wacan mawa aksara Jawa iki wacanen kang tliti, banjur gantinen aksara Latin manut

tatanan EYD kang trep!

?gugu/gunu=.

1. ?gugu/gunu=augfiarnNike/jbkTiautw[go[to=

[ro[yo=.

2. ?gugu/gunu=slhswijini=t]disiXluau/kunmkun.3. ?m nu=s[aorbisauri[pD[w,kufubutuh[wo=liy.4. ?gugu/gunu=kufutuwuhskati[n[d[w[d[w,,5. ?kufulilXgw,[aorkepekS. 6. ?gugu/gunu=swijini=pk/ynTnP[ao [lh[aoph.7. ?k[bhpk/ynKtinFkK[kknQisen_,su[mh,[aor

a=g}sulautwsmBt\,

8. ?kjbaurunTeng,augank=vumB=pznNn\[wf=s an[nk=[gozur=zisyh.

9. ?bku[nke/jbkTiautwgugu/gunu=aikuadeds/

rskarukunNn\

10. ?sijik=figyuhmsrkt=KtttititenÒ~mK/traj.

GLADHEN UJI KOMPETENSI 1ULANGAN HARIAN 1

Wacan 1

Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane……………………………Wus dadi kodrateManungsa mono tan bisa urip dheweSaka lahir prapteng patineTansah gumantung sapepadhane

Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Kudu lila legawa Sepi ing pamrih rame ing gawe

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 13

Page 14: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Iku semboyaneMempeng makarya kiwakna pepulihMurih salwiring gatiTiti tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan linakwanKanthi seneng ulat padhang tan nggresulaUrun bau suku, penggalihan, apadene redanaKanthi dhasar karukunanMahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja

(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)

1. Kodrate manungsa iku kepriye?a. Bisa urip dhewe, ora gumantung wong liyab. Ora bisa urip dhewe lan tansah mbutuhake wong liyac. Saka lahir nganti mati bisa urip dhewed. Ora perlu bantuane sapa-sapa

2. Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gaweRumapakan iki kalebu .....a. Parikanb. Geguritanc. Cangkrimand. Wangsalan

3. Rumpakan Ayo Gotong Royong sing ditengenake .....a. Cacahing guru wilanganb. Runtuting swarac. Pamilihing tembung kang mentesd. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

4. Rumpakan ayo Gotong Royong kalebu .....a. Tembang campursarib. Tembang dolananc. Tembang macapatd. Geguritan

5. Mula, urip gotong royong kang pinatri ing telenging nalaTindakna ywa nganti kepeksa Tembung nala, dasanamane......a. Ludira, rahb. Angga, badan, salirac. Ati, wardaya, kalbud. Netra, paningal, soca

6. Sepi ing pamrih rame ing gawe, nduweni teges ....a. Sakabehing gegayuhan mbutuhake wragadb. Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep sembulihc. Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisaa oleh pituwaskang gedhed. Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan sedyane

7. Kang bisa disumbangake ana ing gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Dhuwitb. Tenagac. Panganan lan inumand. Semangat

8. Kang dadi dhasar gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Lila legawab. Karukunanc. Rasa handarbeni

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 14

Page 15: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

d. Pangkat lan drajad9. Sing dikarepake gotong royong yaiku ....

a. Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dunungeb. Nyambut gawe bebarengan tanpa opahanc. Nyambut gawe bebarengan kanthi oleh opah kang murwatd. Nyambut gawe ngresiki dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane

10. Tembung kang tegese meh padha karo gotong royong, kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Reresik dalanb. Gugur gunungc. Kerja baktid. Usung-usung lumbung

11. Gugur gunung iku mujudake pengamalan Pancasila kang kaping ....a. Sijib. Loroc. Telud. Lima

12. Gugur gunung pinangka salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan.Tembung tradisi nduweni teges .....a. Kuna b. Lawasc. Turun temurund. Tinggalan

13. Tembung gotong royong, menawa ditulis Jawa ....a. gt=ry=b. [go[toz\[ro[yoz\c. [go[t=o[ro[y=od. [go[t=oz[ro[yoz\

14. Kudu lila legawa, yen ditulis Jawa ....a. kufulilXgwb. kufulillegwc. kudulil[lgwd. kudulillegw

15. Nemoni kabegjan utawa nampa kanugrahan saka Gusti Allah, bebasane.....a. Ngontragake gunungb. Karubuhan gunungc. Kajugrugan gunung menyand. Katepang ngrangsang gunung

16. Sesawangan iku yen sinawang saka kadohan nengsemake, bareng dicedhaki njuwarehi. Sesawangan kang mangkono iku bebasane ….a. Watu gunungb. Sri gunungc. Tunggang gunungd. Gunung geni

17. Lho kok njanur gunung kadingaren esuk-esuk kok wis tekan kene!Tembung njanur gunung, kadingaren karepe ......a. Kadingarenb. Aren c. Blarak d. Degan

18. Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….a. Munggah mudhune swarab. Dawa cendhake tetembunganc. Gedhe cilice ukarad. Rasa pangrasane pocapan

19. Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….a. Tingkah laku nalika arep maca geguritanb. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 15

Page 16: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

c. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritand. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan

20. Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….a. Kanggo mbedakake apik lan orane geguritanb. Kanggo nambahi greget anggone maca geguritanc. Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca d. Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu

Wacan 2

Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abangTrontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagadEmbun esuk lir mutyara rinonceAngawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langitKapyarsi dara muluk angaluk-alukceluk warga desa PunthukMurih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithiLumampah datan ana pedhotePacul, arit, dhandhang, linggisWus samekta ing astaGya makarya saiyeg saekaprayaSengkut gumregut tumandang kardiNambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad wajaLinambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,Holobis kuntul barisPakaryan abot lan nglengkaraDadya nyataSetu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)21. Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..

a. geguritanb. tembang macapatc. tembang dolanand. tembang campursari

22. Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?a. Langit abangb. Srengenge kang njedhulc. Embun esuk d. Swara dara muluk

23. Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….a. rembulanb. suryac. angind. gunung

24. Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.Sing dikarepake dara muluk yaiku ….

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 16

Page 17: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

a. Swara dara mbekurb. Swara sawangan manuk darac. Swara kenthongan d. Swara ngeploki dara

25. Nambak nambal setu banda kang ambrolAteges masarakat padha gotong royong ndandani …..a. Kretegb. Dalanc. Kalen irigasid. Bendungan

26. Selur andalidir lir sela blekithi. Tegese …a. Kaya wong nggiring bebekb. Kaya tentara barisc. Kaya wayang dijejer-jejerd. Kaya semut mlaku ing dhuwur watu

27. Sing digawa dening para warga kang arep gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Sapub. Aritc. Paculd. Dhandhang

28. ?kufulilXgw,[aorkepekS.

Unine tulisan Jawa kasebut .....

a. Kudu lila legawa, ora kepeksa.b. Kudu lila lan legawa, aja kepeksa.c. Kudu lila legawa, aja nganti kepeksa.d. Kudu lila lan legawa, ora kena kepeksa.

29. Karukunan iku bakal nambahi kekuwatan, dene yen padudon njalari karusakan, kaya unine paribasan …..a. Tuna satak bathi sanakb. Obah ngarep kobet buric. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrahd. Saiyeg saeka kapti

30. Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..a. Jer basuki mawa beyab. Tangan kumrembyah suku jumangkahc. Sepi ing pamrih rame ing gawed. Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondheli

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 17

Page 18: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

WULANGAN 2GOTONG ROYONG ING SEKOLAHAN

I. Nyemak

Kompetensi Dasar :1.2 Menanggapi tembang macapat tentang tradisi gotong royong

di lingkungan Sekolah

A. Indikator :B. M

ateri

Pokok

1. Tembang Pocung iki ayo padha ditembangake kanthi titi laras sing bener!

POCUNG PASEBAN Slendro. Pathet Sanga .

2 2 2 2 . 6 6 6 1 . 5 5 3 2 0E – suk i – ku pa – ra sis – wa pa – dha ngum – pul, .6 1. 5 2 1 6. . 0A – neng nga – rep ke – las ,

6. 1 1 1 . 6. 6. 5. 5. . 0Dha – wuh gu – ru kang den an – ti,

5 6. 1 2 . 1 1 6. 5. 6. 1 2 1 . 0Gu – ru dha – wuh pa – ra sis – wa nam – but kar – ya.

POCUNG

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 18

1. Melagukan tembang macapat secara bersama-sama sesuai titilaras dengan percaya diri

2. Mengartikan kata-kata penting dalam syair tembang macapat dengan tepat3. Menjawab pertanyaan isi tembang dengan santun4. Menuliskan isi tembang macapat dalam santun bahasa Jawa karma5. Mengidentifikasi struktur metrum tembang dengan tepat

Page 19: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

1. Esuk iku para siswa padha ngumpul, Aneng ngarep kelas, Dhawuh guru kang den anti, Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2. Para murid wis nyawiske arit sapu, Gathul pacul seblak Kinarya aresik-resik, Kanggo mahargya pengetan kamardikan

3. Siswa putri sami sengkut nggenya nyapu, Miwah tata tata Nata meja lawan kursi, Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.

4. Siswa kakung nyekel pacul miwah gathul, Ngatur taman kelas,

Babad-babad rumput teki, Nandur kembang ngrengga kelas sampun purna.

(Pak Jarno, Sleman 20 Januari 2010)

2. Tembung-tembung iki terangna tegese!den anti =nambut karya =kinarya =mahargya =sengkud =nggenya =kinclong =gilar-gilar =ngrengga =purna =

3. Wangsulana pitakonan iki!

a. Tembang Pocung ing ndhuwur mau ana pirang pada?b. Etungen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!c. Apa temane tembang Pocung ing ndhuwur iku?d. Kena apa para siswa padha ngumpul ing ngarep kelas?e. Apa dhawuhe guru?f. Kanggo apa murid-murid padha reresik kelas?g. Apa sing ditindakake dening siswa putri?h. Kepriye kahane kelas?i. Apa sing ditindakake siswa kakung?j. Manut panemune siswa kerja bakti ing sekolahan apa isih perlu ditindakake? Sebab ing

sekolahan wis ana Pak Tukang Kebon (Pak Bon) sing pakaryane resik-resik, terangna alesanmu!

4. Critakna isine tembang Pocung kasebut nganggo basamu dhewe5. Temtokna guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!6. Piwulang luhur apa wae sing bisa dijupuk ana ing cakepan tembang Pocung ndhuwur iku?

II. MicaraKompetensi Dasar :

2.2 Bercerita pengalaman bergotong royong di lingkungan sekolah

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 19

Page 20: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

sesuai dengan unggah-ungguh dalam bentuk pembacaaan geguritan.

A. Indikator :

a. Mengamati objek dan mendata objek yang akan dibuat geguritan dengan cermatb. Mendeskripsikan objek dalam larik-larik yang bersifat puitis dengan tepatc. Menulis geguritan dengan memperhatikan unsur persajakand. Membacakan geguritan karya sendiri dengan kreatif dan percaya diri

B. Materi Pembelajaran

1. Mendata obyek yang akan disajikan bahan menulis geguritan2. Mendiskripsikan objek dalam larik – larik yang bersifat puitis3. Menulis geguritan

Coba wacan gancaran iki ringkesen banjur rumpakanen dadi geguritan!

Gotong Royong Ngrengga Kelas

Gesang kita ing alam merdika menika, nuwuhaken kabetahan warni-warni. Griya sehat, badan sehat, kulawarga sehat sami dipunudi sagedipun kaleksanan. Ketrampilan ngrengga papan-papan, sekolahan-sekolahan, kantor-kantor sami dipunudi murih tansah sae lan ngresepaken.

Ing sekolahan-sekolahan murid-murid sami dipunperdi amrih kelas-kelasipun tansah tumata sae. Tata rakiting meja, dhingklik, meja guru, lemantun lan rak kados dene pakulinan dipuntata saben dinten. Rerenggan ingkang wonten ing tembok, pasren sekar ing meja guru tansah kajagi dening para siswa ingkang piket ing saben dintenipun murih tetep ngresepaken. Para siswa kelas VII kedah trampil nata lan ngrengga kelasipun piyambak kanthi cara gotong royong .

Yen pinuju dinten ageng Nasional kadosta Hardhiknas lan HUT Proklamasi Kamardikan, para siswa sami sengkut ngrengga kelas saha reresik ing sakiwa tengenipun kelas. Para siswa sami apal menapa ingkang kedah dipuncawisaken lan dipuntandangi. Biasanipun Bapak Ibu Guru sampun paring dhawuh supados para siswa saking griya mbekta alat-alat reresik, kadosta: sapu, arit, gathul, kain lap, ember, taneman pasren lan sanes-sanesipun. Sedaya wau murih pakaryan gotong royong ngrengga kelas saged lumampah kanthi sae, lan asil ingkang maremaken. Menawi kinten-kinten sampun rampung. Bapak Ibu Guru sami kliling naliti priksa lan paring bombongan. Para siswa rumaos remen amargi dipungatosaken.

Dumugi wancinipun upacara pengetan, para siswa sami nampi biyawara, kelas pinten ingkang nomer satunggal, nomer kalih lan sapiturutipun. Bebingah saged arupi pirantos sinau kadosta: buku, potlot, bolpoint ingkang cacahipun sami kaliyan gunggungipun siswa ing kelas, saengga saged dipuntampi siswa kanthi warata.

III. Maca

Kompetensi Dasar :2.3 Menanggapi tradisi gotongroyong di lingkungan sekolah

dalam bentuk pembacaan geguritan

A. Indikator :

1. Membaca geguritan dengan teknik yang tepat dengan penuh percaya diri2. Mengartikan kata-kata dalam geguritan dengan tepat 3. Menjelaskan isi geguritan dalam santun bahasa krama lugu

B. Materi Pembelajaran1. Wacanen geguritan iki kanthi pathokan 4 W: Wicara, wirama, wiraga lan wirasa kang

trep karo isine geguritan!

Holobis Kuntul BarisDening : Pak Jarno

Rowang,

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 20

Page 21: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Aja pijer lungguh jegang sangga uwangNyawang kadang kang sengkut tumandangAja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhirMundur mungkur gangsirAyo disengkud tumandang !Mbabati kang rungkud, dimen padhang

Sawangen kae!Si Sumbul othal-athul namakake gathulDhik Atak giyak-giyak nyekel seblakMas Adul gombal-gambul ngangkat paculMbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake aritRak ora ana sing nganggur ta?

Kanca,Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelara

Holobis kuntul barisMakarya kinanthen ikhlasing nalaUlat padhang awak sayah datan rinasaUsung-usung lumbung rampungKelas resik lingkungan sehat

Holobis kuntul baris = salah ucap, benere : Don Lopis du Paris, jenenge kapten Walanda bangsa Prancis. Panjenengane dhawuh marang kawulane supaya nalika padha nyambut gawe kanthi ngucap asmane saksero-serone (ukara sesanti sayuk rukun tumandang gawe)

2. Terangna tegese tembung-tembung iki!a.Holobis kuntul barisb. Rowangc.Sangga uwangd. Mandhore.Mundur mungkur gangsirf. Rungkudg. Papan kiwah. Nyenyepet netrai. Makarya kinanthen iklasing nalaj. Usung-usung lumbung

3. Critakna isine geguritan ing ndhuwur nganggo basamu dhewe!

Kompetensi Dasar :3.2 Membaca geguritan tradisi gotong royong di lingkungan sekolah

A. Indikator :1. Membaca kreatif geguritan dengan teknik pelafalan, volume intonasi dan ekspresi yang baik dengan

penuh percaya diri 2. Membuat paraphrase geguritan dalam santun bahasa Jawa krama lugu3. Menemukan pesan moral dalam geguritan dengan tepat

B. Materi Pembelajaran1. Lomba maca geguritan

Miliha geguritan ing ngisor iki, nuli wacanen kanthi : Wicara, Wirama, Wiraga, lan Wirasa kang trep! Dene kanca liyane mbiji

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 21

Page 22: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

RUKUN AGAWE SANTOSA Dening : R. Tantiningsih

Kadangku……Donya iki dudu duwekkuDonya iki dudu duwekmuMulaAja rebutan panguwasaAja rebutan bebener

Kadangku………Elinga,Aku lan kowe ora bisa urip ijenAku lan kowe kudu urip bebarenganSayuk rukunGotong royongBahu binahu

Adohna rasa drengke sreiJail methakilGedhekna rasa tepa sliraUrip bakal tentrem ayem

(W Pramono,s,Blog)

1. Ngggancarake/paraphrase geguritanDonya menika sanes gadhahan kula lan panjenengan pramila sampun ngantos rebatan panguawaos lan bebener. Awakipun piyambak kedah enget bilih boten saged gesang piyambak, kita kedah gesang sesarengan kanthi sayuk rukun, gotong royong lan Bantu binantu. Kita kedah nebihaken raos drengki srei jail methakil lan nengenaken tepa slira murih gesang saged tentrem ayem.

2. Piwulang luhur geguritana. Urip ing alam donya iki aja padha tukar padu rebutan benere dhewe-dheweb. Tengena urip gotong royong, sayuk rukun lan Bantu binantu, sebab awake dhewe tansah

mbutuhake wong liya, ora bisa urip ijenc. Murih urip bisa tentrem ayem kudu ngedohi drengki srei jail methakil lan nggedhekake

rasa tepa slira

Holobis Kuntul BarisDening : Pak Jarno

Rowang, Aja pijer lungguh jegang sangga uwangNyawang kadang kang sengkut tumandangAja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhirMundur mungkur gangsirAyo disengkud tumandang !Mbabati kang rungkud, dimen padhang

Sawangen kae!Si Sumbul othal-athul namakake gathulDhik Atak giyak-giyak nyekel seblakMas Adul gombal-gambul ngangkat paculMbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake arit

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 22

Page 23: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Rak ora ana sing nganggur ta?

Kanca,Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelara

Holobis kuntul barisMakarya kinanthen ikhlasing nalaUlat padhang awak sayah datan rinasaUsung-usung lumbung rampungKelas resik lingkungan sehat

KERUKUNANDening : Dunardi KS

Kerukunan iku kaya unine siterSenajan saka senar kang beda-bedaNuwuhake endahe wiramaYen kabeh yaga kudu nyuwaraTanpa genti-genten menehi kalodhangan liyanOra bakal nuwuhake laguKang kepenak dirungu

Kerukunan iku kaya kartika ing akasaNduweni papan kang mardikaKerukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraNgayahi jejibahan kang ora padhaKerukunan iku kaya driji-driji tangan limaYen salah sawiji sulayaOra bakal nduweni daya

Kerukunan iku kaya hawaKang tansah mlebu metu bolongan granaTanpa ngawistara (Djarot Heru Santosa, 2008 : 2 -3)

Kompetensi Dasar4.1 Menulis cerita atau pengalaman bergotong royong di lingkungan

sekolah dalam bentuk geguritan

A. Indikator :

1. Mengamati objek dan mendata objek yang akan dibuat geguritan dengan cermat2. Mendeskripsikan objek dalam larik-larik yang bersifat puitis dengan tepat3. Menulis geguritan dengan memperhatikan unsur diksi dan rima yang menarik untuk

menyampaikan maksud/ide

B. Materi Pembelajaran

1. Mendata obyek yang akan disajikan bahan menulis geguritan2. Mendiskripsikan objek dalam larik – larik yang bersifat puitis3. Menulis geguritan

1. Gawea geguritan kegiatan gotong royong ing sekolahan adhedhasar gambar ing ngisor iki!

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 23

Page 24: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

1 2

3 4

GLADHEN UJI KOMPETENSI 2ULANGAN HARIAN 2

Wacan 1Kanggo mangsuli soal nomer 1 tekan nomer 10

Pocung

1. Esuk iku para siswa padha ngumpul, Aneng ngarep kelas, Dhawuh guru kang den anti, Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2. Para murid wis nyawiske arit sapu, Gathul pacul seblak Kinarya aresik-resik, Kanggo mahargya pengetan kamardikan

3. Siswa putri sami sengkut nggenya nyapu, Miwah tata tata Nata meja lawan kursi, Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.

4. Siswa kakung nyekel pacul miwah gathul, Ngatur taman kelas, Babad-babad rumput teki, Nandur kembang ngrengga kelas sampun purna.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 24

Page 25: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

(Pak Jarno, Sleman 20 Januari 2010)

1. Tembang Pocung iku kalebu golongane ….a. Tembang macapat b. Tembang dolananc. Tembang campursari d. Geguritan gagrag lawas

2. Tembang Pocung ing ndhuwur ana 4 (patang) ….a. Gatra b. Tembungc. Pada d. Paragraf

3. Saben satembangan tembang Pocung ing dhuwur ana 4 (patang) .....a. Gatrab. Padac. Guru wilangand. Guru lagu

4. Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….a. Kanggo mengeti dina kamardikanb. Kanggo ngramekake dina kamardikanc. Kanggo mahargya dina kamardikand. Kanggo memetri dina kamardikan

5. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….a. Larik 1 lan 2 b. Larik 3 lan 4c. Larik 2 lan 4 d. Larik 1 lan 46. Tibaning swara vocal : a, i, u, e , o ana ing pungkasan larik tembang diarani ….

a. Guru gatra b. Guru laguc. Guru wilangan d. Guru swara

7. Apa dhawuhe guru marang para siswa?a. Para siswa didhawuhi nyambut gaweb. Para siswa didhawuhi sregep sinauc. Para siswa didhawuhi nggawa piranti kerja baktid. Para siswa didhawuhi reresik dalan

8. Apa sing ditindakake siswa putri?a. Ngatur taman kelasb. Reresik kelasc. Ndandani meja lan kursid. Nyapu dalan

9. Sing ditindakake siswa kakung kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Ngatur taman kelasb. Mbabati suketc. Nandur kembangd. Ngatur meja lan kursi

10. Nata meja lawan kursi Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.Tembung gilar-gilar, nduweni teges .......a. Padhang jingglang

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 25

Page 26: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

b. Katon resik lan padhangc. Resik bangetd. Resik lan sehat

Wacan 2

Kanggo nggarap soal nomer 11 tekan 20

Holobis Kuntul BarisDening : Pak Jarno

Rowang,Aja pijer lungguh jegang sangga uwangNyawang kadang kang sengkut tumandangAja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhirMundur mungkur gangsirAyo disengkud tumandang !Mbabati kang rungkud, dimen padhang

Sawangen kae!Si Sumbul othal-athul namakake gathulDhik Atak giyak-giyak nyekel seblakMas Adul gombal-gambul ngangkat paculMbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake aritRak ora ana sing nganggur ta?

Kanca,Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelara

Holobis kuntul barisMakarya kinanthen ikhlasing nalaUlat padhang awak sayah datan rinasaUsung-usung lumbung rampungKelas resik lingkungan sehat

11. Rumpakan “Holobis Kuntul Baris” iku kalebu ....a. Tembang macapatb. Tembang dolananc. Tembang campursarid. Geguritan

12. Tembung Holobis Kuntul Baris, iku satemene jeneng .....a. Jeneng pangananb. Jeneng kuthac. Jeneng uwongd. Jeneng bangunan

13. Aja mung dadi mandhorTudang-tuding mondhar-mandhir

Mundur mungkur gangsir

Tembung : mandhor, mondhar-mandhir, mundur ing rumpakan iki migunakake purwakanthi ....a. Guru swarab. Guru sastrac. Lumaksitad. Guru lagu

14. Sing padha gotong royong ana ing rumpakan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba ....

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 26

Page 27: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

a. Mas Galihb. Dhik Atakc. Mas Aduld. Mbak Anggit

15. Piranti sing padha digawa kanggo kerja bakti kaya ing ngisor iki, .....a. Paculb. Emberc. Aritd. Gathul

16. Aja pating slebar nyenyepet netraMundhak dadi susuhing lelaraDasanamane tembung netra, yaiku ....a. Mripat, soca, paningalb. Mustaka, mripat, rikmac. Wadana, pasuryan, mripatd. Karna, talingan, paningal

17. Coba uwuh lan plastik kuwi jupukanaKumpulna lan buwangen ing papan kiwaAna ing paramasastra ukara iki kalebu ukara ....a. Pakonb. Pitakonc. Pangajakd. Pamenging

18. Kumpulna lan buwangen ing papan kiwaTegese papan kiwa ....a. Papan ing sisih kiwab. Papan sing kerep diambahc. Papan sing arang-arang diambahd. Papan pembuangan sampah

19. Sing kalebu ukara sesanti gotong royong saliyane Holobis Kuntul Baris, kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Sepi ing pamrih rame ing gaweb. Saiyeg saekaprayac. Rukun agawe santosad. Rawe-rawe rantas malang-malang putung

20. Nindakake gotong royong iku kudu dikantheni ati sing kepriye?a. Lila legawa b. Kepeksac. Kebak ing pamrihd. Ulat padhang

Wacan 3

Kanggo mangsuli pitakon nomer 21 tekan 25

RUKUN AGAWE SANTOSA Dening : R. Tantiningsih

Kadangku……Donya iki dudu duwekkuDonya iki dudu duwekmuMulaAja rebutan panguwasaAja rebutan bebener

Kadangku………Elinga,Aku lan kowe ora bisa urip ijenAku lan kowe kudu urip bebarenganSayuk rukun

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 27

Page 28: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Gotong royongBahu binahu

Adohna rasa drengke sreiJail methakilGedhekna rasa tepa saliraUrip bakal tentrem ayem

(W Pramono,s,Blog)

21. Rukun agawe Santosa, nduweni teges .....a. Manawa urip rukun bakal mahanani kekuwatanb. Kekuwatan iku kudu dikantheni urip sing rukunc. Karukunan lan kekuwatan bakal nuwuhake katentremand. Katentreman lan karukunan iku ndadekake masyarakat urip mulya

22. Guritan ing pada siji isi piwulang .....a. Aja rebutan panguwasa lan golek benere dheweb. Wong urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewec. Tansah nengenake gotong royong lan bantu binatud. Kudu ngedohake jail methakil lan drengki srei

23. Guritan ing pada loro isi piwulang kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Awake dhewe urip ing alam donya iki ora bisa urip dheweb. Awake dhewe urip ing alam donya iki kudu urip bebarenganc. Tansah nengenake sayuk rukun, gotong royong lan bantu-binantud. Awake dhewe bisa urip dhewe sauger padha gotong royong lan sayuk rukun

24. Adohna rasa drengke sreiJail methakilSing dikarepake watak jail methakil yaiku .....a. Ora seneng marang kabegjane wong liyab. Apa-apa kudu menangc. Atine ala lan seneng maeka liyand. Seneng ngapusi

25. ?ge[dkNrstepsLir.Unine tulisan Jawa kasebut .....a. Gedhekna tepa salira.b. Gedhekna rasa tepa slira.c. Gedhekna rasa tepa salira.d. Gedhene rasa tepa salira.

Wacan 3

Kerukunan iku kaya kartika ing akasaNduweni papan kang mardikaKerukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraNgayahi jejibahan kang ora padhaKerukunan iku kaya driji-driji tangan limaYen salah sawiji sulayaOra bakal nduweni daya

26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Driji limab. Rembulanc. Srengenged. Langit

27. Tembung kang nduweni teges lintang ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....a. Kartikab. Akasac. Mardika

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 28

Page 29: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

d. Bagaskara28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara

Dasanamane bagaskara yaiku ....a. Surya, candra, kartika, srengengeb. Surya, sitaresmi, akasa, srengengec. Surya, raditya, rawi, srengenged. Pertiwi, buwana, candra, srengenge

29. Rembulan , yen ditulis Jawa .....a. remB|lnb. remB|lNc. remB|ln\d. xmB|ln\

30. ?krukunNnHikukyf]ijilim.Unine tulisan Jawa iku .....

a. Karukunan iku kaya driji lima.b. Karukunan iku kaya driji-driji lelima.c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 29

Page 30: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

WULANGAN 3PARIKAN

Kompetensi Dasar : 1.3 Menanggapi parikan

A. Indikator :

B. Materi

Pokok1. Parikan ngisor iki apa karepe?

Lagu Kecik KecikKecik-kecik ditumpakna sepurSawo kecik ya dironce-ronceSapa pengin urip subur makmurAyo bebarengan padha sregep nyambut gaweOing numpak andhong sakdhokareOing gotong royong ro kancane

(Suwardi, 2008:173) 2 . Bentuk-bentuk parikan

a. Parikan ringkes/ Karmina (4 wanda + 4 wanda) X 21) Abang abang, ora legi,

Wani nantang ora wani.

2) Anak dara jare piyik, Seneng nangga ora becik.

b. Parikan kang dhinapur rong gatra ( 4 wanda + 8 wanda) X 21) Kembang dhondhong, tinandur tepining gedhong.

Sugih omong, pratandha kawruhe kopong.

2) Kembang anggrek, rumambat tepining bethek. Nganti tuwek, ngelmu iku ora entek.

c. Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 21) Bang-abang jambu dersana, Dersana kecut rasane.

Eman-eman yen sembrana, keduwung tembe burine.

2) Godhong nangka godhong jati, kumleyang tiba neng sumur. Dipadha mempeng ing kardi, negarane dimen makmur.

d. Parikan kang kadadean saka ( 8 wanda X 4)1) Godhong krambil jare blarak,

Dikekrekki dadi sada, Sapa wonge murang sarak, Tembe uripe sengsara.

2) Witing klapa jare glugu, Cilike arane cikal, Dituturi kudu nggugu, Dimen pinter sugih akal.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 30

6. Mengartikan parikan dengan tepat7. Melengkapi kalimat parikan dengan tepat8. Mengidentifikasi ciri-ciri parikan dengan tepat

Page 31: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

3) Wis suwe ora jejamu,Jamu pisan godhong sirsat,Wis suwe ora ketemu,Temu pisan ana Putat.

e. Parikan kang kadadean saka (9 wanda X 4)

a. Kutha Sala dalame rame,Sriwedari tengah prenahe,

Aku gela amarga kowe, Angger janji arang nyatane.

f. Parikan bebas (nyebal saka 1 – 4)1) Ngetan bali ngulon,

Tuwas ngedan ora klakon.

2) Menyang kali memeta cethul, Garan pancing bisa mentul-mentul, Paling mirasa rasane thiwul,

Mundhuta neng Gunungkidul.3) Walang kekek walange kadung,

Walang kadung mencok neng kara, Wong wis tuwek kok saya ndlarung, Yen wis kadhung dikapakena.

4) Suwe ora jamu, Jamu godhong tela, Suwe ra ketemu, Ketemu pisan neng kutha Sala.

3. Paugerane parikan a. Parikan mono sing baku runtuting swara utawa purwakanthi guru swarab. Kadadean saka rong ukara, saben saukara kedadean saka rong gatrac. Ana sampiran/purwaka kanggo narik kawigaten lan isine utawa wose sing arep

dikandhakaked. Isine parikan werna-werna: ana kang isi piwulang, sindhiran, prenesan lan

sapanunggalane.

4. Purwakanthi Purwakanthi bisa ditegesi runtuting swara. Swara kang runtut kadadean saka vokal, konsonan, lan tembunge. Adhedhasar karuntutaning swara , purwakanthi kabedakake dadi telu, yaiku :a. Purwakanthi guru swara : runtuting swara vokal

Tuladha : Sapa jujur bakal mujur (vokal u) Gemi setiti ngati-ati (vokal i) Bodho longa-longo kaya kebo (vokal o)

b. Purwakanthi guru sastra : runtuting swara konsonanTuladha : Katula-tula katali (konsonan t – l ) Titi tamat telasing tulis ( konsonan t – l) Sapa goroh bakal growah (konsonan g – r)

c. Purwakanthi guru basa utawa lumaksita : runtuting tembungTuladha : Kolik priya, priyagung Anjani putra (priya)Bayem harda, hardane ngrasuk busa (harda)

Kadangku……Donya iki dudu duwekkuDonya iki dudu duwekmuMulaAja rebutan panguwasaAja rebutan bebener

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 31

Page 32: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

5. Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa

Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

6. GladhenParikan ngisor iki rampungna!

1. Kopi bubuk, tanpa gula.Seneng ngamuk, …….

2. Godhong waru, bolong pinggir.Ngguya-ngguyu, …….

3. Jaran kepang, mangan pari.Klambi abang, …….

4. Ana blarak, disampirakeomahe cedhak, …….

5. Pring ori, dienggo sulingan.Cegat mburi, ……

6. Alah jagung, bakarane.Wani tanggung, ……

7. Jarik kawung, diwiru-wiru.Atine ……., ra bisa ……..

8. Manuk emprit, nucuk pari.Dadi ……., sing …….

9. Jemek-jemek, gulane Jawa.Aja ……., karo …….

10. Manuk tuhu, mencok pager.Yen ……, mesthi …….

Kompetensi Dasar :2.5 Mengungkapkan dan menanggapi parikan

A. Indikator :1. Membawakan teks pacelathon yang berisi parikan dengan intonasi dan ekspresi baik sesuai

konteksnya dengan penuh percaya diri2. Mengidentifikasi parikan dan cangkriman dalam teks pacelathon dengan cermat3. Menanggapi isi parikan dan cangkriman yang ada dalam teks pacelathon dengan tepat

B. Materi PembelajaranLelagon Teronge

Teronge bunder-bunder, bocah sregep dadi pinterTeronge ungu-ungu, suk yen gedhe dadi guruTeronge ijo-ijo, bocah kesed dadi bodhoTeronge dawa-dawa, bocah nrima bakal begjaTeronge gedhe-gedhe, sing gumedhe gondhol wewe

1. Pacelathon ing ngisor iki tindakna ing ngarep kelas!

Subroto : Mangga …. Mlebet, kok njanur gunung, kadingaren, kok sajake wigati

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 32

Page 33: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

banget . Pranata : Inggih …. Inggih mas. Wah suwe ora jamu, jamu pisan godhonge katu. suwe ra ketemu, ketemu pisan tambah lemu! Subroto : Dhik Pranata ki kok ngenyek lho, awak kaya ngene kok lemu.” Pranata : Lho cetha, lha wong padharane nganti …… Subroto : Wis…wis aja diteruske. Kok trus peyek diremed-remed , ngenyek

ya ngenyek ning ya aja banget-banget.! ora iki mau saka tindak ngendi, kok mung pring sunduk sate, ijen-ijenan wae? Pranata : Wah jan angger aku matur karo Mas Broto ki jan nganti jangan gori kurang toya, mesthi digawe judheg. Lha ora judheg kepriye angger ngendika mesthi parikan lan wangsalane metu kabeh!”

Subroto : Ya nek judheg ndhodhog ta dhik! Pranata : Ngene mas, aku rak oleh wadule anakku jare neng Pasar Piyungan

jam sepuluh mau ana gegeran, mangka ibune bocah-bocah rak dodolan neng kana , lha aku rak ya kuwatir karo keslametane ibune bocah-bocah ta mas! Subroto : Gegeran apa ta Dhik? Pranata : Jarene yen dodolan neng Pasar Piyungan ki ora oleh polisi. Lha trus nek ora oleh polisi, trus arep nyambut gawe apa? Subroto : Lha iya bener ta, yen dodolan kuwi ya ora oleh polisi nanging oleh Dhuwit!

Pranata : Karepe Mas Broto piye? Subroto : We lha meksa durung mudheng!” Nek wong bakulan, utawa dodolan kuwi tujuane rak golek dhuwit ta?, ora golek polisi utawa tukang parkir !

Pranata : Woooo, dadi mung basa blenderan ta kuwi mau?” Yen mung kaya ngono wae malah ana sing luwih medeni Mas!

Subroto : Iya, bakule kambil dikepruki, bakule sate disunduki! Pranata : Trus bakale cina digantungi ! Subroto : Piye wis ra bingung maneh ta?” Tuwas abang-abang kembang sepatu, mampang-mampang jebul kleru! Pranata : Karepku yen duwe kanca polisi kuwi menawa ana apa-apa rak ya bisa ngentheng- ngenthengi, ta Mas? Ya, yen ngono kupat janure tuwa mas, yen lepat nyuwun pangapura! Subroto : Semono uga aku dhik, kupat kecemplung santen yen lepat nyuwun pangapunten. Yen ora ana kedadean seling surup ngene iki dak kira Dhik Pranata ora kersa tindak mrene!

(Pak Jarno: 11 Maret 2010)

2. Golekana kang kalebu cangkriman ana ing teks pacelathon ing ndhuwur3. Golekana batangane cangkriman mau!4. Golekana Parikan kang ana ing pacelathon !5. Apa karepe i parikan kang ana ing pacelathon mau?

Kompetensi Dasar :3.3 Membaca dan menanggapi parikan beraksara Jawa

A. Indikator :

1. Membaca parikan beraksara Jawa dengan tepat2. Melatinkan parikan beraksara Jawa sesuai dengan tata tulis EYD dengan cermat dan tepat 3. Menjelaskan nilai budi pekerti parikan dalam santun bahasa Jawa krama

B. Materi Pembelajaran

SUWE ORA JAMU Pelog Pathet Nem

Suwe ora jamu, jamu godhong kencur.Suwe ra ketemu, ketemu pisan maju mundur.

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 33

Page 34: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Suwe ora jamu, jamu godhong tela.Suwe ora ketemu, ketemu pisan atine gela.

Suwe ora jamu, jamu godhong bayem.Suwe ora ketemu, ketemu pisan atine ayem.

1. Wacanen parikan mawa aksara Jawa iki!

1. ?[aomh ge[d=o,a[khlw[n. [go[t=o[ro[y=o,k[bhw/g[n.

2. ?tukuarit\[n=[wo[nosri. ffimurif\si=tberi.

3. ?anauyh,fig[wjmu. chse[kolh,kufusinau.

4. ?guljw,firubu=lX/. ffisisW,kufupinTe/.

5. ?ankFr,j[rpiyik\, sen_n=g,[aorbecik\,

6. ?su[w[aorjmu,jmu[go[do=[tl. su[wrketemu,ketemupis[nN=kuqsl.

7. ?ankPitikJ[rkuquk\, aisihcilik\jaumuk\,

8. ?angul,ansemut\, prsisWkufumnut\,

9. ?aulsw,mznTikus\, prsisW,kufubesus\,

10. ?[kokituwsksemr=,tukuapemFisuwi/suwi/. akuaiy[ko[w[kokGem=,vtgeXmH[yofipiki/.

2. Parikan mawa aksara ing ndhuwur gantinen aksara Latin kang bener manut tatanan EYD!3. Parikan ing ngisor iki gantinen nganggo aksara Jawa!

PARIKAN GOTONG ROYONG (Pak Jarno)

1. Ana keyong, digawe sate.Gotong royong, nyambut gawe.

2. Ana lutung, rebutan mete.Lung-tinulung, karo kancane.

3. Uwit klengkeng, mangklung pereng.Dieyeng-eyeng, dimen entheng.

4. gepeng-gepeng, dudu sale.Dieyeng-eyeng, enggal rampunge.

5. Omah gedhong, akeh lawane.Gotong-royong, kabeh wargane.

6. Nandur terong, neng pinggir sumur.Gotong-royong, kareben makmur.

7. Tuku jagung, saklobote.Gugur gunung, mbangun desane.

8. Mangan sukun, dicampur tape.Guyup rukun, karo tanggane.

Kompetensi Dasar :6.4 Menulis parikan

A. Indikator :1. Menulis kreatif parikan sederhana secara mandiri dengan aksara Latin dengan benar2. Menulis parikan dalam aksara Jawa dengan tepat

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 34

Page 35: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

B. Materi Pembelajaran1. Gawea cakepan (syair) lagu Suwe Ora Jamu kreasimu dhewe, nuli tembangna kanthi becik2. Cakepan lagu Suwe ora Jamu kreasimu mau tulisen nganggo aksara Jawa!3. Gawea kreasi cakepan (syair) lagu Turi Putih kang isi parikan, nuli tembangna kanthi becik!4. Cakepan lagu Turi Putih kreasimu mau tulisen nganggo aksara Jawa!5. Gawea parikan bebas manut kreasimu!

Tuladha1. Suwe Ora Jamu (Cakepan : Pak Jarno) Suwe ora jamu, jamu godhong lembong.Ayo dha bersatu, nindakake gotong royong.

Suwe ora jamu, jamu godhong kecubung.Ayo dha bersatu, nindakake gugur gunung

Suwe ora jamu, jamu pisan godhonge mbayung.Ayo dha bersatu, nyambut gawe lung-tinulung

Suwe ora jamu, jamu pisan godhonge klengkeng.Ayo dha bersatu, nyambut gawe dieyeng-eyeng

Suwe ora jamu, jamu pisan godhong mlandhingan.Ayo dha bersatu, nyambut gawe bebarengan.

2. Kembang-kembang terongMbang terong megare soreAyo gotong royongGotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembongMbang lembong dironce-roceAyo gotong royongGuyup rukun kabeh wargane

3. Suket ganggeng urip ing kaliSuket teki ditandur ing sawahDatan langgeng urip ing donya ikiMring sesami aja sawiyah-wiyah. (Djaka Lodhang No. 36, 6 Pebruari 2010)

4. Wit jati diuntir-untirWit trembesi dipuntir-puntirNalika janji tanpa dipikirBareng ditagih lha kok mungkir.

(Djaka Lodhang No. 33, 16 Januari 2010)

GLADHEN UJI KOMPETENSI 3ULANGAN HARIAN 3

1. Ana keyong, digawe sate. Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….

a. Geguritan gagrag lawas b. Tembang Pocung

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 35

Page 36: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

c. Parikan d. Cangkriman

2. “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing pas kanggo ukara mau yaiku ….a. Piring beling cacah pitub. Piring beling regane sewuc. Piring beling isi gulad. Piring beling pecah loro

3. Terusna parikan iki: Kupat janure tuwa, ….a. Bocah papat wis tuwa-tuwa b. Mangan kupat entek limac. Menawi lepat nyuwun pangapurad. Ana kawat kanggo pencokan ula

4. Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?a. Dara mangan pari, durung bada wis nganyarib. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberic. Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge sitid. Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang

5. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?

Dideleng saka isine parikan mau awujud ….

a. Pitakonanb. Pituturc. Pangolok-olok (ngisin-isin)d. Ngandhani

6. Jemek-jemek, gulane Jawa. Aja ……., karo ……. Ganepe parikan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba .....

a. Ngenyek, kancab. Golek , wong tuwac. Ngenyek, wong tuwad. Ngenyek, sapadha-padha

7. Suwe ora jamu, jamu godhong kencur.Suwe ra ketemu, ketemu pisan maju mundur.Parikan kasebut ngemu surasa .....a. Teteg atineb. Ragu-raguc. Seneng atined. Lara atine

8. Endi parikan kang surasane sindhiran?a. Manuk tuhu mencok pager, yen sinau mesthi pinterb. Timun sigarane, ayo mbangun negaranec. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora becikd. Dara mangan pari, durung bada wis nganyari

9. Tuladha parikan kanggo mungkasi sesorah kaya ing ngisor iki, kajaba .....a. Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapurab. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawulac. Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapuntend. Iwak sepat dimasak santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten

10. Sing dudu titikane parikan yaiku .....a. Dumadi saka rong ukara, saben saukara kedadean saka rong gatra

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 36

Page 37: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

b. Ukara kapisan pinangka sampiran, ukara kapindho pinangka isic. Kawengku ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagud. Migunakake purwakanthi guru swara

11. Godhong waru, Pating slebar.Dadi guru, Kudu sinau.Parikan kasebut kang luput ana ing tembung .....a. Warub. Slebarc. Gurud. Sinau

12. Rambut dawa, disureni.Sastra Jawa, diuri-uri.Manawa parikan kasebut mawa paugeran (4 + 4) x 2 tembung diuri-uri ing parikan kasebut kakehan sawanda, mula bisa diganti tembung sing tegese padha yaiku .....a. Edi penib. Digematenic. Dipepetrid. digoleki

13. Manuk emprit, mabur dhuwur.Dadi murid, ......Teruse parikan kasebut yaiku .....a. Kudu sregepb. Kudu manutc. Kudu mituhud. Kudu jujur

14. Bang –abang jambu dersana............................................Eman-eman yen sembranaKeduwung tembe burine.

Sampiran kang cocog kanggo gatra kapindho ......a. Yen gula regi rasaneb. Gula pasir legi rasanec. Gula pasire legi rasaned. Gulane pasir legi rasane

15. ............................................Kaduk uyah kurang legiPiwelingku mring pra mudhaNggayuha wulang utami.Ukara kang cocog kanggo gatra kapisan ......a. Gawe kolak saka klapa mudhab. Gawe kolak klapa mudhac. Gawe kolak saka pisang rajad. Kolak klapa mudha

16. Pitik blorok, netes siji.Jare kapok, malah ndadi.Parikan ing ndhuwur kedadean saka ....a. (4 wanda + 8 wanda) x 2b. (4 wanda + 4 wanda) x 2c. (5 wanda + 5 wanda) x 2d. (5 wanda + 6 wanda) x 2

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 37

Page 38: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

17. Ing ngisor iki pinangka tuladha parikan bebas, ora kawengku cacahing wanda yaiku ....

a. Suwe ora jamu, Jamu godhong tela, Suwe ra ketemu, Ketemu pisan neng kutha Sala.

b. Ana lutung, rebutan mete.Lung-tinulung, karo kancane

c. Kopi bubuk, tanpa gulaAja ngamuk, gelis tuwa.

I. Kembang dhondhong, tinandur tepining gedhong. Sugih omong, pratandha kawruhe kopong.

18. ?frmznPri .........Ganepe parikan kasebut .....

a. spluzkufublib. anbytuku[rotic. furu=bfwisZv/rid. sptukut]si

19. ?ankFr,j[rpiyik\,sen_n=g, ......Ganepe parikan kasebut .....a. ffibecik\b. mesQibecik\c. tmBhbecik\d. [aorbecik\

20. ...................................prsisWkufujuju/.Isine cecek-cecek ing gatra kapisan iku ....

a. angulrubu=semut\b. [kokituwskslc. anlwmbu/duwu/d. guljwrs[nX

LKS GLADHI BASA JAWI VII/1 Page 38

Page 39: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

GLADHEN ULANGAN TENGAH SEMESTER 1

Wacan 1

Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abangTrontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagadEmbun esuk lir mutyara rinonceAngawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langitKapyarsi dara muluk angaluk-alukceluk warga desa PunthukMurih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithiLumampah datan ana pedhotePacul, arit, dhandhang, linggisWus samekta ing astaGya makarya saiyeg saekaprayaSengkut gumregut tumandang kardiNambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen tekad wajaLinambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,Holobis kuntul barisPakaryan abot lan nglengkaraDadya nyataSetu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)

1. Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..a. geguritanb. tembang dolananc. tembang campursarid. tembang macapat

2. Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?a. Swara dara mulukb. Langit abangc. Srengenge kang njedhuld. Embun esuk

3. Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….a. suryab. anginc. gunungd. rembulan

4. Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.Sing dikarepake dara muluk yaiku ….

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 39

Page 40: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

a. Swara dara mbekurb. Swara kenthongan c. Swara ngeploki darad. Swara sawangan manuk dara

5. Nambak nambal setu banda kang ambrolAteges masarakat padha gotong royong ndandani …..a. Kretegb. Bendunganc. Daland. Kalen irigasi

6. Selur andalidir lir sela blekithi. Tembung sela tegese …a. Arang-arangb. Watuc. Lemahd. Sepi

7. Tegese sesanti “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku …a. Mempeng nyambut gawe jalaran ana opaheb. Nyambut gawe kanthi semangat lan tekunc. Mempeng nyambut gawe tanpa ngarep-arep opahd. Mempeng nyambut gawe supaya kecukupan uripe

8. Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….a. Gedhe cilike swarab. Lirih lan serone swara sarta pasemone raic. Munggah mudhune swarad. Dawa cendhake tetembungan

9. Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….a. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritanb. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritanc. Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritand. Tingkah laku nalika arep maca geguritan

10. Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….a. Kanggo mbedakake apik lan orane geguritanb. Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesuc. Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca d. Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan

Wacan 2

Pocung

1) Esuk iku para siswa padha ngumpul, Aneng ngarep kelas, Dhawuh guru kang den anti, Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2) Para murid wis nyawiske arit sapu, Gathul pacul seblak Kinarya aresik-resik, Kanggo mahargya pengetan kamardikan

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 40

Page 41: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

11. Tembang Pocung iku kalebu golongane ….a. Tembang campursari b. Tembang dolananc. Tembang macapat d. Geguritan gagrag lawas

12. Tembang Pocung ing ndhuwur ana 2 (rong) ….a. Padab. Gatra c. Guru wilangan d. Pupuh

13. Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….a. Kanggo mengeti dina kamardikanb. Kanggo mahargya dina kamardikanc. Kanggo ngramekake dina kamardikand. Kanggo memetri dina kamardikan

14. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 8i mapan ing larik ….a. Larik 3 b. Larik 2 c. Larik 1 d. Larik 4

15. Cacahing wanda ing saben larik tembang diarani ….a. Guru gatra b. Guru laguc. Guru wilangan d. Guru swara

16. Ana keyong, digawe sate. Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….

a. Geguritan gagrag lawas b. Parikan c. Tembang macapatd. Tembang campursari

17. “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing cocok kanggo ukara mau yaiku ….a. Piring beling pecah lorob. Piring beling cacah pituc. Piring beling regane sewud. Piring beling isi gula

18. Terusna parikan iki: Kupat tanpa santen ….a. Bocah papat ra bosen-bosen b. Mangan kupat entek pintenc. Menawi lepat nyuwun pangapuntend. Ana uwong golek karsen

19. Ing ngisor iki endi parikan sing isine nyindhir?a. Dara mangan pari, durung bada wis nganyarib. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberic. Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge sitid. Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang

20. Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 41

Page 42: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Dideleng saka isine parikan mau awujud ….

a. Pituturb. Pangolok-olok (ngisin-isin)c. Pitakonand. Ngandhani

21. Rugi bandha sawetara naging tambah sedulur , kaya unine paribasan …..a. Tuna satak bathi sanakb. Obah ngarep kobet buric. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrahd. Saiyeg saeka kapti

22. Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..a. Tangan kumrembyah suku jumangkahb. Sepi ing pamrih rame ing gawec. Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondhelid. Jer basuki mawa beya

23. Ibu ngagem ali-ali awangun …….a. Gugur gunungb. Gunung sepikulc. Sri gunungd. Gunungan

24. Gugur gunung, menawa ditulis nganggo aksara Jawa …..a. gugur\gunuz\b gugu/gunu=c, gugurGunuz\d. gu[go/gun=

25. Gotong royong, menawa ditulis aksara Jawa …a. [go[to=[ro[yo=b. gt=ry=c. [go[toz\[ro[yoz\d. [go[toz[ro[yo=

Wacan 3

Kerukunan iku kaya kartika ing akasaNduweni papan kang mardikaKerukunan iku kaya rembulan lan bagaskaraNgayahi jejibahan kang ora padhaKerukunan iku kaya driji-driji tangan limaYen salah sawiji sulayaOra bakal nduweni daya

26. Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....a. Lintang b. Langitc. Rembuland. Srengenge

27. Tembung kang nduweni teges langit ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....a. Kartikab. Akasac. Mardikad. Bagaskara

28. Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 42

Page 43: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Dasanamane rembulan yaiku ....a. Kartika, taranggana, sudamab. Candra, sitaresmi,sasic. Surya, raditya, rawi, srengenged. Pertiwi, buwana, kisma

29. Rembulan padhang, yen ditulis Jawa .....a. remB|ln\pd=b. remB|lNpdzc. remB|lnPd=d. xmB|lnPd=

30. ?krukunNnHikukyf]ijiXlim.Unine tulisan Jawa iku .....a. Karukunan iku kaya driji lima.b. Karukunan iku kaya driji lelima.c. Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.d. Karukunan iku kaya driji-driji lima.

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1 Critakna isine geguritan Sengkut Gumregut ing wacan 1 nganggo basamu dhewe!2 Temtona guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!3 Maca geguritan iku kanthi awewaton 4 W, sebutna lan terangna tegese 4W kasebut!4 Gawea parikan kang isine : dadi murid iku kudu sregep sinau5 Tulisen aksara Jawa!

Suwe ora jamu, jamu godhong tela.Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe lega.

WULANGAN 4KASUSASTRAN

i. CANGKRIMANKompetensi Dasar :

1.4. Menanggapi Cangkriman

A. Indikator :

1. Mengartikan cangkriman dengan tepat2. Mencari contoh cangkriman 3. Menyebutkan bentuk-bentuk cangkriman

B. Materi Pokok Cangkriman

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude.1. Wujude cangkriman :

a. Cangkriman kang awujud tembung wancahanTuladha :

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 43

Page 44: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Wiwawite, lesbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhongeSegara mbeldhe = sega pera, sambele pedhesNituk lersure = nini ngantuk diseler susure

b. Cangkriman pepindhan utawa irib-iribaning barangTuladha :Cangkriman pepindhan utawa irib-iribaning barangSega sekepel dirubung tinggi (salak)Pitik wali saba kebon (nanas)Embokne wuda, anake tapihan (empring, bung)

c. Cangkriman ngemu surasa blenderan utawa plesetanWong wudunen sugih pari (paringisan)Kecap sing paling enak cap ratu (ratuku)Bakule krambil dikepruki (sing dikepruki krambile)

d. Cangkriman kang awujud tembang ( Y. Suwarno, 1998:201) Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

sabamu mring sendhang, pencokanmu lambung kering, prapteng wisma si pocung mutah guwaya.

e. Cangkriman ukaraTuladha :Wit adhikih adhakah wohe = wit semangkaWit adhakah adhikih wohe = wit ringinSing cedhek dikedhuki sing dhuwur diurugi = timbangan

2. Gladhen Cangkriman Cangkriman ing ngisor iki apa bedhekane? Lan kalebu cangkriman sing endi, aranana!

a. Embokne dielus-elus, anake diidak-idakb. Gajah nguntal sangkrahc. Tibane ngisor sing digoleki ndhuwurd. Disambung dadi cendhake. Ana awake, ana lengene, nanging tanpa sirahf. Sing gawe ora nganggo, sing nganggo ora weruh, sing weruh ora gelemg. Kebo bule dicencang merangh. Sing cendhek dikeruki, sing dhuwur diurugii. Dikebuti malah mundhak panasj. Dipenyet wudele mendelik mripate

Kompetensi Dasar :2.6 Mengungkapkan dan menanggapi cangkriman

A. Indikator :1. Membawakan teks pacelathon berisi cangkriman dengan intonasi dan ekspresi yang sesuai

dengan konteksnya2. Menemukan cangkriman dalam teks pacelathon3. Menanggapi maksud cangkriman yang terdapat dalam teks pacelathon

B. Materi Pembelajaran

1. Wawan gunem isi cangkriman srekalan utawa cangkriman blenderan

Sabda : “Apa kowe padha slamet?”Jati : “Ora …gedhe aku tinimbang Slamet!”Sabda : “E ….ditakoni tenanan ko wangsulan sakepenake!”Jati : “Lha, iya, apa ora bener wangsulanku. Slamet kae gering, dene aku lemu. Apa ora gedhe aku. Iya, ta?”Sabda : “Wah, pinter kowe! Nanging koknyolong pethek!”Jati : “Sapa sing nyolong pethek? Ngreti sing jenenge pethek bae ora, diarani

nyolong!”Sabda : “Lha kuwi mau …., coba pikiren sedhela!”Jati : “O, iya ya, wasis tenan kowe! Yen sinau bengi nganti jam pira kowe?”

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 44

Page 45: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Sabda : “Jam sepuluh!”Jati : “Banjur turumu jam pira?”Sabda : “Jam sewelas”.Jati : “Ah, cetha ngapusi! Tetep ora percaya aku!”Sabda : “Lho kok lucu! Sing nglakoni aku, kok kowe sing ngeyel!”Jati : “Ya, ngeyel bae. Coba gagasen; yen nyata-nyata kowe wis turu, mesthine rak

ora Ngreti ‘iki jam pira’. Nah, yen kowe ngreti …., tegese kowe durung turu. Pitakonku rak turumu jam pira. Iya ta?”

Sabda : “Wah, keblithuk aku. Saka ngendi antukmu?” Jati : “Saka Jaka kidul kono.” Sabda : “Ah, ngapusi kowe! Ora percaya aku!” Jati : “Lho, yen ora percaya, takona dhewe!”

Sabda : “Ora susah takon. Aku yakin lan percaya manawa kuwi mau ora saka sapa-

sapa, Nanging saka kowe dhewe.” Jati : “Kowe kok bisa makili aku?” Sabda : “Bisa bae. Coba genti gagasen; Apa yen wong liya ngantuk, kowe melu

ngrasakake. Suwalike, yen kowe ngantuk, apa sing njalari wong liya?” Jati : “Wah, kojur aku!”

(Bahasa Jawa 3, M.A. Sudi Yatmana)

2. Golekana cangkriman kang tinemu ana ing pacelathon ing ndhuwur!3. Apa batangane cangkriman sing kok temokake mau?

Cangkriman srekalan kang tinemu ana ing teks pacelathon mau yaiku:Padha slamet = padha ora ana alangan, disrekal gedhene padha karo Slamet (jenenge wong)Nyolong pethek = ora ngira, disrekal pethek dadi jenenge wongBanjur turumu jam pira = nalika arep mapan turu jam pira, disrekal wong turu kuwi wis ora ngerti jam, ora kelingan apa-apa.Saka ngendi antukmu = saka ngendi olehmu (oleh-olehane) disrekal saka ngendi olehmu ngantuk, mula jawabe ya olehe ngantuk saka awake dhewe

4. Golekana batangane cangkriman tembang ing ngisor iki!a. Kinanthi

Bedheken cangkrimaningsun,Wong tuwa datanpa klambi,Bocah cilik kang jaritan, menyang pasar purugneki,Lorone klebu aguna,Mupangati uripneki.

b. PocungBapak pocung tanpa untu darbe siyung,Badanira panjang,Tutukira pan pesagi,Dina-dina pucung nedha buntutira.

c. PocungBapak pocung isih enom klambi gadhung,Yen wis rada tuwa,Si pocung klambine kuning,Tuwa pisan si pucung klambine abang.

d. PocungBapak pocung urut dalan membat mentul,Dawa kaya ula,Ing tengahe kempas-kempis,Prapteng wisma sipocung kanggo dandanan.

(Djaka Lodhang No. 39, 2008)

Kompetensi Dasar :3.4 Membaca dan menanggapi cangkriman tembang

A. Indikator :

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 45

Page 46: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

1. Membaca cangkriman tembang dengan titilaras, lafal, intonasi dan ekspresi yang baik2. Menemukan cangkriman cangriman tembang dengan tepat3. Menjawab tebakan cangkriman tembang dengan tepat

B. Materi Pembelajaran

1. Cangkriman kang sinawung ing tembang dolanan iki ayo padha titembangke

NYATA KOWE WASIS

Nyata kowe wasis, Bedheken sing gelis, lis, lis, lisCangkriman telu ikiJangkrik sungut slawe batangane apaManuk ndhase telu batangane apaPaman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk manthuk-manthuk

Nyata kowe wasisBedheken sing gelis, lis, lis, lisCangkriman papat ikiBanyu bisa skolah, batangane apaMenir bisa sakberuk, batangane apaSapa bisa, sa, ngukur meja, ja, ja, ja

Tan kuwat melek sajam

2. Ing tembang pada kapisan cangkrimane ana telu yaikuJangkrik sungut selawe = jangkrik iku sungute gedhene salaweManuk ndhase telu = manuk iku endhase dibuntel wuluPaman demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk = kembang gedhang (tutut)Parikan 1 lan 2 kalebu parikan blenderan, parikan 3 kalebu parikan irib-iriban.

Ing tembang pada kapindho cangkrimane ana papat yaiku:Banyu bisa sekolah = akehe banyu bisa sakolahMenir bisa saberuk = akehe menir iku bisa saberukNgukur meja = ngukur nganggo kuku (nggaruk)Melek sajam = gedhene padha karo jam

Parikan 1, 2, 3 , 4 kalebu parikan blenderan/ srekalan.

3. Cangkriman tembang iki ayo ditembangake nuli digoleki batangane!1. Pocung

Bapak pocung dudu mega dudu mendhung,Ngambah dirgantara,Darbe swiwi pindha peksi,Lunga teka si pocung ngumbar suwara.

2. AsmaradanaBatangen cangkriman iki,Ana titah ora lumrah,Datan lali mring wismane,Dinumuk nyimpen sarira,Bangsa kisma dhaharnya,Yen tindak ing warih tamtu,Mripatnya naloler panjang.

3. DhandhanggulaUla-ula tan ana kang mandi,Aja wedi singa nemonana,Waton empuk pijetane,Ana menir saberuk,Banyu pait yen tetes legi,Banyu bisa sekolah,

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 46

Page 47: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Nora bisa luluh,Sapa bisa ngukur meja,Uceng-uceng neng banyu tan bisa urip,Tan kuwat melek sajam.

4. PocungWujudipun naming alit gondhal-gandhul,Mapan ing talingan,Agemaning para putri,Anting-anting jangkepe ngadi busana

5. SinomWonten wawarnen katingal,Wong sajagad andarbeni,Miwah kang sarwa tumitah,Nora sepi amarnani,Dhapurira nut maring,Kang andarbeni wus tamtu,Milu saparan-paran,Barang somah amrepeki,Ewadene tan ana bangkit nyekela.(ayang-ayang)

6. Tan darbe sirah mung tenggak,Pundhak myang bahu kekalih,Lengen nanging lir gelitan,Epek-epek tuwin driji,Miwah tan darbe sikil,Gatraning gigir kadulu,Sarta gatraning madya,Jaja bengkah sapanginggil,Dadi kupu tarung inebira. (klambi)

7. Wonten praja tanpa janma,Kutha tanpa baluwarti,Sumawana tanpa wisma,Samodra utawi kali,Sami datanpa warih,Pasawahan tegal talun,Sami tanpa taneman,Tanpa kayon wana ardi,Sato peksi inggih tan wonten katingal (peta, atlas) (Djaka Lodang, No 49 : 3 Mei 1997)Kompetensi Dasar :

4.3 Menulis cangkriman

A. Indikator :

1. Menulis wacana pacelathon yang mengandung cangkriman, dengan memperhatikan pilihan kata, keefektifan kalimat dan EYD dalam santun bahasa Jawa krama atau ngoko.

2. Mendemonstrasikan wacana pacelathon karya siswa di depan kelas dengan ekspresi dan intonasi yang baik serta penuh percaya diri

B. Materi Pembelajaran1. Gawea cakepan (syair) tembang Pocung kang isine cangkriman!2. Gawea teks pacelathon karo kancamu sabangku kang isine cangkriman. Yen wis

rampung tindakna ana ngarep kelas kanthi becik!

Tuladha :1. KATHOK-KOTHAK

Paimo : Apa bedane kathok karo kothak, No?Paino : Yen kathok wudude kothak!Paimo : Ngawur ah!Paino : Lha piye?Paimo : Kathok bisa kothak-kothak, nanging yen kothak ora bisa kathok-

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 47

Page 48: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Kathok!Paino : Woooo!

2. PALING KUWATBowo : Wong ngendi sing paling kuwat sadonya?Anto : Wong Amerika!Bowo : Salah!Anto : Afrika!Bowo : Isih salah! Sing bener wong Indonesia, yaiku Pangeran Mangkubumi

3. DOYANE KARAFerry : Gung, satriya ngendi sing ora doyan sega?Agung : kabeh uwong kalebu satriyane mesthi doyan sega!Ferry : Ah, ya ora mesthi ta!Agung : Buktine apa?Ferry : Buktine kae Satriya Madhangkar (Mekar Sari, 06 Taun XXXIX, 7 April 1995)

4. PocungBapak pocung isih cilik kemul sarungBareng wis diwasa,Lukar sarung lukar klambi,Sepuh pisan den pancung nggo dandan-dandan. (Pak Jarno)

II. TEMBANGKompetensi Dasar :

2.3 Melagukan tembang Asmaradana

A. Indikator1. Melantunkan tembang Asmaradana dengan titilaras yang tepat2. Mengartikan kata-kata penting dalam tembang Asmaradana dengan tepat3. Menjelaskan isi tembang Asmaradana bait 1 dalam santun bahasa Jawa ngoko alus4. Menganalisis strktur metrum tembang dengan cermat

B. Materi Pembelajaran

1. Tembang Asmaradana Bawaraga iki ayo padha ditembangake kanthi titi laras sing bener!

ASMARADANA BAWARAGASlendro p. Sanga

2 2 2 2 2 5 6 6 . 0Ja - go klu - ruk ka - pi - yar - si

. . .6 1 1 1. 6 6 5 2 . 0

Bang - bang we - tan su - mam - bu - rat,

2 3 2 5. 3 2 1 6 . 0 Mbra - nang a - bang tron - tong - tron - tong,

. . .6 1 1 1. 6 6 5 2 . 0

Ka - dang ta - ni gya gu - mre - gah,

6 6 6 6 6 5 5 . 0 Ge - gan - ca - ngan lu - mam - pah,

2 3 2 5. 3 2 1 6 . 0Nge - ner sa - wah mang - gul pa - cul,

6 6 6 5. 6 1 6 5 . 0

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 48

Page 49: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Ngo - lah sa - bin pa - ri su - ka.

Cakepan Sanesipuna. Lamun wus tumekeng wanci,

Mangsa rendheng turah toya,Guyup rukun gotong royong,Ngluku nggaru wus lumampah,Ndhedher winih sowang-sowang,Datan lirwa ngrabuk matun,Kanthi tuhu nggenya ngreksa.

b. Kang ginantha wohing dami,Lulus kalis sambekala,Ponang pantun mentes aos,Lesung lumbung wus siyaga,Nengga Dewi Sri prapta,Gejog lumpang miwah lesung,Rame gumyak sesautan.

(Cakepan anggitan Pak Jarno, 31 Januari 2010)

2. Tegese tembungKapiyarsi = keprunguTrontong-trontong = wiwit katon cethaGya = enggalGumregah = tangiGegancangan = cepet-cepetPari suka = seneng-senengTumekeng = tekanSowang-sowang = dhewe-dheweDatan = oraLirwa = laliTuhu = tenananNgreksa = njagaGinantha = diarep-arepDami = damen, witing pariKalis sambekala = slamet saka bebayaPonang = siMentes aos = (berisi B. Indonesia)Lumbung = papan nyimpen pariSiyaga = siap, samektaDewi Sri = pariGejog = kothekanGumyak = rame mawa iramaSesautan = genti-genten

3. Struktur Metrum Tembang Asmaradana Tembang Asmaradana iku sapadane ana 7 gatra Guru wilangan lan Guru lagune : 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a.

4. Ringkesan isining tembang Asmaradana ing ndhuwur Nalika jago kluruk wis keprungu Pak Tani wis tangi anggone turu age-age manggul pacul tumuju sawah saperlu ngolah sawahe kanthi suka gumbira. Yen wis tekan wancine mangsa udan Pak Tani nyambut gawe ngluku nggaru kanthi rukun lan gotong royong, mung ndhedher winih sing katindakake kanti dhewe-dhewe. Ora lali ngrabuk lan njaga tandurane kanthi tumemen. Sing diarep-arep asiling tetanen bisa slamet saka ama, aos mentes parine. Sebab lesung lan lumbung ing ngomah wis disiapake nunggu tekane pari. Gejog lumpung lan lesung rame gumyak sesautan.

Kompetensi Dasar :

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 49

Page 50: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

3.5 Melagukan tembang dolanan

A. Indikator :

1. Melagukan tembang dolanan dengan titilaras, intonasi dan ekspresi yang tepat dengan penuh percaya diri

2. Mengartikan kata-kata penting dalam tembang dengan tepat3. Mengurai isi tembang dolanan dalam santun bahasa Jawa krama lugu

B. Materi Pembelajaran1. Tembang dolanan gugur gunung iki ayo padha ditembangake kanthi becik

Gugur Gunung : Ki Wasita Diningrat Laras : Pelog Pathet Barang

Ayo kanca, ayo kanca, ngayahi karyaning prajaKene , kene, gugur gunung tandang gaweSayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancaneLila lan legawa kanggo mulyaning Negara

Siji, lo, telu, papatMaju papat-papat, diulang-ulungakeMesthi enggal rampungeHolobis kuntul baris, holobis kuntul barisHolobis kuntul baris, holobis kuntul baris.

2. Negesi tembungNgayahi = nindakakeKarya = pagawean, pakaryanGugur gunung = nyambut gawe bebarengan tanpa opahanSayuk = rukunLila = iklasLegawa = lila trusing atiMulya = luhur, kaluhuranHolobis kuntul baris = salah ucap, benere : Don Lopis du Paris, jenenge kapten Walanda bangsa Prancis. Panjenengane dhawuh marang kawulane supaya nalika padha nyambut gawe kanthi ngucap asmane saksero-serone (ukara sesanti sayuk rukun tumandang gawe)

3. Isi tembangNgajak-ajak dhateng para warga supados nindakaken pakaryaning negari kanthi gotong royong linambaran keguyup rukunan lan iklasing manah supados sedaya pakaryan enggal rampung.

4. Lelagon Dhendheng Kenthing, Slendro SangaBuka Celuk :2 3 5 6 . 6 . . 5 3 6 5 . 5 . .Dhen- dheng ken – thing thing – sam – bel lon – thang – thang 3 3 3 3 3 3 3 5 2 3 3 2 . . . .Ka - kang men - dhak yen men-dhak u – lung – u – lu – ngan2 3 5 6 6 3 5 2 3 5 3 5 2 3 5 .Ja – mur se – la kang gen-dhis ma - wi ka – la – pa Ha o a3 3 3 3 3 3 3 5 2 3 3 2 . . .Ra – os e – nak ku – me – tep li – dhah ka – wu – la

2 3 5 6 6 3 . 5 2 3 5 3 5 2 3 5 . Be – nguk wa – na ka – ci – pir wu – ngu go – dho – nge Ha o a 3 3 3 3 3 3 3 5 2 3 3 2

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 50

Page 51: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Ro – wa - ro – we pe – ngan – ten ke – te – mu so – re (Suwardi Endraswara , 2009 : 172)

5. Negesi tembunga. Dhendheng kenthing = dhendheng cilikb. Sambel lonthang = sambel werna-wernac. Mendhak = rada ndhungklukd. Ulung-ulungan = genti genten menehi kanthi ngathungkae tangane. Kumetep = kumranyas, pedhesf. Jamur sela = (jamur watu, wangsalan = ? )g. Gendhis mawi kalapa = (gula diwenehi klapa, wangsalan = kluwa)h. Benguk wana = (benguk alas, wangsalan = rawe)i. Kecipir wungu godhonge = (wangsalan = temu ?)

5. KUWI APA KUWIPutri: Kuwi apa kuwi e kembang melathi

Sing tak puja- puji aja dha korupsiMarga yen korupsi negarane rugiPiye ta Mas piyee, aja ngona-ngono-ngono kuwi.

Putra: Kuwi apa kuwi e kembange menurSing tak puja-puji mbok ya padha jujurAmarga yen jujur negarane makmurPiye dhik payee, iya ngona-ngono-ngono kuwi.

Putri: Kuwi apa kuwi e kembange waruSing tak puja-puji ayo dha bersatuMarga yen bersatu negarane majuPiye mas payee, alah ngona-ngono-ngono kuwi.

Putra: Kuwi apa kuwi e kembange turiSing tak puja-puji kudu dha memetri

Amurih lestari kabudayan JawiPiye dhik piye, alah ngona-ngono-ngono kuwi. (Anik Sunyahni, 2000: 34 – 3)

GLADHEN UJI KOMPETENSI 4ULANGAN HARIAN 4

Wacan 1

Sabda : “Apa kowe padha slamet?”Jati : “Ora …gedhe aku tinimbang Slamet!”Sabda : “E ….ditakoni tenanan ko wangsulan sakepenake!”Jati : “Lha, iya, apa ora bener wangsulanku. Slamet kae gering, dene aku lemu. Apa ora gedhe aku. Iya, ta?”

1 Wawan gunem antarane Sabda karo jati iku isine .....a. Cangkriman wancahanb. Cangkriman irib-iribanc. Cangkriman tembangd. Cangkriman srekalan

2. Sing dikarepake padha slamet dening Sabda iku .....a. Gedhene padha kro slametb. Lemune padha karo slametc. Geringe padha karo slametd. Ora ana alangan sawiji apa

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 51

Page 52: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Wacan 2

Bapak pocung isih enom klambi gadhung,Yen wis rada tuwa,Si pocung klambine kuning,Tuwa pisan si pucung klambine abang

3. Nitik cacahing gatra tembang ing ndhuwur iku tembang .....a. Gambuhb. Asmaradanac. Pocungd. Maskumambang

4. Tembang ing ndhuwur isine .....a. Geguritanb. Cangkrimanc. Parikand. Wangsalan

5. Bedhekane tembang ing ndhuwur iku ....a. Mlinjob. Jambuc. Pelemd. Gedhang

6. Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….a. Larik 1 lan 2 b. Larik 3 lan 4c. Larik 2 lan 4 d. Larik 1 lan 4

7. Bapak pocung isih cilik kemul sarungBareng wis diwasa,Lukar sarung lukar klambi,Sepuh pisan den pancung nggo dandan-dandan.

Bedhekane cangkriman tembang iki ....a. Wit klapab. Empringc. Wit gedhangd. Wit pari

8. Paman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk manthuk-manthukBadhekane cangkriman iki ......a. Katesb. Rambutanc. Tuntut kembang gedhangd. Kembang srengenge

9. Endi sing kalebu cangkriman?a. Pitik walik tanpa lancur, pangkat cilik arang nganggurb. Pitik walik saba kebonc. Simbah ngingu pitik walik 5d. Pitik walik iku duwekku

10. Kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ...a. Sega sekepel dirubung tinggi = salakb. Wong wudunen sugih pari = paringisanc. Burnas kopen = bubur panas kokopend. Disambung malah cendhak = tali

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 52

Page 53: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

11. Badhekane cangkriman: gitarUnine cangriman ......a. Dipijet gulune dikebug wetengeb. Dipijet wudele mendelik mripatic. Ditekak gulune diithik-ithik wetenged. Ditarik tangane dijiwiti wetenge

12. Kang kalebu cangkriman plesetan/srekalana. Bakule kambil dikeprukib. Mbokne wuda anake tapihanc. Dipenyet wudele mendelik mripated. Pitk walik saba meja

13. Kang paling enak dhewe iku kecap cap ....a. Bangob. Bagongc. Ratud. Koki

14. Bapak pocung tanpa untu darbe siyung, badanira panjang,tutukira pan pesagi,dina-dina pucung nedha buntutira.a. Sepurb. Ulac. Tali sepatud. Setut

Wacan 3Gugur Gunung

: Ki Wasita DiningratLaras : Pelog Pathet Barang

Ayo kanca, ayo kanca, ngayahi karyaning prajaKene , kene, gugur gunung tandang gaweSayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancaneLila lan legawa kanggo mulyaning Negara

Siji, loro, telu, papatMaju papat-papat, diulang-ulungakeMesthi enggal rampungeHolobis kuntul baris, holobis kuntul barisHolobis kuntul baris, holobis kuntul baris.

15. Rumpakan ing wacan 3 kalebu ......a. Tembang gendhing dolananb. Tembang macapatc. Geguritand. Tembang tengahan

16. Para kanca lagi nindakake pagaweyan kanggo sapa?a. Kanggo para kancab. Kanggo negarac. Kanggo masarakatd. Kanggo awake dhewe

17. Sipat apa kang diduweni kanca-kanca kanggo mulyaning negara?a. Sayuk rukunb. Lilac. Legawad. Sayuk rukun lan lila legawa

18. Sapa sing nganggit tembang Gugur Gunung iku?

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 53

Page 54: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

a. Ki Narto Sabdhob. Mantho’usc. Ki Wasito Diningratd. Gesang

19. Ukara kang kalebu semboyane Gugur Gunung yaiku ....a. Sayuk rukun b. Holobis kuntul barisc. Siji, loro, telu, papatd. Ayo kanca ngayahi karyaning praja

20. Cakepan tembang iki endi sing isine : ajakan anti korupsi?a. Kuwi apa kuwi e kembang melathi, Sing tak puja- puji aja dha korupsi, Marga yen

korupsi negarane rugi, Piye ta Mas piyee, aja ngona-ngono-ngono kuwi.b. Kuwi apa kuwi e kembange turi, Sing tak puja-puji kudu dha memetri, Amurih lestari

kabudayan Jawi, Piye dhik piye, alah ngona-ngono-ngono kuwi.c. Kuwi apa kuwi e kembange menur, Sing tak puja-puji mbok ya padha jujur, Amarga

yen jujur negarane makmur, Piye dhik payee, iya ngona-ngono-ngono kuwi.d. Kuwi apa kuwi e kembange waru, Sing tak puja-puji ayo dha bersatu, Marga yen

bersatu negarane maju, Piye mas payee, alah ngona-ngono-ngono kuwi.21. Purwakanthi kang dipigunakake ing Tembang Kuwi Apa Kuwi .....

a. Purwakanthi guru swarab. Purwakanthi guru sastrac. Purwakanthi lumaksitad. Purwakanthi guru basa

Wacan 4Poma-poma wekas mami,Anak putu aja lena,Aja ketungkul uripe,Lan aja duwe kareman;Marang pepaes donya,Siyang dalu dipun emut,Yen urip manggih hantaka (Serat Wulangreh, Sri Paku Buwana IV)22. Nitik guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat ing ndhuwur kalebu

tembang ....a. Asmaradanab. Sinomc. Pocungd. Gambuh

23. Intisarine tembang ing ndhuwur yaiku ....a. Ngurang-urangi marang barang kadonyanb. Aja kebangeten anggone mburu kadonyan lan kudu tansah eling marang Gusti manawa wong

kuwi bakale matic. Kudu tansah manembah marang Gusti sebab wong kuwi bakale matid. Golekana bandha kanggo sangu urip ing akherat

24. Sapa sing paring dhawuh utawa piweling ing tembang iku?a. Mamib. Anak putuc. Simbahd. Sri Paku Buwana IV

25. Poma-poma wekas mami,

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 54

Page 55: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Tembung mami ing tembang iku tegese .....a. Ibub. Bibi, bu likc. Aku, kud. Kowe

26. Tembang ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 7a dumunung ing gatra ....a. 2 b. 4 c. 5 d. 7

27. Yen urip manggih hantaka.Tegese hantaka .....a. Semaputb. Tibac. Mulya d. Mati

28. Lesung wis siyaga, yen ditulis Jawa .....a. lesu= wissiygb. Xsu=wisSiygc. lesu=wisSiygd. lesuz\wis\siyg

29. ?m=sxnD_turh[toy.Unine ukara tulisan Jawa kasebut .....a. Mangsa rendheng kathah toya.b. Mangsa rendheng wewah toya.c. Mangsa rendheng turah toya.d. Mangsa rendheng akeh toya.

30. ?si=tkPepujiajd[korupSi.Unine tulisan Jawa kasebut .....

a. Sing tansah jujur aja padha korupsib. Sing jujur aja padha korupsic. Sing tak puja-puji aja dha korupsi.d. Sing tak pepuji aja dha korupsi.

AKSARA JAWA

1. Carakan lan Pasangane

a….HHa

n….NNa

c….CCa

r….RRa

k….KKa

f….FDa

t….TTa

s….SSa

w….W

Wa

l….LLa

p….PPa

d….DDha

j….JJa

y….YYa

v….VNya

m….M g….G b….B q… z….ZLKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 55

Page 56: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Ma Ga Ba Q.Tha

Nga

2. Sandhangan.... u = suku = u tuladha : buku (buku)....i = wulu = i tuladha : siti (siti)[…. = taling = é tuladha : s[t (sate)….e = pepet = ê tuladha : seg (sega)[…o = taling tarung = o tuladha : [so[to (soto)…/ = layar = r sigeg (mati) tuladha : ly/ (layar)….] = cakra = panjing r tuladha : k]s (krasa)….h = wignyan = h sigeg (mati) tuladha : gjh (gajah)….= = cecak = ng sigeg tuladha : ln= (lanang)….\ = pangku, sigeg tuladha : bpk\ (bapak)

DAFTAR PUSTAKA DAFTAR PUSTAKA

Anik Sunyahni. 2000. Suka-Suka Campursari. Sukoharjo: CV. Cenderawasih.

Arintaka.B. 1981. Sekar macapat. Yogyakarta: Dinas P dan K Propinsi DIY

Darusuprapta. 1994. Serat Wulangreh. Surabaya: CV. Citra Jaya.

____________ 2002. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

DJ. Subroto. 2007. Pinter Basa Jawa 2 & 3. Jakarta: Bumi Aksara.

Djarot Heru Santosa. 2008. Piwulang Basa Jawa VII . Klaten: Intan Pariwara.

Gunawan Sri Hascarya. 2005. Macapat 2. Sukoharjo: CV. Cenderawasih.

Marsono,dkk. 2006. Kaloka Basa 2. ? : CV. Pustaka Bengawan

__________2010. Kaloka Basa 1. Yogyakarta : Dinas Pendidikan Prop. DIY.

Padmosoekotjo, S. 1958. Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.

__________. 1960. Ngengrengan Kasusastran Djawa II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.

Rama Sudi Yatmana, Dr. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 1 & 2. Semarang : Yudhistira.

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 56

Page 57: Holobis Kuntul Baris -    Web viewparikan sederhana . secara mandiri. dengan aksara Latin dengan benar. ... Mencari contoh cangkriman . Menyebutkan bentuk-bentuk

Siswadi. 1988. Kridha Basa 2. Klaten. Intan Pariwara.

Subalidinata, R.S. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Jogjakarta: P.T. Jaker.

__________1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pusataka Nusatama.

Sudi Yatmana. 1996. Materi Muatan Lokal Wajib Bahasa Jawa 3. Jakarta: Yudhistira.

Sugiarto, A. 1995. Gendhing Jawi Anggitan/Garap Ki Nartosabdho. Semarang: Pemda Jateng.

Suwardi Endraswara. 2008. Laras Manis Tuntunan Praktis Karawitan Jawa. Yogyakarta: Kuntul Press.

_________2009. 30 Metode Pembelajaran Bahasa & Sastra Jawa. Yogyakarta: Kuntul Press.

Suwarno, Y. 1998. Wewarah Basa Jawa. Yogyakarta: S.A. Dhaksinarga.

Warih Jati Rahayu. 1988. Citra Widyatama 2. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Prop. DIY.

Djaka Lodhang , No. 28, 9 Desember 2006)Djaka Lodhang, No. 39, tahun 2008Djaka Lodhang No. 32, 9 Januari 2010Djaka Lodhang No. 33, 16 Januari 2010 Djaka Lodhang No. 36, 6 Pebruari 2010Djaka Lodhang No. 37, 13 Pebruari 2010Mekar Sari, 06 Taun XXXIX, 7 April 1995 W Pramono,s,Blog

LKS Gladhi Basa Jawi VII/1 Page 57