Gurit bocah

12
SASTRA ANAK GEGURITAN KANGGO MURID-MURIDKU

Transcript of Gurit bocah

Page 1: Gurit bocah

SASTRA ANAK

GEGURITAN KANGGO MURID-MURIDKU

Page 2: Gurit bocah

S A S T R A• Sastra kudu bisa menehi rasa seneng, panglipur,

kabagyan lair batin tumrap • Manungsa nglairake rasa seneng mau lumantar seni;

tari, rupa, musik, sastra.• Jiwa-ruh sastra manunggale cipta-rasa-karsa-karya.

Saka alam pikir, alam rasa lan pengalamane manungsa

• Sastra kudu bisa nyugihake batine pamaos, dadi sesuluh, pepadhang kang tumuju marang kautaman

Page 3: Gurit bocah

Sastra Anak• sastra anak iku karya seni imajinatif kanthi unsur

estetis basa, lisan lan tulis kang bisa dingerteni dening bocah, lan isine donyane bocah

• Sastra anak iku sastra kanggo bocah/anak kang diciptakake, diurusi dening wong tuwa/dhiwasa; artine sastra anak iku ditulis dening wong tuwa kanggo keperluwane bocah; kang prodhuksine uga ditangani dening wong tuwa

Page 4: Gurit bocah

Karakteristik

• imajiner, ora adhedhasar fakta. Unsur imajinasi ditengenake

• Hakikat sastra anak kudu salaras karo donyane bocah, alam panguripan bocah; dudu alam panguripan dhiwasa

• Sastra anak kudu nyuguhake pedoman, aturan, norma tingkah laku kanggone bocah.

Page 5: Gurit bocah

SASTRA kanggone bocah :• Sastra nepungake bocah/anak marang jagad

gumelar• Bocah/anak bisa ngrasakake, mbayangake

kaendahan, melu-melu mikir kahanan kaya kang ana ing karya sastra. Bisa ngrasakake dadi wong liya, dadi bangsa liya

• Sastra ngembangake rasa pangrasa, imajinasine bocah marang pengalaman anyar kang migunani, nenuntun batin. Nganti kaya-kaya si bocah dhewe sing ngrasakake, ngadhepi kaya tema pokok kang ana ing sastra.

Page 6: Gurit bocah

TAHAP PEMBELAJARAN SASTRA ANAK• Tahap Penikmatan

(diperkenalkan, diperdengarkan, dibacakan)• Tahap Penghargaan

(diajak setengah aktif, dipertanyakan, kekaguman)• Tahap Pemahaman

(unsur instrinsik – ekstrinsik karya)• Tahap Penghayatan

(mbiji, ngritik, mbandingake karya sastra)• Tahap Implikasi

(nggunakake, ngasilake karya sastra; ekskul, bengkel, sanggar,)

Page 7: Gurit bocah

SASTRA kanggone bocah :• Sastra nepungake bocah/anak marang jagad

gumelar• Bocah/anak bisa ngrasakake, mbayangake

kaendahan, melu-melu mikir kahanan kaya kang ana ing karya sastra. Bisa ngrasakake dadi wong liya, dadi bangsa liya

• Sastra ngembangake rasa pangrasa, imajinasine bocah marang pengalaman anyar kang migunani, nenuntun batin. Nganti kaya-kaya si bocah dhewe sing ngrasakake, ngadhepi kaya tema pokok kang ana ing sastra.

Page 8: Gurit bocah

S A S T R A J A W A A N A K• Kelas Rendah

tembang dolanan, geguritan, dongeng, cangkriman

• Kelas Tinggitembang dolanan, tembang macapat, parikan, crita rakyat, wacan bocah

Page 9: Gurit bocah

Tembang Dolanan

Gundhul-gundhul pacul..culGemblelenganNyunggi-nyunggi wakul…kulGemblelenganWakul ngglempang segane dadi salatarWakul ngglempang segane dadi salatar

Page 10: Gurit bocah

KangenDening: Edi Winarno

aja nangis anakkuibumu isih lungasedhela maneh teka aja nangis, anakkuumpama Hongkong kuwi mung lor kaliwis wingi-wingidakparani

Page 11: Gurit bocah

BONEKAKU

Iki hadhiyah saka ibuEndah kaya mripatmuLucu

Takgendhong mrana-mreneYen wis turu takglethakakeSwaramu kaya asihe ibu

Page 12: Gurit bocah

Slide Title

Product A Product B• Feature 1• Feature 2• Feature 3