Gebyar Wayang UI 2015

3
Asma : Junaidi Sidiq Jurusan : Teknik Sipil Dosen : Dwi Puspitorini Gebyar Wayang UI (GWUI) 2015 Ana ing dina kemis tanggal 21 Mei 2015 kepungkur, aku karo kanca-kanca kelas basa jawa dasar teka menyang sawijining acara ingkang lagi dianakake dening Komunitas Wayang Universitas Indonesia (KWUI). Acara iku digelar ana ing aula balairung saka tanggal 21-23 Mei 2015. Jeneng acara mau yaiku “Gebyar Wayang UI 2015”. Rangkaian acara iku kalebu acara taunan ingkang digagas dening ikatan Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) gamelan sepulau jawa. Taun-taun kepungkur, KWUI rutin nganakake pertunjukan wayang ana ing UI, ingkang biasa diarani Wayang Goes to Campus. Nanging taun iki daganteni dadi Gebyar Wayang UI. Isine rangkaian acara iki ana pertunjukan karawitan Jawa UI 2015, wayang kulit Tionghoa Jawa saka Yogyakarta, wayang kulit purwa dening ki Manteb Soedharsono, bazaar, pameran batik, keris, batu akik, lan liya-liyane. Pesertane teka saka UKM gamelan universitas non-seni ing pulau jawa, kayata Universitas Ahmad Dahlan, Universitas Diponegoro, Perbanas, Universitas Negeri Jember, Universitas Negeri Semarang, Universitas

description

Jawa

Transcript of Gebyar Wayang UI 2015

Asma: Junaidi SidiqJurusan: Teknik SipilDosen: Dwi Puspitorini

Gebyar Wayang UI (GWUI) 2015

Ana ing dina kemis tanggal 21 Mei 2015 kepungkur, aku karo kanca-kanca kelas basa jawa dasar teka menyang sawijining acara ingkang lagi dianakake dening Komunitas Wayang Universitas Indonesia (KWUI). Acara iku digelar ana ing aula balairung saka tanggal 21-23 Mei 2015. Jeneng acara mau yaiku Gebyar Wayang UI 2015. Rangkaian acara iku kalebu acara taunan ingkang digagas dening ikatan Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) gamelan sepulau jawa. Taun-taun kepungkur, KWUI rutin nganakake pertunjukan wayang ana ing UI, ingkang biasa diarani Wayang Goes to Campus. Nanging taun iki daganteni dadi Gebyar Wayang UI. Isine rangkaian acara iki ana pertunjukan karawitan Jawa UI 2015, wayang kulit Tionghoa Jawa saka Yogyakarta, wayang kulit purwa dening ki Manteb Soedharsono, bazaar, pameran batik, keris, batu akik, lan liya-liyane. Pesertane teka saka UKM gamelan universitas non-seni ing pulau jawa, kayata Universitas Ahmad Dahlan, Universitas Diponegoro, Perbanas, Universitas Negeri Jember, Universitas Negeri Semarang, Universitas Brawijaya Malang, Universitas Airlangga, Universitas Surakarta, Universitas Negeri Yogyakarta, lan Universitas Gajah Mada.Wektu iku, aku ulih tugas saka kelas kanggo ngewawancarai salah sijine peserta ana ing acara mau. Asmane mas Suprayitno Fitrah. Dheweke teka saka Yogyakarta, kampus UGM. Mas Suprayitno iku anggota grup gamelan ingkang arane Gamasutra. Jeneng Gamasutra dijupuk saka kepanjangan Gamelan Mahasiswa Sastra Nusantara. Mas Supryitno kebagean nabuh Gong ana ing grup karawitan iki.Grup Gamasutra nggawakake telung gendhing. Gendhing ingkang digawakake iku kepisah dadi loro. Gendhing pertama iku gendhing wajib, ingkang duwe pakem dhewek ana ing gamelan. Gendhing ke loro iku gendhing kontemporer. Gendhing wajibe grup iki arane ladrang wilujeng pelog barang lan lancaran gugur gunung. Gendhing kontemporere grup iki arane kalatidha, utawa jaman edan. Tema kalatidha dijupuk dudu tanpa alasan. Jaman saiki, manungsa wis dikuasai dening wektu. Akeh manungsa sing wis kelalen karo aturan urip. Saka iki gendhing kalatidha digawe. Kanggo ngelingake lan ngajak generasi enom ben isa metu saka kalatidha. Sanajan oleh urutan terakhir ana ing pertunjukkan iki, yaiku urutan kaping sepuluh, mas Supryitno tetep semangat lan yakin penampilan grup Gamasutra bakal maksimal. Iku kurang luwih informasi sing tak jupuk saka mas Suprayitno. Kajaba iku, terakhir aku ulih kabar, grup Gamasutra dadi juara kompetisi kategori karawitan sepulau jawa ing Gebyar Wayang UI 2015 iki.