Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

23
Kata Pengantar Indonesia adalah negara multikultural yang kaya akan budaya.Salah satu budaya yang hingga kini masih lestari adalah berupa tradisi mantenan atau pernikahan adat jawa.Nach,selama prosesi berlangsung biasanya menggunakan bahasa jawa sebagai pembuka acara.Biasanya Dalam adat jawa acara nikahan atau “mantenan” dibawakan dalam bahasa jawa pewayangan. Bahasa yang digunakan ga lazim seperti bahasa-bahasa jawa halus. Bahasa ini lebih sulit dan susah dimengerti, Bahasa pewayangan ini biasanya dipake oleh orang jawa jaman doeloe. Apalagi klu ada konser wayang yang dalangnya Ki mantous atau ki Anom Suroto sudah bisa dipatikan menggunakan bahasa jawa pewayangan yang membuat sebagaian orang bingung maksudnya. Nach,Bagi pembaca yang pengen bisa bawain bahasa ini di acara nikahan…mungkin bisa sebagai reverensi.. Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinu darsono ing budi Wis cedak titi wanci wahyaning mongso kolo sri atmojo temanten kekalih sampun prapten pangur anjawi arso manjing wonten ing madyaning sasono wiwoho pramilo kagen asung pakurmatan rawuhing pinanganten sarimbit soho poro penderekipun kawulo suwun cinandiko sami mugi kersoho jumeneng sawatawis…sumonggo nuwun………….. Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh Sugeng poro sepuh-sesepuh pepunden ingkang dahat kawulo hormati…… Kadang besan miwah sahyaning poro penderek pinaganten kakung sarimbit ingkang saking tlatah………………………..ingkang dahat kinumartan. Soho poro pangembat panggebating projo setianing negari ingkang minongko dados panggayoming poro kawulo dasih ingkang satuhu mahambek berbudi darmo. Poro rawuh kakung suwowono putrid ingkang dahat sinudarsono ing budi 1

description

Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Transcript of Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Page 1: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Kata Pengantar

Indonesia adalah negara multikultural yang kaya akan budaya.Salah satu budaya yang hingga

kini masih lestari adalah berupa tradisi mantenan atau pernikahan adat jawa.Nach,selama prosesi

berlangsung biasanya menggunakan bahasa jawa sebagai pembuka acara.Biasanya Dalam adat

jawa acara nikahan atau “mantenan” dibawakan dalam bahasa jawa pewayangan. Bahasa yang

digunakan ga lazim seperti bahasa-bahasa jawa halus. Bahasa ini lebih sulit dan susah

dimengerti, Bahasa pewayangan ini biasanya dipake oleh orang jawa jaman doeloe. Apalagi klu

ada konser wayang yang dalangnya Ki mantous atau ki Anom Suroto sudah bisa dipatikan

menggunakan bahasa jawa pewayangan yang membuat sebagaian orang bingung maksudnya.

Nach,Bagi pembaca yang pengen bisa bawain bahasa ini di acara nikahan…mungkin bisa

sebagai reverensi..

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinu darsono ing budi

Wis cedak titi wanci wahyaning mongso kolo sri atmojo temanten kekalih sampun prapten

pangur anjawi arso manjing wonten ing madyaning sasono wiwoho pramilo kagen asung

pakurmatan rawuhing pinanganten sarimbit soho poro penderekipun kawulo suwun cinandiko

sami mugi kersoho jumeneng sawatawis…sumonggo nuwun…………..

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Sugeng poro sepuh-sesepuh pepunden ingkang dahat kawulo hormati……

Kadang besan miwah sahyaning poro penderek pinaganten kakung sarimbit ingkang saking

tlatah………………………..ingkang dahat kinumartan. Soho poro pangembat panggebating

projo setianing negari ingkang minongko dados panggayoming poro kawulo dasih ingkang

satuhu mahambek berbudi darmo.

Poro rawuh kakung suwowono putrid ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sumrambahipun dumateng poro sanak kadang pitepangan ingkang hanampi pakurmatan, miwah

sahyo poro kadang werdo murdo tumaruno ingkang satuhu pantes sinudarsono. Soho poro konco

leladi pramusaji ingkang sampun piniji ing gati.

Nuwun poro lenggah keparengno langkung rumiyin sumonggo kawulo nderek aken hangunjuk

aken pujo puji puji astuti puji syukur sumonggo sesarengan kito haturaken dhumateng

ngarsanipun gusti ingkang moho agung ALLOH SWT, bilih wonten ing ri kalenggahan

sonten/dalu kulo dalah paduko sami saget nderek mangayu bagyo dinten wikraman agung

pangunduhipun putro temanten kekalih kanthi kawontenan wilujeng boten kepanggih alangan

satunggal punopo kalis nir ing sambi kolo.

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sak derengipun kaparengno langkung rumiyen kulo hangaturaken tebah siti sekul panuturing

kelopo opo rantu bilih wonten lepat kawulo dene dereng sawatawis dangu rawuh paduko sami

minunggar kadang besan dalah penderek pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking

tlatah…………….. proro dene ing mriki kawulo kuwo wantuncumantoko hanggampil

kamardikan soho matur ing ngarso paduko sami, istining gati boten jalaran kawulo kalak duking

1

Page 2: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

sugi siti mawah toto krami hananging yo awit saking awrat-awratipun nyundi dawuh

panjenenganipun bapak…………………..sarimbit garwo. Bilih ing ri kalenggahan sonten/dalu

puniko kulo piñata minongko pranoto adi coro wonten ing acoro pahargyan wikraman agung

wonten ing ri kalenggahan………………….

Poro rawuh kakung suwowono putri ingkang dahat sinudarsono ing budi

Sak derengipun hadi coro pahargyan wikraman agung wonten ing kalenggahan

…………………….. kapurwakan keparengno kulo hangaturakan minggah reruncening hadi coro

ingkang sampun nirantan-nirumpoko.

Tumapak hadi coro ingkang ongko sepisan

1)      Waosan sab’do gusti ingkang sampun sinerat wonten ing madyang wahyu tumelan hinggih

kitab suci Al-Qur’an

2)      Purwoko

3)      Do’a

4)      Catur adi coro gatining wigati wiwahan lung tinampen penganten pamedar sabdo saking

kadang besan soho hamnyeyuliti pangrebeb pinanganten kakung/sarimbit ingkang saking

tlatah………………..

5)      Atur pagayu agyo saking ingkang hanengku karso ingkang mangke bade ka aturaken

dening penjenenganipun bapak……………..

6)      Pelereman

7)      Penutup

2

Page 3: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السال

. . ح� ا ف� الس� ع�ل�ي�ن� م� �ر و�ح� ح� الن�ك�ا ل�ن�ا أ�ح� ال�ذ ى لله د# م� �ل�ح� ا

إ ل�ى ن�ا د�ا ه� ال�ذ ى د* �م ح� م# ن�ا ي�د س� ع�ل�ى ال�م# �و�الس ال�ة# � و�الص

. ال�ح �و�الص د�ق الص0 ل ه أ�ه� اب ه ح� ص�أ� و� �ل ه ا و�ع�ل�ى اح� الن�ج� ب ي�ل س�

ب الله �إ ال و�ة� ق# و�ال� و�ل� ح� ال� ف� بعد# ا �مأ�

Poro Bapak, Poro Ibu, Poro Tamu undangan ingkang kawulo mulyaaken, shoho poro tamu

pengantar penganten ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo

aturaken mangke, langkung rumiyen kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun Alloh

SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo,

sehingga kulo lan panjenengan sami saget rawoh wonteng ing majlis puniko, kanti kawontenan

rahayu wilujeng widodo lir sambi kolo.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat Ta’dzim Alloh soho salam tansah tetep dipun

limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW soho para ahli keluarga lumeber

dateng kito ingkang sami rawuh ing majlis puniko. Sehinggo kanthi pertemuan kito ing majlis

puniko saget dadosaken sababiyahhipun kito pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi benjang ing

dinten Qiamat. Amien

Poro rawuh ingkang kulo mulyaaken !

Ingkang kaping tigonipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek

pranoto acoro ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget

kulo gunaaken ingkang sa’sahe-sahenipun.

Poro rawuh, wonten ing mriki kawulo minongko wakil sangking walinipun pengantin

putro shoho atas nami wakil sedoyo tamu pengantar pengantin putra.

Sepindah kawula ngraos syukur Alhamdulillah dateng Allah SWT. Shoho matur nuwun

sa’agengipun dumateng Bapak Shohibul baik mriki sekeluarga, ingkang sampun bersusah payah

budhi dhaya nyediaaken papan pinara’an, shoho hidangan engkang arupi daharan lan unjukan

ingkang kados mekaten meniko mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami wakil para tamu

pengantar pengantin, mboten saget mbales atas penghormatan meniko kejawi namung saget

dungaaken dateng Bapak Shohibul bait mriki kanthi ucapan

ا ك�ث�ر; ا ز� ال�ج� ي�ر� خ� الله# ك#م# ا ز� ج�Mugi-mugi atas jerih payahipun utawi penghormatanipun Bapak Shohibul bait mriki sekeluarga

tansah andadosno amal sholehipun ingkang ditrimo dening Allah, shoho dipun bales kanthi

balesan ingkang sakkatah-katahipun. ي�ن� ل�م ال�ع�ا �ب ر� ي�ا ي�ن� ا�م Poro rawuh sedoyo kangge selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking

walinipun pengantin putro inggih puniko Bapak Hamid. Kolo wahu bidal sangking dalemipun,

3

Page 4: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

kawulo nampi Amanat sangking Bapak Hamid, ingkang supadoso masrahaken si manten jaler

ingkang Asma sederek Hasan puniko, dumateng bapak Shohibul bait mriki minongko tiyang

sepuhipun pengantin putri. Pramilo, sakrehning sederek Hasan puniko sampun trami dados putro

mantunipun bapak shohibul bait mriki, ugi kulo wahu sampun dipun laksanakaken Aqad Nikah.

Pramilo kanti raos bingahipun manah, shoho kanthi ucapan “Bismilah” sederek Hasan meniko

kulo pasrahaken sa’doyonipun dumateng Bapak Shohibul bait mriki, kanti pasrah bongko’an

tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene menawi wonten kekirangipun

sangking segi nopokemawon, Dene menawin wonten kekiranganipun sangking segi

nopokemawon, sami ugi : segi pendidikan, segi pengalaman, pendamelan lan sanesipun, kawulo

suwun Bapak Shohibul bait mriki umumipun, sedoyo keluarga lan masyarakat mriki kersoho

paring bimbingan soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.

Poro rawuh ingkang kulo mulya’aken !

Ingkang terakhir kawulo ugi atas kami nami wakil saking rombongan pengantar

penganting mbok bilih acara puniko mangke sampun paripurno, kawulo sa’rombongan, ugi

nyuwun pamit pindah, soho nyuwun tambahipun do’a restu. Mugi kulo sa’rombongan wangsul

saking dalem mriki, tumuju dateng griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng,

boten wonten setunggal alangan punopo. Amien.

Shoho sa’derengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking sedoyo pengantar

pengantin, kulo nyuwun agunging pangapunten, saking tingkah laku, ucapan-ucapan, tindak

tanduk ingkang kurang nyocokidateng panggalehipun Bapak Shohibul Bait mriki sakeluarga.

Shoho kangge kulo pribadi sedoyo kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten

ingkang sak katah-katahipun.

الهداية و فيق التو بالله و

ته كا وبر الله ورحمة عليكم م السالKirimkan Ini lewat Email

a. Panampi Pasrah Lamaran Calon Penganten

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Dhumateng panjenenganipun Bapak … (ingkang nyalirani pasrah) ingkang sampun

kepareng anyalirani pangandikanipun Bapak … sekaliyan, minangka duta sraya (badhe kadang

besan), ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Kanthi raos kurmat saha nyuwun sewu agunging pangaksama, inggih awit muundhi

dhawuh timbalanipun raka … sekaliyan (ingkang mengku karya), awit keparengipun, kula piniji

minangkka tetalangiing atur, supados anampi menggah wosing atur linambaran osiking manah

ingkang luhur panjenenganipun Ibu/Bapak …, lumantar panjenengan.

4

Page 5: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Minangka purwaning atur, senadyan sampun kepara kasep angambali atur sugeng rawuh

kairing atur panuwun ingkang ingkang tanpa pepindhan dene tindak panjenengan sampun

kasembadaning sedya, kanthi manggih kawilujengan datan wonten pringga bayaning marga.

Salajengipun, sanget katampi kanthi gumbiraning manah, atur salam taklim sarta

sungkem pangabektos saking panjenenganipun badhe calon besan lumantar panjenengan,

salajengipun dhumawaha sami-sami lan samangke kaaturna wangsul.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jangkeping salaku rabi, kula tampi kanthi suka

bingahing manah, samangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bpak … sekaliyan. Boten

sanes Ibu/Bp …, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya peparingipun badhe

calon kadang besan, pratandha yekti kasoking sih katresnan dhumateng Bapak/Ibu … sekaliyan,

mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami anetpi darmaning asepuh anggenipun

ngentas pitulus putra lan tansah manggih raharja tuwin bagya mulya.

Makaten, atur panampi saking Bapak … sekaliyan, lumantar kula, saha ngaturi uninga

bilih sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab sahakabulsarta panggih,

dipunsuwun panjenenganipun Bapak … sekaliyan wontena keparengipun anjenengi saha paring

donga pangastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, mbokbilih menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen

kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sedaya, mugi tansah paringa sih samodra

pangaksami. Semanten ugi kula, minangka tetalanging basa mbokbilih galap-gangsuling atur

saha kiranging subasita, kupat duduhe santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam, Wa bilahit taufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun!

Pidato Panampining Pasrah Manten: penerimaan pengantin

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan.

Saderengipun keparenga kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula

kumawantun ngejejer ngadeg wonten ing pangarsanipun panjenengan sedaya.

Dhumateng panjenenganipun bapa Jono kaliyan Ibu Tumi, kula minangka silih

saliranipun bapa Jumidal ngaturaken nyuwun gunging pangapunten amargi ing wekdal punika

mboten kuwawi matur. Awit saking bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung

talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.

Sepisan, panjenenganipun bapa Jumidal sekaliyan ibu ngaturaken puja-puji syukur

dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan ingkang

tanpa pepindhan.

5

Page 6: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak Jumidal sekaliyan ngaturaken pambagya

harja rahayu wilujeng awit karawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki

nglarapaken sarat sarana pasrahan temanten saking dalem dumugining wisma mriki.

Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak Jumidal

sekaliyan, ingkang lumantar Bapak Surono kala wau.

Semanten ugi Bapak Jumidal Sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten

ngarsanipun bapak saha ibu Jono. Kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih

kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana.

Kaping sekawan, Bapak Jumidal sekaliyan neda narima ngaturaken matur nuwun

ingkang tanpa pepidhan, dene Bapa Jono sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning

Bapak Jumidal

Pamila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka

renaning penggalih. Menawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri pengantin kekalih

badhe kadhaupaken.

Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak Jumidal sarimbit mugi panjenengan dalah para

pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka

anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika

taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun

gunging samodra pangaksama.

Nuwun!

Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang

hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha

kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat

kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka

sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.

Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing

wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara

pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti

Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam

agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa

kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken

6

Page 7: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika,

saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa

anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya

siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun

rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas

wangi manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana

wiwaha

Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang

sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati

ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para

tamu

Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing

sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu

nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking

madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.

Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning

penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras

rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

7

Page 8: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

PASRAH PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula Nuwun,

Bpo.......... sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo Bpo......... kekalih,saking......... kadhawuhan matur hing ngarsa

panjenengan.

Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih,mugi katur

Bpo......... sekalian,sinartan pamuji mugi Bpo......... sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki.

Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong

hanggenipun Bpo......... kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun Rr......... badhe

kajodhokaken kalian pun Bg......... anak jaleripun Bpo......... kekalih, Hingkang punika kula

kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr......... kalian pun Bg.........

Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening

paningset, mugi Bpo......... keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah

jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bpo.........

sekalian.

Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika

kula matur saha sowan.

Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.

Hing wasana cekap semanten atur kula,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo......... hingkang winengku ing karahayon.

Kula hingkang kapiji Bpo......... kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya

wilujeng rawuh panjenengan sakadang.

Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bpo......... sekalian, Hingkang mangke

nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo......... kekalih.

Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco,

8

Page 9: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Bpo......... kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bpo.........

minangka Abon-Aboning paningset.

Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun Rr......... sarta Bg......... sampun wonten

hing pamurbanipun Bpo......... kekalih.

Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih mugi katur hing

Bpo......... sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih.

Mugi wonteno keparingipun Bpo......... sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten

papanggihan tatacara ringkes hing.......... punika ngantos dumugi sapari purnanipun.

Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha

kirang runtuting anggen kula matur.

Kados cekap semanten atur panampi kula,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

====================================================================

PASRAH BADHE IJAB

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo.......... sekalian hingkang winengku ing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo dening Bpo......... kekalih, Hingkang wigatosipun kinen hangaturaken

salam wilujeng mugi katur Bpo......... sekaliyan kanthi papuji rahayu wilujeng tansah nunggil

hing Bpo......... sakulawarga.

Kajawi punika kula kadhawuhan hanyowanaken putra kakungipun ingkang nami Bg.........

hingkang sampun sami gumolonging nala, Mugi kaparenga kaIJAB nikahaken kalian pun

Rr.......... putrinipin Bpo......... sekaliyan.

Papujinipun Bpo......... kekalih mugi kalampahanipun sageto wilujeng tanpa pambeng,rahayu

tanpa reridu saha kalis hing rubeda.

Hing wasana cekap semanten atur kula, kirang susila anggen kula sowan saha matur, kula

nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PASRAH BADHE IJAB

9

Page 10: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo......... kula hangaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah para kadang

pangaraking badhe penganten.

Salam wilujengipun Bpo.......... sakalian kula tampi,nuli badhe kula aturaken dhumateng

Bpo.......... kakalih.

Hing salajengipun kaparenga kula tampi ugi, Bg.......... putra kakungipun Bpo.......... sakalian.

Tumuli mangke badhe kaIJAB khabulaken kaliyan Rr.......... putra estrinipun Bpo.......... kakalih.

Panjenengan sakadang kaparenga kula suwun hajenengi sarta hangestreni murih rahayu wilujeng

tumapaking tatacara akhad nikah punika mangke.

Salam wilujengipun Bpo..........kekalih mangke mugi katur Bpo.......... sekaliyan kahiring puji

rahayu.

Cekap semanten panampi kula,dene pinanggih kucuwo kula nyuwun gunging samodro

pangaksama.

Wassalamu'alaiku wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

PASRAH BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo.......... sakalian hingkang tansah winantu hing karahayon.

Sowan kula sinaroyo Bpo.......... kekalih,hingkang wigatosipun kinen hangaturaken salam

wilujeng mugi katur Bpo......... sekaliyan, sinartan papuji rahayu mugi Bpo.......... sakulawarga

tansah hamangyo suka basuki.

Hing salajengipun kula kadhawuhan nyowanaken putra kakungipun Bpo.......... nami pun

Bg.......... hingkang sampun hanindhakaken akhad nikah kaliyan pun Rr.......... putrinipun

Bpo.......... sakaliyan.

Dene menggah kalampahing tatacara panggihing panganten, kula hamung sumonggo hing

kaparengipun Bpo.......... sakaliyan.

Makaten atur kula,pinanggih kirangipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu' alaikum wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

10

Page 11: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

NAMPI BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo.......... Langkung rumiyin kula ngaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah

pangaraking panganten kakung.

Salam wilujengipun Bpo.......... sekalian kula tampi,nili badhe katur dhateng Bpo.......... kakalih.

Hing salajengipun,panganten kakung pun Bg.......... kaparengna kula tampi,dene menggah

kalajenganipun tatacara panggih sampun wonten hing pamurbanipun Bpo.........kakalih.

Mugi wontena kaparengipun Bpo.......... .Dalah sapangaraking panganten kakung lenggah paring

puji pangetu mrih wilujengipun tatacara pahargyan ing wanci punika.

Salam wilujengipun Bpo.......... kakalih mugi kahaturna hing Bpo.......... sekaliyan kanthi papuji

mugi tansah rahayu hingkang pananggih.

Makaten atur panampi kula,menawi pinanggih kuciwa kula nyuwun lubering samodro

pangaksama.

Wassalamu'alaikium wr.wb.

Nuwun.

 PASRAH MANTEN NGUNDUH MANTON

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Bpo.......... ingkang winengku ing karahayon.

Saderengipun kula matur esthining sedya, langkung rumiyen netepi,nglenggono,ngrumaosi

jejering titah uatwi umat,mboten kendhat-kendhat tansah munjukaken Puja Puji Syukur ing

ngarsaning ALLAH Ingkang Murbeng Jagad,mugi peparinging Rokhmat wujud pinten-pinten

raos nikmat ing antawisipun,wanci punika panjenengan kula ginanjar bagas waras kiat.

Bpo.......... hingkang winengku hing suka basuki.

Sowan kula dipun saroyo Bpo.......... saperlu :

1. Ngaturaken salam wilujengipun Bpo......... sekaliyan,katur Bpo.......... sekaliyan.

2. Nglarapaken penganten ingkang punika sampun jangkep sajodho,awit sampun katindakaken

ijab,pangih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun rikala dinten.......... surya kaping..........

pinaringan wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana widada nir ing sambekala.

11

Page 12: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Ingkang salajengipun sapunika kula pasrahaken borong hanggenipun

ngendikani,mituturi,mbebolehi,ndidik,nggula wenthah mrih lestari,widada anggenipun jejodhoan

sageta mbangun bale wisma ingkang sakinah,mawa'dah,warrokhmah,antuk ridhaning ALLAH

Hingkang Maha Mirah,tansah rukun,atut runtut,wohing atut mugi pinaringan putra ingkang

dados tetangsul langgeng tutug trah tumerah lantaran turun anggenipun bebesanan.

Cekap semanten atur kula,tumrap kiranging atur, kula sapangombyong nyuwun agunging

pangaksama.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Bpo.......... hingkang winengku hing karahayon.

Saderengipun kula matur,mugi sih wilasa-wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung tansah

hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan.

Kula hingkang kasaroyo Bpo.......... sekaliyan,

Hingkang sepisan,kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bpo.......... sekaliyan mugi

katur dhumateng Bpo.......... sarimbit dalasan kulawangsanipun.

Hingkang kaping kalih,kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung hingkang hasesilih

Bg.......... putra saking Bpo.......... sekaliyan,mugi kadhaupna kaliyan Rr.......... putra putrinipun

Bpo.......... sekaliyan.

Gegandhengan panganten kakung sampun mangagem busananing keprabon,lampahing tatacara

panggihing panganten kula sumanggakaken.

Namung atur uninga,sapari purnaning tatacara panggihing penganten,Bpo.......... sarimbit dalasan

kulawarga badhe mertuwi putra hingkang kapahargya wanci.......... punika.

Makaten hatur pasrah kula,dene kula hingkang kadhawuhan matur,kula nglenggana kathah atur

ingkang mboten damel sarjuning panggalih kula nyuwun pangapunten.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

===================================================================

12

Page 13: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

NAMPI PASRAH PANGANTEN KAKUNG

Assalamu'alaikum wr.wb

Bpo.......... hingkang tinanggenah hanglarapaken panganten kakung.

Kula hingkang kadhawuhan Bpo.......... sekaliyan hanampi pasrah panjenengan,kalilaana kula

ngaturaken salam wilujeng rawuh panjenengan,hawit kasembadaning karya,temah saget

mboyong penganten kakung kanthi raharja kalising rubeda ing lampah.

Kula tampi salam wilujengipun saking Bpo.......... sekaliyan,mangke badhe kula aturaken

ingkang kawogan.

Ugi mboten kesupen salam wilujengipun Bpo.......... sekaliyan mugi ka'aturna dhumateng

Bpo.......... dalasan kulawarga.

Ingkang salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung kula tampi kanthi bingahing

manah,tumuli badhe katindhakaken lampahing tatacara panggihing penganten.

Dhumateng panjenengan saha pangaraking penganten kakung,kula suwun keparenga lenggah

wonten palenggahan ingkang sampun kasamekta'aken,saperlu hanjenengi wontenipun pahargyan

hing wanci.......... punika.

Semanten atur kula,hawit saking sedaya kalepatan kula nyuwun samodraning pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

====================================================================

PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTON

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan.

Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih

linimputan ing karaharjan.

Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos.

Salajengipun mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung

punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.

1. Kula nuwun,

Pambage wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging katarimah

dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi utawi hangestreni Ijab

kalajengaken panggihing penganten, Rr.......... kadhup angger Bg.......... ,sampun kalampahan

wilujeng sepen ing sambekala.

13

Page 14: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya

widada jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang

sami bebesanan,kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun.

Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma.

2. Kula nuwun,

Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun.

Nanging panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung kasumanggakakening

Pangeran Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot

katimbang luhuring budinipun para lila-legawa ing penggalih.

Wasana tumrap kirang jangkeping suba-sitanipun ingkang hatur-hatur kersa-a halapang

jaja,kanthi ngluberaken samodra gung pangaksama.

Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti RAHAYU

WILUJENG WINANTU ING SUKARENA.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

=================================================================

PAMBAGYA HARJA

Kawilujengan,katentreman sih wilasa lan nugrahaning Gusti Kang Maha Kawasa,mugi tansah

kapatedhakna dhumateng kula sadaya ing pahargyan.

Kula nuwun,

Assalamu'alaikum wr.wb.

Saderengipun katuraken esthining sedya,keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu

sadaya,mboten kendhat-kendhat munjukaken puja-puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang

Murbeng Jagad.

Awit peparing rakhmat,wujud pinten-pinten raos nikmat,ing antawisipun ing wanci punika

panjenengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat.

Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Kula hingkang kasarayo Bpo.......... kalilanana kula matur,

1. Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun,awit kepareng panjenengan sampun

kersa rawuh ing papan pahargyan punika,mituruti-minangkani panyuwunipun Bpo.......... , Milo

mboten mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari kaeroban

seganten madu,bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun.

14

Page 15: Contoh MC Dalam Bahasa Jawa

2. Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa

kemawon,sampun katampi kanthi bingah katarimah ing manah,mugi dadosa ngamal kasaenan

panjenengan lan angsala ganjaran ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad.

3. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih,sanak kadang,mitra sutresna ingkang paring

pambiyantu,panyengkuyung arupi bahu-suku,panggalihan,eguh pratikel.rerigen lan sanes-

sanesipun mrih rancak,lancar,regeng kaleksananing pahargyan punika.

Para tamu ingkang winengku suka basuki.

Kaperluan ing dinten punika kados sampun kaserat ing serat sedhahan, Bpo.......... kagungan

kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang anama Rr.......... kadhaup Bg..........

putranipun Bpo/Ibu.......... ing.......... .

Kaleksanan IJAB,panggih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahating Gusti

ALLAH Ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu kakung-

putri,ginanjar wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana nis ing sabekala.

Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para tamu,mugi-mugi pengenten kekalih tansah

rukun,runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya,tansah runtut atut,wohing atut pinaringan

patutan putra ingkang hanung-hanindhita. (tegesipun putra hingkang sae lahir

batosipun,nyenengaken tiyang sepuhipun,migunani bebrayan nusa-bangsa lan agaminipun).

Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena.

Niyating manah lan panjangkah,tansah mbudidaya panampi kula,mugi para tamu karenan ing

driya.

Ewadene kok inggih wonten kemawon kekiranganipun,wiwit atur sedhahan ingkang mboten trep

asma-sesebatan,kalenggahan lan sanes-sanesipun,boja lan suba-sitanipun.

Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten.

Ing wasana kula piyambak kiranging tatakrami,nalisiring kasusilan ingkang jalari kirang

renaning panggalih,kasuwun halapang jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

15