blog.uny.ac.idblog.uny.ac.id/suwarnadr/files/2018/04/BAB-III-bekal.docx · Web viewWong pinter...
-
Upload
truonglien -
Category
Documents
-
view
371 -
download
0
Transcript of blog.uny.ac.idblog.uny.ac.id/suwarnadr/files/2018/04/BAB-III-bekal.docx · Web viewWong pinter...
19
BAB III.BEKAL PIDATO
Woodrow Wilson:
I use not only all the brains I have, but all that I can borrow.
(Lucas, 1989)
Agar dapat berpidato dengan baik, diperlukan bekal pidato sebagai berikut.
A. Olah SuaraPada suatu acara pemilihan penyanyi berbakat Agnes Monica berkata
bahwa warna suara itu anugerah, tetapi suara dapat diolah. Warna
suara seseorang merupakan anugerah Tuhan sehingga warna suara
setiap orang berbeda-beda, ada yang tenor, barito, melengking, serak-
serak basah, dan sebagainya. Ada sesorang yang memiliki suara yang
indah sejak dilahirkan. Namun tidak semua orang demikian, ada orang
yang memiliki kualitas suara yang biasa saja, bahkan ada yang jelek,
cempreng, parau, atau yang lain.
Akan tetapi, kita tidak perlu khawatir karena suara dapat diolah atau
dilatih. Dengan warna suara yang sama apabila dilatih dan diolah,
suara akan menjadi lebih indah. Inilah yang disebut olah suara (olah
vokal). Suara yang diolah atau vokal yang dilatih, menjadikan suara
lebih konsisten dalam nada, dapat mencapai oktaf yang lebih tinggi,
nada dapat menggapai nada yang lebih rendah dari semula sebelum
vokal dilatih. Selain itu olah yang berlatih vokal atau suara dapat
melantunkan variasi nada yang dinamis.
Berdasarkan pengalaman penulis, keberhasilan seseorang untuk
berpidato ditentukan oleh beberapa hal yakni (1) olah suara, (2) olah
20
bahasa dan sastra, (3) olah raga dan busana, (4) pesan, (5) media, (6)
gesture, kinesik, atau isyarat nonverbal.
Suara memiliki kontribusi keberhasilan terbesar dalam sukses
berpidato. Kontribusi olah suara dapat mencapai 60%. Artinya 60%
keberhasilan berpidato ditentukan oleh kualitas olah suara. Perhatikan
kualitas kesuksesan orang berpidato berikut!
1) Rangking I : olah suara bagus dengan olah bahasa
sastra yang bagus pula.
2) Ranking 2 : olah suara bagus walau bahasa dan sastra biasa
saja.
3) Ranking 3 : olah suara biasa dengan bahasa sastra bagus
4) Ranking 4 : olah suara biasa dengan bahasa sastra yang
biasa pula.
Pada ranking 1 dapat dikatakan “sempurna” dengan olah suara dan
bahasa dan sastra yang bagus, berpidato orator tentu dapat dinikmati
dan diapresiasi. Orator hebat. Pada ranking 2 juga dapat diapresiasi
karena kualitas suara. Hal ini sesuai dengan prinsip keindahan dan
hakikat berpidato terkat langsung dengan kualitas suara. Berpidato
lebih mengutamakan suara dengan tidak mengesampingkan lainnya.
Ranking 3 dan 4 juga masih dapat dinikmati walau dengan olah suara
yang biasa. Hal ini menunjukkan bahwa suara memang memiliki
kontribusi terbesar terhadap keberhasilan berpidato.
Bandingkan dengan kenyataan berikut. Berpidato berikut sulit untuk
dinikmati.
5) Bahasa sastra indah, tetapi olah suara tidak bagus.
6) Bahasa sastra biasa, olah suara juga tidak bagus.
7) Bahasa sastra buruk, olah suara juga buruk.
Hal tersebut menunjukkan bahwa olah suara memiliki kontribusi
terbesar terhadap keberhasilan orang berpidato. Oleh karena itu, jika
ingin sukses berpidato, gunakanlah olah suara yang bagus.
21
B. Olah Bahasa dan SastraOlah bahasa dan sastra berarti menggunakan bahasa yang baik dan
benar atau bahkan menggunakan bahasa susastra (bahasa yang
indah). Untuk olah bahasa dan sastra meliputi keterampilan membuat
dan menggunakan hal-hal berikut.
1) purwakanthi,
2) parikan,
3) wangsalan,
4) tembang,
5) basa rinengga,
6) panyandra,
7) paribasan,
8) bebasan,
9) saloka,
10)pepali (Padmosoekotjo, 1964).
Penjelasan masing-masing olah basa dan sastra sebagai berikut.
1) PurwakanthiPurwakanthi dalam sastra Indonesia disebut persajakan, yaitu
persamaan bunyi sehingga tuturan terasa lebih indah. Purwakanthi ada
empat macam yakni:
a) purwakanthi guru swara,
b) purwakanthi guru sastra,
c) purwakanthi guru wanda,
d) purwakanthi guru basa/lumaksita.
Purwakanthi guru swara adalah perulangan persajakan/persamaan
bunyi vokal. Perhatikan contoh berikut.
a) Putraku Ngger Jati Laksana, dadi anak mono kudu bekti marang wong
tuwa amrih uripmu bisa mukti, aja nganti duraka mundhak cilaka.
22
b) Wong sing bekti iku tegesi wedi, yen bekti uripe bakal mukti, yen
nyambut gawe sing premati lan taliti aja nganti rugi tembe buri.
c) Goleka ngelmu marang guru supaya mulya uripmu.
Kata laksana bersajak dengan wong tuwa, bekti bersajak dengan
mukti, duraka bersajak dengan cilaka.
Purwakanthi guru sastra adalah perulangan konsonan dalam suatu
tuturan sehingga menjadi lebih indah.
d) Dadi anak menawa matur marang wong tuwa prayoga kanthi tata titi
tatas miwah pratitis amrih wong tuwa ora tumpang suh anggone
nampa pamothahing putra.
e) Kala kula taksih alit, kula kilak kalung kalih kalo keli kali kilen kula.
Kalung kula kelip-kelip kula kelop-kelop.
Contoh (d) dengan persajakan /t/ pada tata titi tatas pratitis. Contoh (e)
terdapat persajakan /k, l/.
Purwakanthi guru wanda adalah perulangan suku kata atau gabungan
vokal dan konsonan.
f) Ana bocak saiki sing angel dituturi, karo simbah wani mbantah, karo
bapak wanita nggetak, karo simbok wani nabok, karo sibu ora nggugu,
karo paklik malah mendelik, karo guru wani nyaru, dikandhani walah
wani. Kang mangkono iku kudu disingkiri amrih ora dadi ciri.
g) Wong pinter syukur uripe bakal makmur, apa maneh rukun sanak lan
sadulur, duwe watak budi luhur, karo tangga uga akur, bisa ngedohake
siksa donya lan alam kubur. Kosok baline yen ora bisa syukur, uripe
bisa ancur, rebutan warisan karo sedulur ora akur, wong mangkono iku
pantese dithuthuk siwur.
h) Dadia bocah sing sregep ngibadah supaya uripmu kebah barakah,
sumandhing marang rahmah, satemah besuk uripmu bakal bungah,
rejekine tambah, malimpah, malah kepara turah. Kosok baline yen ora
syukur nikmah, uripe bisa susah, rejeki seret ora tau turah, apamaneh
saben taun metang-meteng anake tambah, anak gemrayah kakehan
23
cacah, angel diatur marahi ati susah, amarga tingkahe sing ora
nggenah, wong tuwa dadi pikire sempelah, akhire stroke ora bisa obah,
mati dhepani lemah, oo alah putune Mbah Dullah.
Contoh (f) terdapat purwakanthi sebagai berikut.
Ana bocak saiki sing angel dituturi, memiliki purwakanthi /i/,
karo simbah wani mbantah, memiliki purwakanthi /ah/,
karo bapak wanita nggetak, memiliki purwakanthi /ak/,
karo simbok wani nabok, memiliki purwakanthi /bok/,
karo sibu ora nggugu, memiliki purwakanthi /u/,
karo paklik malah mendelik, memiliki purwakanthi /lik/,
karo guru wani nyaru, memiliki purwakanthi /ru/,
dikandhani walah wani memiliki purwakanthi /ni/,
Kang mangkono iku kudu disingkiri amrih ora dadi ciri, memiliki
purwakanthi /ri/.
Contoh (g) memiliki purwakantji /ur/ dan /kur/,
Contoh (h) memiliki purwakanthi /ah/
Purwakanthi guru basa atau lumaksira adalah perulangan kata
sehingga ekspresi lebih indah.
i) Urip donya iku paringane Pangeran, mula kudu disyukuri lan diudi
amrih biasa nemu kamulyan. Kanggo ngudi urip mula, kudu kebaking
pambudidaya, malah kadhang kala bisa nemu pepalang lan bebaya.
Unen-unene carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Orang gampang
wong urip ingngalam donya.
j) Mekaten ingkang dados atur kula, ing pangajab panjenengan sedaya
sekeca lelenggahan. Bokmenawi wonten atur kula ingkang kirang
mranani penggalih jenang sela, sela kang pindha cara, apuranta
cinandhi salama-lama.
Contoh (9) terdapat purwakanthi basa dengan mengulang kata kaa
wreksa, dan pada contoh (10) purwakanthi lumaksita dengan
mengulang kata sela.
24
2) ParikanParikan dalam sastra Indonesia disebut pantun. Parikan dapat terdiri 2
dan 4 baris. Jika parikan terdiri atas 2 baris, baris 1 berisi sampiran,
dan baris 2 berisi isi. Jika parikan terdiri atas 4 baris, maka baris 1 dan
2 sebagai sampiran, sedangkan 3 dan 4 berisi jawaban. Syarat parikan
adalah kesamaan bunyi pada akhir baris. Parikan untuk anak seperti
contoh berikut.
a) Ngasah arit kudu landhep,
Dadi murid kudu sregep.
b) Nandur pari wis padha tuwa,
Anak bekti marang wong tuwa.
c) Wajik klethik gula Jawa,
Luwih becik sing prasaja.
d) Kayu glugu diobong geni,
Kudu tliti yen luru ngelmi.
e) Tuku kaos ing wisata kutha Bali,
Aja boros dhuwite dicelengi.
f) Gunung Mrapi Gunung Merbabu,
Kali Pogo Agung banyune,
Ayo padha sregep sinau,
Golek ilmu akeh gunane.
g) Surabaya Jawa wetan,
Tugas:Kadamelna tuturan ingkang ngandhut purwakanthi kasebat, saben purwakanthi setunggal sesorah!
25
Semarang Jawa tengahe,
Dadi murid aja kesedan,
Yen kesed kapan pintere.
h) Sega gurih lawuh empal,
Rasa senak berase anyar,
Dadi bocah aja nakal,
Kudu ulah ati kang sabar.
i) Saka Malang menyang Surabaya,
Tuku apel kanggo cangkiran,
Wiwit enom urip prasaja,
Tekan tuwa kajen keringan.
j) Tuku cingur ing Surabaya,
Tuku gudheg ing Nyagogya,
Dadi bocah bekti wong tuwa,
Besuk bakal urip mulya.
Tuladha wonten ing akhiring sesorah upaminipun:
1. Para rawuh ingkang kinurmatan cekap semanten atur kula, bokbilih
wonten tuna dungkaping atur, cicir cewet ingkang damel kuciwa,
kupat janure tuwa sedaya lepat nyuwun pangaksama. Nuwun.
2. Pungkasan, bilih wonten ingkang atur ingkang kelantur, wacana
ingkang katula-tula, satemah kirang ndadosaken renaning
penggaling panjenengan para tamu, sedaya kula nglenggana bilih
kula cupet ing ngelmi, kidhung ing pamarasastra, satemah kirang
Tugas:
Kadamelna parikan ingkang magepokan guru!
26
pana pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, mila kupat
bumbune santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
3) WangsalanWangsalan juga merupakan sarana olah bahasa dan sastra dan
sangat produktif pada saat beberpidato bagi yang memahami sastra
Jawa dengan baik. Wangsalan juga memiliki sampiran dan isi.
Sampiran pada baris pertama dan isi pada baris kedua. Misalnya:
a) Mekaten atur kula bokbilih wonten cicir cewet kuciwaning atur, jenang
sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.
b) Kalamun anggen kula matur kirang runtut pangrakiting ukara, kirang
pana pandhapuking basa, awit saking cubluking paramasastra, sayuk
karya wulung wido mangsa rowang nun inggih awit saking bodho
kawula.
c) Puput pepunting atur kula tebah siti boga kang binuntel roning kalapa
apuranta yen wonten lepat kawula.
Contoh tersebut dapat dianalisis sebagai berikut. Contoh (a) jenang
sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.
Jenang sela adalah apu (injet/adonan batu gamping), wader kalen
sesondheran adalah ikan wader yang memiliki benang pada siripnya
yaitu ikan sepat. Maka dari sampiran apu dan sepat, dibuatkan
jawaban atau isi apuranta yen wonten lepat kawula.
Contoh (b) sayuk karya wulung wido mangsa rowang nun inggih awit
saking bodho kawula. Sayuk karya adalah saiyeg (ingat ada ideom
saiyek saeka kapti), wulung wido mangsa rowang mengacu pada
Tugas: Damel teks wicara sesorah ingkang ngempot parikan kasebat
saboten-botenipun setunggal alenia
27
burung hitam berhiaskan buku berwarna hijau kekuningan disebut wido
yang kerap muncul pada musim kedua perhitungan Jawa yaitu manuk
bidho. Burung ini sedang berburu rumah tawon untuk memakan anak-
anak tawon. Karena bulunya yang tebal, sengatan tawon tidak akan
sampai ke kulitnya. Maka sayuk karya adalah saiyeg, wulung wido
mangsa rowang adalah bidho, maka sampiran sayuk karya wulung
wido mangsa rowang, dijawab dengan isi sayektine (dari saiyeg) wit
saking bodho (dari kata bidho) kawula.
Contoh (c) tebah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen
wonten lepat kawula. Tebah siti yaitu alat untuk membersihkan tanah
(sapu), boga kang binuntel roning kalapa (makanan yang dibungkus
daun kelapa) adalah kupat. Maka sampiran tebah siti boga kang
binuntel roning kala dijawab dengan apuranta (dari sapu) yen wonten
lepat (dari kupat) kawula.
4) Tembang
Tembang yang biasa digunakan dalam berpidato adalah tembang
Macapat. Ada 11 tembang Macapat yakni Mijil, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Dhandhanggula, Gambuh, Maskumambang, Durma,
Pangkur, Megatruh, dan Pocung. Mengenai tembang yang dipilih
disesuaiakan dengan isi berpidato. Tembang-tembang berikut cocok
untuk berpidato pada saat sunatan.
Tugas:
Padosa wangsalan ingkang dipunginakaken di sesorah basa
Jawi saboten-botenipun 5 wangsalan lajeng
dipunandharaken (analisis)!
28
a) Pangkur
Mingkar-mingkuring ukara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.
(Wedhtama anggitan KGPAA Mangkunegara IV)
Tembang Pangkur (a) tersebut berisi tentang cara mendidik anak yang
dimuat dalam tembang yang indah. Tembang ini berisi ajaran mulia
untuk orang Jawa. Ajaran mulia itu terdapat dalam perintah agama.
b) Pangkur
Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkangipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang si pingging.
(Wedhatama anggitan KGPAA Mangkunegara IV)
Tembang Pangkur (b) berisi orang yang bodoh malah banyak bicara
yang tidak berbobot “tong kosong berbunyi nyaring atau air beriak
tanda tak dalam”. Yang pandai lebih baik mengalah.
c) Pangkur
Uripe sapisan rusak,
nora mulur nalare ting saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
29
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.
(Wedhatama anggitan KGPAA Mangkunegara IV)
Tembang Pangkur (c) berisi orang yang berpikiran negatif (kotor) atau
bodoh diibaratkan mulut gua yang terserang angin sehingga
bergemuruh. Artinya banyak bicara. Walaupun demikian, dia masih
sombong.
d) Sinom
Nulada laku utama,
tumrape wong Tanah Jawi,
Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
kepati amarsudi,
sudane hawa lan nepsu,
pinesu tapa brata,
tanapi ing siyang ratri,
amemangun karenak tyasing sesama.
(Wedhatama anggitan KGPAA Mangkunegara IV)
Tembang Sinom tersebut berisi nasihat untuk mencontoh perilaku
utama (keutamaan) Panembahan Senapati. Panembahan Senapati ini
gemar tirakat siang dan malam untuk mengurangi hawa nafsu. Semua
perilakunya senantiasa membuat senang orang lain. Bagi orang Jawa
(apalagi para praktisi seni budaya seperti karawitan, campursari,
wayang, dan ketoprak), tembang tersebut sangat kondang dan hampir
dipastikan dihafal oleh semua wiraswara (penggerong) dan swarawati
(pesindhen).
30
e) Pocung
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangkese dur angkara.
(Wedhatama anggitan KGPAA Mangkunegara IV)
Tembang Pocung berisi bahwa ilmu harus dicari. Setelah didapatkan,
ilmu harus diamalkan. Hasil pengamalan ilmu itu harus membuat
kesejahteraan dan menghapus kejahatan. Tembang ini juga kondang
seperti tembang Sinom di atas. Tembang ini juga dipastikan dihafal
oleh para praktisi, diajarkan oleh guru (wajib bagi guru bahasa Jawa),
digunakan untuk dakwah, dan sebagainya.
f) Mijil
Poma kaki padha dipuneling,
ing pitutur ingong,
sira uga satriya arane,
kudu antêng jatmika ing budi,
ruruh sarwa wasis,
samubarangipun.
(Serat Wulangreh anggitan Sri Susuhunan Paku Buwana IV)
Tembang Mijil tersebut berisi nasihat kepada anak, cucu, dan kawula
muda agar memiliki watak kesatria, yakni baik budi, berbudi utama
atau budi pekerti luhur, tidak sombong, dan pintar dalam berbagai hal.
g) Dhandhanggula
Wulang sunu kang kinarya gendhing,
kang pinurwa tataning ngawula,
suwita ing wong tuwane,
31
poma padha mituhu,
ing pitutur kang muni tulis,
sapa kang tan nuruta saujareng tutur,
tan urung kasurang-surang,
donya ngakir tan urung manggih billahi,
tembe matine nraka.
(Wulang Sunu anggitan Sri Susuhunan Paku Buwana IV)
Tembang tersebut diperuntukan bagi anak agar berbakti kepada orang
tua, melaksanakan nasihatnya (baik nasihat lisan atau tertulis). Anak
yang tidak berbakti (melaksanakan nasihat orang tua), hidupnya bakal
sengsara dunia akhirnya dan akhirnya masuk neraka.
5) Basa RinenggaBasa rinengga adalah membuat tuturan menjadi lebih indah daripada
tuturan biasa. Bandingkan!
Tabel 4.1 Basa rinengga
Basa Prasaja Basa Rinengga
Pamuji syukur
dhumateng Gusti kang
Mahakawasa ingkang
sampun paring
kanikmatan ingkang
kathah boten saged
winilang.
Puja hastungkara konjuk
mring ngarsaning Gusti
kang Mahakawasa
ingkang sampun paring
sih kanugrahan ingkang
tanpa pepindhan.
Ngaturaken sugeng
rawuh dhumateng para
tamu miwah agunging
panuwun ingkang tanpa
Hangaturaken pambagya
kawilujengan sinuba
sinukarta kairing jatining
pakurmatan sinawung
32
pepindhan. agunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan.
Pungkasaning atur kula
menawi wonten
kalepatan kula nyuwun
pangapunten.
1. Puput pepuntoning atur
kula bilih wonten cicir
cewet kuciwaning atur,
kula nyuwun agunging
samodra pangaksama.
2. Pungkasaning atur kula
bilih wonten ingkang
kirang mranani penggalih
awit kirang pana
pandhapuking basa,
kirang runtut pangrakiting
ukara jalaran cubluking
paramasastra kula
nyuwun lumunturing sih
samodra pangaksama.
3. Pungkasaning atur kula
bokbilih wonten atur
ingkang kalantur,
angandhar-andhar
angendhukur, sayuk karya
wulung wido mangsa
rowang sayektine wit
saking bodho kawula.
Mugi karsa paring
samodraning aksama.
4. Puput pepuntoning atur
kula, tebah siti boga kang
binuntel roning kalapa,
apuranta yen wonten lepat
33
kawula.
6) Panyandra
Panyandra yaitu mendeskripsikan sesuatau barang atau keadaan
manusia dengan menggunakan bahasa yang indah.
Contoh:
(a) Ana wisma banjar dawa papane jembar sarwa bawera. Wismane
sinung delanggung margi agung, saben lurung rinengga dilah ting.
Wismane pinager banon binelah nratas tumuju wenganing dwara.
Lumebet wisma pinanggya gapura sineratan aksara Jawa munya
“wohing mardika hambangun gatraning praja”.. Rinengga renga
pinajang pajang rontek umbul-umbul. Lamuna ana wisma sewu tan
jangkep sedasa, lamun satus tan pinanggya tiga. Hanenggih menika
gumelaring wisma sang pamengku karsa
(b) Sasana palenggahan sang aputra sinupit rinengga-rengga
kaendahane. Gebyog hanggegancang tinatah tinatu rengga, kadya
hanyangga langit, langit lelungitan cinawi sarwa hangrawit.
Kaendahane wimbuh dhasar cineplokan ing sekar-sekar awarni seta,
bintulu, wilis, lan jenar. Pandam sumuluh hamajari ing saranduning
sasana palenggahan risang sinupit.
7) Paribasan
Paribasan seperti ideom yang konsisten dengan tidak menggunakan
makna kias. Misalnya:
(a) Ngger putraku kang dkatresnani, duwea tumindak utama, dohana
tumindak ala. Ana unen-unen paribasan becik ketitik ala ketara. Sapa
Tugas: Kapijia (evauali) panyandra kasebat manut pamanggih panjenengan!
34
sing tumindak akhire mesthi bakal katon, mangkono uga kosok baline
kang tumindak ala bakal konangan.
(b) Putuku Ngger Baskarajati, goleka ngelmu kang dhuwur supaya bisa
nemu kamulyan uripe salawase. Sanadyan jer basuki mawa beya,
kowe ora prelu khawatir jalaran wong tuwamu wis nyamektake sarana
beya kanggo sekolahmu.
(c) Dadia bocah sing lembah manah, aja gumedhe, nanging tansah
ngormati wong liya lan ngasorake dhiri. Kang mangkene iki bakal bisa
njunjung drajatmu. Aja nganti kaya si pingging, durung pecus keselak
besus. Tegese kakehan omong nanging ora mrantasi gawe.
8) BebasanBebasan ini sekelompok dengan paribasan, bedanya kalau paribasan
tidak menggunakan makna kias, maka bebasan menggunakan makna
kias.
Contoh:
(a) Dadi bocah sing bekti marang wong tuwa, rasa kurmat, manut marang
dhawuhe, tembene bisa mikul dhuwur mendhem jero. Dadi anak kudu
bisa njunjung drajating wong tuwa. Kajaba iku anak kudu bisa nyimpen
wewadine wong tuwa satemah wong tuwa dadi kajen kineringan ing
bebrayan masyarakat.
(b) Sing padha rukun karo sedulur. Sanadyan wong tuwa wis paring srana
kanggo nggayuh kamulyaning urip para putrane, upamane kanthi
sekolah lan pawitan utawa modhal usaha. Nanging kadhang kala asile
beda. Anak sing kasil kanthi becik utawa sukses, ana uga kang kosok
baline uripe kesrakat malah sarwa kekurangan. Kang mangkono iku
aja ndadekake kendhone paseduluran. Aja kadang konang amung
dulur kang sugih wae kang kaanggep. Kabeh padha aja mbedak-
bedakake. Iku kabeh kanggo tumuju karukunane kulawarga.
35
9) SalokaSaloka ini juga sekelompok dengan paribasan dan bebasan. Saloka ini
menggunakan makna kias dan sebagai cirinya saloka memiliki subjek
seperti layaknya subjek dalam fungtor kalimat.
Contoh:
(a) Saiki akeh bocah kang luwih pinter tinimbang wong tuwane. Iki pancen
kudu dumadi amrih kulawarga, masyarakat, lan negara sansaya maju.
Mangkono dadi wong tuwa ora prelu wigah-wigih menawa kudu anak
sing bisa nandangi gawe. Ora prelu isin wong tuwa takon marang anak
ing babagan ngilmu teknologi. Ana unen-unen kebo nusu gudel.
Tegese wong tuwa malah takon ngelmu marang anak. Iku ora dadi
ngapa. Si anak uga aja kumaki lan gumedhe sebab anak bisa pinter
amarga diragadi wong tuwa.
(b) Aku minangka simbahmu melu seneng. Katone Ngger putuku,
sekolahmu pinter kaya ibumu dhisik. Ibumu dhisik nalika sekolah kerep
dadi juwara ing kelase. Ya sajake saloka kacang ora ninggal lanjaran
nrupapi marang kowe Ngger putuku bocah bagus.
10)PepaliPepali ini semacam ideom yang berupa wejangan, nasihat, atau
wasiat. Misalnya pepali Ki Ageng Sela.
Ngger putuku eling-elingen Pepali Ki Ageng Sela ing ngisor iki.
Kanthinuhoni pepali muga bisa nemu katentreman uripe.
(a) Aja agawe angkuh (jangan bertindak angkuh).
(b) Aja ladak lan aja jail (jangan bengis dan jahil).
(c) Aja ati serakah (jangan berhati serakah).
(d) Lan aja celimut (jangan panjang tangan).
(e) Aja mburu aleman (jangan mencari pujian).
(f) Aja ladak; wong ladak pan gelis mati (jangan bengis dan emosian, bisa
cepat mati).
(g) Aja ati ngiwa (jangan condong ke kiri) (http://babarusyda.blogspot.com
/2014/10/pepali-ki-ageng-selo.html).
36
C. Kerangka Berpidato JawaSetiap berpidato dipastikan memiliki kerangka purwaka basa, surasa
basa, dan wasana basa.
1) Purwaka BasaPurwaka basa adalah bagian awal berpidato. Pada bagian awal ini
terdiri atas:
(a) Salam
(b) Pakurmatan
(c) Pamuji syukur.
Misalnya:
(1) (a) Assalamu ‘alaikum ww. (b) Ingkang satuhu minulya Bapak Sutejo
minangka kasepuhan ing Dusun Ngglagahsari menika. Bapak Lurah
miwah para pamong pangembating praja ingkang minangka pandam,
pandom, pepanutaning kawula dasih. Para tamu ingkang satuhu
kinurmatan. (c) Sumangga kula dherekaken hamuji syukur dhumateng
Gusti Kang Mahakuwaos ingkang sampun paring sih kanugrahan
ingkang tanpa pepindhan.
(2) (a) Nuwun, mugi kaberkahan, karahmatan, kamulyan, karaharjan,
kabagyan, miwah katentreman tansah kajiwa kasarira mring sanggya
para tamu ingkang minulya. (b) Para ajisepuh ingkang satuhu
minulyeng budi, para kasepuhan ingkang satuhu kinabekben, para
pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan, para sesepuh ingkang kalingga
murdaning akrami, miwah para tamu kadang wredha mudha ingkang
sutresna. (c) Sih kanugrahaning Pangeran ingkang tumedhak miwah
tumanduk mring sanggya kawula dasih. Marma sumangga kula
dherekaken tansah manengku puja ing pepadanipun.
2) Surasa BasaSurasa basa adalah inti dai berpidato. Sebagai contoh untuk surasa
basa sambutan selamat datang atau pambagyaharja pada acara
supitan.
(a) jejibahan (minangka wakilipun);
37
(b) sugeng rawuh;
(c) ngaturaken panuwun awit rawuh miwah pandonganipun para tamu,
panuwun dhumateng sedaya panawung kridha;
(d) pangajab;
(e) atur ngunjuk dhahar pasugatan;
(f) nyuwun pangapunten.
Contoh:
(a) Kula minangka wakilipun Bapak Sutejo miwah Ibu Kustiyah nun inggih
kang hamengku gati keparenga matur dhumateng ngarsanipun para
tamu ingkang minulya. (b) Satuhu ingkang hamengkugati dahat
amarasuka sukaning driya awit sampun saged ngayahi darmaning
wredha, nun inggih ngislamaken putra kinasih kanthi kasupitaken.
Pramila kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh
dhumateng para tamu miwah ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan awit sampun kasdu rawuh paring puji pandonga
pangestu dhumateng anak kula pun Baskarajati. (c) Agunging
panuwun ugi kahaturaken dhumateng para kadang panawung kridha
ingkang sampun nyengkuyung tumapaking adicara, panyengkuyung
dana beya miwah penggalihan. (c) Mugi kanthi pamuji donga rahayu
panjenengan sedaya, anak kula pun Baskarajati dados lare ingkang
tansah bekti dhumateng Pangeran, mbangun miturut dhumateng tiyang
sepuh, tumemen anggenipun sinau, ing tembe dados lare ingkang
gadhah budi pakarti luhur, pinter sekolahipun ngantos tutug ing ngelmi,
satemah manggih kamulyan ing gesangipun. Menggah awit saking
bebuden luhur panjenengan para tamu mugi Gusti kang Mahapriksa
kasdu hamriksani, satemah paring ganjaran lelintu ingkang satraju
syukur bage hanglangkungana. (e) Salajengipun bokbilih para kadang
pramubujana sampun kepareng atur unjukan, nyamikan, saha
pasugatan keparenga ngunjuk sarta dhahar kanthi mardu mardikaning
penggalih. Sedaya kalawau minangka wahyaning pamuji syukur
dhumateng Gusti Allah, miwah asung pakurmatan sarta panuwun
dhumateng para tamu ingkang satuhu minulya. (f) Kalamun
38
anggenipun hanampi rawuh panjenengan kirang hanetepi tritrapsila
panampining tamu nun inggih gupuh, lungguh, miwah suguh nyuwun
agunging pangaksama. Gupuh, bokbilih kirang grapyak miwah
sumanak anggen kula mangayubagya rawuh panjenengan sadaya.
Lungguh, bokbilih anggenipun asung palenggahan kirang mungguh
kaliyan drajat, pangkat, miwah semat. Suguh, bokbilih anggenipun
asung pasugatan kirang mirasa namung kathah wadhah nanging
kirang cacah.
3) Wasana BasaWasana basa yaitu akhir dari berpidato. Wasana basa berisi nyuwun
pangapunten dan salam.
(a) nyuwun pangapunten.
(b) salam.
Contoh:
(a) Puput pepuntoning atur kula, bokbilih wonten atur ingkang
kirang mranani panggalih, kirang pana pandhapuking basa, kirang
runtut pangrakiting ukara, sedaya kalawau awit saking cubluking
paramasastra. Pramila jenang sela wader kalen sesondheran,
apuranta yen wonten lepat kawula. (b) Nuwun, wassalamu ‘alaikum
ww.
D. Contoh Berpidato Acara Supitan(1) Pambagyaharja
Penggabungan purwaka basa, surasa basa, dan wasana basa seperti
teks berpidato berikut. Teks berpidato ini cukup panjang. Teks yang
panjang dapat digunakan saat menanti waktu yang longgar atau
menunggu kehadiran tamu agar lebih banyak.
(a) Pambagyaharja panjang
Nuwun, mugi kaberkahan, karahmatan, kamulyan, karaharjan,
kabagyan, miwah katentreman tansah kajiwa kasarira mring sanggya
39
para tamu ingkang minulya. Para ajisepuh ingkang satuhu minulyeng
budi, para kasepuhan ingkang satuhu kinabekben, para pinisepuh
ingkang satuhu kinurmatan, para sesepuh ingkang kalingga murdaning
akrami, miwah para tamu kadang wredha mudha ingkang sutresna. Sih
kanugrahaning Pangeran ingkang tumedhak miwah tumanduk mring
sanggya kawula dasih. Marma sumangga kula dherekaken tansah
manengku puja ing pepadanipun.
Kula minangka wakilipun Bapak Sutejo miwah Ibu Kustiyah nun inggih
kang hamengku gati keparenga matur dhumateng ngarsanipun para
tamu ingkang minulya. Satuhu ingkang hamengkugati dahat
amarasuka sukaning driya awit sampun saged ngayahi darmaning
wredha, nun inggih ngislamaken putra kinasih kanthi kasupitaken.
Pramila kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh
dhumateng para tamu miwah ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan awit sampun kasdu rawuh paring puji pandonga
pangestu dhumateng anak kula pun Baskarajati. Agunging panuwun
ugi kahaturaken dhumateng para kadang panawung kridha ingkang
sampun nyengkuyung tumapaking adicara, panyengkuyung dana beya
miwah penggalihan. Mugi kanthi pamuji donga rahayu panjenengan
sedaya, anak kula pun Baskarajati dados lare ingkang tansah bekti
dhumateng Pangeran, mbangun miturut dhumateng tiyang sepuh,
tumemen anggenipun sinau, ing tembe dados lare ingkang gadhah
budi pakarti luhur, pinter sekolahipun ngantos tutug ing ngelmi,
satemah manggih kamulyan ing gesangipun. Menggah awit saking
bebuden luhur panjenengan para tamu mugi Gusti kang Mahapriksa
kasdu hamriksani, satemah paring ganjaran lelintu ingkang satraju
syukur bage hanglangkungana. Salajengipun bokbilih para kadang
pramubujana sampun kepareng atur unjukan, nyamikan, saha
pasugatan keparenga ngunjuk sarta dhahar kanthi mardu mardikaning
penggalih. Sedaya kalawau minangka wahyaning pamuji syukur
dhumateng Gusti Allah, miwah asung pakurmatan sarta panuwun
dhumateng para tamu ingkang satuhu minulya. Kalamun anggenipun
40
hanampi rawuh panjenengan kirang hanetepi tritrapsila panampining
tamu nun inggih gupuh, lungguh, miwah suguh nyuwun agunging
pangaksama. Gupuh, bokbilih kirang grapyak miwah sumanak anggen
kula mangayubagya rawuh panjenengan sadaya. Lungguh, bokbilih
anggenipun asung palenggahan kirang mungguh kaliyan drajat,
pangkat, miwah semat. Suguh, bokbilih anggenipun asung pasugatan
kirang mirasa namung kathah wadhah nanging kirang cacah.
Puput pepuntoning atur kula, bokbilih wonten atur ingkang kirang
mranani panggalih, kirang pana pandhapuking basa, kirang runtut
pangrakiting ukara, sedaya kalawau awit saking cubluking
paramasastra. Pramila jenang sela wader kalen sesondheran,
apuranta yen wonten lepat kawula.
Nuwun.
(b) Pambagyaharja singkat
Pambagyaharja singkat digunakan ketika waktu telah mendesak atau
tamu sudah banya. Berpidato pendek untuk menyingkat waktu
sehingga acara segera dapat dilanjutkan.
Contoh:
Nuwun,
Para tamu ingkang winantu ing pakurmatan. Linambaran pamuji syukur
dhumateng Gusti Allah dene Bapak-Ibu Sutejo sampun saged
hangayahi dharmaning wredha kanthi ngislamaken ingkang putra nun
inggih Bagus Baskarajati. Nun inggih hawit saking menika kula
minangka wakilipun sang pamengku gati ngaturaken sugeng rawuh
kaiiring agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para
Tugas: Kados pundi pamanggih panjenengan tumrap teks sesorah kasebat?
41
tamu. Mugi kanthi puji pandonga panjenengan para tamu ptra sinupit
sageda dados lare ingkang soleh bekti dhumateng Gusti, mbangun
miturut dhumateng bapa lan ibu, tutug anggenira pados ngelmi kinarya
sangu gesangipun tumuju kamulyan.
Bokbilih para kadang among boga sampun hangaturaken pasugatan
kersaa ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. Bokbilih
anggen kula hangacari rawuh panjenengan kirang hanetepi
tritrapsilaning panampi tamu nun inggih gupuh, lungguh, miwah suguh,
mugi panjenengan kersa hambedhah tirtaning kawicaksanan hambuka
wiwaraning samodra pangaksama.
Nuwun.
(2) Wasitatama
Nuwun,Ngelmu iku, kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
Para tamu ingkang sutresna, keparenga kula nyuwun lilah kangge
paring pitutur dhateng putu kula pun Baskarajati.
Ngger putuku bocah bagus kang banget eyang tresnani. Tembang
mau ngemu surasa kang luhur. Sabdane para winasis kalamun ngelmu
iku dadi sarana nggayuh kamulyaning urip. Mula ing jaman maju iki
Tugas: 1. Kados pundi pamanggih panjenengan tumrap teks sesorah
kasebat?2. Kademelna pambagyaharja supitan sanesipun!
42
para mudha padha ngudi ngelmu sanajan kudu tekan jaban rangkah
utawa manca negara. Kabeh mau kudu dilakoni, NGELMU IKU
KELAKONE KANTHI LAKU. Ngelmu kudu diluru putuku. Ora susah
sangga runggi putuku Bapak lan Ibumu wis tahu matur marang eyang,
menawa wis nyamektakake beya kanggo ragad sekolahmu, JER
BASUKI MAWA BEYA.
Putuku bocah bagus, ngelmu kudu diudi, nanging kudu diamalake
lamun ngelmu bisa ginayuh. LEKASE kudu diudi LAWAN KAS kudu
diamalake. Ngamale ngelmu kudu bisa gawe katentreman, migunani,
mbrastha kadurjanan, TEGESE KAS NYANTOSANI, SETYA BUDYA
PANGEKESE DUR ANGKARA.
Mula Ngger putuku kang eyang tresnani, lamun wis sugih ngelmi kowe
kudu luwih anoraga kaya dene oari, sansaya isi sansaya tumungkul.
Iku nuduhake menawa kowe duwe kaluhuraning budi, tansah ngurmati
marang wong liya. Aja nganti kaya bocah di bodho, kang ora bisa mikir
kanthi wening, akeh kojahe nanging ora tumanja gaweyane DURUNG
PECUS KESELAK BESUS. KGPAA Mangkunegara IV ing Serat
Wedhatama dhawuh mangkene. Maragage gatekna tembang Pangkur
iki.
Uripe sapisan rusak,
nora mulur nalare ting saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.
Lumrahe wong bodho iku malah akeh omongane, nanging omonge ora
tumanja kaya peribahasa AIR BERIAK TANDA TAK DALAM, TONG
KOSONG BERBUNYI NYARING kaya ing tembang kasebut kaya ta
43
guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggen anggereng
anggung gumrunggung. Guwa sing kena angin suwarane
gumrenggeng kaya wong bodho sing kakehan omong.
Mula Ngger putuku bocah kang sigit, kabeh mau dadia pepeling sebab
aku mengerti yen kowe ora kaya mangkono. Sekolahmu becik malah,
sanajan ora bisa dadi juwara ing kelas, nanging bapak lan ibumu tau
matur eyang yen rumangsa mongkok duwe anak kowe sing bekti
marang wong tuwa, mbangun miturut, utawa duwe budi pakarti luhur.
Eyang mung bisa ndedonga dadiya bocah sing soleh, muga-muga
besuk nemu kamulyan uripmu. Aamiin.
Para tamu ingkang minulya, matur nuwun dene panjenengan sampun
kasdu midhangetaken pitutur kula dhumateng putu kula. Bokbilih
wonten sisip sembiring wicara kula nyuwun pangaksama.
Nuwun.