Berita Jawa Kacilakan Montor Mabur Ing Magetan

1
KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira- kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A- 1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan. Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial. Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.

description

Kacilakan Montor Mabur

Transcript of Berita Jawa Kacilakan Montor Mabur Ing Magetan

KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETANDurung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kirakira !am setengah pitu ing tanggal "# Mei "##$, nalika bangsa Indonesia mengeti %ari Kebangkitan &asional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke T&I '( !inis %ercules )*+# nomere'*+",. Miturut pawarta saka layang kabar lan ti-i, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan .apangan (dara %alim /erdanakusuma Jakarta lan arep tumu!u dhaerah 0iak, /apua. &anging durung nganti tekan papan kang tumu!u, lan nalika arep mampir ing .apangan (dara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. 1aliyane iku, ana wong *, kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omahomah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. 'na sing a!ur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke T&I '( kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha !in!a. Ing atase ora ngerti apaapa, ngertingerti ketiban sial.1ing cetha kacilakan %ercules )*+# duweke T&I '( mau nambahi tansaya akeh dha2tar kacilakan montor mabur duweke T&I '(. /ancen akeh sing kandha yen se!atine montor maburmontor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. &anging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barangbarang liyane. 'pa ya pancen kacilakan mau benerbener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane3 Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebabmusababe kacilakan montor mabur kasebut.