Batok Bolu Isi Madu

56

description

Wejangan adiluhung, isi pituduh dalan lakuning ngaurip sarta sanguning pati

Transcript of Batok Bolu Isi Madu

BATOK BOLU ISI MADU

keklumpukan wejangan adiluhung, isi pituduh dalan lakuning ngaurip sarta sanguning pati, uga kena kanggo prabot:CIPTAN SABEN SUKCukup dienggo nglelatih weninging cipta sajeron setahun

Diklumpukak saka wewarah para sarjana, ngulama pujangga, pandita saka saripatining wulang kasampurnan.dning : SEMAR KUNING

Cap-capan kapisan .. September 1961Diwetokak dning :"PANJEBAR SEMANGAT"SURABAYA

BEBUKANING ATURBuku iki isin saripathining pitutur becik ing babagan wulang kelahiran lan kebatinan, pitutur cendak-cendak, ringkes, keklumpukan wejangan saka para ahli jiwa, para ngulama, para sarjana, para pujangga kang ora sinebut asman. Saripathin wulang kitab-kitab agama kang kajarwakak nganggo basa prasaja, kang ing pamurih gampang dingertni, kapilih endi kang gampang kena diling-ling lan (kang penting) gampang katindakak ing sajroning urip ana ing ngalam ndonya iki.Khing wejangan kabh ana 12 bab, nyakup ing sarupaning babagan, murih rahayuning urip kita ana ing satengahing bebrayan lan kenoa kanggo tambahing sangu ing temb yn ngancik ing jaman kalanggengan.Rhn buku iki buku kang isi wejangan, tur wejangan mau cendak-cendak, akh banget, dadi caran enggon maos ora pada karo yn nuju maos buku carita utawa babad yaiku, cukup diwaos sepisanan tamat, nuli bukun diglthakak,Ora kaya mengkono prayogan yn maos buku iki. Supaya bisa antuk munpangat, becik nganggo cara kang temata :Sepisan : Supaya bisa pirsa marang isin wejangan kabh disik diwaos alon-alon wiwit wejangan kawitan nganti wejangan wekasan. Pamaos kudu sarh, ora perlu daya-daya tumuli rampung, saben bar maos sawejangan diraos-raosak disik, tumuli lagi nyandak wejangan candak, mengkono nganti talesih.Kapindo : Yn wis pirsa isin kabh, kena banjur nganakak rancangan : maos kanthi niyat nglatih jiwa. Caran mengkn : Upaman enggon wiwiti niyat nglatih jiwa ing wiwitan sasi Juni yaiku sasi kaping VI, yn mengkono, wiwitana mbukak bab kang kaping VI, yn miwiti dina senn, sing diwaos iya wejangan (siji) kang kanggo ciri dina senn iku ba, diwaos bola-bali, dirasak-rasakak nganti nabet marang ati sanubari. suk ing dina selasan, iya maos wejangan (siji) kang mawa ciri dina Selasa, mengkono saterus, dadi buku iki kena dienggo gagaran panglatih jiwa, supaya ndarbni budi luhur lan babar menyang pakarti luhur. Luwih utama, yn enggon maos mau ajeg ing wayah suk sawis wungu ing wayah subuh, awit swasana nalika semana isih resik gumrining. Yn ora mengkono, uga becik katindakak ing wayah nedya tumapak wiwit nyambut gaw ing kantor. Sok mengkonowa, becik buku iki disimpen ana ing laci mja dadi bisa tansah cumepak.Kaping telu : Yn wis faham temenan marang isin wejangan kang kamot ing buku iki, ora ana alan yn kala mangsa isih kerja mbiyak-mbiyak manh lembaran, banjur maos wejangan kang kapacak ing lembarang kang kapinujon kabiyak mau. Kang mengkn iku, minangka kanggo nglingak marang diripribadi, supaya tansah nget marang wejangan kang wis nat dimireng, nanging isih durung atul enggon nindakak ing panggaw.Klawan nindakak sistim maos kaya kang kaaturak mau, pangajab kang ngimpun, bisoa kang maos antuk kauntungan rohaniyah saka enggon wis kersa maos buku kang sajak sepl iki.Kayadn para maos luwih pirsa, yn jiwa iku iya butuh daharan, daharan kang bda wujud karo daharan badan wadag. Daharan kang munpangati sarta kang becik kanggo kemajuwaning rohani, ora liya wujud : piwulang lan pitutur becik, kang bisa tinampa klawan gampang lan bisa ditindakak kanthi ora makwuhi.Daharan kanggo badan wadag iku, kejaban kudu kang munpangati, kang pepak vitamin lan cukup protein, uga kang nak rasan lan (kang wigati) cocog karo kasenengan kang dahar. Tuladan, daharan biefstuk utawa huzarensla iku, najan pepak vitamin, najan larang regan, durung karuwan yn cocog rasan tumrap wong kang isih katembn disuguhi daharan kasebut mau. Suwalik tumrap rakyat ing padsan sarta bangsa Jawa kang isih mantep marang kapribadn nasional, ing pangrasan daharan kang arupa sega gudeg utawa sega pecel iku rasan luwih nikmat katimbang daharan masakan mancanagara, bangsan huzarensla mau.Mengkono uga, sejatin enggon pangimpun ngaturi daharan rohani ing buku iki, wis kapilih lan kasaring, bisan mathuk tumrap rasa pangrasan wong akh. Yaiku wejangan kang ora ndakik-ndakik, ora muluk-muluk, ora nganggo diwadahi ana ing pasemon utawa pralambang. Basan uga dipilihak tembung-tembung kang prasaja, ora direngga-rengga tembung kang anh-anh, uga ora nganggo dipepas ing iketaning ukara kang di pni. Perlun ing pangajab kang ngimpun, supaya pasugatan daharan rohani iki kejaban bakal munpangati, muga njalari sarjuning penggalih, gampanga didahar, gampanga dimamah lan diulu, satemah nyata-nyata bisa asung paedah.Kaya kang diaturak, kh wejangan iki ana 365, kaprang dadi 12 bab. Dadi saupama dienggo nglelatih alusing budi wiwit nindakak ing 1 Januari, bisa urut saka bab I nganti bab XII (sasi wekasan), cukup kanggo 52 minggu utawa setaun.Wasana mung mangsa borong, muga-muga Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih paring kamurahan marang kita kabh kang nedya ngudidaya arep nglelatih jiwa sarana nyipta weninging tyas ing saben suk, pinaringan daya tenaga bisa makartkak ana ing pangagaw memayu ayuning bawana.Muga-muga Gusti Allah anyembadanana.

I. DAYANING CIPTA TUMRAP PRIBADIManungsa iku kahanan manut ciptan, manut apa kang dipikir . Yn kang dicipta bab-bab kang becik, manungsan dadi wong becik. Yn kang dipikir mung bab-bab kang rahayu, manungsan bakal dadi wong rahayu. Mula saka iku, utama banget yn kita seneng nglelatih nyipta bab kang becik-becik, ngulinakak saben suk anggagas piwulang kang becik-becik, kang supaya bisa numusi marang penggaw kang kita tindakak ing saben dinan.Kaping: 1.1. sira rak wis kerep ngrungu lan nat manoni dw, yn urip manungsa iku apes sarta wong urip iku ing temb mesthi matin. Mula sira aja nganti lali yn saben suk iku sira prasasat nyedhaki marang patinira, kang tekan sok dumrojog tanpa larapan. Kang iku, luwih utama yn tansah tumindak utama.2. Tumrap wong mursid, yn pinuju kambah ing prihatin, ora bakal pepes atin, nanging wis mangerti yn tamban prihatin iku ora ana liya kang ampuh, kejaba sabar.3. Keduwung marang penggaw luput kang wis ditindakak, iku panggaw kang becik. Nanging luwih utama manh yn tansah anjaga sabarang tindak sapecak lan muna muni sakecap, kang supaya ora njalari anan piduwung.4. Yn pitulungan manungsa wis ora ana migunani, sarta sawis nolah-nolh ngiwa-nengen wis ora ana pitulungan teka, prayoga tumengaa nyenyuwun kanthi temen-temening ati, sarta aja sirna pangarep-arepira.5. Yn sira ngakon wong liya, tepanen kaya sira dw kang nindakak pakon mau. Dn yn sira nuju nglakoni pegawyan saka pakoning wong liya, tindakna kanthi becik, tepanen kaya dn sira dw kang ngakon.6. Sapa wong kang kepngin bagas waras badan lan jiwan, becik bisa anjaga samubarang kang nedya dilebokak ing tutuk lan kang diwetokak saka tutuk, dipikir disik mungguh padah.7. Sapa ba kang kuwasa lan bisa nindakak kabecikan, mangka ora nindakak, pepadan wit-witan apik, kang ora awoh. Dn sing sapa ngend-end enggon nindakak kabecikan, prasasat ngadeg sapingiring kali, ngentni andeging ilin banyu.Kaping 21. Kita ambudidaya ing banda, nanging aja lali kanthnana sedya, yn saprangan bakal kita tanjakak uga marang tindak kabecikan.2. Sabar ingatas sedulur utawa marang mitra iku luwih prajoga yn tinimbang malhak. Nanging melk iku isih luwih prayoga yn tinimbang njothak (mutungi). Njothak iku luwih prayoga yn tinimbang matrapi ukum.3. Luwih prayoga-prayogan clngan, iku wedi ing Pangran, luwih prayoga-prayoganing tindak iku : ndeder kabecikan.4. Kabh salaku jantran wong bodho, iku dadi piwulang tumrap wong kang ahli budi. Awit samubarang kang ora becik dilakoni wong bodho, dning wong ahli budi banjur kari ngemohi ba.5. Mikir-mikir ing tindak becik iku anjalari maju marang nglakoni tindak becik, mikir-mikir marang tindak ala iku bisa anjalari nyoba ing tindak ala mau. Mula prayoga nyingkiri tuwuh pikiran ala.6. Luwih ndah-endahing banda yaiku slameting ati saka pakarti kang ora prayoga. Mula saka iku wiwit dina suk iki, pakartiku bakal saya dak ati-ati.7. Akh wong anoraga kang kasilep, ora kaptung, lang ora sethitik wong kang ngasorak diri ora antuk kabegjan. Nanging sapa kang anoraga lan gelem ngasorak diri, najan lahir bisa uga katon ora begja, sejatin jiwan luhur lan mulya.Kaping 31. Sedina-dinan uriping wong kang duw ati drengki (panasten), iku tansah molak malik. Yaiku prihatin lan muring-muring lamun weruh wong liya kang kabegjan, bungah manawa ana wong liya kang nandang kacilakan.2. Woh agaw kabecikan ing liyan, iku nadyan sok ora disumurupi sapepadaning tumitah, nanging tamtu olh panarima utawa ganjaran saka Pangran.3. Pangrunguku iku mung piguna tumrap awakku dw, nanging gunemku iku bisa kawetu tumrap ing liyan. Sok ngonowa becik aku luwih seneng ngrungokak, dimn slamet saka ucap luput.4. Natoni kalawan ucap iku terkadang bisa luwih jero tatun tinimbang natoni kalawan nganggo gegaman landep.5. Petenging polatan wong kang brbudi iku nalika dwk kepeksa njaluk tulung. Nanging peteng polatan wong kang cethil iku nalika dwk dijaluki tulung.6. Pamareming ati iku kaya banda kang ora entk-entk. Mula saka iku wiwit suk iki aku ngudidaya bisan lestari ginanjar rasa marem.7. Guneman kang mawa piguna iku luwih prayoga katimbang meneng, nanging meneng saka barang kang gaw kasusahan iku luwih prayoga katimbang gunem.Kaping 41. Sapa wong nguja hawa nafsun, mesthi bakal tumiba ing sasar, lan sapa kang tansah nggugu ing karep dw, iku kerep kaluputan. Wong kang ahli mikir-mikir iku ora kapitunan, wong kang gelem sarasehan iku ora bakal piduwung mburi.2. Luwih becik-becik manungsa iku wong kang weruh terang ing cacad dw, nanging ora seneng meruhi ing cacading liyan.3. Bisan urip tentrem iku kudu bisa nglakoni telung prakara, yaiku : 1. bisa sukur nalika tampa kanikmatan; 2. Bisa sabar nalika kataman bilahi; 3. bisa rumeksa lan rila, ingatas sarupan cegahing Pangeran.4. Ing nalika sira arep matrapi panganiaya, iku linga ing sipat welas asih lan adiling Pangran. Lan nalika sira pinaringan pangawasa ged, iku linga ing gedning pangawasan Pangran.5. Ing nalika sira pinuju waras, iku linga yn nalika kena ing lara : lan ing nalikan sugih, linga yn kena ing pekir. Supaya sira ora duw pikiran seneng pamr lan sesorangan.6. Witing kaslametan iku saka sugih wewka, witing wewka iku saka nenitni, witing seneng nenitni saka taberi.7. Akh wong kang katon begya marga enggon ngubyungi tindak salingkuh, nanging begja kang sejati iku ora bakal tinemu ing jiwan wong kang salingkuh.Kaping 51. Pratandan yn wong bodo iku anggon tansah ngtok-ngtokak ing kabecikan lan mamrak ing kapinteran.2. Wong sugih kang man banget ngelong bandan, kanggo kaperluwan dw, amarga kuwatir manawa dadi mlarat, wong kang mangkono iku wis pada ba karo wong kang mlarat.3. Gegaman kang landep iku bisa kethul marga kanggo bacok-bacok, nanging akal malah mundak-mundak landep, manawa kerep kanggo memikir.4. Yn sira mrangguli wong kang seneng lamun diwhi liyan, nanging lumuh lamun dijaluki, iku sira ndedongaa ing Pangran, muga-muga aja akh titah kang kaya mangkono iku.5. Ala-alan kelakuwaning manungsa, iya iku wong kang dak sawenang-wenang marang kalahan. Mula aja dumh kuwasa lan aja dumh rosa.6. Getun marga meneng (ora ngucap) ba, iku isih luwih prayoga tinimbang getun dn wis ngucap kang ora bener.7. Nuntuni laku, becik kalawan tindak, iku luwih digugu ingakh tinimbang nuntuni kalawan ucap walaka.

II. OSIKING ATI DIUDANENI DENING PANGERANWis watara sesasi enggon kita ngulinakak nyipta kang becik-becik ing saben suk. Ciptan utawa osiking ati iku, sanajan durung kawetu, apa manh wis kawetu, sejatin tansah diudaneni dning Kang Maha Kuwasa. Malah sanajan kita makarti ing papan pandelikan ing wayah wengi pisan, uga dikawuningani, awit sipating Gusti iku Maha Wikan lan iya Maha Ngawuningani. Mula pakulinan kita nyenyipta saben suk, becik kita banjurak kanthi telatn, supaya ing tembn bisa numusi marang jiwa raga kita.Kaping 61. Pati iku lawanging ahirat, dn tindak becik iku nggampangak tumekan manungsa marang ing lawang mau kanthi rasa pangrasa sumarah.2. Jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gusti, iku kaya angganing banda kang ora dijakati lan ora digunakak kanggo panggaw becik.3. Mundi-mundiya ing wong kang awh pituduh becik ing sira, lan anampaa ing wong kang anjaluk pangapura ing sira. Iya mangkono iku klebu urip kang utama.4. Luwih becik-beciking kanca kita iku meneng. Dn ala-alaning kanca kita iku crwt. Wong kang bisa meneng iku arang kataman ing piduwung, nanging wong kang sugih rembug kerep keplesd.5. Wong kang sungkan angrungokak sesorah becik, iku prasasat klangan pangan tumrap kasarasaning pikir.6. Manawa sira ngarah kadunungan ati resik cipta hening, aja pegat-pegat linga, yn sira iku kapotangan marang wong akh saben ndina ngudidayaa bisan nyaur nicil.7. Sing sabar marang kekurangan lan kaluputaning liyan, awit sira dw iya ndarbni kekurangan lan kaluputan kang wis sinabarak dning liyan. Yn sira ora ndarbni maklum, rak klru ta aran yn sira banjur ngarep-arep kasabaraning liyan.Kaping 71. Wruhanira, ati kang wis ora kalimput ing pepnginan asor, bakal bisa weruh marang sawiji kang dumunung ing sajroning pribadin dw.2. Wong kang nedya nyirep pepling kang asor sarana tinurutan kang dipngini mau, prasasat kadidn nedya matni geni sarana disiram ing lenga.3. Sarana ngling-ling marang kabecikan, iku prasasat rkadaya pembirating sedya kang ala, apadn bisa ngurip urip marang niatan tumandang marang kabecikan.4. Wong kang seneng ngeningak ciptan iku prasasat wong kang gemi tumraping wektu, ora ngcr-cr wektu kanggo pakarti kang dudu. Mula becik yn sawaktu-waktu ngeningak cipta kang becik.5. Sapa kang gegulang ngeningak cipta iku prasasat nglindung ing pangayomaning Pangran saka goda rencana wujud gagasan kang asor.6. Sira kang ora nat nandang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang bisa anjalari tekan kekuwatan murih maju ing lahir lan batin.7. Wong kang wis nat kataman ing prihatin, luwih bisa ngrasak marang panandang wong liya. Mula adakan luwih gelem awh pitulung marang kang kasusahan.Kaping 81. Sejatin lelakon ing ndonya iki ora ana kang dumadi klawan dadakan tanpa ana sebab. Kabh ba tumindak gegandngan karo mula bukan utawa sabab sabab jalaran.2. Hukum alam wis netepak, sapa kang nandur mesthi bakal ngunduh, dn kang diunduh manut wiji kang ditandur. Mula wiwit suk iki, sabisa bisa nenandura wiji cipta lan penggaw kang becik-becik.3. Wong iku saya mundak katemenan utawa kanyataan, bakal saya mundak sipat kang ngresepak, awit sejatining kahanan iku nyata lan sih.4. Sapa kang tlatn bakal pann. Uga tlatn ing bab ngudidaya murih rahayuning urip, tartamtu saselot bakal ngunduh apa kang digayuh.5. Yn sira kasinungan pangawasa, aja dumh kuwasa banjur tumindak dak siya nganiyaya linga yn pangawasa mau ora langgeng widada.6. Kawuningana ged gedning kabegjan iku pawwh kang katindakak kanthi rila legawa, tanpa suprih pamrih. Sipat luhur mau bakal wuwuh-wuwuh, yn kinanthnan ing rasa sih.7. Tuwuhing kasusahan iku lumrah saka pamilutan watak kang asor. Mula perlu ing sabisa-bisa nuwuhak cipta kang wening, nggegulang gagasan kang luhur.

III. CIPTA UTAWA GAGASAN IKU ANGL CEKEL-CEKELANCipta iku angl cekel-cekelan, gagasan iku kesit banget, dicandak-candak, mrucut. Yn wis kena gampang nginggati. Mengkono ibarat wong anggagas bab kang becik-becik, ora gampang tumindak, marga keselak kaseselan gagasan liya-liya kang ngambra-abra. Nanging pangudi iku, yn temen-temen ditindakak mesthi kecandak, uger mantep sarta kinanthnan panyuwun marang Pangran. Sawis watara rong sasi kita ngudi ndarbni sesipatan seneng munjerak gagasan kang utama, aja kemba, becik dibanjurak kanthi tkad luwih santosa.Kaping 91. Panyuwun: Gusti Ingkang Maha Suci, mugi hamba sampun ngantos katandukaken dateng panggoda, punapa dn mugi kauwalaken saking pangawak dursila.2. Kawuningana, kabh sarngating agama iku sejatin sawijining tuntunan tumrap manungsa bisan tekan ing urip kang sejati lan luhur, mula yn wis nindakak tindakna kanthi becik.3. Wiji iku sawis thukul banjur semi, mrajak, mentil, ngembang, awoh, nuli gogrog, wusanan wit banjur garing. Mengkono pindan tumrap uriping manungsa, ora bisa uwal saka hukum urip ing ndonya.4. Wong kang kulina ngeningak ciptan kang resik ing wayah suk, lawas-lawas banjur ngeningak ciptan uga ing wayah wengi, nanging saya lawas manh ngeningak cipta ing sawayah-wayah.5. Yn sira kasinungan ndarbni rajabrana akh, aja dumh sugih, banjur lali marang purwaduksina, lali marang pakarti utama.6. Sabarang pratingkah iku bisan katindakak kanthi ajeg, yn sarana panglatih kang tumemen lan ora bosen. Mengkono uga ing bab nanem wiji kautaman, kudu kita lelantih tanpa bosen.7. Aja ngenes yn kataman ing sangsara, nanging aja krem lan kalimput ing kabungahan yn nuju kataman ing kasenengan.Kaping 101. Yn sira lagi nemu kabegjan, nglingana nalika sira nemahi kasusahan. Dn yn sira nuju kataman ing susah, nglingana nalikan nemu kabegjan.2. Ora bda karo rob suruting segara, wong iku uga sok kataman ing bungah lan susah. Mula aja angles yn nuju apes, lan aja mabuk yn kasinungan semat lan drajad.3. Sabisa-bisa ngangkaha marang kasukcian, nanging kang ora ndya golk kamisuwuran. Kasukcian sarana cipta lan pakarti kang resik, kang supaya bisa ngmperi marang salah sijining sipat Gusti.4. Bisan jumbuh marang sawijining kahanan iku. Yn wis bisa pada marang kahanan kang dijumbuhi. Mula bisan manunggal ing Gusti yn ndarbni sesipatan ngmperi kaya sesipatan Gusti.5. Wong kang ndarbni nglmu kang luhur, nanging ora dipakartkak ana ing babrayan kadidn pasugatan mirasa lan munpangati, nanging ora didarmakak.6. Yn sira tinakdir mlarat, aja ngresula lan aja dumh mlarat banjur ngenes lan rumangsa asor, awit kamulyan lan kaluhuran tumraping jiwa iku ora mesthi dumunung ing sugih singgih.7. Kasusahan iku sok bisa ngentas saka kabodowan, uger insyaf marang dirin lan ora mupus, apadn tansah percaya marang Kang kagungan pangawasa.Kaping 111. Gusti Allah iku maha murah lan maha asih, mula yn nyata pecaya lan bekti ing Pangran, mesthin ora bakal nyenyuwun marang saliyan Allah, kang ora kasinungan maha murah lan maha asih.2. Yn sira ora arep wohing racun, aja sira nandur wiji racun, mengkono uga yn ora seneng nampa karibetan, aja nandur dadakan (sabab) kang njalari tekan karibetan.3. Aja mupus lan aja pepes atinira yn apa kang sira candak durung gadug, balik ngudidaya terus kanthi mantep lan kanthi panyuwunan kang mantheng marang Gusti4. Wong kang gaw kabecikan terkadang nampa piwales ala. Kang mengkono mau aja njalari kemba anggagas lan nandukak kabecikan, awit nyebar kabecikan wusanan ing temb tan kena ora mesthi thukul kabecikan.5. Nindakak kebecikan lan kawales piyala iku ora ateges wohing penggaw becik, nanging sawijining panyoba, supaya enggon nyebar kabecikan saya mantep lan santosa.6. Manunggaling kawula lan gusti iku sejatin dudu gegayuhan kang permati tumrap kamulyaning urip. Kang perlu nindakak pakarti kaya parntahing Gusti.7. Menangi jaman rebutan dunyabrana, akh kang kalimput, mlu-mlu tumindak nistha. Nanging sejatining sedya urip ing donya dudu ngupaya rajabrana ba, suwalik uga kamulyan ing temb.Kaping 121. Urip ing satengahing goda rencana, nanging tetep tumindak utama prasasat tapa ana ing satengahing coba. Sapa kang santosa ora bakal mlu tumindak sasar.2. Sabegja-begjan kang lali nganti klu penggaw sasar, isih begja kang panggah ling lawan waspada, tetep ing panggaw becik.3. Donyabrana kang olh saka kang sasar, ora bakal bisa gaw ayem tentreming ati.4. Luwih begja wong kang ora mubra-mubra, nanging resik atin, katimbang wong kang sugih umbruk-umbruk, nanging atin reged.5. Yn sira kasinungan pangkat, aja lali lan aja dumh wis pangkat duwur banjur mendem (mabuk) marang pakurmatan. linga yn pakurmatan iku ora langgeng.6. Sapi mati, ninggal daging kang dipangan manungsa, balung kanggo rabuk, sungu kanggo suri, walulang kanggo trumpah, balik manungsa, yn mati mangka ora ninggal tilas, apa ora memelas?7. Warisan kang luwih pengaji lan murakabi ora ngluwihi saka warisan kang arupa: jeneng apik lan pituwah becik.Kaping 131. Sira dipada tresna marang Pangran sesembahanira klawan gumolonging atinira tuwin gumolonging nyawanira, apadn klawan gumolonging budinira.2. Sira dipada tresna asih marang sapepadanira tanpa mawang kalungguhan lan drajad. Tresnanira mau ing sabisa-bisa dikaya tresnanira marang awakira dw.3. Pangran kang maha mirah lan maha asih, mugi hamba pinaringanana rejeki sacekapipun ing dinten punika. Pramila hamba boten nyuwun sapisanan kangg salamanipun, awit hamba boten mangertos nasib hamba ing dinten mbnjing.4. Luwih pratitising manungsa anggon mangsuli pitakonan, iku manawa ora pinuju muring-muring.5. Sajatin wong prawirng budi (kendel) iku ora mesthi wong kang wani nempuh perang, nanging uga wong kang bisa nulak ing kanafson, ditulak kalawan sipat aris.6. Laku andap asor iku wiwitan makolh ing sih, wekasan njunjung ing drajat (pangkat), utawa bisa uga makolh ing pinundi-pundi.7. Luwih ala banget, manungsa kang duw watak gelem andedp manawa pinuju kabutuhan. Nanging bareng wus kasil, banjur gumed.

IV. DAYA GAIB KANG LUHUR DUMUNUNG ING CIPTA WENINGBanyu bening iku yn diwadahi ing wadah kang reged banjur malih dadi reged. Mengkono uga daya gaib kang luhur, yn diwadahi ing cipta kang reged, iya bakal reged, yn diwadahi ing pikiran kang ora resik, iya banjur malih dadi ora resik. Kang iku daya gaib kang resik lan wening kudun dipapanak ing cipta kang wening, kang suci, adoh saka gagasan suprih-pamrih lan pepnginan kang asor.Kanggo anggegulang gegayuhan kang mengkono mau, pawitan kudu tlatn mantep lan taberi nglelantih cipta becik saben suk.Kaping 141. Bathining wong kang bisa duw ati nriman, iku tansah ayem lan tentrem. Pracaya ing kadaring Gusti, iku nyirnakak was sumelanging ati.2. Kawicaksanan iku kena kasanpakak barang kang ilang, dn wong kang mukmin iku kaya-kaya wong kang tukang anggolki barang mau nganti bisan katemu.3. Sapa wong tansah mundi-mundi ing Pangran, sayekti ora bakal keprct pangwasan. Lan sapa wong tansah tawakal (pracaya) ing Pangran, iku ora bakal kena diarubiru dning manungsa lan panggoda.4. Kang jeneng wong pinter iku wong kang bisa ikhlas ing kabh ngamal, lir ikhlas tanpa pamrih, kajaba madep marang pangran. Dn kang jeneng wong sugih iku dudu kang abanda-bandu, nanging wong kang bisa nrima ing sapira ananing barang darbk kang wis pinaringak.5. Sapa wong tawakal (pracaya) ing pangran (Allah), wong iku masthi wus kacukupan. Sapa wong wedi ing pangran, mesthi iya sethithik kuwatir. Lan sing sapa wong bisa makrifat ing Pangran iya iku kang jeneng wus katon sampurnaning kawruh.6. Sira anetepana adiling samubarang tindak, amasthi nemu kaslametan. Yn sira arep nandangi samubarang tindak, mikira ing alangan, aja mung mikir mujur ba, dimn adoh saka kacilakan (kapitunan), ing pamburin.7. Kang jeneng wong kang ahli budi, iya iku wong kang bisa migunakak ing budin kanggo ngangsu kawruh, lang kanggo madangak ing atining liyan.Kaping 151. Luwih pinter-pintering manungsa iku wong kang bisa mbenerak tindak kang mncng. Dn kumprung-kumprunging manungsa iku wong kang mlncngak tindak kang wus bener.2. Wong kang ngadani duw ati drengki (panastn) iya ing wektu iku dwk wiwit nyiksa ing awak sadina-dina.3. Kang aran rejeki iku ora mung kang rupa panganan ba, nanging sarupan samubarang kang migunani ing sira ing donya lang ahrat.4. Pangudat-udat iku anyirnakak pirang-pirang kabecikan. Becik-beciking pitulungan, iku mitulungi wong kang kabutuhan, tur tanpa pamrih.5. Barang mung sathithik kang ditindakak sarana ngati-ati, iku dadi luwih akh, yn tinimbang barang kang akh, kang ditindakak ngebrh.6. Sogok iku salawas ora tau bisa kumpul lan sipat adil. Wong kang gelem nampa sogok saka sira, iku prasasat adol kaprawiran marang sira.7. Wong kang wus duw dasar narima ing kadaring Pangran iku pasthi bisa sabar nalika kataman bilahi.Kaping 161. Yn sira wwh, enggonira nyatheti tulisen ing lemah, dn yn sira diwwhi, enggonira nyatheti tulisen ing atinira. Mengkono uga yn sira agaw kabecikan, aja sira ling-ling, nanging yn nampa kabecikan ling-lingen.2. linga yn manungsa iku ndarbni sipat apes, ora bisa netepak lan memasthkak sawiji-wiji. Mula yn kasinungan pangawasa, aja banjur kumawasa.3. linga yn ndonya iku owah gingsir, mengkono uga adat lan kahanan, mula saka iku aja nenamtokak apa-apa ing bab tetep.4. Wong urip ing bebrayan iki pada golk seneng lan mareming ati, mula saka iku aja ndarbni sipat nedya ndwki, nedya ndaku marang sakhing kasenengan.5. Msem iku ora klangan lan ora kanglan. Mula saka iku ora ana pitunan lan kabotan yn sira kerep msem marang sok uwonga.6. Ulat manis iku bisa gaw lejar wong liya lan bisa ngundakak reseping ulatira. Mula iku, tinimbang mbesengut, aluwung nuduhak ulat manis.7. Sakhing barang kang gumelar ing ndonya iki bakal rusak, dadi ora langgeng, mula ngupayaa marang kang langgeng lan aja mangran marang kang bakal rusak.Kaping 171. Ulat peteng iku bisa numusi marang liyan njalari mlu peteng. Mula saka iku, luwih becik yn pinuju sedih aja diketokak marang wong liya.2. Panggaw kang gampang ditindakak iku: agaw kepnaking atin liyan. Turn penggaw iki bakal mikolhi marang sing nindakak.3. Yn sira ora bisa wwh rajabrana, wwha pitutur becik. Yn ora kuwagang asung pitutur becik, nandukna pratingkah kang ngresepak atining liyan.4. Yn sira katon girang lan gumuyu, wong liya mlu gumuyu, nanging yn sira sedih lan nangis, wong liya ora mesthi mlu nangis. Mula saka iku, ora perlu kasedhianira sira katokak marang liyan.5. Agaw nak lan senenging atin liyan iku dudu panggaw kang mitunani lan dudu pakarti kang abot. Mula saka iku, ngudidayaa tindak tanduk lan muna muni kang bisa gaw seneng atin liyan.6. Yn sira kepngin ndarbni mitra akh, aja ngegungak sesuguh, awit yn sira ora bisa nyenyuguh manh, mitra-mitra mau bakal ngedohi saka siji.7. Tetalining pamitran iku kang bisa nglanggengak pasaduluran ora liya saka tindak tanduk lan rengkuh kang bisa ngepnakak ati lan gaw reseping rasa pangrasa.

V. PIKIRAN KANG WIS MENEB BAKAL DADI BENINGBanyu iku bisan bening yn wis meneb. Sanajan maun buthek, nanging yn wis meneb, iya banjur bisa bening. Mengkono uga yektin gagasan utawa gegayuhan, yn wis meneb lagi bisa bening. Yn wis katog enggon polah, ing tembn banjur meneb, satemah banjur kasinungan sipat kang bening. Panggayuh kang mengkono mau ora bisa kaleksanan klawan tumuli, nanging kudu ditelatni nganti kasil.Kaping 181. Aja pisan-pisan kalahir kasaguhanira yn ora nedya sira tetepi, nanging sing nthengan tetulung, sing sarh, sing taklim ing pratingkah sarta sing manis ing pangucap.2. Yn sira isih durung bisa nindakak panggaw becik, prayoga nyingkirana panggaw ala. Luwih prayoga manh yn nyingkirana pratingkah nistha lan muriha reseping atin wong liya.3. Sanajan pangarep-arep iku asring mblnjani, nanging ana becik. Dn becik yn kow lelungan, pangrep-arepmu ngiringak, gaw mayaring laku lan bungahing atimu tutug ing panggonan kang koksedya.4. Kalamangsa ana kalan meneng saka njawab, iku luwih piguna katimbang mangsuli. Wong kang sethitik rembug, ngati-ati ing caturan iku mesthi arang kataman ing kaluputan.5. Sapa wong ngend-end nglakoni ing kawruh, iku kaya anggan wong kang nyia-nyia ing tanduran. Ajining manungsa iku ana ing sapira anggon wis gaw kabecikan6. nggal wetuning pangala-ala kaya umpaman wiji thukul dadi uwit samangsa wus kawetu, ora kena disirnakak kaya wit-witan ora bisa manjing ing wijin manh.7. Yn kow ora demen ing sawijining wong, simpenen sajeroning atimu ba, aja kongsi kelair, mbok manawa bisa ndadkak ora becik ing awakmu, awit ora ana kang luwih ngesakak ati kaya wong disawiyah-wiyah.Kaping 191. Digedongana, dikuncnana, wong kang wis tinakdir arep mati, mangsa bakal wurunga. Mula saka iku, nglingana yn kita manungsa iki ora mahakuwasa tumrap badan lan umur dw. Isih ana panguwasa liya kang luwih kuwasa.2. Sabar iku wewatakan kang luhur kang pinaringak dning Pangran marang wong kang urip kepngin begja lan kang bisa ngatasi prihatin.3. Dingati-ati marang tindak tanduk, sarta disarh marang sarupaning pangucap, supaya ora nemahi keduwung. Awit wong kang keduwung iku ateges ora gaw tentrem jiwa.4. Adat wong iku yn bungah, lali marang sesembahan, nanging yn ketaman susah lagi ling marang Pangran. Kang mengkono mau tanda yekti yn ora mantep ing panembah.5. Yn sira nuju ngilo ing pangilon, ndeleng bagusing rupa, linga yn saupama atinira iya bisa kadeleng saka pangilon, takona jroning batin: atinira apa iya bagus kaya warnanira?.6. Sanajan kang sira akon iku mung batur, nanging aja tinggal tepa slira, awit najan batur iku iya umating Pangran kang drajading jiwan bisa uga pada utawa ngluwihi sira.7. Laraning badan jasmani iku sing akh saka pangan. Mula sapa kang ora seneng kambah lelara, dibisa njaga lan nyenyegah marang pangan. Dn kasarasan badan rohani adat saka bisan njaga marang nglmu kang tinampa.Kaping 201. Sira sing asih marang sapepadaning tumitah, nanging asiha kang ora klawan pamrih. Sing welas marang wong kang nandang sangsara, sing nthngan ngapura, nanging aja ngalembana marang tindak piala.2. Sregep nyambut gaw golk donya, uger metu dalan kang halal, ora dadi pepalang agama, waton aja kebacut nganti mangran marang donyabrana.3. Yn sira nthngan awh pangapura marang kluputaning liyan, sira ora bakal kaukum marga saka ora kepnak ndarbni ati kang drengki lan panastn.4. Yn sira kepngin ndarbni ati kang tentrem, lelantihen saka seneng nyebar kabecikan saka sethithik, uger tumindak lumintu lan ora kadereng ing pamrih, tartamtu kaleksanan.5. Ora ana wong kang bisa seneng lan ayem atin, najan ta sugih donyabrana, yn wong mau ora ndarbni wedi lan panarima marang Kang Maha Kuwasa.6. Wong kang mursid sregep nitni lelakon wong liya. Yn lelakon mau agaw sangsara, wong mursid bakal ngedohi. Yn lelakon mau agaw begja, wong mursid kang nitni bakal nulada.7. Nindakak pakarti becik iku babar pikiran kang kulina memikir bab-bab kang becik. Dn nindakak sasar iku saka wjan pikir kang njurungi gagasan kang asor.Kaping 211. Wong kang ngend-end enggon nindakak pegawyan becik prasasat klangan wektu kang pengaji tumrap ajuning jiwan.2. Urip nng ndonya, sing giyat enggon kita ngupaya rajabrana kang kanthi dalan sah, nanging aja lali marang panggaw becik mitulungi wong kang kesrakat.3. Ana sawenhing wong kang nganggep nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawn, marga Gusti Allah iku adil, ora bakal peparing marang wong kang ora patut nampa ganjaran. Nanging wong mau sajak lali yn Gusti Allah iku Maha Welas lan maha Asih.4. Uga ana sawenhing wong kang ora percaya marang anan Gusti Allah, prasasat uga ora pracaya marang anan dw, dn nganti awak lahir ana ing ndonya. Nanging yn wong mau nandang cilaka kang banget, adat tuwuh osiking atin yn Pangran iku ana, malah banjur disesuwuni.5. Yn sira ngrungu panemun liyan kang ora cocog karo gegebenganmu dw, aja kesusu kok wancahi. linga, yn titahing Pangran iku pancn warna-warna lan beda-beda sipat lan penemun.6. Yn sira ora seneng keyakinanira dibantah dning wong liya, prayoga sira iya aja seneng mbantah penemuning liyan.7. Saripathining piwulang kebatinan iku ora ngluwihi saka ati suci lan tindak kasuciyan.

VI. NYENYEGAH SENGSEM, NYENYUBUR SIPAT LUHURWong kang ahli budi yn wis ora nedya makarti marang piala, banjur tumapak nyenyuda marang sarupaning sengsem. Ciptan digelengak katujokak ing maksud nyenyuda sarupaning sengsem mau, nuli diunggahak ing sesipatan kang luhur lan mulya. Yn wis mangkono adat saben banjur bisa lerem meneb. Nanging sanajan wis kaleksanan bisa wening lan meneb, yn ta ora dimakartkak ing bebrayan, pigunan tumrap urip bebarengan, sethithik ba.Kaping 221. Samubarang panganggep kang ora sira karepi tumiba ing badanira, aja sira tandukak marang wong liya. Dibisa tepa salira.2. Tekan manungsa ana ing ngalam ndonya iki. Nalikan lahir, kanthi tangis. Mula urip prayoga nglakoni panggaw becik lan ngabekti ing Gusti, supaya yn tinggal donya bisaa kanthi gumuyu.3. Ing samubarang gaw aja kumawani memastkak, awit sakhing pratingkah pira-pira sambkalan, kang durung dikawruhi.4. Aja nampik, yn ana wong njejaluk marang kow ing sawatara, awit ing temb mbokmanawa kow kepeksa njejaluk marang wong iku, mungguh prayogan aja nembung njejaluk mubarang kang maun kow dijaluki ora awh.5. Aja njejaluk marang sawijining wong, yn kokira bakal ora dadi awh, mundak wa marang kow, lan ora ndadkak becik ing awakmu6. Yn kow ngegungak nyenyuguh lan nyenyogok, masthi akh kawanuhanamu, nanging ora tertamtu olh mitra kang sejati.7. Aja kerep sesanjan ing omah wong kongsi suw, kang ora ana perlun, lan dudu ing wayah, awit kow ora mung ngilangak gawmu dw, iya uga ngilangak gawn kang kosanjani.Kaping 231. Aja sah ngundakak kawruhmu, kang marga saking tetakon marang wong kekumpulanamu. Dn yn kow cecampuran ana ing pajagongan, sabisa-bisa ngemungna nyatur bab kang disumuripi ing rowangmu sapajagongan, supaya bisa mudoni.2. Ing sabisa-bisa muriha aja duw satru, awit pialan satru siji ngungkuli kabecikan mitra sapuluh.3. Yn ana wong ora demen ing kow, nanging manis pitembungan, walesen ing tembung manis, nanging aja kopracaya ing sakabh.4. Yn kow kabener njaluk pangapura marang sawijining wong, lakonana tumuli, supaya kow aja kasebut wangkot.5. Wadimu sayoga kosimpen dw, aja kopracayakak ing liyan, kapriy yn kow duwa karep, supaya wadimu kinekera ing liyan, awit ora milu nduwni sabab. Yn kow dw ora bisa simpen wadimu, sapa kang wajib nyimpen?6. Aja murih sumurup wadin liya luwih saking kang perlu, awit wadi umpama pepikulan abot ing ngatas wong kang ora milu nduwni sabab ngeker.7. Yn kow arep diajni wong akh, aja duw pamurih martak-martakak kabisanmu, balik sakhing kawruhmu aja kogaw pamran lan purihen aja kongsi ana kang bisa njajagi.Kaping 241. Kang diarani mulat sarira iku ora kok ndeleng lan meruhi bagus awak, nanging kang wigati nitipriksa kanthi jujur kepriy sejatin, budin, atin, jiwan, pambegan. Apa resik, apa reged.2. di din barang darb tumraping wong urip kang kepngin rahayu iku kelakuwan becik lan gagasan kang wening, adoh saka kekarepan lan pakarti nistha.3. Wong kang bungah weruh wong liya kang nandang kasangsaran iku nlakak yn ora ndarbni sesipatan kang mulya. Kang mangka manungsa iku ngakun titah kang mulya dw.4. Aja cilik atinira yn sira nandukak kabecikan ora ana sing nyurupi utawa ora antuk panarima. Jer sarupaning pakarti nenandur iku uger wijin apik, mesthi thukul apik.5. Wong kang gela atin marga wis wwh nanging ora antuk panarima utawa pangalembana, iku ajin luwih duwur katimbang wong kang ora wwh nanging ora golk pangalembana.6. Yn sira ngrungu rembug kang ngrasani alaning liyan, prayogan aja tumuli percaya lan ora perlu ngrubyungi rembug. Awit nyebar pialaning liyan iku ora bakal ngundakak luhuring jiwa.7. Panggaw becik kang nthng ditindakak tanpa ngetokak ragad iku: rembug kang bisa agaw kepnak atining liyan. Mula sabisa-bisa agawya seneng wong sarana rembug.Kaping 251. Mawas diri iku ged banget gunan tumrap rahayuning urip ing ndonya lan ing temb. Sarana sregep mawas diri, ateges bakal mangerti marang kekurangan lan cacad, satemah tuwuh greget ndandani murih becik.2. Yn sira ngrungu rembug bab kabecikan liyan, kejaba enggonen dw tumrap uripira, yn sira pencar-pencarna, supaya wong-wong liya ketularan ing tindak becik.3. Arang wong kang ling marang Pangran, nalikan antuk kasenengan lan kanikmatan. Kang mangka sejatin sarupaning kanugrahan iku sejatin saka sihing Kang maha welas lan Maha asih.4. Lumrah wong urip iku yn lagi kataman ing lara lagi mangerti sapira begja lan kepnak nalikan waras. Suwalik nalikan kaparingan seger waras, kerep lali kepriy rekasen wong lara.5. Akeh piwulang becik kang wis sira akoni becik, nanging arang arang sira tindakak. Kang mangkono mau sejatin man, prasasat kaparingan daharan nikmat, nanging ora sira rasakak.6. Mungsuh kang mungging cangklakan tumrap pangudi karahayon iku adat tinemu ora adoh saka angganing manungsa, arupa pepnginan kang nyenengak lan kang nikmatak.7. Wong mursid iku ora bakal ngtok-ngtokak kapinteran lan penggaw becik kang wis ditindakak. Balik malah ora kabotan nuduhak kekurangan lan cacad.Kaping 261. Wong kang sugih donyabrana, nanging tansah sumelang kalong, apadn rina wengi mung mikir rajabranan, pratanda yn wong mau mlarat dadi baturing barang, ora dadi bendaran samubarang.2. Piwulang becik lan pitutur utama iku ora bakal kalong yn diwwhna marang sok uwonga. Balik malah bisa tuwuh ngrembaka, saya lawas saya ngrebda.3. Andedonga lan nyenyuwun marang Pangran iku uger katindakak kanthi ati resik lan pameleng kang tumemen, wis mesthi bakal ana padah tumrap kang nindakak.4. Yn sira kabeneran kasinungan pangawasa, linga aja dumh wis kuwasa kaya ora bakal kapidara, awit kahanan ing ndonya iki tansah owah gingsir lan nyakramanggilingan.5. Dalan kang tumuju marang karahayon iku ngliwati pakampungan rekasa lan padukuhan sangsara. Megah-megahak. Yn pancn ora banget-banget pangudin, arang kang tumeka ing karahayon.6. Dalan tumuju marang kasangsaran iku ngliwati kasenengan lan kanikmatan. Ora bda karo dalan marang kamlaratan ngliwati penggaw ngebrh, royal, salingkuh, lan sapanunggalan.7. Luwih utama wong iku kang kaduwung banjur tobat ing Pangran kanthi mbeciki pakartin, katimbang wong kang anggresah dn wis tumindak nylwng.

VII. ANGGEGULANG CIPTA RAHAYU BISA NGRERESIK JIWAAngggagas bab-bab kang becik ing wayah suk iku tujuwan nedya ngresikak pikiran saka kang reged. Ing tembn bisa ngeningak cipta lan anggugah rasa pangrasa welas lan asih, trenyuh sarta panalangsa. Kang dadi sirikan, aja pisan-pisan banjur anggagas utawa rerasanan kang ora rahayu. Mula saka iku gegulang nyipta kang apik-apik becik terus diperdi, tanpa ana bosen.

Kaping 271. Sanajan wong tuwanira iku dudu kang nitahak sira, nanging wajib sira pada mundi-mundi kanthi sapatut, marga kang dadi kelantaran urip nng ndonya lan kang wis ngupakara ing bab lahir batinira.2. Akh wong kang seneng ngrungokak sesorah lan amanat, nanging arang wong kang mangerti munggah ing karep. Luwih arang manh wong kang gelem lan bisa nindakak.3. Nyipta panggayuh kang becik, anggagas-gagas pakarti kang utama sarta memayu ayuning pakarti iku sejatin panggaw kang ora perlu pawitan. wadn arang kang gelem nindakak.4. linga sira iku iya kadunungan cacad lan kekurangan. Mula saka iku yn wong liya tinemu cacad sarta kekurangan nalika srawung karo sira, dibisa tepa salira.5. Dalan tumuju marang kabegjan langgeng iku ngliwati panggonan lan palrnan kang megah-megahak lan njalari wong lumuh nindakak. Mula akh kang ora ketarik ngudi tumuju marang kabegjan langgeng mau.6. Wong kang nduwni cipta ala, adat bisa disumurupi saka ulat lan tindak tanduk kang gaw sujana. Pancn dayaning batin iku bisa numusi marang lahir.7. Agaw kabecikan iku ora mesthi kudu ngetokak ragad sarta klangan barang. Mula yn sira ora ndarbni kaluwihan ragad lan barang, bisa nindakak kabecikan klawan gaw kapnaking atin liyan.Kaping 281. lingira marang pangwasan lan keadilan Pangran, aja mung yn nalika nandang kasusahan lan yn pinuju antuk karibetan ba. Nanging sabisa-bisa linga ing nalikan pinuju kepriy ba.2. Aja sok ngrasa tinitah apes ana ing ndonya. Nglingana yn isih akh wong-wong liyan kang ngluwihi apes lan ngluwihi cacad saka sira, suprandn dwk ora nutuh marang Pangran.3. Kabegjan lan kamulyan iku ora dumunung ana ing gebyar ana njaba, nanging ana ing pulunging atin dw-dw. Mula lelatihen atinira, dibisa weruh ing panarima.4. Ing saliyan kita ndarbni badan wadag lan pancadriya, isih ana manh barang darbk kita kang luwih aji, kang ora kasat mripat, yaiku osiking ati kang sok nglingak yn mbeneri kita nedya tumindak luput.5. Dalan tumuju marang naraka utawa kacilakan iku ngliwati papan palrnan kang nengsemak. Kayata: seneng-seneng, ropyan-ropyan, minum lan memangani, urip mwah lan rerenggan adi. Mula akh wong kang ketarik atin, keduwung tinemu ing mburi.6. Wong kang ndarbni cipta becik, adat katon saka sumhing wadanan, saka resik cahyaning ulat, mula akh wong kang seneng mareki, sanajan dwk mau ora klebu wong ged.7. Yn sira ora kuwagang nindakak kabecikan kang kudu ngetokak ragad, prayoga nindakna kabecikan liyan kang akh tunggal, kang ora perlu ngetokak ragad, nanging wis bisa nyenengak atin liyan.Kaping 291. Yn sira nuju nemahi kabegjan lan nuju among suka, aja lali marang Pangranira, awit yn tansah ling mesthi ora bakal kebacut-bacut enggonira among suka kang sok njalari tekaning bebaya.2. Dinarima marang apa kang sira tampa saka kanugrahaning Pangran, awit nglinga yn ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad tinimbang sira, nanging urip begja lan seneng.3. Ora angger wong kang apangkat luhur lan abanda bandu mesthi urip begja, mung katon saka njaba ba dwk mau mukti lan seneng, bisa uga tansah sedih lan semelang, marga saka ora ndarbni iman marang Pangran.4. linga mbsuk yn wis tumekaning titimangsa, ora kena ora, badan wadag lan sarupaning kasenengan sarta barang derbk kita, kita tinggal kabh, ora kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula, aja banget-banget enggonira katrem marang kadonyan.5. Sapa kang mung katrem marang kasenengan ndonya sarta tansah gandrung marang pepnginan kang ora langgeng, ing temb bakal ora bisa nemokak kahanan kang bisa gaw langgeng kasenengan lan katentreman.6. Ngulinakak memikir kahanan kang apik-apik iku bisa njalari apiking kelakuwan sarta apiking wewatakan. Tur ora bakal bisa nuwuhak pituna, sanajan mung sethitik ba.7. Banda lan donyabrananira ora bakal bisa mitulungi marang kemajuwaning jiwa, yn ta ora dipigunakak kanggo kabecikaning bebrayan kanthi tulus ikhlas.Kaping 301. Adat manungsa yn isih nemahi kaslametan lan kabegjan, ora ling marang Gusti kang Maha Kuwasa, malah ana kang nganggep yn Pangran iku ora ana. Nanging yn wis kapengkok ing pancabaya, adat banjur salin salaga.2. Yn sira tinitah ora ndarbni rerupan kang adi ndah, aja ngresula lan nenutuh marang Kang Maha Kuwasa, balik linga, yn isih akh banget titah kang luwih cilaka lah luwih ala ing rupa, nangin dwk toh ya rumangsa begja.3. Bisa uga sawijining wong mlarat kang urip mung saka pawwhing liyan, luwih begja lan luwih luhur budin, katimbanng karo wong sugih kang atin tansah sumelang marga saka donyan ba.4. Kang diarani manungsa sejati iku satemen dudu kang njenggereng katon lan kang menganggo pepak sarta memangan ing saben ndina. Nanging manungsa sejati iku kang ora katon dineleng, ora kena digrayang, nanging kang urip langgeng.5. Sing sapa gandrung marang karaharjan ing ndonya lan ing akhrat, ora bakal nggresah yn nemahi lelakon sedih, ora wegah nindakak serngating agaman, ora aras-arasen nindakak kabecikan, lan ora bakal ndarbni suprih pamrih.6. Panembah marang pangran iku, rupa-rupa banget wujud lan gelar. Salah sijining panembah, kang ora abot ditindakak dning sapa ba, yaiku memuji kaluhuring Pangran lan nyenyuwun karaharjaning bebrayan.7. Sanajan sira ora tinakdir ndarbni rajabrana matumpuk-tumpuk, nanging yn sira sregep asung pitulung lan giyat nindakak kabecikan, prasasat nylngi donyabrana kang bakal migunani tumrap urip ing temb.Kaping 311. Manungsa kang ling marang Gusti Allah mung yn pinuju susah, iku tanda ykti yn panembah durung mantep lan iman isih ringkih.2. Yn sira tinitah mung ndarbni mripat siji, aja banget-banget panalangsanira lan sing ged kapiyandelira marang keadilaning Pangran, nglinga yn ana uga titah kang wiwit lahir wis ora pinaringan mripat loro pisan.3. Kabegjan lan katentreman iku ora mesthi dumunung ana ing ati sanubarin wong kang ged pangkat lan misuwur jeneng, bisa uga wong tani mlarat, atin luwih tentrem lan luwih begja, kang marga saka enggon bekti marang Pangran.4. Yn kita nedya nandukak piala, sadurung nindakak, sok-sok thukul osiking ati kang nglingak supaya aja mbanjurak tumindak ala mau. Iya osiking ati kang mengkn iki kudu kita gegulang, supaya sregep nglingak kita tumindaka marang panggaw kebecikan.5. Akh piwulang becik lan ora kurang-kurang wejangan kang adiluhung, nanging kabh mau yn ora ditindakak ana ing panggaw, ora bakal madahi tumrap ajuning jiwa lan ora madahi tumrap wong liya.6. Sapa sing pikir wis ora miris dning bilahi, wis sirna pepnginan marang kabegjan lan wis ilang pangangsa-angsan iku diarani janma kang wis santosa jiwan.7. Wong kang nindakak panggaw kanggo kabecikaning liyan tanpa ngarep-arep piwales lan pangalembana, wong mau wis kadunungan ati kang klas, njalari kabukaking rasa begja.

VIII. NGUPAYA SARANA BISAN TUWUH OSIKING ATIYn nuju wayah bengi, langit terang, linggihan ing latar, banjur tumenga ing tawang, kita banjur nyipati saprangan gelaring alam. Langit kang sumilak tanpa wates, sinebaran lintang-lintang kang pating krelip, ged cilik wis temata panggonan, rembulan tanggal enom kang njalirit mawa sunar kang manrawang, gunung lan kekayonan kang katon pating jenggunuk, apa ora agaw rasa pangrasa tumrap anan pangwasa kang nitahak lan mranata sakabh mau? Angin kang sumilir ngobahak gegodongan ngandut gandaning kekembangan, nuwuhak rasa pangrasa ayem, apa ora ngosikak sira tumrap kaluhuraning kang maha agung?Kaping 321. Kang diarani janma kang wis tetep ciptan, wis mantep pangidep marang Pangran iku, yn nindakak panggaw apa ta apa, ora bakal ndarbni kamlikan, najan wohing panggaw mau bisa mitunani marang dirin.2. Wong kang kerep muring-muring ing bab kang sepl iku prasasat nyiksa awak lan jiwan dw. Marga kahanan ora bakal bisa dadi becik mung sarana pamuring-muring ba.3. Manungsa wenang ngudigaya lan mbudidaya sakatonging tenaga lan pikiran, nanging sayogyan aja mesthkak sakhing kedadyan sadurung kaleksanan. Mundak gela lan kuciwa, yn tan ora kaleksanan panggayuh.4. Cipta kang resik iku bisa mahanani tindak-tanduk lan muna-muni kang njalari wong arep resep lan seneng. Mula saka iku, aja sah anyipta kang becik-becik lan ngsthiya kang memayu karahayon.5. Wong kang jail seneng ngrerusak jenenging liyan, bakal ora ndarbni mitra kang tulus lan langgeng, awit mitran mau iya bakal dijaili kaya liyan-liyan.6. Banyu kang maun buthek, yn lerem, ora dikocak-kocak, bakal bisa dadi bening. Mengkono uga manungsa, yn sumpeg pikir marga kanepson, yn bisa ngreremak, bakal sirna kasusahan.7. Mri marang kabegjaning liyan iku mung bakal nyiksa awak dw, awit kabegjaning liyan iku ora kena ditru. Aluwung timindak jujur lan sregep ing pangudi kanthi kapercayan marang sihing Kang Maha Kuwasa.Kaping 331. Wong kang nindakak pangibadah, nanging isih ndarbni pepnginan supaya diweruhana lan digawokana dning liyan, iku pratanda yn pangibadah mau durung akarana Allah.2. Banyu udan kang tumts ing tritisan, yn tts ngenani krwng, suw-suw krwng bisa bolong. Mengkono pindan wong kang ulah cipta hening, yn ditelatni, suw-suw kaleksanan bisa wening temenan.3. Wong kang kerep mituturi becik marang wong liya, nanging dwk dw tindak tanduk kosokbaln karo apa kang dipituturak, wong mau ora bakal kinurmatan.4. Keagungan Pangran iku bisa tinemu ing ngendi-endi, uger wong bisa ngrasak-ngrasakak kanthi pancadriya batin, bisa ndedeleng kanthi paningaling sukma.5. Ngrerasani alaning wong iku gampang banget ditindakak dning sadngahing wong, kang angl ditindakak iku, naliti alan dw.6. Jamu iku umum rasan pahit lan ora nak, nanging bisa marasak lelara. Mengkono uga pangudi bisan ndarbni kabegjan iku ora gampang lan sok nemahi lelakon kang pahit.7. Yn sira dipitulungi dning liyan, najan pitulungan mau mung sepl banget, aja lali nlakak panarimaning ati, sukur bag ing temb mburi bisa males pitulungan.Kaping 341. Wong kang bisa ngrasakak kandahaning alam sarta bisa nikmati sesawangan gumelaring alam, prasasat ngakoni marang kaluhuraning pangawasan Pangran.2. Anggagas-gagas bab-bab kang becik tumrap wong liya, iku bisa nglelatih nyirnakak rasa pangrasa kang mitunani tumrap jiwan dw. Satemah banjur kadunungan sipat kang utama.3. Nyipta kabecikan lan nyipta alaning liyan, iku pada ba panindak. Lir pada-pada nyipta. Nanging najan rekasan utawa gampang pada, woh kang ora pada.4. Tinimbang nyatur alaning liyan kang durung mesthi yn bener, aluwung meneng ba. Utawa becik anggagas-gagas kapan bisan ngepnaki atin wong liya.5. Wong kang nandang susah, bisa suda sedih yn kapanduk ing tembung pangerem-erem lan pangarih-arih. Mula aja wegah asung pangarem-arem yn nuju ana wong kang kasusahan.6. Panggaw becik sarta budi kang luhur iku, najan ora diktok-ktokak, ing tembn bakal kawruhan wong akh uga, tur bakal awoh kabegjan kang ora kinira-kira.7. linga yn ing temb bakal tumeka ing mangsan, wong-wong pada ngrerasani yn sira wis mati, kaya caturanira tumrap marang wong kang wis tinggal donya. Rerasan ala lan becik, gumantung marang lelabuhanira.Kaping 351. Yn sira wis ndarbni niyat nedya sumungkem marang Pangran kang disik kudu ndarbni kekarepan kang santosa bisan mangrh kekarepanira dw.2. Wong kang sujud marang Pangran, nanging kang isih ndarbni pepnginan supaya pratingkah mau disumurupi wong akh, iku ateges yn sujud mau isih ndarbni suprih pamrih.3. Wong kang durung bisa mangrh marang pribadin, adakan yn nampa kanugrahan lan kabegjan, lali yn ta tekaning kanugrahan mau saka sihing Pangran.4. Badan pepnginan wadag kita iku sipat ringkih, nanging kesd. Mula sapa kang nedya urip karaharjan lan ngudi bisan nemu kabegjan, kudu bisa ngalahak sipat-sipat karingkihan mau.5. Apa kang bakal kita darbni lan kita tampa ana ing urip kita ing jaman kalanggengan ora bakal siwah marang apa kang wis kita tindakak ana ing alam karamyan.6. Nafsu kepngin sugih, kepngin apangkat duwur lan kepngin barang kadonyan iku padah ged banget, yn ta diingerak marang nafsu kepngin ulah kautaman.7. Yn sira ora bisa awh piwulang kautaman marang wong liya, becik sira awha barang-barang darbkira kang bisa sira wnhak kanggo mitulungi liyan.

IX. PANGUDI KANG SANTOSA TAMTU KALEKSANAN ING SEDYAEnggon kita nglelatih cipta hening wis antuk wolung sasnan iki. Sanajan durung kasil kanthi sampurna, nanging yakin yn apa ta apa kang kita gayuh kanthi tumemen, kanthi mantep lan kanthi percaya marang maha welas lan maha asih Pangran, tartamtu wusanan bakal kancandak. Banyu ing tritisan iku, najan tumiban mung satts satts, nanging ing tembn bisa mbolongak watu, mengkono pindan pangudi kita bisan ndarbni ceciptan kang wening, murih rahayuning diri pribadi lan bebrayan.Kaping 361. Ngulinakak memikir lan nindakak sabarang gaw klawan milah-milahak endi kang kanggo kaperluwan dw, endi kang kanggo kaperluwaning wong akh, lawas-lawas bisa nenuntun marang kautaman.2. Sira dw ora seneng yn urusanira dicampuri lan dirembug dning wong liya, mula sira aja nyoba-nyoba mlu nyampuri urusaning liyan.3. Wong ngibadah kang sarana menganggo-anggo kang nka-nka, kang supaya katon bda karo penganggon wong liya, iku ateges isih ndarbni pepnginan kang supaya diaranana bda lan liyan.4. Ngibadah iku ora mung ateges nindakak sarnganting agama, nanging uga kudu nindakak lan memikir sarupaning panggaw becik kang kasebut ing wulangan agama.5. Ajinig diri katitik saka ing lathi. Lir yn wong iku rembug apik sarta ora nalisir saka kasusilan, wong mau bakal antuk kajn kringan.6. Yn sira nuju nesu marang wong liya kang jalaran wong mau lali, sira kudu nglingi uga yn ing sawijining dina sira dw iya nat lali.7. Wong sujud marak ing ngarsaning Pangran iku, luwih prayoga yn ana ing panggonan kang primpen, ora kasumurupan wong akh, supaya bisa luwih gampang enggon nyawijkak karep.Kaping 371. Yn kow sembahyang, kang mangka ana wong kang ngira yn kow ora nat sembahyang marga wong mau ora nat weruh dw enggonmu nindakak salat, kow ora susah serik atimu.2. Rampadan kang nikmat-nikmat lan wowohan kang nak-nak, yn ta mung disawang ba, ora migunani lan manpanganti. Kudu disuguhn, tangan kudu kumlaw nampani, nuli didahar, dimamah lembut, lagi karasa nak lan bakal nyata guna padah.3. Tindak tanduk kang ngresepak, luwih-luwih kang bisa awh padah marang wong liya, iku ajin ngungkuli sakhing pitutur kang dakik-dakik nanging kang durung kabuktn ana ing panindak.4. Wiji wringin iku cilik, tur ora pengaji, nanging yn wis thukul bisa dadi wit kang agung, kang ngayomi wong kepanasan lan kodanan, bisa awh pangan marang manuk-manuk sapirang-pirang, bisa gaw asrining sesawangan. Manungsa, becik anggagas-gagas marang dumadin wiji mau.5. Wong msem iku ora rekasa lan ora klangan apa-apa. Suprandn, yn kita ngrungu pocapaning liyan kang nedya njaluk pasatujon, sok-sok kita wegah nidakak seman.6. Sing sapa wis ndarbni niyat nindakak urip kebatinan, kudu wis mangerti yn sedyan iku mau kudu dibarengi dning kaniyatan mangrh marang pribadin dw.7. Yn kow arep nepsu, sarantkna ing sawatara disik, lebu wetuning napasmu tatanen kang sarh, banjur timbangen apa becik lan oran yn mbanjurak enggon arep nepsu.Kaping 381. Wong kang ulah kebatinan anggayuh kasampurnan, yn ta ora bisa mangrh pribadin, bisa uga wohing panggawn didaku dw, diakoni dw, ora nglingi marang Pangwasa Kang Agung.2. Badan jasmani iku watak kesd, sungkanan, abotan, gaw senengan mung nedya ngnak-nak. Mula kudu bisa mangrh diri, bisan tumandang gaw tumuju karahayon.3. Manungsa iku kejaban ndarbni kuwajiban nyebar kabecikan ana ing donya, uga ndarbni kuwajiban tumindak kautaman ana ing alam liyan.4. Sanajan wong iku mangerti yn muring-muring iku ora becik, toh ya arang kang bisa ngerh pribadin supaya ora muring-muring.5. Watak mrn lan drengki iku cetha yn ala lan mitunani marang wong liya sarta awak dw. Nanging yn nafsu kang mengkono mau dilironi dereng liya, dereng mbabar kabecikan, wis tamtu bakal gaw karaharjan.6. Awh pangan marang wong mlarat iku pratingkah kang becik ditindakak kanthi klasing ati. Nanging luwih utama manh yn bisa asung pangan marang wong kang kemlaratan batin.7. Wong sugih klawan gampang bisa awh pangan marang wong papriman, nanging arang wong sugih kang bisa asung pangan marang wong kang kacikrangan budin.Kaping 391. Kita manungsa kudu bisa mbdakak endi kang nyata lan endi kang ora nyata, endi kang langgeng lan endi kang ora langgeng, mula becik yn ngulinakak memikir lan tumindak klawan waspada.2. Yn sira mbeneri ngrungu rerasan kang nyatur alaning liyan, becik rerasan mau aja kok tularak marang wong liya.3. Yn sira nedya guneman apa ta apa, becik dipikir disik, supaya aja nganti nemahi keduwung marga saka wetuning ucap kang tanpa pinikr luwih disik.4. Aja ndarbni pepnginan dadi wong linuwih kang ngandut idam-idaman supaya rembug diandela wong akh. Becik njaga ba marang rembugira kanthi becik, patitis, lan madahi.5. Rembugan mono becik sethithik ba, nanging kang mantep sarta nyata, yn ora mangkono aluwung aja kojah apa-apa.6. Aluwung meneng katimbang guneman kang asemu mamrak kawruh, kejaba ta yn pancn wis terang kawruh mau dibutuhi banget dning wong liya.7. Yn sira ndarbni pepnginan nedya ngrembug perkaran wong liya, sabisa-bisa pepnginan kang mengkono mau tindesen, aja kok turuti ba, sadurung wong mbutuhak pitutur.

X. MANUNGSA MUNG SAPERANGAN SAKA TITAHING PANGERANIng wayah suk, sawis kita bar mlaku-mlaku, kita lelungguhan ana ing ngarep omah, ngrerungu oching manuk ana ing pang-panging wit-witan, sajak gembira banget bakal mapagak plethking srengng. Miber klepar-kleper karo muni manut och dw-dw, bisa gaw seneng kang ngrungokak. Saya dirasakak saya krasa, saya digagas, saya njalari rumangsa yn kita manungsa iku mung saprangan saka sakhing jinis titah Pangran kang mawu-wu kang gumelalr ing salumahing bumi sakurebing langit.Kaping 401. Wong kang nindakak panembah, marga ana wong liya kang ngrungokak, nuli enggon maca donga difash-fashak, dibecik-becikak saka pakulinan, wong ngibadah mengkono mau ngandut pepnginan supaya digumuni.2. Sapa wong kang atin tansah ningali ing Gusti Allah, sayekti wong mau tansah bisa weruh ing sipat Panjenengan ana ing kabh kahanan ing ngendi ba.3. Wong kang wis bisa makrifat marang Pangran, mesthi ngrasa marang keadilan lan kasuciyan, ing ngendi ba lan ing kapan ba, sirna ilang panganggep marang kang sarwa ora langgeng.4. Wong laku kasampurnan kang temen-temen enggon kumawula marang Pangran, tartamtu ora bakal ndarbni panganggep yn wis kinasih dning Pangran.5. Anan Gusti Allah iku ora bisa kasumurupan nggla dning wong kang ngudi sangkan paraning dumadi, marga Gusti Allah mau saka banget luwih ngglan, saka banget luwih cedak lan agung.6. Wong ora bisa nyipati Pangran kang maha agung, iku marga saka bangeting agung nur cahyan kang nganti ora bisa cetha dineleng nganggo ntra kepala.7. Pambudidayanira alaku panembah marang Pangran iku aja sira enggo sarana murih tumuruning peparing, nanging mligiya nindakak panembah mung saka niyat manembah.Kaping 411. Wong kang nyenyandang kekasih Pangran sarana laku panembah, yn ta banjur nyata kaleksanan panyuwun, bisa njalari kethuling kawaspadan marang kaluhuran Pangran.2. Asung dedana marang wong kang ora patiya mbutuhak pitulungan iku padan wwh pangan marang wong kang ora ngelih. Mula sadurung dedana, becik pikiren disik.3. Wong kang serik lan gething marang wong liya mung saka rasa pangrasaning ati ba, wong mau prasasat ngomb racun tumrap jiwan kanthi sengaja.4. Digedongana, dikuncnana, wong mati mangsa wurunga. Mengkono tiban papesthn kang ora kena ditanggulangi dning manungsa. Mula luwih utama manungsa tansah nglingana yn ing temb bakal puput yuswa.5. Watak sabar iku sawijining tamba kang mustajab banget kanggo mbrat lelara kang wujud kasusahan lan kaapesan. Mula prayoga nglelatih watak sabar lan sarh.6. Sawijining sipat utama yn wong gelem anggetuni marang panggaw luput kang wis nat katindakak. Luwih utama manh yn ta saben dinan anjaga aja nganti ndindakak penggaw luput.7. Sajron kita ngudidaya sakatog nyirnakak kasusahan lan pepalang, aja lali nyenyuwun marang Gusti kang Maha Welas lan Asih, kersoa paring kanugrahan bisan kentas saka kasusahan mau.Kaping 421. Duwit iku akh gunan, kanggo nyukupi kabutuhan urip. Nanging yn klru panganggon, duwit iku bisa njalari kacilakan lan marahi dadi tuking kasangsaran.2. Lelakon wong bodo kang kasurang-surang, iku dadi piwulang tumrap wong pinter kang nedya maju. Suwalik lelakon wong pinter kang awh kabegjan, iku ora mesthi bisa dadi wulangan tumrap wong kang bodo.3. Anggagas-gagas nedya nindakakk kabecikan marang wong liya, yn panggagas mau lumintu, satemah bakal thukul ing panindak, yaiku nindakak panggaw becik.4. Anggagas-gagas nedya nindakkak laku sasar iku, ing tembn bakal temenan nindakak laku sasar. Mula becik, pikirira aja nganti kalebon cipta kang ala.5. Arang banget wong kang seneng atin yn wong liya mlu nyampuri urusan, kejaba yn ta pancn mbutuhak marang nashat lan pratikel.6. Yn aku lumuh dilarani atiku dning wong liya, mesthin aku dw kudu lumuh natoni atin wong liya. Yn mengkono, aku lagi kena diarani bisa tepa salira.7. Wong iku lagi ingaran weruh ing panarima, yn ngakoni kabecikaning atin wong liya kang wis nat mitulungi. Uga lagi kena ingaran weruh panarima marang Gusti. Yn ngluhurak asman lan bekti ing Panjenengan.Kaping 431. Yn sira nindakak kuwajibanira kang wis dipasrahak dning wong liya, tindakna kanthi tumemen kaya pangarep-arepira dw tumrap kasil pegawyan kang kok pasrahak marang wong liya.2. Tutuk utawa cangkem iku dadi prabot lumebun pangan, nanging uga dadi prabot wetuning caturan. Jaganen, kang supaya apa kang lumebu ing tutuk bisa madahi marang sira, lan kang metu saka tutuk aja nganti gaw cilakaning liyan.3. Wong kang krem enggon golk donyabrana, bisa kebacut bakal dadi abdin donyabrana, satemah urip bakal tanpa kajn tumraping gegayuhan kasampurnan.4. Wedi-asih ngrerepa lan dp-dp ing Pangran iku nuduhak sipat weruh ing panarima. Nindakak pegawyan becik kang madahi tumrap bebrayan tanpa suprih pamrih, iku nuduhak sipat pangabekti marang Panjenengan.5. Mung nutuh lan melhak kaluputaning liyan, bakal ora nuwuhak padah marang kang ditutuh. Becik yn nuduhak kaluputan lan banjur ngiguhak ing penggaw kang becik supaya bisa nyalini tindak.6. Wong nyebar wiji bayem, bakal thukul bayem, lan bakal ngrasakak nak lan munpangat sayur bayem. Mengkono uga yn kita nyebar kautaman, ing temb iya bakal ngunduh kautaman, sanajan ta kita ora ngarep-arep tumekan.7. Wektu iku ora nat lrn lan ngaso. Terus mili lan lumaku tanpa kendat. Mula becik yn kita engggo, kita pigunakak kanthi patitis, kang ora mitunani, nanging bisoa migunani. Ora mung tumrap badan lan kaluwarga dw, nanging tumrap urip bebrayan.

XI. JIWA KITA BECIK KITA UPAKARA KANTHI RESIK.Saben ndina kita reresik badan lan penganggo, supaya bisa katon apik lan bagas kuwarasan. Saben ndina kita reresik lan ngupakara piranti bal omah lan pakarangan, supaya katon resik ngresepak, nanging kudu pitakon ing sajroning ati kita: Apa saben ndina kita iya reresik lan ngupakara batin kita, jiwa kita, supaya saya resik, saya apik, saya suda-suda rereged saka anan cacad-cacad lan panggoda? Gnya yn badan wadag kita, kita upakara becik nanging jiwa kita, ora? Kang mangka jiwa iku kang asipat langgeng, kang luwih ged ajin katimbang badan wadag kang bakal rusak.Kanggo ngupakara jiwa amrih resik, aja sah ing saben ndina nyenyipta gagasan kang utama.Kaping 441. Pangan badan jasmani iku arupa sega lawuh sabangsan, nanging pangan sukma iku pepanganan bangsa rohani, yaiku kang kejaba liya-liya awujud penggaw becik.2. Lelaran badan wadag arupa ngelu mules lan sabangsan, nanging lelaran jiwaning manungsa awujud panggaw bangsa maksiyat sarta pakarti kang murang sarak.3. Raga kang nandang lara ora doyan panganan, mengkono sejatin sukma kang nandang lara, ora doyan memangan panganan kang rupa panggaw becik lan laku utama.4. Nafsu kang anteng iku ana kang ngarani nafsu mutmainah, yaiku kang asipat lerem, anteng, mbangun turut marang piwulang luhur pakarti becik rena marang sihing Pangran.5. Manut sawenhing wulang agama, duwur-duwuring sipating sukma iku kang asipat mutmainah, lir kang bisa marem marang sihing Pangran, mula utama yn kita parsudi andarbni.6. Bisan antuk kanugrahan sifat mutmainah, ora cukup mung nyenyuwun, nanging kudu temen-temen enggon mbrastha nafsu kang memalangi, kang ngajak-ajak memikiri asor lan manggaw sasar7. Mokal bisan sukma bali ngadep ing pangayunan kang nitahak, yn ta sipat durung suci saka sakhing rereged, durung bali asli kaya sejatin.Kaping 451. Wong bisa anggayuh gegayuhan, ora mung saka pangudin, nanging uga saka sih kanugrahaning Pangran. wa semono wong ora bisa kaleksanan anggayuh kasampurnan mung sarana sihing Pangran, kang ora binarengan pangudidaya kang santosa.2. Pepalang kang ngalang-alangi ajuning sukma kang nedya anggayuh kasuciyan iku penggaw maksiyat. Mungguh wujuding panggaw maksiyat iku, rupa-rupa banget, antaran drengki, sri, jail, jubriya, uga klebu ing kono.3. Wong kang murih sirnan kanikmatan lan kaslametaning liyan, iku klebu wong kang drengki. Mula prayoga kita ngedohna penggaw kang sajak sepl iki, nanging ged gunan tumrap kemajuwaning jiwa kita dw.4. Bakal suda ajin sawijining sujana kang wasis ing kawruh kebatinan, nanging isih ndarbni mri marang kabegjaning liyan, sanajan mung ana ing gagasan ba.5. Akh wong kang balapan nuduh-nuduhak kapinteran lan kasugihan, nanging arang wong kang balapan nindakak panggaw becik. Nanging yn ta sira nedya balapan penggaw becik, linga aja nganti nuwuhak kadrengkn.6. Pikolh nuruti hawa nafsu kang klebu bangsa maksiyat iku adat ing wiwitan pancn nenarik ati sarta bisa nekakak rasa nikmat lan seneng, mula akh kang kepncut.7. Dn pikolh nafsu ing sajroning nindakak pakarti taat marang Pangran iku, samar banget, yaiku arupa kasenengan supaya dialembana wong liya, pepnginan supaya dihurmati sapepadan.Kaping 461. Sapa kang wis gandrung marang kasunyatan, lir kang nyata wis madep sedyan manembah Pangran, kudu bisa nyirnakak krenteging hawa nafsu ing ndalem laku taat.2. Wong kang sedya alaku taat, lir nedya sumungkem marang Pangran, yn ta isih ndarbni nafsu golk alem, golk aruming nama, kang mangkono mau isih durung sampurna.3. Pada-pada pangudi nyirnakak nafsu, kang luwih angl tumraping para pangudi ulah kebatinan iku nyirnakak nafsu kang anggegoda lakun sajron alaku manembah.4. Nyirnakak hawa nafsu kang klebu golongan maksiyat, ma pepitu, iku pambkas bisa sirna yn ta wong banjur marni enggon tumindak maksiyat.5. Nyirnakak hawa nafsu kang klebu ing laku panembah, lir kang mung nedya golk aruming nama, iki panindak enggon arep nyirnakak ora teka nyingkiri enggon alaku taat, ora nanging malah saya mempeng panembah, mung ba sarana nyingkiri nafsun.6. Sapa kang nindakak ngibadah, mangka mempeng uga enggon nyirnakak nafsu kepngin dialembana wong, iku aran ngibadah sarana memper nafsu, tumuju panembah kang sejati.7. Merangi hawa nafsu kang supaya ninggal laku maksiyat iku tumindak wong gampang lan luwih melok katimbang merangi nafsu kang memalangi laku panembah kang supaya bisa kanthi klas.Kaping 471. Dereng nedya pamr utawa riya iku terkadang muncul dumadakan kaya-kaya tanpa rinasa ing nalikan kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula becik sing waspada.2. Dereng utawa nafsu seneng pamr kang gampang dineleng lan sineksnan wong liya iku aran riya kang pratla ngdng. Becik kita singkiri.3. Dereng utawa nafsu sajron laku panembah, arang kang disumurupi wong liya, luwih-luwih yn pinuju ijn ana ing senthong. Nanging linga, Pangran iku tansah ngudanni.4. Kang diarani riya khafi iku nafsu utawa pepnginan tumrap kaperluwaning diri nalikan nindakak panembah ing Gusti Allah. Sanajan ora kasumurupan liyan, nanging panembah ateges isih ndarbni pamrih.5. Wong kang temen-temen enggon nindakak panembah iku kudu bisa nyingkiri pangangen-angen marang sarupaning kumelip ing ndonya, balik kudun mung madep marang Kang Maha Kuwasa ba.6. Sejatin wong kang wis temen-temen enggon sembahyang, utaman yn rumangsa lagi adep-adepan karo Kang Maha Wikan, apadn ditansah ngrasaa yn pratingkah lan panyiptan mau tansah diudanni.7. Wong sesaji kang karep nedya manembah Pangran, nanging enggon nindakak isih kapngin disumurupi wong akh, nganti panindak mau disuck-suckak, dimulyak-mulyakak, iku pratanda yn isih durung iklas temenan.

XII. NGUDIDAYA LAN NYENYUWUN TANPA KENDATWis mh setaun enggon kita gegulang nandur cipta utama ing ndalem ati sanubari kita klawan panyuwunan marang Gusti kang mahawelas lan maha asih, pinaringana nugraha bisan ndarbni ati kang wening, jiwa kang utama. Pancn ora gampang ngudi bisan lestari kasinungan cipta utama, marga manungsa kasrnan sipat apes lan lali. Nanging, yn ta sawis nandang apes lan lali, banjur gumrgah manh pangudin lan panglatih, apadn ora sah panyuwun, Gusti Allah tertamtu bakal amarengi.Kaping 481. Yn sira nedya jumangkah ing kawruh kasampurnan, kang disik sira kudu pawitan kasantosaning budi, marga wong kang anggayuh kasampurnan iku kadidn wong lelungan adoh kang dalan gawat akh bgalan.2. Yn sira katuwuhan osik nedya temen-temen kumawula marang Pangran, poma dipoma, osik mau tampanen kanthi gambira lan pepetrinen kanthi becik. Sabab osik kang mengkono mau bisa njalari terus ling.3. Titikan wong kang wiwit gandrung marang kasunyatan, nedya kumawula marang Pangran, yaiku yn wong mau wis ora karem banget marang kadonyan.4. Wong kang cecawis sangu kanggo kaperluwaning pati lan cecawis sangu kanggo urip ing sawis pati, iku wong kang kadunungan ling marang panguwasan Pangran.5. Sing sapa rumangsa nampa kanugrahan saka Pangran, dn wis bisa urip kepnak, dn bisa ngrasakak kanikmatan ndonya, iku ateges wong mau weruh ing panarima, ngakoni kamurahaning Gusti Allah.6. Yn sira anyrengeni wong liya marga wong mau lali lan klru sira kudu ling, yn sira dw iya nat lali lan klru kaya wong kang sira srengeni mau.7. Wong kang dp-dp marang pangged iku adat mlik supaya dikasihi lan supaya tansah kacedak. Nanging wong kang kumawula marang Pangran iku patrap utama, jer Pangran ora bakal tumindak kang ora adil.Kaping 491. Kang diarani tobat iku kejaba ngakoni kaluputan kang ditindake, uga nedya marni ora agaw kaluputan manh. Sabanjur nedya nebus kaluputan kang wis kepungkur, sarana nikelak tindak kabecikan.2. Barang-barang lan kahanan ing ndonya iki ora ana kang langgeng, mangka jiwa utawa urip iku langgeng, mula kejaban kita ngudi barang kadonyan minangka sarating urip, aja lpya ngudiya kang asipat lenggeng.3. Wong kang sok seneng ngrasani alaning liyan, iku ing sawijining wektu becik linga, yn ta dwk dw kang dirasani ala dning wong liya, mesthi ora seneng.4. Yn sira nuju nandukak pratingkah sasar kang kok kira ora ana kang meruhi, sira kudu ling yn sejatin pribadinira dw kang murni, ngosikak sira supaya aja nandukak pakarkati sasar mau.5. Ora ana wong kang seneng nampa pamuring-muring kang mangka wong mau ora rumangsa luput. Mula saka iku, yn sira perlu muring-muring , sabarna disik, talitinen sajroning ati, apa wong mau nyata luput temenan.6. Akh wong kang mancahi marang prntahing sarnganting agama, kang jalaran wong mau mung saka enggon lumuh nglakoni sarngating agama iku mau.7. Kang diarani watak riya iku yaiku nindakak panggaw becik, nanging ngandut pamrih supaya dialembana, diringana lan antuk pangaji-aji. Drajad pangaw mengkn iki isih ana sangisor wong kang ora nindakak penggaw becik.Kaping 501. Wong ngibadah kang isih kadunungan watak riya, pangibadah ora klebu ing golongan panembah kang akarana Allah, dn isih ndarbni suprih pamrih.2. Ujaring wulang agama, ngreksa pangibadah saka godaning riya iku luwih abot saka enggon nindakak ngibadah dw. Mula becik digegulang nyingkiri sipat riya.3. Mungguh wigatin kawruh ketuhanan kang maha esa iku nedya maluyakak lelaraning sukma budi pakerti kang asor, suwalik nedya ngrengga sukma kanthi budi pakerti kang luhur.4. Wong kang seneng ngling-ling marang kanugrahan sihing Pangran, apadn sok-sok nglingi marang paukuman kang bakal tinampa, iku pikolh bisa nyurung marang penggaw luhur.5. Wong kang saya wuwuh kawruh, nanging ora wuwuh pangabektin marang Pangran, ora bakal saya wuwuh kacedakak marang Pangjenengan.6. Mtani alan dw, mawas diri pribadi, iku sawijining pakrti kang pinuji. Mula becik kita diseneng mtani kekurangan kita dw, sadurung diptani dning iyan.7. Memikir kanthi temen-temen kahanan sakhing dumadi, iku pakarti kang pinuji tumrap agama apa ba, mula akh wong kang nindakak tafakur, semdi, dikir, woh bakal saya kacedak marang Pangran.Kaping 511. Ngeningak cipta tumuju marang gumelaring alam, kejaba bisa nyingkirak gagasan kang ngambra-ambra ngelamun tanpa, guna, uga padah tumrap panembah.2. Wong kang nemahi kekurangan urip utawa nemahi kasangsaran, tarkadang antuk leliru nugraha kang luwih pengaji, yaiku: dn banjur ling marang kaluhuran lan kamurahaning Pangran.3. Sira kang tansah ling sarta memuji kaluhuraning Gusti kang Maha Luhur kanthi sucining ati, tanpa ndarbni pepnginan apa-apa, tarkadang sira nampa kanugrahan kang luwih aji katimbang kanugrahan kang tinampa dning wong kang nyenyuwun.4. nDedonga kang kanthi temen-temen iku ateges sawijining panalangsaning kawula enggon ngrumaosi kinawulakak dning Gusti.5. Manembah ing Pangran sarana ndarbni pepnginan utawa panggayuh marang kaswargan, iku tumrap kasunyatan isih klebu woning panembah kang kurang ikhlas.6. Pepalang wong ulah kebatinan iku yn isih kadunungan pepnginan supaya kinack ing liyan, pepnginan kang supaya wong liya ringa marang dwk.7. Yn sira isih durung bisa nyirnakak babarpisan marang pepnginan kadonyan, udinen kanthi temen-temen bisan nyenyuda marang pepnginan mau.Kaping 521. Wong kang jail iku jiwan prasasat mangsa, ngrikiti, marang sipat dw kang becik. Dadi wong jail iku kejaba mitunani wong kang dijaili, uga mitunani marang dirin pribadi.2. Gusti Allah ora rena marang wong kang sipat gumed, ngegung-egungak dirin, yaiku kang sinebut wong kang tekabur. Mula becik, ndarbnana rasa pangrasa aja dumh.3. Wong kang sok ngrmhak liyan marga saka enggon rumangsa sarwa luwih, kerep ba wong mau keclik marga wong kang dirmhak, jebul malah ngluwihi.4. Sapa kang rumangsa becik dw, apik dw, sugih dw, kuwasa dw, becik sok gelema ngleremak gagasan cipta kang wening, yn sejatin isih ana manh kang maha becik, maha apik, maha luhur, lan maha kuwasa.5. Wong kang takabur marga saka turunaning darah luhur, saka bagusing rupa, saka pangkat kang duwur lan saka kasugihan, prayoga insyafa yn sesipatan kabh mau ora bakal langgeng.6. Yn sira weruh mayit kang dikubur lagi ba diwulang talkin, iku sira prayoga insyaf yn sanyatan sira dw sadurung mati wis kudu mangerti disik marang sangkan paraning dumadi.7. Wong kang nindakak sarngating agama, nanging ora nindakak kabecikan tumrap masyarakat, kena diarani enggon ngibadah durung sampurna.

WEKASANING ATURSawis rampung pamaos kita anan wejangan-wejangan ringkes, saka wiwitan nganti wekasan, banjur bisa ngrasakak becik lan oran bisa nimbang sepira ajin ttsan madu kang ana ing sajron bathok bolu iki.Tamat enggon kita maos kanthi sarh isin buku rmh iki, ateges wis pada pirsa marang intisarin wejangan-wejangan ringkes mentes kang kh pada karo khing dina sajroning setaun, yaiku 365 wejangan, kang ngandut piwulang lan piweling rupa-rupa tumuju marang karahayon ing sajroning kita urip ing ndonya iki lan ing temb.Bisa uga ana sawatara wejangan kang ora ndadkak renaning penggalih para maos. Bisa uga ana tinemu wulangan kang ora pada karo faham para kang miyarsa. Nanging, tumrap pangudi kasunyatan kang luhur ing budi, tartamtu bakal kanthi jembaring samodra pangaksaman, bisa ba nampa sarining piwulang ing sawutuh klawan nyisihak sawatara kang ora dadi kepareng mau. Jer sedya kang permati enggon ngaturak isin buku iki, ora kumudu-kudu supaya sakabehing wulangan supaya dirujukana, ora.., nanging mung nedya asung gegaran minangka prabot mangulah weninging cipta lan alusing gegayuhan. Mula, yn ta ana piwulang kang ora utawa urang direnani, sayogya diliwatana ba.Sawis pada rampung maos sakhing isin wejangan, kita sayogyakak buku iki aja banjur dibuwang, nanging kersoa migunakak minangka prabot nglantih weninging jiwa.Partap: saben wayah suk, kersoa maos, wejangan siji kanthi niyat temen-temen nglebokak marang ati sanubari, sukur bag banjur dileksanakak ana ing panindak saben ndinan. Kaya kang pada kita wuningani, swasana ing wayah suk iku apik banget tumrap kanggo nglelatih jiwa, marga isih sarwa anteng, isih sarwa tentrem, bang wtan isih katon remeng-remeng, sunar srengng isih durung cetha, kekayonan isih seger, manuk-manuk lagi tangi kanthi gembira ngoch sajak nedya mapagak marang babaring rahina, dalan-dalan isih sepi, bledug durung mawur saka lakuning tetumpakan.Iya ing swasana kang tidem tentrem iki, becik kita nandur wiji ing ati sanubari kita sarana ngeningak cipta, nglebokak pangsthi sarana mahami anan wejangan saka siji-siji kang kamot ing buku iki.Wong nedya ulah kautaman iku kudu sangu kasantosaning tkad. Yn kita kepngin ndarbni sesipatan kang utama, kepngin kaleksanan enggon kita anggayuh kautamaning sedya, saranan kang disik kita ndarbni tkad lan niyat kang santosa.Dadi, enggon kita nglatih sarana ngeningak cipta saben suk, iya kudu disaranani tkad kang sentosa, lir pinda waja. Kudu ora bosenan, kudu ora mung demen-nyar, suwalik kudu telatn, kudu teguh, kudu ulet, ora kena bosenan.Bebasan ana, yaiku uwuh utawa larahan iku, yn ta diklumpukak kanthi ajeg, lawasing lawas bakal bisa dadi gunung.Iku yn uwuh, saya yn kang diklumpukak mau panemu becik, piwulang becik, wejangan becik, yn telatn sarta ajeg enggon nglumpukak, lawasing lawas iya bakal dadi gunung, gunung nglmu, gunung kawruh, gunung pangawikan.Nanging ora cukup mung semono, ora cukup mung darbni kawruh kang sagunung gedn, isih kudu dikantni sarat sabanjur. Yaiku sawis ndarbni kawruh, kawruh mau ora cukup mung diweruhi lan dingertni ba, nanging utaman kudu ditindakak, dilakokak, dienggo ing urip saben ndina.Wong kang ndarbni kawruh, nanging ora dipencarak, ibarat kekayon subur ngrembuyung, nanging ora awoh. Dn kawruh kang disebarak, nanging ora dilakoni ing urip saben ndina, ora diamalak, ibarat woh-wohan kang adi-adi sarta nak-nak rasan, nanging ora kena didahar, mung disawang kanggo pamran ba.Mengkono uga pepindan sakhing wejangan kang prasasat madu, nikmat sarta manpangati iki, bakal mung kaya pajangan ba yn ta sawis dikawruhi, dilebokak ing ati sanubari, nanging ora diamalak ana ing ndalem urip sadina-dina.Tujuwan pangimpun ngisni bathok bolu sarana madu manis iki, ora liya iya supaya aja mung dicecep ba, nanging supaya ndayani marang kang pada necep, bisan migunakak ing urip saben ndinan, ngalamak kanggo karaharjaning diri sarta rahayuning bebrayan.Cahmbanjar1