Atur Pasrah Penganten Jaler

8
ATUR PASRAH PENGANTEN JALER Assalamu’alaikum .Wr.Wb Kulo nuwun, kadang kulo sepuh sepuh / anem, minangka sulih sariro Bpk / Ibu Supardi ingkang tansah kinurmatan,kulo dipun resaya dening bpk/ibu Raharjo Kepareng masrahaken penganten ingkang jaler. Sakderengipun ,awit donga pangestu panjenengan ,kulo punapadene anak mas angger.Sakpangombyong lampah bidhal saking Solo dumugi ing mriki pinaringan rahayu wilujeng sepen ing pepalang. Ing saklajengipun ,boten kesupen hanglantaraken salam wilujengipun Bpk / Ibu Raharjo. Mugi katur ing ngarsanipun Bpk / Ibu Supardi. Baken wosing wigatos sampun kulo aturaken ing ngajeng rehdene Bagus Arif, Sampun kulo kanthi sowan ing mriki , pramilo kulo pasrahaken dhumateng panjenengan ,ingkang saperlu badhe sumanggem nindakaken tatacara panggihing pengantin gagrag surokarto hadiningrat,kaliyan putri panjenengan pun Roro Fitri , wondene kalampahaning panggih pun Bagus Arif kaliyan putri panjenengan ,kulo anamung sumarah wonten ing pamurba panjenengan sakadang. Cekap semanten angger kulo matur , tumrap kirang jangkeping subosito,kulo sak prikonco nyuwun gung samudra pangaksami.

description

Pidato Bahasa Jawa untuk Pernikahan Pengantin Adat Jawa

Transcript of Atur Pasrah Penganten Jaler

Page 1: Atur Pasrah Penganten Jaler

ATUR PASRAH PENGANTEN JALER

Assalamu’alaikum .Wr.Wb

Kulo nuwun, kadang kulo sepuh sepuh / anem, minangka sulih sariro Bpk / Ibu Supardi

ingkang tansah kinurmatan,kulo dipun resaya dening bpk/ibu Raharjo Kepareng masrahaken

penganten ingkang jaler.

Sakderengipun ,awit donga pangestu panjenengan ,kulo punapadene anak mas

angger.Sakpangombyong lampah bidhal saking Solo dumugi ing mriki pinaringan rahayu

wilujeng sepen ing pepalang.

Ing saklajengipun ,boten kesupen hanglantaraken salam wilujengipun Bpk / Ibu Raharjo.

Mugi katur ing ngarsanipun Bpk / Ibu Supardi.

Baken wosing wigatos sampun kulo aturaken ing ngajeng rehdene Bagus Arif, Sampun kulo

kanthi sowan ing mriki , pramilo kulo pasrahaken dhumateng panjenengan ,ingkang saperlu

badhe sumanggem nindakaken tatacara panggihing pengantin gagrag surokarto

hadiningrat,kaliyan putri panjenengan pun Roro Fitri , wondene kalampahaning panggih pun

Bagus Arif kaliyan putri panjenengan ,kulo anamung sumarah wonten ing pamurba panjenengan

sakadang.

Cekap semanten angger kulo matur , tumrap kirang jangkeping subosito,kulo sak

prikonco nyuwun gung samudra pangaksami.

Wasono mugi rahayu ingkamg sami pinanggih,nuwun

Wassalamu’alaikum .Wr.Wb

Page 2: Atur Pasrah Penganten Jaler

ATUR NAMPI PENGANTEN JALER

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Kadang kulo sepuh / anem, minongko talanging atur Bp/Ibu Raharjo ingkang

kinurmatan.Kajawi pambagyo rahayu wilujeng kulo tumrap panjenengan sak prikonco/sak

kadang ,salam wilujengipun sampun kulo tampi kanthi bingahing manah,ing mangke badhe kulo

aturaken dhumateng Bpk/Ibu Supardi.

Sak wangsulipun salam wilujengipun Bpk/Ibu Raharjo, gentos kaaturno ing ngarsanipun

Bpk /Ibu Supardi.

Wondene pasrah panjenengan pengantin jaler pun Bagus Arif soho handadosno

bingahing manah.Dene kalampahaning panggih anak putri kulo pun roro Fitri kaliyan putro

panjenengan pun Bagus Arif sampun wonten ing pamurbo kulo sakadang,tumuli badhe

katindakaken.

Sasampunipun pepanggihan meniko ,panjenengan sedoyo kulo suwun lelenggahan soho

paring berkah wilujeng dhumateng anak kulo pengantin sakaloron sumrambah ing sadayanipun.

Cekap semanten atur panampi kulo ,kirang trep pangetreping subosito lan tatakrami ,

kulo nyuwun gunging samudro pangaksami.

Wasono rahayu,winantu ing suko reno

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Page 3: Atur Pasrah Penganten Jaler

ATUR PAMBAGYA HARJA

Assalamualaikum wr.wb.

Kula Nuwun!

Para Sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak, para ibu lan sederek-

sederek sedaya ingkang minulya ing budhi. Para tamu lan adek-adek sedaya ingkang kula

kurmati.

Kula Nuwun! Kaparenga kula semela atur, ngempil kamardikan panjenengan sadaya rikalanipun

nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka wakil kaluwarga minangkani pamundhutanipun

ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa Gusti

ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak Supardi sakaliyan anggenipun hamengku gati

ndaupaken putranipun ingkang selisih 2 tahun sampun kalampahan dhaup kaliyan Bagus Arif

rikala dinten kemis tanggal 14 wanci jam 11 wonten ing dalemipun Bapak Supardi kanthi

manggih rahayu kalis ing sambekala. Kaping kalihipun Bapak Supardi sakulawarga ngaturaken

panuwun ingkang sanget menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring dongan

pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan. Sarehning Bapak Supardi sakaluwarga mboten saged

ngaturi punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi pikanuk sih

kautaman panjenengan sedaya saking Gustiingkang Maha Agung. Kaping tiganipun Bapak

Supardi sakulawarga nyuwun dedonga marang para tamu sadaya supados sri penganten

sekaliyan sageda nglaksanani kekudangan para pinisepuh sadaya. Tuwin enggal pinaringan

momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun

lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng nagri. Ingkang

pungkasan mbok bilih wonten kakurangipun trapsila anggenipun ngacarani, menawi dhaharipun

kirang eco ugi papanipun kirang sae Bapak Supardi sakaluwarga ngaturaken sih samodra

pangaksami.

Wallitaufik walhidayah, Wassalamualaikum wr.wb

Page 4: Atur Pasrah Penganten Jaler

ATURIPUN PAMBIWARA

Kulanuwun..

Panjenenganipun para sepuh pinisepuh, para tamu kakung saha putri ingkang utami hing budi,

saha para pametri budaya ingkang sadaya hanampi hing pakurmatan.

Saderengipun kapurwakan lampahing tatacara hing wanci siang punika sumangga kula

derekaken, ngaturaken panuwun syukur wonten hing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung,

bilih ing wanci siang punika kula dalasan panjenengan sadaya, saged kempal manunggil wonten

hing pahargyan kanthi wilujeng, dene sadaya Nugraha ingkang sampun kaparingan dening Gusti

sumangga kita tampi mugi tansah hamimbuhana hing sapanginggil sumrambah sajawining

pasamuan.

Kulanuwun, dene lampahing tatacara ingkang sampun karakit parapametri budaya, sepisan

Hanglenggahaken Penganten putri wonten hing krabangan pimasren. Ingkang angka kalih,

bidaling duta pametuking panganten kakung tumuli kalajengaken pasrah miwah panampi.

Purnaning tatacara pasrah panampi kalajengaken panggih, panganten sekaliyan daya kasingepan

slindur kalenggahaken wonten hing krabangan.

Lampahing tatacara ingkan angka katiga, hangacarani rawuhipun besan sapangarak.

Sasampunipun besan satata lenggah kalajengaken sungkeman. Ingkang angka sekawan, hatur

pambagya rawuhipun tamu tumuli kalajengaken kiraping panganten.

Makaten para tamu kakung sarta putri, lampahing tatacara hing wanci siang punika, mugi prwa

madya lan wusana Gusti ingkang Maha Agung paring pangayoman.

Nuwun

Dene Tata Cara resepsi wonten pahargyan Jawi, yoiku :

1. Temanten putri mijil

2. Methuk temanten priya

Page 5: Atur Pasrah Penganten Jaler

3. Temanten priya rawuh

4. Pasrah tinampi

5. Panggih

6. Krobongan

7. Sungkeman

8. Lelangen

9. Atur pambagya harja

10. Kirab

11. Kirab wangsul

12. Ular-ular

13. Purnaning pahargyan

Aturipun pambiwara menawi pahargyan sampun rampung

Kula Nuwun..

Para tamu kakung sarta putri, bilih sasmita ingkang kula tampi saking pangersaning pasamuan,

pahargyan hing wanci punika sampun paripurna.

Dene kula ingkang kadawuhan hambiwarakaken lampah-lampahing tata cara lan upacara, katah

kekirangan ingkang kula sandang, kula nyuwun panapunten.

Page 6: Atur Pasrah Penganten Jaler

TUGAS BAHASA JAWA

PIDATO DALAM UPACARA PERNIKAHAN JAWA

Disusun oleh :

1. Fadhillah Luluk ( XII.A.4 / 12 )

Page 7: Atur Pasrah Penganten Jaler

2. Lilis Maryati ( XII.A.4 / 14 )

3. Platino D.S ( XII.A.4 / 21 )

4. Restu Bunga P ( XII.A.4 / 23 )

SMA Negeri 5 Surakarta

Tahun Ajaran 2012/2013