Assalam 6

4
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh Bapak Kepala MTs Maarif NU Gandusari ingkag dahat kinurmatan Bapak Ibu Guru lan Karyawan MTs Maarif NU Gandusari ingkang kawulo hormati. Lan boten kesupen para kesupen para sederek sedaya ingkang minulyo. Langkung rumiyen, mangga kita sedaya tansah muji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kesehatan jasmani lan rokani, saenggo kita sedaya saget kempal wonten ngriki kanthi kawontenan sehat wal’afiat boten wonten alangan menapa menapa. Mboten kasupen sholawat ugi salam sumonggo kito daturaken dhu mateng junjungan kito Nabi Ageng, nabi ingkang sampun madhangi ndunyo, nabi Ageng Muhammad Shollallohu ‘Alaihiwasallam. Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya, Wekdal menika kaparengana kula matur bab unggah ungguh basa. Budi pekerti utawi ing bahasa jawi ugi kasebut kanthi nami “unggah-ungguh”. Ing masyarakat Jawa, unggah-ungguh mono uga ngemu teges sopan santun, tata krama, lan pakurmatan. Ing jaman saiki, unggah-ungguh lan tata krama, bakune kang sesambungan karo basa, saya suwe wus tansaya luntur. Budaya kurmat kinurmatan, bakune babagan basa krama, tata kramane wong enom marang wong tuwa, tansaya luntur, kalah karo ombyaking jaman kang saya maju. Basa krama kalah kalawan basa gaul kang ora genah asale. Murid luwih seneng sinau basa manca kayadene basa Inggris tinimbang basa Jawa. Akeh siswa kang uga nganggep basa Jawa dadi pelajaran momok. Kamangka basa Jawa iku dienggo saben dina. Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya, Semono uga babagan unggah-ungguh, akeh siswa kang ora mangerteni unggah-ungguh kang becik. Mula saka iku, ing pamulangan, babagan basa lan unggah-ungguh tansah diutamakake. Mila saking menika kita kedah sami-sami sinau babagan budi pekerti tumrap tiyang sepuh kita, para sesepuh saha saking Bapak Ibu guru ingkang langkung mangertosi babagkan unggah- ungguh tumrap tiyang sanes. Lang kagem para sedherek sedaya ugi saged ngangsu kawruh babagan basa jawa saking sekolahan.

description

kk

Transcript of Assalam 6

Page 1: Assalam 6

Assalamu’alaikum Warohmatullahi WabarokatuhBapak Kepala MTs Maarif NU Gandusari ingkag dahat kinurmatanBapak Ibu Guru lan Karyawan MTs Maarif NU Gandusari ingkang kawulo hormati.Lan boten kesupen para kesupen para sederek sedaya ingkang minulyo.

Langkung rumiyen, mangga kita sedaya tansah muji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kesehatan jasmani lan rokani, saenggo kita sedaya saget kempal wonten ngriki kanthi kawontenan sehat wal’afiat boten wonten alangan menapa menapa.Mboten kasupen sholawat ugi salam sumonggo kito daturaken dhu mateng junjungan kito Nabi Ageng, nabi ingkang sampun madhangi ndunyo, nabi Ageng Muhammad Shollallohu ‘Alaihiwasallam.

Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya,

Wekdal menika kaparengana kula matur bab unggah ungguh basa. Budi pekerti utawi ing bahasa jawi ugi kasebut kanthi nami “unggah-ungguh”. Ing masyarakat Jawa, unggah-ungguh mono uga ngemu teges sopan santun, tata krama, lan pakurmatan. Ing jaman saiki, unggah-ungguh lan tata krama, bakune kang sesambungan karo basa, saya suwe wus tansaya luntur. Budaya kurmat kinurmatan, bakune babagan basa krama, tata kramane wong enom marang wong tuwa, tansaya luntur, kalah karo ombyaking jaman kang saya maju. Basa krama kalah kalawan basa gaul kang ora genah asale. Murid luwih seneng sinau basa manca kayadene basa Inggris tinimbang basa Jawa. Akeh siswa kang uga nganggep basa Jawa dadi pelajaran momok. Kamangka basa Jawa iku dienggo saben dina.

Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya,

Semono uga babagan unggah-ungguh, akeh siswa kang ora mangerteni unggah-ungguh kang becik. Mula saka iku, ing pamulangan, babagan basa lan unggah-ungguh tansah diutamakake. Mila saking menika kita kedah sami-sami sinau babagan budi pekerti tumrap tiyang sepuh kita, para sesepuh saha saking Bapak Ibu guru ingkang langkung mangertosi babagkan unggah-ungguh tumrap tiyang sanes. Lang kagem para sedherek sedaya ugi saged ngangsu kawruh babagan basa jawa saking sekolahan. ingkang Mergo saking menika ugi kebudayaan jawa kedah kulo panjenengan sedanten lestarekaken supaya mboten punah

Para Bapak, Ibu, lan para sedherek sedaya,

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula andharaken menika wonten guna paedahipun tumrap kita sedaya. Hambokbilih anggen kula matur meniko wonten kekiranganipun, kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi Wa bilahit taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatu

Page 2: Assalam 6

Assalamu’alaikum Wr.Wb. 

Salam kasugengan saha karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya. Amin.

Bapak kepala MTs Maarif NU Gandusari ingkang dahat kinurmatanBapak ibu guru saha staf karyawan MTs Maarif NU Gandusari ingkang kula hormatiSaha kanca-kanca ingkang kula tresnani

Sumangga langkung rumiyin kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Awit saking kemirahanipun kita sedaya tasih dipunparingi kesehatan saha kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa alangan setungga menapa.Mboten kasupen sholawat ugi salam sumonggo kito daturaken dhu mateng junjungan kito Nabi Ageng, nabi ingkang sampun madhangi ndunyo, nabi Ageng Muhammad Shollallohu ‘Alaihiwasallam.

Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya,

Wonten ing pepanggihan menika tema ingkang badhe kula aturaken inggih punika unggah ungguh basa Ing masyarakat Jawa, unggah-ungguh mono uga ngemu teges sopan santun, tata krama, lan pakurmatan. Ing jaman saiki, unggah-ungguh lan tata krama, bakune kang sesambungan karo basa, saya suwe wus tansaya luntur. Budaya kurmat kinurmatan, bakune babagan basa krama, tata kramane tiyang enom marang tiyang tuwa, tansaya luntur, kalah kalian ombyaking jaman ingkang saya maju. Basa krama kalah kalawan basa gaul ingkang mboten genah asale. Budaya kurmat kinurmatan, bakune babagan basa krama, tata kramane wong enom marang wong tuwa, tansaya luntur, kalah karo ombyaking jaman kang saya maju. Basa krama kalah kalawan basa gaul kang ora genah asale. Murid luwih seneng sinau basa manca kayadene basa Inggris tinimbang basa Jawa. Akeh siswa kang uga nganggep basa Jawa dadi pelajaran momok. Kamangka basa Jawa iku dienggo saben dina.

Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya,

Unggah ungguh basa jawa menika ingkang badhe ical saged dipun slametaken kanthi peran saking sekolah ingkang gadahi peranan ageng kagem pengkaderan generasi nem ingkang gadahi kemampuan wonten ing kabudayaan-kabudayaan jawa utaminipun kabuayaan ingkang badhe ical. Kanthi dipun biyantu kaliyan peran saking para siswa, insya Allah kabudayaan jawi menika saged lestari .Pendidikan bahasa jawi menika gadahi andil inggang ageng anggenipun nglesatriaken bahasa jawa, jalaran saking pendidikan menika kita saged paring ilmu saha pituduh menapa-menapa kemawon ingkang wonten tata cara basa jawa. Basa jawi sakmenika sampun wonten ing jurang kepunahan, jalaran sampun sekedik generasi nem ingkang tertarik lan nglestariake kabudayaan jawa.

Para Bapak Ibu lan sedherek sedaya,

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun. Mugi-mugi menapa ingkang sampun kula andharaken menika wonten guna paedahipun tumrap kita sedaya. Hambokbilih anggen kula matur meniko wonten kekiranganipun, kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi Wa bilahit taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatu