Arya Penangsang.docx

4
Arya Penangsang Nalikane pamarintahan kasultanan Demak, ana sawijining adipati sing jenenge Arya Penangsang. Dheweke jumeneng ing Kadipaten Jipang Panolan, Jawa Tengah. Arya Penangsang yaiku putra Raden Kikin utawa sing misuwur dikenal kanthi sebutan Pangeran Sekar Seda ing Lepen. Miturut crita, Raden Kikin tewas ing tangane Raden Mukmin utawa Sunan Prawata sajroning peperangan krana ngrebutake tahta kerajaan Demak kanggo ngantekake Sultan Trenggana sing wis tilar donya (1546 M). Sakwise kuwi, Sunan Prawata jumeneng minangka Sultan Demak. Adipati Arya Penangsang oleh dukungan saka gurune, yaiku Sunan Kudus, lan duweni niat kanggo ngrebut kasultanan Demak saka tangane Sunan Prawata. Pepenginan kasebut tuwuh ora mung amarga pengin nguwasani Kerajaan Demak, ananging uga kanggo males Sunan Prawata sing wis mateni ramane. Ing sawijining wengi ing taun 1549 M, Arya Penangsang dhawuh marang prajurit/pasukan mliginipun saking Jipang Panolan sing dikenal kanthi sebutan Pasukan Sureng (pasukan sing dilatih kanggo nyusup lan mateni) kanggo mateni Sunan Prawata. Pasukan kuwi mau dipandhegani dening Rangkud. Satekane ing omahe Sunan Prawata, Rangkud kasil mlebu tanpa keweruhan wong menyang kamare Sunan Prawata, dene para prajurit liyane jaga-jaga ing njaba. Nalika kuwi, Sunan Prawata lagi nandhang lara lan ora bisa apa-apa amung bisa pasrah. Dheweke ngakoni klerune lan lila menawa bakal dipateni karo wong sing ora dikenaline. “He Kisanak, patenana aku! Aku bakal tanggel jawab marang patine Raden Kikin. Nanging, tulung aja nglarani bojoku!” panjaluke Sunan Prawata. Rangkud ngabulake panjaluke. Nanging, nalika dheweke nunjepake keris menyang awake Sunan Prawata, ora nyana keris kuwi tembus ngenani awake bojone Sunan Prawata sing ndelik ana gegere Sunan Prawata. Lan bojone Sunan Prawata uga mati. Mangerteni menawa garwane mati, Sunan Prawata panas atine. Jroning lara sing sansaya lara, dheweke mbubut keris sing tumancep ing awake banjur diuncalake tumuju Rangkud. Sunan Prawata uga kasil mateni Rangkud sakdurunge dheweke uga mati.

Transcript of Arya Penangsang.docx

Page 1: Arya Penangsang.docx

Arya Penangsang

Nalikane pamarintahan kasultanan Demak, ana sawijining adipati sing jenenge Arya Penangsang. Dheweke jumeneng ing Kadipaten Jipang Panolan, Jawa Tengah. Arya Penangsang yaiku putra Raden Kikin utawa sing misuwur dikenal kanthi sebutan Pangeran Sekar Seda ing Lepen.

Miturut crita, Raden Kikin tewas ing tangane Raden Mukmin utawa Sunan Prawata sajroning peperangan krana ngrebutake tahta kerajaan Demak kanggo ngantekake Sultan Trenggana sing wis tilar donya (1546 M). Sakwise kuwi, Sunan Prawata jumeneng minangka Sultan Demak.

Adipati Arya Penangsang oleh dukungan saka gurune, yaiku Sunan Kudus, lan duweni niat kanggo ngrebut kasultanan Demak saka tangane Sunan Prawata. Pepenginan kasebut tuwuh ora mung amarga pengin nguwasani Kerajaan Demak, ananging uga kanggo males Sunan Prawata sing wis mateni ramane.

Ing sawijining wengi ing taun 1549 M, Arya Penangsang dhawuh marang prajurit/pasukan mliginipun saking Jipang Panolan sing dikenal kanthi sebutan Pasukan Sureng (pasukan sing dilatih kanggo nyusup lan mateni) kanggo mateni Sunan Prawata. Pasukan kuwi mau dipandhegani dening Rangkud. Satekane ing omahe Sunan Prawata, Rangkud kasil mlebu tanpa keweruhan wong menyang kamare Sunan Prawata, dene para prajurit liyane jaga-jaga ing njaba.

Nalika kuwi, Sunan Prawata lagi nandhang lara lan ora bisa apa-apa amung bisa pasrah. Dheweke ngakoni klerune lan lila menawa bakal dipateni karo wong sing ora dikenaline.

“He Kisanak, patenana aku! Aku bakal tanggel jawab marang patine Raden Kikin. Nanging, tulung aja nglarani bojoku!” panjaluke Sunan Prawata.

Rangkud ngabulake panjaluke. Nanging, nalika dheweke nunjepake keris menyang awake Sunan Prawata, ora nyana keris kuwi tembus ngenani awake bojone Sunan Prawata sing ndelik ana gegere Sunan Prawata. Lan bojone Sunan Prawata uga mati.

Mangerteni menawa garwane mati, Sunan Prawata panas atine. Jroning lara sing sansaya lara, dheweke mbubut keris sing tumancep ing awake banjur diuncalake tumuju Rangkud. Sunan Prawata uga kasil mateni Rangkud sakdurunge dheweke uga mati.

Sejene kuwi, Arya Penangsang wis nguwasani Demak kanthi bengis. Dheweke duweni niat mateni mantune Sultan Trenggana sing jenenge Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir ing Pajang. Dheweke ngutus prajurit cacah papat menyang Pajang. Saktekane kana, prajurit papat kuwi malah ketangkep dening Sultan Hadiwijaya. Nanging, prajurit papat mau ora diukum ananging malah diwenehi bebungah lan dikon bali ing Jipang.

Baline prajurit papat kuwi sing gawa bebungah mau gawe serik atine Arya Penangsang. Dheweke mutusake bakal mateni Hadiwijaya tanpa eguh pratikel saka sapa wae.

Sultan Hadiwijaya wis krungu kabar kasebut wis duweni anggepan menawa Arya Penangsang wis duraka marang Pajang. Ananging, dheweke ora bakal nglawan Arya Penangsang amarga dheweke lan Arya Penangsang isih kalebu kluwarga Demak lan sedulur sapegurunan, yaiku padha-padha muride Sunan Kudus. Kanggo ngadhepi Arya Penangsang, Sultan Hadiwijaya ngenekake Sayembara. Sapa sing bisa mateni Arya Penangsang, bakal diwenehi bebungah lemah ing wewengkon Pati lan alas Mataram.

Amarga diakon Ki Juru Martani, Ki Ageng Pamanahan lan adi angkate, Ki Panjawi, minangka abdi dalem Sultan Hadiwijaya melu ing sayembara kuwi mau. Ki Ageng Pamanahan lan Ki Juru Martani banjur nyusun rencana kanggo nglawan Arya Penangsang. Ki Juru Martani menehi pangerten marang Ki Ageng Pemanahan supaya ngusahakake supaya dheweke bisa gawa tombak

Page 2: Arya Penangsang.docx

pusaka Kyai Plered duweke Sultan Hadiwijaya ing medan peperangan amarga amung tombak kuwi sing bisa nglarani utawa mateni Arya Penangsang.

Ki Ageng Pemanahan matur marang Sultan Hadiwijaya supaya anak angkate Sultan Hadiwijaya sing jenenge Danang Sutawijaya melu perang. Kanthi mengkono, Sultan Hadiwijaya bakal nyilihake pusakane marang putrane.

Tumekane dina sing wis ditemtokake, Ki Ageng Pemanahan lan para bregada budhal nuju dhaerah Jipang. Peperangan kuwi dipandhegani Ki Juru Martani. Saktekane pinggire kali Bengawan Solo sing minangka tapel wates wewengkon Sela lan Jipang, Ki Juru Martani banjur ngatur rencana. Danang Sutawijaya katon ngadheg ing sandinge jaran rupa putih sing bakal ditunggangi nalikane nglawan Arya Penangsang. Ing tangane nggegem tombak pusaka Kyai Plered sing pucuke ditutupi kain putih lan dironceni kembang mlathi.

Ora adoh saka papan ndelike prajurit utawa pasukan Pajang, katon pekatik sing lagi golek suket kanggo jarane Arya Penangsang. Ki Juru Martani banjur nangkep pekatik kuwi lan ngiris kupinge lan ngalungake layang sing isine nantang. Bubar kuwi, tukang ngopeni jaran kuwi diakon bali menyang Jipang lan ngadhep Arya Penangsang.

Tekane Jipang, layang kuwi mau banjur diwenehake Patih Matahun supaya diwaca ing ngarepe Arya Penangsang. Isi lanyang kasebut mangkene:

“He, Penangsang! Yen sira nyata lanang sejati, payo tandhing lawan ingsun. Dak anti sapinggiring bengawan tapel wates. Yen ora wani nekani, nyata sira wandu kang memba rupa! Budhala tanpa rowang! Ingsun wong Sela wus tan bisa nahan sedyaning tyas kepengin nigas janggamu!”

Ngerti isi layang sing kaya mangkono mau, Arya Penangsang nggebrak meja ing sandinge. Dheweke banjur nganggo klambi perang lan keris pusakane, Kyai Setan Kober.

“Prajurit! Siapna Kyai Gagak Rimang!” pambengoke Arya Penangsang.Kyai Gagak Rimang kuwi jaran piandelan Arya Penangsang sing wis lumrah kanggo

ngalahake musuh-musuh jroning perang. Gagak Rimang dedege gagah, gedhe dhuwur lan gesit. Werna ulune ireng kelop-kelop katon duweni wibawa.

Kanthi mripat abang kebak murka, Arya Penangsang banjur nggitik Jarane. Tumekane pinggiring kali, katon Sutawijaya wis siaga nyekel tombak pusakane. Dene dhadhane wis kebak geni sing mobal-mobal krungu pambengoke bocah cilik sing nantang dheweke. Tali jarane digeret lan mlayu ngliwati tengahing kali. Bungah atine Danang Sutawijaya ngerti Arya Penangsang wis ndhisike njegur ing kali. Amarga, menawa kedadeyan perang lan tarung ing kali Bengawan, sapa sing mudhun njegur ing kali mesthi bakal kalah.

Kanthi mantebing ati, Sutawijaya nututi njegur ing kali. Nalika wis padha anggone adhep-adhepan , putra Ki Ageng Pemanahan kuwi banjur nyandhingake jarane karo jaran sing ditunggangi Arya Penangsang. Jarane Arya Penangsang polahe kaya kitiran amarga ngerti jaran sing ditunggangi Sutawijaya kuwi jaran wedok. Sansaya suwe Kyai Gagak Rimang wis ora bisa dikendalikake. Ngerti yen Arya Penangsang bingung, Sutawijaya banjur nunjepake tombak pusaka Kyai Plered ing wetenge Arya Penangsang nganti ususe mobal metu.

Ananging Arya Penangsang sing sekti isih urip. Banjur njupuk ususe lan dikalungake ing kerise. Banjur nggacar Sutawijaya, lan nyandhak awake Sutawijaya lan dibanting ing lemah nganti ora ana daya. Penangsang banjur mudhun lan ngidak gegere Sutawijaya.

Ngerti yen anake sing ana ing kahanan kaya mangkono. Ki Ageng Pemanahan metu saka papan pandhelikan, lan reka-reka menehi dukungan marang Arya Penangsang. Lan ngakon mateni anake Hadiwijaya.

Page 3: Arya Penangsang.docx

Krungu yen bocah kuwi mau anake Sultan Hadiwijaya, dheweke banjur mbubut keris Kyai Setan Kober saka gegere. Ananging, dheweke lali menawa ususe sumampir ing keris pusaka kuwi. Nalika Arya Penangsang ngangkat kerise, nalika kuwi uga ususe pedhot lan awak Adipati Jipang kuwi rubuh lan mati.

Sakwise Arya Penangsang tewas, Ki Ageng Pemanahan lan para bregada bali menyang Pajang kanggo matur marang Sultan Hadiwijaya menawa Arya Penangsang wis mati. Suktan Hadiwijaya bungah banget krungu kabar kuwi mau. Jumbuh karo janjine, mula dheweke menehi bebungah Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi lemah ing Pati lan lemah ing alas Mataram.

Sakwise anggone rerundingan, Ki Ageng Pemanahan oleh lemah ing alas Mataram dene Ki Panjawi ing Pati. Kanthi restu pandongane Sultan Hadiwijaya, kalorone banjur budhal. Ki Ageng Pemanahan uga ngajak anake, yaiku Danang Sutawijaya. Ing kana bakal ngowahi alas gung liwang liwung dadi kerajaan agung sing arane Kerajaan Mataram.

Pitutur becike: pawongan sing duweni watak bengis lan duweni rasa serik bakal nemoni ganjaran ala ing mburine. Amarga ing jero atine mung tuwuh rasa dendam lan ndadekake dheweke ora bisa ngendalekake awake.Sejatine Arya Penangsang kuwi mau duweni sipat apik amarga dheweke sing sejatine duweni Demak.