14. Bahan Diwasa Mudha 2

download 14. Bahan Diwasa Mudha 2

of 3

Transcript of 14. Bahan Diwasa Mudha 2

LPP Sinode

WULAN BRAYAT

Bahan 2

Waosan: fsus 5:1-21

Ancas:Tiyang sepuh kabereg migunaaken jagad maya kanthi kratip kangg nggulawenthah anak-anakipun dadosa ingkang satunggal griya punapa dn ingkang manggn ing papan sans.

GESANG KANTHI WICAKSANA

PANUNTUNGesang punika mlampah kanthi rikat. Nemb kmawon kita nindakaken paladosan ing Wulan Brayat tahun 2013 kanthi jejer Sang Kristus ing Tengahing Brayat, samangk kita sampun mlebet ing wulan brayat 2014. Gesang kita kados-kados oyak-oyakan kaliyan wekdal, lajeng kita asring rumaos kirang wekdal kangg nindakaken satunggaling padamelan. Ing sisih sans, wah-wahan tansah kalampahan ing sadaya prangan gesang, ingkang nyuwun tanggapan kita.

Minangka para putraning pepadhang, pasamuwan fsus katimbalan nanggapi kawontenaning gesang ing sakiwa-tengenipun kanthi wicaksana. Kawicaksanan wau kedah kawiwitan sarana wontenipun pamanggih bilih jaman iki ala (ayat 16), tegesipun bilih gesang ingkang pinanggih ing sakiwa-tengenipun pasamuwan fsus punika pinanggih awon. Gesang kawarna dning pratingkah rusuh lan kamurkan (ay 3).Salajengipun, kawicaksanan kedah saged katingal kanthi cara katiti-priksa punapa satunggaling prakawis punika karenan ing panggalihipun Gusti punapa boten (ay. 10). Pasamuwan ing fsus katimbalan supados melhaken pratingkah pepeteng (ay.11), inggih punika pandamel ingkang dipun kuwaosi dning pepeteng. Satemah dados cetha bilih pandamel-pandamel wau boten karenan ing panggalihipun Gusti.

Ing pungkasanipun, kawicaksanan kedah kawujudaken sarana purun nindakaken gesang minangka tetuladhaning Allah kadosdn para putra ingkang kinasih (ay. 1, 2). Sasampunipun nglengganani ing bab dosa lan kadursilan ingkang kalampahan ing sakiwa-tengenipun, lan nyumerepi kanthi sastu bilih jejember punika boten ndadosaken keparenging panggalihipun Gusti, mila kanthi tegas boten mendhet perangan ing pandamel-pandamelipun pepeteng, nanging tansah setya tuhu dhumateng Gusti Allah.

Seratipun Rasul Paulus ingkang kita raosaken dinten punika, ngngetaken kita kangg gesang kanthi wicaksana. Ing satengahing kamajengan tknologi komunikasi mirungganipun, mbetahaken sikep setiti kangg ningali padahipun sa punapa awon. Awit saking punika, kadosdn pasamuwan fsus, kita katimbalan saged nenimbang samudayanipun kanthi panenimbang punapa karenan ing panggalihipun Gusti punapa boten. Temahan kita saged migunakaken ingkang sa lan saged nanggulangi bebayanipun.

Kamajengan tknologi komunikasi lan informasi sampun suka sumbangsih kangg gesangipun manungsa. Sesambetan ing bab punapa kmawon binuka ngantos ing wewengkon jagad punika, nyagedaken kita gampil nampi pawarta ingkang nemb kalampahan. Ananging ingih boten sakedhik ingkang sambat dhateng bab ingkang boten prayogi ingkang katuwuhaken. Umpaminipun akibat boten sa saking facebook, wiwit saking bab ingkang alit, lar kesupen nggarap PR jalaran langkung nengenaken facebook, ngantos bab ingkang ageng, satunggaling lar remaja putri dados kurban pangrodha peksa tiyang ingkang nemb dipun tepangi ing facebook.

Sikep wicaksana dhateng kamajenganipun tknologi informasi lan komunikasi ateges purun lan saged ngginakaken wohing kemajengan kangg sadaya ingkang sa, inggih punika kagem nresnani Gusti lan sesami.

TUNTUNAN PIREMBAGAN

1. Miturut panjenengan, sapinten wigatinipun panggang-gning alat-alat utawi sarana kangg sesambetan ing salebeting brayat panjenengan?2. Punapa brayat panjenengan ngalami akibat ingkang boten sa ingkang tuwuh saking tknologi informasi lan komunikasi? Kadospundi anggnipun nanggulangi?3. Kadospundi prayoginipun brayat Kristen, ananggapi kemajengan tknologi informasi lan komunikasi kanthi wicaksana?

[ERY/TK]LPP Sinode Wulan Brayat 2014120