UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA

Post on 13-Jan-2016

930 views 117 download

description

UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA. Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd. Undha usuking basa Jawa. Kaperang dadi lima (5) : Basa Ngoko . Basa Madya . Basa Krama . Basa Kedhaton / Bagongan . Basa Kasar. Basa Ngoko. Basa Ngoko kaperang dadi : Ngoko Lugu. Ngoko Andhap. - PowerPoint PPT Presentation

Transcript of UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA

UNGGAH – UNGGUH

BASA JAWA

Presented By :

Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd

Undha usuking basa Jawa

Kaperang dadi lima (5) :

1.Basa Ngoko.2.Basa Madya.3.Basa Krama.4.Basa Kedhaton/Bagongan.5.Basa Kasar.

Basa NgokoBasa Ngoko kaperang dadi :

1. Ngoko Lugu.2. Ngoko Andhap.

Ngoko Andhap kaperang dadi :1. Antya Basa.2. Basa Antya.

Basa Madya

Basa Madya Kaperang dadi :1.Madya Ngoko.2.Madyantara.3.Madya Krama.

Basa KramaBasa Krama kaperang dadi :1.Kramantara.2.Mudha Krama.3.Wredha Krama.4.Krama Inggil.5.Krama Desa.

Basa Kedhaton(Kraton Surakarta

Hadiningrat)

Basa Bagongan(Kraton Ngayogyakarta

Hadiningrat)

Basa Ngoko

A. Ngoko LuguBasa Ngoko Lugu iku wujud tembunge ngoko, ora ana

tembung kramane.Dene yen ana tembung kramane, mung kanggo wong sing digunem

wae.

Basa Ngoko Lugu mau kanggo :

1. Marang sapepadha-padha kang wis kulina banget.

2. Marang wong kang kaprenah enom utawa sor-sorane.

3. Marang bocah kang luwih cilik kang durung bisa guneman ganep.

4. Yen lagi ngunandika (nguda rasa).

B. Ngoko Andhap

Basa Ngoko Andhap iku basa kang luwih alus sarta luwih ngajeni.

Wujude basa Ngoko Andhap :

Marang wong sing diajak guneman

(yen dirasa kurang ngajeni),Basane sok dicampur nganggo

tembung saka basa Krama Inggil/Krama.

Basa Ngoko Andhap bisa diperang dadi :

1. Antya Basa : Wujude tembung mung Ngoko lan Krama Inggil.

2. Basa Antya :Wujud tembunge Ngoko, Krama Ing-gil, lan Krama.

Tuladha :1. Antya Basa :

Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sawengi wae.

2. Basa Antya :Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kajaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen lan saged ngangsu kawruh ingkang migunani tumrap bangsa lan negari.

Tembung-tembung sing ora kena dikramakake ana ing Basa Antya yaiku : aku, ana, apa, …ake, arep, bae, dak…, si…, dudu, durung, marang, enggon, endi, …e, mi, iya, isih, maneh, mung, marang, menyang, manawa, marga, mengko, mangkene, mangkono, …mau, …ne, nganti, ora, pira, sing, saiki, saprene, semene, utawa, lan wis.

Basa Ngoko Andhap kanggo :

1. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajade.

2. Bojone priyayi marang garwane.

3. Priyayi marang priyayi yen wis kulina Ngoko-ngokonan.

Basa Madya :Basa Madya iku basa kang

ana ing antarane basa Ngoko lan basa Krama.

Wujude basa Madya yaiku : tembung Madya dicampur

tembung Ngoko utawa tembung Krama.

Manut wujude basa Madya kaperang dadi :

A. Madya NgokoΦ Madya (ater-ater lan

panambange Ngoko).Φ Tembung-tembunge Ngoko.Φ Dika, mang, samang.

Basa Madya Ngoko iku lumrahe kanggo :

1.Bakul padha bakul.2.Priyayi marang sor-sorane.

Tuladha :Dika niku klebu beja, olehe panen

pari boten enten sing gabug, samang napake ta ?

B. MadyantaraBasa Madyantara iku wujud

tembunge :

1. Madya (ater-ater lan panambange ngoko).2. Ngoko.3. Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (paprenahan).

Sing nganggo basa Madyantara :

1. Padha-padha priyayi sing wis kulina.

2. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut Ngoko).

3. Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor.

Tuladha :

Sampeyan niku pripun ta mas, Seprika-sepriki kok boten enten

sudane.

C. Madya Krama

Basa Madya Krama iku wujud tembunge :

1. Madya (ater-ater lan panambange ngoko ).

2. Tembunge Krama lan Krama Inggil.

3. Sampeyan, pangkat, sesebutan lan paprenahan.

Sing nganggo basa Madya Krama :

1. Padha-padha priyayi sing wis kulina.

2. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut ngoko).

Tuladha :

Mas, timbangane sampeyan nggresula ngoten niku, bok luwung ngenggar-enggar

penggalih lan nyeyuwun teng Pangeran, mugi-mugi pinaringan

gesang mulya, tentrem boten wonten sambikala.

Basa Krama :

Basa Krama iku basa kang ngajeni marang wong liya

kang diajak guneman.

Basa Krama Kaperang dadi 3.

A. KramantaraBasa Kramantara iku wujud

tembunge Krama Lugu tanpa nganggo Krama Inggil.

Kanggone :Tumrap sapadha-padha, utawa priyayi kang rumangsa menang

drajade karo sing diajak guneman.

Tuladha :

Mangga sami dipun manah, punapa sebabipun dene wonten

bangsa kita, ingkang dereng saged nata gesangipun piyambak.

B. Basa Mudha Krama

Sing nganggo basa Mudha Krama yaiku :

1. Wong enom marang wong tuwa.

2. Batur marang bendarane (sing dudu darah ngaluhur).

3. Kanca padha kanca sing durung kulina.

4. Reh-rehan marang pimpinane (sing dudu darah ngaluhur).

Wujude basa Mudha Krama :

1. Tembunge Krama (ater-ater lan Panambange Krama).

2. Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Tuladha :

Kala wingi anggen kula ngentosi panjenengan ngantos dangu, nanging boten rawuh-rawuh.

C. Wredha Krama

Basa Wredha Krama iku wujud tembunge :

1.Krama (ater-ater lan panambange Ngoko).2.Tanpa Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Sing nganggo basa Wredha Krama yaiku :

1. Wong tuwa marang wong enom.

2. Wong tuwa marang sapepadhane.

Tuladha :Prayogane nak, sampeyan kedah

gadhah gegayuhan ingkang luhur, supados benjinge boten kacuwan, amargi tiyang sepuh

boten kenging dijagegaken selami-lamine.

Krama Inggil :Basa Krama Inggil iku basa kang ngajeni banget (kaya dene basa Mudha Krama).

Wujud tembunge :1.Panambang mu, ewah dadi dalem utawa kagungan dalem.2.Tembung aku, ewah dadi abdi dalem kawula, abdi dalem, adalem, dalem, kawula, utawa ingkang abdi.

3. Kowe ewah dadi panjenengan dalem (sampeyan dalem mung kanggo para nata/ratu).

Tuladhane :Abdi dalem keparenga munjuk

atur, mugi wontena karsa dalem tindak nitih montor

miyos dusun Nglaba kemawon, amargi kreteg Kaliwingan

nembe rusak.

Krama DesaKrama Desa iku dudu basa kang alus. Wujud tembunge ana sing

meh padha karo basa Krama (tembung Krama dikramakake

maneh), ana sing nganggo tembung Krama Inggil utawa

tembung Kawi.Tuladha :Pasiten kula, kula dhawuhi

watesan nanging boten ngekap amargi kekhatahen jawahe, boten

kados mangsa ketigen.

Basa Kedhaton

Basa Kedhaton iku basane para sentana utawa abdining nata, yen

lagi padha guneman ana ing sajroning cepuri utawa ana ing

ngarsane Sang Nata/Ratu (Pangeran Adipati Anom).

Basa Kasaryaiku basane wong kang lagi pada

srengen, padu, utawa basane wong sing lagi nesu.

Tuladha :Kowe kuwi kok goblog kaya kebo,

nggarap ngono wae ora jegos, utekmu kuwi kebuntel lethong

apa piye ?!

The End